Breaking

Kamis, April 05, 2012

Kamis, April 05, 2012

Sroto Sukaraja


Wacan 1
Sroto Sukaraja
Bali sekang Karangmoncol, kaki Bawor nunggang bus mikro sekang Bobotsari maring Purwakerta. Tekan terminal Purbalingga, kebeneran munggah penumpang anyar sing tujuane ya padha maring Purwakerta. Nurut kaki Bawor, dheknene wegah nunggang angkot, utawa mobil cilik, mergane sering ngetem nang saben gang. Nanging angger bis cilik, bis telung prapat jurusan Pemalang-Purwakerta liwat Bobotsari, bise ora tau ngetem nang gang, ningen terus laju ngemprung, dadi cepet tekan tujuan.
“Lho kaki Bawor, sekang endi ki ko numpak bis Pemalang, apa sekang Bantarbolang, Belik apa Randudongkal”, takone penumpang nembe munggah sing ora liya sohibe Kaki Bawor nang Purbalingga, Karsono.
“Whalah rika kaki Karsono, lha koh nunggang bis, apa mobile dhewek mogok apa keprimen” takone Kaki Bawor maring Karsono, sing ora liya salah siji anggota dhewan sekang DPRD Purbalingga.
“Ora mogok ramane, ningen ya kuwe angger nunggang bis tulih bisa omong-omongan karo sapa baen, kelebu karo Kaki Bawor sing kebeneran sepejagongan nang bis maring Purwakerta. Ooo iya kakine, mumpung ketemu rika. Inyong arep takon pirang-pirang perkara maring rika. Mulane inyong nyuwun banget, rika medhun disit nang Sokataja ya ki, tulih ora kesusu mbokan kondure”, takone Karso.
“Ya ora, angger pancen perlu lan bisa mangpangat kanggo pegaweyanmu ya kena baen. Itung-itung mbantu wakil rakyat”, ujare kaki bawor karo mesem.
Sidane kaki Karso karo kaki Bawor medhun nang Sokaraja. Men mandan gayeng golih omong-omongan, kaki Bawor desered kaki Karso mlebu warung sroto sokaraja sing panggonane kulon klentheng Sokaraja, perek pertelon Kali Pelus.
“Tau mlebu warung sroto kene kakine”, takone Karso.
“Ora tau maning, ningen nostalgia. Merga gemiyen inyong tau melu nang sanggar kene dadi tukang gambar”, ujare kaki Bawor.
“Lha kuwe salah siji sing inyong pengin ngerti kakine, seni lukis Sokaraja sing sekiye wis langka apa mati”, ujare Karso.
“Karso, sing jenenge lukis Sokaraja kuwe jaman gemiyen urip bareng karo tukang Sroto, kelebu nang panggonan kiye. Jaman gemiyen sekira tahun 60-an, tukang sroto kiye nganggo gubug. Sekiwa tengene isih kebon budin sing degawe gethuk sokaraja. Lha nang pojokan gubug ana wong-wong tukang gambar sing sokan mbantu dodol sroto. Nang sandhing meja-kursi, ditulisi “Sinambi dhahar sroto, Mangga ingkang badhe ngersakaken gambar, dipun aturi tindak wingking. Lha nang mburi warung kuwe seliyane ana studio, uga ana galeri modhel jaman gemiyen. Sing degambar ya poto dhiri, gambar pemandhangan sawah lan liyane. Antara tukang sroto karo tukang gambar saling mengutungkan”, kaki Bawor crita nguna utawa nostalgia.
“Ningen kenangapa kakine tukang sroto tambah akeh, tukang gambar entek”, takone kaki Bawor.
“Tukang sroto tambah akeh, merga tambah wong sing seneng jajan. Sokaraja senajan cilik kuwe kota dagang lan industri. Dadi wargane uga akeh sing wegah masak nang ngumah, seneng jajan. Lha angger gambar, tulih mbokan kalah karo foto, foto film kalah karo digital, digital kalah karo video, iya mbokan.
“Iya ya kakine. Wah angger kaya kuwe inyong ora arep takon akeh-akeh nang kene, ngesuk baen inyong sowan nang nggone kaki Bawor” ujare Karso.

1.   1.    Saka cerita ing dhuwur iku golenen 2 ukara (kalimat) kaweruh sapala (J,W,L,K) kanthi wujud:
a.    Katerangan titimangsa?
b.    Katerangan papan/ panggonan?
c.    Katerangan akibat lan sebab?
d.    Katerangan jumlah?
e.    Katerangan alat?
2.     2.  Golenan ukara ing ngisor iki kawruh sapalane (J,W,L,K)?
a.    Lik surti lunga pasar nalika kabeh wong isih angler anggone turu.
b.    Mbah Dirjo lali methuk putune merga udan deres.
c.    Saben dina Nawangwulan kanthi taberi adang sega kaya salumrahe manungsa.

      Tulisen nganggo aksara latin ukara ing ngisor iki

33.      m/[konhm=ktPs/mijenJmPitu[asuk¿

44.      mBhw/[no[konF|/ski=k[nT/onliksurup¿s}[z[z

    finmi=gG [asukHnkecelkanHi=simP=limnlikaku               
      mLku-mLku