Breaking

Jumat, November 22, 2013

Jumat, November 22, 2013

Egrangan Bathok Solo-Yogya Ketemu Wanita Misterius



Minangka aktivis pecinta alam lan pramuka sing kerep menek gunung utawa mlaku adoh, Budiono warga Desa Gilang, Kecamatan Ngunut, Kabupaten Tulungagung wis kulina lelungan bengi, sasat ora nate angon wayah. Kadhang kala mulihe nganti wengi. Senajan mangkono ora nate nemoni bebaya ing satengahing marga. Kabeh ayahan mau dilakoni kanthi senenge ati.
Sawijining dina Budiono kepengin gawe sensasi. Yakuwi nganakake mlaku saka Solo menyang Yogya kanthi egrangan bathok. Pengalaman iku dumadi taun 1994 kepungkur. Wiwit budhal atine Budiono wis krasa ora kepenak. Sadalan-dalan dhweek ndedonga muga-muga ora nemoni alangan sawiji apa, lan anggone nempuh lelaku kalis saka rubeda.
Tujuwane Budiono nganakake perjalanan unik wektu iku kanggo nglestarekake budaya Jawa. Sebab dolanan egrangan bathok wis meh cures merga kedheseg dening dolanan kag sarwa elektronik. Kejaba iku, sasuwene mlaku Budiono sengaja ngundang kawigatene bocah-bocah kanggo nuduhake menawa budaya asli Jawa ora kalah karo budaya manca.
Amrih tansaya narik kawigaten, Budiono sengaja nganggo “makutha” saka lar pitik, awake dijarake ngliga lan mung nganggo kancut sing ditutupi tali rafia, sarta sakojur awake diblonyohi angus kanthi variasi putih. Nalika nganakake perjalanan iki Budiono dikancani Achmad Karno lan Riyanto. Achmad Karno pecinta alam Baru Klinting Tulungagung, dene Riyanto mahasiswa Fakultas Sastra Jawa UNS Solo.