Minangka
aktivis pecinta alam lan pramuka sing kerep menek gunung utawa mlaku adoh,
Budiono warga Desa Gilang, Kecamatan Ngunut, Kabupaten Tulungagung wis kulina
lelungan bengi, sasat ora nate angon wayah. Kadhang kala mulihe nganti wengi.
Senajan mangkono ora nate nemoni bebaya ing satengahing marga. Kabeh ayahan mau
dilakoni kanthi senenge ati.
Sawijining
dina Budiono kepengin gawe sensasi. Yakuwi nganakake mlaku saka Solo menyang
Yogya kanthi egrangan bathok. Pengalaman iku dumadi taun 1994 kepungkur. Wiwit
budhal atine Budiono wis krasa ora kepenak. Sadalan-dalan dhweek ndedonga
muga-muga ora nemoni alangan sawiji apa, lan anggone nempuh lelaku kalis saka
rubeda.
Tujuwane
Budiono nganakake perjalanan unik wektu iku kanggo nglestarekake budaya Jawa.
Sebab dolanan egrangan bathok wis meh cures merga kedheseg dening dolanan kag
sarwa elektronik. Kejaba iku, sasuwene mlaku Budiono sengaja ngundang
kawigatene bocah-bocah kanggo nuduhake menawa budaya asli Jawa ora kalah karo
budaya manca.
Amrih
tansaya narik kawigaten, Budiono sengaja nganggo “makutha” saka lar pitik,
awake dijarake ngliga lan mung nganggo kancut sing ditutupi tali rafia, sarta
sakojur awake diblonyohi angus kanthi variasi putih. Nalika nganakake
perjalanan iki Budiono dikancani Achmad Karno lan Riyanto. Achmad Karno pecinta
alam Baru Klinting Tulungagung, dene Riyanto mahasiswa Fakultas Sastra Jawa UNS
Solo.
Kanggo
persiapan egrangan bathok kasebut Budiono ora latihan babar pisan. Merga Budiono
wis kulina nempuh jarak puluhan nganti atusan kilometer kanthi mlaku maju ing
kegiatan lomba gerak jalan Bandung Lautan Api, Bogor-Jakarta,
Rengasdengklok-Jakarta, Yogyakarta-Jakarta, Borobudur-Yogyakarta,
Mojokerto-Surabaya, Malang-Surabaya lan napak tilas rute Panglima Besar Jendral
Soedirman Kediri-Yogyakarta, rute Gerilya Damarwulan Blitar-Jember, rute
Operasi Trisula Blitar Selatan, sarta mlaku mundur Blitar-Jakarta.
Nanging
nalika lakune lagi oleh 10-an kilometer, Budiono kober grogi. Merga nalika
tekan Desa Kebun Jeruk, Kartasura sikile krasa lara banget yen dinggo
egrangan. Mulane awan iku Budiono kepeksa ora nerusake laku lan ngaso ana
markase pecinta alam Cakra Pandhawa. Bengi sadurunge turu Budiono ora lali
tansah ndedonga nyuwun kekuwatan marang Gusti Allah murih bisa mbacutake laku.
Esuke, bubar tangi turu sikile wis normal maneh. Dinggo egrangan wis ora lara
maneh.
Budiono
(ngarep), Achmad Karno lan Riyanto nalika mampir ing Radio Candhi Sewu Klaten nempuh
dalan kang adohe watara 60-an kilometer, nalika semana aku mbutuhake wektu 6
dina. Start saka Makodim Solo tanggal 17 Juni 1994, lan finish ing markas
Pemuda Panca Marga Yogya. Pas dina ka-3 Budiono mlebu Desa Batur. Ndilalah ing
dalan Budiono ketemu prawan ayu, ngakune jenenge Rias Suprapti asale saka
Sleman. Prawan ayu mau metu saka mobile lan sabanjure ngetutake laku. Merga ora
kulina anggone ngetutake kadhang mlaku kadhang uga numpak mobil. Nanging
bareng tekan Radio Candhi Sewu (Klaten) kandha marang Budiono, “Aku tak dhisik
ya, Mas. Ning aja lali, yen wis tekan Sleman mampira neng omahku!”
“Sleman-ne
ngendi, Mbak?” pitakone Budiono.
“Yen
wis tekan perbatasan Klaten-Sleman golekana aku neng kulone candhi Kalasan!”
bubar kandha mangkono dheweke terus mlebu mobil lan terus tancap gas.
Sawise
egrangan bathok suwene patang ndina Budiono mampir menyang candhi Prambanan.
Kebeneran tekan kana isih esuk, watara jam sanga. Angen-angene Budiono
kumleyang, kelingan prawan ayu sing ngetutake laku. Akeh wisatawan ing ngajak
foto bareng dheweke. Ning bareng krasa kesel, Budiono banjur ndhelik menyang
njero candhi. Ndilalah isih arep lungguh wis diparani prawan ayu aran Rias
Suprapti mau.
“Ana
apa ta, Mbak, kok mrene?” pitakone Budiono.
“Ora
ana apa-apa, Mas,” wangsulane.
“Yen
ora ana apa-apa kok mrene?”
“Aku
sengaja mrene, merga arep kandha karo sampeyan!”
“Arep
kandha apa, Mbak?”
“Ngene
ya, Mas, supaya sampeyan mengko ora kesel gaweya tulisan sekali potret Rp 5
ribu! ”
“Iya,
Mbak!”
“Aja
lali yen wis tekan candhi Kalasan mampira neng omahku!” kandhane mangkono karo
ngambung pipine Budiono.
Budiono
(kiwa) dikancani Achmad Karno (ngarep) lan Riyanto (tengen) nalika ngaso ing
pinggir sawah sawise gawe tulisan sekali potret Rp 5 ribu ing kertas karton,
pancen ora krasa kesel. Merga dina iku Budiono entuk dhuwit watara Rp 300-an
ewu. Dhuwit samono akehe iku olehe menehi wong-wong sing ngejak foto Budiono.
Kebeneran wayahe wi sore, watara jam papat-an. Angen-angene Budiono uga banjur
kumleyang maneh, kelingan Rias Suprapti, prawan ayu sing nemoni dheweke. Budiono
banjur nerusake laku nggoleki omahe Rias. Ning emane, bareng tekan omahe Rias,
wonge pas lunga. Kanthi rasa cuwa, bengi iku Budiono nginep ana kantore Satpam.
Arep nerusake laku mokal sebab wancine wis bengi.
Ya
merga bengi iku ora ketemu Rias Suprapti, esuke karepe Budiono arep age-age
ninggalake omahe. Ning wurung, merga nalika arep pamitan dadak dikandhani
Satpam, yen Rias Suprapti arep nemoni dheweke ing omahe kono.
Apa
sing dikandhakake Satpam jebul tenan. Watara jam pitunan, Rias Suprapti sing diantu-antu
Budiono teka tenan. Tekane ora ijen, ning karo rama lan ibune. Jebul ramane
Rias Suprapti iku dosen Fakultas Sastra Jawa UNS. Mula sadurunge Budiono
nerusake laku diajak ngobrol bab kasusastran lan kabudayan Jawa.
Kejaba
iku uga akeh crita kang dikandhakake Rias Suprapti marang Budiono, pengalamane
dheweke nalika ngetutake Budiono egrangan bathok. Rias Suprapti crita anggone
ngetutake dheweke mung tekan Radio Candhi Sewu. Bubar kuwi dheweke bablas
menyang Wonosari. Budiono kaged banjur takon, “Lha yen dudu sampeyan, sing
nemoni aku ing candhi Prambanan kae banjur sapa?” Rias Suprapti ora mangsuli.
Praupane melu kebak tandha pitakon.
– (Sri Astutik) Anyar Katon, Flash, Rena-rena
- Posted by admin on September 10, 2011
Tidak ada komentar:
Posting Komentar