Breaking

Kamis, Juli 29, 2021

Kamis, Juli 29, 2021

LEKAS SEMBUH NEGERIKU

Aku tau kamu sedang tidak baik-baik saja, tapi begitu hebatnya kamu menutupi sakitmu. 

Menahannya sendiri tanpa mau kami tau.

Aku tau ini tak mudah untuk siapapun bahkan kamu sendiri. Kami pun merasakan apa yang kamu rasakan. Covid-19 telah menyakitimu juga kami. Kamu kuat, kamu hebat. 

Aku yakin semua kan kembali seperti sedia kala. Aku yakin kamu akan baik-baik saja.

Kita hanya perlu bersabar dan saling menyemangati. Lekas sembuh negeriku. 

Lekaslah membaik.

Aku merindukan tawamu, aku merindukan riangmu. 

Lekas sembuh negeriku.

   ILHAM IKHWANUL ANAM

Kamis, Mei 20, 2021

Kamis, Mei 20, 2021

ARTIKEL BASA JAWA GENETIKA GURIT BANYUMASAN NONTON RONGGENG KARYA WARTO TIRTA

Dening: Dwi Taryanto, S.S

SMP Nurul Islami Semarang

Tembung Pangrunut : Sastra Jawa Banyumas, Geguritan, Stilistika Genetik.

Geguritan Nonton Ronggeng yakuwi salah sijining kumpulan geguritan sing nganggo basa Banyumasan. kumpulan gurit iki ana 44 geguritan anggitane Warto Tirta. Ana ing gurit Nonton Ronggeng Banyumas panganggit nggunakena basa ngapak utawa Banyumasan. Isi kang ditulis kanti lelewaning basa, uga ana parikan  kanggo penjelas geguritan lan anane tembung-tembung sing ora teratur (tofografi). Gurit kie dikarepena bisa ngewehi gambaran lan wujud kanggo basa ngapak.
Masalah ana ing panaliten kiye yakuwi lelewaning basa lan faktor-faktor genetik sing ngowahi gurit Banyumasan Nonton Ronggeng anggitane Warto Tirta.
Miturut masalah ning dhuwur, panaliten kiye nduweni kekarepan njlentrehake lelewaning basa lan faktor genetik sing ana ning gurit Banyumasan anggitane Warto Tirta. Panaliten kie nggunakena teori Stilistika Genetik, sing dikarepena  supaya peneliti tetep merhateke segi-segi intrinsik lan sadar karya sastra dianggit pengarang karo manfaatna  faktor imajinasi. Karya sastra yakuwi sawijineng struktur utawa produk sekang proses sejarah sing terus mlaku, lan pross strukturasi lan destrukturasi sing urip lan dirasakena masyarakat.
Pendekatan sing denggo, sajeroning panaliten kiye yakuwi stilistika genetik. Stilistika genetik kiye nggawekena lelewaning basa sing kajelentrehake masalah genetika yakuwi majas (metonimi, sinekdok, simile, personifikasi, lan metafora). Stilistika genetik uga njlentrehena babagan genetik yakuwi sosiologis pengarang lan pengaruhe masyarakat marang geguritan Nonton Ronggeng anggitane Warto Tirta. Pengarang nyoba njlentrehena apa kang dipikirna nganggo basa sing ora langsung lan angel dengerteni. Kanthi mengkana kudu dibutuhena  daya gedhe kanggo ngerteni isi lan lelewaing basa antologi geguritan Nonton Ronggeng.
 Panaliten kiye njentrehena lelewaning basa ana ing antologi geguritan Nonton Ronggeng sing digambarena rong werna yakuwi majas lan maknane parikan sing depengaruhi karo unsur genetik. Ana ing geguritan Nonton Ronggeng anggitane Warto Tirta akeh ditemukena unsur majas metafora. Geguritan kiye nganggo kanthi basa entar kang nduwe teges sing ora semestine. 
Ing antologi geguritan Nonton Ronggeng ana 14 geguritan kang nduweni parikan . parikan kuwe digunakena kanggo lelewaning basa, kejaba kuwi uga kanggo ngerteni sambung rapete geguritan lan maknane
Genetika geguritan Nonton Ronggeng ewah amarga dening unsur sejarah, kahananing dunya, sosial budaya, lan masyarakat sakiwa tengenene. Unsur sejarah bisa mremati saka geguritan Soedirman, Gathot Soebroto, Masjid Saka Tunggal, lan liya-liyane, sing ngmbarna pejuang kemerdekaan. Geguritan sing ngambarna kahanaing dunya bisa dideleng sekang geguritan Tsunami, Plesir Gua Lawa, Banyumas, Baturaden, Alun-alun Purwakerta sing nggmbarna kahananing dunya, sing dideleng sekang sudut pengarang. Unsur sosial budaya sarta masyarakat sekiwa tengene bisa dideleng sekang geguritan Nonton Ronggeng, Slametan Mimiti Pari, Centheng Desa, Nyawah, Deres, Wong Desa lan liya-liyane sing nggmbarna kesenian-kesenian sing ana ning Banyumas lan kahanane sekiwa tengene pengarang.