Ukara camboran yaiku
ukara sawatara kang kareketake dadi siji, mujudake ukara dawa kang nduweni
J-W-L-K luwih saka siji.
Ukara camboran kaperang
dadi 3 warna yaiku:
1. Ukara
camboran sejajar/saderajat (Kalimat Majemuk Setara)
Yaiku ukara lamba (kalimat
tunggal) sawetara karaketake dadi siji,
lan ukara siji-sijine padha mandeg dhewe-dhewe , ukara kang siji ora dadi
katerangan ukara sisjine.
Thuldha:
- Adiku / sing jogged,
Mbak Wiwik / sing nyanyi, / lan / aku / sing nabuhi
J W J W J W
Klausa 1 Klausa
2 Klausa
3
- Bapak / tindhak
/ kantor / dene / aku / sinau / ing ngomah
J W
Kp J W Kp
2. Ukara
Camboran Raketan (Kalimat Majemuk Rapatan)
Yaiku ukara lamba loro utawa lewih
dene perangan kang padha ora susah disebutake maneh dadi lewih ringkes utawa
supeket.
Tuladha:
- Aku tuku
buku, setip lan garisan
J W L L L
Ukara kasebut sejatine saka ukara lamba
·
Aku tuku
buku
·
Aku tuku
setip
·
Aku tuku
garisan
ukara kang kaya mangkana iku ingaran
ukara camboran raketan gatra jejer lan wasesa, amerga perangane jejer lan
wasesane kang diraketake utawa ringkes.
- Tomi,
Yudi lan Yani sinau ing perpustakaan
J J J W Kp
Ukara kasebut sejatine saka ukara lamba:
·
Tomi
sinau ing perpustakaan
·
Yudi
sinau ing perpustakaan
·
Yani
sinau ing perpustakaan
3. Ukara
Camboran Sunggun (Kalimat Majemuk Berangkat)
Yaiku ukara kang dumadi saka rong
klausa utawa lewih, nanging ana klausa sing dikuasani (anak kalimat) lan klausa sing nguasani
(induk kalimat), dadi ana perangan kang dijemabarake (diperluas) bisa ing J, W,
L utawa K.
Tuladha :
- Aku / teka,
nalika dheweke / lagi mangan
J W KW
.
J W
Induk Kalimat anak
kalimat
Dadi polane:
J W KW
J
W
- Bocah nganggo topi iku njaluk duwit
J W L
-------- ----------- -----
J W L
Dadi polane :
J W L
J W L
Tidak ada komentar:
Posting Komentar