Tembung camboran wutuh yaiku tembung kang dicampur awujud tembung-tembung sing wutuh.
Tembung camboran wutuh miturut tegese kabagi loro, yaiku :
1. Tembung camboran tunggal
Tembung camboran tunggal yaiku tembung camboran kang tembung-tembunge linggane ora kanggo negesi tembung.
Tuladha :
• Randha royal (panganan tape goreng)
• Nagasari (panganan saka trigu)
• Kuping gajah (panganan sing warnane coklat karo putih)
• Lare angon (jenise sing arane ula)
• Semar mendem (panganan saka beras ketan)
• Rajalele (beras sing pulen/apik)
2. Tembung camboran wudhar
Tembung camboran wudhar yaiku tembung camboran kang tegese isih ana gegayuhan karo tembung linggane.
Tuladha :
• Tela rambat
• Pager bata
• Buku gambar
• Buku tulis
• Anak lanang
Tidak ada komentar:
Posting Komentar