ASAL-USUL TEGAL
Tegal kuwe asale saka tembung Tetegal sing artine sawah sing bisa
ditanduri palawija. Asal-usul Tegal ora bisa dipisahna karo tokoh Ki Gede
Sebayu sing urip sekitar taun 1980. ki Gede Sebayu asale saka Kerajaan Pajang.
Kerajaan Pajang dikalahna dening Kerajaan Mataram, akeh priyayi muda lan
bangsawan lunga ngumbara nggolet panguripan sing anyar. Ki Gede Sebayu ngumbara
parane ngulon.
Ki Gede Sebayu mangkat karo Raden Sidawini. Ki Gede Sebayu karo Raden
Sidawini nglewati alas-alas. Ana ing alas akeh begal, dadi Ki Gede Sebayu lan
Raden Sidawini ora mung bekal dhuwit nanging bekal ilmu agama lan ilmu bela
diri.
KiGede Sebayu lan Raden Sidawini anjog neng dhaerah Pemalang sing wis akeh penduduke. Sak wetara Ki gede Sebayu karo Raden Sidawini manggon
neng Pemalang.
Sawise pirang-pirang taun neng Pemalang Ki Gede Sebayu lan Raden Sidawini ditampa dadi tokoh masyarakat. Ora let suwe, Raden Sidawini diangkat dad bupati Pemalang.
Sawise pirang-pirang taun neng Pemalang Ki Gede Sebayu lan Raden Sidawini ditampa dadi tokoh masyarakat. Ora let suwe, Raden Sidawini diangkat dad bupati Pemalang.
Ki Gede Sebayu nerusna ngumbarane mring kulon
nggoleti Ki Wana Kusuma. Ki Wana Kusuma yaiku salah
sijining priyayi keturunan Patih Kerajaan Demak. Ki Gede Sebayu karo Ki Wana
Kusuma ketemu neng tetegal, awit kuwe KI Gede Sebayu nduweni niyat yen dheweke
pan netep neng dhaerah kuwe. Sawise Ki Gede Sebayu oleh piwulang saka Ki Wana
Kusuma, dheweke wis bisa nata masyarakat, mangkane Ki Gede Sebayu diakoni dadi
sesepuh. Desa tetegal dadi rame penduduke ana sing dadi tani, dagang lan
nelayan. Tetegal sing rame penduduke dipercayakna mring Ki gede Sebayu. Dheweke
diangkat dadi demang. Saiki kira-kira setingkar karo kepala desa. Wektu kuwe
tetegal esih wilayah kadipaten Pemalang. Ki Gede Sebayu mimpin tetegal mikirna
kepentingan penduduke. Buktine dheweke bisa mbangun Bendungan Danawarih, kanggo
mbanyoni tegalan utawa sawah sing ana sakiwa tengene.
Ki Gede Sebayu seda sakwise mbangun bendungen
Danawarih. Sawise dheweke seda desa tetegal dipimpin dening anake yaiku Ki Gede
Honggowono. Dheweke diangkat dadi Demang. Ki Gede Honggowono seda diterusna
dening putrane sing jenenge Ki Honggowono.
Aran kembar kuwe diarani Nunggak Semi. Putune Ki Gede Sebayu kuwe diangkat
dening Sultan Agung dadi adipati Tegal. Arane
diganti dadi Ki Gede Honggowono Secomenggolo utawa Tumenggung Reksonegara I.
Heni Citraningrum ‘05
Asal-Asale
Kutha Pekalongan
Dek jaman biyen ing pesisir Laut Jawa sisih lor tengah iku alas gung
liwang-liwung alas ketel/lebat ora ana jalma menungsa sing wani liwat, anane
mung kewan-kewan galak kayata ula, babi alas, macan lan munyuk. Critane alas
iku mau dadi kerajaane bangsa lelembut, akeh wong-wong pinter sak kiwa tengene
alas iku mau diwerahi yen koro iku kutho gedhe, ya ana pasare, ana perkantorane
uga ana pabrike sing uga karyawane akeh kaya neng ndhonya iki.
Salah sawijining dina ana pawongan sing duwe arep
gawe petilasan mbesuk yen ana rejane jaman kanggo omah sak ana putune. Yaiuku
papan sing kepenak iku ya sak kiwo tengene alas iku. Alas iku arane alas
nggambiran sing duwe tetenger ana wite gambir sing gedhe dhoyang nang pinggir
kali, wit iku yen disawang saka kadohan paling dhuwur dhewe, lan saking gedhene
lan umure pancen wis tuwa nganti oyate wae tekan pertapane Ki Ageng Cempaluk
ing Kesesi cekake crita Pawongan sing dawe pikiran gawe pertapan petilasan iku
mau Putrane KiAgeng Cempaluk Kesesi sing ngadepi bangsa lelembut sing nguasani
alas pesisir pulo Jawa sisi lor iku mau. Bangsa lelembut iku mau ratune arena
Ibu Dewi Lanjar critane putra mantune Nyi Roro Kidul sing wis kondhang ngratoni
pesisir Laut Jawa Kidul. Ora gampang ngadepi Dewi Lanjar, nanging kanthi
Kapitayan Ki Baureksa nguthik pengusaku jare Ibu Dewi Lanjar. Kanthi sarana
tapa ngalong iku mau Ki Baureksa sukmane bisa nguthik panguasaku jare Ibu Dew
Lanjar. Kanthi tekat bualate Ki Baureksa iku mau bisa nandhingi kepinterane
Dewi Lanjar lan pungkasane Dewi Lanjar ngijini mbukak alas ngambran kanggo
papan pertapane lan papan dununge anak putune Ki Baureksa papan iku diareni
Desa Pekalongan.
Desa iku sing saya suwe sang saya rame, akeh wang
manca padha teka numpak prau layar, akeh prau sing ngranjing ing pante iku,
terus pante iku diareni Pelabuhan Boom. Wong manca mau padha arep dagang tekane
saka Tiongkok, nanging karo ki Baureksa mung dijini dagang ona ing Pekalongan
ing sisih lor, ora kena ngidul, tekan seprena wong-wong Tiongkok sing dagang
akehe mung ono Pekalongan ing sisih lor, lan rikala semana Ki Baureksa lakune
selat ngidul, mengko dadine kutha bakale manut lakune Ki Baureksa saka lor
selat mengidul.
Nidaul Husna ‘05
CURUG SONGGOLANGIT
Ana jaka saka desa Tunahan
kang kesengsem karo cah wadon ayu saka dukuh Sumandhing, desa Bucu kecamatan
Bangsri. Desa Tunahan lan desa Bucu dipasah dening kali ing
tengah-tengahe.
Jaka lan cah wadon mau akhire
daup. Ing jman biyen wong lanang kang nglamar wong wadon kudu gawa piranti
pawon kaya ta: wajan, piring, gelas lan liya-liyane, sarta gawa kewan kaya ta:
sapi, kebo, wedhus, lan liya-liyane.
Nalika esuk-esukcah wadon mau
arep nyiapke sarapan kanggo bojone. Nalika nyipke sarapan cah wadon mau ora
ngati-atisaengga piranti pawon mau kemlonthang.
Ibune cah wadon mau ngandhanianake:
“aja glondhangan mengko mundhak bojomu tangi”. Nanging bojone mau salh krungu “kerja kok glondhangan, rumangsamu barange
bojomu”. Bojone mau atine kesinggung karo omongane maratuwane mau. Ing tengah
wengi pasangan mau lunga saka omah. Wong loro mau arep lunga ning omahe sing
lanang. Wong loro mau numpak pedati sapi.
Dalan kang peteng dadeake
pedati mau salh dalan, saengga pedati nyemplung jurang kang jero (saiki curug
songgolangit) lang akhire dadeake penganten mau ilang.
Crita iku turun-temurun ing
masyarakat kang akhire dadi pantangan kanggo wong-wong saka desa Tunahan lan
desa Bucu ora oleh daup amarga sumelang yen mengko rumah tanggane ana masalah.
Tri Kurniawati ‘05
ASAL USUL PEKALONGAN
Nalika jaman biyen ,nalika
jaman kerajaan Mataram dipimpin Kanjen Sultan Agung Hanyokrokusuma, ana wong
sakti ingkang asma Ki Ageng Cempaluk. Ki Ageng Cempaluk duwe anak arane Raden
Bahu. Wiwit cilcik Rade bahu wis digembleng ki ageng cempaluk supaya bisa
ngwqarisi kesaktiane. Nalika wis gedhe raden bahu wis ngwarisi kabeh ilmune ki
agen cempaluk.
Wonten ing sawijing dina,raden
bahu diundang ngadep marang ki ageng cempaluk.
"Anakku, saiki kowe wis
gedhe wis wayahe kowe ngmalake ilmu sing wis disinauni. Kerajaan Mataram wektu
iki lagi mbutuhake para pemudha sekti kaya kowe,kowe sowana mrana ngabdi marang
Kanjeng Sultan Agung Hanyokrokusuma."dhawuhe Ki Ageng Cempaluk.
"Iggih rama. Sampun dangu
kawula anggadahi kekarepan kados mekaten. Namung donga pangestunipun rama
ingkang kawula cadong,supados kawula saged dipuntampi ngabdi wonten
Mataram."jawabe Raden Bahu.
"Aja lali pesenku,kowe
aja rumangsa sekti dhewe,aja sombong. Ing dhuwure langit isih ana langit,ing
dhuwure wong sekti isih ana wong sing luwiih sekti." Wejangane Ki Ageng
Cempaluk.
Ing Mataram, Sultan Agung
hanyokrokusuma lagi mikirake kesejahteraan rakyate,yaiku ing bidang pertanian.
Sultan Agung bingung amarga ora ana banyu kanggo ngurusi sawah. Sultan Agung
duwe niyat kanggo mbendung kali kanggo ngurusi sawah ing dhaerah sin kekurangan
banyu.
Kali sing wiwit dibendhunhg
yaiku Kali Sambong sing ana ing dhaerah Kabupaten Batang. Senajan wis suwe
anggone mbendhung nanging ora ana
asile,wis bola-bali dibendhung nanging tetep ora ana ambrol. Nalika Kanjeng
Sultan lagi bingung iku, Raden Bahu teka ngadhep marang Kanjeng Sultan. Raden
Bahu ngenalake arane awak dhewene lan anake Ki Ageng Cempaluk. Krungu anake Ki
Ageng Cempaluk,Raden Bahu ditrima ngabdi ing Mataram.
"Bahu,aku
tampa pengabdianmu nanging ana syarate." Pangucape Kanjeng Sultan.
"Syaratipun menapa
kanjeng sultan." Jawabe Raden Bahu
"Syarate kowe kudu bisa
mbendhung kali sambong ing dhaerah Kabupaten Batang. Yen kowe bisa mbendhung
Kali Sambong kowe bakal tak tampa ngabdi ing Mataram."jawabe Kanjeng
Sultan.
Raden Bahu nampa syarate
Kanjeng Sultan lan nyuwun pamit arep mangkat mbendhung kali.
Sakwise tekan Kali Sambong,
Raden Bahu ngerti yen Kali Sambong ana bangsa silumane. Raden Bahu langsung
semedi ing pinggire Kali Sambong lan njaluk pituduh maring Sang Maha Wikan.
Sakwise semedi, ula raksasa gedhe metu saka njerone Kali Sambong lan nyerang
Raden Bahu. Raden Bahu gelut karo ulo raksasa iku,dhasare Raden Bahu wong kang
sakti akhire ulo mau bisa dikalahake lan dikon ngrewangi Raden Bahu mbendung
Kali Sambong,lan akhire Kali Sambong bisa dibendhung.
Kanjeng Sultan Agung katon
bungah amarga Raden Bahu bisa mbendung kali sambong,Raden Bahu akhire ditampa
ngabdi ing Mataram.
"Bahu
amarga kowe bisa mbendung kali sambong,saiki kowe tak tampa ngabdi ing
mataram." Pangucape Kanjeng Sultan Agung.
Krungu pagucape Kanjeng
Sultan,Raden Bahu katon bungah sanget.
"Matur
agunging panuwun ingkang tanpa pepindan,Kanjeng Sultan kawula saged dipuntampi
ngabdi ing Mataram." Jawabe Rade
Bahu.
"Nanging
isih ana tugas maneh Bahu,kowe tak tugasi methuk(njemput) bocah prawan ing desa
salak arep tak dadekake permaisuriku."tambahe Kanjeng Sultan.
"inggih
kanjeng sultan,kawula tampi kanti bombonging manah."jawabe raden bahu karo
nyuwun pamit arep mangkat ing desa salak.
Sakwise tekan desa salak,Raden
Bahu ngandhaake kekarepana marang wong tuwane bocah wadon iku sing arane
Rantamsari yen tujuane iku diutus Kanjeng Sultan Agung kanggo methuk Rantamsari
arep diajak in Mataram arep didadekake permaisuri Kanjeng Sultan Agung.
Ananging Rantamsari nolak didadekake permaisuri Kanjang sultan agung malah
milih Raden Bahu dadi bojone Rantamsari. Raden Bahu bingung tetep njalanaken
tugas apa manut kekarepane Rantanmsari.
Raden Bahu ora duwe daya
ngadepi Rantamsari sing rupane ayu iku,lan milih nuruti kekarepane Rantamsari
didadekake bojone ketimbang njalanaken tugas. Lan ngganti Rantamsari karo bocah
wado liya sing padha ayune kanggo permaisurine kanjeng sultan. Dasare Kanjeng
Sultan Agung raja sing sekti,Kajeng Sultan ora bisa diapusi ngerti sing digawa
raden bahu dudu bocah wadon sing dimaksud Kanjeng Sultan.Akhire Raden Bahu
diukum kon mbabat alas kanggo nebus kesalahane. Raden Bahu bali ngumah lan
nyritaake kedadeyan sing wis dilakoni marang Ki Ageng Cempaluk.
"saiki
kowe lagi diuji pakertimu dening kanjeng sultan agung anakku,nanging kowe malah
nganggep enteng."jawabe Ki Ageng Cempaluk.
"Kowe
isih beja anakku,kowe durung digantung kanjeng sultan namung diukum babat
alas."tambahe Ki Ageng Cempaluk.
"Nanging kula boten saged
rama"jawabe Raden Bahu
"Iku amarga atimu wis ora
suci,anakku. Saiki kowe nyuwun ngapura marang sang maha wikan lan njaluk
pituduh kepriye carane mbabat alas gambiran iku. Kowe kudu tapa kaya tapane
kalong,"pangucape Ki Ageng Cempaluk.
Raden Bahu langsung manut apa
wejangane Ki Ageng Cempaluk. Dheweke tapa ngalong yaiku kaya tapane
kalong,sikile ning dhuwur lan sirahe ning ngisor ing wit gorda sing gedhe.
Sangkin khusuke anggoning tapa,kanti-kanti bangsa siluman ora wani nggoda,ora
kuwat nggadepi hawa panas sing sumunar
saking ragane Raden Bahu. Raja siluman sing awujud raksejsa teka arep
nggoda Raden Bahukari nggawa pedang nangging tetep kalah kena pedange dhewe.
"Ampun
tuwan,ampun aku njaluk maaf,"unine rakseksaa iku marang Raden Bahu.
"Kowe
bakal takmaafaken nanging ana syarate,"jawabe Raden Bahu marang rakseksa
iku.
"Syarate
apa tuwan,"pitakone raseksa.
"Syarate
kowe kudu gelem mbantu aku mbabat alas gambiran iki,"jawabe Raden Bahu.
"Ya,aku gelem
tuwan,"jawabe raseksa.
Raja siluman ngajak rakyat
siluman sing jumlahe akeh,ora let suwe akhire alas gambiran iku rampung dibabat.
Lan Raden Bahu ngarani alas gambiran iku ngganggo sebutan Pekalongan,amarga
Raden Bahu anggone mbabat alas gambiran iku diwiwiti tapa ngalong hisit.
Raden Bahu kuciwa amarga apa
sing nembe dikerjaake ora kaya watake satriya.Kanjeng Sultan nduweni niat arep
ngukum raden bahu lan menehi kesempatan Raden Bahu kanggo ngowahi kabeh
kelakuane.
"Bahu isih ana tugas
maneh kanggo kowe yaiku mbikak alas gambiran,yen kowe butuh prajurit,kowe
nggawa prajurit saiki kowe mangkata,"parentahe kanjeng sultan.
Raden Bahu mangkat dhewe ning
alas gambiran,prajurite padha wedi amarga alas gambiran trkenal
angker,panggonane siluman lan kewan-kewan. Wong sing mlebu alas gambiran mesti ora bali maneh.
Nalika Raden Bahu nembe arep
mbukak alas gambiran,Raden Bahu langsung diserang dening bangsa siluman sing
sekti-sekti. Pancen bener wejangane Ki Ageng Cempaluk,ing ndhuwure wong sekti
isih ana sing luwuh sekti maneh. Raden Bahu ora bisa nampani serangan-serangane
para siluman,amarga jumlahe akeh lan sekti-sekti kabeh. Raden Bahu mlayu metu
saka alas gambiran ora bisa nandingi kesektiane para siluman mau.
Ana ing njabane alas,rupane
Raden Bahu katon suntrut lan isin. Arep bali ning Mataram wis ora wani,nalika
Raden Bahu lagi binggung,dumadakan keprungu suarane Ki Ageng Cempaluk.
"Rama," unine Raden
Bahu karo kaget.
"Ya,sing teka ini ramamu
ora usah kaget,rama ngawasi kowe terus saka mburi. Rama ngerti yen kowe lagi
kena bebaya amarga kaluputanmu dhewe,"jawabe Ki Ageng Cempaluk.
Mbendhot ’05
ASAL MULA DHESA LAN
KALI KRAMAT ING TLATAH BATANG
Rikala dhisik Sultan Agung ngutus putrane Jaka Bahu
kanggo babat alas roban. Jaka Bahu
akhire tumindak marang apa kang wis di utusake Sultan Agung kuwi mau. Amarga
ana sing ngganggu Jaka Bahu kang lagi babat alas Roban, banjur Jaka Bahu
nglakoni tapa, kanggo ngerteni apa sebabe kuwi mau. Jaka Bahu ngerti yen kang ganggu iku mau
bangsaning lelembut kang dipimpin Dadungawuk.
Banjur kedaden perang antarane Jaka Bahu lan Dadungawuk lan prjurite.
Dadungawuk bisa dikalahake dene Jaka Bahu lan janji
ora bakal ngganggu Jaka Bahu lan prajurite Jaka Bahu. Banjur babat alas kuwi mau dadi lancar.
Jaka Bahu banjur nerusake babat alas roban menyang
arah kulon nganti teka ing kali gedhe yaiku kali Kramat. Jaka Bahu kepikiran gawe bendhungan ing kali
Kramat, amarga arep digawe sawah. Jaka Bahu tandhang gawe bendhungan. Ananing banyu kang mili durung mesti, kadhang
cilik uga ora Jaka Bahu ngerteni banyu kang mili iku gedhe lan ndadekaken
bendhungan kuwi jebol.
Jaka Bahu goleki penyebabe kuwi mau. Pranyata kang ndadekaken bendhungan kuwi
jebol, yaiku ana watang prahu gedhe kang nglintangi bendhungan. Prajurite Jaka
Bahu ora ana sing bisa nyingkirake watang prahu kuwi mau. Bajur Jaka Bahu nglakoni tapa ing pinggiring
kali kuwi mau kanggo ngentuki tenaga supaya bisa mindahake prahu. Wektu iku malem jumat kliwon. Jaka Bahu anggone tapa iku mau dilakoni
kanthi sregep, lan ora dingerteni, wayah fajar Jaka Bahu ngentuki tenaga utawa
kramat kang dikarepake. Sakwise Jaka
Bahu entuk keramat kuwi mau, banjur Jaka Bahu budhal menyang watang prahu kang
nglintangi bendhungan. Watang prahu sing
maune gedhe katon cilik dene Jaka Bahu.
Jaka Bahu nekuk watang prahu mau kanthi tugel.
Kanthi watang mau tugel dene Jaka Bahu, bendhungan
mau dadi lancar maneh. Ananing bebayan
dudu mung siji kuwi mau. Bendhungan kang
wis dadi kuwi mau jebol maneh. Jaka Bahu
ora nyerah kanggo goleki apa sebabe kuwi mau jebol. Lan kasile tapa mau, Jaka Bahu ngerteni
menawa ana gapura ing jero kedung. Kang
duweni kedung iku yaiku bangsaning lelembut kang wujude ula. Bangsaning lelembut mau uga kang ngrusak
bendhungan. Kerajaan lelembut kuwi
dipimpin dene Kala Drubiksa. Jaka Bahu
banjur ora terima, pagaweyane diganggu dene Kala Drubiksa lan prajurite. Jaka Bahu tandhang, ngamuk ing istanane Kala
Drubiksa. Prajurite Kala Drubiksa akeh
sing mati.
Kala Drubiksa ora trima. Ora nganggo mikir suwe Kala Drubiksa banjur
tandhang dewe metu nggoleki lan ngadhepi Jaka Bahu. Jaka Bahu kang lagi ngamuk disruduk dene Kala
Drubiksa, Jaka Bahu dicokot lan digubet kuwat dene Kala Drubiksa.
Ora kalah pokal kanthi tenaga kang kari sithik,
Jaka Bahu bisa ucul saka gubetan kuwi.
Jaka Bahu mlayu golek papan kanggo umpetan. Jaka Bahu uga arep mulihake tenagane kanggo ngadhepi
Kala Drubiksa. Ora dingerteni dene Jaka
Bahu yen papan kang dienggo umpetan kuwi mau, uga Taman Keputren dene adine
Kala Drubiksa yaiku Drubiksawati.
Drubiksawati kadung katresnan marang Jaka Bahu. Amarga Jaka Bahu wis ngerti yen Drubiksawati
kuwi adine Kala Drubiksa, banjur Jaka Bahu nggunakake katresnane Drubiksawati
kanggo nggoleki wadine Kala Drubiksa.
Kanthi syarat Jaka Bahu kudu gelem nampa katresnane Drubiksawati. Dubriksawati nyolongake pedhang Swedang
kasektenane Kala Drubiksa.
Sakwise Jaka Bahu entuk pedhang Swedang mau,
dheweke ora arep mateni Kala Drubiksa, ananing arep gawe kapok Kala
Drubiksa. Sakwise Jaka Bahu lan
Drubiksawati nyandhang tresna, banjur Jaka Bahu karo prajurite budhal nggoleki
Kala Drubiksa. Jaka Bahu lan Kala
Drubiksa banjur perang. Ngerti pedhang
Swedang ana ing Jaka Bahu, banjur Kala Drubiksa mlayu ngalor. Jaka Bahu ngoyak, Kala Drubiksa kecekel. Perang mau kandhek, banjur Kala Drubiksa
janji menawa dheweke ora arep ngganggu kauripane manungsa. Dene Jaka Bahu, Kala Drubiksa diwenehi papan
panggonan kanggo uripe Kala Drubiksa sak prajurite ing Roban sisih lor. Kala Drubiksa uga duweni jatah mangan asile
bumi.
Ing wektu Jaka Bahu lan Kala Drubiksa mau rembugan,
pedang Swedang mau diselehake ing pinggiring kali kang nikung kang dijenengi
kali (Dang). Ing sateruse papan kuwi mau
dijenengi Klidang. Lan daerah ing
sekitare uga dijenengi Desa Klidang.
Ora ono maneh kang ganggu tugase Jaka Bahu
ngrampungake bendhungan mau, saengga cepet bendhungan Kramat mau
dirampungake. Dadi tugase Jaka Bahu
kanggo nyiapake daerah kanggo para tani ing daerah alas Roban kang uriping
bangsa lelembut mau dadi rampung.
Amarga menange Jaka Bahu lan kalahe Kala Drubiksa,
warga ing sekitaring kali mau uga seneng lan warga ngadakake sukuran ing kali
mau. Lan sukuran mau diarani
Lomban. Lomban mau didakekaken tradisi
karo warga Klidang setahun sepisan kang ditibakake ing tanggal 1 syawal.
Menange Jaka Bahu mau, Sultan Agung ngangkat Jaka
Bahu dadi Bupati Kendal. Ananging Jaka
Bahu isih ditugasi kanggo jupuk Putri Retno Rantan Sari kang dititipake ing
dhesa kalisalak, supaya diboyong menyang Mataram. Jaka Bahu tandhang, banjur methuki Retno
Rantan Sari. Tumeka ing Kalisalak, Jaka
Bahu katresnan marang kaendhahane dhesa Kalisalak.
Joko Bahu uga ora lali methuki Pak Wongso, wong
kang dititipi Retno Rantan Sari. Sakwise
Jaka Bahu nyampekaken kekarepane, Pak Wongso banjur nyerahake Retno Rantan
Sari. Jaka Bahu sing maune utusan saka
Sultan Agung kuwi, malahan tandhang tresna marang Retno Rantan Sari. Sadurunge Jaka Bahu wis ngerti yen Retno
Rantan Sari arep dipek garwo karo Sultan Agung.
Nanging Rantan Sari uga katresnan marang Jaka Bahu. Ora kelangan akal, Jaka Bahu kang bingung
kudu piye, Jaka Bahu banjur nemoni Ki Ageng Cempaluk, kanggo nggoleki wejangan.
Ora disengaja ing Dhesa Kalibeluk ana putri kang
rupane padha karo Rantan Sari kang jenenge Endang Muranti. Banjur Ki Ageng Cempaluk ngongkon Joko Bahu
menyang Kali Beluk methuki Endang Muranti.
Jaka Bahu budal menyang Kali Beluk banjur mboyong Endang Muranti menyang
Mataram. Endang Muranti diserahake
Sultan Agung, nanging Sultan Agung ora curiga.
Endang Muranti uga semaput, amarga weruh kaendahane
istana. Barang wis sadar, banjur Endang
Muranti ngakoni marang Sultan Agung, menawa dheweke dudu Retno Rantan Sari,
Sultan Agung kuciwa lan duka. Jaka Bahu
dikon ngadhep Sultan Agung. Jaka Bahu
diwenehi hukuman, hukuman kuwi awujud tugas.
Tugas iku mau yaiku babat alas Gambiran.
Endang Muranti uga dibalekake ing Kali Beluk.
Nit-Nit ‘05
ASAL MULANE KABUPATEN BATANG
Batang, salah sijine kabupaten kang ana ing Jawa
Tengah duweni sejarah. Manut cerita, ing jaman biyen ana kerajaan sing jenenge
Kerajaan Mataram Islam. Rajane yaiku Sultan Agung Hanyokrokusumo. Wektu kuwi
Sultan Agung lagi nyiapake prajurit-prajurite kanggo nyerang prajurit Belanda
ing Jakarta sing biyene arane Batavia.
Sultan Agung ngutus Bupati Kleyangan sing jenenge
Dipokusumo supaya babat alas Roban, banjur didadekake sawah sakperlu kanggo
nyukupi kabutuhan pangane para prajurit sing arep nyerang Batavia. Kamangka ing
sakjerone Alas Roban mau akeh para dhedhemit lan sakjinise sing saba ing alas
kono. Manut cerita, sing dadi rajane dhedhemit yaiku Dadungawuk. Dipokusumo lan
para prajurite banjur babat alas roban mau, nanging pagaweyane mau kandheg
dening para dhedhemit mau. Para prajurite Dipokusumo akeh sing mati dadi
korbane dhedhemit mau. Dipokusumo kang ngerteni kahanan sing kaya kuwi dadi
bingung arep laporan dening Sultan Agung amarga pagaweyane ora kasil.
Dipokusumo banjur njaluk pitulungan karo Ki Gede
Cempaluk, salah sijining punggawa Mataram sing diukum dening Sultan Agung
amarga dheweke nglakoni salah marang Sultan Agung. Ki Gede cempaluk saguh
ngrewangi pagaweyane Dipokusumo kanggo babat alas amarga disemayani dening Dipokusumoarep
dijalukake pangapura marang Sultan Agung. Ki Gede Cempaluk banjur ngutus
putrane kang duweni jeneng Jaka Bahu kanggo nglakokaken tugas babat alas mau
saperlu arep digawe sawah-sawah, Jaka Bahu banjur mangkat menyang alas Roban.
Ora beda karo Dipokusumo, Jaka Bahu kang lagi babat
alas dadi kandheg pagaweyane dening dhedhemit sing saba ing alas kono. Jaka
Bahu banjur nglakoni tapa sakperlu pengen ngerteni sebabe para prajurite akeh
sing mati. Ora suwe Jaka Bahu nglakoni tapa, dheweke banjur ngerti yen sing
nyebabake pagaweyane kandheg yaiku Dadungawuk, raja dhedhemit ing Alas Roban,
karo para prajurite. Jaka Bahu banjur perang nglawan Dadungawuk lan para
prajurite. Dadungawuk lan para prajurite kasil dikalahake dening Jaka Bahu,
banjur pagaweyane Jaka Bahu bisa diterusake.
ujuane Jaka Bahu babat alas Roban kuwi sakperlu
arep digawe sawah-sawah, mula Jaka Bahu kudu duweni sumber banyu kanggo
ngalirake banyu marang sawah-sawah sing arep digawe mau. Jaka Bahu banjur
nggaawe kedhung kanggo ngalirake banyu. Nanging pagaweyane mau yo duweni
alangan. Banyune ngalire ora tetep, kadhang ngalire cilik kadhang gedhe. Jaka
Bahu banjur nggoleki sebabe banyune mau ngalire ora ajeg. Bareng ngerti sebabe,
jebul sumber mau kaline kadhangan watang sing ambruk ing tengah kedhung. Mula
banyune ngalire ora ajeg. Jaka Bahu banjur nglakoni tapa maneh ing sakpinggire
kali mau supaya bisa entuk kakuwatan kanggo nyingkirake watang mau. Sakwise
kuwi Jaka Bahu banjur entuk kakuwatan kanggo nyingkirake watang mau. Banjur
pagaweyane nggawe kedhung bisa diterusake. Tlatah ing kono banjur dikenal
kanthi jeneng yaiku Batang, saka kasile Jaka Bahu ngemBat waTang mau.
Nanging alangan ora kandheg. Jaka Bahu nemoni
alangan maneh olehe nggawe kedhung. Jedhung sing wis digawe dening Jaka Bahu
bobol. Jaka Bahu rumangsa bingung amarga
dheweke wis kasil olehe nyingkirake watang mau.
Banjur apa kang nyebabake pagaweyane kandheg maneh? Jaka Bahu kepeksa
nglakokake tapa maneh kanggo mangerteni sebabe. Nalika Jaka Bahu rampung tapa,
dheweke ngerti yen ing jero kedhung kuwi mau ana gapura istanane para uling.
Sejatine kedhung kuwi jebul istanane para uling sing rajane jenenge Kala
Drubiksa. Kala Drubiksa seneng gawe geger tumrap uripe manungsa. Jaka Bahu
banjur nyebur ing jero kedhung mateni para uling sing ngrusak kedhung mau.
Kala Drubiksa kaget entuk warta saka prajurite yen
para prajurite akeh sing mati dipateni Jaka Bahu. Kala Drubiksa ora trima. Kala
Drubiksa sing panggonane dirusak karo manungsa tansaya kobongan jenggot.
Dheweke banjur menyat lan tandhang dhewe ngadhepi Jaka Bahu. Perange Jaka Bahu
lan Kala Drubiksa dadi perang sing gedhe amarga loro karone padha sektine.
Ananging Jaka Bahu wis kesel amarga tenagane wis kari sithik kanggo nglawan
para prajurite Kala Drubiksa mau. Jaka Bahu bisa kecekel dening Kala Drubiksa
kanthi digubet nganggo buntute. Jaka Bahu ora kalah pokal, kanthi tenaga kang
wis kari sithik Jaka Bahu bisa ucul saka gubetane Kala Drubiksa. Jaka Bahu
banjur mlayu ninggalake Kala Drubiksa sakperlu golek papan kanggo ndhelik
kanggo mulihake tenagane.
Ana ing papan pandhelikane, Jaka Bahu ketemu karo
Drubiksawati sing jebule adhine Kala Drubiksa. Pancen papan sing dienggo
ndhelik Jaka Bahu mau jebul Taman Kaputrene Drubiksawati. Saka panyawange
Drubiksawati, dheweke banjur thukul rasa katresnan tumrap Jaka Bahu,
Drubiksawati banjur nyedhaki Jaka Bahu banjur loro karone padha kenalan. Mawi
kuwi Jaka Bahu ngerti yen Drubiksawati kuwi adhine Kala Drubiksa sing wis
kebacut tresna marang Jaka Bahu. Ngerti kahanane sing nguntungake Jaka Bahu,
mula Jaka Bahu banjur njaluk tulung marang Drubiksawati golek wadine Kala
Drubiksa kanthi syarat gelem nampa katresnane Drubiksawati. Drubiksawti kang
ora seneng marang tumindhake Kala Drubiksa nyanggupi, nanging Jaka Bahhu ora
kena mateni Kala Drubiksa.
Jaka Bahu banjur dicolongake pedhang Swedhang kang
dadi sumbere tenagane kasektene Kala Drubiksa. Sakwise Jaka Bahu entuk pedhang
swedhang mau, Jaka Bahu banjur mangkat maneh ngrampungake perange nglawan Kala
Drubiksa lan para prajurite sing uga lagi nggoleki Jaka Bahu. Pancen bener,
kanthi pedhang swedhang mau Kala Drubiksa tenan kasil dikalahake dening Jaka
Bahu. Kala Drubiksa banjur mlayu menyang lor alas roban. Jaka Bahu ngoyak
nganti kecekel, sakwise kecekel ing Kali Kramat, Kala Drubiksa banjur nyerah
maranmg Jaka Bahu lan perange loro karone mau kandheg, nanging dadi rundhingan
utawa prajanjen loro karone mau ing Kali Kramat. Kasile rundhingan mau menawa
Kala Drubiksa ora bakal ngganggu maneh tumrape uripe manungsa, nangingdheweke
diwenehi panggonan ing Alas roban sisih lor kango papan uripe. Kala Drubiksa
uga entuk jupuk jatah kanggo uripe saka hasil bumine manungsa, ananging sithik
wae lan ora entuk ana kang mangerteni. Pedhang Swedhang mau banjur ditancepake
ing sakpinggire Kalli Kramat. Wong-wong sing padha ngerti yen Kala Drubiksa
kasil dikalahake dening Jaka Bahu rumangsa seneng, banjur nganakake syukuran
ing dhuwur Kali Kramat.
Kanthi Jaka Bahu bisa ngalahake Kala Drubiksa, mula
kedhung sing lagi dibangun mau kasil dadi. Jaka Bahu uga kasil olehe babat Alas
Roban, mula Alas Roban mau didadekake sawah. Sawah-sawahmau dadi tlatah kang
subur amarga banyu sing ngalir saka kedhung lancar. Jaka Bahu banjur bali
menyang Mataram nglaporake hasile mau dhumateng Sultan Agung. Sultan Agung
rumangsa bungah banget senenge ngerteni pagaweyane Jaka Bahu mau. Kanggo
imbalan, Jaka Bahu didadekake bupati ing Kendal. Nanging sakdurunge kuwi Jaka
Bahu diwenehi tugas maneh karo Sultan Agung. Tugase yaiku njupuk putri sing
jenenge Retno Rantan Sari sing dititipake ing dhusun Kalisalak. Sultan Agung
pengen ndadekake Retno Rantan Sari dadi bojone.jaka Bahu banjur mangkat menyang
dhusun Kalisalak
Tekan panggonane, Jaka Bahu rumangsa kesengsem karo
kaendahan ing sakiwo tengene pangonane Retno Rantan Sari. Jaka Bahu banjur
nemoni Pak Wongso, wong sing dititipi Retno Rantan Sari lan ngomong yen dheweke
diutus dening Sultan Agung sakperlu mboyong Retno Rantan Sari arep diboyong
menyang Mataram. Retno Rantan Sari jebul wong wedok sing pancen ayu banget ora
ana tandhingane. Kanthi ayune kuwi mau Jaka Bahu banjur kesengsem lan tresno
marang Retno Rantan Sari. Semono uga Retno Rantan Sari, dheweke uga tresna
marang Jaka Bahu. Jaka Bahu rumangsa bingung. Menawa Jaka Bahu mboyong Retno
ning Mataram, dheweke ora lila yen Retno Rantan sari jejeran karo Sultan Agung,
nanging saumpama dheweke ora kasil mboyong Retno, Jaka Bahu wedi menawa Sultan
Agung duka. Jaka Bahu banjur bali mennyang omahe sakperlu njaluk wejange Ki
Gede Cempaluk.
Ing ngomah, Ki Gede Cempaluk uga rumangsa bingung.
Dheeke uga ngerteni manahe Jaka Bahu, putrane. Ki Gedhe Cempaluk banjur
nggoleki akal supaya bisa nggolek wong wedok sing ayune padha karo Retno Rantan
Sari, banjur digawa menyang Mataram. Ing dhusun Kalibeluk ana kenya ayu sing
ayune padha Retno Rantan Sari, rupane uga mirip. Ngerteni bab iku, Ki Gede
Cempaluk banjur ngongkon Jaka Bahu lunga menyang Kalibeluk sakperlu njaluk
kenya ayu mau sing jenenge Endang Wuranti. Rupane pancen mirip tenan. Wong
tuwane Endang Wuranti ngijinke, mula Endang Wuranti kasil digawa dening Jaka
Bahu. Endang Wuranti dikongkon nyamar dadi Retno Rantan Sari banjur digawa
menyang Mataram sakperlu diwenehake marang Sultan Agung. Banjur Retno Rantan
Sari bisa kasandhing karo Jaka Bahu dadi bojone. Sultan Agung banjur ngajak Endang
Wuranti lungguh jejer bebarengan ing singgasanane, nanging Endang Wuranti sing
mung wong biyasa banjur semaput. Sultan Agung banjur sulika marang Jaka Bahu.
Sakwise Endang Wuranti sadar, dheweke ditakoni marang Sultan Agung. Endang
Wuranti kang wong biyasa ngandha yen dheweke kuwi dudu Retno Rantan Sari,
nanging Endang Wuranti saka dhusun Kalibeluk, anake wong tukang dodol serabi.
Endang Wuranti ora diiukum dening Sultan Agung banjur dikongkon bali dening
Sultan Agung menyang dhusune.
Sultan Agung duka ngerteni kahanan kuwi mau.
Dheweke rumangsa diapusi, banjur ngongkon Jaka Bahu ngadhep dheweke. Sakwise
kuwi Jaka Bahu disengeni marang Sultan Agung. Jaka Bahu banjur diwenehi ukuman
supaya Jaka Bahu entuk tugas-tugas liyane sing luwih abot tinimbang tugas babat
alas roban lan gawe kedhung ing Kali Kramat. Tugas pisanan yaiku dheweke diutus
babat alas Gambiran, banjur diwenehi tugas-tugas liyane nganti dianggep cukup
kanggo nebus salahe marang Sultan Agung.
Kuwi mau critane Jaka Bahu ing babagan ngrampungake
tugas-tugase sing dikongkon dening Sultan Agung lan kedadeyan-kedadeyan sing
dialami karo Retno Rantan Sari. Jaka Bahu dikenal dening wong-wong kanthi
jeneng aran Bahurekso.
NANA ‘05
Asal-usul Pantai Widuri ing Kutha Pemalang
Ana ing abad XV, pesisir
lor Jawa Tengah isih akeh alas lan rawa-rawa. warga kang manggon ana pesisir
iku isih langka lan sethithik. Ing pesisir kang saiki dadi wilayah Kabupaten
Pemalang urip wong lanang wadon kang jenenge Kaki lan Nyai Pedaringan. Pasangan
iki beda banget. Kaki Pedaringan yuswane luwih saka setengah abad, nanging Nyai
Pedaringan isih enom banget. Nanging ora dadi alangan wong loro kae ngrajut
benang-benang tresna lan tali kasih urip rukun bebrayan kaya critane Rama
Shinta ing epos Ramayana. Pegaweyane kaki lan nyai Pedaringan yaiku tani, ngolah sawah kang maune arupa
raw-rawa sak dawane pesisir segara.
Nandur palawija lan semangka.
Ing sakwijining dina, esuk-esuk nyai Pedaringan
dhewekan ing gubuge, isih nyiapake sarapan, panganan kang paling disenengi kaki
Pedaringan kang saiki ana ing sawah adoh saka omahe. Merga kaki Pedaringan isih
gawe lahan anyar kang mengkone ditanduri palawija. Ora let suwe teka wong
lanang kang bagus rupane. Dheweke njaluk pamit mlebu. Nyai Pedaringan kaget,
dheweke isih mlongo sajake bingung banjur si nyai Pedaringan ngamati wong bagus
mau saka dhuwur tekan ngisor awake. Ing lengen tengene ana getih ireng kenthel,
getih kae katon nyata nanging ing gegere ana barang kang nyelip malah kaya
gaman pusaka kerajaan, sajake sapa wong iki? Pitakon iki kang ana ing jero
atine Nyai Pedaringan.
Ora let suwe pawongan mau ngenalake awake kanthi
santun nyeritake asale muasale dheweke teka ing gubug nyai Pedaringan. Nyata
bocah bagus mau yaiku pangeran Papak Purbaya. Punggawa saka kerajaan Mataram
kang lagi ngemban tugas ngadhemake pamberontakan kang dipimpin dening
Salingsingan saka Cirebon. Salingsingan
pingin ngrebut lan nguasani Jawa Tengah saka Mataram.
Pungkasane Salingsingan bisa dikalahake lan
pangeran Papak Purbaya bisa selamet. Ana ing dalan tumuju Mataram, pangeran
Papak Purbaya weruh gubug, dheweke kepengin mampir lan njaluk tulung diobati larane. Banjur Nyai Pedaringan
ngrewangi ngobati. Ora suwe wong loro mau dadi cedhak. Tekan awan, pangeran Purbaya pamit bali arep nerusake
lakune. Pangeran Papak Purbaya nitipake kerise kanggo bebungah marang nyai
Pedaringan. Si pangeran aweh pesen, yen keris mau diarani Simonglang iku dijaga
lan diopeni. Uga dikarepake yen mengkone keris iku dadi pusaka dhaerah iku lan
kang duwe hak nduweni sarta ngrawat keris iki yaiku kluwarga Pedaringan lan
keturunane.
Sapa-sapa ora nduweni hak njupuk keris mau kajaba
pangeran Papak Purbaya utawa wong sing kabeh driji tangane papak kaya duwene
pangeran Papak Purbaya. Pangeran Papak Purbaya nerusake perjalananen marang
kidul. Ing tengah-tengah lakune dheweke kudu ngliwati kali cilik saka arah
wetan lan ngalir tumuju kulon kang lokasine cedhak karo segara (ing basa jawa:
Malang) dheweke kaya entuk ilham utawa wangsit saka sing gawe urip kanggo
menehi jeneng dhaerah iki “Pemalang”.
Kisahe, wis rada sore kaki Pedaringan nembe bali
ngomah, Kaki Pedaringan rada getun lan gumun, biasane nyai Pedaringan nggawake
panganan nanging nganti sore kaya iki si Nyai ora marani. Getun dadi cemburu
merga kaki ngonangi nyai Pedaringan isih nyekeli keris kang dudu duweke Kaki
Pedaringan. Banjur Nyai Pedaringan aweh penjelasan nerangake kepriye critane
dheweke nyekel keris mau. Nanging kaki Pedaringan ora gelem nrima penjelasan
saka nyai, malah dadi ribut.
Ing akhir tukarane, Nyai Pedaringan nyabut kerise
kanggo mbuktike tresnane, keris mau dienggo ngiris drijine. Getih kang seger
mau netes saka drijine kang lentik. Nyai Pedaringan sumpah menawa tetesan getih
kang diolesake ing kembang widuri bisa ngowahi warnane (warna kembang widuri
putih) nanging yen kembang widuri mau bisa dadi warna ungu, iku tandane
tresnane isih suci. Ndeleng kedadeyan mau, kaki Pedaringan dadi gela lan njaluk
pangapura marang nyai Pedaringan.
Kanggo nebus dosane kaki Pedaringan karo nyai
Pedaringan arep nyusul lan nggoleti pangeran Papak Purbaya. Nanging nganti
saiki kaki Pedaringan ora tau bali. Saiki nyai Pedaringan kang diarani “Nyai
Widuri” urip dhewekan karo bayi kang isih ana ing wetenge. Nganti akhir umure,
nyai widuri dadi randa. Saiki jeneng widuri diabadikake kanggo jeneng desa,
merga nyai widuri tau urip ning kono.
Maya ‘05
Asal Mulaning Kutha Pemalang lan Gunung Slamet
Nalika jaman biyen, ana
wong telu kang merguru ing padhepokan Argo Dimillah ing gunung Lawu. Kang lanang,
jenenge Bayulan Giri, yen sing wadon jenenge Warih. Wis suwe anggone wongtelu
mau ngangsu kawruh ing padhepokan ArgoDimilah, nganti katelune entuk ilmune
dhewe-dhewe. Tanpa sadhar Bayu lan Giri tresna marang Warih, lan iku ndadekake
‘cinta segitiga’. Ananging ‘cinta segitiga’ iku malah ndadekake paduning
sedulur saperguron mau. Akhire katelune lunga saka padhepokan Argo Dimillah
kaperlu nyebarake ilmukang wis pikantuk nalika padha ngangsu kawruh ing kana.
Sadurunge pisah, Warih ngucap, sapa wong kang ketemudhisik karodheweke berarti
wong kuwi kang bakal dadi bojone. Warih uga pesen, menawa Bayu lan Giri ora
kena curang lan kudu lila menawa salah sijine kang bakal dadi bojone Warih.
Banjur wongtelu mau luga, Bayu lunga meyang wetan, Warih lunga meyang kidul,
lan Giri lunga meyang kulon.
Giri kang nyebarake ilmune ingdhaerah kulon kudu
ngadhepi laku kang abot ing dalan amarga Giri kudu ngadhepi alangan-alangan
kayata dibegal ning dalan. Nalika kuwi, rampoke wis suwe ngawasi lakune Giri.
Lan nalika rampok-rampok mau ngerti menawa Giri lagi mlaku dhewekan ing
pangonan kang sepi, dheweke langsung ngadhang Giri. Kanthi manteping ati, Giri
bisa ngadhepi kang ngalang-ngalangi
lakune dheweke. Mula panggonan mau dijenengi PEMALANG. Sawise ngliwati
Pemalang, Giri mlebu alas. Kaya entuk mukjizat, Giri metu saka alas kanthi
slamet. Wong-wong kang weruh padha gumun, amarga akeh kurban kang mati menawa
mlebu alas mau. Mula alas mau dijenengi Alas Roban.
Banjur Giri nglanjutake nyebar ilmu nganti tumekane
ing sawijining gunung, Giri diganggu dening kethek kang cah-cahe akeh. Giri
kewalahan anggone ngadhepi kethek-kethek mau. Banjur ana wong wadon
nganggocadar kang ora liya yaiku Warih, teka nulungi Giri. Kethek-kethek mau
padha mati, Giri slamet lan panggonan mau dijenengi Gunung Slamet. Amarga
penasaran, Giri ngejar Wrih kaperlu pengin ngertisapa sejatine wong kang
nylametake awake. Bayu kang lagi liwat, banjur weruh wong lanang lan wong wadon
kang lagi gelut. Bayu mbelani Warih nanging dheweke uga penasaran karo wong wadon
kang nganggo cadar iku. Dideleng saka pawakane, kayane Bayu kenal wong wadon
kang nganggo cadar iki. Akhire cadare Warih kabukak dening Bayu. Banjur Warih
ngambung tangane Bayu lan ngomong menawa Bayu kang bakal dadi bojone, amarga
Bayu iku wong pertama kang weruh raine Warih. Sanajan Giri ora rela, nanging
akhire dheweke ngalah maraang marang Bayu. Banjur Bayu lan Warih bebojoan. Dene
Giri sakwise nrasa cukup anggone
nyebarake ilmune, Giri banjur bali menyang desane lan dadi sesepuh kang
dikurmati dening warga kana.
Tika ‘05
LEGENDA CEMPAKA WULUNG
Ing babad Pekalongan, Dewi Rantamsari yaiku anake
salah siji demang ing kademangan Kalisalak. Kang critane Raden Joko Bahu
diprentah utawa diutus dening Sri Sultan Agung Hanyokro Kusuma nglamar Dewi
Rantamsari. Nalika R. Joko Bahu teka ing Kalisalak, Dewi Rantamsari banjur
kepincut karo pawakan enom utusan saka mataram kuwi. Kabukten saka polahe kang
kaya wong ketemu ksatriya. Bareng wis kenal karo Demang Kalisalak, Nyai demang
lan Dewi Rantamsari. R. Joko Bahu njlentrehake yen dheweke lagi entuk titah
saka sang Sultan. Yen ing kademangan Kalisalak ana kembang kang lagi mekar lan
wangi, ambune tekan Mataram. Sri Sultan kepengin nggarwa kembang kuwi.
Krungu kaya kuwi, Sang Demang ngrasa bungah. Sanajan
mung anak demang, nanging wis ana tanda kamulyaan amarga arep dirabi dening Sri
Sultan.
Krungu jawaban kuwi, banjur R. Joko Bahu langsung
takon kang nduweni maksud mboyong Dewi Rantamsari menyang Mataram kanggo
disunting Sri Sultan. Banjur dijawab langsung dening Dewi Rantamsari, “sapa wae
wonge, ora sugih, ora mlarat, raja utawa prajurit, kang bisa njupuk kembang
Cempaka ing taman Kalisalak, wong kuwi sing arep dadi bojoku.” Ora mikir
dhisik, mung eling karo titahe Sri Sultan sing kudu klakon, banjur R. Joko Bahu
nyanggupi. Akhire karo disekseni kabeh wong sing ning kana, R. Joko Bahu tunuju
menyang taman Kalisalak. Satekane ing taman, R. Joko Bahu bingung amarga ora
weruh wit Cempaka kang lagi kembang. Banjur takon karo Dewi Rntamsari ning
ngendi manggone kembang kuwi. Dewi Rantamsari banjur nudhuhke yen kembang
Cempaka sing arep dipek kuwi ana ing sanggule sang Dewi. Dewi Rantamsari
ngijinake R. Joko Bahu njupuk kembang kuwi. Karo bingung, banjur R. JokoBahu
njupuk kembang sing ana ing sanggule sang Dewi kanthi tangan kang nrdedheg.
Bubar kedadeyan kuwi, banjur sang Dewi sujud ing sikile R. Joko Bahu. Nanging R
Jaka Bahu ngira yen Dewi Rantamsari lemes, ora duwe tenaga. Banjur Dewi
Rantamsari dituntun ngadeg maneh. Nanging sang Dewi isih katon sumingrah.
Amarga R. Joko Bahu kang njupuk kembang Cempaka ing
taman Kalisalak, banjur wis sepantese yen R. Joko Bahu dadi bojone Dewi
Rantamsari. R. Joko Bahu meneng sakwetara, ambegane seseg, pikirane werna-werna
kelingan titahe Sri Sultan yen wis ana asile kudu cepet bali menyang Mataram.
Nanging nyatane R. Joko Bahu karo Dewi Rantamsari sing menangake sayembara
kuwi. Kanthi kikuk karo watuk-watuk cilik, wong loro kuwi njawab yen siap
ngadepi kanyatan kuwi. Nanging kepriye karo titahe sang Sultan. Weruh wong loro
kang wis kaiket tresna, Demang aweh dalan supaya kabeh bisa mlaku kanthi
lancar. dijelasake yen ing jejere kademangan iki ana anak mas kang rupane mirip
banget karo Dewi Rantamsari jenenge Randinem anake bakul srabi. Demang ngutus
nemoni Radinem ing Kaligeluk. Bubar R. Joko Bahu karo Dewi Rantamsari , R. Joko
Bahu sak rombongan pamitan karo Ki Demang arep nemoni Randinem ing Kaligeluk,
kang sadurunge wis pesen mengko yen anake kang dikandut Dewi Rantamsari lair,
supaya diwenehi jeneng R. Kuncung Darmanto yen lanang, nanging yen wadon
sakarepe arep dijenengi sapa. Banjur R. Joko Bahu Purnakawan Hedho lan Gati budhal meyang
Kaligeluk.
Akhire Dewi Rantamsari ditinggal bojone kang lagi
ngemban tugas saka kraton, ora let suwe sang Dewi nglairake bayi lanang kang
bagus rupane. Banjur diwenehi jeneng R. Kuncung Darmanto. Putrane dimong kanthi
apik, tingkah lakune persis kaya bapake. ndelengake putrane kang sempurna, Dewi
Rantamsari kepengin anake yen suk gedhe bisa migunani tumprap bangsa lan
negarane. Senajan isih pelo ngomonge, nanging bocah kuwi banget pintere. Ibune
nganti bingung nalika ditakoni R. Kuncung Darmanto, “ngapa kanca-kancane karo
wong tuwa lanang ana sing diundang bapak.” Banjur Dewi Rantamsari njelasake yen
bapake kuwi putra Mataram, lair saka ibu sing jenenge Dewi Cempaka Wulan,
bojone Ki Gedhe Kesesi sing jenenge Den Mas Agung. Kang seda amarga kena eri baya putih, ing wektu kuwi Dewi Cempaka
Wulan lagi meteng banjur nglairake putrane sing jenenge R. Joko Bahu ing
kerajaan Mataram. Banjur dening Ki Gedhe Cempluk lan Ki Gedhe Cepeluk
dititipake karo lurah Kesesi Bandung kang kawentar kanthi jeneng lurah buntal
amarga ing ilate ana warna ireng. Dimong tekan gedhe banjur akhire nakonake ibu
karo bapak kang sebenere. Dijelasake dening lurah buntal kasebut, yen ibune
kuwi permaesuri saka Sultan Agung Hanyokro Kusuma, nanging ora dijelasake yen
bapake kang sebenere kuwi Raden Mas Agung sing terkenal kanthi jeneng Ki Gedhe
Kesesi kuwi putra saka Sultan Sayidin Panoto Gama utawa Panembahan Senopati.
YOYO
‘05
DUMADINE KUTHA PEKALONGAN
Jaman biyen ana wong lanang jenenge Jaka Bahu
putrane Ki Ageng Cempaluk. Dheweke dhuwe salah karo Sultan Agung. Kanggo nebus
salahe karo Sultan Agung, dheweke ditugasi mbabat alas Gambiran. Alas Gambiran
panggonane para siluman-siluman kang dipimpin dening raja siluman Guntur Geni.
Pakaryan-pakaryan sing mbabat alas akeh sing cidra lan kena lara. Para siluman
padha ngganggu, banjur Joko Bahu tapa supaya ngerti sapa sing ngganggu pakaryane.
Tapa sing dilakoni Jaka Bahu kanthi cara
nggantungake awake dhewe ning dhuwur wit. Sikile ning dhuwur lan sirahe ning
ngisor kaya kalong lagi turu. Tapa sing kaya kuwi jenenge tapa “Ngalong”.
Durung suwi dheweke tapa, ana perang mataram lan VOC. Sultan Agung bingung piye
carane kanggo nyerang VOC ing Batavia. Mula tenagane Jaka Bahu dibutuhake
kanggo mimpin pasukan.
“Raden Suwelo kowe tak
utus nemoni Jaka Bahu ning alas Gambiran,” Kandhane Sultan Agung.
“Dipun utus menapa kanjeng?” pitakone
R. Suwelo karo radha bingung.
“Omongake yen tenagane
dibutuhake dadi pemimpin pasukan perang nyerang batavia lan cepet mulih menyang Mataram,” prentahe Sultan Agung marang R. Suwelo
kang ana ing ngarepe.
“Inggih kanjeng.”
R. Suwelo banjur lunga
menyang alas Gambiran. Neng alas Gambiran R. Suwelo ketemu karo Jaka Bahu kang
lagi tapa ngalong.
“Jaka Bahu, Cepet tangi!!!
Ana prentah saka Sultan Agung!” Raden
Suwelo nangekake jaka bahu saka tapane karo ngorog-ngorog awake.
Amarga Jaka Bahu kaget lan krasa yen tapane
diganggu, dheweke tangi lan raden suwelo ditempiling nganti
mati lan mayite mabur menyang kali ning cedhak tapane. Ana kadadeyan aneh,
mayite raden suwelo ora keli ing segara nanging malah mabur mendhuwur.
Kadadeyan aneh iki ndadekake masyarakat sakiwa tengene usek-usekan pengin ngerti mayit kang aneh kuwi. Wong-wong padha
jejer-jejer ning sakdhawane pinggiran kali kaya wayang, mula papan kuwi
dijenengi “Jejer Wayang”.
“Ayo kang, cepet ndelok
mayit ajaib nEng kali,” kandhane
tukang mas marang kanca-kancane . Tukang-tukang mas banjur padha mlayu karo
nggawa mas lan panggonan kuwi dijenengi “Keemasan”.
Wong-wong uga ana sing ndelok mayit padha menek
wit-witan. Kethoke yen didhelok kaya woh wuni. Mula panggonan kuwi dijenengi “Kedungwuni”. Mayite Raden Suwelo kang
tetep mabur ndhuwur. Akehe wong sing ndelok mayit sakdhawane pinggiran kali,
kira-kira ana patangewu. Mula nganti kedung pungkasan, panggonane wong-wong
sing ndelok mayit jenenge “Kedung
Patangewu”. Papan sing pungkasan mandheg
mayite R. Suwelo dijenengi “Candi
Selo”.
Sultan Agung krungu yen R. Suwelo wis mati, atine sedhih banget.
“Patih Mangkurejo, piye
carane supaya prentahku marang jaka bahu bisa tekan.”
Sultan Agung bingung banjur
rembugan karo Patih Mangkurejo.
“Nuwun sewu Gusti, kula uga
nboten mangertos sinten ingkang badhe dipunutus?”
Ora let suwi lagi
rembugan, ana pedhagang saka Tiong Hoa njaluk ijin dagang ning wilayah Mataram.
“Nuwun sewu Gusti, pripun
menawi Tan Kwie Jan dipunutus dhateng wana Gambiran?” kandhane Patih Mangkurejo.
“La carane
kepriye?”
“Tan Kwie Jan saged dagang wonten
ing wilayah Mataram. Ananging saratipun kedhah nyampeaken prentahipun kanjeng
gusti dhateng jaka bahu wonten ing Alas Gambiran.”
Tan Kwie Jan gelem menuhi syarat kuwi,
nanging amarga dheweke ora bisa basa jawa, mula dheweke njaluk yen prentahe
nganggo surat
wae. Tan Kwie Jan krungu britane kasaktiyane Jaka Bahu lan matine R. Suwelo.
Dheweke mikir kepriye carane nyampekake surate. Tekane ning alas Gambiran
dheweke weruh jaka bahu lagi tapa ngalong. Kanti ngati-ati dheweke nyedaki lan
mbalangake surat
prentahe Sultan Agung ing ngisore sirahe Jaka Bahu.
Ora let suwi para siluman alas Gambiran ngrasa ora kuat anane hawa panas
kang tekane saka tapane Jaka Bahu. Para
siluman wadul karo rajane sing jenenge Guntur
Geni. Dheweke jengkel lan nemoni Jaka Bahu arep ngganggu tapane. Jaka Bahu ora
trima yen tapane diganggu, mula dadi gelut sengit. Guntur Geni bisa dikalaheke
lan nyerah, uga dheweke janji ora arep ngganggu nalika arep nbabat alas
Gambiran lan melu ngrewangi. Sakbubare gelut karo guntur geni dheweke banjur weruh surat printah saka sultan
agung. Surat
diwaca lan ngerti isine yen dheweke entuk prentah kanggo mimpin pasukan kanggo nyerang Batavia, mula babat alas Gambiran secepete
dibubarake. Amarga wis ora ana alangan
saka siluman, malah direwangi dening siluman, babat alas gambiran cepet
rampung. Banjur bekas panggonan alas gambiran dijenengi Desa Nggambaran. kanggo mengeti yen
Jaka Bahu tau nglakoni tapa ngalong ing papan sakiwa tengene alas Gambiran,
mula dijenengi “Pekalongan”.
Sawise mbabat alas , Jaka Bahu langsung nemoni Ki
Ageng Cempaluk kanggo ngrembug carane nyerang
Batavia. Kasil rembugan Jaka Bahu lan rombongan
mangkat menyang Batavia nganggo prau. Jaka Bahu lan rombongan nggolek wit jati sing
gedhe kanggo nggawe prau. Jaka bahu nemu wit jati sing gedhe banget wernane
putih lan ning pinggire ana wit pakis. Mula Jaka Bahu langsung milih wit jati
putih kanggo nggawe prau. Prajurite Jaka Bahu banjur nebang wit jati mau.
Nanging ana sing aneh, yen wite dibacok nganggo kapak bekase bacokan rapet
maneh kaya durung dibacok. Kadadeyan kuwi ora bar-bar, nggawe Jaka Bahu lan Ki
Ageng Cempaluk bingung.
“Piye carane wit jati
putih iki bisa ditebang?”, kandhane
jaka bahu marang Ki Ageng Cempaluk.
Ki Ageng Cempaluk tapa kanggo nggolek wangsit kepriye carane nebang wit jati putih. Ning tapane
dheweke entuk wangsit yen wit jati putih kuwi
gelem ditebang. Nanging ana sarate kudu ana rame-rame yaiku tanggapan tari topeng. Banjur digolekake kesenian tari topeng
lan dianakake ing ngisor wit jati. Sesuke wit jati putih bisa ditebang. Kanggo
mengeti wit jati kuwi bisa ditebang, mula bekas
tebagane dijenengi “Jati Topeng”. Amarga
wit jati jejeran karo wit pakis, mula papan kuwi dijenengi “Pakis Jati”. Wit jati banjur digawe
prau lan diwenehi jeneng Prau Koloduta.
Jaka Bahu mangkat menyang batavia dikancani para
para pinisepuh. Wektu kuwi dina sing paling
sejarah, Jaka Bahu diwenehi gelar “Bau Rekso” amarga dikancani para pinisepuh.
Ning Batavia Bau rekso diudani peluru meriam
dening VOC. Bahu Rekso langsung ngetokake pedang Swedang pusaka andalane banjur
nyerang benteng VOC. Pedang swedang sekti banget mula bisa ngalahake pasukan
VOC. Akeh pasukan Belanda sing padha ninggal lan mlayu umpetan ning benteng.
Saknajan ora nembus benteng VOC nanging Bau Rekso bisa nggawe para prajurit VOC
mlayu. Bau rekso lan anak buahe ora bali menyang Mataram nanging bali menyang
Kesesi. Ning tengah ndalan dheweke ketemu karo Sunan Geseng lan pini sepuh
liyane lagi padha syukuran mangan-mangan, kayane krungu yen pasukan Mataram
menang. Tutuke lagi comal-camel mangan. Bau
Reksa karo rombongane teka ning papan kuwi banjur melu syukuran. Mula kanggo
mengeti mangan-mangan kuwi, papan kuwi dijenengi “Comal”.
Jaka Bahu seneng karo Retno Rantamsari nanging
menawa urip bareng bakal gawe lara atine Sultan Agung. Biyen Jaka Bahu diutus
Sultan Agung metuk Rantamsari ning Desa Kalisalak. Rantansari wonge ayu baget.
Jaka Bahu banjur kesengsem. Dheweke ora lila yen Rantansari dadi dhuweke Sultan
Agung. Mula saiki dheweke bingung piye carane urip seneng karo Rantansari
naging Sultan Agung ora ngerti. Sunan Geseng duwe cara supaya Jaka Bahu bisa
urip bareng karo Rantansari nanging sultan Agung lan wong liya ora ngerti.
Yaiku urip ning papan kang wis digolekake Sunan Geseng. Papan kuwi pinggirane
ditanduri wit Logondhi Wulung, uga didongani supaya sultan Agung lan wong liyane ora ngerti. Jaka Bahu metuk
Rantansari lan diboyong karo para pinisepuh. Papan kuwi ndijenengi Si Geseng.
Konon critane papan kuwi rada angker. Mula akeh wong tuwa sing melingi anake
supaya aja dolanan ning Si geseng. Ing kana ana kauripan sing ora bisa didelok. Joko Bahu uga dikenal masyarakat pendhirine
Kota Batang, Pekalongan lan sakubenge.
Tan Kwie Jan bisa nyampekake surate Sultan Agung
marang Jaka Bahu. Sultan Agung uga krungu yen pasukan Mataram menang nglawan
VOC. Kanggo balas jasa Tan Kwie Jan banjur diwisuda dadi Bupati Pekalongan lan
diwenehi gelar ningrat. Saiki Tan Kwie Jan dikenal nganggo jeneng Jan Ningrat.
Papan sing dipanggoni Tan Kwie Jan Ningrat dijenengi Desa Kwiejan.
Nunik Handayani ‘05
DUMADINE KUTHA BATANG LAN KALI
KRAMAT
Jaman biyen kira-kirane kawit jaman Majapahit
tlatah Batang iki wis ana ing sejarah, ananging jeneng Batang nembe ana nalika
jaman kerajaan Mataram Islam, pemerintahan Sultan Agung Hanyokrokusumo tahun
1613-1645. Wektu iku tlatah Batang sing ngetan, kira-kira wetane kali Sambong
saiki isih dadi alas sing biasa diarani alas roban siluman. Diarani kaya
mangkana amarga ning alas roban kuwi dienggoni para siluman utawa lelembut,
setan lan sapanunggale. Kacarita sing dadi raja siluman ning kana jenenge
Dadungawuk.
Wektu kuwi Sultan Agung isih nyiapake rencana kanggo nglawan Belanda (V.O.C) ning Jakarta sing
biyen kuwi jenenge Batavia. Sultan Agung ngutus Bupati kleyangan (kira-kirane
saiki Subah) sing jenenge Dipokusuma supaya nebang alas roban siluman.
“Dipokusuma renea tak kandhani, aku arep njaluk
pitulung marang awakmu.” Dawuhe Sultan Agung marang Dipokusuma.
“Inggih Gusti keparenga kula ngadhep panjenengan,
wonten punapa kanjeng Gusti.” Wangsulane Dipokusuma. “Kowe arep tak kongkon
nebas alas roban siluman.”
“Ngapunten Gusti, kengeng punapa alas roban menika dipun tebas ?”
“Arep tak dadekake sawah-sawah kanggo nyukupi kabutuhan pangan para prajurit sing arep nyerang
Batavia.”
“Sendika dawuh kanjeng Gusti!” Wangsulane Dipokusuma kanggo nyangguhi panjalukane raja.
Ananging merga diganggu karo para siluman sing
manggon ana alas, ndadekake para prajurite Bupati Kleyangan akeh sing mati lan
anggone nebas alas ora ana kasil. Dipokusuma dadi bingung. Arep laporan neng
Mataram yen dheweke ora saguh nebas alas.
“Dhuh …..Gusti kawula ngadhep panjenengan.”
“Ana apa Dipokusuma?” pitakone Raja.
“Saderengipun kula nyuwun pangapuntenipun kanjeng
Gusti.”
“Lha….. kon mandheg mangu tindakmu, kendel
sangandhape mandera sajak ragu-ragu, mangu-mangu lan rangu-rangu jrone tyas,
agawe ngungu wae.”
“Kawula boten saguh nebas alas roban !”
“Kena apa awakmu ora saguh ngleksanakake pakaryanmu
nggo nebas alas roban.”
“Wonen ing lebet alas menika kathah sanget para
siluman ingkang manggon.” Siluman menika sami nganggu prajurit ngantos
ndadekaken prajurit kula kathah ingkang tiwas.”
“Yen kowe ora saguh, aku arep kongkonan punggawa
kerajaan Mataram sing jenenge Ki Ageng Cempaluk. Jabatanmu tak gantekake kanggo
penggawaku.”
Merga ora bisa nerusake pakaryan nebang alas roban,
dening raja (Sultan Agung) Bupati Dipokusuma mandheg saka jabatane lan bali
neng omahe ana Kesesi (sebelah kidul Pekalongan). Penggawa kerajaan Mataram sing
jenenge Ki Gede Gempaluk wis misuwur minangka wong kang sekti lan akeh kawruh.
Bareng ngerti kaya mau Bupati Dipokusuma lunga neng
kesesi kanggo njaluk pitulungan karo Ki Ageng Cempaluk kuwi, njanjekake yen Ki
Ageng Cempaluk kasil bisa mbabad alas roban siluman kuwi. Bakal diwenehi
ngapura Sultan Agung. Ki Ageng atine bungah lan dheweke kongkonan pemuda kang
sekti sing jenenge Joko Bahu kanggo nglaksanakake pakaryan kuwi.
Jebule Joko Bahu ngalami nasib padha karo Bupati
Kleyangan kuwi. Para pakaryane sing akeh kena bebaya merga kaganggu saka para
bangsa siluman. Joko Bahu banjur semedhi kanggo ngerteni apa sing ndadekake
bebaya lan marakake para prajurit pada cidra. Misteri utawa
rahasia sing ana ing alas kuwi dadi ketok lan
konangan yen sing senenge nganggu para prajurit kuwi para siluman sing dipimpin
dening Dadungawuk. Ndadekake perang wetara Joko Bahu nglawan Dadungawuk sarta
para bala-balane kuwi.
Dadungawuk sarta bala-balane bisa dikalahake lan
tobat ora bakal wani maneh nganggu gawe maneh. Joko Bahu. Banjur pakaryan
mbabad alas bisa diterusake kanthi lancar. Dadungawuk ngakoni yen Joko Bahu
duwe kesaktian sing gedhe.
Anggone negor alas saka wetan (Kleyangan utawa
Subah) banjur ngulon tekane kali gedhe (Kali Sambong lan Kali Kramat saiki).
Merga alas sing dibabad mau arep digawe
sawah-sawah. Banjur dheweke nggagas arep nggawe bendungan neng kali kuwi.
Banjur ngilekake neng alas sing dibabat mau kareben lemahe bisa digarap kanggo
sawah-sawah. Jebule mili banyune mung cilik nanging kadang kala mili banyune
gedhe lan ndadekake bendungan sing nembe digawe kuwi jebol maneh merga watu-watu sing kanggo mbendung mung
cilik-cilik. Banjur Joko Bahu pengen ngerti sebab-sebabe.
Sing ndadekake kuwi mau jebul ana watang (gagang)
prahu gedhe kang mbumpeti kali kuwi. Bala-balane ora saguh mindhah watang kuwi merga gedhe banget, lan mbutuhake watu-watu kang
gedhe kanggo bendungan.
Joko Bahu banjur semedi neng pinggir kali kuwi
kareben kekuwatan gaib sing bisa nyingkirake watang kang
mbumpeti kali kuwi, banjur entuk watu sing gedhe-gedhe. Wektu kuwi ngepasi
malem Jum’at Kliwon. Merga tenanan anggone semedhi, dheweke entuk tenaga gaib
utawa kramat buktine akeh watu-watu gedhe sing ngumpul dhewe ana ing ngarepe.
Sakwise dheweke enthuk tenaga gaib lan keramat,
dheweke tumuju panggonan sing ana watange kang
mbumpeti kali kuwi. Watang sing maune gedhe dadi
kethok cilik lan gampang di jupuk lan tugel dadi loro.
Saka kadedean ngembat watang kuwi, tlatah neng kono diarani jeneng “Batang”. Lan kali sing
dinggo semedi Joko Bahu nduweni tenaga gaib utawa keramat mau diarani kali
keramat (Kramat). Pungkasane merga Joko Bahu nduweni keramat utawa tenaga gaib
ngepasi dina Jum’at Kliwon, kali kuwi minangka tradisi akeh ditekani wong
kanggo mingeti dino lan panggonan sejarah sarta keramat.
Sri Mahanani R ‘05
Tidak ada komentar:
Posting Komentar