Breaking

Tampilkan postingan dengan label pati. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label pati. Tampilkan semua postingan

Selasa, Juni 19, 2012

Selasa, Juni 19, 2012

DONGENG PATI


LEGENDA KEDU
Nalika Ki Ageng Kedu sing kawentar sekti mandra guna arep ngadep marang Sunan Kudus. Tamu kuwi numpak tampah. Satekane ing Kudus, Ki Ageng Kedu ora loangsung ngadhep Suna Kudus malah pamer kasektenne karo numpaki tampah kuwi mau banjur muter-muter ning angkasa. Ing iku uga dheweke ketudhuk Sunan Kudus. Amerga kasekten sing diduweni Sunan Kudus, tampah sing ditumpaki Ki Ageng Kedu kuwi mudhun nganti tiba ing lemah sing ngecember, sahengga panggonan mau banjur diarani Jembar.

Minggu, Februari 05, 2012

Minggu, Februari 05, 2012

MITOS PATI


SARIDIN

Ana ing pesisir Jawa ing daerah Pati ana salah sawijining pemuda desa sing lugu jenenge Saridin. Saridin kuwi wong kang sekti, nanging saking lugune ora nyadar yen duweni kasekten kang pilih tanding. Saridin tau mateni mas ipene dhewe, jalaran mase mau kerep nyolong durene. Kala kuwi mase nyamar nganggo klambi sing mirip macan, sahingga Saridin ora ngerti yen kuwi mase dhewe. Macan mau ditombak lan akhire mati. Rikala ditakoni prajurit, Saridin ngaku ora mateni mase dhewe, nanging mateni macan sing nyolong duren. Sawise dicoplok klambine banjur Saridin ngerti yen kuwi kang mase dhewe. Nanging uga ora ngakoni. Yen di deleng saka ukum, Saridin pancen ora salah amarga mbelani barang duwene uga ora nyadar yen macan kuwi kang mase dhewe.sanajan kaya ngono Saridin tetep kudu di kunjara.
Minggu, Februari 05, 2012

legenda pati

ASAL USULE KUTHO PATI

Ing Pantai Lor Pulo Jawa ( Pantura ), sekitar Gunung Muria bagian Wetan, ana penguasa sing kasebut Adipati, wilayah kekuasaane kasebut kadipaten. Ana penguasa loro jaman iku yaiku kadipaten Paranggaruda lan kadipaten Carangsoka. Kadipaten Paranggaruda dipimpin Adipati Yudhapati, wilayahe saka kali Juwana mengidul nganti pegunungan gamping lor batesan karo wilayah kabupaten Grobogan. Yudhapati nduweni putra jenenge Raden Jasari.