LEGENDA KEDU
Nalika Ki Ageng Kedu sing kawentar sekti mandra guna arep
ngadep marang Sunan Kudus. Tamu kuwi numpak tampah. Satekane ing Kudus, Ki
Ageng Kedu ora loangsung ngadhep Suna Kudus malah pamer kasektenne karo numpaki
tampah kuwi mau banjur muter-muter ning angkasa. Ing iku uga dheweke ketudhuk
Sunan Kudus. Amerga kasekten sing diduweni Sunan Kudus, tampah sing ditumpaki
Ki Ageng Kedu kuwi mudhun nganti tiba ing lemah sing ngecember, sahengga
panggonan mau banjur diarani Jembar.
Saliyani kuwi ing saliyani kuwi ing sajerone dongeng disebut
yen ing salah sawijining dina Sunan Kudus mangan iwak lele, nganti kari balung
lan endhase banjur dibuak ing jero sumur. Iwak sing kari balung lan endhase
kuwi mau dumadakan bisa urip maneh.
Ing jero babat tanah Jawi lan Kapustakan Jawa liyane
nyebutna yen jenenge Sunan Kudus yaiku Raden Undung, dheweke tau mimpin bala prajurite
Demak nglawan majapahit. Banjur kuwi disebutna yen Sunan Kudus sing mateni Syeh
Sitri Jenar lan Kebo Kenanga, amerga loro-lorone ngajarke ilmu sing diarani
bisa mbahaykna masyarakat sing lagi wae melu agama islam.
Cah C ‘05
SUNAN KALIJOGO
Jeneng asline Sunan kalijogo yoiku
Raden Sahid. Putra Adipati Tuban sing jenenge Temenggung Wilatikta. Raden Sahid
kalebu keturunane Ronggolawe sing agamane Hindu, uga kanthi asma Raden Sahur.
Nalika Raden Sahid
cilik, Raden Sahid wis
di kenalake karo agama Islam karo guru kadipaten Tuban. Nanging senajan deweke
weruh kahanan sekitare sing beda adoh karo uripe wong cilik sing pada ngelih.
Raden Sahid banjur atine mberontak.
Wektu Raden Sahid
isih bocah atine ora lila, weruh para pejabat kadipaten sing sewena–wena marang
rakyat cilik. Durung meneh upeti sing di pungut kadipaten luwih saka bates
kewajaran nambahi bebane rakyat sing wektu kuwi wis kabotan anggone urip.
Nalika musim ketiga
dawa nambahi nelangsane rakyat. Panen sing pada gagal amerga ora ono banyu.
nanging pejabat kadipaten pada ora peduli sing di pedulike amung piye anggone
meres pajak saka rakyat cilik.
Raden Sahid putra
bangsawan kuwi, dheweke luwih seneng urip sing bebas, kang nentang karo adat
istiadat kebangsawanan. Deweke luwih seneng kumpul nyawiji kalian rakyat
jelata. Amarga saka uripe kuwi deweke
reti sakjeroning masyarakat Tuban.
Niat kanggo
ngurangi kasengsaraane rakyat wis dikandhakake kalian bapane. Nanging bapane
ora bisa apa–apa. Deweke maklum amarga bapake sing njabat dadi Adipati bawahane
Majapahit. Nanging niyate Raden Sahid ora bisa dilerem. Nalika bengi deweke
seneng ngurung awake ning kamar saperlu ngaji Al-quran.
Nalika sing jaga
gudang kadipaten turu, Raden Sahid njupuk
bahan pangan ning gudang sing
arep di setor marang Kerajaan Majapahit. Bahan makanan mau di bagekake marang rakyat jelata sing
butuh banget kanggo nyambung urip. Sing di lakukake Raden Sahid ora ana sing
ngerti uga kanggo sapa kang nampa pitulungane iku mau.
Banjur rakyat sing
rak reti apa–apa iku mau bingung campur seneng entuk rizki sing rak kedugo–dugo.
Ora trimo rakyat
sing kaget nrimo rizki sing kaya–kayane tiba saka langit nanging sing jaga
gudang ya krasa kaget naliko barang lan bahan makanan sing bakale arep
diwenehake marang Kerajaan Majapahit tiap bengine sansaya kurang.
Sing jaga padha
penasaran sapa sing wani maling barang sing kangarep dadi upeti kanggo Kerajaan
Majapahit iku mau. Nalika bengi para penjaga pada ethok–ethok turu,ngenteni
malinge teka. Jebule bener ana maling
sing ngendap-ngendip marang lawang gudang nanging di tok dhisik karo penjaga
nunggu sampe maling iku mau jupuk barang sing arep di maling. Naliko di deloke
para penjaga gudang mau padha ora percaya menawa sing maling yaiku junjungane dhewe
ingkang putra Adipati Wilatikta Raden Sahid. Banjur Raden Sahid di gawa menyang Adipati
Wilatikta. Banjur kang bapa iku nesu ora
percaya putra
kesayangane iku mau wani dadi maling ana ing omahe dhewe. Banjur Raden Sahid
diukum kalian ukuman cambuk nang tangan 200 sabetan. Ukuman sing linyane
yaiku di kurung sakjrone kamar. Lan pesene bapane aja pisan–pisan meneh maling.
Sakwise nglakoni
ukuman sing di wenehi saka bapane, banjur Raden Sahid mutusake metu saka
lingkungan istana. Lungo terus jarang mulih nganti biyung lan adhike kuwatir
menawa ana kedaden kang ora apik kalakoni dening Raden Sahid.
Saiki Raden sahid
ora trima maling nanging dadi begal sing maling wong sugih sing enthuk rizki saka
barang sing ora halal. Anggone ngrampok Raden Sahid nganggo topeng lan busana
sarwa ireng.
Nanging suwe suwe anggone
nganggo busana khase dheweke iku ana isng niru. yaiku gerombolan perampok kang
tanpa mikir sapa kang bakal dibegal. Gerombolan iki ora sungkan anggone mateni sapa
sing arep di rampok.
Sak wijining bengi,
naliko Raden Sahid lagi mudhun saka musholla ba’dha isya, ana sak siwijining
omah sing bengak–bengok ana rampok. Banjur Raden Sahid cepet–cepet tumuju omah
sing dirampok iku mau. Nanging nalika Raden Sahid teka ing papan si perampok
iku mau lagi ngrudhapeksa bocah wadon sing ana nang papan iku. Naliko arep di
cekel kalian Raden Sahid rampok iku mau padha mlayu nanging bocah wadon sing di
perkosa mau nyikep siset Raden Sahid nganti penduduk desa teka.
Amargo Raden Sahid
isih gawa topeng rampoke bajur para penduduk desa padha nganggep menawa
sing ngrudhapeksa iku ya Raden Sahid.
Nalika topeng di
buka para warga padha ora percaya sapa kang dadi perampok, yaiku iku putra
junjungane dhewe. Nalika Raden Sahid di gawa marang adepane kanjeng Adipati,
Adipati Wilatikta duka gede. Sang Adipati murka amarga Raden Sahid sing wis di
karepake ora bakal maling meneh tanpa bias ngowahi tumindhake. Raden Sahid diusir saka kadipaten karo
Bapane, “lunga saka kadipaten Tuban iki rak sah mulih! sakdurunge kowe bisa
nggetarake dinding kadipaten iki nganggo bacaan Al Qur’an sing saben wayah
bengi mbok woco iku!”
Adipati Wilatikta
iku sing asline ora percaya karo apa sing dilakukake putra kesayangane iku. Apa
sing dikarepake Adipati, Raden Sahid sing menggko dadi penggatine dadi Adipati
nang Tuban sirna.
Naming siji wong
sing ora percaya Raden Sahid nglakukake perbuatane iku mau yaiku adhike Dewi
Rasa Wulan. Amargo rasa kasihhe marang kakangne iku Dewi Rasa Wulan lungo
nggoleki kakange Raden Sahid ananging ora ketemu.
Sakwise di usir saka
kadipaten Tuban banjur Raden Sahid lunga menyang alas Jatiwangi. Pirang–pirang
tahun Raden Sahid ngrampok wong sing sugih sing lewat nang alas iku nganti di
juluki Brandal Lokajaya.
Sawijining dina
naliko ana wong tuo sing gawa teken lewat dhewe nglewati alas Jatiwangi. Nalika
di sawang–sawang tongkate iku mau kok ngetoakae sinar kempling koyo–koyo
gagange iku digawe saka emas. Banjur ora nunggu suwe tongkat sing di gawa wong
tuwo mau di rebut pekso nganti wong tuwo mau tiba grubakan nang lemah.
Kanthi susah wong
tuwo mau tangi, matne ngetoake eluh nanging ora ngetokake suara naliko wong
nangis. Nanging Raden Sahid lagi sibuk ndelengi tongkat sing direbut iku mau.
Sansaya suwe di sawang tongkat iku mau jebule dudu emas sing di karepake Raden
Sahid iku mau. Raden Sahid kaget nalik weruh wong tuwo sakwise direbut tongkate
kok nembe nangis “aja
nangis meneh iki tongkatmu tak balikna”. “dudu tongkat iki
sing tak tangisi” omongane wong tuwo mau nunjuake suket sing ana
nang tlapakane. “delokno! Aku wis nglakoni dosa, gawe sia–siane barang. Suket
iki mau kecabut nalika
aku tiba”
“Namung pirang
lebar suket, ndadekake kowe krasane salah banget?” pitakone Raden Sahid.
“Ya, aku wis dosagedhe
mergane aku nyabut suket iki mau tanpa ana gunane. Naliko aku ncabut suket iki
tak dadikno makanan ternak iku rak apa. Nanging barang sing di siak–siakna iku
sing marahi dosa.”
Ati Raden Sahid krasanalika
krungu ukara iku mau.
“Cah bagus apa sing
mbok karepake nang alas
iki?”
“Kula
golek bandha”
“Kanggo
apa?”
“Tak
keake marang wong fakir lan miskin”
“Hmm….
Atimu sebenere mulya, nanging caramu sing kliru”
“He
wong tuwa
apa
karepmu?”
“Oleh
aku takon karo kowe?
Nak kowe
ngumbah pakaian nganggo banyu uyuh apa klambimu iku mau bakale resik? Allah iku
Dzat Suci, amung
nrima
amalan saka
barang – barang sing apik lan halal”. Kandhane wong tuwa mau.
Raden Sahid sansaya
gemeter krungu wong tuwa
mau
“Akeh
dalan sing di lakokake
nalika kowe
pengen nulung wong fakir lan miskin mau. Kowe ora bisa ngrubah nasibe wong iku
mau namung aweh pangan lan dhuwit saka ngrampok iku mau. Kuwe peringatke
pengausa–penguasa sing lalim ben ngrubah carane mimpin rakyate kanthi aja
sewenang–wenang. Kowe ya bisa aweh
pangarep kanggo ngowahi uripe kang sengsara kanthi luwih sregep anggone kerja.”
Raden Sahid sansaya
gemeter krungu sing diucapake wong tuwa mau.
“Nek awakamu arep
golek rizki sing halal nanging ora ngrugiake wong jupuka sing ana nang wit iku mau,
kanthi nunjuk nang wit aren iku mau.
Sakwise ngomong
iku mau wit aren iku berubah dadi emas. Di penek wit aren iku mau dipetiki
uwohe. Nalika dhewe
methik
emas ana
wit aren iku mau banjur wohe wit aren iku mau banjur rontok ngebruki Raden
Sahid nganti semaput. Nalika sadar Raden Sahid nggoleki wong tuwa mau. Nanging wong
tuwa
mau wis adoh amung katon bayangane. Mlayu kebatan Raden Sahid ngoyak wong tuwa mau
niba
nangi. Akhire sak pinggire kali Raden Sahid kasil nyusul wong tuwa
mau.
“Nyuwun
pangapunten
……….. nyuwun njenengan purun ngangkat
kula
dados
murid” njaluk Raden Sahid menyang wong tuwa mau.
“Kowe arep sianu
bab apa karo
aku?”
“Menapa mawon,
sing penting panjenengan purun ngangkat kula dadi murid.”
“Abot
…. Sarate apa
abot, apa
kowe siap?”
“Kula
siap!”
Wong
tuwa
iku mau banjur nacepake tongkat sing di gawa mau lan Raden Sahid di kongkon
nunggu tongkat
iku mau nang pinggir kali nganti dheweke
balik nemoni Raden Sahid meneh. “Aja pisan–pisan
lunga
saka
papanmu nunggu tekenku iki”
Banjur wong tuwa
mau nyebrangi kali kanti ngmbang ora kena banyu babar
pisan.
Sakwise wong tuwa
mau ilang saka
pandangane Raden Sahid banjur Raden Sahid sila nunggu tongkat
sing tancepake mau kanthi
eling
saksijining surat sak jeroning Al Qur’an babagan Ashabul Kahfi kanthi
ndonga
Raden Sahid di dadikna
kaya
Ashabul kahfi sing turu ratusan taun.
Dongane
Raden Sahid kasembadan dening Allah SWT, Raden Sahid
turu kurang luwihe 3 tahun. Nganti awake di rubungi suket lan lumut.
Sak wise telung
tahun wong tuwa
mau banjur teka
nemoni Raden Sahid. Nanging Raden Sahid ora isa di tangikna
amarga
wis ngakon
dekne turu. Banjur di adzani karo wong tuwa mau kanthi
Raden Sahid mbukak
matane
sakwise telung taun nungguni teken si temancep nang pinggir kali.
Awake Raden Sahid
di resiki diwenehi
busana
anyar lan di gawa
menyang tiban, napa
kok Tuban
amarga
wong tuwa
mau yoiku Kanjeng Sunan Bonang. Sakwise dina iku Raden Sahid
di kenal kalian sebuta Sunan Kali Jogo sing diartikna wong sing pernah
jogo kali taunan.
Nanging ana
sing ngartikna
Kali Jogo artine wong sing jogo aliran akidah nang mangsa iku. Artine ora ana
akidah sing mbebayani umat.
Raden Sahid utowo
Sunan kalijogo di perintahake kalian Sunan Bonang kanggo nyebarake Islam nang
tanah jawi kalian njogo akidahe ben tetep murni yoiku akidah islam.
Cah C
RADEN
KEMBANGJAYA
Ing abad VIII
daerah Muriya isih dipisahke karo tlatah
jawa. Ing daerah iku ana gunung sing dijenengke Gunung Muria. Pulau Muria lan
Pualu Jawa dipisahke karo Selat Muriya. Daerah Pati mangggon ing wilayah
tenggara Gunung Muriya. Sakbanjure iku ana gundukan Lumpur karo penyempitan,
mula Selat Muriya maleh dadi Bengawan Silugangga atau selat Sungai Juwana
amarga muarane ing daerah Juwana.
Wilayah Pati Lor
lan Pati Kidul dipisahke karo kali Juwana. Pati Lor umure luwih tuwa tinimbang
Pati Kidul. Ing Pati Lor tau ana kerajaan gedhe, jenenge Kerajaan Kaligangga
yang dipimpin karo Ratu Shima.
Sakbanjure
Kerajaan kaligangga bubar, kerajaan sakbanjure yaiku Kerajaan Mataram Hindu
sing dipimpin karo raja-raja keturunane Syailendra lan Sanjaya sing pusat
Pemerintahane manggon ing Jawa Tengah.Nalika Kerajaan Mataram pindah ing jawa
Timur, ana kadipaten yaiku Carangsoka, Paranggaruda lan Majasemi.
Ing Kadipaten
Carangsoka wilayane ana ing Lor sungai Juwana. Penguasane yaiku Adipati
Puspahandungjaya, sing dhuweni puteri tunggal jenenge Rayangwulan. Wilayahe
yaiku kecamatan Trangkil, Juwana, Pati, margorejo, Tlogowungu, Gembong,
Wedarijaksa, Margoyoso, Tayu, Dukuhseti, Gunungwungkal, Cluwak, lan sebagian wilayah Jepara Wetan. Bekas pemerintahane ana
ing desa Sukoharjo, kecamatan Wedarijaksa. Kadipaten Paranggaruda wilayahe ana
ing bagian Kidul sungai Juwana. Penguasane yaiku Adipati Yudapati, sing dhuweni
putra tunggal jenenge Raden Josari. Wilayahe yaiku Kecamatan Batangan, Jaken,
Jakenan, Pucakwangi, Winong, Sukolilo, Kayen, Tambakromo, Gabus lan bagian
wilayah Kulon Rembang. Pusat pemerintahane ana ing Godo, Kecamatan
Winong.Kadipaten Majasemi dipimpin karo Raden Rukmayana.
Raden kembangjoyo
yaiku pemuda sing gagah lan bagus. Dheweke duweni dulur loro yaiku Raden
Rukmayana, lan Prameswari. Saben dinane dheweke mertapa lan golek ilmu ing
wilayah Bandengan Trangkil. Ing remajane dheweke sekti mandraguna. Adipati
Yudapati bali saka Paranggaruda. Dheweke tetep nyalahno Sapayana amarga wis mateni pangeran
Josari. Yudapati durung puas sakdurunge bisa mateni Ki dalang Sapanyana.
Pangeran Yudapati pingin Sapanyana digawa ing Paranggaruda lan diadili ing
kana, nanging Puspahandungjaya ora gubris, akhire Yudapati ngamuk lan dhuweni
niat ngejur Carangsoka.
Yudapati nyiapake
prajurit lan senjara-senjata. Dheweke nyusun rencana gede-gedean kanggo nyerang
Carangsoka. Krungu berita kayak ngono, Puspahandungjaya waspadaan lan ngumpulke
kekuatan, dheweke ngundang senopati Kembangjaya. Adipati nrima usule
Kembangjoyo kanggo nyusul Raden Sukmayana yaiku kangane Raden Kembangjoyo ing
pertapaan Telamaya dikawasan Gunung muria. Sukmayana yaiku pendekar sakti,
dhuweni benda pusaka sing ampuh yaiku Kuluk Kanigara lan Keris Pinutung. Raden
sumayana gebung karo Carangsoka. Prajurit Carangsoka dadi semangat. Senopati
Kembangjoyo, Rukmayana lan Ki Dalang Sapanyana langsung mimpin perang. Perang
antarane paranggaruda lan Carangsoka ugi dimulai. Yudapati kaget amarga
pertahanane Carangsoka kuat banget. Pertempurane amat dasyat, para jagoan
bayaran saka paranggaruda mati kabeh, kahanan kaya ngono dadiake Yudapati wedi
lan akhire dheweke mati kena tombak lan pedang.
Kahanan ing
Carangsoka wis mbalik kaya biasane, penduduk
uripe wis
tentrem. Kembangjoyo akhire dinobatno dadi panglima perang lan dadi Adipati
Carangsoka terus kawin karo Dewi Rayangwulan. Ora let suwe Carangsoka lan
Paranggaruda didakeke siji karo Kembangjoyo dadi Kadipaten Pesantenan.
Kanggo ngatur
pemerintahane Kembangjoyo mindahke pusat pemerintahane ing Kemiri lan bergelar
Adipati Jayakusuma ing Pesantenan. Ing pemerintahane Kembangjoyo, rasa keadilan
benar-benar diwujudake. Kanggo nglancaraake roda pemerintahane dheweke ngangkat
dalang Sapanyana dadi Patih ing kadipaten Pesantenan lan bergelar Patih
Sigasari.
Kembangjaya namung
dhuweni putra siji sing jenenge raden Tambra. Sakbanjure Kembangjoyo wafat,
Raden Tambra diangkat dadi Adipati Pasantenan sing bergelar Adipati
Tambranegara. Ing pemerintahane, rakyat urip makmur, tentrem dan sejahtera.
Kanggo ngembangke pembangunan Raden Tambra mindah pusat pemerintahane dadi ing
desa Koborongan. Jeneng Pesantenna diganti dadi Kadipaten pati. Adipati
Tambranegara dhuweni putra jenenge Raden Tanda, Raden Tanda nerusake mimpin Kadipaten Pati.
Sakbanjure Raden tanda wafat kekuasaan Kadipaten Pati diterusake karo
penggede-penggede yaiku,Ki Gede Jiwanala, Ki Gede Ragawangsa, Ki Gede
Plangitan, Ki Gede Jambean. Antarane penggede siji lan sijine urip rukun lan
pada Bantu, sehingga rasa tentrem bisa dinikmati karo kabeh rakyat Pati.
Cah C ‘05