SARIDIN
Ana ing pesisir
Jawa ing daerah Pati ana salah sawijining pemuda desa sing lugu jenenge
Saridin. Saridin kuwi wong kang sekti, nanging saking lugune ora nyadar yen
duweni kasekten kang pilih tanding. Saridin tau mateni mas ipene dhewe, jalaran
mase mau kerep nyolong durene. Kala kuwi mase nyamar nganggo klambi sing mirip
macan, sahingga Saridin ora ngerti yen kuwi mase dhewe. Macan mau ditombak lan
akhire mati. Rikala ditakoni prajurit, Saridin ngaku ora mateni mase dhewe,
nanging mateni macan sing nyolong duren.
Sawise dicoplok klambine banjur Saridin ngerti yen kuwi kang mase dhewe.
Nanging uga ora ngakoni. Yen di deleng saka ukum, Saridin pancen ora salah
amarga mbelani barang duwene uga ora nyadar yen macan kuwi kang mase
dhewe.sanajan kaya ngono Saridin tetep kudu di kunjara.
Kanggo njeblosake
Saridin ana ing kunjara dudu perkara gampang jalaran Saridin ngotot ora salah.
Pungkase Adipati Jayakusuma sing mimpin pengadilan nggunakake cara liya yen
Saridin ora dikunjara nanging malah diwenehi hadiah omah gedhe sing dijaga
wong akeh, mangane dicepakake, adus
diterke. Pungkase Saridin gelem.
Sakdurnge dikunjara Saridin
takon apa entuk mulih yen kangen anak bojone. Prajurit mangsuli “oleh yen
bisa”. Lan kabukti Saridin bisa bali, metu saka kunjara rikala wengi lan balik
esuke.
Ngerti kuwi
Adipati jengkel, Saridin diukum gantung. Nanging wektu digantung prajurit mau
kabotan ora bisa nggeret taline. Adipati saya nesu lan ngongkon supaya Saridin
dipateni wektu kuwi uga.
Saridin mlayu
nganti tekan Kudus banjur merguru karo Sunan Kudus. Nalika diutus Sunan Kudus
maca syahadad, para santri nganggep sepele Saridin, apa tenan Saridin bisa
ngucap kanti bener. Tanpa dinyono Saridin malah mlayu menek wit klapa kang
dhuwur lan niba saka ndhuwur. Sak tibane ning lemah ora ana catune babar pisan,
kabeh padha nggumun.
Sunan Kudus
njelasake yen Saridin ora mung ngucap syahadad, nanging uga kabeh awake ngucap
syahadad, nyerahake kabeh keslametan awake marang Kang Maha Kuwasa. Saridin
diusir marang Sunan Kudus.
Pungkase Saridin ketemu Sunan
Kalijaga, Gurune biyen. Saridin diutus tapa ana ing tengah segara, Namung
diwenehi klapa loro kanggo plampung, ora entuk mangan, lan ngombe yen ora ana
pakanan sing teka dhewe. Sawise kuwi Saridin manggon ana ing tlatah desa
Landoh, Kayen, Pati.lan duweni julukan Syeh Jangkung.
Konon critane
Saridin bisa ngripake wong mati nganggo gamping uga nduweni kebo sing mulane wis mati nanging karana
Saridin menehi separo umure kanggo kebo kuwi. Banjur kebo mau urip maneh.
Nalika Saridin seda, kebo mau uga melu mati. Lulang kebo mau diyakini
masyarakat duweni kasekten yen wong duweni lulang ura bakal mempan pusaka apa
wae.Arane lulang mau Lulang Kebo Landoh.
Didik
Agunawan ‘05
Pepunden-pepunden
Wonten Kelurahan Saripan
Kecamatan
Jepara, Kabupeten Jepara
Kirang langkung
kalih kilometer (2 Km) sangking pendapa Kabupaten Jepara wonten kelurahan
ingkang naminipun Saripan. Kelurahan Saripan punika taksih kalebet wonten
kecamatan Jepara, Kabupaten Jepara. Nami Saripan punika amargi rumiyin wonten
ulama saking keraton Surakarta,
ingkang asmanipun Pangeran Arif. Pangeran Arif kaliyan rencangipun, Asmo Moliki
ngumbara murih nyebaraken agami Islam wonten wilayah Jawi sisih ler. Nalika
piyambakipun ngumbara, Pangeran Arif kepanggih kaliyan utusan saking Mataram
ingkang asma Mbah Dirjan.
Saklebetipun
ngumbara, Pangeran Arif, Mbah Moliki, lan Mbah Dirjan manggihi papan ingkang
nengsemaken. Papan kala wau asri lan ugi wonten lepen ingkang toyanipun bening
lan resik sanget. Ing papan wau wonten ingkang baureksa inggih punika sawer
ingkang ageng sanget, sawer wau nggadhahi wiso ingkang mandhi. Saksanesipun
sawer ugi wonten banas pati, uling lan sakbangsanipun. Warga sakcaketing papan
kalawau sami boten nyaketi lepen menawi boten wonten kabetahan ingkang sanget.
Pangeran Arif
sakrencangipun ngupaya supados ing lepen wau saged dipun ginakaken warga.
Kanthi ngedalaken sedaya kasudiran ingkang dipun gadhahi, Pangeran Arif
sakrencang ngraosaken sawer lan bangsa-bangsa sanesipun. Lajeng, lepen kalawau
dipunparingi nami Wiso utawi Kali Wiso. Pangeran Arif sakrencang
mesanggrah wonten papan punika ngantos sak sedanipun. Papan kalawau dipun
paringi thethenger Saripan ingkang
asalipun saking tembung Sarine Papan.
Kawontenan
Pangeran Arif sakrencang wonten Kelurahan Saripan menika saged dipanggihi
patilasanipun wujud pasareanipun
papunden-pepunden menika. Pasareanipun Mbah Moliki kirang langkung 2Km
saking pendapa Kabupaten. Pasareanipun Pangeran Arif dipunwastani warga
Pasarean Pangeran Sarip.
Ngantos sakmenika pasarean pepunden-pepunden
kalawau taksih wonten, lan dipunreksa warga kanthi sae. Warga ingkang kagungan
kersa, lan pitados murih saged lancar boten wonten alangan punapa-punapa
langkung rumiyin nyekar wonten papan-papan punika.
Tsalitsah
Inayati ‘05
Sedhekah
Bumi Perang Obor
Desa
Tegal Sambi Kabupaten Jepara
Nalika abad XVI M,
ing desa Tegalsambi Tahunan Jepara ana petani kang sugih banget jenenge Mbah
Kyai Babadan. Dheweke duwe kewan ternak akeh banget. Salah sijine kebo lan
sapi. Kyai Babadan duwe rewang kanggo ngrumati kewan ternake, yaiku Ki
Gemblong. Ki Gemblong iku wonge tekun lan rajin banget ngrumati kewan ternake.
Esuk lan sore kewane mesthi diadusi ing kali lan dipakani terus, mula kewane
padha lemu-lemu. Kyai Babadan seneng banget lan muji-muji Ki Gemblong merga
dheweke tekun lan patuh.
Sawijining dina,
Ki Gemblong angon kewan ternake ing pinggir kali Kembangan karo ndelok iwak lan
urang sing ana ing kali mau. Ki Gemblong pengin nangkep iwak-ieak mau banjur
tangkepane dibakar neng pinggir kali trus dipangan.
Kedadean iki
dilakoni saben dina dening Ki Gemblong, sahingga dheweke lali karo kewan sing
lagi diangon kang ngakibatake kewan ternak mau kuru-kuru banjur padha lara,
malah ana sing mati barang. Kedadean iki nggawe Ki Babadan pikiran, banjur
dheweke nggolek obnat kanggo kewan kang padha lara, nanging usahane sia-sia,
kewan ternake tetepa padha mati.
Akhire, Ki Babadan
ngerti kenapa ternake padha mati, sebabe yaiku Ki Gemblong wis ora gelem ngrumati kewan ternake maneh
amarga dheweke luwih seneng nyekel iwak neng kali Kembangan.
Weruh kedadean
iku, Ki Babadan nesu banget nalika weruh Ki Gemblong lagi seneng-seneng nyekel
iwak neng kali. Ki Babadan banjur ngepruki Ki Gemblong nganggo obor sing digawe
sangka plapah klapa. Weruh gelagat mau, Ki Gemblong ora meneng wae. Dheweke
njupuk obor sing padha karo sing digawa Ki Babadan, banjur Ki Gemblong perang
obor kari Ki Babadan. Genine tekan endi-endi, nganti mbakar tumpukan gabah sing
ana ing sebelah kandhang. Kobaran geni mau ndadekake sapi lan kebo sing ana ing
kandhang padha mlayu, kewan sing asale padha lara banjur waras dhewe.
Kedadean iku
banjur ditampa masyarakat desa Tegalsambi, lan dianggep anane perang obor bisa
ngusir penyakit. Nganti saiki, tradisi perang obor isih dilakoni masyarakat
Tegalsambi saben ulang taune Jepara.
Suci
Adityaningsih ‘05
Adipati
Pragola I
Nalika Pati
dipimpin Ki Ageng Penjawi, wilayah Mataram sing dipimpin Ki Ageng Pemanahan
drajate padha sangisore Sultan Hadiwijaya. Ki Ageng Penjawi duwe putra loro.
Sing wadon jenenge Rara Sari bojone Panembahan Senapati Raja Mataram lan entuk
gelar Kanjeng Ratu Mas. Dene sing anak lanange jenenge Raden Sidik utawa Raden
Wasis sing bakale dadi Adipati Pati gantikake bapake.
Wiwit cilik, Raden
Sidik duweni kaluwihan beda karo cah-cah liyane sing saumurane. Raden Sidik
kuwi mripate bening, pinter, lan duwe ilmu kanuragan, uga pinter nunggang
jaran. Kaluwihan sing diduweni kuwi amarga gemblengane bapak lan ibune.
Tuladhane, saben Ki Ageng Penjawi lunga, oleh-oleh kanggo Raden Sidik dudu
klambi utawa dolanan. Nanging, buku-buku sing duweni manfaat. Raden Sidik
seneng maca buku ilmu pengetahuan, seni budaya, lan agama.
Nalika enom, Raden
Sidik kerep latihan nunggang jaran supaya bisa kaya bapake. Saben wulangane
gurune mesthi digatekake. Carane gunakake tombak karo nunggang jaran bisa
dikuasai cepet. Gurune uga marai ilmu kanuragan, Miturut sejarah, Adipati
paling misuwur yaiku Adipati Wasis Jayakusuma. Dheweke wani, ksatria, lan sekti
mandraguna.
Panembahan
Senapati Raja Mataram krungu yen Adipati Wasis Jayakusuma sakti mandraguna.
Dheweke diutus bantu Mataram perang nglawan Madiun. Ing perang, Wasis
Jayakusuma nglawan musuhe tanpa rasa wedi. Senjata kaya tombak, pedang, lan
keris ora tedas ing awake. Kulite ora ana tatune babar blas. Akhire Madiun nyerah.
Sawise rampung nglasenakake tugas, Adipati Wasis Jayakusuma nunggang jaran
menyang Mataram nglapor ing Panembahan Senapati lan nyerahna bandha sing wis direbut termasuk
Putri boyongan Rara Ayu Retno Dumilah.
Kadipaten Pati
nalika dipimpin karo Adipati WAsis Jayakusuma aman, tentrem, lan makmur. Rakyat
Pati saben dinane kerja banting tulang kanggo urip. Daerah Pati kuwi subur.
Lemahe cocok kanggo tetaneman. Adipati kerep mubeng ana ing desa-desa supaya
bisa cedhak karo rakyate.
Nalika ing Dusun
Kemiri, Adipati Wasis Jayakusuma kaget entuk laporan ana wong wadon, Rara Suli
jenenge meteng ora duwe bojo. Ana kabar yen sing metengi kuwi bangsa alus jin
utawa gendruwa. Wetenge Rara Suli saya gedhe. Adipati Wasis Jayakusuma akhire
ngundang Lurah Dusun Kemiri, bapak ibuke Rara Suli, lan Rara Suli mara ing
pendapa omahe. Miturut Adipati, Lurah Dusun Kemiri melu tanggung jawab. Merga
dadi pemimpin kudu bisa ngerti saben masalah sing muncul banjur cepet-cepet
dislesekake. Wong tuwane Rara Suli uga salah. Merga duwe anak wadon ora bisa
jaga anake. Rara Suli keweden ngadep Adipati Wasis Jayakusuma. Awake gemeter.
Akhire Adipati mutusake Rara Suli pindah ing kaputren kadipaten Pati.
Wetenge Rara Suli wis arep brojol.
Nanging, durung ana sing ngerti sapa bapake. Adipati Wasis Jayakusuma kelingan
karo gurune ing Pulo Mandalika sing jenenge Ki Ajar Pulo Upih. Adipati lunga
nemoni Ki Ajar kuwi kanggo njaluk piweling masalah sing lagi diadepi Rara Suli.
Ki Ajar Pulo Upih
yaiku guru spirituale Adipati Wasis Jayakusuma. Ilmune ora ana sing bisa
nandingi. Ilmu kuwi dudu kanggo dipamerke nanging, digunakake kanggo sing
becik. Ki Ajar wonge sabar, arif, lan wijaksana. Adipati lan Ki Ajar katon
akrab banget kaya bapak lan anak. Sadurunge Adipati ngomong, Ki Ajar dhisiki
ngomong yen Pati lagi gawat. Miturut trawangane, guwa Gunung Patiayam
dipanggoni karo manungsa sing bebayani.
Ing jero ati,
Adipati batin apa hubungane karo metenge Rara Suli? Ki Ajar nambah maneh yen
ngadepi kahanan gawat, Adipati ora perlu wedi kudu kuat, lan cedhak karo Gusti
Allah njaluk petunjuk supaya ora kena bebaya. Sawise paham karo wejangane Ki
Ajar, Adipati bali mulih ing Pati.
Adipati banjur
lunga menyang Gunung Patiayam kanggo nylesekake masalah. Dalan kanggo mara ing
Gunung Patiayam bebayani. Kiwa dalan akeh jurang. Akeh wong sing kondho yen
Gunung Patiayam kuwi daerah sing paling angker ing Pati. Yen nekat mlebu guwa
Patiayam, ora bisa metu maneh. Neng jero guwa ana dalan loro. Kira-kira 100
meter saka njabo. Yen salah dalan, berarti ana pilihan yaiku slamet lan bisa
bali mulih utawa mati ing jero guwa.
Adipati Wasis
Jayakusuma wis
tekan ing ngarep guwa. Adipati mambu manungsa ing jero guwa. Bajur Adipati
ngundang wong kuwi nganti ping pindho nanging ora gelem metu..Karo kekuatane,
Adipati bajiri guwa. Akhire, wong kuwi metu saka guwa. Wong asing kuwi jenenge
Baron Sakeber. Jelas kuwi dudu wong Pati. Baron Sakeber nantang gelud Adipati
Wasis Jayakusuma. Akhire wong lorone gelud. Baron Sakeber gawa senjata pedang.
Nanging, Adipati ora gawa apa-apa. Akhire dianakake adu kasekten merga ora ana
sing kalah lan menang.
Baron nuncepake
pedang ing Adipati, ananging ora apa-apa. Uga mangkono sewalike. Adipati
nantang Baron adu kasekten nyemplung laut. Rombongan bareng-bareng mangkat neng
Laut Blenderan Gunung Clering. Wong loro karone nyemplung bareng. Sing padha
ndelok melu deg-degan ngenteni sapa sing bakal menang. Prajurit Pati
bengok-bengok seneng ndelok Baron Sakeber ora kuwat maneh. Ora let suwe,
Adipati uga wis
katon. Prajurit Pati padha was-was yen Adipati seda. Nanging, kahanan dadi rame
nalika Adipati ora apa-apa. Baron nyerah lan ngakoni kekuatane Adipati. Kanggo
bukti, Baron nyerahake pedang, tameng, lan kere. Prajurit Pati padha ngusulke
supaya Baron diukum . Nanging, Adipati kuwi arif lan wijaksana dadine Baron
Sakeber diampuni. Nanging, yen nglakoni kaluputan maneh, dheweke bakal diukum.
Akhire, rombongan bali mulih.
Saiki Baron dadi
abdi Kadipaten Pati. Dheweke dadi juru taman. Tugase ngrawat taman kaputren lan
ngurusi jarane Adipati.wiwit ana Baron, taman dadi endah lan jaran-jaran dadi
sehat. Jaran Adipati diwenehi jeneng Juru Taman. Jaran juru taman rupane ireng,
dhuwur, lan mlayune banter kaya kilat.
Sawijining dina
Adipati diutus ing Mataram ngadep Panembahan Senapati. Adipati nyerahna taman
lan jarane karo Ki juru taman rong dina rong bengi nganti dheweke mulih.
Adipati mangkat nunggang jaran dhewekan. Ing Mataram, Adipati ditrima
Panembahan Senapati. Senapati bingung, merga Adipati tekane cepet banget.
Utusan sing dikongkon ngandhani Adipati wae durung bali, nanging Adipati wis tekan mataram.
Ana ing pertemuan,
senapati crita yen duwe sapi. Awake gedhe lan kulite ireng. Sapi kuwi kesangane
senapati jenenge lembu pragola. .Senapati takon karo adipati, mara neng Mataran
nganggo apa? Adipati jawab yen nunggang jaran lan mung butuhake wektu rong jam.
Senapati kepengin ngijolke lembu pragola karo jarane Adipati. Adipati sakjane
ora gelem ngijolke. Nanging, sing njaluk kuwi mas ipare, dadi dheweke gelem.
Mulai kuwi, Adipati Wasis Jayakusuma entuk jengen Adipati Pragola I.
Ana prasaan aneh
ing atine Adipati Pragola sawise nyerahna jarane. Adipati krasa yen senapati
pengen ngomong. Akhire senapati ngomong yen putri boyongan saka Madiun Retno
Dumilah dadi garwa prameswari. Krungu kabar kuwi Adipati Pragola kaget lan
emosi. Nanging, dheweke kudu bisa nahan emosine lan narima kahanan sing dialami
karo mbak yune. Pragola mung bisa dongo supaya mbak yune sabar lan kuwat narima kahanan anyar
kuwi. Adipati Pragola bali mulih wengi kuwi numpak lembu Pragola.
Subuh Adiapti wis neng kadipaten Pati.
Dheweke langsung ing taman kaputren nemon Ki juru taman. Nanging, ora ana
sapa-sapa. Adipati curiga lan mara ing Rara Suli. Kamare Rara Suli kancingan.
Adipati nesu banget ngerti yen Rara Suli kuwi bojo simpenane Baron Sakeber.
Kuciwa ngerti yen anak kembare Rara Suli, Danurwindo lan Sirwindo kuwi anake
Baron. Adipati nganakake patemon punggawa kadipaten lan menehi ukuman mati karo
Baron Sakeber.
Mu’linatus
Sa’dah ‘05

Tidak ada komentar:
Posting Komentar