BALE SI SIGALA-GALA
Duryudana nduweni rasa iri ing jero atine. Nangapa sing dadi presiden, pamane Pandhu Dewanata? Yen
kaya megkana kedadeyane mengko dheweke lan sadulure ora bisa mangan, sebab sing
bakal nerusake kepemimpinan wes mesthi pandhawa. Mula sangka iku Duryudana nduwe pikiran licik. Ing
jero atine Duryudana mikir piye carane supaya dheweke bisa ngalahake pandhawa. Duryuda
kaya-kaya gudak-gudakan karo wektu. Dina terus mlaku nanging dheweke durung
bisa nemokake cara kanggo ngalahke saingane.
Wanci esuk ana prajurit sing sms. Prajurit mahu sms
yen Pandhudewanata wis sida. Pandhu
kalah nalika perang tandhing karo prabu Trembeka saka Negara pringgadani.
Sakwise presiden sida Astina ora duwe Presiden. Ana rong
kandhidat sing dicalonke dadi pemimpin sing anyar, yaiku yudhistira lan
Duryudana. Yudhistira wes siap-siap foto lan nggawe ukara kang apik kanggo
nggawe selebaran, nggawe poster, uga nggawe panflet lan rame-rame kampaye, supaya
rakyate padha reti. Yudhistira uga nggawe visi lan misi supaya dipilih rakyate.
Contone sekolah gratis, ngudunke rega sembako, rega BBM murah meriah, tapi yo
ora semeriah regane krupuk.
Beda maneh karo Duryudana. Sakliyane kampanye nyebarake
poster-pooster lan nggawe visi misi, dheweke nganggo cara licik kanggo narik
simpatine rakyat. Suarane rakyat dituku karo Duryudana. Rakyat sing arep milih
di bom dhuwit karo tim suksese Duryudana. Dadi sakdurunge nyontreng rakyat sing
arep ning TPS di cegat lan di wenehi dhuwit rong puluhan ewu.
Sawise dianakake pemilu sing dipilih dadi presiden sidane
Duryudana. Nanging sifate mung sementara. Mengko yen Yudhistira wis diwasa
kursi keprisidenan kudu di serahke marang Yudhistira maneh.
Destharastra
ngendikan, “Anakku ngger saiki awakmu wis dadi presiden, nanging aja nganti
lali marang sedulurmu pandhawa. Kepriyea wae kursi iki sebenere dudu hakmu
ngger.”
“Sendika dhawuh rama.” Kandhane Duryudana karo mbatin,
“Aja nganti negeri iki di pimpin pandhawa.
Wanci sore ana ing istana kepresidenan tim suksese prabu
Duryudana lajeng pada ngadep, ing kana ana penasehat Sengkuni, Dursasana,
Kartamarma, Durmagati, Citraksa,Citraksi, lan Aswatama. Inti rapate yaiku bahas
teknis piye carane supaya kurawa bisa nyingkirke Pandawa lan keluargane. Patih
Sengkuni usul supaya Duryudana ngajak pandhawa kanggo seneng-seneng ing alas
Premanakoti, yaiku salah sawijining papan wisata ing Negara Astina. Papan
kanggo seneng-seeng di gawe nyleneh. payone ngango klaras, alang-alang lan
janur sing wis garing. Sakane di gawe saka pring garing. Ing jerone di wenehi dluwang
warna-warna uga lampu kag kerlap-kerlip kaya ning diskotik. Bangunan kanggo pesta mau di arani bale si gala-gala.
“Sembah nuwun prabu, pripun menawi prabu Yudhistira
lan keluargae dipun aturi pesta wonten ing Premanokati.” Usule Segkuni
“Usulmu sae paman kula setuju.”
“Mangke pandawa dipun pejahi wonten mriku kemawon
pak.”
“Yo, yo iso paman. Nanging kepriye carane?”
“Mekaten sang prabu, papan ingkang dipun ginaaken kangge
pesta dipun damel saking piranti ingkang gampil menawi dipun bakar.”
“Aku durung mudeng maksudmu paman, kepriye to?” kndhane
Duryudana karo nyekel sirahe.
“Papan kanggo seneng-seeng di gawe nyleneh. payone ngango
klaras, alang-alang lan janur sing wis garing. Sakane di gawe saka pring
garing. Ing jerone di wenehi dluwang warna-warna uga lampu kag kerlap-kerlip.”
“Terus sapa sing iso nggawe omah kaya kandhamu mau
paman?”
“Purucana sang prabu.”
“Aku setuju marang usulmu paman.” Sinambi ngguyu.
Sengkuni yakin bakal iso nyigkirke prabu Yudhistira sak
keluarga ana Premanokati karo kelicikane, amarga Yudhistira kuwi wonge jujur
lan harga dirine dhuwur. Prabu Duryudana ngutus Kartamarma lan Aswatama lunga,
saperlu menehi undangan sing resmi karo Prabu Yudhistira. Sawise Aswatama lan
Kartamarma lunga, pasamuan bubar.
Wanci sore candikala kapuranta wis katon, wektu iku dewi
Banowati lagi rungu-rungu ngrungakake
tembang Hampa hatiku sing dinyanyekake Ungu ana ing taman kaputren. Dheweke
bungah lan bombong amarga Duryudana teka ing kaputren. Dewi banowati takon karo
Duryudana, “Pripun kakang rapat kaliyan kurawa kala wau?”
“Aku ngundang Yudhistira lan sedulure kanggo pesta ing
Premaokati.”
“Kula sarujuk kemawon kakang, nanging punapa maksude?”
“Taruhane tahta kepemimpinan Negara.” Kandane Duryudana.
“ Miturut kula taruhane menika hambok kedhik kemawon to
Prabu, kita lan pandawa menika rak taksis sadulur.”
Prabu Duryudana lajeng ngajak dewi Banowati tumuju ing
sanggar pemujaan kanggo nyenyuwun marang Dewata, supaya keluarga kurawa tansah
diberkati karo kesejahteraan lan keselametan.
Undangan kanggo pesta wis di sebar. Esuke banjur tamu-tamu padha teka. Jajanan,
panganan,camikan, lan unjukan wis cumawis ing meja. Penerima tamu ngaturi para
rawuh lenggah wonten ing palenggahan ingkang sampun kasamektaaken. Para rawuh
dipun aturi dhahar. Pandhawa ora ngira yen ing pesta kuwi nyawane bakal ilang.
Unjukan kanggo pandhawa diwenehi racun supaya ora sadar.
Nalika pandhawa ora sadar Duryudana ngutus para prajurit
supaya bale sigala-gala di obong. Kurawa padha metu, pandawa isih kari ing jero. Ora let suwe bale
sigala-gala lan isine wis dadi awu.
Duryudana lan sedulure ngguyu ngakak amarga ngrasa
seneng. Kurawa sorak-sorak
nyawang geni mbulat-mbulat ngobong bale sigala-gala. Saingan politike wis padha
mati. Saiki sing dadi penguasa ya mung Duryudana. Duryudana arep nggawe laporan
palsu karo DPR lan mentri kerajaan. Dheweke arep ngomong yen kabeh mau faktor
kecelakaan. Kabeh wis dadi karepe sing nggawe urip. Kareben
kurawa ora disalahke karo pejabat-pejabat Negara.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar