Nama : Dwi Taryanto
Nim : 2151406010
Prodi : Sastra Jawa
NGENTENI
TETESING BUN-BUN TRESNA
Ukara
jam pitu esuk bis sing arep nggawa bali mahasiswa KKN menyang kampus kuwi wis
teka. Sawise pamitan marang wong-wong
sing sakiwa tengene pondhokan , siji baka siji para mahasiswa iku banjur
munggah bis. Wondene para perangkat desa lan tokoh masyarakat liyane, rong dina
sadurunge dipamiti ngiras pantes njaluk pangapura, yen sasuwene KKN ana desa
Gampeng kuwe nduwene kaluputan.
Sanajan kanca-kancane wis pada munggah bis,
Sandy isih ana ingsor. Isih ngabrol karo bocah wadon sing rambute ngrembyak
dawa sageger. Sawise dibengoki kancane saka nduwur bis, lagi tanggap ing
kahanan. Wis wancine ninggalake desa kono.
“Sari,
aku wis dienteni kanca-kanca, saiki kudu budhal. Anggonmu sianu sing mempeng
ya, ben ndang lulus,” kandhane sinambi ngulungae tangn ngajak salaman.
“Iya
mas, ana dalan sing ngati-ati, la aja lali menyang aku. Yen wis longgar dolana
mrene meneh,” cewe manis sing jenenge Sari kuwi nampani tangane Sandy, digenggem
kenceng ora bakal diculke.
“
Aja kuwatir, aku mesti kerep dolan mrene, nganjuk Surabaya kuwi ora adoh.
Sandy terus munggah menyang bis, lan wis kuwi
banjur budhal. Sandy isih kober nyawang menjaba liwat kaca cendhela. Sari uga
isih nyawang menyang jero bis, tangane ngawe-awe tandha pepeisahan. Nanging
sanajan lembene mesem, ana luh ing poncot mripate sing terus leweran nelesi
pipi.
Sandy
lungguh anteng ijen ana bangku ngarep. Kanca-kancane sing padha guyon ora
digatekake. Ana sawijining perkara ing sajake nggubet ana ing pikirane. Pancen
angone KKN wis rampung. Atine kaya isih keri ing desa kana sing njalari
pikirane dadi bunek, awit kudu pepeisahan karo wong sing diteresnani.
Saupama
ora ndangak ana upacara palepasan ing alun-alun Kabupaten lan penerimaan ing
kampus, Sandy pilih bali dewe, ngiras ngajak sari dolan menyang Surabaya,
paggonane kuliah. Nanging bareng ana acara-acara kuwi, gagasane dadi bubar. Apa
meneh sawise tekan kampus iya isih kudu ngrampungake anggone gawe laporan.
“Ora
usah dipikir jero San, jagat iki ora mung sagodhong kelor,” swarane Sherly sing
lunguh ing bangku sebenere mbuyarake
lamunane.
Iya San, cewe manis ora mung Sari tok, ing
kampus akeh tunggale, Reni sing lungguh mburine nyambung rembug.
Swara
ing jero bis say rame saur manuk nggojlogi Sandy. Kabeh padha ngguyu saben ana
sing digarap lucu. Sautara iku sing dak poyoki mung meneng, sajak ora nggape,
atine dadi saya ruwet.
Cewek manis pancen akeh, ning atie Sandy sajak
wis direnggut Sari nganti oyot-oyote. Nganti kaya ora ana papan tumrap cewe liyan kanggo nandur kembang
tresna ing plataran atine. Wewayangane sari tansah gawang-gawang ing mripate.
Anggone
kenal Sandy karo cewe kuwi maune kanthi ora sangaja, nalika arep menyang Madiun,
ing jero angkutan kebenaran lungguh jejer bocah wadon nganggo seragam SMA.
Kekarone kenalan, sawise tepung, anggone ngobrol saya gayeng.
“
Wis setengah wulan loh, aku KKN ana
Gampeng, naging lagi sepisan ini ketemu awakmu, Sari?”.
“Iya
mas, awit aka rang-arang ana omah. Aku kos, sekolahku mlebu sore, arep nduduk
sampeyan ngerti dewe, angkutan mrana iku yen sore yen sore angele ora jamak.”
“tapi
nek minggu bali ta?”
“Iya
sabtu sore bali, senen esuk budhal meneh.”
“Yen
nggono, suk malem minggu ana omah ta?, aku ta dolan, ya?”
“
iya, aku seneng yen mas Sandy dolan menyang omahku.”
“
Daleme sisih endi ta?”
“Cedhak
daln gedhe, mas, sabelahe Pak Kasun. Ana omah kuna, joglo ya kaya kuwi.”
Ing
malem minggune, Sandy dolan temen menyan omahe Sari. Cewe manis kuwi sajak wis
ngenteni tekane. Kekarone njur ngobrol kanthi cedak saya kanca lawas sing wis
suwe ora ketemu. Lan dina-dina sabanjure, Anggar Sari ana ngomah Sandy kerep
dolan mrono. Saya suwe kekayone saya akrab, nganti wekasane sepakat nedya
mecaki dalaning urip bebarengan.
Sandy gragapan, sadhar nalika bis sing
ditumpaki mandeg ing alun-alun Nganjuk. Sawise nganggo jaket almamatere, para
mahasiswa kuwi nuli mudhun, tumuju lapangan melu upacaa palepasan.
Sawise
sawetara dina ana kampus Sndy wis bisa
ngampungake anggone nyusun laporan KKN.
Nanging anggone ndang bisa dolan menyang Nganjuk nyambnagi kembange ati,
kepeksa isih during bisa kalaksanan. Dosen pemimbinge ngoyak-oyak supaya
dheweke ndang ngrampungake tugas akhire. Pokoke semester ini kudu rampung. Awit
manut rencana semester ngarep, bu Doesen kuwe meh ngampungake S-3 menyang Jakarta. Yen Sandi nganti ora bisa
rampung semester iki, dheweke kudu gnti dosen pembimbing. Ateges kudu miwiti
saka ngisor meneh.
Sandy
ora kepengein kuliah molor meneh, awit kancane sangkatan wis akeh sing lulus. Bisa
ora bisa kudu nyusul. Mula sanajan abot, banjur nandhangi skripsine. Saben dina
ajeg menyang perpustakaan, golek buku-buku kanggo referensi. Ora ngemungake
perpustakaan ing kampuse wae, nanging uga perpus kampus liya. Sebab akeh buku
bab puisi, naging sing bab khusus epigram isi arang. Kathik pathokane durum
pathi cetha. Akeh-akeh mung ngandhakake yen kuwi puisi sing cedha, ning cedak
kuwi pirang baris, iya during jelas.
Wekasane
sandi kasil nglumpukae buku-buku referensi. Terus saben dina untheg anggone
nggarp skripsi, lan ora muspra. Jroning semester kuwi khasil grampungake tugase
kanti becik. Sawise diuji dosen sastra cah telu, lulus kanti nilai A. terus
kari ngnteni yudisium lan wisuda, bajur duwe gelar sarjana.
Sandy kelingane kebanging atine sing isih keri
ing Nganjug lan kepengin nemoni Sari kaggo nyuntak kangen. Sangaja anggone
menyang Ngnjuk kanthi sepeda motoran
supaya mengko bisa kanggo dolan mrana-mrono karo Sari. Dheweke ora njujug omahe
Sari, aning lewih dhisik menyang daleme Pak Brojo sing dipanggoni nalika KKN.
“ Dak kira nek wis lah, sukur nek isih gelem
sabrang mrene,” Pak Brojo mbukani rembug, naika weruh tekane Sandy.
“ Kula boten badhe kesupen, pak!, sebab kathah
kenangan ingkang ketun wonten mriki,” sambunge Sandy.
Kekrone
ngobrol sing ruang tamu, Bu Brojo nyusul sinambi nggwa wedang kopi lan
nyamikan. “Kok mung ijen, lah endi kanca-kancamu?”
“Taksih
sami repot, Bu.”
Wong
telu rembugan ganyeng. Nalika KKN Sandy pencen wis direngkuh kaya anake dhewe.
“Ayo,
menyang buri dhisik, nggonku masak wis mateng, kok,”Bu Brojo ajak-ajak.
“Mange
mawon, kula teksih badhe dolan dateng griyanipun Sari, nak Sandy?”
“Awakmu
apa isih ngarepake Sari,nak Sandy?”
“Pripun
ta, tebih-tebih saking Surabaya mriki bot-bote kula pancen ngajengaken datheng
Sari. “
“Nak
Sandy, dak kandani naging aja kaget, ya?”
Pak
Brojo banjur crita menawa Sari wis arep onah-omah karo bocah liya. Malah mung
kari seminggu. Kabeh ora nyangka yen lelakaon kuwi bisa dumadi. Sawise dek San ninggalake
desa Gampeng, papan kono di enggo KKN meneh denig mahasiswa saka salah sawijining
peruruan tinggi saka Surabaya. Para siswa mau anggone mondhok ana omahe sing
tuwane Sari. Embuh kepiye mula bukane, wekasane sari pancen karo salah
sawijining mahasiswa sing jenenge Bayu. Masalah miturut kabar, saiki Sari wis
ngandheg, mula ding wong tuwane enggal-enggal diresmekake.
Sandy
sajak ora percaya marang parunguane dhewe kaya ana suwara bledheg nyamber,
njalari awake dadi lemes, ati keket kelangan otot bebayu. Endah ing pepangan
sing wis dironce saka Surabaya, saiki ambyar. Ora ngira yen Sari mental nyidani
janjine. Kembange desa sing digegadhang bisa dadi rowang mecaki dalaning urip
iku mlah dadi wisuna sing ninggalake
tatu jero ing ati.
Rumangsa
cukup anggone dolan ing daleme pak Brojo, Sandy banjur nyuwun pamit, dhewekw
ora sida mapir omahe Sari. Tiwas nedhaw lara, ngono batine. Sepeda motor
ditumpaki alon-alon metu saka plataran omahe Pak Barjo. Tekan protolan sandhing
bale desa, mampir took, golek rokok. Ngiras ketemu pak Jupri sing duwe took.
Nalika KKN dhisik saben sore yen golek rokok mesti mrono.
Ora
ngira yen koo Sari sing lagi blanja. Cewe kuwi langsung grangkul Sandy sinambi
prembik-prembik nagis.” Sapurune aku yam Mas, ora bisa netepi janjiku marang
sampeyan. Iki kabeh dudu karepku, nanging amerga kakahan,” kandhane”.
“
Ora apa-apa sari, yen kuwi kabeh wis ko karepake, nyatane ana wong liya sing
llewih pantes kanggo awakmu tinimbang aku. Aku ikls, aku lila, kok.”
“Ora
mas, ora ana wong sing lewih pantes kejaba mas Sandy. Cintaku tetep wutuh
kanggo sampeyan, Iki kapeksa ta lakoni amerga kahanan, Mas!. Yen mas Sandy ra
percaya, saiki aku manut sampeyan. Aku gawanen lunga saka desa kene, menyang
ngendi bae aku pasrah. Ayo, lunga wong loro, Mas!”
Sandy
mung meneng, ora wangsulan babar pisan. Arepa kepriye wae dheweke isih duwe
moral. Sandy ora kepengin gawe geger ing desa sing wis nate digawe KKN iku.
Dheweke ora kepngin wong tuwane Sari kewirangan, awit calon maten wadon
minggat. Sandy percaya, anane rembug mateng kuwi, sadurunge mesthi Sari uga wis
nyarujuki.
Tanpa
pamit dheweke banjur nyetater sepeda motore, terus ninggalake papan kono,
sinambi nggawa tai rojah-rajeh. Swarane Sari sing bengok-bengok ngundhang
jengenge wis ora dipaelu.
Ora watara suwe lakune wis nyasak alas jati
sing godhonge padha gogrog, awit keterak mangsa katiga. Wit-witan kuwi kuwi
katon garing, kaya atine sing ngelak tetesing bun-bun tersna.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar