Breaking

Kamis, Oktober 11, 2012

DINTEN PENDIDIKAN

Asslamu’alaikum wr wb. Ingkang kinurmatan dhumateng para rawuh kakung putri wredo muda minulya.Wonten ing titi wanci menika, inggih ing dinten punika, sumangga langkung rumiyin sami ngaturaken syukur dhumateng Gusti Maha kwasa ingkang kepareng paring rahmat lan hidayahipun. Kita sadaya taksih saged makempal manunggal kanthi tentrem, bagas, waras, kebak ing kabagyan salebetipun pahargyan ing dinten punika. Para rawuh ingkang kinurmatan wontenipun program pemerintah semarang ingkang dipun wastani semarang setara, minangka salah satunggaling program ingkang werdinipun inggih punika setingkat sebanding lan sama dengan. Kanthi slogan punika semarang anggadahi gegayuhan supados setara kaliyan kutha-kutha ageng lentunipun kadosta, Jakarta, Bandung, Surabaya lan sapanunggilanipun. Salah satunggaling ancas ing program punika inggih, penyetaraan ing bidang pendidikan. Penyetaran punika sampun trep kaliyan pambukaning UUD ingkang mratelakaken bilih salah satu tujuan Negara Republik lndonesia adalah mencerdaskan kehidupan bangsa dan untuk itu setiap warga negara lndonesia berhak memperoleh pendidikan yang bermutu sesuai dengan minat dan bakat yang dimilikinya tanpa memandang status sosial, ras, etnis, agama, dan gender. Kanthi dasar punika bidang pendidikan saged dipunwastani minangka proritas utama ingkang sanget wigati. Ing bab pemerataan pendidiakan pemerintah semarang samun ngupayakaken inggih punika kanthi ningkatake partisipasi pendidikaan lan ugi nurunake kesenjangan tarap pendidian kelompok masyarakat. Bab wigati ingkang dipuntindakaken inggih punika program bantuan oprasional sekolah utawi BOS kagem sedaya siswa ing pendidikan dasar inggih punika SD,MI,SDLB,SMP,MTS,SMPLB. Program BOS punika supados mbebasaken prabiya pendidikan siswa ingkang kirang mampu supados sami kaliyan siswa sanesipun kagem nunjang wajib belajar 9 tahun. Peningkatan mutu lan relevansi pendidikan ing sedaya jenjang ugi kedah tansah diasah kanthi adedasar standar nasional pendidikan utawi SNP ingkang nyakup standar isi, standar proses, standar kompetensi lulusan, standar pendidik lan tenaga kependidikan, standar sarana lan prasarana, standar pengelolaan, standar pembiayaan, lan ugi standar penilaian pendidikan. Semanten ugi pendidikan Anak Usia Dini utawi PAUD kedah tansah dipunsengkuyung murih saged mbiyantu thukuling calon siswa minangka putra bangsa ingkang tundhanipun saged ngasilaken para siswa ingkang anggadahi prestasi. Sinaosa sampun kathah program pembangunan pendidikan nanging sedaya wau dereng sawetahipun saged nggayuh hasil ingkang dipunpikajengaken. Bab punika saged kalaksanan menawi dipun sengkuyung kaliyan sedaya pihak kadosta pemerintah, pendidik lan masyarakat ingkang nggadahi daya inggil murih kasembadaning ancas punika. Pemerintah kedah maringi pasilitas ingkang dipun betahaken saengga tartamtu pendidikan saged mlampah kanthi gampil wonten ing pawiyatan. Mekaten bilih anggen kula matur kathah galap gangsuling atur, kitaling basa, kiranging subasita myang tata kara kula nyuwun lumunturingsih samudra pangaksami. Minangka panutuping atur Wasalamu’alaikum wr wb