Breaking

Selasa, Juni 19, 2012

DONGENG PATI


LEGENDA KEDU
Nalika Ki Ageng Kedu sing kawentar sekti mandra guna arep ngadep marang Sunan Kudus. Tamu kuwi numpak tampah. Satekane ing Kudus, Ki Ageng Kedu ora loangsung ngadhep Suna Kudus malah pamer kasektenne karo numpaki tampah kuwi mau banjur muter-muter ning angkasa. Ing iku uga dheweke ketudhuk Sunan Kudus. Amerga kasekten sing diduweni Sunan Kudus, tampah sing ditumpaki Ki Ageng Kedu kuwi mudhun nganti tiba ing lemah sing ngecember, sahengga panggonan mau banjur diarani Jembar.
Saliyani kuwi ing saliyani kuwi ing sajerone dongeng disebut yen ing salah sawijining dina Sunan Kudus mangan iwak lele, nganti kari balung lan endhase banjur dibuak ing jero sumur. Iwak sing kari balung lan endhase kuwi mau dumadakan bisa urip maneh.
Ing jero babat tanah Jawi lan Kapustakan Jawa liyane nyebutna yen jenenge Sunan Kudus yaiku Raden Undung, dheweke tau mimpin bala prajurite Demak nglawan majapahit. Banjur kuwi disebutna yen Sunan Kudus sing mateni Syeh Sitri Jenar lan Kebo Kenanga, amerga loro-lorone ngajarke ilmu sing diarani bisa mbahaykna masyarakat sing lagi wae melu agama islam.


Cah C ‘05









SUNAN KALIJOGO

            Jeneng asline Sunan kalijogo yoiku Raden Sahid. Putra Adipati Tuban sing jenenge Temenggung Wilatikta. Raden Sahid kalebu keturunane Ronggolawe sing agamane Hindu, uga kanthi asma Raden Sahur.
Nalika Raden Sahid cilik, Raden Sahid wis di kenalake karo agama Islam karo guru kadipaten Tuban. Nanging senajan deweke weruh kahanan sekitare sing beda adoh karo uripe wong cilik sing pada ngelih. Raden Sahid banjur atine mberontak.
Wektu Raden Sahid isih bocah atine ora lila, weruh para pejabat kadipaten sing sewena–wena marang rakyat cilik. Durung meneh upeti sing di pungut kadipaten luwih saka bates kewajaran nambahi bebane rakyat sing wektu kuwi wis kabotan anggone urip.
Nalika musim ketiga dawa nambahi nelangsane rakyat. Panen sing pada gagal amerga ora ono banyu. nanging pejabat kadipaten pada ora peduli sing di pedulike amung piye anggone meres pajak saka rakyat cilik.
Raden Sahid putra bangsawan kuwi, dheweke luwih seneng urip sing bebas, kang nentang karo adat istiadat kebangsawanan. Deweke luwih seneng kumpul nyawiji kalian rakyat jelata. Amarga  saka uripe kuwi deweke reti sakjeroning masyarakat Tuban.
Niat kanggo ngurangi kasengsaraane rakyat wis dikandhakake kalian bapane. Nanging bapane ora bisa apa–apa. Deweke maklum amarga bapake sing njabat dadi Adipati bawahane Majapahit. Nanging niyate Raden Sahid ora bisa dilerem. Nalika bengi deweke seneng ngurung awake ning kamar saperlu  ngaji Al-quran.
Nalika sing jaga gudang kadipaten turu, Raden Sahid njupuk  bahan pangan ning  gudang sing arep di setor marang Kerajaan Majapahit. Bahan makanan  mau di bagekake marang rakyat jelata sing butuh banget kanggo nyambung urip. Sing di lakukake Raden Sahid ora ana sing ngerti uga kanggo sapa kang nampa pitulungane iku mau.
Banjur rakyat sing rak reti apa–apa iku mau bingung campur seneng entuk rizki sing rak kedugo–dugo.
Ora trimo rakyat sing kaget nrimo rizki sing kaya–kayane tiba saka langit nanging sing jaga gudang ya krasa kaget naliko barang lan bahan makanan sing bakale arep diwenehake marang Kerajaan Majapahit tiap bengine sansaya kurang.
Sing jaga padha penasaran sapa sing wani maling barang sing kangarep dadi upeti kanggo Kerajaan Majapahit iku mau. Nalika bengi para penjaga pada ethok–ethok turu,ngenteni malinge teka. Jebule  bener ana maling sing ngendap-ngendip marang lawang gudang nanging di tok dhisik karo penjaga nunggu sampe maling iku mau jupuk barang sing arep di maling. Naliko di deloke para penjaga gudang mau padha ora percaya menawa sing maling yaiku junjungane dhewe ingkang putra Adipati Wilatikta Raden Sahid. Banjur Raden Sahid di gawa menyang Adipati Wilatikta. Banjur kang bapa  iku nesu ora percaya putra kesayangane iku mau wani dadi maling ana ing omahe dhewe. Banjur Raden Sahid diukum kalian ukuman cambuk nang tangan 200 sabetan. Ukuman sing linyane yaiku di kurung sakjrone kamar. Lan pesene bapane aja pisan–pisan meneh maling.
Sakwise nglakoni ukuman sing di wenehi saka bapane, banjur Raden Sahid mutusake metu saka lingkungan istana. Lungo terus jarang mulih nganti biyung lan adhike kuwatir menawa ana kedaden kang ora apik kalakoni dening Raden Sahid.
Saiki Raden sahid ora trima maling nanging dadi begal sing maling wong  sugih sing enthuk rizki saka barang sing ora halal. Anggone ngrampok Raden Sahid nganggo topeng lan busana sarwa ireng.
Nanging suwe suwe anggone nganggo busana khase dheweke iku ana isng niru. yaiku gerombolan perampok kang tanpa mikir sapa kang bakal dibegal. Gerombolan iki ora sungkan anggone mateni  sapa sing arep di rampok.
Sak wijining bengi, naliko Raden Sahid lagi mudhun saka musholla ba’dha isya, ana sak siwijining omah sing bengak–bengok ana rampok. Banjur Raden Sahid cepet–cepet tumuju omah sing dirampok iku mau. Nanging nalika Raden Sahid teka ing papan si perampok iku mau lagi ngrudhapeksa bocah wadon sing ana nang papan iku. Naliko arep di cekel kalian Raden Sahid rampok iku mau padha mlayu nanging bocah wadon sing di perkosa mau nyikep siset Raden Sahid nganti penduduk desa teka.
Amargo Raden Sahid isih gawa topeng rampoke bajur para penduduk desa padha nganggep menawa sing ngrudhapeksa iku ya Raden Sahid.
Nalika topeng di buka para warga padha ora percaya sapa kang dadi perampok, yaiku iku putra junjungane dhewe. Nalika Raden Sahid di gawa marang adepane kanjeng Adipati, Adipati Wilatikta duka gede. Sang Adipati murka amarga Raden Sahid sing wis di karepake ora bakal maling meneh tanpa bias ngowahi tumindhake.    Raden Sahid diusir saka kadipaten karo Bapane, “lunga saka kadipaten Tuban iki rak sah mulih! sakdurunge kowe bisa nggetarake dinding kadipaten iki nganggo bacaan Al Qur’an sing saben wayah bengi mbok woco iku!”
Adipati Wilatikta iku sing asline ora percaya karo apa sing dilakukake putra kesayangane iku. Apa sing dikarepake Adipati, Raden Sahid sing menggko dadi penggatine dadi Adipati nang Tuban sirna.
Naming siji wong sing ora percaya Raden Sahid nglakukake perbuatane iku mau yaiku adhike Dewi Rasa Wulan. Amargo rasa kasihhe marang kakangne iku Dewi Rasa Wulan lungo nggoleki kakange Raden Sahid ananging ora ketemu.
Sakwise di usir saka kadipaten Tuban banjur Raden Sahid lunga menyang alas Jatiwangi. Pirang–pirang tahun Raden Sahid ngrampok wong sing sugih sing lewat nang alas iku nganti di juluki Brandal Lokajaya.
Sawijining dina naliko ana wong tuo sing gawa teken lewat dhewe nglewati alas Jatiwangi. Nalika di sawang–sawang tongkate iku mau kok ngetoakae sinar kempling koyo–koyo gagange iku digawe saka emas. Banjur ora nunggu suwe tongkat sing di gawa wong tuwo mau di rebut pekso nganti wong tuwo mau tiba grubakan nang lemah.
Kanthi susah wong tuwo mau tangi, matne ngetoake eluh nanging ora ngetokake suara naliko wong nangis. Nanging Raden Sahid lagi sibuk ndelengi tongkat sing direbut iku mau. Sansaya suwe di sawang tongkat iku mau jebule dudu emas sing di karepake Raden Sahid iku mau. Raden Sahid kaget nalik weruh wong tuwo sakwise direbut tongkate kok nembe nangis “aja nangis meneh iki tongkatmu tak balikna”. “dudu tongkat iki sing tak tangisi” omongane wong tuwo mau nunjuake suket sing ana nang tlapakane. “delokno! Aku wis nglakoni dosa, gawe sia–siane barang. Suket iki mau kecabut  nalika aku tiba
“Namung pirang lebar suket, ndadekake kowe krasane salah banget?” pitakone Raden Sahid.
“Ya, aku wis dosagedhe mergane aku nyabut suket iki mau tanpa ana gunane. Naliko aku ncabut suket iki tak dadikno makanan ternak iku rak apa. Nanging barang sing di siak–siakna iku sing marahi dosa.”
Ati Raden Sahid krasanalika krungu ukara  iku mau.
“Cah bagus apa sing mbok karepake nang alas iki?”
Kula golek bandha”
Kanggo apa?”
Tak keake marang wong fakir lan miskin”
Hmm…. Atimu sebenere mulya, nanging caramu sing kliru”
He wong tuwa apa karepmu?”
Oleh aku takon karo kowe? Nak kowe ngumbah pakaian nganggo banyu uyuh apa klambimu iku mau bakale resik? Allah iku Dzat  Suci, amung nrima amalan saka barang – barang sing apik lan halal”.  Kandhane wong tuwa mau.
Raden Sahid sansaya gemeter krungu wong tuwa mau
Akeh dalan sing di lakokake nalika kowe pengen nulung wong fakir lan miskin mau. Kowe ora bisa ngrubah nasibe wong iku mau namung aweh pangan lan dhuwit saka ngrampok iku mau. Kuwe peringatke pengausa–penguasa sing lalim ben ngrubah carane mimpin rakyate kanthi aja sewenang–wenang. Kowe ya bisa  aweh pangarep kanggo ngowahi uripe kang sengsara kanthi luwih sregep anggone kerja.”
Raden Sahid sansaya gemeter krungu sing diucapake wong tuwa mau.
“Nek awakamu arep golek rizki sing halal nanging ora ngrugiake wong jupuka sing ana nang wit iku mau, kanthi nunjuk nang wit aren iku mau.
Sakwise ngomong iku mau wit aren iku berubah dadi emas. Di penek wit aren iku mau dipetiki uwohe. Nalika dhewe methik emas ana wit aren iku mau banjur wohe wit aren iku mau banjur rontok ngebruki Raden Sahid nganti semaput. Nalika sadar Raden Sahid nggoleki  wong tuwa mau. Nanging wong tuwa mau wis adoh amung katon bayangane. Mlayu kebatan Raden Sahid ngoyak wong tuwa mau niba nangi. Akhire sak pinggire kali Raden Sahid kasil nyusul wong tuwa mau.
Nyuwun pangapunten ……….. nyuwun njenengan purun ngangkat kula dados murid” njaluk Raden Sahid menyang wong tuwa mau.
“Kowe arep sianu bab apa karo aku?”
 “Menapa mawon, sing penting panjenengan purun ngangkat kula dadi murid.”
Abot …. Sarate apa abot, apa kowe siap?”
Kula siap!
Wong tuwa iku mau banjur nacepake tongkat sing di gawa mau lan Raden Sahid di kongkon nunggu tongkat iku mau nang pinggir kali nganti dheweke balik nemoni Raden Sahid meneh. “Aja pisan–pisan lunga saka papanmu nunggu tekenku iki”
Banjur wong tuwa mau nyebrangi kali kanti ngmbang ora kena banyu babar pisan. Sakwise wong tuwa mau ilang saka pandangane Raden Sahid banjur Raden Sahid sila nunggu tongkat sing tancepake mau kanthi eling saksijining surat sak jeroning Al Qur’an babagan Ashabul Kahfi kanthi ndonga Raden Sahid di dadikna kaya Ashabul kahfi sing turu ratusan taun.
Dongane Raden Sahid kasembadan dening Allah SWT, Raden Sahid turu kurang luwihe 3 tahun. Nganti awake di rubungi suket lan lumut.
Sak wise telung tahun wong tuwa mau banjur teka nemoni Raden Sahid. Nanging Raden Sahid ora isa di tangikna amarga wis ngakon dekne turu. Banjur di adzani karo wong tuwa mau kanthi Raden Sahid mbukak matane sakwise telung taun nungguni teken si temancep nang pinggir kali.
Awake Raden Sahid di resiki diwenehi busana anyar lan di gawa menyang tiban, napa kok Tuban amarga wong tuwa mau yoiku Kanjeng Sunan Bonang. Sakwise dina iku Raden Sahid di kenal kalian sebuta Sunan Kali Jogo sing diartikna wong sing pernah jogo kali taunan.
Nanging ana sing ngartikna Kali Jogo artine wong sing jogo aliran akidah nang mangsa iku. Artine ora ana akidah sing mbebayani umat.
Raden Sahid utowo Sunan kalijogo di perintahake kalian Sunan Bonang kanggo nyebarake Islam nang tanah jawi kalian njogo akidahe ben tetep murni yoiku akidah islam.

Cah C




















RADEN KEMBANGJAYA

Ing abad VIII daerah Muriya isih dipisahke karo tlatah jawa. Ing daerah iku ana gunung sing dijenengke Gunung Muria. Pulau Muria lan Pualu Jawa dipisahke karo Selat Muriya. Daerah Pati mangggon ing wilayah tenggara Gunung Muriya. Sakbanjure iku ana gundukan Lumpur karo penyempitan, mula Selat Muriya maleh dadi Bengawan Silugangga atau selat Sungai Juwana amarga muarane ing daerah Juwana.
Wilayah Pati Lor lan Pati Kidul dipisahke karo kali Juwana. Pati Lor umure luwih tuwa tinimbang Pati Kidul. Ing Pati Lor tau ana kerajaan gedhe, jenenge Kerajaan Kaligangga yang dipimpin karo Ratu Shima.
Sakbanjure Kerajaan kaligangga bubar, kerajaan sakbanjure yaiku Kerajaan Mataram Hindu sing dipimpin karo raja-raja keturunane Syailendra lan Sanjaya sing pusat Pemerintahane manggon ing Jawa Tengah.Nalika Kerajaan Mataram pindah ing jawa Timur, ana kadipaten yaiku Carangsoka, Paranggaruda lan Majasemi.
Ing Kadipaten Carangsoka wilayane ana ing Lor sungai Juwana. Penguasane yaiku Adipati Puspahandungjaya, sing dhuweni puteri tunggal jenenge Rayangwulan. Wilayahe yaiku kecamatan Trangkil, Juwana, Pati, margorejo, Tlogowungu, Gembong, Wedarijaksa, Margoyoso, Tayu, Dukuhseti, Gunungwungkal, Cluwak, lan sebagian  wilayah Jepara Wetan. Bekas pemerintahane ana ing desa Sukoharjo, kecamatan Wedarijaksa. Kadipaten Paranggaruda wilayahe ana ing bagian Kidul sungai Juwana. Penguasane yaiku Adipati Yudapati, sing dhuweni putra tunggal jenenge Raden Josari. Wilayahe yaiku Kecamatan Batangan, Jaken, Jakenan, Pucakwangi, Winong, Sukolilo, Kayen, Tambakromo, Gabus lan bagian wilayah Kulon Rembang. Pusat pemerintahane ana ing Godo, Kecamatan Winong.Kadipaten Majasemi dipimpin karo Raden Rukmayana.
Raden kembangjoyo yaiku pemuda sing gagah lan bagus. Dheweke duweni dulur loro yaiku Raden Rukmayana, lan Prameswari. Saben dinane dheweke mertapa lan golek ilmu ing wilayah Bandengan Trangkil. Ing remajane dheweke sekti mandraguna. Adipati Yudapati bali saka Paranggaruda. Dheweke tetep nyalahno Sapayana amarga wis mateni pangeran Josari. Yudapati durung puas sakdurunge bisa mateni Ki dalang Sapanyana. Pangeran Yudapati pingin Sapanyana digawa ing Paranggaruda lan diadili ing kana, nanging Puspahandungjaya ora gubris, akhire Yudapati ngamuk lan dhuweni niat ngejur Carangsoka.
Yudapati nyiapake prajurit lan senjara-senjata. Dheweke nyusun rencana gede-gedean kanggo nyerang Carangsoka. Krungu berita kayak ngono, Puspahandungjaya waspadaan lan ngumpulke kekuatan, dheweke ngundang senopati Kembangjaya. Adipati nrima usule Kembangjoyo kanggo nyusul Raden Sukmayana yaiku kangane Raden Kembangjoyo ing pertapaan Telamaya dikawasan Gunung muria. Sukmayana yaiku pendekar sakti, dhuweni benda pusaka sing ampuh yaiku Kuluk Kanigara lan Keris Pinutung. Raden sumayana gebung karo Carangsoka. Prajurit Carangsoka dadi semangat. Senopati Kembangjoyo, Rukmayana lan Ki Dalang Sapanyana langsung mimpin perang. Perang antarane paranggaruda lan Carangsoka ugi dimulai. Yudapati kaget amarga pertahanane Carangsoka kuat banget. Pertempurane amat dasyat, para jagoan bayaran saka paranggaruda mati kabeh, kahanan kaya ngono dadiake Yudapati wedi lan akhire dheweke mati kena tombak lan pedang.
Kahanan ing Carangsoka wis mbalik kaya biasane, penduduk uripe wis tentrem. Kembangjoyo akhire dinobatno dadi panglima perang lan dadi Adipati Carangsoka terus kawin karo Dewi Rayangwulan. Ora let suwe Carangsoka lan Paranggaruda didakeke siji karo Kembangjoyo dadi Kadipaten Pesantenan.
Kanggo ngatur pemerintahane Kembangjoyo mindahke pusat pemerintahane ing Kemiri lan bergelar Adipati Jayakusuma ing Pesantenan. Ing pemerintahane Kembangjoyo, rasa keadilan benar-benar diwujudake. Kanggo nglancaraake roda pemerintahane dheweke ngangkat dalang Sapanyana dadi Patih ing kadipaten Pesantenan lan bergelar Patih Sigasari.
Kembangjaya namung dhuweni putra siji sing jenenge raden Tambra. Sakbanjure Kembangjoyo wafat, Raden Tambra diangkat dadi Adipati Pasantenan sing bergelar Adipati Tambranegara. Ing pemerintahane, rakyat urip makmur, tentrem dan sejahtera. Kanggo ngembangke pembangunan Raden Tambra mindah pusat pemerintahane dadi ing desa Koborongan. Jeneng Pesantenna diganti dadi Kadipaten pati. Adipati Tambranegara dhuweni putra jenenge Raden Tanda, Raden  Tanda nerusake mimpin Kadipaten Pati. Sakbanjure Raden tanda wafat kekuasaan Kadipaten Pati diterusake karo penggede-penggede yaiku,Ki Gede Jiwanala, Ki Gede Ragawangsa, Ki Gede Plangitan, Ki Gede Jambean. Antarane penggede siji lan sijine urip rukun lan pada Bantu, sehingga rasa tentrem bisa dinikmati karo kabeh rakyat Pati.

Cah C ‘05