Breaking

Minggu, Februari 05, 2012

legenda pati

ASAL USULE KUTHO PATI

Ing Pantai Lor Pulo Jawa ( Pantura ), sekitar Gunung Muria bagian Wetan, ana penguasa sing kasebut Adipati, wilayah kekuasaane kasebut kadipaten. Ana penguasa loro jaman iku yaiku kadipaten Paranggaruda lan kadipaten Carangsoka. Kadipaten Paranggaruda dipimpin Adipati Yudhapati, wilayahe saka kali Juwana mengidul nganti pegunungan gamping lor batesan karo wilayah kabupaten Grobogan. Yudhapati nduweni putra jenenge Raden Jasari.
Sawetara iku, kadipaten Carangsoka dipimpin dening adipati Puspa Andungjaya, wilayahe saka lor kali Juwana nganti Pantai Lor Jawa Tengah bagian Wetan. Adipati Carangsoka nduwe anak wadon jenenge Rara Rayungwulan.
Kacarita, lelorone kadipaten iku urip rukun padha ngurmati siji lan sijine. Kanggo nglestarekake pasedulurane, penguasa kadipaten sarujuk ndaupake putra lan putrine.
Adipati Paranggaruda ngirim utusane nglamar Rara Rayungwulan, putrine Adipati Carangsoka. Lamarane ditampa, nanging calon penganten putrid njaluk bebana supaya ing acara pahargyan boja wiwaha dhaup dimeriahake pagelaran wayang kanthi dalang kondhang sing jenenge Sapanyana.
Kanggo nglurusake bebana iku Adipati Paranggaruda yaiku Adipati Yudhapati nugasake Yuyurumpung, penggedhe ing Paranggaruda. Kanggo nglaksanakake tugase, Yuyurumpung niat nglumpuhake wibawa kadipaten Carangsoka kanthi cara nguasai pusaka piyandele kadipaten Carangsoka pusaka keris rambut pinutung lan kuluk kadigoro sing diduweni raden Sukmayana, penggene Majasemi, salah sijine bagian kadipaten Carangsoka.
Pusaka loro kasil kajupuk kanthi bantuan Sondong Majeruk, wong sekti ing Paranggaruda. Nanging sak durunge diwenehake Yuyurumpung, pusaka loro bisa direbut dening Sondong Makarti sala Wedari. Wasana Sondong Majeruk mati, pusaka keris rambut pinutung lan kuluk kanigara diaturake Raden Sukmayana.
Sanadyan mangkana Yuyurumpung kasil nerusake tugase nggoleki dhalang sapanyana supaya dhaupe putra adipati parang garuda lan putrine adipati Gatangsoko bisa kaleksanan. Nanging ngepasi acara resepsi nembe kawiwitan, penganten putrid ninggalake kursi penganten menyang panggon lan mlayu karo dhalang Sapanyana saengga dhaupe Raden Jasati lan Rara Rayungwulan ora sida dileksanakake.
Adipati Yudhapati rumengsa diasorake, akhire mutusake memungsuhan karo adhipati puspa andungjaya. Kadipaten loro sing rikala semana urip rukun akhire perang. Ana ing paperangan iku, pemimpin prajurit kadipaten Carangsoka, Raden Sukmayana gugur lan digentani adhike yaiku Raden Kembangjaya. Kanthi dibantu dalang Sapanyana sing nggunakake pusaka sekti, kasil menang ana ing paperangan lawan kadipaten Paranggaruda. Adipati Paranggaruda Yudhapati lan putrane Raden Jasari gugur. Karana jasane Raden Kembangjaya didhaupake karo Rr. Rayungwulan lan diangkat ngganteni Yudhapati dadi adipati, dalang Sapanyana diangkat dadi patih kanthi gelar Singasari. Kanggo ngatur pemerintahan sing ditambah amba ngidul, adipati R. Kembangjaya mindahake pusat pemerintahan ana ing desa Kemiri kanthi ngganti dadi kadipaten Pesantrenan lan jejuluk adipati Jaya kusuma. Raden Jayakusuma nduweni putra jenenge Raden Tambranegara.
Kanggo ngembangake pembangunan lan pemerintahan, Raden Tambranegara mindahaken pusat pemerintahan sing sakdurunge ana ing kemiri arah ngulon ing desa kaborongan, jeneng pesantrenan uga diganti dadi Kadipaten Pati.

Aprilia Woro ‘05


CRITA PASUJUDAN SUNAN BONANG

Pasujudan Sunan Bonang kuwi manggon ing desa Bonang, Kecamatan Sluke, kabupaten Rembang. Persise manggon ing sangarepe pesisir Binangun. Yen arep rono kudu munggah dhisik amarga panggonane dhuwur. Pasujudan Sunan Bonang kuwi wujude watu sing ana tipak sujudane Sunan Bonang. Miturut critane masyarakat kono, pasujudan Sunan Bonang kuwi ndhek biyene watu sing dikanggo sujud Sunan Bonang kanggo nyedhakke panjenengane karo Gusti Allah. Sujude Sunan Bonang kuwi suwe banget saengga watu kuwi nipak palarapane Sunan Bonang. Saiki pasujudan Sunan Bonang kuwi dikeramatake dening masyarakat sekitar kono. Panggonan kuwi dipercaya dadi panggonan sing mustajab kanggo njaluk pitulungan marang Gusti Allah. Sekitar 300 meter saka pasujudan Sunan Bonang uga ana makame Sunan Bonang.
Ing komplek pasujudan Sunan Bonang kuwi uga ana makame Putri Cempa, watu layar, lan pandhe sing uga duwe sejarah dhewe-dhewe. Ing ngarepe pasujudan Sunan Bonang ana wit sing miturut critane msyarakat kono, wit kuwi ndhek biyen yaiku pancingan utawa piranti sing dikanggo mancing Sunan Bonang sing ditancepake ning lemah, banjur suwe-suwe dadi wit. Nanging saiki wit kuwi wis ora ana.
Makame Putri Cempa kuwi uga duwe sejarah. Putri Cempa kuwi putri Cina sing gandrung marang Sunan Bonang. Ananging tresnane marang Sunan Bonang ora keturutan. Sunan Bonang ora tresna marang Putri Cempa. Kanggo bukti tresnane, Putri Cempa lila ngenteni Sunan Bonang sujud. Putri Cempa ngenteni sujude Sunan Bonang tekan sedane. Banjur dimakamake ing sisihe pasujudane Sunan Bonang. Saiki makame Putri Cempa dikanggo wong-wong donga jaluk petunjuk marang Gusti Allah kanggo milih pasangan urip. Wong-wong percaya yen donga neng kono bakal entuk petunjuk dening Gusti Allah.
Watu layar uga duwe sejarah. Watu layar kuwi wujude watu tipis lan amba kaya layar. Miturut crita, Watu layar kuwi mbiyen kedadeyan saka layar kapale Sunan Bonang sing kerep dikanggo dagang. Layar kapal mau pisah saka kapale. Kapale mau tugel, banjur dadi Gunung Bugel, yen layare mau banjur dadi watu. Banjur watu mau dijenengake watu layar amarga bentuke pancen kaya layar.
Ing sekitar pasujudan Sunan Bonang uga ana pandhe. Pandhe kuwi wujude kaya gong. Nanging pandhe kuwi jaraang ditokake, menawa wae disinggahake dening juru kuncine. Miturut kepercayaane masyarakat Bonang, pandhe mau bakal muni dhewe upama arep ana bebaya ing wilayah kabupaten Rembang. Yen upama arep ana tsunami ing kabupaten Rembang, Pandhe kuwi bakal muni dhewe tanpa ana sing nuthuk. Pandhe mau anduweni paedah menehi peringatan dening masyarakat Rembang upama arep ana bebaya supaya masyarakat Rembang ati-ati.

Chrysanti Setyo Wardhani ‘05


DUMADINE KUTHA REMBANG

            Kutha Rembang manggon ana ing tlatah tanah Jawa sisih wetan. Sisih lor wewatesan karo samodra jawa, sisih kidul wewatesan karo Kabupaten Blora, sisih kulon wewatesan karo kabupaten Pati, lan sisih wetan wewatesan karo kabupaten Tuban. Kanthi panggonan kang strategis kuwi mula akeh wong manca kang teka neng tanah jawa kususe neng Kabupaten Rembang saperlu pengin dagang utawa golek tanduran-tanduran kang larang regane yen didol ing negara asale. Miturut crita udakara ing taun 1336 Saka, ana wong wolu sing asale saka Campa Banjar mlati teka neng tanah Jawa.
            Wong campa kuwi nduweni kaluwihan bisa gawe gula tebu. Wong Campa teka neng tanah Jawa mung kanggo gawe gula tebu amarga ing negarane wis akeh seng gawe. Wong- wong kuwi teka neng tanah Jawa ngliwati segara mengulon nganti tekan neng kali sing kiwa-tengene akeh wit Toktene (Bakau). Anggone teka neng tanah Jawa, wong Campa kuwi dipandhegani Pow Ie Din sing minangka dadi ketuane pelayaran. Bareng ngerti yen ing tanah Jawa akeh tanduran tebu wong Campa kuwi padha bungah amarga apa kang wis dilakoni kabeh ora muspra, apa kang digoleki wis ketemu, yakuwi tanduran Tebu.
            Wong-wong campa kuwi gawe omah/gudhang kanggo nyimpen tebu-tebu kang wis dibabat. Omah/gudhang digawe ana ing sisih kiwa tengene pategalan kang ana tandurane tebu, supaya anggone mbabat tebu ora kadohan saka gudhang. Saben wayah isuk Pow le din kang mandhegani pelayaran kuwi mrentah kanca-kancane kanggo nyiapake ubarampe kang arep di anggo mbabat tebu.
            Tebu- tebu kang wis dibabat banjur disimpen ing gudhang-gudhang kang wis dicepakake. Tebu-tebu kang wis disimpen ing gudhang yen wis akeh banjur diolah kanthi cara tradisional supaya dadi gula tebu. Gula tebu kang wis diasilake kuwi banjur digawa neng negara asale yakuwi negara Campa.
            Kanggo mujudake rasa sukur marang gusti, lan supaya anggone mbabat tebu ora ana alangan mula dianakake donga lan semedi bareng sadurunge mbabat tebu. Pategalan kang wit tebune wis dibabat mau banjur didadekake pomahan/pemukiman sing saiki kawentar kanthi jengen Kabongan, sing jenenge dijipuk saka tembung tokte/ bakau Ka-Bonga-an (kabongan) sing panggonane ana ing sisih kulon kutha Rembang.
            Ing sawijining dina, nalika pajar ing sasi Waisaka wong-wong padha miwiti “ngrembang”/mbabat tebu. Sadurunge mbabat tebu diwiwiti, kudu dianakake upacara suci lan semedi bareng nyenyuwun maring Gusti supaya anggone mbabat/ngrembang tebu ora ana bebaya. Upacara mbabat tebu kuwi diarani Ngrembang sekawit. Saka ukara Ngrembang kuwi banjur didadekake kanggo cikal bakal Kkutha Rembang kang mapan ana ing pesisir sisih wetan tanah Jawa. Miturut crita para sepuh upacara ngrembang sekawit dianankake ing dina rebo legi , minggu kasada sasi waisaka, taun saka 1337 kanthi candra sengkala Sabda Tiga  wedha Isyara.

Edi Setyawan ‘05


KUTHA JEPARA

Kutha Jepara punika saking tembung Jugmara (Ujung Muara) lan dipun gantos dados Jepara, wonten maleh ingkang nyebat Ujung Para. Wiwit abad XVI wilayah menika sampun dipun sumerepi tiyang kathah mawi asma kutha Bandar.
Miturut Tom Pires panyerat Suma Oriental, Jepara nate dados pelabuhan militer, kinten-kinten taun 1470 M. jepara nembe dipun anggeni 90-100 tiyang kang dipun pimpin Aryo Timur. Mawi patraman lan kauletan Aryo Timur saged ngubah Jepara dados kutha Bandar ingkang ageng. Taun 1570 Aryo Timur dipun gantos putranipun ingkang asma Pati Unus kang tasih timur (17 taun).
Pangarsanipun beliau, Jepara mgembangaken armada perang lan ugi nggantos papan punika dados armada niaga ingkang endah lan ageng sanget. Pati Unus ugi ngirim armada perang datheng Palembang kangge nyerang Portugis ingkang nguwasani Malaka (1513). Punika kang dipun gayuhaken dhening Pati Unus boten kaleksanan, inggih menika kalah. Pramila dipun gantos sedherekipun kang asma Fatahilah (1513-1536). Jepara nate mbiyantu Fatahilah nalikane ngrebut Banten lan Sunda Kelapa. Nalika Sultan Trenggono dados pangarsa ing kedhaton Demak Bintoro wonten ing rerebutan pangarsa menika Hadirin ingkang garwanipun Retno Kencono seda dipun pejahi dening Aryo Penangsang.
Keraosanipun Retno Kencono boten penggalih, saengga tapa ing bukit Danaraja. Retno Kencono ngumbar jajni bilih Aryo Penangsang dereng seda boten ngrampungi anggenipun tapa. Gegayuhanipun kalaksanan nalikane Sutawijaya saged mejahi Aryo Penangsang kaliyan Tombak Kyai plered. Retno Kencono mandap saking anggenipun tapa lan dipun dadosaken adipati Jepara kanthi gelar Kalinyamat wonten ing 12 Robiul Awal 956 Hijriyah utawi 10 april 1549 M, dipun tondhoi kaliyan Canra Sengkala “Trus Karya Tataning Bumi”, saengga wiwit menika dados adidhasar panetapipun dinten dadosipun kutha Jepara.
Pangarsanipun Kalinyamat, Jepara dados adipati ngantos 30 taun luwih. Seni ukir wiwit ngremboko ing kutha menika katingak saking ornamen Masjid Mantingan papan panggenan Pangeran hadirin dipun makamaken.
Kalinyamat dipun gantos putranipun ingkang asma Pangeran Jepara (1579-1599). Ing pungkasan abad XVI kadipaten Jepara dipun serang bala tentara kerajaan Mataram. Saksampunipun peperangan boten wonten penguasa utawi pangarsa. Nalikane Jepang ing Indonesia, jabatan bupati dipun astha dhening RAA Soemitro Koesoemo Oetoyo ngantos Desember 1949, ngantos sakmenika sampun wonten 13 bupati ingkang mimpin Jepara, kalebet Drs. H. Hendro Martojo, MM.

Endah Dwi Wulandari ‘05


ASAL MULANE DESA SUKOLILO

Jeneng desa Sukolilo kecamatan Sukolilo Kabupaten Pati, ana gegayutane karo legenda Ki Ageng Giring lan Ki Ageng Pemanahan. Ceritane nalika kuwi Ki Ageng Pemanahan lagi goleki kakang seperguruane yaiku Ki Ageng Giring sing manggon ana ing Dukuh Garengan Wonokusuma. Nanging dina iku Ki Ageng Pemanahan kurang beja, merga Ki Ageng Pemanahan ora langsung ketemu karo Ki Ageng Giring ning omahe merga nembe wae macul ning tegalan. Nalika kuwi Ki Ageng Pemanahan ditemoni karo Nyai Ageng Giring.
Nyai Ageng Giring gumun merga wis suwe ora pethuk karo Ki Ageng Pemanahan, dhewekke sok-sok ora percaya, kok kadingaren Ki Ageng Pemanahan dolan nyang omahe.
Ki Ageng Pemanahan uwis suwe ra ketemu, merga kuwi dhewekke ora bakal bali yen durung pethuk karo kakang seperguruane.
Ndilalah dina kuwi Nyai Ageng ora duwe opo-opo kanggo sugatan, dhewekke kelingan yen isih duweni degan siji ning pawone, degan mau banjur dijipuk lan diwenehna Ki Ageng Pemanahan, merga saking ngelakke Ki Ageng gelem nrima degan mau banjur diombe.
Let sedela Ki Ageng teka saka tegalan, raine katon abang mbranang merga ngerti yen degane diombe adhi seperguruane. Dhewekke nesu marang Nyai Ageng. Nyai Ageng banjur sujud njaluk ngapura merga klalen apa sing wis dipesenke Ki Ageng Giring yen degan kuwi mau ora oleh diombe sapa-sapa.
Ki Ageng pemanahan golek akal piye bisane amarah Ki Ageng Giring suda merga perkara degan sing wis kebanjur diombe. Ki Ageng Pemanhan krasa salah banget lan njaluk ngapura karo Ki Ageng Giring merga wis wani-wani ngombe degan mau.
Sawise amarahe Ki Ageng suda, Ki Ageng Paemanahan pamitan arep bali lan nalika kuwi dhewekke diterke Ki Ageng Giring nganti tekan Talang Tumenggung merga Ki Ageng Giring mung bisa ngaterke mnganti tekan kono.
Sedurunge pisah karo kakang seperguruane Ki Ageng Pemanahan njaluk ngapura yen ana tingkahe sing bisa gawe lara ati Ki Ageng Giring, kabeh lelakon sing wis kebanjur kedaden magepokan karo degan sing wis diombe banyune, dhewekke ya ora ngerti, sak sukolilone Ki Ageng Giring dhewekke njaluk ngapura marang Ki Ageng Giring.
Lokasi Talang Tumenggung kuwi dadi saksi pangucape Ki Ageng Giring lan Ki Ageng Pemanahan saenggo tembung sukolilo pungkasane dadi jeneng kademangan Sukolilo, lan saya suwe merga anane perkembangan, jeneng Kademangan diganti dadi Pemerintahan desa sing diwenehi jeneng desa Sukolilo nganti seprene.
                                                                            
  Maslihah ‘05


ASAL MULANE DESA KANCILAN

Ing kabupaten jepara, nalika jaman biyen ana salah sawijine papan panggonan sing isih awujud alas. Nanging ing alas sing isih rengket banget iku mau ana sing manggoni. Sing manggoni ing alas iku yaiku sakpasang kakang adhi lan sakpasang bojo lanang wadon. Sakpasang kakang adhi mau jenenge Mangun Jati lan Mangun Sari, dene sakpasang wong lanang wadon mau jenenge Mbah Kari Beker lan Mbah Nini Beker. Mbah Kari Beker iku bojone Mbah Nini Beker.
Antarane Mbah Kari Beker lan Mbah Nini Beker kaliyan Mbah Mangun Jati lan Mbah Mangun Sari iku padha-padha sedulur tunggal guru. Sing dimaksud sedulur tunggal guru yaiku dudu tunggal sedulur kandung nanging padha padha tau maguru utawa golek ilmu ing padepokan ing negeri sebrang. Bareng wis padha-padha manggon ing alas sing isih durung tau dipanggoni manungsa iku mau, para sedulur papat iku padha babat alas utawa resik-resik alas. Bareng wis padha resik kabeh banjur diadege omah-omah kanggo panggonan sedulur papat iku mau. Sandhang karo papan wis padha duwe nanging bab pangan, sedulur papat iku durung bisa nyukupi kabeh. Banjur padha mikir gawe ladhang dhewe sing bisa ditanduri pari, kacang, jagung, maneka warna tetaneman palawija lan sapiturute. Dina esuke, Mbah Mangun Jati, Mbah Mangun Sari, Mbah Kari Beker, lan Mbah Nini Beker padha bedhog utawa macul lemah, diluku, digaru, dibanyoni, banjur ditanduri bibit pari. Bareng wis limolas dina, pari dirabuk utawa diwenehi pupuk, sedurunge diwenehi pupuk, suket-suket ing tanduran pari mau dijabuti sing biasane diarani matun.
Akhire sedulur papat mau padha duweni sawah dhewe-dhewe. Nanging sing nyekel sawah iku utamane yaiku Mbah Mangun Jati lan Mbah Mangun Sari, amarga anane Mbah Mangun Jati lan Mbah Mangun Sari iku pernah sedulur tuwa dibanding karo Mbah Kari Beker lan Mbah Nini Beker. Sedurunge bibit pari di tandur lan sakwise pari dipanen, sawah mau diamong-amongi utawa didongani dhisik, among-among iku gunane supaya bisa lancar pangane, panene bisa kasil kaya sing dikarepake lan supaya lemah sing bakal dipacul ora kaget lan bisa subur. Sawah sing ditanduri Mbah Mangun Jati lan Mbah Mangun Sari, Mbah Kari Beker lan Mbah Nini Beker iku dijenengi sawah segembok. Segembok iku asale saka tembung gembok sing duweni maksud kunci. Kunci dhewe dimaksudke supaya papan panggonan sing dipanggoni lan lahan sawah sing wis digarap ora ana sing bakal ngrusak utawa njupuk amarga wis dikunci dening sedulur papat iku mau. Saka tembung kunci iku mau banjur papan panggonan sing dipanggoni Mbah Mangun Jati lan Mbah Mangun Sari, Mbah Kari Beker lan Mbah Nini Beker, banjur diarani utawa dijenengi Kuncilan. Asline jenenge desa Kuncilan nanging mulai jaman biyen sakwise Mbah Mangun Jati lan Mbah Mangun Sari wafat, olehe warga masyarakat desa Kuncilan diarani desa Kancilan. Nganti sakiki jenenge tetep desa Kancilan amarga luwih gampang pangucapane. Desa Kuncilan dhewe duweni maksud padha karo sawah segembok yaiku desa utawa papan panggonan sing wis dikunci dening Mbah Mangun Jati lan Mbah Mangun Sari. Dikunci maksude supaya desa Kancilan tetep aman ora ana barang-barang utawa bab-bab sing ala sing mlebu. Desa Kancilan dhewe dibagi loro, yaiku Depok lan Kancilan. Depok dipanggoni Mbah Mangun Jati dene Kancilan dipanggoni Mbah Mangun Sari. Depok iku ana ing desa Kancilan sisih wetan dene Kancilan iku ana ing sisih kulon.
            Bareng Mbah Mangun Jati lan Mbah Mangun Sari wafat, loro-lorone padha digawekake pundhen ing tengah-tengahing pesareyan depok lan pesareyan kancilan. Pundhen-pundhen iku isih ana nganti saiki. Dene Mbah Kari Beker lan Mbah Nini Beker ana ing pesareyan biasane, ora digawekake pundhen kaya Mangun Jati lan Mangun Sari amarga isih luwih sepuh Mbah Mangun Jati lan Mbah Mangun Sari. Nganti saiki sing dadi sesepuh ing desa Kancilan yaiku Mangun Jati lan Mangun Sari. Amarga sing menehi jeneng dadi desa Kancilan iku ya Mbah Mangun Jati lan Mbah Mangun Sari. Nganti saiki uga, sapa wae warga masyarakat desa Kancilan sing duweni gawe, arep mantu utawa liya-liyane, iya kudu sowan ing pesareyane Mbah Mangun Jati ing Depok lan sowan ing pesareyane Mbah Mangun Sari ing Kancilan karo nggawa sesaji ayam ingkung lan didongani bareng-bareng. Biasane uga padha ngaji ing pesareyane Mbah Mangun Jati lan Mbah Mangun Sari. Kabeh warga masyarakat ing desa Kancilan nganti saiki tetep nglestarekake tradisi sowan ing pesareyane Mangun Jati lan Mangun Sari. Ora mung pas arep ana gawe nanging ing wayah wulan suro, ruwah, poso, lan syawal. Amarga Mbah Mangun Jati lan Mbah Mangun Sari iku sing mbaureksa utawa dianggep nguasani desa Kancilan mula nganti saiki dihormati banget.

V REG ’05
















ASAL USULE
DESA TELUK AWUR JEPARA

Jaman biyen ana sawijine Syeh kang manggon ing dusun Jondang, udakara 3 km sakulone Jepara. Syeh kuwi asmane Syeh Jondang. Syeh Jondang kuwi priya sing bagus rupane. Syeh Jondang duwe garwa, asmane Ni Badralangu. Ni Badralangu kuwi wanita sing sulistya ing budi lan pancen ayu tenan. Wong loro padha urip bebarengan kanthi tentrem, andum rasa asih. Ana apa wae mesti dilakoni bebarengan. Sing sabenere penggalihe Syeh Jondang lagi nandang susah amarga kelangan adhi lanang sing banget ditresnani. Syeh Jondang ora reti ana ngendi saiki adhine tunggal welad kuwi. Syeh Jondang banjur ngumbara nggoleki adhine. Sasuwene ngumbara nggoleki adhine penggalihe ora tentrem amarga tansah kelingan marang garwane sing banget ditresnani yaiku Ni Badralangu sing ana ing omah dhewe.
Syeh Jondang duweni karep buka tegalan. Tegalan kuwi arep ditanduri pari lan jagung kanggo pangan sedinane. Lemah sing kanggo tegalan kuwi ora adoh panggonane saka daleme Syeh Jondang. Wiwitane Syeh Jondang sregep anggone nyambut gawe, nanging saya suwe gaweyane ora dirampungake, amarga tansah kelingan marang Ni Bdralangu. Saben dina mung wira-wiri saengga tegalane ora diopeni kanthi bener. Ni Badralangu dadi prihatin, reti yen pegaweyane ing tegalan ora rampung-rampung dening Syeh Jondang.
Ing sawijine dina, Syeh Jondang bali saka tegalan, nanging lagi saka omah, mula Ni Badralangu gumun. Ni Badralangu celathu, “Kangmas apa nggone buka tegalan wis rampung, sesuk wis arep ditanduri jagung ta?”
Krungu celathune garwane, Syeh Jondang mung mesem banjur mangsuli, “Ni Badralangu, tegalane durung rampung mula ya durung bias ditanduri.”
“Kangmas, apa ana alangan sajrone panjenengan buka tegalan? Apa ana sing ngridhu penggalihe Kangmas, saengga ora rampung-rampung nggone buka tegalan.”
Ni Badralangu, sasuwene iki atiku ora kepenak yen ninggalake sliramu dhewe ing omah. Lagi sedhela wae tekan tegalan, Kangmas pengin cepet mulih amarga kelingan pasuryane Dhiajeng.”
“Ah, Kangmas ki ana-ana wae. Dhewe k iwis ora nganten anyar maneh tur wis suwe nggone urip bareng lha kok isih kaya wong sing lagi kasmaran wae.”
“Pancen mengkono nyatane, Dhiajeng. Menawa Kangmas nyambut gawe suwe ana tegalan mesthi tansah kelingan pasuryanmu.”
“Yen ngono, Dhiajeng duwe cara supaya Kangmas bias nyambut damel kanthi rasa tentrem menawa Dhiajeng ing omah dhewe. Kangmas damel gambare Dhiajeng banjur gambare diasta menawa Kangmas nyambut dame ling tegalan, kanthi cara iki Kangmas ora grusa-grusu nggone nyambut damel.”
“Bener kandhamu Dhiajeng. Iya mengko Kangmas wiwit nggawe gambarmu.” Syeh Jondang wiwit nggambar Ni Badralangu. Dhasare wis pinter nggambar mula asile ya apik lan maremake. Antarane pasuryane Ni Badralangu lan gambare ora ana bedane. Esuke Syeh Jondang bias nyambut gawe kanthi ati kang ayem tanpa grusa-grusu pengin mulih ngomah. Ing tegalan gambare Ni Badralangu diselehake ana ing lemah banjur ditindhihi lemah supaya ora katut angin, banjur Syeh Jondang megawe kanthi sengkut.
Ing sawjine dina, Syeh Jondang macul kanthi sengkut, dumadakan ana angin gedhe ngaburake godong-godong garing lan gambare Ni Badralangu uga melu katut angina. Syeh Jondang nggoleki gambare garwane, nanging ora ketemu. Penggalihe Syeh Jondang dadi sedhih.
Ana pawarta yen gambare Ni Badralangu kuwi katut angina nganti tekan keratin, sing rajane isih mudha. Raja kuwi pirsa gambare Ni Badralangu. Barang pirsa gambare Ni Badralangu sing sulistya ing warna, Raja dadi kasengsem lan marakake rasa tresna ing atine. Esuke Raja dhawuh marang patih lan perjurite nggoleki sapa sejatine wanita ing gambar kuwi. “Aja nganti mulih ing keraton yen durung bias nemokake sapa sejatine wong ayu ing gambar kuwi,” ngendhikane Sang Raja.
Nggone nggoleki wong wadon sing ana gambar kuwi yaiku Ni Badralangu pranyata butuhake wektu sing ora sedhela. Sakwise nepungake, sang patih banjur ngendika yen dheweke diutus Raja nggoleki wanita ing gambar kuwi sing ora liya Ni Badralangu. Barang krungu ngendikane sang patih, Syeh Jondang sedhih atine amarga bakal kelangan Ni Badralangu, nanging dheweke kudu manut marang prentahe Sang Raja. Ing jero penggalihe Syeh Jondang mikir, kepriye carane supaya Ni Badralangu bisa dadi duweke maneh. Sadurunge Ni Badralangu diboyong ing keraton, dheweke pamit lan janji prasetya marang Syeh Jondang. Ni Badralangu njaluk marang Syeh Jondang supaya diparani ing Keraton.
Syeh Jondang goreh atine nggone mikir kepriye carane supaya bisa nemoni garwane. Syeh Jondang duwe cara yaiku kanthi nyamar dadi tukang kentrung. Syeh nabuh kentrung karo ngubengi kraton lan asring ing keputren. Ni Badralangu reti yen kuwi Syeh Jondang, sigaraning nyawa sing banget ditresnani. Ni Badralangu jaluk marang Raja, ditanggapna tukang kentrung sing ora liya ya Syeh Jondang.
Krungu panjaluke Ni Badralangu, Sang Raja ngendika, “yen sliramu pancen seneng, aku dak ngutus punggawa keratin supaya nggoleki tukang kentrung kuwi. Kekarepane Syeh Jondang bisa keturutan, ketemu Ni Badralangu. Syeh Jondang ngnetrung ing kraton. Ni Badralangu jaluk marang Raja supaya tukang kentrung asring ditanggap ing kraton kanggo nglipur atine. Sinuwun nuruti apa wae kang dadi pepengine bakal bojone kuwi, nanging sinuwun ora reti yen kuwi mung akal-akalane Ni Badralangu supaya bias asring ketemu Syeh Jondang.
Ni Badralangu kekarepane saya rena-rena. Dheweke jaluk marang Sang Raja supaya digolekake bukur bondhan ing segara. Yen pancen sinuwun tresna lan pengin Ni Badralangu dadi garwane mula sinuwun kudu bias nuruti kekarepane Ni Badralangu sing pungkasan iki. Bukur bondhan kuwi kudu Sang Raja dhewe sing golek.
Sang Raja wis kadhung tresna marang Ni Badralangu, mula apa wae kang dadi kekarepane mesthi dituruti. Sang Raja nyamar dadi tukang miyang banjur menyang segara saperlu golek bukur bondhan. Rasukane ditinggal ing kraton. Ni Badralangu rada gumun nalika Sang Raja buka rasukane, pasuryane mirip karo garwane, nanging arep kaya ngapa rasa tresnane isih kanggo Syeh Jondang, guru lakine.
Nalika Sang Raja menyang segara, kanthi sesingidan Syeh Jondang mlebu kraton. Syeh Jondang ngagem rasukane Sang Raja sing ditinggal mau. Ni Badralangu gumun, pirsa pasuryane garwane sing mirip karo Sang Raja. Sinuwun sing sejatine Syeh Jondang kuwi gawe rantaman arep ngumpulke perjurit. Para perjurit ora ana sing cubriya yen sing ngendika kuwi dudu rajane. Syeh Jondang ngendika, “Ing wektu iki negarane dhewe ana ing bebaya, ana musuh sing nyusup ing negarane dhewe. Saiki musuhe dhewe nyamar ana ing teluk dadi tukang miyang. Mula ayo padha dicekel banjur dipateni, supaya negara kalis saka bebaya.
Barang krungu prentahe Syeh Jondang, para perjurit budhal menyang segara utawa teluk. Pancen bener ing teluk kuwi ana wong sing lagi nggolek bukur. Para perjurit banjur ngepung lan mateni wong mau. Nalika dikepung kuwi wong sing sejatine rajane kuwi ngendika, “He rakyatku, geneya padha nyerang aku, aku iki rajamu, aja ngawur wae.”
Para perjurit ora ana sing nggantekake rajane, nganti rajane seda amarga diserang dening perjurit dhewe. Mayite Sang Raja digawa menyang kraton supaya Raja percaya yen wong miyang kuwi wis mati. Krungu pawarta iki Syeh Jondang lan Ni Badralangu seneng banget, nanging rasa bungahe kuwi ora suwe barang reti yen raja sing dipateni kuwi sejatine adhine Syeh Jondang sing wis suwe ilang. Syeh Jondang banget nggone getun nganti ngungun, amarga wis ngutus perjurit mateni adhike, lan perjurit kuwi ngawur mateni rajane.
Keraton lagi belasungkawa. Sakwise adhike di kubur, Syeh Jondang diangkat dadi raja, ngganteni adhine. Kanggo ngelingi adhine sing wis dipateni dening perjurit sing ngawur kuwi, teluk kuwi diwenehi jeneng “Teluk Awur” dening Syeh Jondang. Saiki desa sing cedhak karo teluk kuwi diwenehi jeneng Teluk Awur.

Sri Kuncoro ‘05


Asal Mulane Desa “Wirun”

Ing kabupaten pati ana desa sing diarani desa Wirun. Desa Wirun ana ing kecamatan Winong kabupaten Pati propinsi Jawa Tengah. Sejarah ngadege desa Wirun ana ing jaman Majapahit. Nalika jaman semana ana wanita sing Jenenge Lasiah utawa sing diundang kanthi jeneng mbah Ndhawik. Nalika semana Lasiah lagi nggoleki kang mase sing jenenge Citra Bangsa Lan Rante Wulung, Citra Bangsa uga lagi mbabad alas ana ing kabupaten pati.
Citra Bangsa wis mbabad alas Sing diwenehi jeneng Alas Mojorembun, dijenengake Majarembun amarga ing alas kuwi ditemokake wit Maja ing jaman Majapahit. Desa Mojorembun uga isih sakelurahan karo desa Wirun. sawise mubeng anggone nggoleki Citra Bangsa lan ketemu ing Mojorembun, dheweke uga mbabad alas ing sisihe alas sing dibabad Citra Bangsa.
Nalika mbabad alas Lasiah uga ndhuduk sumur ana ing tengah sawah, lan ing sisishe sumur kuwi ana wit ase singumure wis tuwa banget lan nganti saiki sumur lan wi asem kuwi iseh. Sumur kuwi diarani sumur sawah, amarga panggonane ing tengah sawah. Nadyan sumur kuwi digawe lan ora disemen nanging banyu ing sumur kuwi tetep bening lan ora tau asat nadyan lagi etiga dawa. Uga banyu ing sumur kuwiora asin kaya sumur-sumur liyane sing ana ing desa,. Mula akeh wong sing padha ngangsu kanggo ngombe, lan sing ngangsu sing sumur kuwi ora mung wonng saka desa wirun nanging uga saka desa-desa sisihe. Sumur kuwi sing dadi peninggalane. Lan ana ing cedhake sumur kuwi Lasiah di Makamke.
            Desa kuwi dijenengke desa Wirun amarga nalika kuwi Lasiah pinter miru jarik. Amarga kepintarane miru jarik, mula desa kuwi dijenengake desa wirun. Amarga kepinterane miru jarik, akeh wong sing kepengin njaluk lan njukuk sarta nduweni jarike Lasiah. Jarik sing di wiru Lasiah keprungu tekan ngendi-endi, saengga akeh wong sing kenal karo Lasiah amarga kepinterane mau. Mula akeh wong sing padha mara Salah sijine sing kepengin nduweni jarike Lasiah yaiku Danyang (wong sing mbabad alas ngedegake desa) Pulorejo (Mbingung), danyang Bumiharjo (Mbothok) lan Dhanyang  desa Tanggel.
            Amarga ora diwenehi mula wong-wong kuwi pada tumindak serik lan nduweni kekarepan sing ala. Saengga padha meksa supaya diwenehi jarike. Pungkasane jarike Lasiah dicolong. Ngerti yen jarike dicolong, Lasiah susah lan nesu. Saengga kakane uaga melu nesu, muka kakange njaluk karo Lasiah supaya bisa nemukake jarike. Lasiah pamitan karo kakange kanggo nggoleki lan ngoyak wong sing nyolong jarike. San saya suwe Lasiah ngerti sapa wonge sing nyolong jarike. Wong sing nyolong jarike yaiku danyang Mbingung. Mula kanthi tekad sing kuat Lasias ngoyak danyang Mbingung kanggo njaluk supaya jarike mbalik.
            Ana ing tengah sawah (alas) lasiah perang karo danyang Mbingung. Ing peperngan kuwi danyang mbingung kalah lan mlayu. Lan lasiah kasil njukuk jarike sing dicolong. Nanging kanca-kancane padha ora trima lan padha ngoyak Lasiah, Lasiah mlayu ndhelik ana ing tengah alas. Ngerti yen adhine lagi dioyak-oyah, Cirtra Bangsa nggoleki Lasiah ana ing alas. Sawise ketemu, lasiah didhelikake. Amarga Lasiah iseh digoleki mula Lasiah nyamar supaya wong-wong padaha ora ngerti.
            Sawise wis ora geger maneh Lasiah bali ana ing desa Wirun. Lasiah banjur ngomong yen wong Wirun ora kena rabi karo wong Mbingung. Mula nganti wektu sing suwe ora ana sing wani nglanggar omongane mau. Nanging kairing majune jaman siki wis ana sing nglanggar pantangan kuwi. Lasiah uga ngomong yen sumur ing tengah sawah kuwi banyune ora asin, ora kaya banyu ing sumur-sumur liyane ing desa. Amarga yen sumur kuwi asin mula ora ana sing bakal ngangsu lan oara bakal ana sing ngopeni.
            Sawise kuwi Lasiah nerusake anggone mbabad alas kanggo nggedhekake desane. Lan nglestarekake uga nularake kepinterane miru jarik karo anak putune.
            Amarga pinter Lasiah (mbah Ndhawik) pinter miru jarik mula yen ana reja-rejane jaman desa kiwi dijenengka desa Wirun. Mula kuwi Lasiah njaga lan nduweni tanggung jawab sing abot supaya jarike ora ilang maneh. Lsiah susah yen jarike ilang maneh.
            Kanggo ngormati perjuangane Lasiah sing ngadegake lan mbabad alas ing tanah Wirun, mula yen saben taun dianakake tasyukuran lan kirim donga. Tasyukuran kuwi diarani sedekah bumi, utawa nyedekahake asil bumi, lan ngresiki desa biyasane dianakake saben sasi Apit. Lan dianakake tanggapan, biyasane kethoprak sing dhuwite saka dhuwit sing dikumpulake dening warga desa Wirun. Kuwi salah sijine crita rakyat ing kabupaten pati, lan yen ana kurang luwehe crita, kula minangka sing nulis crita nyuwun pangapura. Nuwun.

H Adhi K ‘05


                       










ASAL USUL JENENG KARANGANYAR

Desa Karanganyar iku melu kecamatan Welahan kabupaten Jepara. Saiki cacah wargane ana 1.446 warga. Dingeti saka panggonane, daerah iki wates kabupaten Jepara karo Demak. Kejawan daratan teka segara lor jawa sing ombone 87 hektar, ana hamparan tambak iwak lan rawa – rawa. Uripe makmur lan tentrem, masyarakate penggawehane akeh saka petani, nanging uga ana sing dadi pedagang lunga metu saka pulau Jawa misale Kalimantan, Malaysia, Sumatra lan liyane. Akeh sing petani amarga kiwa lan tengene desa kuwi diubengi sawah, jaman samana penduduke elehan utawa pindahan saka desa pinggire yaiku norowito, dadine penduduke cacahe mung sithik.
Sadurunge ana omah – omah penduduk desa iki iseh rupa rawa – rawa sing sisihe ana kali/lepen. Kali iku jenenge kali serang sing banyune akeh, kanggo nggunaake mbayuni sawah sing ditanduri pari kanggo kebutuhan lan nyukupi ekonomi.
Warga tani sing iseh nyekel tradisi zaman kuna, ana cara sing kanggo nyalurake pengetahuane saka basa, kegunaane basa iki digunakake kanggo warna – warna , kaya wae ing panguripan saben dina, upacara adapt lan upacara agama sing luwih nggunakake basa Jawa.
Zaman biyen sadurunge desa iki dadi maju, ana perkawis sing kudu dingerteni asal – usule kenapa bisa diarani utawa duwe jeneng Karanganyar. Saiki desa wis maju, perkembangane cepet, dadi langka bocah sing mangerteni piye kok bisa duwe jeneng  kaya ngana, ngertine mung manggoni.
Biyen sadurunge jeneng Karanganyar, desa Norowito iku sing asale dipanggoni para warga, nalika manggoni desa iku akeh warga sing padha dimalingi, saben dina mesthi ana perkara kuwi yaiku kemalingan, dadine warga padha mlayu pindah lunga sisihe/tangga desane sing adohe ora sepira adoh saka asale kana, biyen wargane mung sithik bisa diitung, nanging sansaya suwe tambah akeh. Zaman biyen nalika dijajah PKI riwayate susah, mangane bonggol gedhang karo onggok ora mangan sego apa maneh buah.
Wujud utawa bentuke Karanganyar iku akeh kalen, ngarep desa ana kalen gedhe lan mburi ana sawah karo kalen cilik sing diarani larik, kalen sing amba ya ana, sing cilik digunakake kanggo pengairan uga dawane nganti ngubungake liya desa. Saking akehe warga sing dadi tani dadine kalen iku penting, didadekake wadah pengairan kanggo kaperluan tandurane yaiku pari karo jangan kayata : jagung, kacang, kangkung, delai, krai, tomat, waloh, gambas lan liya-liyane. Ana kalen sing dijenengi kalibom iku bentuke amba, banyune pasang surut miturut musime, gedhene kalen iku watese ana ing bongpes yaiku iso kembung karo kempes. Kalen sing amba nak wayah rendeng mesthi banjir, sanajan sakiki wis maju terus ora kena banjir, nanging nak ngilingi zaman biyen nalika wayah rendeng tiba, banyune banjir nganti ngarep omah lan ratane uga ketutupan banyu. Nalika ana wayah rendeng, kalen iku banjir, ing desa iki ana mayat mandeg cacahe loro wedok kabeh, ora ana sing ngakoni, jare para warga padha ngira klintiran saka tanjung, yaiku desa sebrang wetan melu kabupaten Demak sing adoh saka desa iki. Warga sing nemukake padha rame amarga mayit loro mau ora ana sing ngerti asal – usule saka ngendi, lajeng wonten salah satunggaling warga sing menehi jeneng den ayu Ndaru karo den ayu Surti.
Iso ana utawa dadi jeneng Karanganyar iku amarga ana wong sing klinter neng kalen lajeng mbanggok neng salah sijine wit karang, wong kuwi di jenengake mbah ndaru. Ora ana ngerti asale saka endi mayit mau, penduduk pada geger. Mayit mau terus dikubur ana ing pinggir wit karang sing ditemuake neng panggonan mau, wong sing nemuake mayit mau wenehi jeneng Karanganyar yaiku amarga mandeg ana ing wit karang, anyar yaiku wong anyar sing ditemukake. Dadine wong sing nemukake mau dadiake mbah ndaru iku tiyang sesepuh keturunan ana ing desa iku. Sak iki panggonan mau didadekake Tempat Pemakaman Umum/ TPU ana ing desa Karanganyar.  Desa iki wis maju akeh penduduk sing kasil oleh nyambut gawe, hawane asrep ana kalen – kalen akeh sing digunakna kanggo pengairan. Tandure wis maju, kasile dikirim lunga adoh sing bisa dicegerake kanggo nglangsungake ekonomi para warga.

Unyil ‘05
































R.A. KARTINI

Nalikaning RA.Kartini lair, Ramane isih dadi Wedono Mayong, ibune klairan saka desa Teluk Awur yaiku Mas Ajeng Ngasirah kang statuse Garwo Ampil. RMAA. Sosroningrat, ramane RA Kartini kawin nalika taun 1872 lan RA Kartini lair nalika taun 1879. Dheweke anak nomer lima saka RMAA Sosroningrat lan urutan kang kaping papat saka ibu kandung Mas Ajeng Ngasirah. Simbahe RA Kartini saka ibune yaiku salah sijine ulama gedhe nalika jaman semana, kang asmane Kyai Haji Madirono lan Hajah Siti Aminah.
Bojo kang nomer loro saka Ramane kang nduweni status garwo padmi yaiku anak bangsawan kang dinikahi nalika taun 1875 keturunan langsung saka bangsawan agung Madura yaiku Raden Ajeng Woeryan anak saka RAA Tjitrowikromo kang nduweni jabatan dadi Bupati Jepara sadurunge RMAA Sosroningrat. Perkawinan saka bojo loro – lorone mau nglairake keturunan kang cacahe ana 11 (sewelas) putra.
Hawa seger kang sapisanan dirasakake dening RA Kartini yaiku ing desa Mayong,22 km sadurunge mlebu jantung kutha Jepara. Neng desa Mayong mau RA Kartini dilairake dening ibu saka kalangan rakyat biasa kang didadekake garwo ampil dening Wedono Mayong RMAA Sosroningrat. Anak kang lair yaiku nduweni tetenger kayata; mripate bunder blalak – blalak suminar manjerake cahyo kang padhang, kaya – kaya ngadhep masa depan kang kebak tantangan. Dina tansah lumaku, RA Kartini gedhe ana ing tengahing ketentreman lan kesarasan, dheweke kepengin polah, mlayu mrana – mrene ora ana kang nglarang. Kang gawe atine seneng yo dilakokake. Amerga kebebasan lan kegesitane kuwi mau dheweke dijenengake “TRINIL “ dening ramane. Banjur taun 1880 lair RA Roekmini saka garwo padmi. Nalika taun 1881 RMAA Sosroningrat diangkat dadi Bupati Jepara lan dheweke sakeluarga pindah omah ana ing Rumah Dinas Kabupaten neng Jepara. Ing taun kang padha adhine lair, dijenengake RA Kardinah. Si Trinil seneng banget amerga saiki ana kancane dolanan. Lingkungan Pendopo Kabupaten kang amba tur megah kuwi tansaya menehi kasempatan tumrap kebebasan lan kegesitane saben – saben polahe RA Kartini.
Sipat kang sarwa pengin weruh tumrap apa wae dening RA Kartini kuwi kang ndadekake wong tuwane saya nggatekake perkembangan jiwane. Pancen kawit cilik RA Kartini kuwi bocah kang paling cerdas lan kebak inisiatif dibandingake karo sedulure wadon liyane. Jalaran sipat kepemimpinan RA Kartini kang apik, sahingga ora tau ana perselisihan ing antarane dheweke. Wong telu kuwi mau, yaiku RA Kartini, RA Roekmini lan RA Kardinah diarani “TIGA SERANGKAI” sanajan RA Kartini rada diistimewakake saka liyane.
Nalika RA Kartini mulai sekolah ing “Europese Lagere School” dheweke seneng banget amerga sipat kang diduweni lan kepinterane kang luwih kuwi mau ndadekake yen dheweke cepet lan gampang disenengi dening kanca – kancane. Klawan kecerdasan otake kanti gampang bisa nyaingi anak – anak Belanda. Ing basa Belanda uga RA Kartini bisa diandalake. Nalika preinan kang sepisanan nyedaki unggah – unggahan kelas, Ny.Ovink Soer lan bojone ngajak RA Kartini uga adhi – adhine, Roekmini lan Kardinah mlaku – mlaku ing pante Bandengan, kira – kira 7 km saklore kutha Jepara, yaiku salah sijine pante kang endah klawan wedhi putih kang sarwa nengsemake, tumrap kang digambarake lewat surat – surate marang kanca – kancane yaiku Stella ing Negara Belanda. Kartini lan adhi – adhine ngetutake Ny.Ovink nggolek karang karo playon entho – enthonan ngadohi ombak, RA Kartini takon marang Ny.Ovink apa jenenge pante kuwi mau, banjur dijawab singkat dening Ny.Ovink yen pante kuwi mau jenenge Pante Bandengan. Banjur Soer kandha yen neng Holland uga ana salah sijine pante kang meh padha karo pante Bandengan, jenenge “Klein Scheveningen”. Ora njarak RA Kartini nyela…..”Yen ngono, jenenge pante Bandengan iki dijenengi kanti aran Klein Scheveningen wae”. Ana ing pante kuwi RA Kartini lan Mr Abendanon nganakake rembugan “empat mata” kang ana kaitane karo panjaluke supaya diijinake sekolah neng negeri Belanda, sanajan akhire secara resmi panjaluke marang pemerintah Hindia Belanda ditarik maneh lan biaya kang wus dicawisake kanggo RA Kartini diwenehake dening salah sijine pemuda saka Sumatera, yaiku Agus Salim (KH.Agus Salim).
Pirang – pirang taun sawuse ngrampungake pendhidhikan ing Europese Lagere School, RA Kartini nduweni kekarepan kepengin nutukake pendidikan ing tingkatan kang luwih dhuwur, nanging ananing rasa mamang, ragu ing atine RA Kartini amerga ananing peraturan adat kanggone kaum ningrat yen wanita kaya dheweke kudu nglakoni pingitan.
Pencen wus wayahe RA Kartini nglakoni mangsa pingitan amerga umure wus 12 taun luwih. Kabeh mau kanggo keprihatinan lan kapatuhan marang tradisi dheweke, kudu pisah saka kahanan njaba lan kakurung dening tembok Kaputren.. Ruang pingitan kang digunakake mingit RA Kartini yaiku kamar kang ukurane 3x4 meter. Artine di pingit yaiku mbatesi ruang gerak salah sijine anak wadon kang ngidak dewasa, kanti ora dientuki metu saka ngomah kanti tujuan ngenteni lamaran saka wong kang ora dikenal dening dheweke mau. RA Kartini dipingit klawan wates ngarep ana rono lan mburi ana tembok kang dhuwur banget lan dijaga dening para punggawa.
Kanti semangat lan ora kenal putus asa RA Kartini nambah kawruhane tanpa sekolah amerga dheweke sadar yen karo ngalamun lan nangis ora bakal ana asile, “Kapan aku bisa pinter?”. Banjur siji – sijine dalan kanggo ngentekake wektu yaiku kudu tekun, tlaten maca buku apa wae kang diduweni saka kakange lan ramane.
Dheweke uga tau ngajukake lamaran kanggo sekolah klawan beasiswa neng Belandha lan diijinake dening Pemerintah Hindia Belanda, nanging klawan akehe pertimbangan banjur beasiswa mau diserahake dening bocah liyane kang akhire jenenge dadi kasuwur yaiku H. Agus Salim.
         Sanajan Kartini ora duwe kesempatan nutukake sekolah, nanging Kartini rampung nuntun remaja putri priyayi, bumi putra ning serambi Pendopo mburi Kabupaten. Nalika semana wis dikenalake istilah Kriya ing pelajarane. RA. Kartini wus ngrampungake lukisan karo cat minyak nanging murid-murid sekolah isih nggarap, garapane tangane dhewe-dhewe, ana sing njahit lan ana sing nggawe pola utawa wujud-wujud dasar nggawe sandhangan
         Ananing   Bupati RMAA Sosroningrat lan Raden Ayu lagi nrima tamu yaiku utusan kang nggawa surat lamaran saka Bupati Rembang Adhipati Joyodiningrat kang wus dikenal dadi Bupati kang nduweni pandangan maju lan modern. Tanggal 12 Nopember 1903 RA. Kartini banjur nglangsungake pernikahane karo Bupati Rembang  kuwi mau kanti sederhana apa anane.***
         Nalika kandungane RA Kartini wus umur 7 sasi, RA Kartini rumangsa kangen kang banget jerone dening ibune uga kutha kelairane yaiku kutha Jepara kang nduweni kenangan selawase urip awit lair nganti arep nduwe bojo. Bojone uga wis nyoba nglipur atine supaya seneng klawan swara-swara gamelan lan tembang-tembang kang dadi kasenengane nanging kabeh mau gawe dheweke lesu.
                 Nalika tanggal 13 September 1904 RA Kartini nglairake bayi lanang kang dijenengake Singgih/ RM Soesalit. Nanging kahanane RA Kartini tansah payah, ora nduweni daya maneh sanajan wis nglakoni perawatan khusus, sahingga akhire nalika tanggal 17 September 1904 RA Kartini unjal ambegan kang terakhir nalika umure 25 taun.***
ILSILAH KELUARGA RA KARTINI
Prabu Brawijaya (Raja Majapahit)
Lembu Niryoso (Panembahan Bromo)
Menak Simbar (Adipati Puger)
Menak Simende (Adipati Blambangan)
Menak Gendru (Adipati Babadan)
Menak Werdati Lumajang Tengah (Adipati Toposono)
Menak Lumpat Blambangan (Sinuhun Rebut Payung)
Menak Kedawung Blambangan (Sinuhun Wawalangan)
Lanang Dengiran (Kyai Brondong)
Pangeran Onggowijoyo
Tumenggung Tjondronegoro I (Bupati Surabaya)
Adipati Ario Tjondronegoro II (Bupati Pati)
Adipati Ario Tjondronegoro III (Bupati Kudus)
Pangeran Ario Tjondronegoro IV (Bupati Demak)
Garwo Padmi RA Woeryan → RMAA Sosroningrat (Bupati Jepara) ← Garwo Ampil MA Ngasirah


Garwo Padmi dengan RMAA Sosroningrat melahirkan putra :
  1. RA Sulastri Tjokrohadisosro Selasa Kliwon, 9 Januari 1877
  2. RA Roekmini Santoso Ahad Paing, 4 Juli 1880
  3. RA Kartinah Dirjoprawiro Ahad Legi, 3 Juni 1883
Garwo Ampil dengan RMAA Sosroningrat melahirkan putra :
  1. RM Slamet Sosroningrat Ahad Legi, 15 Juni 1873
  2. Pangeran Ario Sosrobusono Senin Legi, 11 Mei 1877
  3. RM Panji Sosrokatono Rabu Paing, 10 April 1878
  4. RA Kartini Djoyogadiningrat Senin Paing, 21 April 1879
  5. RA Kardinah Reksonegoro Selasa Paing, 1 Maret 1881
  6. RM Sosromulyono Ahad Wage, 26 Desember 1885
  7. RA Sumantri Sosrohadikusumo Ahad Wage, 11 Maret 1888
RM Sosrorawito Senin Kliwon, 16 Oktober 1892


                                                                             Siti Ernawati ‘05



Gapura Majapahit

Gapura ana ing desa Rondole kecamatan Margorejo kabupaten Pati iku saka Majapahit. Bangunan kuwi salah sawijine gapura kaputren Majapahit. Gapura kuwi bisa ana ing desa Rondole nduweni riwayat nganeh-anehi.
Riwayat iku wiwit nalika sunan Muria arep nggawe masjid Muria. Wali lan ulama nggagas, yen masjid iku sakprelu diwenehi gapura ing ngarep masjid. Sunan Muria nggagas yen ing Majapahit nduweni gapura akeh sing ora dienggo maneh lan isih ketok apik.
Nalika isih rerembugan ing pendapa, ana priya gantheng marani sunan Muria. Periya iku ngaku putrane sunan Muria, krungu yen periya iku putrane, sunan Muria kaget. Periya iku crita asal-usul lan riwayate. Periya iku nduweni jeneng Bambang Kebo Nyabrang. Nalika sunan Muria arep niliki santrine eng desa Ngerang, ing kali Bangsri banjir. Banjur sunan Muria nggoleki papan sing iso kanggo nyebrang. Nalika nggoleki, ana kebo wedhok nyedhaki sunan Muria. Amarga sunan Muria nduweni kasekten, kebo wedhok iku banjur ditumpaki kanggo nyebrang kali Bangsri sing isih Banjir. Ana ing sebrang kali, sunan Muria wis dienteni ki Ageng Amongrogo. Ulama iku banjur kangen-kangenan, wis suwe ora ketemu. Ana ing pesantren iku sunan Muria niliki santri-santrine sing padha ngaji ing kana. Sakwise bubar niliki santrine, banjur sunan Muria pamit balek ana ing Muria. Sakdurunge  mlaku, sunan Muria kudu nguyoh. Nalika sunan Muria nguyoh, lan kebo wedhok weruh, banjur kebo iku ndilati banyu uyohe sunan Muria. Amarga saking sektine sunan Muria, kebo iku meteng lan sing ing njero wetenge kebo iku dudu anak kebo, nanging anak manungsa sing diwenehi jeneng Bambang Kebo Nyabrang.
Keprungu critane Bambangn Kebo Nyabrang iku sunan Muria isih ora percaya yen Bambang Kebo Nyabrang iku anake. Kanggo mbukteake yen Bambang Kebo Nyabrang iku anake, sunan Muria ngongkon njupuk gapura eng kaputren keraton Majapahit ngantii tekan masjid Muria, sakdurunge srengenge methongol. Yen Bambang Kebo Nyabrang iso nglakoni sing dikon sunan Muria, dheweke bakal diakoni anake sunan Muria.
Esuke Bambang Kebo Nyabrang lunga menyang Majapahit dhewekan, ora ana sing ngancani. Eng dalan dheweke ketemu karo begal sing nyegat ing dalan, begal iku njaluk bekal sing digawa Bambang Kebo Nyabrang. Amarga Bambang Kebo Nyabrang nduweni kasekten, begal iku ora wani lan mlayu. Sakwise mlaku adoh,Bambang Kebo Nyabrang tekan ana ing keraton Majapahit. Nang kana dheweke nggolek gapura sing arep digawa menyang masjid Muria. Ana ing atine Bambang Kebo Nyabrang krasa yen ora kuwat nggawa gapura iki, kabeh kasektene wis dimetoake kanggo njunjung gapura iku. Nalika gapura bisa kaangkat, ana pawongan sing njaga gapura iku. Pawongan iku takon karo Bambang Kebo Nyabrang : “ Heh...ameh mbok apaake gapura iku?”. Bambang Kebo Nyabrang mangsuli : “ Arep aku gawa ana ing Muria, ana apa? Lan kowe iki sapa?”. “  Aku iki sing njaga gapura iki, jenengku Mangklu Alus!! Kena apa kowe arep nggawa gapura iki?” takone Mangklu Alus. Bambang Kebo Nyabrang mangsuli maneh : “ Gapura iki arep aku gawa menyang Muria, amarga sunan Muria sing ngongkon aku. Apa kowe ora ngerti aku? Aku iki Bambang Kebo Nyabrang anake sunan Muria”.  “Sakarepmu, pokoke kowe kudu ninggalake gapura iki yen ora kepengen aku pateni” wangsulane Mangklu alus. “ Apa kowe ora ngerti yen saiki keraton Majapahit iku neng ngisore kasultanan Demak lan wali kabeh?”. Amarga ora nuruti sing dikon Mangklu Alus, banjur dheweke adu kasekten. Mangklu alus kalah, banjur Bambang Kebo Nyabrang ngongkon Mangklu Alus nggawa gapura iki menyang Muria.
Neng liya panggon anake adipati Pati pesantenan sing nduweni jeneng raden Ronggo pengen ngepek bojo anake ki Ageng Ngerang sing jenenge Roro Mujiwat. Amarga raden Ronggo iku isih ponakane, Roro Mujiwat nduweni muslihat kanggo nolak. Nalika raden Ronggo menyang Ngerang, Roro Mujiwat nyambut kayak bibi karo ponakan. Banjur Roro Mujiwat ngutaraake kepingine mboyong gapura kaputren Majapahit tekan Ngerang. Saknalika iku raden Ronggo lunga menyang Majapahit kanggo mboyong gapura Majapahit.
Sakwise tekan Majapahit, radeen Ronggo kaget amarga gapura kaputren Majapahit wis ora ana. Raden Ronggo uga lunga ninggalake Majapahit menyang kulon. Raden Ronggo krungu yen gapura iku wis digawa uwong, raden Ronggo ngoyak nganti entuk. Neng dalan raden Ronggo ketemu Bambang Kebo Nyabrang karo Mangklu Alus sing nggawa gapura iku. Raden Ronggo njaluk gapura iku, nanging Bambang Kebo Nyabrang ora menehake. Amarga gapura iku ora diwenehake, banjur raden Ronggo adu kaskten karo Bambang Keebo Nyabrang. Nalika perang, kembang sing ana ing gapura iku ceblok, mila ana panggonan iku diwenehi jeneng “Sekarkurung” utawa sing nduweni makna “kembang kang ceblok”.
Perang diterusake maneh, nanging gapura isih digawa. Neng kulon Sekarkurung ana kedadean maneh, ganjal lawang gapura iku ucul, banjur daerah kuwi dijenengi “Jelawang” ( Ganjel Lawang ). Ing panggon liya desa perange mandheg. Amarga perange leren, desa iku diarani “Nduren” sing nduweni makna “Padu lan Leren”.
Nalika Bambang Kebo Nyabrang nerusake perang, sunan Muria ngendheake perang iku. Ana ing lereng bukit desa Gembong, sunan Muria weruh menawa srengenge wis methongol. Mila sunan Muria nduweni gagasan menawa gapura iku ora bisa digawa ana ing Muria. Amarga lereeng kanggo perang srengengene wis methongol,sunan Muria ngonong : “ Lha kae srengengene wus ceta wela-wela”. Lereng punika diarani “Trowelo” ( Ceta Wela-wela ). Sunan Muria ngandhel yen Bambang Kebo Nyabrang iku anake, nanging raden Ronggo ora seneng amarga Bambang Kebo Nyabrang diakoni sunan Muria sing nggawa gapura iku. Sunan Muria ngomong karo raden Ronggo : “ Ronggo sapa sing sakbenere nggawa gapura Majapahit iku?”. Raden Ronggo mangsuli kang gawa gapura iku dheweke, nanging ing dalan dijaluk Bambang Kebo Nyabrang. Kanggo mbuktekna sing nggawa raden Ronggo, sunan Muria ngongkon raden Ronggo ngangkat gapura iku, nanging gapura iku ora bisa kaangkat, nganti mripate raden Ronggo mondol lan ilate melet nanging gapura iku ora bisa kaangkat. Desa iku diarani karo sunan Muria desa “Rondole” sing nduweni arti raden Ronggo ( Ron ), Mondol ( Dol ), lan Melet ( Le ). Gapura iku ditingali sunan Muria, amarga patoke gapura iku ora ana, sunan Muria ngongkon raden ronggo njupuk. Raden Ronggo nduweni kesempatan kanggo mbuktekna karo Roro Mujiwat yen dheweke wis bisa nggawa gapura iku. Raden Ronggo tumuju ana ing Ngerang kanggo ketemu karo Roro Mujiwat. Sakwise tumuju ana Ngerang raden Ronggo ketemu karo Roro Mujiwat lan ngutaraake yen wis bisa nggawa gapura kaputren Majapahit. Nanging Roro Mujiwat wis ngerti crita sing sakbenere, mila ditolak tresnane raden Ronggo kanggo ngepek bojo. Amaraga ora trima raden Ronggo oara bisa ngendheaken amarahe, banjur Roro Mujiwat digebug nganggo patok kang wis digawa raden Ronggo. Kedadean iku ana ing desa Gembong.

Dwi “kebo” P ‘05










BADAR

Ana ing dhaerah Undaan kabupaten Kudus, ana bocah sing jenenge Badar. Badar kuwi bocah yatim. Nalika isih umur nem taun dheweke wis ditinggal mati bapake, sahingga dheweke manggon ing dhaerah Undaan karo ibune.
Sakwise ditinggal bapake, Badar  uripe rada susah. Yen arep mangan wae dheweke kudu luru kayu ing alas dhisik. Biyasane esuk-esuk wis mangkat nggolek kayu ing alas lan awane dheweke nggawa bongkokan kayu.
Nalika umure 15 taun, dheweke kepingin ngaji menyang Mbah Hasyim kang manggon ing dhaerah bareng kabupaten kudus. Dheweke banjur pamit karo ibune.
Kowe mengko yen ngaji kudu bekti marang gurumu. Aja nganti mbantah apa printahe.”
sawise ketemu karo Mbah Hasyim terus dheweke ngaji lan  ngabekti. Apa kang dadi kekarepane gurune mesthi di lakoni kanthi taat. Biyasane dheweke dikon luru kayu ing alas. Sawiji dina Badar lara, sehingga dheweke ora metu saka kamare. Mbah Hasyim bingung, amarga kayune ing pawon wis kentekan. “Sidik! Mreneya.” Salah sijin santrine Mbah Hasyim di celok Mbah Hasyim.” Badar saiki kandhani kon luru kayu ing alas, merga kayune Mak Nyaimu ing pawon wis entek.” Banjur Sidik lunga nggoleki Badar.
Sawise ketemu Badar, Sidik ngomong yen kayune Mbah Hasyim wis entek. Badar kon luru kayu ing alas. Amarga Badar lagi lara, dheweke ora bisa luru kayu lan njaluk tulung sidik kon nglurakna kayu Mbah Hasyim ing alas.
Sawise dirasa ngelmune cukup ngaji karo Mbah Hasyim. Mbah Hasyim pesen karo Badar “Yen kepingin ngaji, merguruwa karo Mbah Asari!”
Sawise pamitan karo Mbah Hasyim. Badar banjur mangkat menyang panggonane Mbah Asari. Panggonane mbah Asari iku ana ing Jombang, lan Mbah Hasyim ana ing dhaerah Kudus.
Ana ing dalan, Badar di cegad karo rampok. Rampok mau ngrampas gawanane Badar. Badar ora meneng wae, dheweke ngrebut gembolane dhewe. Ora trima rampasane di rebut, rampok mau banjur nyerang Badar, nanging sak durunge kena awake Badar, jurus lembu sekilan wis dicakke dening Badar sahingga para rampok padha mlayu karpe dhewe. Perang mau ora nganti suwe. Satemene, dheweke uga nduweni ajian Naga Ngamuk, sing dipelajari saking Mbah Hasyim, nanging dheweke isih wedi nggunakake ajian mau, sebape bisa-bisa rampok mau malah padha mati kabeh, saking ampuhe ajian iku.
Pancen sawise Badar nrima ajian naga ngamuk, dheweke nduweni tandha naga ing dhadhane.
Sawise tekan jombang, dheweke langsung merguru karo Mbah Asari. Badar dikenal wong sing sregep ngaji lan cerdas pikirane. Mulane dheweke disenengi Mbah Asari.
Sakwise dianggep cukup karo mbahasari, dheweke banjur dikongkon ngecakkake ngelmune ing dhaerahe dhewe. Badar banjur pamit karo gurune saperlu mulih ing dhaerah lahire mbiyen.
Nalika wus tekan Undaan. Dheweke luru ibune kang wus ditingga suwe. Ibune seneng banget weruh anake mulih maneh saka luru ngelmu. Wektu kuwi ngepasi ing dhaerah Undaan wayah rampok.
“Badar kowe iku wis kewajiban ngecakna ngelmumu ana ing dhaerah kene, lan mbantu dhaerah kene, saka rampok kang nganiyaya wong-wong Undaan!” Ibune kandha karo anake. “wis semestine dadi kwajibanku njaga lan mbantu dhaerahku Bu.”.
Sakwuse iku, dheweke ngedegna kumpulan wong nom-nom dhaerah Undaan, saperlu mbrantas para rampok. Wektu kuwi akeh wong nom sing setuju ngedegna keamanan ing dhaerah kono supaya tentrem.
Para nom-noman keamanan sepakat, yen Badar dadi kepala keamanan dhaerah kono.
Saka sethithik rampok ma bisa di brantas. Dhaerah ndaan saiki wis dadi dhaerah kang ayem, tentrem amarga ora ana rampok.
Sawijining dina ana mantan kepala rampok kang gela amarga sawise dhaerah kuwi ana keamanane kang dipimpin dening Badar, dhaerah kuwi aman-aman wae. Meneh-meneh mantan ketua rampok mau gela, amarga wektu dheweke ngrampok, digagalna keamanan kang dipimpin dening Badar. Mulane dheweke nyusun sisat kanggo ngrampok maneh ing dhaerah kuwi.
Sawiji dina ketua rampok mau ngrampok ing dhaerah kuwi, dheweke nglawan sapa wae sing ngala-ngalangi niyate. Warga kang dsane lagi kerampokan terus kandha Badar.
“kang badar! Desaku saiki ana rampok.”.
 “kowe saka desa ngendi?”
 “saka desa sambung”.
“aku lan prajuritku sedhela maneh tekan sambunhg.”
Sak tekane badar lan prajurite ing desa sambung, para rampok ana kang mlayu karpe dhewe lan ana uga kang nglawan prajurit undaan. Ketua rampok langsung nyabetna pedhange ing sirahe badar, nanging badar indha lanmencolot karo nendhang sirahe ketua mau. Sak nalika, langsung am,bruk lan ora nduwe daya apa-apa sahingga  bisa dicekel lan dihukum. Semono uga para rampok liyane bisa dilumpuhna prajurit undaan. Sarana saking kuwate prajurit kemanan. Rampok mau bisa dikalahake..
Sak wise dhaerah Undaan aman lan tentrem saking rampok, Badar banjur dinikahake karo salah sawijine kepala desa ing dhaerah Undaan. Amarga jasane ngamanake dhaerah Undaan saka rampok deweke dingkat dadi ketuane dhaerah kuwi. Badar lan ibune saiki urip mulya jalaran uripe dibiayai wong-wong Undaan kang sepakat aweh hadiah saben sewulan sepisan.

A Said ‘05

























Asal Usul Desa Sedan
(Cerita Rakyat Sedan Rembang)

Rikala jaman semana para wali nyebarake agama Islam ning tlatah Jawa, sakdurunge kabeh warga isih nganut agama Hindu. Wektu iku penguwasa isih diwengku dening raja ing Majapahit kang duweni gelar Prabu Brawijaya kaping V sakwetara wilayah Kabupaten Rembang wektu semana akeh alase. Penduduk uripe nggrombol ning pedesan cilik tur sepi.
Wusana kahanan kang mengkono teka nom-noman lanang manggon ing alas kono banjur netep mbangun omah kang jarake saka pesisir lor antarane 10 km arah kidul.
Sakbanjure ing panggonan kang isih wujud alas kuwi nom-noman lanang mau ngajak wong-wong kang ditemoni melu nyinaoni lan nglakoni syariat Islam. Tambah dina tambah akeh wong-wong pribumi kono gelem melu pangajakane pengembara mau kang ora liyo sawijining Syayid. Pedesaan kang maune sepi sansaya suwe tambah rejo, amarga akeh ditekani wong-wong manca saperlu meguru marang Syayid.
Sakwise ditekani wong-wong manca kang meguru marang Syayid, banjur netep manggon kono. Alas kang maune alas gung liwang liwung ewah dadi desa kang gede akeh penduduke. Kang luweh ngagetke para penduduk sing maune nganut agama Hindu lan patuh aturane kerajaan Majapahit, banjur anut agama Islam lan patuh karo sawijining Syayid kang nggawa ajaran agama Islam mau. Singkating cerita sing maune Syayid mung sawijining pengembara berubah dadi penguwasa ing panggonan kang anyar trus ora suwe dadi pedesan kang rame sing disebut Syayidan. Kang maksude panggong sing dipanggoni sawijining Syayid.
Tindak-tanduk lan subasitone Syayid patut kanggo tulada kang becik penduduk sakiwa tengene, akire pengembara Syayid netep ing kono karo pengikut-pengikute. Sakwise puluhan tahun Syayid netep ing kono, sakwijining wong kang dikagumi lan dipatuhi karo penduduk dadi pengarep nandang lara banjur tilar donya. Kabeh pengikute lan penduduk sekitare ngelingi jasa-jasane Syayid kang apik senadyan wis tilar donya tetep dadi pengeling-eling jasade dikubur cedak karo omahe banjur kuburane ditanduri wit Jati lan dikeramatke ora tau ditebang.
Wektu lumaku terus ora krasa puluhan tahun suwene, kuburane Syayid angker kasebut manggon kapernah 300 meter arah ngalor saka pasar Sedan saiki. Sebutan Sedan iku asal mulane saka tembung SYAYIDAN kang artine Syayid. Lha Syayidan ditetepke dadi aran desa kanggo ngormati lan ngelingi tumprap jasa-jasane sang Syayid kang nyebarke agama Islam ing kono. Sebutan Syayidan suwe ning suwe berubah dadi SEDAN. Percaya utawa ora, sing jelas cerita iki tumeka saiki isih diakui kebenarane tumprap masyarakat desa Sedan kecamatan Sedan kabupaten Rembang.

ANA ‘05







SEJARAH MASJID AGUNG DEMAK


Masjid Agung Demak isih ana gegayutane karo dakwahe para wali sanga. Akeh wong sing nduweni panemu yen Masjid Agung Demak iku ngadheg nalika dina Kamis Kliwon, malam Jum’at legi nepati tanggal 1 Dzulhijjah taun Jawa 1428 (1501 M) adedasar seratan sing diserat ana ing lawang ngarep sing unine ”Hadegipun Masjid Yasanipun Para Wali, Nalika Tanggal 1 Dzulhijjah tahun 1428”. Taun Soko 1399 utawa 1467 adedhasar candrasengkala “Nogo Sariro Katon Wani”, yaiku dijupuk saka gambar bledeg sing ana ing lawang tengah Masjid Agung Demak. Nanging ana uga sing ngarani yen Masjid Agung Demak iku ngadeg taun 1401. Adedhasar gambar bulus sing ana ing jero panggonane imam. Gambar bulus mau diartekake yen:
a.    Sirah iku angka siji …..………..(1).
b.    Sikil iku angka papat …..……..(4).
c.     Awak bulus iku angka nol …….(0).
d.    Buntut bulus iku angka siji ……(1).
Dadi 1401 taun soko utawa taun 1479 M. utawa karo “Sariro Sunyi Kiblating Gusti” sing diartekake:
a.       Sariro iku angka siji ………..(1).
b.      Sunyi iku angka nol ………..(0).
c.       Kiblat iku angka papat …….(4).
d.      Gusti iku angka siji ………...(1).
Demak iku panggonan sing didadekake pusat kegiatan para wali nalika nyiarake lan nyebarake agama Islam ing tlatah Jawa. Wektu kuwi Raden Patah diutus Sunan Ampel mulang agama Islam sarta mbukak pesantren ing desa Glagah Wangi uga daerah kabupaten Jepara. Nalika taun 1475 M Raden Patah miwiti nglaksanakakake dhawuhe gurune mbukak madrasah utawa pondok pesantren ing desa Glagah Wangi kasebut. Tugase sing diparingake mau dilaksanakake Raden Patah kanthi apek. Nyai Lembah kuwi wong sing sepisanan dipethuki dening Raden Patah. Nyai Lembah asale saka Rawa Pening. Saka dhawuhe Nyai Lembah supaya Raden Patah manggon ana ing Glagah Wangi. Banjur iku desa Glagah wangi dadi rame ditekani wong akeh. Akhire desa Glagah Wangi utawa Demak iku dadi pusat dagang uga dadi pusat kerajaan Islam nomer siji ing tlatah Jawa.
Ngenani Masjid Agung Demak sing diadhege karo para wali iku digawe namung sak wengi. Masjid Agung Demak sing gedhene namung 31 x 31 meter iku sing bagian jero, nanging sing bagian jabane 31 x 15 meter lan dhuwure saka guru 19,54 meter. Kaya adat samestine Masjid  iku di sangga karo saka tatal sing gedhe sing cacahe ana papat. Saka tatal iku digawe saka kayu sing gedhe banget, nanging ana salah sijine saka tatal iku mau sing digawe saka tugel-tugelan kayu turahan saka panggaweane wali-wali liyane.
Ing kana Kanjeng Sunan Kalijaga duweni peran sing penting. Amarga Kanjeng sunan Kalijaga duweni jasa yaiku sing wis benerake kiblat masjid sing madhep ing Mekkah. Nalika kliblat Masjid Agung Demak durung ditemtukake, Kanjeng Sunan Kalijaga munggah ing dhuwure Masjid lan pucuke masjid dicekel karo tanganne sing kiwa, dene pucuke Ka’batullah dicekel karo tangane sing tengen, karo ngendhika kepriye panemumu? Banjur para wali sepakat yen kiblat Masjid Agung Demak iku ana  arah sing wis ditemtukake dening Kanjeng Sunan Kalijaga.
Sakwise Kanjeng Sunan Kalijaga bisa nemtukake kiblat, banjur ana barang sing gumantung ana ing panggonan imam sing ora dingerteni saka ngendi tekane. Barang sing gumantung iku dipundhut, banjur tiba ana ing ngarepane Sunan Bonang, lan dibukak isine klambi bekase Nabi Muhammad, lan ana layang sing isine ngenani yen klambi iku mau diparingake kanggo Kanjeng Sunan Kalijaga. Kabeh wali padha gumun ngenani isi layang mau. Banjur Sunan Bonang ngendhika: amarga Kanjeng Sunan Kalijaga sing diparingi klambi iku, mula jajal dianggo. Kanjeng Sunan Kalijaga banjur narima barang mau karo ngucap syukur dumateng Allah. Banjur klambi mau dianggo nyatane pas karo awakke. Sunan Bonang ngendhika yen iku mau sing diarani Kotang Antakusuma, klambi bekas sing digawe saka kulit wedus, nanging saiki wulune wis entek amarga wis lawas.
Sakliyane pikantuk Kotang Antakusuma utawa Kyai Gundil lan uga pikantuk Pusaka Kyai Cubruk. Kotang Antakusuma lan Pusaka Kyai Cubruk iku wis dianggap salah sijine pusaka raja-raja Jawa. Gawe sapa wae sing bisa nganggo klambi Kotang Antakusuma temtu bisa kuwat lan bisa dadi raja sing nguwasani tlatah Jawa. Kanjeng Sunan Kalijaga uga diarani Kyai Gondil.
Kanjeng Panembahan Senopati, Narendra Mataram Hadiningrat I sing merdeka taun 1590 bisa ngalahake Pangeran Madium amarga nganggo klambi Kotang Antakusuma kasebut. Kanjeng Panembahan Senopati pikantuk klambi iku saka Syeh Kadilangu, ahli waris Kanjeng Sunan Kalijaga. Nalika taun 1703 klambi Kotang Antakusuma iku isih kasebut dadi salah sijine pusaka kraton. Nalika iku klambi Kotang Antakusuma diserahake marang Sunan baru Amangkurat III ing Kartasura. Klambi Kotang Antakusuma lan Pusaka Kyai Cubruk iku yen setaun sepisan kudu dijamasi nganggo minyak jamas sing ditekakake langsung saka kraton Surakarta. Wektune njamasi yaiku nalika tanggal 10 Dzulhijah utawa 10 Besar. Nalika penjamasan klambi lan pusaka mau sing njamasi boten pikantuk mirsani klambi utawa pusaka mau, namung digrayangi. Amarga yen nalika penjamasan klambi lan pusaka mau dipersani bisa ngakibatake wuta.
Ngadhege Masjid Agung Demak lan klambi kasebut ana gegayutane karo geni suwarga. Ing Masjid Agung demak ana relief sing digawe ing dhuwure lawang sing diarani lawang “Bledeg utawa kilat”. Biyen lawang iku dadi lawang utama, nalika arep mlebu ing jero masjid. Bledeg “kilat” iku ditanggkap karo Ki Ageng Sela nalika ana ing sawah.Ki Ageng Sela iku putra saka Ki Ageng Getaspendawa. Ana carita yen Bledeg iku awujud wong lanang tua sing ngampiri Ki Ageng Sela nalika Ki Ajeng Sela ana ing sawah. Banjur Ki Ageng sela nyekel wong lanang tuwa mau, dhumadakan nyuwara banter kaya bledeg. Bledeg sing isih awujud wong lanang tuwa mau dicekel lan ditaleni banjur diserahake marang panguwasa ing Demak Bintoro. Ing kana bledeg mau dilebokake ing kotak sing didadekake kurungan kanggo bledeg.
Sakwise bledeg dikurung lawase 7 dina ing Masjid Agung ditekani karo wong wedok tuwa karo gawa banyu secangkir banjur disiramake ning gone wong lanang tuwa mau, dhumadakan ana suwara kaya gunung mbledhos. Kurungan sing digawe saka wesi iku mau banjur rusak lan bledege ngilang. Amarga krungu suwara banter mau, bebrayan ing Demak pada kaget lan pada dlongop. Bebrayan Demak iku Pada ngarani yen wong wedok tuwa iku mau mesti garwane. Sakwise iku Ki Ageng Sela kesuwur dadi wong sing kasil nyekel bledeg.
Sela iku panggonan ing tlatah siseh wetane Demak Bintoro. Dadi Ki Ageng Sela sing didadekake sesepuhe trah wangsa Narendra Mataram Hadiningrat. Setahun kaping pindo Sunan Surakarta ngutus supaya njupukake geni saka damar sing ana ing makam Ki Ageng Sela kanggo nguripake damar ing panggonane dhewe sing ana ing kraton sing paling njero. Nalika geni tekan ing Surakarta kanti arak-arakan sing khusuk, akeh pangeran sing gunakake kahanan iku kanggo ngurepake damare dhewe.
Alhasil ditangkape bledeg ing Demak iku ana gegayutane karo politik sing ana ing pamarintahan Demak wektu kuwi. Tradisi trah kanggo wangsa Mataram Hadiningrat iku cara kanggo ngormati Ki Ageng Sela. Masjid Agung Demak dadi pusate umat muslim kuna ing tlatah Jawa Tengah. Ana sing ngarani yen sowan ing Demak Bintoro lan makame wong-wong suci ing kana bisa dipadhakake karo munggah kaji ing Mekkah.
Sinuwun Paku Buwana I ing kartosura nalika taun 1708 mbenerake yen Sunan Amangkurta III sing diguwak ning Srilangka dening kompeni ing Batavia iku nggawa pusaka kraton. Sunan Amangkurat III ngendika yen Masjid Agung Demak lan makam ing kadilangu sing suci iku sing dadi pusaka mutlak, ugere pusaka ing tlatah Jawa. Nalika taun 1710 Sinuwun Paku Buwana I ndawuhi supaya wangunan Masjid Agung Demak iku didhandani lan kenthenge diganti karo sing anyar. Sakwise Kapten Fock ing Kartasura sedo, taun 1688 Sinuwun Sunan Amangkurat II ngucapake sumpah setiyane marang perjanjian sing dianakake dening kompeni nalika ing Masjid Agung Demak Bintoro.
Miturut alam pikirane wong jawa, Masjid Agung Demak iku penting Banget. Masjid Agung Demak Bintoro wis dadi kotanegara Islam nomer siji ing Jawa Tengah. Kutho sing banjur kasuwur dadi kotanegara Kraton Demak Bintoro. Demak Bintoro dadi pusate dagang lan pusat ibadah kanggo kelompok Islam sing lagi wae ana. Raja-raja Demak Bintoro lan sing nderekake, nduweni greget sing gedhe banget kanggo nyiarake agama Islam. Nalika kerajaan Islam Demak Bintoro jaya, politik ngelar jajahan nganthi mlebu ing Jawa Barat, Jawa Tengah, lan Jawa Timur. Raja-raja Demak Bintoro nganggep yen Masjid Agung Demak Bintoro  iku dadi simbole Kraton Islam.
Masjid Agung Demak Bintoro iku dadi pusate kanggo ngormati wong suci, utamane Kanjeng Sunan Kalijaga, wali lan sing dadi pengayom ing Jawa Tengah sing siseh kidul. Kareben kekuasaane raja-raja Demak Bintoro wis tiba, nanging kasetiyaane marang para wali ora bakal owah, iku ngakibatake Masjid Agung Demak Bintoro tetep bisa dadi pusat panguripane agama Islam ing Jawa Tengah.
            Miturut carita sing dadi imam sholat ing Masjid Agung Demak Bintoro sing sepisanan yaiku Sunan Bonan putra saka Sunan Ampel. Nanging sakwise iku banjur  diganti karo putrane sing arane Makdum Sampang, banjur diganthi karo Kyai Pembayun,  banjur diganti meneh karo Penghulu Rahmatullah, banjur sing pungkasan diganti karo Sunan Kudus.

Eny ‘05



 




DUMADINE KUTHA PATI

Miturut cerita rakyat sing ana ing Kitab Babat Pati lan Kitab Babat liyane, loro pusaka kuwi jenenge “KERIS RAMBUT PINUTUNG LAN KULUK KINARAGA“ yaiku lambang kekuasaan lan kekuatan sing padha wae dadi simbol persatuan lan kesatuan. Sapa wae sing nduweni loro pusaka kuwi, bisa nguasai lan nduweni kuasa merintah neng Pulau Jawa. Ana sing nduweni loro pusaka kuwi yaiku Raden Sukmayana penggede Majasemi andalan Kadipaten Carangsoka. Keri–kerinan abad kaping VIII sawetara taun 1292 Masehi neng Pulau Jawa fakum penguasa pemerintahane sing nduweni wibawa. Kerajaan Pajajaran mulai ambruk, Kerajaan Singasari entek, nanging Kerajaan majapahit durung ana. Neng Pantai Lor pulau Jawa Tengah sawetara Gunung Muria bagian wetan ana penguasa lokal sing ngangkat awake dadi Adipati, wilayah kekuasaane diarani Kadipaten.  Ana loro penguasa lokal neng wilayah kuwi yaiku:
  1. Penguasa Kadipaten Paranggaruda, Adipatine jenenge “Yudhapati“, wilayah kekuasaane ngliputi kali Juwana neng Kidul nganti gunung Gamping Lor watesan karo wilayah Kabupaten Grobogan. Adipati Yudhapati nduwe putra lanang jenenge Raden Jasari.
  2. Penguasa Kadipaten Carangsoka, Adipatine jenenge “Puspa Andungjaya“, wilayah kekuasaane ngliputi lor kali Juwana nganti Pantai Lor Jawa Tengah bagian wetan. Adipati Carangsoka duwe putri wadon jenenge Rara Rayungwulan.
Kalorone Kadipaten kuwi uripe rukun lan tentrem, padha ngormati lan padha nghargai kanggo nglestarekake  urip rukun lan nguatake sedulurane. Kalorone Adipati kuwi sepakat ngawinke putra-putrane. Kongkonan Adipati Paranggaruda supaya Rara Rayungwulan gelem nrima lamarane, nanging calon penganten wadon njaluk bebana supaya pas acara resepsine  dimeriahke nganggo pagelaran wayang karo dalang kondang sing jenenge “Sapayana.”
Kanggo ngabulke panjaluke kuwi, Adipai Paranggaruda nugaske penggede kemaguhan sing jenenge Yuyurumpung agul-agul Paranggaruda. Sadurunge nglaksanakake tugase, Yuyurumpung nduwe niat nglumpuhake wibawane Kadipaten Carangsoka nganggo cara nguasai loro pusaka duweke Sukmayana neng Majasemi. Saka bantuane Sondong Majeruk kaloro pusaka kuwi bisa dicolong nanging sadurunge pusaka kuwi diwenehke karo Yuyurumpung , bisa direbut maneh karo Sondong Makerti saka Wedari, nganti Sondong Majeruk mati amarga tukaran karo Sondong Makerti, lan pusaka kuwi diserahke maneh karo Raden Sukmayana. Usahane Yuyurumpung kanggo nguasai lan nduweni loro pusaka kuwi gagal. Meski kaya ngono Yuyurumpung tetep nglanjutke tugase kanggo nggoleki dhalang Sapayana supaya nikahane putra Adipati Paranggaruda ora ngalami kegagalan.
Resepsi nikahane putrane Paranggaruda dianakake ing Kadipaten Carangsoka nganggo Pagelaran Wayang Kulit dening Ki Dalang Sapayana. Tanpa diduga pahargyan lagi wae diwiwiti, ujug–ujug penganten wadon ninggalake kursi pelaminan nuju panggung lan sateruse minggat karo Dalang Sapayana. Pahargyan nikahane antarane  “Raden Jasari“ lan “Rara Rayungwulan“ gagal total. Adipati Yudhapati rumangsa diisin-isinake, emosine ora bisa dikendalikake maneh, langsung nyatake musuhan karo Adipati Carangsoka lan sabubare kuwi perang.. Raden Sukmayana saka Kadipaten Carangsoka mimpin prajurit Carangsoka, ngalami lara parah nganti akhire mati. Raden Kembangjaya yaiku adek kandunge Raden Sukmayana, sing neruske perang kuwi mau dibantu karo Dalang Sapayana, lan sing nggunakke kaloro pusaka kuwi bisa ngancurke prajurit Paranggaruda. Adipati Paranggaruda, Yudhapati lan putra lanange mati amarga mbela kehormatan lan gengsine.
Amarga jasane, Raden Kembangjaya dikawinke karo Rara Rayungwulan terus diangkat dadi penggantine Carangsoka, terus dalang Sapayana diangkat  dadi patih  lan diwenehi jeneng “Singasari“. Kanggo ngatur pemerintahan sing saya suwe saya amba wilayahe neng bagian kidul, Adipati Raden Kembangjaya mindahke pusat pemerintahane saka Carangsoka neng  Desa Kemiri karo ngganti jeneng dadi “Kadipaten Pesantenan“ lan diwenehi gelar  Adipati Jayakusuma neng Pesantenan. Adipati Jayakusuma namung nduwe putra tunggal yaiku “Raden Tambra.” Sabubare bapake mati, Raden Tambra diangkat dadi Adipati Pesantenan, diwenehi gelar “Adipati Tambranegara.”
Adipati Tambranegara nek nglakokake tugas tindake arif lan bijaksana, dadi songsong agung sing bener-bener pedui karo nasib rakyate sarta dadi pangayom kanggo hamba sahayane. Kauripan rakyate akeh kerukunan, katentreman, katenangan lan kesejahteraane saya meningkat. Kanggo bisa ngembangake pembangunan lan majukake pemerintahan neng wilayahe Adipati Raden Tambranegara mindahke pusat pemerintahan Kadipaten Pesantenan sing asale ana neng desa Kemiri dadi neng arah kulon yaiku neng desa Kaborongan, lan ngganti jeneng Kadipaten Pesantenan dadi Kadipaten Pati.
  Ing Prasasti Tuhanneru, sing ditemokake ing desa Sidateka, wilayah Kabupaten Majakerta sing kesimpen ing museum Trowulan. Prasasti kuwi ana wolu Lempengan Baja  sing tulisane huruf Jawa kuna.  Lempengan sing kaping papat unine yaiku : Raden Majapahit,  Raden Jayanegara nambah gelare jenenge Abhiseka Wiralanda Gopala tanggal 13 Desember 1323 Masehi. Patihe sing setia lan wani jenenge Dyah Malayuda diwenehi gelar  Rakai. Nalika pengumuman kuwi bebarengan karo pisuwanan agung ditekani saka Kadipaten pantai lor Jawa Tengah bagian wetan termasuk Raden Tambranegara ana neng njerone. Raja Jayanegara saka Majapahit ngakoni daerah kekuasaan para Adipati kuwi diwenehi status dadi tanah predikan, nganggo syarat yaiku para Adipati saben taun kudu nyerahke Upeti arupa kembang. Adipati Raden Tambranegara padha wae teka neng pisuwanan agung neng Majapahit kuwi kalebu neng Kitab Babat Pati, sing disusun dening K.M. Sosrosumarto lan S. Dibyasurira, Kitab-kitab kuwi unine : …… Tambranegara  Pati  “Sumewo” maring Malajengka. Brawijaya kaloro, Malajengka yaiku Majapahit…............ Tan alami pajajaran kendhih, keratone ing tanah Jawa angalih Majapahite, ingkang jumeneng ratu, Brawijaya ingkang kaping kalih, ya Jaka Pekik wasta, pufra Jaka Suruh, Kyai Ageng Pathi nama, Raden Tmbranegara sumewa maring keratin Malajengka. Artine yaiku ora meneh kerajaan-kerajaan Pajajaran kalah, Kerajaan tanah Jawa terus pindah neng Majapahit, sing dadi rajane kuwi Brawijaya II, jenenge yaiku Jaka Pekik putrane Jaka Suruh.
Miturut cerita, kuwi jelas yen Raden Tambranegara Adipati Pati melu teka neng pisowanan agung neng Majapahit. Pisowanan agung sing ditekani dening Raden Tambranegara neng Majapahit kuwi tanggal 13 Desember 1323 Masehi, mula diperkirakke pindahe Kadipaten Pesantenan saka Desa Kemiri ing Desa Kaborongan lan dadi Kabupaten Pati kuwi diperkirakke wulan Juli lan Agustus 1323 Masehi. Ana telu tanggal sing apik neng wulan Juli lan Agustus 1323 Masehi yaiku: 3 Juli, 7 Agustus lan 14 Agustus 1323 Masehi, mula kuwi dianakake seminar tanggal 28 September  1993 neng Pendopo Kabupaten Pati ditekani karo para perwakilan masyarakat Kabupaten Pati ngrembug secara musyawarah  lan sepakat mutuske yen tanggal 7 Agustus 1323 dadi dina pindahe Kadipaten Pesantenan saka desa Kemiri ing desa Kaborongan dadi Kabupaten Pati, lan dadi momentum dina dadine Kabupaten Pati. Kanthi surya sengkala “Kridane Panembah Gebyaring Bumi” sing nduweni teges kanthi kerja mbanting tulang lan akeh ndonga kita gali Bumi Pati kanggo ningkatke kasejahteraan lahiriah lan batiniah. Mula kuwi saben tanggal 7 Agustus dipengeti dina dumadine Kutha Pati.

                                                                                                Dyah Wati K ‘05



























DUMADINE DESA BAKARAN

Ceritane desa Bakaran kuwi ngene. Desa Bakaran kuwi asale alas sing diobong. Papan pangonane ning wilayah Pati. Tembung obong padha karo bakar dadi langsung dijenengi desa Bakaran amarga asale saka obong-obongan utawa bakar-bakaran. Alas diobong amarga ana sing tau seneng Nyi Ageng, nanging dheweke durung bisa nampa. ing ngisor salah sijining  syarat kang dijaluk Nyi Ageng. Syarat kang dijaluk marang jaka kuwi unine kaya ngene:
 “Aku gelem nampa lamaranmu yen awakmu bisa gaweke pitung sumur kanggo aku.”
”Ya, Ageng yen mung kuwi panjalukanmu bakal tak turuti.”
 “Nanging kang tak jaluk sesuk kudu wis rampung.”
“Sesuk, apa Ageng sesuk kudu wis dadi ora salah kuwi?”
“Ya sesuk, piye awakmu sanggup ora?”
“Ya, Ageng. Aku sanggup.”
Jaka kuwi mau akhire gelem nyagohi gaweke pitung sumur kanggo Nyi Ageng. Nanging Nyi Ageng bingung amarga dheweke bisa gawe pitung sumur. Jaka mau njaluk rewang lelembut lan bangsa alus (setan, jin ,dhemit, gendruwo lan saliyane). Akhire Nyi Ageng duwe cara kang bisa nggagalke kuwi mau. Dheweke ning sawah nglumpuke dami kang arep diobong ning tengah sawah. Dheweke uga ngongkon wong neng desa numbuk lesung. Para lelembut lan bangsa alus kuwi mau akhire ora bisa ngrewangi nganti rampung amarga dikira wis wayah esuk. Bangsa alus kuwi mau wedi yen ana srengenge. Dami sing diobong neng tengah sawah mau dikira srengenge arep mlethek. Suarane lesung sing saut-sautan lan wayah jago kluruk. Kabeh kuwi mau nandhake yen wis wayah esuk.
Nyi Ageng kuwi salah sijining tokoh wira ning desa Bakaran. Dheweke uga kang jenake desa Bakaran. Nyi Ageng ora ninggal, nanging dheweke muksa sapa kang bakal pengin ketemu  kuwi bisa. Nanging kabeh ana syarate mbuh kuwi pasa muteh utawa pasa senin kemis lan sapiturute. Dheweke uga ninggal unen-unen kanggo anak putune sing urip ning desa Bakaran. Unen – unen kuwi kaya ngene unine:
“He anak putuku kang ana ing Bakaran. Supaya awakmu urip ing Desa Bakaran, bisa slamet uripe, uga wareg sandhang lan pangan, mula awakmu aja wani-wani nglanggar larangan sing daksebutake kaya ing ngisor iki:
  1. Aja dodol sego
  2. Aja medel (wenter kain batik)
  3. Aja mande (obong-obongan)
  4. Aja gawe omah saka bata abang     
            “Kuwi pawelingku kanggo anak putuku kabeh kang ana ning desa Bakaran. Dadi ing ngendi wae papan panggonanmu yen awakmu asli wong Bakaran aja nganti lali karo apa sing wis dakwelingake.
“Aja dodol sego!” miturut wong jawa wong dodol sego kuwi ora apik. Sego kuwi panganan pokok, kang dipangan saben dina. Dodol sego kuwi padha karo adol rejekine dhewe. sego kuwi luwih becik diwenehke katimbang didol. Oleh adol sego nanging kudu mbok olah ora mung rupa sego. Sego kuwi bisa diolah dadi lontong, bubur, sego mener lan sego loyang, lan saliyane. Dadi yen awakmu kepengin dodol sego kuwi ana usahane masak lan liya-liyane. Ora mung rupa sego nanging bisa digawe macem –macem, uga maneka warna bentuk lan rasane.
“Aja medel (wenter kain batik)!” pancen bener Bakaran kuwi wis kawentar batik tulise lan trasi Bakarane. Nyi Ageng biyene seneng nganggo batik tulis lan jarikan. Dheweke saben dina uga nganggo tapeh tulis. Wong Bakaran uga duweni ketrampilan pinter mbatik. Nyi Ageng kuwi wanti-wanti aja nganti medel amarga kerjane gedhe bebaya. Saben dina kudu ing cedhake geni terus lan banyu umup, mula wedine yen ana kobongan lan kutahan banyu umup. Nyelup batikan kuwi kudu ati-ati amarga panas banget. Yen ora bisa ora usah, amarga malah bisa kutahan banyu umum kang dienggo medel batik.
“Aja mande obong-obongan!”urip ing Bakaran iki pancen akeh aturan nanging kepenak. Wong Bakaran aja nganti mande yakuwi kaya wong gawe wesi kaya ngelas wesi. Kuwi bebayane gedhe amarga bisa ngrusak mpripat. Pusate jagad kuwi ya mung mpripat. Yen mpripate wis ora loro lan ora bisa ndeleng mula jagad iki rasane petheng dhedhet. Kanggo njagani kabeh kudu ati – ati. Kejaba ngrusak mpripat uga bisa ngrusak saliyane.
“Aja gawe omah saka bata abang!” pundhen bakaran kuwi digawe saka bata abang. Punden kuwi biyene omahe Nyi Ageng dhewe. Saiki didandani kanggo ngurmati Nyi Ageng. Dheweke ora kepengin,ana wong liya kang bisa ngembari. Mula wong Bakaran kabeh omahe saka bata putih. Kejaba wong kang isih mamang lan durung mantep. Omahe digawe saka bata separo abang, kang separo bata putih. Bata abang kuwi asale uga saka obong-obongan. Ing sacedhake pundhen kuwi uga ana sumur gawenane priya sing tau seneng dheweke.
 Sabenere wong Bakaran kuwi ora oleh nggawe sumur ing jero omah. Ing njero sumur kuwi ora ana banyune. Lha banyu kuwi sumbere kanggo kabeh manungsa supaya bisa urip. Kang mbutuhke banyu kuwi wong akeh ora mung awake dheweke. Wong liya uga butuh banyu kanggo saben dinane. Mula sumure aja didokok ing jero omah nanging didokok ing sajabaning omah. Kuwi banyu sumbere wong urip. Sumur kang sacedhake pundhen kuwi jenenge sumur tiban amarga kanggo sumpah-sumpahan. Kuwi kanggo nduduhake kang salah bakale seleh lan sing bener bakal mujur. Nganti saiki sumur banyune isih tetep bening.
Nyi Ageng kuwi wong wadon sing ayu rupane. Mula kabeh priya seneng lan kedanan karo dheweke. Wong tuane kuwi biasa uripe uga sedherhana. Kawit cilik dituturi uripe kuwi mung sepisan mula kudu apik marang apa wae. Nanging watake kuwi ana sing nurun ibune uga ana kang nuruni bapake. Wong tuwane kuwi duwe sawah nanging ora digarap dhewe. Senenge sawahe digarapake wong liya. Ageng biasane ngrewangi ibune mbatik neng omah. Kuwi salah sijining watak kang nuruni ibune. Bapake semana uga kejaba seneng sawahan dheweke uga seneng adu jago. Jarene adu jago bisa ngilangake pikiran sing lagi judheg.
Nyi Ageng uga seneng dolanan pitik jago. Saben dina, Ageng mesthi dijak bapake ndeleng adu jago. Nyi Ageng putri kinasih bapake. Dadi dheweke uga pinter ngrumat pitik kuwi mau, amarga saben dina dheweke weruh bapake piye carane ngrumat jagone. Nyi Ageng duwe sedulur lanang nanging wis ninggal. Kangmase ninggal sadurunge dheweke lair, mula Ageng kuwi dieman-eman. Kepengine bapake Nyi Ageng kuwi dadi bocah wadon sing kuwat lan wani. Jeneng asline kuwi Niken Banowati nanging jeneng cilikane Sabirah. Tegese kuwi supaya besuk dadi wong sing sabar lan tabah ngadhepi cobaan urip ing donya.
Nyi Ageng urip ing Bakaran wektu jamane transisi Kerjaan Majapahit ning Kerajaan Demak kuwi abad 16. Ibune Ageng batikane wis kawentar ing mancanegara. Ibune Ageng kuwi jenenge Niken yen bapake jenenge Bono. Banjur duwe anak dijenengke Niken Banowati. Sawise kuwi Ibune Ageng ninggal amarga kutahan banyu umum olehe medel. Mula ibune sadurunge ninggal pesen karo Nyi Ageng. Kaya ngene pesene:
“Ndhuk Ageng, besuk turuna karo anak putumu aja konggon medel, salah siji wae sing nglakoni kaya aku iki.”
               “Injih, Bu!”
“Uga aja adol sego, ya ndhuk yen ana wong sing njaluk mangan wenehana. Adol sego kuwi padha karo adol rejekine awake dhewe.”
“Injih bu, Ageng manut sedaya pesen ibu.”
“Pokoke aja sing obong-obongan, ya ndhuk!”
“Injih bu, percayaa karo Ageng.”
“Ibu, uga nitip bapak dirumat sing apik.”
“Ibu, Ageng aja ditinggal.”
 Ibune Ageng banjur ninggal. Saiki dheweke urip mung gari bapake. Begang sedala bapake uga nyusul bojone. Nyi Ageng wis ora duwe sapa-sapa meneh. Ora duwe sanak lan kadhang. Dheweke urip ing desa dhewe. Bapake uga pesen yen dheweke kudu ngrumati jagone. Amarga jagone kuwi kang bakal bisa jaga awake yen ana wong kang bakal tumindhak ora becik. Kejaba batike ibune kawentar bapake semana uga wis kawentar anggone adu jago.
Ora let suwe bapake uga ninggal amarga kaget wong kang wis dipercaya malah mbejani janji. Wong kuwi ora liya ya mung rewange Nyi Ageng dhewe. Amarga dheweke wis kancanan karo Dampo A Wang kang licik. Rewang kuwi di iming-imingi dhuwit akeh. Asale dheweke bisa ngalahke lan ngancurke Nyi Ageng. Krungu warta berita kaya ngana bapake banjur kaget.
Sawahe bapake bangkrut lan uripe Nyi Ageng wis ora kaya biyen. Saben dina biyen rasane ayem lan tentrem. Ora kaya saiki saben dina mung tnsah ngalamun jalaran lelakon urip kang lagi ditampa. Kejaba ngana bapake uga wis sepeh lan duweni penyakit kagetan. Dheweke ora ngira lan ora nyangka yen rewange bakal tumindak ora becik. Dheweke padha karo ditulung nanging malah menthung. Nyi Ageng mung bisa sabar lan tabah ngalami urip kang lagi entuk cobaan.
Sawise kedadean kuwi lan sadurunge bapake ninggal, Nyi Ageng diwanti-wanti bapake supaya aja gampang percaya karo wong liya. Jalaran wong liya saiki ora bisa dicekel omongane. Kejaba kuwi uga sering mblenjani janji. Luru wong jujur ora dhek biyen lan ora saiki kuwi pancen angel. Lambe kuwi larang regane. Ajining dhiri gumanthung ing lathi.
Nyi Ageng saiki uga seneng dolanan pitik. Ing salah siwijining dina ana saudhagar saka China jenenge Dampo A Wang dhewe kepengin mertamu ing omahe Nyi Ageng, jenenge wis kawentar ing tlatah Pati. Dampo A Wang seneng karo Nyi Ageng amarga ayune kinyis-kinyis wong lanang ngendi kang ora kedanan. Nanging Nyi Ageng ora weruh yen dheweke disenengi. Nyi Ageng dijak adu jago karo Dampo A Wang. Sebenere dheweke kepengin duwe pitik kaya Nyi Ageng kang menangan dhewe. Saben tarung jagone ora tau kalah.
Saiki Dampo A Wang wis ngerti Nyi Ageng kuwi senengane adu jago mula dheweke banjur ngajak tarung. Dheweke uga ngerti jago kaya ngapa kang bakal dienggo tarung. Dheweke ngerti saka wong liya kang wis mudheng Nyi Ageng. Nanging wong kang takoni ora ngerti yen dheweke bakal tumindhak ala karo Nyi Ageng. Nanging ing ngendi wae becik bakal kethithik lan ala bakal ketara. Wong jujur bakal mujur, lan wong gawene ngapusi bakal konangan dhewe.
Dampo A Wang sadurunge mertamu ing omahe Nyi Ageng dhewe takon-takon Nyi Ageng. Dhewe kepengin weruh apa kang bisa ngalahke Nyi Ageng. Dhewe yen bisa uga kepengin mboyong Nyi Ageng dadi garwane. Dheweke kuwi licik, biasa wong China ya ngana kae. Dheweke senengane yen tarung ora tau jujur, dheweke mesthi licik lan ana-ana wae alasane. Nanging Nyi Ageng durung ngerti yen musuhe duweni tumindhak kang ala.
Wiwit ketemu Nyi Ageng kuwi wis ora seneng. Tindak-tanduke kang ora sopan lan andhap-asor. Kawit pisanan kuwi ora bakal seneng amarga tumindhake kang ngerti unggah-ungguh, lan tata krama. Sing dibanggakake mung negarane dhewe, yen negara China kuwi negara kang paling apik. Ya entuk-entuk wae ngapik-ngapik negarane lan ya pancen ora salah. Nanging mbok ya ndeleng papan panggonane. Wis diunekake salin jaman salin tatanan, salin enggon salin kedhaton. Kuwi rak wis jelas yen ngono kudu ngerti.
Ing ngendi wae ana tata krama. Mung wae kudu eling papan siji karo sijine. Desa siji karo desa liyane. Kutha kae karo kutha anu. Nagara kana karo nagara kene. Ora kabeh padha. Ana tata krama kang mung kanggo ing papan wates. Ana tata krama kang kanggo ing bebrayan umum. Ana tata krama kang wong sejagad. Ngecakake tata krama kuwi kudu empan papan. Ngelingi papane, ngelingi siuasi lan kondhisine. Ora kena digebyah uyah. Ing ngisor iki ana pacelathon antarane Dampo A Wang lan Nyi Ageng  
            “Piye Ageng yen adu jago, jarene jago ngonanmu menang terus.”
            “Ya, ora papa.”
            “Wani tenan apa ora, sajake kok menangan jagone kaya apa ta?”
            “Jagone, jago Lurik.”
            “Paling-paling musuh jagoku pisan terus kalah.”
            “Dadi wong kuwi aja kokean sumbar kuwi ora becik.”
            “Kuwi rak miturut wong Jawa, nanging yen China rak ya ora ngana kuwi.”
            “Ya, mula dakkandhani bener awakmu wong China, nanging saiki awakmu rak neng Jawa.”
            “Oalah ngana, ta?” (nanging omongane sajak karo ngece).
            “Injih.” (dheweke jawabe isih tetep alus).
Dampo A Wang bisa nyulap palu dadi pitik keter. Dheweke ngerti musuh kang bakal diadhepi kuwi ora musuh kang gemen-gemen ntawa baen-baen. Jenenge wis kawentar ing ngendi wae. Mula dheweke kepengin ngalahke supaya Nyi Ageng isin. Jago sing daden-daden kuwi mau pancen kuwat lan bisa diandelke. Wong China kuwi pancen pinter-pinter nanging uga licik. Sapa wae bakal kalah wong pitik musuh palu. Palu kuwi digawe saka wesi.
Olehe adu jago kuwi ning tengah sawah. Sepisanan jagone Nyi Ageng kalah amarga jalune wis kena. Dheweke bingung pitik kang gawene menang terus kok bisa kalah. Saben tarung karo sapa wae jagone mesthi menang. Bareng tarung karo Dampo A Wang kok mak klepek. Nanging Nyi Ageng isih durung ngerti apa jalarane. Jagone saben dina wis dirumat kaya pewelinge bapake. Nanging kok isih bisa kalah. Dheweke gumune ora jamak. Dheweke terus curiga kro Dampo A Wang. Wong China kawi licik-licik lan ora kena dipercaya.
Dheweke wedi yen pitik kang didu tarung kuwi ora pitik tenanan. Tegese pitik daden-daden. Ya palu kuwi mau barang kang bisa disulap dadi pitik. Dheweke saiki banjur ngerti saka apa pitike Dampo A Wang kuwi mau.           Saking larane Nyi Ageng banjur ngamuk-ngamuk, “Titen nana Dampo A Wang, jebul kaya ngono kuwi tumindak alamu. Wis aku ora mung bisa nyulap palu nanging ganden (palu sing paling  gedhe). Tumindakmu kuwi wis pancen ora bisa dingapuro maneh. Wis cukup semene wae lara atiku.” Nyi Ageng banjur nyulap gandhen dadi pitik jago. Jenenge Jago Lurik.
Ngerti tumindake Dampo A Wang kaya ngono dheweke banjur mbales apa kang wis dilakoni Dampo A Wang karo dheweke. Adu jago kuwi mau ana wektu sela kanggo leren sedhela. Wektu sedela kuwi digunake Nyi Ageng kanggo nyulap ganden dadi jago sing kuwat. Cengger lan jalune gedhe banget, yen ngantem kena mesthi klenger. Wis pokoke ora tandhingane lan ora ana kang bisa ngalahake. Yen mung trima palu sing disulap ora ana bedane padha wae bedhu.
Wektu dheweke kalah, dheweke kaya-kaya ana sing mbisiki kupinge. Lan ana swara, kuwi kaya swarane kang wis tau kenal, kaya suara bapake. Pancen bener dheweke diwenehi ali-ali sing bisa dinggo nyulap gandhen dadi pitik. Bapake kuwi dadi wong tua sing ngango surban lan nanggo klambi putih. Ali-ali sing diwenehke kuwi bisa dienggo apa wae. Salah sijine yaiku mau bisa dinggo nyulap gandhen (palu sing paling gedhe). Ali-ali kuwi sekti mandra guna.  
Jagone Dampo A Wang mlayu sadurunge tarung  bubar. Cengger lan jalu jagone Dampo A Wang wis kena. Cenggere metu getihe akeh, jalune coklek. Wis pokoke jagone dheweke kalah. Dheweke isin amarga wis sumbar bakal ngalahke musuhe nanging kasunyatane dheweke ora bisa ngalahke Nyi Ageng. Kejaba kuwi dheweke uga isin wong lanang kalah karo wong wadon. Nanging kawit cilik kuwi Nyi Ageng diajari dadi bocah wadon sing wani amarga bener lan wedi amarga salah. Dadi Nyi Ageng wiwit cilik wis kendel.
Sajake Dampo A Wang isih dendam karo Nyi Ageng. Dheweke sebenere isih kepengin nduweni Nyi Ageng. Dheweke ora bisa nglaliake Nyi Ageng. Nanging Nyi Ageng tetep nolak amarga wis ngerti tumindhake Dampo A Wang kang ala. Dampo A Wang isih tetep nggudak-nggudak Nyi Ageng. Jarene nganti besuk isih bakalan dienteni. Nyi Ageng bingung, dheweke kapengin lunga saka omah lan lunga ngumbara. Dheweke akhire lunga lan mlaku ngliwati alas-alas.
Nyi Ageng lunga saka omah amarga dheweke wii ora duwe sapa – sapa. Wong tuane wis ninggal semana uga sedulur siji-sijine uga wis ora ana. Dheweke uga kepengin ngadoh saka Dampo A Wang. Saben ketemu dheweke mesthi digudakgudhak Dampo A Wang. Dheweke kepengin lunga supaya ora ketemu Dampo A Wang. Dheweke nanging kancanan karo priya jenengne Demang. Kuwi kancane kawit cilik. Wong tuane biyen uga tau kancanan.
Nalika digudak-gudak Dampo A Wang, dheweke ditulungi Demang. Banjur dheweke diajak neng omahe Demang. Supaya Dampo A Wang ora ngeri lan ora ngudak-gudak maneh. Kejaba dheweke mesakake karo Nyi Ageng. Sabenere Demang uga nduweni rasa tresna marang Nyi Ageng. Dheweke ora wani jalaran wedi yen ditolak. Amarga kawit biyen dheweke wis kancanan.
Wektu mlaku ing tengah alas, dheweke krungu swara bayi nangis. Bayi nangis kuwi mau arep dipangan macan. Dheweke ora tega banjur bayi kuwi mau ditulungi. Bayi kuwi ngelihen banjur dilurokake panganan. Bayi kang nemu ning alas kuwi lanang diwenehi jeneng “Sopo Nyono”. Tegese kuwi, sopo nyono bayi kuwi isih urip ditinggal ing alas dhewekan nganti arep dipangan macan.
Sopo Nyono bayi kuwi saiki wis gedhe lan bagus rupane. Nyi Ageng saiki uripe wis ora dhewekan. Bayi kuwi saiki wis diangkat dadi anake. Mula dheweke saiki uga bingung yen bali ing omahe biyen. Wong durung duwe bojo kok wis duwe anak. Mengko piye omongane wong ning desa. Dheweke mikir-mikir yen kepengin balik  neng omah. Amarga dheweke saiki wis ora dhewekan nanging nduweni batur yaiku bayi sing nemu ing tengah alas.
Bareng Dampo A Wang ngerti yen Nyi Ageng lunga saka omah dheweke banjur ngongkon kancane nyamar dadi Nyi Ageng kang palsu lan jahat. Kancane kuwi mau jenenge San Pho Wang. Dheweke banjur teka ing desa lan ngaku-ngaku yen dheweke kuwi Nyi Ageng. Dheweke dikongkon mbuktekake yen dheweke bener Nyi Ageng kang asli mula, dheweke kudu bisa mbatik tulis. Kuwi gawean sing paling abot amarga dheweke ora tau mbatik. Dheweke uga kudu bisa nyritakake kabeh uripe wiwit cilik nganti gedhe. Dheweke bingung lan ora mudeng apa-apa.
Pagawean kang abot kuwi wis bisa digarap dheweke nyulap kain dadi batik tulis. Dheweke mbuktekake yen bisa nggawe batik tulis. Dheweke uga bisa mangsuli apa wae sing ditakonke wong desa marang dheweke. Bisa nyritakake uripe awit cilik nganti gedhe. Dheweke bisa weruh kabeh amarga diduduhke Dampo A Wang. Nanging saiki dheweke ora sanggup nyamar dadi wong apik. Jalaran Nyi Ageng kuwi tindak-tanduke apik. Ora kaya dheweke sing jahat ora duwe ati. Tega lan mentala karo sapa wae. Dheweke uga ora tau mikirke wong liya.
Saiki dheweke njaluk bayaran, jalaran dheweke wis nglakoni kaya apa sing diperintahke. Bareng dheweke ngerti Nyi Ageng sing asli rupane kaya apa. Dheweke banjur seneng dhewe karo Nyi Ageng. Loro karone malah seneng karo Nyi Ageng kabeh. Antarane Dampo A Wang lan San Pho Wang banjur seneng karo Nyi Ageng kabeh. Dheweke njaluk supaya Nyi Ageng bisa dadi duweke. Nanging Dampo A Wang ora trima yen dheweke njaluk kuwi. Dampo A Wang kawit biyen uga wis seneng karo Nyi Ageng. Nanging nganti saiki durung bisa duweni. Tresnane nganti kepati-pati karo Nyi Ageng. 
Nyi Ageng kuwi wira amarga dheweke sing bisa jaga Bakaran saka wong-wong sing pengin nguasani desa Bakaran. Nyi Ageng kuwi bener-bener bocah wadon sing pinter, sabar lan apik ati. Mula pancen bener yen wong lanang padha seneng marang dheweke. Kejaba ayu rupane uga ayu atine. Nanging dheweke durung seneng urip bebrayan karo wong lanang amarga wong akeh lanang kang padha ugal-ugalan. Wong lanang kang apik bisa dietung nganggo driji. Sing ngenteni lan kang nglamar nganti teka lunga. Pokoke jodho, pathi, lan rejeki kabeh kuwi ana sing ngatur. Kabeh mau diatur Gusti kang Maha Kuasa.  
Akhire Nyi Ageng kang asli wis bali ning desane, karo nggawa bayi. Dheweke banjur ceritake yen nemu bayi saka alas. Wong-wong wis padha percaya. Banjur San Pho Wang kuwi mau ketruduk yen dheweke Nyi Ageng palsu. Dheweke banjur njaluk ngapura lan ngaku yen kang kongkon kuwi mau Dampo A Wang. Dheweke banjur dihukum nanging hukumane luwih ringan jalaran dheweke gelem jujur. Kabeh mau dhalange Dampo A Wang. Nyi Ageng lan wong kampung kabeh ngukum Dampo A Wang. Jalaran dheweke kang marai gawe ontran-ontran lan geger gember. Dampo A Wang kuwi pancen musuh sing licik.
Nyi Ageng duwe kanca jenenge Demang sing tau seneng dheweke nanging ora wani kandha. Wong loro kawit cilik wis kancanan. Wong tuane uga kancanan. Mula dheweke wis akrap karo kluargane Demang. Akhire Demang wani nglamar Ageng lan lamaran mau uga ditampa Ageng. Amarga wong loro kuwi padha tresnane. Demang banjur critake kabeh kang ana ning jero isi atine marang Nyi Ageng.
            “Ageng sebenere awit biyen aku wis seneng awakmu.”
            “Semana uga aku kangmas.”
            “Aku ora wani kandha jalaran biyen kene tau kancanen.”
            “Banjur…!”
            “Aku wedhi nek mbok tolak, lan mung mbok anggep kanca biasa lan hubungane kene ora bisa luwih saka kanca.”
            “Saiki terus banjur piye?”
            “Ngene lho wong ayu, apa awakmu gelem tak lamar lan urip bebrayan bareng karo aku.”
            “Injih kangmas, Ageng purun.”
Kabeh usahane kuwi jebule ana kang ngewangi. Kancane Nyi Ageng kang wiwit cilikane wis seneng karo tindak-taduke Nyi Ageng. Jaka kuwi jenenge Demang. Bocahe kuwi gedhe dhuwur lan bagus rupane. Dheweke uga ngerti yen Ageng nemu lan didadekake anan angkat. Dheweke gelem nampa Ageng apa anane. Saka kuwi Ageng uga tresna marang Demang lan nampa lamarane. Dheweke banjur kawinan lan didadekake demang ing desa, jalaran pantes karo jenenge. Demang kuwi priya kang bakal bisa njaga Ageng lan tanggung jawabe gedhe.
Dampo A Wang saking lara atine amarga ora ditampa lamarane. Mula dheweke banjur ngobong alas nganti entek resik. Banjur Nyi Ageng jenengake desa kuwi dadi desa Bakaran. Jalaran asale saka obong-obongan lan bakar-bakaran. Amarga alas kuwi mau amba banget mula dibagi dadi loro. Bakaran Wetan lan Bakaran Kulon. Bakaran Wetan kuwi bisa digawe dadi sawah. Semana uga Bakaran Kulon bisa digawe dadi tambak. Loro karone bisa ngasilake pangan lan iwak.
Dheweke uga kepengin nguasai desa bakaran kang panggonane cedhak karo segara lan pelabuhan. Dheweke kepengin nguasai usaha perdagangan. Pelabuhan kuwi kang bisa nggabungke bandhar-bandhar gedhe kaya ing kutha Semarang. Bakaran biyen akeh kang kepengin nguwasai kejaba cedhak segara uga ana sawahe. Nanging saiki sawah ing Bakaran wis dadi tambak kabeh. Nyi Ageng pundene ning Bakaran Wetan. Bakaran Kulon kuwi pundene sing lanang yaiku Mbah Demang.  Jenenge yen digandheng dadi Mbah Demang, Nyi Ageng.     
            Kaya ngana kuwi critane desa Bakaran kang nganti saiki isih wutuh kaya ngana. Mlebu pundhen kuwi sandale kudu dicopot. Saben ana mantenan lan bayi lahir kudu diubengke pundhen. Kuwi kanggo duduhake marang Mbah Demang, Nyi Ageng yen ana anak putune kang anyar. Kuwi kudu diubengke yen ora mula bisa cilaka kabeh. Pundhen kuwi mau bisa kanggo nyekar. Desa Bakaran kuwi akeh tradhisine lan larangane. Kuwi diturunake Nyi Ageng lan saanak putune sing urip ing Desa Bakaran.
            Ing desa Bakaran uga tau ana wong kuwi uripe pas-pasan. Jenenge Parmin dheweke nyambut gawe lunga menyang lampung. Dheweke ning kaya digudak-gudak macan. Dheweke mulih ning Bakaran maneh omonge jalaran ora krasan. Nanging dheweke tau diweruhi wong tua nganggo klambi lan surban putih supaya jupuk lemah saka pundhen Bakaran. Lemah kuwi dikonkon buntel nganggo mori putih lan dikongkon nggawa ing Lampung. Kabeh kuwi kanggo bukti marang Danyang Bakaran. Saiki uripe kepenak, uga wareg sandhang lan pangan.

Sudewi ‘05
                                                                                                           



















MLEBER, JIGLONG, LAN BARON SEKEBER

Bleber (kang diomongake saben dinane dadi Mbleber) lan Jiglong yaiku jeneng- jeneng panggonan kang ana sejarahe sing ngasi saiki isih dikenal karo masyarakat Kuta Pati. Bab kaya mangkana kuwi, kadadean uga ana ing ngendi- endi kang critane beda-beda. Amarga diomongakea dening wong akeh. Ana crita jeneng-jeneng desa, pemakaman, dalan, kali, jembatan, lan liya-liyane. Crita Bleber lan Jiglong kuwi salah sawijining dogeng kang kabenerane pantes dicatet. Critane saka tokoh legenadharis, yaiku Baron Sekeber.
Baron Sekeber kuwi nonoman saka Negara Belanda, kang urip ing jamane Kadipaten Pati utawa Pesantenan ing abad 14 M. Jeneng asline sebenere nganggo Bahasa Belanda, nanging dikenal dening wong-wong Jawa Baron Sekeber.
Dheweke nonoman kang pinter, ganteng, gagah, wani, gigih, lan mahir olah kaprajuritan. Kuwi kang nyebabake dheweke sanggup ngemban wejangan gurune, supaya ngumbara adoh ing sebrang segara. Nalika semana, semangate Baron Sekeber kanggo ngumbara menyang donya gedhe benget. Ketambahan nalika semana akeh Bangsa Eropa kang padha kaya dheweke. Salah sijine kekarepane yaiku Bangsa Eropa kuwi bisa ana ing dhaerah Jawa. Amarga ing kana wiwit jaman kuna wis dikenal subur, makmur lan akeh kekayaan alame.
Baron Sekeber anak antang- anting. Dheweke biyen mung urip karo wong tuwane loro karone. Nanging banjur ana kadadean kang ora dinyana-nyana. Bapake Baron Sekeber mati, amarga duwe ala. Dheweke oleh wejangan saka Bapake, yen pengin dadi wong kang agung kudu nduweni ilmu kang akeh.
“Baron Sekeber, anaku lanang, Bapak wis ora bisa ngancani lan nuntun kowe meneh. Bapak kepengin sapaninggale aku, kowe bisa dadi wong kang agung”. Kuwi pesene bapake marang Baron Sekeber (yen nganggo basa Jawa)
Ora nganti suwe Baron Sekeber uga ditinggal Ibune. Ibune kawin meneh karo wong lanang liya. Kuwi kang nyebabake tekate Baron Sekeber tambah kuwat. Ing kana dheweke wis ora duwe sapa-sapa meneh. Dheweke mantepake atine tenan-tenan kanggo ngelanglang buwana ing donya, kang ora liya ing tlatah Jawa.
Karo semangat lan tekat kang gedhe, Baron Sekeber banjur mangkat menyang tlatah Jawa. Lakune mbutuhake wektu kang suwe lan uga akeh tantangane, amarga saranane mung liwat dharat lan segara. Nanging alangan apa wae ora ngendhoni niate Baron Sekeber supaya cepet tekan tlatah Jawa. Bareng wis ngancik taunan dheweke, banjur lagi tekan ing bumi Mataram kang saiki dikenal karo jeneng Yogyakarta.
Wiwite, Baron Sekeber ora ditampa dening masyarakat. Amarga perawakanne Baron Sekeber kang duweni kulit putih, rambute pirang, matane biru sing nggawe seneng masyarakat. Ora suwe omongan wong-wong ngenani dheweke saya santer, wong-wong padha rerasan ing sanggon-nggon. Babagan kuwi kang malah ndadekake para prajurit ing Kerajaan Mataram ngerti, amarga padha krungu desas-desuse anane wong Belanda ing bumi Betawi, kang saiki dikenal Jakarta.
Amarga krugu desas-desus kuwi Baron Sekeber dilaporake marang Raja Mataram, banjur ana prentah supaya nyekel Baron Sekeber. Embuh kuwi karo cara alus apa karo cara kasar, sing penting Baron Sekeber kecekel. Nanging Baron Sekeber lolos saka ranjau kang digawe Praurit Mataram. Amarga ora kecekel lan saiki dadi buron, dheweke saiki banjur ngumbara ing dhaerah Jepara supaya bisa cedhak karo wong-wong Eropa sing wis manggon suwe ing kana.
Jebule, dalan kang tunuju ing dhaerah Jepara ora gampang kaya bayangane. Ing dalan uga akeh alangane, ing ngendi wae dheweke dadi omongane wong, ditakoni asal-usule, lan ora dipercaya niat apike. Malah dheweke kerep dicekel bajur diukum dening para petugas keamanan. Amarga akehe alangan kang ngalangi rencanane, dheweke banjur duweni niat kanggo ndhelik supaya bisa ngindhari para prajurit lan kanggo ngasah kasektenane, uga ngatur siasat kanggo mengko sateruse. Niate dheweke sansanya mantep amarga oleh impen, ing ngimpine kuwi dheweke weruh guwa kang apik kanggo tapa. Baron Sekeber menehi emas marang nelayan, kuwi supaya dheweke diterake menyang guwa kuwi. Guwa kuwi ana ing Gunung Patiayam dhaerah Muria.
Adipati Jayakusuma kang nduweni kekuwasaan ing Kadipaten Pesantenan (Pati)  uga nduweni niat kang padha karo Baron Sekeber. Sang Adipati oleh wangsit gaib, supaya tapa ana ing Gunung Patiayam kana, kanggo ngimba ngelmu kang akeh. Kekarepane sang Adipati didhukung dening wong akeh. Salah sijine dheweke didhukung dening penasehate kang ana ing Pulo Mandikala, kang ora adoh saka Muria. Adipati Jayakusuma menehi prentah penasehate, supaya niliki kahanan ing Gunung Patiayam panggonan kang arep dienggo tapa.
“He, penasehatku, aku kepegin supaya kowe nilikki kahanan kang ana ing sajerone Guwa kang ana ing Gunung Patiayam kana. Amarga aku arep tapa menyang kana.”
“Sendika dawuh Gusti.”
Banjur penasehate ngelaporake yen ing kana wis dinggo tapa dening wong lanang kang perawakane gedhe dhuwur lan kulite putih. Krungu kabar kaya mangkono, sang Adipati bingung, dheweke mikir sapa sing tapa ndhisiki dheweke. Sang Adipati banjur lunga menyang Gunung Patiayam. Adipati Jayakusuma nguculi kabeh busanane, dheweke lunga kaya wong-wong biasa.
Bareng tekan guwa kana, sang Adipati kaget. Jebule apa kang dikandhakake dening penasehate ngenani wong lanang kuwi, bener. Kang nambahi kagete sang Adipati, nonoman kuwi wong asing. Beda karo Baron Sekeber, yen dheweke isih ajeg tenang lan santun, tanpa nduweni rasa wedi. Malah dheweke crita marang Adipati Jayakusuma ngenani asal-usule dheweke lan kena apa dheweke bisa ana ing kana. Baron Sekeber uga kandha marang Adipati yen dheweke seneng ana ing tlatah Jawa.
Krungu omangane Baron Sekeber kang kaya mangkana, atine Jayakusuma ora tenang. Dheweke wedi yen kekuwasanane ing Kadipaten kana dirusuhi dening Baron Sekeber. Ing jero atine sang Adipati mikir, “nonoman kuwi kudu disingkirake adoh-adoh, yen perlu kudu dipateni. Mbok menawa saiki ketoke apik lan sopan, nanging sapa ngerti besuk dheweke gawe pekara.”
Maune Sang Adipati lan Baron Sekeber omong-omongan apik, akrab senadyan basane beda. Nanging ora suwe malah dadi tukaran, wong loro padha-padha ngrasa nduweni hak ana ing panggonan kana. Baron Sekeber ngrasa teka luwih dhisik, yen Adipati Jayakusuma ngrasa yen kana kuwi wilayahe dheweke. Maune mung tukaran padu, nanging malah dadi perang adu kanuragan. Nganti ana gempa bumi lan udan deres, sing ndadekake korban akeh.
Bareng ana korban, loro karone lagi padha sadhar yen tukarane kuwi nggawe cilakane wong-wong kang ora ngerti apa-apa. Banjur wong loro kuwi apikan meneh, nanging nganggo kasepakatan. Baron Sekeberoleh manggon ing wilayah Kadipaten Pati, kang suwe-suwene rongtaun. Kuwi mung kanggo tapa utawa nggolek ilmu, dheweke ora oleh ngganggu katentremane wong-wong kana. Besuk yen wis tekan wektune, Baron Sekeber kudu ninggalake kono apik-apik.
Wiwit kuwi, wong loro nglakoni urip dhewe-dhewe. Senadyan padha-padha ana ing Guwa Patiayam. Adipati Jayakusuma liwat lorong gedhe kang jebole nembus segara, yen Baron Sekeber oleh panggonan kang nembus alas. Panggonan kuwi ngepenakake Baron Sekeber, dheweke bisa ndeloki kahanan tlatah Jawa sakabehane. Yen awan Baron Sekeber tapa ing panggonane kana, nanging yen wayah wengi dheweke lunga ing ngendi-ngedi nggolek lelakon. Nganti ngerti asal-usule dhaerah pesisir lor Jawa. Baron Sekeber nandhang katresnan marang bocah wadon kang jenenge Rara Suli. Bocah wadon kuwi kembang desa ing Desa Kemiri.
Ora suwe, ana kabar yen Rara Suli meteng. Dheweke ngaku yen nandhang katresnan karo bangsa alus. Gosip kuwi nggemparake sapenjuru tlatah Jawa, nganti Rara Suli nglairake bocah kembar. Bocah kembar kuwi mau kulite putih lan mripate biru. Rara Suli diboyong menyang kerajaan lan dihakimi supaya dheweke gelem ngaku sapa kang dadi bapake bocah kembar kuwi. Nanging Rara Suli tetep ora gelem ngaku, weruh bocah kembar mau, Sang Adipati kelingan karo Baron Sekeber. Banjur diputusake, yen Rara Suli didadekake selir lan bocah kembare dipek anak dening Adipati Jayakusuma. Bocah kembar kuwi dijenengi Suwenda lan Danurwenda.
Gedhene bocah kembar kuwi cepet banget, ora kaya bocah liyane. Bocah kuwi pinter, lan ndadekake sapa wae sing bakal seneng. Nanging babagan kuwi kang malah nggawe bingung atine Sang Adipati, sing kelingan marang Baron Sekeber. Baron Sekeber nduweni kasepakatan karo sang Adipati, yen win rong taun dheweke kudu ninggalake Kadipaten Pati. Nanging saiki malah ora ana sing weruh ana ngendi Baron Sekeber.
Bareng Baron Sekeber wis ditemokake dening Sang Adipati, dheweke banjur ditantang kasektene supaya nglangi ing segara. Yen Baron Sekeber menang, dheweke oleh urip ing Kadipaten Pati nganti sasenenge. Nanging yen dheweke kalah kudu ngabdi menyang Kadipaten.
Baron Sekeber diliciki dening Sang Adipati, nganti dheweke kalah. Wiwit kuwi Baron Sekeber dadi juru taman ing Kadipaten Pati , dheweke uga ngurus jarane Adipati Jayakusuma.
Oleh tugas supaya ngabdi ing Kadipaten nggawe atine Baron Sekeber seneng. Dheweke bisa nyolong-nyolong wektu kanggo nemoni Rara Suli lan bocah kembar anake kuwi mau. Ora dinyana nalika Baron Sekeber lagi guyon karo Rara Suli lan bocah kembar, Adipati Jayakusuma ngonangi.
“Wiwit biyen aku wis ngira yen kadadean iki bakal ana,” Adipati Jayakusuma ngomong karo nesu-nesu marang Baron Sekeber.
“Apa wae bakal tak adhepi, supaya Rara Suli bisa tetep karo aku. Amarga Rara Suli lan bocah kembar iki ora liya kuwi duwekku” Baron Sekeber mangsuli lan percaya yen dheweke kuwi bener.
Sang Adipati meneng wae, ora ngomong apa-apa. Nanging sang Adipati malah langsung ngunus Baron Sekeber karo keris Rambut Pinulung. Baron Sekeber banjur mati.
Rara Suli lan bocah kembar kang weruh kuwi pdha kaget, sedih lan wedi. Sang Adipati uga ora ngira yen Rara Suli njaluk keris saka tangane Sang Adipati cepet benget, keris kuwi banjur diunusake ing dhadhane Rara Suli dhewe.
Weruh kadadean kang tragis kuwi mau, bocah kembar banjur mlumpat lan mlayu saka Kadipaten. Sanalika ana prentah supaya ngoyak bocah loro kuwi. Ing ngendi-endi rame.
Mesakake nasipe Sirwenda. Bener dheweke wis bisa lolos nglumpati pager dhuwur ig Kadipaten, naging dheweke malah tiba njengkulit lan langsung mati ing sisihe tembok kana. Panggonan kuwi saiki dadi prapatan dalan kang dikenal jenege Mbleber sing artine “mlumpat dhuwur karo lincah” saiki panggonan kuwi ana ing sisih wetan alon-alon Pati.
Yen Danurwenda padha wae ora slamet. Dheweke uga mati, amarga kecemplung ing kali pas dheweke arep nyabrang kretek ing sak jabane Kadipaten. Kejeglong utawa jiglong miturut dialeke wong Pati. Jeneng kuwi ngantii saiki isih ana, yaiku dinggo jeneng kretek cilik sangarepe markas Komando Distrik Militer (Kodim) ing Pati.
Critane, wektu acara pemakaman mayit-mayit malang kuwi Adipati Jayakusuma krungu bisikan.
“Wahai, Sang Adipati elingana besuk bakal ana wong kulit putih kang bales dhendham ing Kadipaten Pati kene.”

Puji Maryati ‘05
                                                                                                 


























KI AGENG PENJAWI

Ki Ageng Penjawi karo Pemanahan lan Jurumertani nalika isih nom tau dadi muride Ki Ageng Sela. Wong telu kuwi diarani telung serangkai, sing isih keturunane raja Brawijaya V utawa Prabu Kertabumi sing bertahta nalika taun 1468-1478.
Silsilah Ki Ageng Penjawi yaiku: Raja Brawijaya V duwe anak raden Bondan Kejawan. Raden Bondan Kejawan duwe anak telu sing kari jenenge Rara Kasihan lan dadi bojone Ki Ageng Ngerang. Pasangan iki duwe anak yaiku Ki Ageng Ngerang II lan anak wadon sing dipek bojo Ki Ageng Sela. Ki ageng Ngerang II duwe anak papat yaiku ki Ageng Ngerang III, Ki Ageng Ngerang IV, Ki Ageng Ngerang V lan Pangeran Kalijenar. Ki Ageng Ngerang III duwe anak jenenge Penjawi.
Silsilah Ki Ageng Pemanahan yaiku : anake Raden Bondan Kejawan sing nomer loro jenenge Ki ageng Getas Pandawa. Ki Ageng Pandawa duwe anak Ki Ageng Sela. Ki Ageng Sela duwe anak Ki Ageng Enis. Ki Ageng enis duwe anak sing diwenehi jeneng Pemanahan.
Silsilah Ki Jurumertani yaiku: anake Raden Bondan Kejawan sing paling tuwa yaiku Ki Ageng Wanasaba. Ki Ageng Wanasaba duwe anak Pangeran Made Pandan I. Pangeran Made Pandan I duwe anak Ki Ageng Pakringan sing bojone jenenge rara Janten. Saka pasangan iki duwe anak papat yaiku Nyai Ageng laweh, Nyai Manggar, Putri, lan Jurumertani.
Ki Ageng Penjawi, Ki Ageng Pemanahan, lan Ki Jurumertani sing isih keturunane Raja Brawijaya kuwi oleh tugas gedhe yaiku melu ngrampungake konflik keluarga Kerajaan Demak sing wis ngentekake korban akeh.
Kabut kandel nutupi bumi Demak nalika padha ngrebutake kekuasaan. Kuwi disebabake ulahe Bupati Jipang Panolan jenenge Aryo Penangsang sing ora liya anake Pangeran Suryawiyata (Pangeran Sedalepen). Aryo Penangsang gela sawise ngerti yen sing bakal munggah tahta ngganti Sultan ing Demak, Sultan Trenggana sawise seda yaiku ora dheweke, nanging sing diangkat malah Jaka Tingkir sing mung mantune Sultan Trenggana.
Merga gela Aryo Penangsang duwe niat elek arep mateni kabeh keturunane Sultan Trenggana. Supaya niat elek kuwi bisa Kabul aryo Penangsang nganakake patemon sing ditekani Laskar Soreng. Ing ngarepe Soreng, Aryo Penangsang mrentah supaya mateni gedhe-gedhenan. Sing ping pisan arep dipateni yaiku Pangeran Mukmin lan bojone, minangka piwalese, merga sing ngerti kabeh yen Aryo Penangsang arep mateni Pangeran Suryawiyata. Sing ping loro, mateni Pangeran Hadiri, bojone ratu Kalinyamat. Yen Sultan Pajang Arep dipateni Aryo Penangsang dhewe. Sakwise ngerti perintahe Aryo Penangsang, para Soreng lunga nglakoni tugas sing wis diprentahake.
Para Soreng karo nggawa keris brongot Setan kober ora kangelan nglakoni tugase. Malah, rakyat cilik sing dicurigai mihak utawa mbela Jaka Tingkir utawa Sultan Hadiwijaya di pateni. Sakwise mateni Pangeran Mukmin, para Soreng lunga golek Pangeran Hadiri lan Ratu Kalinyamat sing ngadhep Sunan Kudus. Gang pirang-pirang dina para Soreng nganakake pengintaian lan pencegatan sadawane dalan antarane Kudus nganti Jepara.
Ratu Kalinyamat karo bojone lan para rombongane nalika lagi arep balik dicegat para pengikute Aryo Penangsang. Peperangan uga kedaden kanthi sengit. Ratu Kalinyamat sing jeneng asline Retna Kencana katon kuwat lan cekatan endha lan menthung mungsuhe. Pangeran Hadiri lan pengawale uga gigih nglawan serangan-serangane para Soreng sing arep mateni dheweke. Nanging Pangeran Hadiri kena Keris Brongot Setan Kober sahingga getihe sing metu akeh. Pangeran Hadiri tetep bisa nahan nganti tekan Kalinyamat.
Gang pirang-pirang dina malane Pangeran Hadiri ora malah mari nanging sangsaya nemen. Kanthi cara apa wae wis dilakoni supaya larane amarga kena Keris Brongot Setan Kober mari. Nanging takdir Tuhan sing nemtokake, Pangeran Hadiri seda. Ratu Kalinyamat susah amarga ditinggal lunga bojone yaiku Pangeran Hadiri. Minangka tandha bhekti lan hormat marang bojone, Ratu Kalinyamat mutusake lunga ing Bukit Danaraja (Jepara) arep “tapa uda” sing artine ninggalake busana kebesaran kerajaane lan ngunculake perhiasane kabeh. Ratu Kalinyamat mung nganggo busana biasa kanthi ati kang tulus, sabar njaluk keadilan marang Tuhan kang maha kuasa.
Sultan hadiwijaya karo Ki Pemanahan, Ki Penjawi, lan Ki Jurumertani lunga ing bukit Danaraja nemoni Ratu Kalinyamat ngucapake bela sungkawa lan ngajak Ratu mulih ing Demak. Ratu Kalinyamat ora gelem balik ing Demak utawa ing dalem Kalinyamat. Dheweke pengen tetep nglakoni nglakoni tapa nganti sakdurunge Aryo Penangsang mati. Krungu omongane Ratu Kalinyamat kaya mau Sultan Hadiwijaya nganakake sayembara “sapa sing bisa ngalahake Jipang Panolan lan nyekel Aryo Penangsang arep diwenehi hadiah  bumi Pati lan Alas Mentoak.”
Lagi wae sayembara rampung diumumake wis ana laporan yen Aryo Penangsang malah nantang perang tandhing karo Sultan Hadiwijaya. Krungu laporan kaya mau Sultan Hadiwijaya panas atine lan kepengin cepet-cepet lunga dhewe nemoni Aryo Penangsang. Ki Jurumertani menehi piweling supaya Ki Penjawi, Ki Pemanahan, Danang Sutawijaya lan dheweke dikon melu ngawal. Perang antarane Jipang karo Pajang sing sebenere isih ana hubungan keluarga bakal temenanan kelakon. Minangka panglima perang ditunjuk Ki Penjawi lan Ki Pemanahan. Dheweke setuju dadi panglima perang lan karo nggawa tombak Kyai Pleret lan pembekalan perang rombongan lunga ing perbatasan nyegat pasukan Aryo Penangsang.
Ing perbatasan Jipang, Aryo Penangsang sing dikawal lascar Soreng wis suwe ngenteni. Karo nunggang jaran gagakrimang lan Keris Kyai Brongot setan Kober sing didokok bangkekane Aryo Penangsang sesumbar sombong. Ora suwe pasukan Pajang teka kanthi gagah berani. Aryo Penangsang sesumbar maneh. Ki Penjawi ora gampang emosi, dheweke ora kesusu nanging nganggo pikiran lan strategi sing cermat.
Sakwise persiapan mateng, minangka panglima perang Ki Penjawi menehi komando serbu. Kurang saitungan sadhetik, perang antarane Jipang Panolan karo pajang kedadean. Akeh prajurit sing mati ing tengah palagan. Kuwi pancen wis dadi resiko peperangan. Nalika peperangan kuwi Aryo Penangsang kena tusukan Tombak Kyai Pleret sing dihujam Danang sutawijaya nganti ususe metu. Wektu kuwi Aryo Penangsang kepengin mateni Raden Danang Sutawijaya. Mula, keris sing ing bangkekan diunus. Usus Aryo Penangsang pedhot kena kerise dhewe, Kyai Brongot Setan Kober. Aryo Penangsang tiba saka jaran Gagakrimang lan sidane mati.
Tandha bukti yen Ki Penjawi wis nglakoni tugase yaiku Ki Penjawi nglapor marang Sultan Hadiwijaya. “ lapor sultan, tugas sampun kula tindhakaken”,ujare Ki Penjawi. Isi laporane yaiku siji kabeh kekurangan dadi tanggung jawabe Ki Penjawi minangka pimpinan perang. Ping loro, keberhasilan nglumpuhake Jipang Panolan lan bisa mateni Aryo Penangsang yaiku keberhasilan bareng-bareng antarane Danang Sutawijaya, Ki Jurumertani, Ki Pemanahan, lan Ki Penjawi.
Sultan Hadiwijaya ngucap matur nuwun marang kabeh pihak sing wis nglakoni tugas kanthi hasi kang gtemilang. Perseteruan antarane Jipang Panolan lan Pajang wis ora ana maneh saengga rasa kekancan urip aman bisa Kabul. Kaya apa sing wis dijanjekake nalika sayembara, minangka hadiah Sultan Hadiwijaya jabatan Patih ing kesultanan pajang marang Ki Jurumertani, nyerahake alas mentoak marang ki Pemanahan lan Bumi pati marang Ki Penjawi.
Nalika dina apik Ki Ageng Penjawi mangkat nindakake tugas anyar yaiku mimpin bumi Pati kanthi rasa seneng lan kebak tanggung jawab. Rakyat pati bisa nampa Ki Ageng Penjawi kanthi ramah lan tulus ikhlas. Ora masalahake saka ngendi asal-usule Ki Penjawi yaiku putra asli daerah utawa ora. Semana uga Ki Penjawi ora duwe sikap sombong, malah rendah hati, ramah lan ora mbeda-mbedakake siji lan sijine.
Minangka pemimpin anyar, Ki Penjawi ora isin-isin ndolani para tokoh rakyat Pati antarane Ki Gede Ragawangsa, Ki Gede Jiwanala, Ki Gede Plangitan lan Ki Gede Jambean.. Para tokoh rakyat Pati mau dijaluki saran soal kondisi daerah Pati guna gawe langkah-langkah kanggo gawe kebijakan
Langkah pisanan Ki Penjawi nalika mrentah Pati yaiku nata punggawane. Kabeh pejabat saka tingkat cendhek nganti dhuwur kudu bisa nglakoni telung syarat yaiku jujur, disiplin, lan ahli ing bidange dhewe-dhewe. Ki Ageng Penjawi nalika mbangun  ndhisikake bidang pertanian merga akeh rakyat Pati dadi Petani. Rakyat ana sing tekun ing bidang peternakan, perikanan, lan cocok tanam.
Saben bidang garapan dicekel ahline saengga nalika ana pekara bisa dirampungake kanthi apik. Daerah pati dadi maju. Rakyat Pati nalika kerja semangat lan dibarengi rasa aman wektu dipimpin Ki Ageng Penjawi. Saiki jeneng Ki Penjawi dadi salah sijining jeneng dalan ing Kutha Pati.

                                                                                                Nurul H.N ‘05








SUNAN KUDUS

Sunan Kudus kuwi asline ora saka Kudus. Dheweke teka saka Jipang Pamelang (ana sing  ngarani sisih lor Bloro), adone 25  kilometer  saka arah  kulan kutha Kudus,  Jawa Tengah.  Ing kono  dheweke dilahirake,  lan diwenehi jeneng Ja’far Shodiq. Dheweke yaiku ana saka Sunan Udung utawa Raden Ja’far Shodiq. Dheweke yaiku anak saka sunan undung  utawa (Raden Usman Haji) karo Syarifah, putune Sunan Ampel. Samangso  kesuwure Sultan Undung kesuwur Panglima Perang sang gagah.
Nganti sauntara wektu, Sunan Undung mati sajerone perang antarane Demak lan Majapahit. Sawise iku, Ja’far Shodiq  nganti palungguhane bapake. Tugas sing paling baku yaiku ngalahke laladan Kraton Majapahit kanggo ngambakake panguwasa Demak. Kasunyatan Ja’far Shodiq bisa mboktekake ing laladan perang, ora kalah saka kepinterane bapake
Ja’far Sodiq kasil ngembangake Kerajaaan Demak, nganti tekan Madura, lan tekan sisih  kulon nganti Cirebon.
Ja’far Shodiq kelakon sembarake  laladan Kraton Demak, Megetan  nganti Madura, lan ngulon  nganti Cirebon. Kasil iki banjur nyebabake macem-macem crita kadigdayane Ja’far Shodiq.  Contone sadurunge perang Ja’far Shodiq diwenehi  badhong  bangsane rompi karo Sunan Gunung Jati. Badhong iku di gowo mubeng-mubeng  sajerone perang.
            “Ngger enggone badong iki kanggo ngayomi awakmu yen kowe perang,” kandane sunan Gunung Jati.
Iki badhong sekti ojo nganti  bodong  iki kok ilangake  iki badhong wasiat, mengko saben kowe nggunakake badhong iki  mesthi bakal ana keajaiban  sing kodelok.
            “Inggih matur nuwun  Sunan, kula badhe ngginakake badhong punika kanthi  sae  lan badhe kula rumat. Kula nyuwun  pamit saha nyuwun pangestune Sunan Gunung Jati, supados anggenipun kula kesah diparingi  keselametan.”
            “Iya, tak  pangestuni ngger, sing ngati-ati,” Ja’far Sodiq langsung lunga.
            Kadigdayane  saka badhong iku banjur metu  mayuto-yuto tikus, sing uga kasunyatan digdaya. Yen digebug, tikus iku ora  malah mati, nanging saya ngamuk sakarepe dhewe. Bala tentara Majapahit  wedi mlayu sipat kuping, dhewe uga duwe sawijine pethi sing mati diantup tawon. Sing mesthi pimpinan pasukan majapahit Adipati Tenung, nyerah karo pasukan Ja’far Sodiq. Sabubare perang, Ja’far Shodiq ngawini anake Tenung, sing akhire duwe anak wolu.
            “Ja’far Sodiq dakakoni pancen kowe sekti, aku nyerah,” kandhane Adipati Terung marang Ja’far Sodiq. Aku duwe hadiah kanggo kowe. Apa kowe gelem dakkawinke karo anakku? Anakku ayu lan pinter.
            “Inggih, kula purun. Putrane panjenengan punapa purun kaliyan kula?”
            “Anakku mesthi gelem, lha wong anakku kuwi bocahe nurut marang aku.”
            Bareng tekan kratone Adipati Tenung ngomong karo anake.
            “Nduk, kowe kuwi wis gede, wes wayahe awakmu mbangun bale wisma,” kandhane Adipati Tenung marang anake.
            “Pepengine rama, kula enggal-enggal krama ngater?”
            “Iya, aku wis nemu jodho kanggo kowe, wong gagah, bagus, sekti lan nduwe sopan santun kang apik.”
            “Inggih rama, kula manut kaliyan rama kemawon, pundi ingkang sae kagem kula.”
            Akhire Ja’far Shadiq kawin karo putrane Adipati Tenung.
            Asile ngalahake Majapahit, Ja’far Sodiq saya kuat. Deweke entuk tugas kanggo ngalahake Adipati Handayaningrat, sing duwe niat nyerang Kerajaan Demak. Adipati Handayaningrat kaya dene pangkat sing dinggo Kebo Kenanga, panguwasa laladan pengging, wilayah Boyolali lan sakiwa tengene.
            Kebo Kenanga nduweni niat ngedekake negara dhewe karo ki Ageng Tingkir. Kekarone kuwi pendhereke Syekh Siti Jenar, sawijining guru sing mulang urip model suti. Kebo Kenanga lan Tingkir digambarake kaya dene dulur seperjuangan, sing padha sayange kaya dene dulur kandhung.
            Tandha-tandha mbalela kebo kenanga saya katon wektu dheweke mbangkang karo Raja Demak, Adipati Bintara utawa sing luwih kesuwur ajejuluk Raden Patah. Layang undangan sing digawe Raden Patah ditelantarake Kebo Kenanga nganti telung taun. Mula Raden Patah mutusake ngalahake mbalelane Kebo Kenanga iku.
            “Aku emoh ngadep Adipati Bintara,” kandhane Kebo Kenanga.
            “Aku arep ngedekake negara dewe karo ki Ageng Tingkir.”
            “Nganti salawase aku ora bakal ngadep Adipati Bintara.”
            “Wis nganti telung taun Kebo Keananga ora ngadep aku,” ngendikane Raden Patah.
            “Aku wis pasrah, yen ngene iku aku mutusake balelane Kebo Kenanga.”
            Raden Patah mrentah Ja’far Sodiq ngerem-ngerem Kebo Kenanga. Sak jroning perang, Kebo Kenanga mati, ananging kadigdayane Ja’far Sodiq panglima perang suwe-suwe lingsem. Nganti ancang-ancang pindhahe ing Kudus, Ja’far Sodiq wis ora dadi panglima perang ananging dadi penghulu masjid ing Demak.
            “Awakmu dakwenehi tugas ngerem-erem Kebo Kenanga,” kandhane Raden Patah marang Ja’far Sodiq.
            “Inggih sendika dauh Raden.”
            Ja’far Sodiq lunga marani Kebo Kenanga ananging Kebo Kenanga ora bisa diomongi kanthi alus. Ja’far Sodiq uga ngladeni kekarepane Kebo Kenanga. Kebo Kenanga kalah deweke mati ing medan perang.
            Sak lungane Ja’far Sodiq saka Demak, ana pangira Ja’far Sodiq salah paham karo Raja Demak. Menawa wae Ja’far Sodiq salah paham karo Sunan Kalijaga. Sakjroning serat kandha diterangake Ja’far Sodiq nduwe murid, Pangeran Prawoto. Pangeran Prawoto ngakoni Sunan Kalijaga iku guru anyar.
            Ja’far Sodiq nganggep, Pangeran Prawoto durhaka, amarga ngakoni guru loro, wektu iku pangeran Prawoto dadi raja Demak. Ja’far Sodiq nduweni niyat mateni Prawoto lewat tangane Aryu Penangsang, sing ora liya adhin kandhunge Prawoto.
            “Prawoto kuwi durhaka amarga ngakoni guru loro,” kandhane Ja’far Sodiq.
            “Aku nduwe niat arep mateni Prawoto.”
            “Arya Penangsang kuwe tak wenehi tugas mateni Prawoto.”
            “Nanging, Sunan, Prawoto menika kakang kula.”
            ”Aku rak peduli, pokoke Prawoto kudu mati.”
            Akhire Arya Penangsang banjur ngongkon wong liya, sing jenenge Rangkud.
            “Rangkud, aku njaluk tulung. Tulung kakang Prawoto kae pateni, Ja’far Sodiq ngongkon aku, ananging aku rak tegel amarga Prawoto kuwi kakangku dewe.”
            “Lha, kenapa kok kudu dipateni?”
            “Ngendikane Ja’far Sodiq, Prawoto kuwi durhaka amarga ngakoni guru loro.”
            “Ooo…ngono perkarane. Yen ngono aku gelem nglaksanakake tugas.”
            Pangeran Prawoto akhire mati karo bojone, sawise ditusuk rangkud, mayite Prawoto disendhekake ing awake bojone, amarga kekarone diunus pedhang. Rangkud uga mati amarga ora dinyana-nyana, sadurunge mati, Prawoto sempat nguncalake keris Kyai Bethok ing awake.
            Ja’far Sodiq ninggalake Demak kerana awake dhewe. Dheweke kepengin urip bebas kanggo kepentingan agama Islam. Durung jelas kapan cethane Ja’far Sodiq teka ana ing Kudus. Wektu Ja’far Sodiq teka ing Kudus, kutha iku isih dijenengi Kutha Tajug. Raiturut kandhane warga ing kono, sing pisanan mbiyarake kutha Tajug yaiku Kyai Telingsing. Jenenge asli Telingsing yaiku The Ling Sing amarga asale saka negara Cina nanging agamane Islam.
            Crita iki nuduhake yen kutha iku wis maju sadurunge Ja’far Sodiq teka. Crita sing dipercaya, Ja’far Sodiq dadi penghulu Demak sing nyingkir saka Kraton. Ing Tajug, Ja’far Sodiq kawitane urip ing tengah-tengahing jama’ah cilik. Ana sing natsin jamaah Ja’ar Sodiqsantrine ana sing saka Demak. Sakwise jamaahe saya akeh, Ja’far Sodiq banjur mbangun mesjid kanggo ngibadah lan kanggo pusat penyebaran agama. Panggonan ibadah sing diyakini dibangun Ja’far Sodiq yaiku mesjid menara Kudus, sing saiki isih ngadeg. Jenenge Ja’far Sodiq ditulis sajroning tembok mesjid.
            Miturut catetan lan critane masyarakat, Mesjid Menara Kudus iki dibangun taun 956 Hijriyah utawa 1549 M. Sajroning tulisan ana tembung basa arab sing artine “Mesjid Aqso iki didekke ing negara Qudus….” Cetha banget Ja’far Sodiq menehi jeneng masjid yaiku Mesjid Aqso, padha karo Mesjid Masjidil Aqso ing Yerussalem.
            Kutha Tajug uga nduweni jeneng anyar, yaiku Quds, banjur ganti dadi Kudus. Akhire Ja’far Sodiq dhewe luwih misuwur ajejuluk Sunan Kudus. Sajroning nyebarake agama Islam Sunan Kudus manut alirane Sunan Kalijaga, yaiku nggunakkae model “tutwuri Handayani” tegese Sunan Kudus yen nyebarake agama saka sethithik.
            Wektu iku wong Kudus isih dikuwasai penganut Hindhu. Mula Sunan Kudus anggone nyebarake agama kanthi cara nggabungake adat Hindhu mlebu ing Islam. Contone Sunan Kudus nyembelih kebo, ora sapi, wektu Idul Adha. Iku mratandhakake pangormatan Sunan Kudus marang umat Hindhu. Amarga sapi ing agama Hindhu kuwi kelebu kewan kang suci.
            Cara sing menarik supaya penganut agama liya siap ngrungokake ceramah agama Islam saka Sunan Kudus yaiku surat al- baqarah  sing artine sapi. Kerep diwacakake Sunan Kudus kanggo nengsemake sing ngrungokake.
            “Para jamaah nyuwu perhatosanipun, kula badhe maosaken Surat Al-Baqarah ingkang artosipun sapi.”
            Pembangunan Mesjid Kudus ora ninggalake arsitek Hindhu, wangun menarane teteparsitek gaya Hindhu.
            “Sunan kenging napa menara ingkang dipun damel kok bangunane sami kaliyan bentuk bangunan Hindhu?” pitakone salah sawijining santrine Sunan Kudus.
            “Kuwi mratandakake yen awake dhewe isih ngormati agama liya.”
            “Punapa kok kedhah ngaten Sunan?”
            “Amarga warga ing kene akehe nganut agama Hindhu, mula supaya masyarakat ora canggung, aku milih nyebarake agama kanthi cara mangkono.”
            “Oo..mekaten nggih, Sunan.”
            Kejaba menara Kudus deweke uga ninggali mesjid gedhe ing Kudus sing banjur dikenal kanthi sebutan Masjid Menara Kudus. Ing plataran mesjid ana bangunan menara kuno kang endah. Asal usule jeneng kudus miturut dongeng ing kalangan masyarakat yaiku jaman Sunan Kudus tau lunga kaji karo luru ngelmu ing negara Arab. Banjur dheweke uga mulang ing kana. Wektu iku tanah Arab kena wabah penyakit sing medeni, penyakit iku isa waras amarga jasane Sunan Kudus. Mulane wong kana menehi hadhiah karo Sunan Kudus. Ananging deweke ora gelem, mung kenang-kenangan watu sing dijaluk, watu iku saka kuto Baitul Makdis utawa Jerussalem. Mula kanggo tandha pangormatan tau neng kana banjur diwenehi jeneng Kudus.
            “Sunan punika kenang-kenangan saking warga mriki amargi sunan sampun nylametake masyarakat Arab saking wabah penyakit.”
            “Ora usah repot, aku nulung kanthi ati ikhlas.”
            “Punapa Sunan mboten kersa kaliyan hadiah punika?”
            “Ora ngono, aku mung pengen njaluk kenang-kenangan watu saka tanah Arab kene.”
            “Inggih, mangga Sunan, ananging punika namung watu biasa.”
            ”Ora apa-apa.”
            Kebiasaan unik Sunan Kudus sajroning dakwah yaiku acara bedhug dandang kanggo pratandha tekane sasi ramadhan kanggo ngundang para jamaah ing mesjid. Sunan Kudus nabuh bedug terus-terusan. Sakwise jamah kumpul ing mesjid Sunan Kudus ngumumake kapan peesise kawitane pasa pisanan.
            “Para jamaah pasa pisanan diwiwiti sesuk pajar. Mula padha disiapke lahir batin. Yen pasa aja mung ngempet hawa nafsu namun perilaku uga dijaga,” ngendikane Sunan Kudus.
            Saiki acara dandangan isih diterusake ananging wis adoh saka asline. Yen arep ramadhan akeh wong sing padha teka ing sakiwa tengene mesjid, ananging ora arep ngrungokake pengumuman awal pasa, mung kanggo tuku macem-macem jadah sing diedol para pedagang musiman.
            Sadurunge mesjid kuno kuwi dibangun, dheweke nggawe mesjid ing Nganguk, yaiku mesjide Sunan Kudus kang pisanan. Sajroning crita sakdurunge Sunan Kudus dadi pemimpin ing Kudus ana sawijining tokoh kang misuhur yaiku kyai Telingsing, amarga deweke wis tuwo pengen luru gantine.
            Sawijining dina kyai Telingsing ngadek lingak-linguk ujug-ujug Sunan Kudus saka kidul, banjur mesjid dibangun kanthi wektu kang cepet, malah ana sing kandha mesjid iku ujug-ujug ana terus diarani Mesjid Tiban. Banjur desa iku dijenengake Nganguk, mesjide dijenengi Mesjid Nganguk Wali.
            Sajroning crita masyarakat ing kono menara Kudus lan lawang kembar iku dibungkus saputangan kang digawa saka tanah Arab, ana sing kandha maneh lawang kembar pindhahan saka Majapahit.

Emy Puspitasari ‘05
                                                                                                 

























BULUS SUMBER

Ing kabupaten Kudus ana desa kang nduweni jeneng Sumber, sing neng desa kuwi ana salah sijine sumber seng akeh dinggoni para bulus. Angger pas wulan Syawal, akeh wong-wong kang padha mara ing panggonan kang dikramatke iku. Karo nggawa kupat lan lepet kanggo dipangan lan kanggo dinggo sesajen.
Kacarita biyen ing sawijining dina, Sunan Muria arep nekani patemon wali sanga ing tlatah Pati kanggo ngrebug syiar Islam. Ing pangumbaran sing ditutake para santrine kang dipilih mungguh setiyane marang Sunan Muria. Pas wektu iku, pangumbaran ora kaya saiki sing wis kepenak dalane, biyen isih ngliwati alas-alas, sawah, rawa lan gunung. Pangumbaran dilaksanakake ora mung awan, nanging uga nganti bengi.
Ing sawah kang akeh wit-witane, Sunan Muria mandheg amarga krungu suwara krubyak-krubyuk,  yaiku suara banyu sing disebabake amarga kena obah untege barang. Sing sabenere suara iku saka jangkahane wong ing sawah kang ana banyune.
“Swara apa iku sing krubyak-krubyuk bengi-bengi kaya ngene?” pitakone Sunan Muria marang Santrine.
Krungu pitakone Sunan, banjur salah sijine Santri ngluru kedadean apa kang ana ing bengi iku. Banjur, Santri ngerti yen suara iku saka swara wong sing mlaku njabuti wineh pari kanggo ditandur esuke.
“Kanjeng Sunan, suwanten menika sangking tiyang ingkang njabuti bibit pantun, enjang-enjang mungkin badhe dipun tanem wonten sabin.”
“O, tak kira swara mau kuwi bulus,” jawabane sang Sunan.
Miturut crita, ngendhikane Sunan dadi nyata,  wong-wong sing  padha njabuti wineh pari iku pada maleh dadi bulus. Mangka wong-wong mau pada getun lan sedih nasibe kok daadi kaya ngono.  Nanging , karo sapa deweke kandha ? wong-wong mau mung bisa angen-angen yen kedadean mau amarga sabdane dewata utawa wong kang sakti.
“Mungkin awake dhewe dosa amarga isih kerja ing wektu bengi”, ngomonge salah sijine bulus karo nangis.
“Nanging sapa sing nglarang kanggo kerja ing wektu bengi?” omonge sing liya.
“Sapa ngerti Dewi Sri ora lila yen parine dijabuti bengi-bengi?” bantahe bulus liyane.
“Ora mungkin, wong Dewi Sri mesthi entuk sesajen angger dhewe panen kok, Dewi Sri mesthi uga melu susah ngerti nasibe awake dhewesing kaya mangkene.”
“Wis-wis, dhewe pasrah wae marang Sing Kuwasa, mungkin pancen wis takdire,” omonge bulus sijine maneh sing krasa tanggung jawab merga kedadean iki. Pancen dheweke sing ngajak sedulure njabuti pari bengi iku.
Ora wektu suwe kedadean mau wis dadi omongane wong akeh amarga kelangan wargane. Banjur, warga padha nggoleki mrana-mrene sahingga ngerti yen kedadean mau amarga sabdane Sunan Muria. Pawarta iku akhire krungu nganti tekan kaum bulus kang ngluru panggonan kang aman. Ing dina sawise bulus mau weruh pawarta yen Sunan Muria bakal bali saka Pati. Kamangka bulus mau nduwe niat bakal tobat lan njaluk ngapura marang Sunan Muria supaya bisa mbalik maneh dadi manungsa.
Kanthi sabar bulus-bulus mau ngenteni liwate Sunan Muria ing jero banyu. Saben ana wong sing liwat bulus-bulus mau padha kroyokan ndelok sapa sing liwat. Nanging nganti suwe sing dienteni durung ngetok.
Nalika Sunan Muria liwat ing panggonan sing dienggo ndhelik, bulus-bulus mau padha ngetok lan ngomong, “Kanjeng Sunan, kula nyuwun pangapunten, ugi suwunaken marang Gusti Allah supados kula dipun dadosaken manungsa malih?”
Kanjeng Sunan sedhih amarga ngerti kedadean kuwi. Nanging, Sunan Muria ngendika, ”Kerabatku, aku ya melu prihatin amarga kadadean iki, naging iki kabeh wis dadi takdire Gusti Allah. Mula, tampanana kanthi ikhlas lan tawakkal marang sing Kuwasa”.
“Kanjeng Sunan, menawi menika dados takdiripun allah lajeng pripun kita bade angsal panguripan?”.
Sunan uga tambah sedhih nalika krungu critane bulus mau. Banjur Sunan tafakkur sedhela, lan nuncepake tongkate ing jero lemah. Pas wektu Sunan njabut tongkate mau, mancur banyu kang bening banget. Ing wektu sedelok panggonan mau dadi kolam utawa sendhang.
“Rungakna ya bulus, panggonan iki wis dadi sumber sing abadi lan besok bakal dadi desa sing rame lan dadi desa sumber. Sabara neng kene merga pakanan apa wae sing mbok karepke bakal teka dewe.”
Banjur Sunan sak rombongane lunga saka panggonan mau sahingga bulus-bulus mau ngucapke matur nuwun marang Kanjeng Sunan. Nganti saiki desa sumber mau dadi rame lan sendhang mau dikramatke marang wong-wong ing tlatah kono.

Nurul Hilal A ‘05












SENDHANG SINANGKA JEPARA

            Ing Desa Bungu Kecamatan Mayong Kabupaten Jepara ana sejarahe Den Subanjar. Den Subanjar kuwi asli saka Arab.
Ing zaman biyen kumpul kaluargane ana ing negara Arab. Wektu semono tlatah iku dipimpin Raja Arab kang jenenge Khusyain. Raja Khusyain kuwi nganut Agam Islam, mula kuwi rakyate dikongkon manut karo Agama Islam kabeh. Nanging kaluargane Den Subanjar nganut Agama Budha. Raja Arab ngangkon Prajurite supaya ngajak kaluargane Den Subanjar melu Agama Islam. Nanging kaluargane Den Subanjar ora gelem nganut Agama  Islam isih tetep nganut Agama Budha.
Raja Khusyain ngamuk lan nesu amarga keluargane Den Subanjar dikongkon nganut Agama Islam secara alus ora gelem.
                        Akhire kaluargane Den Subanjar dipeksa nganut Agama Islam. Kaluarga Den Subanjar akhire gelem nganut Agama Islam.Nanging Den Subanjar dhewe tetep ora gelem nganut Agama Islam, banjur lunga saka omah ninggalake kaluargane. Raja Arab ngutus  Patih lan Prajurit supaya bisa nemokake Den Subanjar, ing salah sawijine panggonan Den Subanjar ketemu karo Patih lan prajurit Raja Arab. Den Subanjar dipeksa nganut Agama Islam tetep wae ora gelem. Akhire Den Subanjar perang karo Patih lan Prajurit utusane Raja Khusain. Den Subanjar kewalahan ngadhepi Patih lan prajurit Raja Khusain, banjur Den Subanjar mlayu tetep wae isih dioyak-oyak. Den Subanjar ora bisa urip tentrem ana ing Negara Arab. Mula kuwi Den Subanjar mutusake mlayu saka Negara Arab. Wektu Den Subanjar mlayu saka Negara Arab, Den Subanjar tetep wae isih dioyak-oyak banjur lunga menyang Negara Indonesia tepate ing Kutha Jepara Kecamatan Mayong Desa Bungu. Ing Desa bungu isih ditututi karo Patih lan Prajurit Ratu Arab sateruse Den Subanjar mlayu  menyang Alas Bungu, Den Subanjar banjur nancepke kayu banjur dadi sendhang. Sendhang kuwi mau dianggo ndhelik dening Den Subanjar saka oyakane patih lan prajurit Raja Khusyain. Sendhang mau ora bisa mili banyune, miline mung ing wektu-wektu tertemtu. Ing pinggir sendhang  kuwi mau ana wit nangka metu wohe loro. Nangka mau tiba ing sendhang banjur sendhange bocor. Mula sendhang kuwi dijenengi Sendang Sinangka sing ana ing Desa Cemani.
                        Wektu Den Subanjar ndhelik ing Sendhang Sinangka mau utusane Raja Khusyain bisa namokake Raden Subanjar. Den Subanjar  banjur mlayu maneh.            Miturut kapercayan masyarakat Bungu yen Sendhang Sinangka kuwi metu banyune nandhakake yen bakal ana bebaya ing Desa Bungu. Nanging banyune kuwi akeh paedahe terutamane bisa kanggo tamba. Nalika Sendhang Sinangka kuwi metu banyune masyarakat padha bebarengan moro ing sendhang kuwi. Ana sing njupuk banyune, lan uga ana sing nganggo adus. Yen masyarakat liya kepengin adus lan ngombe ing sendhang kuwi oleh, nanging yen digawa bali ora oleh, amarga banyu kuwi ora kena digawa metu saka Desa Bungu, yen dilangagr bakal cilaka.

Siti Zulaekha ‘05          












NAYA GIMBAL
LAN DUMADINE JENENG-JENENG DESA ING BLORA

Naya Gimbal, jeneng asline Naya Sentika. Dheweke mantan prajurite Pangeran diponegara. Sawise Pangeran Diponegara dicekel dening Walanda, dheweke lan bojone uga kanca-kancane kayata Sura Sentika ngungsi kanggo nyusun rencana perjuwangan nganggo carane dhewe. Banjur Naya Sentika manggon ing dhukuh Sumber Wangi lan netep nganti taun 1855.
Sawise manggon ing Sumber Wangi, Naya Sentika lan bojone banjur meguru ngelmu kasekten marang Ki Samboro. Ki Samboro yaiku pendheta ing padhepokan Guwa Nglengkir. Ing padhepokan kuwi dheweke nduweni kanca sing jenenge Beja. Marang Ki Samboro dheweke nyitakake apa kekarepane, yaiku nutukna perjuwangane Pangeran Diponegara.
Dening Ki Sambora dheweke diutus tapabrata ing gunung Genuk ing dhaerah Taunan. Miturut Ki Samboro tandha kanggo miwiti pembrontakan kuwi manut karo kahanane genuk ing Gunung Genuk. Menawa gunuk kuwi rubuh lan lambene madhep ngulon, mula pembrontakan diwiwiti saka kulon, mula lambene madhep ngidul, mula diwiwiti sala kidul.
Beja iri marang Naya Sentika merga dheweke ora pati digatekake dening Ki Samboro kaya dene Naya Sentika lan bojone. Sakliyane kuwi, dheweke uga nduweni rasa seneng karo Dyah Ayu Sumarti, bojone Naya Sentika. Mula Beja nduweni niyat ala marang Naya Sentika. Nalika Naya Sentika lagi tapa, Beja njarak ngrubuhake genuk kang ana ing Gunung Genuk banjur dheweke ndhelik ing lereng Gunung Genuk. Esuke Naya Sentika weruh yen genuk mau wis rubuh lan lambene madhep ngulon. Naya Sentika banjur ngunus gamane kang arane Kyai Sadak lan maju perang karo prajurite. Naya Sentika lan prajurite banjur sorak-sorak, mula panggonan kang dinggo sorak-sorak mau diwenei jeneng Gunung Surak. Nanging sadurunge budhal Naya Sentika lan prajurite dipenggak dening Ki Samboro merga rubuhe genuk mau ora merga rubuh dhewe nanging digawe dening manungsa. Sawise konangan yen sing ngrubuhake genuk mau Beja, Naya Sentika banjur nggoleki Beja nanging Beja langsung njaluk pangapura. Merga genuk wis kadhung rubuh, mula Naya Sentika tetep nerusake niyate miwiti pembrentokan. Pembrontakan kuwi diwiwiti saka kulon, yaiku dhaerah Rembang.
Dhaerah sing pisanan diserang dening Naya Sentika yaiku dhaeran Lasem merga ing dhaerah kuwi ana gudhang uyah. Gudhang diobong lan wedana lasem dicekel, digawa lunga, banjur pungkasane dipateni denging Naya Sentika. Panggonan kang dinggo mateni wedana Lasem banjur dijenakna Nggakyang dening Naya Sentika merga wedana Lasem mati ngadek kaya tunggak nalika kena gamane Naya Sentika. Dene panggonan kang kotosan getihe wedana Lasem diwenehi jeneng Desa Merah.
Sawise nyerang Lasem, rombongan Naya Sentika banjur ngalih ing dhukuh Bangsri wektu kuwi dhukuh Bangsri dipimpin dening lurah kang jenenge Ki Gedhe Toinah. Ora let suwe Naya Sentika manggon ing Bangsri akeh rakyate kang ngrewangi pembrontakane Naya Sentika. Naya Sentika banjur nyerang desa-desa kang dadi sekutune walanda. Sawise kuwi Naya Sentika banjur lunga ngalor ngetan saperlu nyusun kekuwatane prajurite. Dyah Ayu Sumarti ditinggal ing Bangsri saperlu nglatih prajurit wadon. Panggonane Naya Sentika lunga ngalor ngetan dijenakna Nglorok
Bupati Blora krungu kabar bilih ana pembrontakan ing Bangsri, dheweke banjur ngutus adhine, Pangeran Sumenep supaya nglawan Naya Sentika.nanging sawise teka ing Bangsri, Pangeran Sumenep malah seneng karo bojone Naya Sentika, Dyah Ayu Sumarti. Nanging Dyah Ayu Sumarti ora gelem marang Pangeran Sumenep. Dyah Ayu Sumarti banjur mlayu lan madul marang bojone. Nalika iku Naya Sentika wis duweni gelar Naya Gimbal merga dheweke ora gelem ngethok rambute sadurunge walanda lunga tanah Jawa.
Pangeran Sumenep nggudak-nggudak Dyah Ayu Sumarti banjur kedadean perang antarane prajurite naqya Gimbal lan prajurite Pangeran Sumenep. Ing peperangan kuwi prajurite Pangeran Sumenep kalah lan balik Blora. Ing peperangan kuwi uga nglairake jenenge desa-desa ing Blora, yaiku desa Turi (panggonan Naya Gimbal nambani prajurite sing catu nganggo gadhang turi sing isih nom utawa pupus), desa Sumampir (panggonan mayite prajurite Pangeran Sumenep kang semampir ing wit-witan), lan desa Tinggil (panggonan kang dinggo seneng-seneng prajurite Naya Gimbal merga menang perang musuh Pangeran Sumenep).
Raden Mas Tumenggung Cokronegoro krungu kabar bilih prajurite Pangeran Sumenep kalah dening Naya Gimbal. Dheweke banjur jaluk tulung marang Kumpeni walanda ing Semarang. Dene Naya Gimbal lan prajurite kang direwangi Ki Gede Toinah Pendeta Ki Samboro, Beja, lan Dyah Ayu Sumarti nerusna lakune ing dhukuh Sambeng. Nanging ana prajurite kang diutus menyang Gunung Genuk saperlu njupuk gaman utawa senjata kan eujute pedhang lan bendhe. Ing tengah dalan utusane ketemu karo wong-wong desa Taunan lan Mrayun. Wong-wong mau nyaranke supaya senjata saka gunung Genuk disimpen wae ing daleme Lurah Desa Mrayun. Saran iku ditampa dening utusane Naya Gimbal.
Sawise bantuawan saka Semarang teka banjur langsung nggudak Naya Gimbal lan prajurite ing dhukuh Sambeng. dening wong kono prajurite Kumpeni Walanda diduduhake panggonan kang dinggo ndelik Naya Gimbal lan prajurite. Kanthi aling-alingan arak-arakan nganten kang diiringi terbang lan jedhor, Kumpeni Walanda lan prajurite Bupati Blora nyerang Naya Gimbal lan prajurite. Rakyat dhukuh Sambeng akeh sing mati. Panggonan iki banjur diwenehi jeneng desa Besah dening Naya Gimbal. Lan wong-wong dhukuh Sambeng ora kena besanan karo wong-wong saka desa Besah. Ing peperangan iku Naya gimbal ngetokake kasektene nganti ora ana plurune Kumpeni Walanda kang bisa nembus awake.nanging pungkasane Naya Gimbal nyerah lan digawa Bupati Blora menyang Rembang. Dening Residen Rembang Naya Gimbal dilebokake tong, ditaleni, diskrup, dipaku, banjur diguwak ing laut.sawise kuwi Bupati Blora lan prajurite bali ing Blora.

Dian Maya S ‘05