Breaking

Sabtu, Februari 04, 2012

LEGENDA SEMARANG


Bledug Kuwu, Piye Dumadine?

Bledug Kuwu kuwi sawijining papan wisata kang manggon ing tlatah Kabupaten Grobogan. Luwih cethane ing Desa Kuwu, Kecamatan Kradenan. Watesing Kecamatan Wirosari lan Kradenan. Yen saka kutha Purwodadi, kira-kira ya udakara 28 km-an. Wujude arupa lendhut kang tansah mbledug-mbledug kaya umub. Panggone lumayan amba udakara + 45 ha tanpa ana wit-witane. Mula, yen mangsa ketiga, ing kono ya panase ora jamak.
Nadyan adoh saka laut, banyu kang kawetu saka lendhut mau bisa digawe uyah amerga rasane pancen asin. Saliyane digawe uyah krosok, banyune uga kerep dienggo nggawe bleng (biyasane kanggo nggawe krupuk utawa lepet).  Nanging ya bisane nggawe uyah mau yen ing mangsa ketiga thok, jalaran isih nganggo cara tradhisional, migunakake panasing srengenge.
Piye ta critane, kok ing tlatah kang adoh saka laut kanthi dhuwur + 53 m saka sandhuwuring laut kuwi bisa ngasilake lendhut mbledug-mbledug kang bisa ngasilake banyu asin? Warga ing kono percaya yen critane kuwi kaya mangkene :
Jaman mbiyen, ana Negara gedhe aran Medhangkamolan. Ing manca, negarane kawentar subur makmur gemah ripah loh jinawi. Ananging sejatine negara kuwi kapimpin dening raja kang banget diwedeni dening kawulane amarga saking angkara murkane. Prabu Dewatacengkar, kuwi asmane. Dening bapakke dhewe, Raja ing Negara Galuh, Prabu Watu Gunung, malah disepatani yen ta tumindake kuwi kaya kewan lan mbesuke bakal dadi kewan. Iku amarga Dewatacengkar kasil ngrebut negarane bapakke dhewe sawise ditundhung gara-gara tumindake kang asring tumindak degsiya marang sapadha-padha, uga mangan daging manungsa. Ing Medhangkamolan, Dewatacengkar kabiyantu dening Patih Aryo Tengger lan Tumenggung Rudhopekso.
Sawise tanpa ora sengaja dhahar drijine koki sing keplathok nalika masak kanggo ngrayakake kamenangan nglawan Negara Galuh, Dewatacengkar banjur tuman pengin maneh ngrasakake dhahar daging manungsa. Saben minggu kudu ana masakan kang isine kuwi daging manungsa. Sakawit, sing dadi kurban kuwi para pandosa kang ana ing pakunjaran. Nanging, gandheng saya suwe saya entek, mula saben minggune saben omah entuk jatah. Yen Patih Aryo Tengger lan Tumenggung Rudhopekso wis ngaton, kuwi ateges para mudha taruna kudu waspada amarga pancen sing digoleki ya sing isih enom-enom!! Nadyan nggoleke kanthi sesidheman, nanging tetep wae, “becik ketitik, ala ketara”. Warga ing kono sidane padha ngawruhi kahanan kang ana ing negarane. Negara kang kapimpin dening wong degsiya kang doyan daging manungsa!!
Ing negri sebrang, ana nom-noman linuwih kang nembe njajah desa milang kori, miyak segara ing negara manca, golek kawruh lan pengalaman sajroning ngaurip ing donya. Asmane Ajisaka. Kawentaring Negara Medhangkamolan narik kawigatene. Mula banjur nduwe sedya arep mara mrana. Anggone ngulandara dikancani dening rewange ya kanca rakete loro, Dora lan Sembada.
Ing satengahing lelampahan, wong telu padha mampir leren ing sawijining pulo arane Nusa Majedi kang saiki jenenge Bawean. Ing kono, Sembada ditinggal supaya tetep ana pulo kono njaga barang-barang. Lan ditinggali keris pusaka sarta diweling supaya aja nganti keris pusaka mau pindhah saka tangane yen ora Ajisaka dhewe kang teka njaluk dhewe marang dheweke.
Sawise meling Sembada, wusanane Ajisaka nerusake lakune amung dikancani Dora. Angin lan ombak ngantheni lakuning prau tumuju ing Nusa Jawa. Mula banjur padha golek dalan kang tumuju mring kraton Medhangkamolan kang kawentar iku. Nanging, ing sacedhaking watesing negara Medhangkamolan, Ajisaka malah dikagetke dening wong-wong kang sajake malah padha arep ngungsi. Mangka ing pangirane, kabar kang keprungu iku yen Medhangkamolan iku negara kang subur makmur gemah ripah loh jinawi. Nanging, saben wong sing ditakoni malah sajake padha keweden arep mangsuli. Mula nalika weruh ana omah prasaja nanging katone karumat apik, banjur wong loro mau padha mampir mrono.
Ki Grenteng, kuwi jenenge sing nduwe omah. Ki Grenteng banjur crita nadyan ta subur nanging pajek kang kudu dibayar uga gedhe lan ana kerja peksa tanpa bayaran kang kudu kaleksanan. Lan sing saiki gawe trataban lan was-was sumelang warga kono yaiku ngenani kawengisan rajane sing saiki saben minggune kudu dicawisi daging manungsa. Sajroning crita, Ajisaka nyuwun ijin supaya dikeparengake nunut neng mburi. Ing mburi, tanpa dinuga malah weruh Rara Cangkek, putrine Ki Grenteng kang isih setengah klambinan nembe metu saka pakiwan. Ajisaka sajak kesengsem awit weruh kahanan ana kenya ayu kang gawe atine trataban. Banjur, bareng ing pakiwan, banyu turase kang kawetu ing peceren diombe dening pitik jagone Ki Grenteng. Lan anehe, sawise ngombe banyu turasing Ajisaka, pitik jago mau malah lunjak-lunjak lan bengak-bengok kaya dene patrape pitik babon sing arep ngendhog kae. Rara Cangkek kang ngawruhi polatane sing aneh mau wusanane banjur ngurung pitik mau ing sacedhaking lumbung pari.
Ringkesing crita, Rara Cangkek bisa uwal saka tangane Tumenggung Rudhopekso, kanthi akale Ajisaka. Dikandhakake yen Rara Cangkek kuwi sabenere nduwe lara kulit kang nular lan mbebayani. Patih Aryo Tengger lan balane langsung ngeculake Rara Cangkek. Sidane diganteni dening Ajisaka lan wusanane bisa ngakali Dewatacengkar saengga dadi baya putih ing samodra kidul. Amarga dipandeng dadi satriya kang nylametake warga kono saka degsiyane Dewatacengkar, mula warga kono ngangkat Ajisaka dadi rajane. Dene Patih Aryo Tengger lan Tumenggung Rudhopekso sidane padha dikunjara.
Sawise dadi raja, dheweke kelingan karo keris kang dititipake neng Sembada. Ananging dheweke kelalen marang piwelinge dhewe nalika masrahake kerise marang Sembada kae. Amarga arep dienggo, mangka isih akeh urusan liya, mula Prabu Ajisaka ngutus Dora supaya njupuk keris lan ngajak Sembada supaya melu neng Medhangkamolan mesisan. Tekan Nusa Majedi, Dora banjur ngomong karo Sembada yen dheweke diutus supaya njupuk kerise. Nanging Sembada tetep ngugemi apa kang mbiyen nate diwelingke marang dheweke lan ora bakal menehke keris mau kejaba marang Ajisaka dhewe. Wusanane wong loro banjur padha adu kasekten ngugemi apa prentahe Ajisaka dhewe-dhewe. Ora ana sing gelem ngalah lan wusanane padha matine kanthi keris ana ing antarane jasade.
Ajisaka kang atine ora jenjem banjur nyusul neng Nusa Majedi. Lan saeba kagete bareng meruhi kahanan kang nrenyuhake ati. Kancane loro tetep ngugemi apa kang diprentahake dheweke nganti mati. Mula kanggo ngurmati kalorone banjur digawekke aksara Jawa kang aran Dentawyanjana.
Ing daleme Ki Grenteng, pitik jago kang dikurung Rara Cangkek sidane ngendhog. Ning endhoge bentuke bunder seser lan luwih gedhe tinimbang endhog pitik biyasane. Endhog mau kawruhan dening Rara Cangkek, banjur disimpen ana ing lesung panggon pari. Anggone nyimpen mau ora matur bapa-biyunge jalaran dianggep mung endhog biyasa. Nanging anehe maneh, nadyan parine tansah dijupuki, nanging parine ora dang entek-entek. Kuwi kang dadi pitakone Nyai Grenteng. Mula ngomong karo Ki Grenteng supaya niliki ana apa ta sejatine, kok katone nganeh-anehi temen.
Saeba kagete Ki Grenteng jalaran kang ditemoni ing ngisor lumbung kuwi jebule ula raseksa kang bisa micara kaya dene manungsa. Ula mau nakokke ibune, Rara Cangkek lan bapakke Ajisaka. Mula Ki Grenteng banjur ngundang anak bojone supaya padha weruh dhewe apa kang sejatine ana ing lumbung. Ibu anak mau bareng weruh ana ula raseksa ing lumbung pari terus padha semaput. Jalaran percaya yen ula mau ora bakal ngganggu, mula Ki Grenteng sidane ngrumat anak-bojone nganti eling maneh. Rara Cangkek kang wiwit eling bareng ngematake raine ula mau banjur kelingan Raden Ajisaka kang tau nylametake dheweke saka tangane Dewatacengkar.
Ula mau banjur takon ana ngendi saiki bapakke, Raden Ajisaka. Banjur dikandhakake yen saiki wis dadi raja Medhangkamolan sawise ngalahake Dewatacengkar sing saiki dadi baya putih ing Samodra Kidul. Saiki piyambake ajejuluk Prabu Ajisaka. Lan negara bisa saya makmur tentrem karta raharja jalaran saka pimpinane.
Ula mau banjur pamitan karo Ki Grenteng sakeluwarga arep nemoni bapakke, Prabu Ajisaka.  Ing sadawaning dalan, wit-witan kang dilewati padha ambruk. Lan bareng tutug dalan tumuju kraton Medhangkamolan, banjur ngomong karo warga kono yen dheweke ora bakal ngganggu angger ora dialingi sedyane nemoni bapakke, Prabu Ajisaka.
Para punggawa kang ana ing ngarep kraton wiwitane arep mateni ula mau, nanging saking sektine, ula mau ora ana sing bisa ngalahake nganti taman ing plataran kraton padha morat-marit. Wusanane banjur lapuran mring Gustine langsung yen ana ula kang ngaku putrane pengin ngadhep.
Sawise ketemu, sakawit Ajisaka banget duka lan rumangsa ketampar raine jalaran ana ula teka-teka kok ngaku anakke. Mangka dheweke isih ijen durung nduwe garwa. Nanging bareng ula mau ngomongake Rara Cangkek, Prabu Ajisaka banjur rada luluh atine, kelingan kenya ayu rikala dhewekke pisanan teka ing negara sing saiki dadi duwekke.
Wusanane, Prabu Ajisaka bakal ngakoni yen ula mau anakke anggere dheweke bisa nggawa bali ndhase baya putih kang isih ngganggu pikirane amarga nalika dijegurke Samodra Kidul kae banjur sesorah bakal ngganggu anak putune Ajisaka kang lena ing samodra. Lan nggawane mulih bali neng Kraton Medhangkamolan kudu saka njero lemah, ngisor bantala.
Ula mau banjur nyendikakake dhawuhe sang rama. Lan langsung pamitan tumuju ing Samodra Kidul. Tutug ing kono, weruh baya putih nembe leyeh-leyeh ing tengah laut, banjur digubed saengga baya putih ora bisa obah. Gelut kang dumadi saya ndadi amarga padha sektine. Nanging sidane ula bisa kasil nggubed maneh si baya putih saengga dadi lan patine. Ndhase ditugel lan diuntal dening ula kanggo bukti ing ngarep ramane mengko.
Kaya kang dititahke, ula mau banjur mulih lewat ngisor bantala. Nanging gandheng ing njero lemah ora weruh juntrung-parane yen arep neng Kraton Medhangkamolan, mula banjur njedhul mendhuwur. Panggon njedhule sing pisanan iki dipercaya saiki sing ana ing Desa Jono Kecamatan Tawangharjo, Grobogan. Amarga manut insting-e, Negara Medhangkammolan isih adoh, mula banjur ambles maneh ing ngisor bumi. Kaya critane sing pisanan mau, ula mau banjur njedhul maneh sing kaping pindhone yaiku ing Desa Crewek, Kec. Kradenan, Grobogan. Nanging terus bar kuwi ambles maneh.
Kanthi sisa tenaga kang isih ana, kepeksa ula mau njedhul sakawake kabeh metu saka lemah. Dheweke wis ra kuwat maneh!! Wusanane awakke kang awujud ula raseksa mau saya suwe saya suda lan saya suda lan malah dadi wujud cah cilik kang katone lemes banget tanpa daya. Ing kono ndilalahe ana dhukun bayi kang lagi lewat. Amarga mesakna, mula banjur diurut lan dipijeti supaya luwih sumringah. Lan kayane pancen kuwi kang dibutuhke dening cah cilik mau. Ditakoni jenenge, cah cilik mau malah ngomong yen dhewekke linglung. Sawise rada kepenak awake, cah cilik mau banjur matur gunging panuwun dhateng Mbah Dhukun. Dheweke ora bisa males, nanging dongane muga Mbah Dhukun mau bisa tansah dieling-eling ing tembe mburi dening anak cucune. Sawise takon dalan tumuju Kraton Medhangkamolan, wusanane banjur pamitan nerusake laku dhateng Mbah Dhukun mau.  Lha…. panggonan kang dianggo njedhule Ula Linglung mau kuwi sing saiki aran Bledug Kuwu………………..
Wusanane ula mau dijenengi Joko Linglung dening Bapakke, Prabu Ajisaka adhedhasar critane nalika ketemu Mbah Dhukun. Joko Linglung banjur dipanggonke ana kandhang kewan kraton bareng karo kewan-kewan kang langka titipan saka manca.
         Sakawit Joko Linglung diwenehi jatah panganan. Nanging suwening suwe, dheweke saya dilalekake. Amarga keluwen mula banjur mangan kancane dhewe. Punggawa kraton kang kajibah njaga kewan-kewan ana kono keweden amarga kewan-kewane padha ilang. Sawijining dina nalika Joko Linglung mangan kancane bangsa kewan ing kandhang, konangan. Banjur kedadeyan kuwi dilaporake dening rajane.
         Prabu Ajisaka duka. Joko Linglung banjur ora didaku anak maneh lan dipanggonke tapa ana alas. Welinge ora entuk mangan kejaba ana sing mara dhewe neng cangkeme. Amarga rumangsa salah, banjur Joko Linglung nampa kanthi legawa lan wusanane lunga ing alas sing didhawuhke. Tekan kono, dheweke mapan tapa, nyawiji karo rerungkudan alas saengga ora ketara yen dheweke kuwi ula.
         Sawijining dina ana cah angon cacah sanga sing padha ngiyub ing panggonan sing dikira guwa amerga udan deres. Jane cah sepuluh, nanging cah siji sing kebak gudig ora dientukake mlebu guwa. Dheweke ngenteni ana njaba rada adoh karo guwa. Bareng udane wis terang dheweke niliki kanca-kancane. Ning saeba kagete bareng sing ditemoni sirah ula raseksa kang gudras getih manungsa. Cah cilik mau banjur mlayu sipat kuping nuju desa, ka ro ngomong para warga.
         Warga padha wadul marang sang raja. Njaluk supaya ula mau dibrastha. Kanthi bijak, Ajisaka bakal nuruti karepe warga ananging kanthi syarat yakuwi sing bakal menehi ukuman ora liya Ki Grenteng sakeluwarga amarga ula mau silsilahe ya saka keluwarga kono. Para warga sarujuk manut pamanggihe sang nata. Banjur ana sing marani Ki Grenteng sakeluwarga.
         Nalika Ki Grenteng, Nyi Grenteng lan Rara Cangkek ngadhep ing ngarsaning Prabu Ajisaka, ing njero ati Ajisaka seneng banget jalaran bisa ketemu karo geganthilaning ati. Semana uga karo Rara Cangkek. Ananging saiki sing wigati yaiku ngenani Joko Linglung kang gawe ora tentreming warga Medhangkamolan. Nadyan ta abot ya kepeksa amarga salahe dhewe. Wusanane Ajisaka masrahake ukuman marang Joko Linglung dhateng Ki Grenteng. Ki Grenteng sakeluwarga banjur tumuju ing panggonane Joko Linglung tapa bareng karo para warga lan sang nata, Prabu Ajisaka.
         Joko Linglung seneng banget bisa ketemu Ki Grenteng sakeluwarga. Semono uga Ki Grenteng sakeluwarga. Nadyan wujude ula, nanging ora diselaki yen nalika isih neng ngomahe kae ora ngganggu, kepara malah nambah berkah. Berase sing ana ing lumbung ora entek-entek. Nanging kanthi blaka Ki Grenteng banjur ngendika yen dheweke bakal menehi ukuman marang Joko Linglung amarga dheweke wis mateni cah angon cacah sanga. Joko Linglung manut wae. Dheweke ngomong yen bakal nrima apa wae kang bakal dadi ukumane. Ki Grenteng banjur golek wit gedhe kanggo nyengkal cangkeme Joko Linglung. Lan awake sing dawa ditaleni bakoh dadi siji karo rerungkuding alas saengga ora bisa obah. Kuwi ukumane kanggo Joko Linglung.

Fera D Pramesthy ‘05




Asal-Usule Kali Blorong

Ing jaman biyen ana cerita ing salah sijining segara kidul,. ing kana ana panguwasa segara kidul kang sekti mandraguna. Dheweke dijenengi Nyi Roro Kidul ing kana Nyi Roro Kidul duweni anak wadon kang diwenehi jeneng Nyi Blorong. Sakwise ngancak dewasa Nyi Blorong lunga saka panggonane ibune, dheweke kepengin dadi panguwasa kaya dene Ibune. Pesene ibune “ lungaha saksenenge atimu lan tinggalen aku neng kene dhewekan “  Banjur Nyi Blorong ngulandara ana ing sak amabane jagad segara. Ananging dheweke ora kasil yen segara-segara kang arep mbok panggoni mau wes ana panunggune. Nyi Blorong wes kadung janji karo Nyi Roro Kidul      “ibu aku bakalan golek segara kang bisa tak dadekake panggonanku wodene ibu kang nguwasani segara kidul kene”. Amerga janji kang kaucap mau, Nyi Blorong isin karo ibune menawa dheweke bali marang segara kidul.
Karo Kreta Kencana kang diwenehi Ibune Nyi Blorong ngulandara nganti segara lor. Nalikane tekan segara lor Nyi Blorong wis ditunggu panguwasa segara lor, amerga ilmu kang isih cekak Nyi Blorong kalah karo panguwasa segara lor banjur mlayu maring kali kang tepung karo segara lor. Niyate namung umpetan ing kali sinambi nunggu Nyi Roro Kidul, ibuke menehi pitulungan. Sakwise pirang-pirang dina, wulan, nganti taun ws kaliwat. Nanging ibune ora banjur teka, dheweke banjur betah ana ing salah sijining kali mau, ing kali kono dheweke bisa kerasan amerga ning kono akeh panganan lan kasenengan kang di karepake nyi Blorong.
Ing dina liya Nyi Roro Kidul nyiyapake prajurit-prajurite kanggo menehi pitulungan marang Nyi blorong. Ana ewonan prajurit kang mareng segara lor mau. Ora suwe prajurit mau wes tekan segara lor banjur nemoni Nyi Blorong.       ” Sang Ratu kula lan prajurit-prajurit siyap biyantu ratu”. Sang ratu wes kedalung krasan ana ing kali mau, dheweke wes ora kepingin nyerang panguwasa segara lor malah dheweke dhuwe niyatan mbangun kerajaan roh alus ana ing kali mau. Akhire Nyi Blorong bangun kerajaan ana ing kali mau, ora gampang. Pirang-pirang taun Nyi Blorong gawe kerajaane kanthi dadi kerajaan kang megah kang kaidam-idamake Nyi Blorong.                            Cerita iki saka penduduk sakiwa tengene kali kuwi, kawit biyen tumekane saiki diarani kali blorong. Miturut ceritane kali sing dipanggoni Nyi Blorong kuwi ana ing Kendal, ing kecamatan Ngampel. Amerga kapercayaan kuwi mula dijenengi kali Blorong. Jaman biyen kaline terkenal angker, akeh bocah-bocah cilik seneng adus kali tanpa ngerteni menawa sedela meneh kali kuwi bakalan mludak lan sing adus kali padha kelarut banyu banjur mati kleleb. Miturute bocah kang slamet saka bencana banjir mau “ ana wong wadon ayu kang ngawe-ngawe dheweke lan kanca-kancane “ banjur kancane maring menengah ing kali kuwi. Ora let suwe kali mau banjir mulak-mulak. Banjur bocah sing menengah marani wong wadon ayu mau mati kleleb.Kawit ana musibah kuwi wong-wong tuwa sing duweni bocah cilik nglarang anake anggone adus kali “ aja sepisanan adus ing kali dhewekan, kali sing asale sat banjur bisa dadi banjir mulak-mulak “ Para penduduk percaya bocah sing mati ing kali blorong didadekake panganane utawa ingon-ingone Nyi Blorong.
Ana cerita saka penduduk sing omahe ora adoh saka Kali blorong, dheweke weroh ing sawijining dina, kali mau banjir gedhe banjur banyu kali ketara nganti omahe bapak mau. Saksuwene nyawang kali kanthi ditamatake bapak mau banjur weruh wong wadon ayu kang nganggo kebaya,pacakane kaya ratu kang ana ing kerajaan jaman biyen lan numpak kereta kencana ugi dikawal dening prajurit-prajurit kang akeh cacahe. Sakwise kuwi ana cahya padang jinglah ing tengahing kali Banjur arak-arakan ngilang,  Nanging apa kuwi sing mbok arani Nyi Blorong utawa namung imajinasi / khayalane bapak mau.
Angel mbenerake cerita masyarakat kuwi, ananging namung kepercayaan mau sing ndadekake kepercayaan kuwi dadi ana. Penduduk  mercayani menawa ing kali kuwi ana kang nunggu, Nyi Blorong. Ananging ora ana penduduk kang ngelar sesaji utawa ritual-ritual persembahan kaya dene papan-papan liyane sing ana penunggune..Sakiki Nyi Roro Kidul manggon ana ing segara kidul, minangka Nyi Blorong manggon ana ing salah sijining kali kang panggonane utawa tembuse ing segara lor. Kadang-kadang Nyi Blorong bali ana ing segara kidul sowan marang ibune sing wes menehi pitulungan marang dheweke.
Kali blorong uga asring diarani kali ula, mergane struktur kali kang ngrungkel-ngrungkel utawa menggak-menggok ora aturan kaya sifate ula yen wayah mlaku awake obah kiwa nengen. Uga ana sing ngomong menawa kali kuwi asale awujud kalen Banjur dilewati ula siluman kang nguwahi struktu kalen mau dadi mengak-menggok. Saksuwene wayah kalen mau dadi kali kang amba.

Aris Destria ‘05


NGADEGE MEJID AGUNG DEMAK

Mejid Agung Demak dibangun nalika Demak kapimpin dening Raden Patah. Raden Patah iku minangka nata kang pisanan mimpin Demak. Nanging, ora let suwe kelawan pamrintahane iki Demak bisa dadi papan kang paling misuwur minangka dhaerah kang santri, ora mung ing Jawa, nanging uga ing negara Indhonesia.
Ing sawijining dina Raden Patah kagungan panggayuh mbangun sawijining monumen minangka pratandha lan simbole Islam. Monumen mau awujud mejid khas Jawa kang ora ana ing papan liyane. Nalika iku, kerajaan Demak mung duwe langgar kang cilik banget, yen dipikir-pikir ora bakalan kamot kanggo ngibadah wong kang akehe kaya mangkono. Akhire Raden Patah ngutus wali sanga ndandani langgar mau supaya dadi mejid kang luwih gedhe, luwih amba, lan mesthine luwih endah karo sing sadurunge. Gegayuhane Raden patah kaleksanan. Langgar sing asale cilik saiki wis dadi amba lan endah.
Demak minangka pusat kerajaan Islam ing Negara Indhonesia iki saya suwe dadi panggonan kang rame dening pengunjung, ora mung para ulama kang padha sinau, nanging uga masyarakat saka dhaerah liya kang kepengin ngangsu kawruh ing Demak. Mula, Raden Patah kagungan gegayuhan ndandani maneh mejid mau amrih luwih amba lan luwih lengkap.
Raden Patah ngutus para wali papat nglampahi tugas kang mulya lan agung iku. Nalika iku ngepasi wali papat yaiku Sunan  Giri, Sunan Bonang, Sunan Gunung Jati, lan Sunan Kalijaga sowan marang sang nata ing Kasultanan Demak. Sanadyan abot, nanging amarga saking gedhene rasa tresnane marang negara, mula para wali papat mau nuruti gegayuhane sang nata mbangun mejid sadina sawengi.
Awan iku sawise pamitan, Sunan Gunung Jati tindak tumuju arah kulon. Dene Sunan Bonang mendhet arah kidul. Sunan Giri mendhet arah wetan. Saiki mung gari Sunan Kalijaga sing paling keri lan ketenggor arah lor. Sunan Kalijaga bingung sawetara wektu. Akhire Sang Sunan enggal-enggal neruske perjalanane tumuju arah lor. Sang Sunan dumugi dhaerah Pamantingan kang misuwur angker nalika srengenge wis ambles saka panyawang. Sawetara kuwi wali-wali liyane wis ora katon maneh. Para wali papat kanthi semangat kang gedhe nglampahi tugas kang mulya lan agung iku.
Pamantingan kang saiki dadi kutha Jepara iku sabenere wis dikenal banget dening Kanjeng Sunan. Dhaerah iku biasane dadi papan tapa bratane Sang Sunan nalika tirakatan. Sabenere pembangunan Mejid Agung Demak iku bisa kasil mung gumantung karo dhaerah kang arane Pamantingan iki. Saka dhaerah iki uga Sang Sunan pikantuk petunjuk ing endi sabenere wit jati sing kautus dening Sultan.
Ing Pamantingan Sang Sunan bingung pados wit jati kang gedhene sameter iku. Ing kono ora bisa ditemokake wit kang kaya mangkono. Akhire Sang Sunan muter saperlu tapa, nyuwun petunjuk maring Gusti Kang Murbeng Dumadi. Ing kono Sang Sunan pikantuk petunjuk ing endi dununge wit jati kang gedhe mau. Saka petunjuke Gusti liwat sang petapa sing jenenge Cemara Tunggal akhire Kanjeng Sunan kepanggih panggonan kaya kang diisyaratke ing tapa bratane mau, yaiku Gunung Pati. Tekan pinggir alas gunung iki, Kanjeng Sunan menggok tumuju arah wetan ing sajrone alas. Sawise mlampah akhire Kanjeng Sunan mirsani cangkem guwa. Cangkem guwa iku diubengi banyu kang bening banget lan rame dening swara segrombolan kethek kang padha gumlantung ing wit jati mau. Apa kang dipirsani dening Kanjeng Sunan padha persis karo apa kang kagambar ing tapa bratane. Kanjeng Sunan nyawuk banyu saperlu raup lan mbasuh astane Kanjeng Sunan. Pasuryan kang asale kemringet saiki dadi seger lan cemlorot. Sinambi maos dzikir Sang Sunan ngangkat astane, nyuwun marang Gusti supaya kethek-kethek mau bisa tutut lan manut utusane Sunan. Dumadakan salirane Sang Sunan kayun memburi. Sang Sunan kajot banget nalika mirsani kethek-kethek kang urmat lan sujud marang Sunan. Kethek-kethek iku ana rong perangan. Perangan kang kapisan yaiku segerombolan kethek kang warnane coklat semu abang lan perangan sijine warnane putih semu klawu. Sing ngajotke maneh yaiku kethek-kethek mau bisa ngomong. Kethek mau siyap ngenteni utusane Sunan. Sanalika Sunan tanggap ing sasmita. Piyambake nyuwun marang kethek supaya gelem nglilakke wit jati diasta Sunan menyang kerajaan. Sabenere Kanjeng Sunan ora mentala ngasta wit kang dadi papan uripe kethek mau, nanging piye maneh. Tanpa mikir dawa kethek-kethek mau langsung lila yen wit mau diasta Sunan. Nanging, kethek-kethek mau nduweni syarat supaya Sunan kersa ngasta kethek ngabdi ing kerajaan. Kanjeng Sunan sansaya bingung maneh.
Tanpa ngenteni wangsulane Sang Sunan, segerombolan kethek kang gedhe lan warnane coklat semu abang ngeploki kancane tandha komandho. Dumadakan kethek-kethek liyane sing asale mung lungguh ing buri langsung ngadeg. Bareng-bareng kethek-kethek mau ngambrukke wit jati. Akhire kurang saka setengah jam wit jati sing dhuwure sepuluh meter mau kasil diambrukna. Sunan Kalijaga sansaya kajot maneh lan bombong banget. Nanging, piyambake bingung piye carane supaya kethek-kethek mau tetep manggon ing kono. Tanpa komandho, kethek-kethek mau ngereo lan numpaki wit jati mau. Akhire Kanjeng Sunan nugel wit jati dadi telu. Langsung wae kethek-kethek mau tiba. Dumadakan kethek-kethek mau dadi sadhar. Tanpa ngenteni komandho maneh kethek mau langsung baris kanthi tumata rapi. Sang Sunan pancen adil banget. Kanjeng Sunan ora mundhut kabeh wit mau, piyambake mung mendhet sepertelone. Kanjeng Sunan maringi wejangan maring kethek lan maringi jeneng panggonan mau dadi Guwa Kereo. Sang Sunan maringi saben-saben gerombolan kethek putih lan abang karo saprotelon tugelan wit jati mau.
Akhire Sang Sunan ngasta wit mau maring Demak kanthi rikat banget. Nanging, tetep wae telat. Sanadyan telat, Kanjeng Sultan tetep bombong karo Sunan. Semono uga Sunan-Sunan liyane. Sultan lan Sunan-Sunan liyane ora nyana yen Sunan Kalijaga bisa kasil amarga sisih kulon pancen ora ana wit jati ka sijia.
Patang saka guru mau akhire didegake. Telung saka kang wutuh bisa ngadeg kanthi apik. Saka guru sing saka Sunan Giri dipasang ing ngarep lan sisih kiwa pasujudane imam. Saka guru saka Sunan Gunung Jati dipasang ing ngarep sisih tengene mejid. Saka gurune Sunan Bonang dipasang ing sisih kiwa mburi. Saka guru sing saka Sunan Kalijaga mung sepertelon. Nanging, Kanjeng Sunan ora kentekan akal. Wit kang mung sepertelon mau disambung karo tugelan-tugelan wit saka Sunan-Sunan liyane mawa tali ijuk kang gedhe paringane Sunan Giri. Ora kanyana-nyana, jebul saka gurune Sunan Kalijaga kang sambung-sinambung mawa tali ijuk mau bisa ngadeg kukuh lan ora kalah karo saka gurune Sunan Giri, Sunan Bonang, lan Sunan Gunung Jati sarta tetep kuwat nganti saiki. Mung wae tali ijuk kang gedhe wis ora kuwat maneh lan kudu diganti nganggo lempengan logam kuningan kang kudu dipaku kanthi kuwat. Saka gurune Sunan Kalijaga dipasang ing jejere saka gurune Sunan Bonang. Akhire mejid kang gedhe, amba, endah, lengkap, lan didama-dama dening Sang Nata bisa ngadeg kanthi kukuh. Dene peresmian mejid Agung Demak dilakoni kelawan sholat jum’atan bareng-bareng. Wengine digelar pagelaran wayang kulit sinambi nyiarake agama Islam. Kanthi lelaku iki mau mejid kang gedhe lan agung iki bisa tetep rahayu lan raharja nganti saiki.
Ida Zulaekhah ‘05


TAMBANG UYAH BLEDUK KUWU

               Neng Kabupaten Purwodadi Grobogan, Jawa Tengah, ana tambang uyah sing beda karo tambang uyah liyane. Bedane, banyu uyah sing ditambang asale saka bledugan lumpur panas sing ana neng daerah kono. Banyu sing asale saka bledugan lumpur panas mau diileke neng jero sumur-sumur sing cethek, banjur ditimba lan dilebokake neng jero plampang pring lan sateruse dipeme nggunakake panase srengenge. Uyah sing diasilake saka daerah Purwodadi iku rasane luwih enak yen dibandingake karo uyah saka banyu laut.
               Miturut crita saka masyarakat utawa penduduk daerah kono sing percaya karo critane asal-usule uyah, sing papane saiki dijenengi bleduk kuwu. Critane diwiwiti saka Kerajaan Medangkamulan sing dipimpin raja sing durung dhuwe permaisuri. Raja mau dhuwe kasenengan tilik neng desa-desa sing dadi kakuasaane.
               Sawijineng dina, Raja mlaku-mlaku banjur tanpa sengaja nemukake endhog sing ukurane gedhe kaya endhog angsa. Endhog mau ora digawa bali sang raja nanging diwenehake karo tukang numbuk pari. Si tukang numbuk pari mau nyimpen endhog mau neng ngisor tumpukan pari. Ora nyangka let pirang dina, endhog mau netes dadi anak naga, saya suwe anak naga mau dadi gedhe lan jelma dadi naga sing gagah lan sekti, gedhene padha glugu.
Naga mau dijenengi Jaka Linglung (Ngingklung). Naga mau saya gedhe saya sekti lan bisa ngnomong kaya manungsa. Nanging naga mau yaiku Jaka Linglung gawe ribut lan gawe warga utawa masyarakat neng desa kono ora tenang lan tentrem amarga Jaka Linglung mangani ternak lan apa wae sing iso dipangan dheweke.
               Kedadean mau wis dilaporake karo raja, nanging durung ana tanggapan. Sakutara iku Jaka  Linglung terus-terusan nakokake sapa bapake lan saka ngendi asale. Amarga kangelan kanggo njelasake, banjur tukang numbuk pari sing ngrumat Jaka Linglung mau ngomong yen bapakmu yaiku raja Medangkamulan. Krungu apa sing dikandhakake tukang numbuk pari mau, Jaka Linglung banjur mangkat menyang istana Medangkamulan.
               Sakwise neng istana, Jaka Linglung banjur nemoni raja ngaku yen dheweke anake Sang raja. Raja Medangkamulan dhuwe tujuan nguji kesaktiane Jaka Linglung. Jaka Linglung dikon buktekake yen dheweke bener-bener anakke Sang raja, Jaka Linglung kudu lunga neng segara kidul kanggo ngalahake lan mateni musuhe Sang raja sing wujude baya putih. Yen Jaka Linglung menang iku tegese Jaka Linglung bener-bener anakke utawa sakwalikane. Nanging raja ngakon Jaka Linglung yen dhewekw menyang neng segara kidul ora entuk liwat neng darat, lan nembe jebol yen wis tekan neng papan sing kanggo menyang lunga neng segara kidul mau.
               Karo ati sumringah lan ngobar-ngobar, Jaka Linglung menyang lunga neng segara kidul. Sakwise tekan neng tengah segara kidul Jaka Linglung ketemu karo baya putih lan akhire pada perang lan dimenangake karo Jaka Linglung. Jaka Linglung bali liwat jero lemah karo gawa kabar sing bakal nyenengake atine Sang raja Medangkamulan. Nanging amarga lali karo papan panggone kerajaan Medangkamulan, Jaka Linglung bola-bali nglakokake kasalahan. Dheweke jebol sadurunge tekan neng panggonan sing dituju.
               Jebule dalan sing diliwati Jaka Linglung mau dadi dalan banyu uyah sing asalesaka segara kidul. Pungkasane Jaka Linglung jebol neng Kuwu. Banjur dheweke nerusake perjalanan nuju neng Kerajaan Madangkamulan liwat darat.
               Sakwise tekan Kerajaan Medangkamulan, Jaka Linglung ditampa tinggal ana neng Kerajaan Medangkamulan. Nanging, Jaka Linglung tetep wae mangan lan nyolong ternak sing ana neng daerah kono. Pungkasane raja ngakon Jaka Linglung tapa . awakke blungker neng gunung kapur lan lambene menga ora entuk mangan yen ora ana panganan sing tiba neng jero lambene.
               Tekan sakiki dalan sing dipercaya kanggo liwat lan jebol naga Jaka Linglung iku isih ngandhung uyah. Lan papan panggonan sing pungkasan dienggo jebol Jaka Linglung mau yaiku daerah Kuwu, banjur panggonan mau dijenengake ”Tambang Uyah Bleduk Kuwu”.

Nur Fita ‘05


ASAL MULANE KUTHA SEMARANG

               Cerita rakyat Sunan Tembayat yaiku cerita lisan sing dituturke masysarakat Kec.Tembayat Kab.Klaten, Prop.Jawa tengah. Cerita iki cepet nyebar ing masyarakat amarga wujude lisan saka tutuk ing tutuk lan diwarisake karo keturunane. Cerita iki duwe versi sing beda-beda amarga sifate sing lisan mau. Cerita iki diwiwiti saka gambaran kerajaan Demak Bintara, kerajaan Islam sing sepisan ing Pulau Jawa, rajane sing jenenge Raden Patah.
               Raden Patah kuwi keturunane Brawijaya. Dheweke kawin karo putri Tiongkok. Dheweke iku tekun, saka sikape iku dheweke bisa nggawe kerajaan saingga uripe rakyate makmur lan bisa ngibadah kanthi tenang. Sakwise Raden Patah seda, tahta kerajaan diganti karo anake sing paling tuwa, Pangeran Sepuh utawa Pangeran Sepuh Sabrang Lor. Pangeran iku duwe anak lanang jenenge Pangeran Made Pandan, Dheweke iku sing dikarepake dadi gantine Ramane. Ananging, Pangeran Made Pandan ora gelem dadi Sultan. Dheweke pengen dadi ulama gedhe kanthi cara tapa lan sinau bab agama.
               Nalika Ramane seda, kuwasa kerajaan dipasrahake karo pamane, Raden Trenggana sing diangkat dadi Sultan Demak sing kaping telu. Pangeran Made Pandan banjur ninggalake kasultanan Demak lan lunga saka kerajaan. Ora ana sing ngerti lungane Pangeran Made Pandan ing ngendi. Pangeran Made Pandan ing pangembaraane iku tetep sinau lan ngulangake agama Islam. Pungkasane, Dheweke tekan papan sing jenenge Bergota, ing papan kuwi Pangeran Made Pandan sinau lan ngulangake agama Islam. Dheweke nggawe pondok-pondok pesantren kanggo para santrine. Kanthi njaluk ijin karo Sultan Demak, Pangeran Made Pandan babat alas nggawe perkampungan lan pemukiman. Ana ing alas iku akeh wit asem sing arang-arang wite, jarake adoh-adoh, dadine diarani Semarang (asale saka kata asem”asam” lsn arang “jarang”).
Amarga tekun lan sabar mbimbing masyarakat ing wulangan agama, Pangeran Made banjur misuwur karo jeneng Ki Ageng Pandanaran, banjur ngedegake Kab.Semarang sing entuk restu saka Sultan Demak, banjur Ki Ageng Pandanaran diangkat dadi bupati Semarang sing kaping pisan. Dheweke tekun lan bijaksana mimpin pemerintahan.
               Ki Ageng Pandanaran duwe anak sing misuwur karo celukan Ki Ageng Pandaaran. Pungkasane, Bupati Pandanaran (Pangeran Made Pandan) seda banjur disarekake ing Pegunungan Pakis Aji (Telomoyo) sing manggon ing sisih wetan Bergota. Kuwasane Bupati Semarang digantikake karo Ki Ageng Pandanaran, anake Bupati Semarang (Pangeran Made Pandan). Ki Ageng Pandanaran tekun mimpin pemerintahan, ta’at karo wulangan-wulangan Islam kaya almarhum Ramane. Nanging, rada suwi dheweke maleh beda, Dheweke biyen apik ing bab apa wae nanging saiki dadi ala. Tugas-tugas pemerintahan dilalikake, pondok-pondok pesantren lan papan-papan ngibadah iya ngono. Nanging, Sultan Bintara wis ngerti ngenani kedadeyan kuwi. Sultan Demak wis ngelingake Ki Pandanaran saka kongkonan-kongkonane, nanging ora entuk tanggepan namung inaan. Banjur Sultan Demak nganakake pasamuan gedhe sing ditekani kabeh pejabat lan tokoh agama, antarane para Wali Sanga. Kanggo ngemban tugas iku, Sunan Kalijaga dikongkon karo Sultan Demak. Sunan Kalijaga nyamar dadi tukang suket sing nawakake sukete ing halaman Kab.Semarang kanggo pakan jaran ingonane. Sakwise suket dituku banjur dibongkar karo tukang jaran, lan ing jerone ana glondhongan emas. Glondhongan emas kuwi diakoni duweke Bupati. Prastawa iku kalakon kanthi bola-bali saingga emas sing ditampa jumlahe akeh banget lan Bupati dadi tambah serakah.
               Nalika Tukang suket kandha karo Bupati ngenani glondhongan emas iku, Dheweke ora ngakoni yen Dheweke nyimpen emas duweke Tukang suket. Mila Tukang suket meneng wae lan pasrah karo Gusti, Dheweke donga njaluk diwenehi kalancaran bisa ngalahake Bupati Semarang tanpa kekerasan. Tukang suket kandha karo Bupati, umpama Bupati isih gelem emas sing akeh, Dheweke gelem mbantu. Sakwise krungu omongane Tukang suket, Bupati banjur seneng karo isin banjur meksa supaya cepet-cepet ngandhani papan emas kuwi.
               Bupati dikongkon maculi lemah ana ing ngarepe halaman kabupaten. Bupati isih isin nanging Dheweke kepengen entuk emas sing akeh. Bupati terus maculi lemah ing ngarepe kabupaten nganti Dheweke kesel lan eling karo tingkahe sing ala. Bupati eling sakbenere Tukang suket iku ora wong biyasa amarga bisa ngrubah lemah dadi emas. Dheweke eling sakbenere Dheweke wis kejrumus ing urusan donya. Pungkasane, Dheweke takon sakbenere Tukang suket iku sapa, wangsulane yaiku Sunan Kali Jaga, salah sijine wali sanga. Krungu ngono Bupati cepet-cepet njaluk pangapura, karo Bupati gelem diangkat dadi muride Sunan Kali Jaga, nurut syarat sing wis ditentukake. Sakbanjure Sunan Kali Jaga njaluk pamit arep nglaporake karo Baginda Sultan Demak, lan Dheweke janji arep ngumbara. Peninggale Sunan Kali Jaga, Bupati Pandanaran nyiapake pangumbaraane. Dheweke iya sodakoh lan ngamalake bandhane kanggo fakir miskin kanggo netepi janjine. Ki Ageng Pandanaran lan sisihane ngumbara kanggo nggoleki papan panggonan kanggo nguwatake wulangan agama Islam, khususe ing Jawa. Pungkasane, Ki Ageng Pandanaran netep ing Tembayat Klaten Jawa Tengah nganti seda banjur disarekake ing Gunung Jabalkat. Nganti saiki makam Sunan Tembayat isih akeh ditekani kanggo papan wisata ziarah dlam rangkaian ziarah Wali Sanga.
Supriyanti ’05       





LEGENDA DESA BERAHAN

Miturut carita, menawa Desa Berahan kuwi duweni legenda. Nalika ing zaman dhisik ing tlatah Kecamatan Wedung iseh sepi wargane amarga iseh rupa alas. Ing sawijining dina teka sawijining wong kang asma Kanjeng Raden Burhan, dheweke kuwi sawijining pemuka agama Islam. Nalika wis tekan ing tlatah Wedung, Kanjeng Raden Burhan mlaku terus nganti tekan Desa Berahan. Ing wektu kuwi Desa Berahan uga iseh rupa alas, mula Kanjeng Raden Burhan dhuwe tekad arep mbabati tanduran ing Desa Berahan nganti enthek. Kanjeng Raden Burhan kersa mbabati amarga dheweke wis krasa krasan urip ing tlatah kana lan dheweke uga wis dhuwe pepinginan arep urip utawa omah-omah ing kana.
Kanjeng Raden Burhan urip karo bojone ing Desa Berahan. Ndhisike Desa Berahan kuwi durung dhuwe jeneng, sakbubare tanduran wis padha dibabati karo Kanjeng Raden Burhan, dheweke teras ngendika bilih tanduran kang ana kene kok akehe ngene yo, ambrah-ambrah ora karuan, mula desa kuwi diarani Berahan.
Ndhisike wong kang urip ing Desa Berahan namung Kanjeng Raden Burhan karo bojone, nanging saya suwe saya akeh amarga saka anake dhewe Kanjeng Raden Burhan karo para warga saka desa liya.
Amarga Desa Berahan gedhe, mula dipisah dadi loro yaiku kang sisih wetan diarani Berahan Wetan lan kang sisih kulon diarani Berahan Kulon. Berahan Kulon kang dadi panggonane Kanjeng Raden Burhan sakulawarga.
Bedhane Berahan Kulon karo Berahan Wetan ora namung panggonane, gedhene desa uga dadi bedhane. Menawa Desa Berahan Kulon kuwi desane cilik, wargane sithik nanging bandha desane akeh. Menawa Berahan Wetan desane gedhe, wargane uga akeh, desane kapisah-pisah maneh dadi akeh dusun, lan bandha desane akeh. Kang dadi bates antarane Desa Berahan Kulon karo Desa Berahan Wetan yaiku kali.
Sakniki Kanjeng Raden Burhan kang dadi perintis Desa Berahan wis suwe seda. Kanggo ngormati jasane dheweke, Kanjeng Raden Burhan dimakamake ing mburine Masjid Jami` Al Burhan, yaiku masjid Desa Berahan Kulon. Nanging makame bojone Kanjeng Raden Burhan ing Desa Wedung ora sesandingan karo makame Kanjeng Raden Burhan.
Ndhisike makame Kanjeng Raden Burhan ora dirumati karo warga, nanging sakwise ana kadadeyan-kadadeyan kang dianggep aneh mula para warga gotong royong mbangun makame Kanjeng Raden Burhan.
Makam Kanjeng Raden Burhan nganti sakniki iseh dirumati kanthi gemati mula isek apik. Menawa ana bagian kang rusak cepet-cepet didandani. Kanggo ngenang jasane Kanjeng Raden Burhan nalika tanggal 1 Sura dianakake khoul.
Neng Desa Berahan Kulon kuwi ana Masjid Jami` Al Burhan kang sejatine kuwi gaweyane Kanjeng Raden Burhan. Masjide kuwi ndhisike bangunane kaya Masjid Agung Demak. Ing Masjid Agung Demak ana lawang bledege, ing Berahan Kulon masjide uga ana lawang bledege. Nanging sakniki masjide wis akeh kang direnovasi amarga wis tuwa.
Nalika Kanjeng Raden Burhan taksih gesang, dheweke dhuwe kawibawan lan sekti mandraguna lan disegani karo warga. Anggone nyebarake agama Islam nganti ngrembaka.
Ing carita bilih putri Dewi Amiswati putrane Prabu Brawijaya, raja Majapahit kang pungkasan, kepingin sowan ing daleme kanjeng Raden Burhan amarga dheweke kepingin namba penyakit kulite. Dewi Amiswati gandhane amis, gudhigen mula dheweke kepingin namba supaya waras. Dewi Amiswati sakwise tekan ing Desa Berahan Kulon kepanggih kaliyan Kanjeng Raden Burhan kang kaya disaranake, dheweke banjur diutus Kanjeng Raden Burhan supaya adus ing Sendhang Kencana. Ing carita Sendhang Kencana kuwi panggonane adus bidadari saka kahyangan, lan Sendhang Kencana kuwi dalan kang tumuju kuburan ing Desa Berahan Wetan karo Dukuh Ketapang. Ing kuburan kuwi ana sumure kang ajaib, banyune bisa kanggo tamba warga liya-liyane, menawa ana bayi kang lair driji tangane utawa driji sikile kumpul, lan menawa ana bayi kang lair embon-embonane wis thukul rambut putih yaiku namung ana embon-embon.
Kebeneran ana bayi loro lair kang diajab mau ana. Mula banyu saka sumur mau bisa kanggo tamba warga kana lan liya-liyane. Amarga ana kadadeyan kaya mau, ndadekake dukane Pemerintahane Landa, amarga bisa nggawe cuwane dokter. Teras sumur mau diurug lan ditutup karo Landa nganti sakniki.
Dewi Amiswati saklebare adus ing Sendhang Kencana mau mbasuh pasuryane lan kulite dadi waras lan gandhane malih dadi wangi, ora amis maneh. Kanggo mbales budine Kanjeng Raden Burhan, Dewi Amiswati ora gelem bali menyang Majapahit nanging ngabdi karo Kanjeng Raden Burhan lan gelem didadekake bojo. Saklebare Dewi Amiswati seda, dheweke dimakamake ing mburine masjid Berahan Wetan, Kanjeng Raden Burhan dimakamake ing mburine Masjid Jami` Al Burhan Berahan Kulon lan bojo kang tuwa dimakamake ing mburine Masjid Al Falah Wedung. Asal usul tembung Wedung kuwi amarga Kanjeng Raden Burhan mbabat alas ing kana, alate kang jenenge Wadhung ilang, lan ilange kuwi ing kali mburine Balai Rama Wedung. Nganti sakniki Wedung dadi nama Kecamatan.
Ndhisike carita wong-wong tuwa cedhak karo ilange Wadhung ing kreteg, menawa ana wong kang liwat atawa nyebrang ngambet gandha banger, banjur ngidu teras kemawon tutuke wong mau perot.
Mula carita asal usul Desa Berahan Kulon mau ditulis ing buku gedhe nganti kertase mangkak lan tulisane nganggo tulisan arab gundul. Berahan saka tembung ambrah-ambrah ora karuan maksude akeh bandha desane, wong jawa pakulinane ngucapake Berahan.
Ing Desa Berhan Kulon sisih kidul ana masjid tiban amarga ujug-ujug ana masjid lan menawa wis mlebu wektu sholat, bedhuge muni dhewe. Kadadeyan kaya mau ana terus naganti suwe. Amarga ing wektu kuwi kampung masjid kana ana seni budaya barongan utawa jaran kepang utawa jathilan lan wargane lali marang Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, kang dielingi namung jathilan. Lan anehe masjid tiban mau sirna utawa ilang lan bedhuge sakniki ana ing Masjid Terboyo Semarang lan ana tulisane Bedhug Berahan. Bebarengan karo ilange masjid tiban mau, malah ana tiban maneh yaiku Balai Rama ana ing sisih wetane lan madhepe adhep-adhepan karo masjid tiban mau. Balai Rama sakniki taksih ana lan menawa wulan apit ana Sedekah Desa yaiku ringgit kanggo ngresiki desa. Papan kang dhisike ana masjid tibane sakniki dibangun Mushola Al Falah.   

                                                                      Yani Yuliyanti ‘05














Legenda Bledug Kuwu

    Nalika Jawa isih kabagi-bagi dadi kali gedhe kang bakale diarani kali Lusi,ing sisih lor diarani pauceti artine yaiku pulau sing asri. Ing sisih kidul diarani Yawa Dwipa,nduweni arti yaiku pulo loro sing pemerintahane dadi siji. Panggonan loro mau ditekani suku-suku hindhu kang manggon ing Yawadwipa kang urip ing kraton Kelet sing dipimpin Panangkarutawa Prabu Dewoto Cengkar. Masyarakate diarani Keling amarga wong-wong padha nganggo anting-anting ing kuping, gelang ing tangan, irung, lan gulu. Amarga Prabu Dewata Cengkar seneng mangan daging manungsa mula akeh masyarakat Kelins singpadha pindah ing Kalingga.
         Sawijining dina ing negara Kalingga ana piyantun 3 kang kaombang-ambing ing laut,piyantun 3 iku mau jenenge Ajisaka, Duro lan Sembodo. Amarga dianggap asing mula piyantun 3 iku didhawuhi dening Sri Maha Datu Sima Dewi Kalingga lan diwenehi ukuman yaiku Ajisaka dadi abdi ing kraton dene Duro karo Sembada dadi abdi ing kapatihan. Amarga piyantun 3 iku mau agamane Islam mula piyantun 3 iku diusir saka Kalingga amarga dikuwatirake bisa ngasut wong-wong Kalingga padha pindhah Islam lan ninggalke Hindhu. Carane yaiku piyantun 3 iku mau difitnah,sawijing dina utusane raja Kalingga ndokokake barang ing ngempere omahe Ajisaka,banjur digawa mlebu Ajisaka. Saka kadadeyan iku Ajisaka karo Dura lan Sembodo diukum kang ditali ing kali gedhe amarga wis wani-wanine njupuk barang sing dudu duwekke.
         Ing dukuh Kamulyan ana Mbok Randha Cangkek kang nduweni anak wadon jenenge Wuyung Wulan, nalika iku Mbok Rondho ditekani utusan saka Medang Kamulyan kang njaluk upeti nanging Mbok Randha ora bisa mbayar amarga ora duwe duwit banjur gantine Wuyung Wulan dadi nduwekke Dewata Cengkar. Saking bingunge Mbok Randha banjur lungaarep bunuh diri nyebur ing kali gedhe. Nalika tekan kali Mbok Randha nemokake piyantun 3 iku banjur ditulungi, rumangsa utang budi Ajisaka banjur ngepek Mbok Randha dadi bojone. Sawijining dina Mbok Randha ngaku yen dhewekke isih nuweni anak wadon ing omah, ing Medang Kamulyan Wuyung Wulan sing ditinggal ibune saben dina nangis wae kang dikancani pitik jagone yaiku Grenteng arane.
         Nalika Ajisaka, Mbok Randha, Dura lan Sembodo tumekan ing omahe, Wuyung Wulan isih nangis nganti ora ngerti yen ana tamu ing ngarep omahe. Amarga ora tega weruh Wuyung Wulan kaya ngana banjur ditulungi lan dibopong dening Ajisaka. Sanalika Wuyung Wulan kaget, ana priya gantheng nulungi dhewekke. Wuyung Wulan kang tanpa busasa rumangsa isin amarga korat manine tumetes ngenani murate Wuyung Wulan. Grenteng uga ndang gage nothol urat mani iku kang dikira jagung. Ora suwe Pakuojo Nayoko utusane Dewata Cengkar kang nduweni niat njaluk upeti tumeka ing omahe Mbok Randha, sanalika geger karo Sembodo banjur perang tanding. Sawise iku Ajisaka gelem ngganteni Wuyung Wulan dadi tumbal kanggo Dewata Cengkar. Sadurunge dipangan dening Dewata Cengkar, Ajisaka nduweni kekarepan yaiku njaluk lemah kang ombone saukuran karo serbane. Dewata Cengkar nyanggupi kekarepane Ajisaka banjur serban dijereng lan nalika Dewata Cengkar ora waspada Ajisaka nancepake keris ing gulune. Sanalika gulu karo sirahe Dewata Cangkar pisah dadi loro lan diguwang ing Segara Kidul. Saka iku Dewata Cengkar njalma dadi Jin Bajul Putih.
         Sawise Dewata Cengkar mati, Medang Kamulyan ora nduweni raja banjur Ajisaka diangkat dadi raja dene Wuyung Wulan diangkat dadi permaesurine. Gelem ora gelem Mbok Randha kudu nampa iku kabeh senajan dhewekke uga uwis ngandhut jabang bayi. Mbok Randha ora kepingin anakke urip mula wetenge diremes-remes supayane anakke matinanging anakke ora mati banjur lair kanthi awak kang cacat kaya ula. Ajisaka krasa isin nduweni anak kang cacat kaya mangkana kang mlakune ngosel-osel ing lemah kaya ula. Ajisaka banjur semedi njaluk petunjuk dening Sabg Hyang Widhi, saka semedi iku Ajisaka oleh pepadhang supayane anakke diruwat nglakoni tapa brata ing Oro-oro Ombo kanthi dikawal pamong 9 yaiku Roro Dukun, Roro Beser, Roro Denok, Roro Penganten, Roro Jangkung, Roro Pekik, Jaka Tuwa, Jaka Bledug kanthi diiringi 7 kebo ireng. Sadurunge budhal menyang Oro-oro Ombo anakke diwenehi jeneng Jaka Linglung. Sawise tumekan ing Oro-oro Ombo, Jaka Linglung didhawuhi pasa ora kena mangan apa-apa ananging saben dina Senin Wage mangane pitik panggang lan dina Jum'at Legi mangane jenang cethil.
         Ing Medang Kamulyan, Wuyung Wulan lagi ngandhut nanging Ajisaka katon sungkawa (sedih) mikirake nasibe Jaka Linglung. Nalika iku utusane Jin Bajul Putih yaiku Titi Mungil lan Tepenggreges tumeka ing Medang Kamulyan, nduweni niat arep njaluk tumbal yaiku getihe wong-wong Medang Kamulyankang cacahe 100 wong. Yen ora diwenehi mula dadi gantine Ajisaka karo Wuyung Wulan dadi tumbal kanggo Jin Bajul Putih,Ajisaka nesu banjur nundhung minggat jin loro mau.
         Sabubare iku Medang Kamulyan kena pageblug saka jin-jin kang sengaja njarah getihe wong-wong Medang Kamulyan, Ajisaka bingung banjur semedi njaluk petunjuk marang Sang Hyang Widhi. Saka semedine iku kang bisa ngilangke pageblug-pageblug iku mau yaiku Jaka Linglung. Ajisaka ngutus Duro lan Sembada dhateng Oro-oro Ombo supaya Jaka Linglung sowan ing kedaton, maksute yaiku ngutus Jaka Linglung mateni Jin Bajul Putih kanggo katentremane wong-wong Medang Kamulyan. Jaka Linglung karo pamonge budhal tumuju ing kraton banjur ngaturaken sembah sujud ing ngarepe Ajisaka, karo nangis Ajisaka medhar sabda ngutus Jaka Linglung nanging Jaka Linglung kanthi ikhlas nglaksanakake dhawuhe bapake. Jaka Linglung nyuwun pangestu banjur budhal tumuju ing Segara Kidul, sawise tumeka ing Segara Kidul Jaka Linglung banjur sowan ing kratone Kanjeng Ratu Kidul saha nyuwu petunjuk. Saka petunjuk-petunjuk Kanjeng Ratu, Jaka Linglung bisa mateni Bajul Putih. Nalika iku Bajul Putih nduweni jimat Gineng Suket Grinting warnane Wulung panggonane ing njero elak-elakan lambene, supayane Bajul Putih gelem mbukak lambene Jaka Linglung njoget-njoget lucu. Nalika Bajul Putih ngguyu lan ora waspada Jaka Linglung njupuk Ajian Gineng Suket Grinting lan mateni Bajul Putih.
         Supayane ora konangan para jin liyane, Jka Linglung diutus supaya metu njero lemah kanthi ngetotake cahyo putih. Yen durung tumekan ing Oro-oro Ombo Jaka Linglung ora oleh metu saka njero lemah amarga iku salah sijine ruwatan supaya Jaka Linglung bisa kaya manungsa normal liyane. Saka ruwatan iku ana sawijining larangan kang ora oleh dilanggar dening Jaka Linglung yaiku ora kena noleh mburi. Durung nganti rampung anggone nglakoni ruwatan iku Jaka Linglung kang kesel banjur njebol saka njero lemah. Anjebole Jaka Linglung iku sing diarani Bledug Kuwu amarga ana suwara-suwara dug…dug…dug…kaya bedug lan ngetokake unthuk (gelembung) sing panas lan asin, yen Kuwune iku merga anjebole Jaka Linglung ing desa Kuwu. Jaka Linglung mikir kanapa lelakone iku ora rampung-rampung banjur dhewekke noleh mburi amarga penasaran karo larangane Kanjeng Ratu. Sanalika Jaka Linglung kaget amarga Kanjeng Ratu Kidul ana ing mburine kang melu ngetutake lelakone Jaka Linglung. Amarga kuciwa karo tumindake Jaka Linglung sing ora manut miturut dhawuhe Kanjeng Ratu Kidul sanalika Jaka Linglung disabda yen nasibe dhewekke ora bisa dirubah maneh. Jaka Linglung nangis banjur mulih ing Medang Kamulyan.
         Ing Medang Kamulyan, Wuyung Wulan kang wis nglairke ankke kanthi sehat tanpa cacat nggawe Ajisaka katon bungah ananging isih nduweni penggalih mikirake Jaka Linglung kepiye nasibe yen ngertani adhine lair normal tanpa cacat kaya dhewekke. Nalika Jka Linglung tumekan ing Medang Kamulyan, dhewekke banjur sujud ing ngarepe Ajisaka. Ajisaka rada bingung amarga anakke katon ora seneng wis nindakake ugas kanthi asil kang apik. Jaka Linglung menehake Ajian Gineng Suket Grinting Wulung kanggo tandha yen dhewekke berhasil mateni Bajul Putih. Suket iku banjur disimpen ing Medang Kamulyan kanggo jaga-jaga mbok manawa ana jin-jin kang ora trima yen Bajul Putih mati lan nuntut balas. Tumakan saiki wong-wong Medang Kamulyan ing Grobogan isih percaya yen suket Grinting Wulung iku bisa nolak balak, mula wong Medang Kamulyan padha njupuk suket iku yen ana keluargane sing lara.
         Jaka Linglung kuciwa lan ora pingin urip suwe-suwe maneh amarga isin nduweni fisik kang cacat kaya ngana, Ajisaka ora tegel yen ngingeti anakke kaya ngana banjur budhal tumuju ing Segara Kiduk kanggo takon marang Kanjeng Ratu Kidul kanapa ruwatane Jaka Linglung ora ana kasile . Sawise diterangake denng Kanjeng Ratu, ananging Kanjeng Ratu kepingin yen Jaka Linglung dadi senopati ing segara Kidul sawise Bajul Putih mati. Ajisaka banjur njaluk ngapura lan pamitan mulih ing Medang Kamulyan. Tumakan ing Medang Kamulyan Ajisaka ndawuh Jaka Linglung semedi ing Oro-oro Lencong lan oleh mangan apa wae kang tumempel ing lambene. Sasuwene ditinggal Jaka Linglung Medang Kamulyan diserang musuh lan dikuwasai saka kerajaan liyane dene Jaka Linglung nembe tapa ing gunung. Iku dadi pungkasane lelakone Jaka Linglung.
                                             
   Yani Herawati ‘05







KI AGENG PANDANARANG
ING BABAD TANAH JAWI II

Pangeran pandangarang kuwi bupati ing semarang kang kaya raya,nanging deweke lali marang tugase kang dadi bupati.Pangeran pandangarang mung mentingake kepentingane dewe,ora tau mikirake rakyate.gaweane mung njukuki pajak marang rakyat lan ngutang – ngutangake duwit marang pedagang.Banjur teko salah sijining wali kang jenenge sunan kalijaga,sunan kalijaga nyamar dadi wong kang adol suket ning pasar semarang.Pangeran pandangarang tuku suket kang di gawa sunan kalijaga,kaggo ngetes keimanan pangeran pandangarang,ning njero suket mau di seseli emas banjur suket mau di terake ning pangeran pandangarang.sawise suket mau di bukak marang pekatike pangeran pandangarang weruh yen ning njerone ono emase,banjur pangeran pandangarang ngongkon pekatike goleki sing dodol suket mau,yoiku sunan kalijaga.Ngesok-esoke sunan kalijaga teko maneh kanggo ngeterake suket pesenane pangeran pandangarang,pangeran ngarepake yen neng njero suket iki ono emase maneh.suket mau arep dibayar karo pangeran pandangarang sak gedhe 25 ketheng,nanging sunan kalijaga ora gelem nanging njaluk bayaran yaiku suara bedhug ning semarang.sunan kalijaga di usir lan di ece marang pangeran pandangarang,sunan kalijaga ngandhani yen pangeran ojo edan bondhomSunan kalijagaq buktiake marang pangeran,lemah ing pendapa dipacul iso metu bongkahan-bongkahan emas.Pangeran pandangarang kaget lan wedhi weruh mau,banjur pangeran njaluk ngapuro lan pengen dadi murid sunan kalijaga.Pangeran pandangarang gelem nglakoake apa wae sing penting bisa dadi muride sunan kalijaga,banjur sunan ngomong marang pangeran yeng pangeran kudu nyusul ing gunung jabalkat,Pangeran pamit marang bojo lan selir-selire.harta lan bondho di warisake marang anak cucune lan tugase dadi bupati di warisake punggawane.

pangeran pengen dadi santri kang sejati,pangeran nyusul ing gunung jabalkat karo bojone kang pertama yaiku Nyi ageng kaliwungu.pangeran wis ngomong karo nyi ageng kaliwungu yen ojo nggowo harta lah bondho,nanging nyi ageng kaliwungu ngeyel nggawa bondho kang di umpetake ing tongkate.Pangeran ngerti yen bojone mau gawa bondho nanging di nengake wae.tekan tengah ndalan pangeran dirampok karo wong 3.pangeran menehake kabeh bondhone termasuk tongkat kang di gawa Nyi ageng kaliwungu,banjur kutha kuwi mau di kei jeneng salatiga.pangeran pandangarang mlaku ndisik,banjur nyi ageng kaliwungu nyusul pangeranmnyi ageng kuciwo karo sifate pangeran kang ngeneng ake bojone di rampok,banjur Nyi ageng ngoneake pangeran BOYOLALI kang tegese bojo sing lali marang istrine,banjur jeneng boyolali mau dadi jeneng kutha.Pangeran pandangarang wis oara gawa bondho babar blas,nanging karo peranpok mau di oyak lan di cegat maneh.grombolan perampok mau di pimpin karo ki Sambangdalan,jengkel weruh sifate kisambang dalan kang wis kelewatan.banjur pangeran ngoneake yen king sambang dalan iku kaya wedhus,banjur raine kisambang dalan dadi wedhus.ndelok raine dhewe kisamnag dalan kanget lan wedhi,banjur njaluk ngapuro marang pangeran lan pengen dadi pengikute.ki sambang dalan banjur melu pangeran menyang gunung jabalkat,tekan kono ditemuake mesjid cilik banjur ki sambang dalan di nei tugas kon ngisi genthong ngasi kebak nanging ora kena turu.Sunan kalijaga nyusul ing gunung jabalkat,sunan kaget weruh raine ki sambang dalan,banjur di takoni opo penyebabe raine dadi wedhus.ki sambang dalan cerita marang sunan lan banjur di baleake raine kisambang dalan koyo asline maneh.ning mesjid kuwi pangeran pandangarang jenenge di ganti dadi pangeran tempayat kang tugase dakwah ing daerah sekitar gunung jabalkat,lan ki sambang dalan jenenge dadi syeh domba.pangeran tempayat utawa sunan tempayat dadi pembantu ing omahe ki tasik,kang tugase ngewangi nyi tasik dodolan serabi lan carabikan ing pasar wedhi.ing sawijining dino pangeran tempayat lali ora gowo kayu bakar kanggo goreng serabi,pangeran di seneni entek-entekan marang nyi tasik.kanggo ganti kayu sing lali di gawa mau tangane pangeraqn kang didadeake kayu bakare.ndelok pembantune kang aneh kaya mau banjur nyi tasik cerita marang ki tasik,banjur deweke wong loro njalu ngapura marang pangeran tempayat,lan janji pengen melu ajaran islam,ki tasik lan nyi tasik ngewangi sunan tempayat ngislam ake warga –warga sekitare.

Ridwan ‘05




























LEGENDA DESA BONANG

Kedadeyan prastawa iki nalika masa kerajaan Demak. Kurang luwihe critane yaiku miturut wong tuwa nalika masa kerajaan Demak, Sunan Bonang entuk undangan saka Raden Patah, pendiri kerajaan Demak sing sakdurunge njabat dadi Bupati Demak. Sunan Bonang nindakake perjalanan kanthi liwat dalan laut lan darat. Perjalanan lewat laut diadani kanthi numpak prau. Sunan Bonang uga salah sijine wali sanga sing nyiarake ajaran islam ing tanah jawa.
Sunan Bonang uga kalebu wong sing duweni ada-ada arep ngedegage kraton lan Masjid Demak. Ana ing perjalanan darat, Sunan Bonang ketemu karo pemuda sing jenenge Raden Said ing alas Jatiwangi. Raden Said diusir karo wong tuwane saka kadipaten tuban amarga konangan seneng ngrampok bandhane tuan tanah lan hartawan sing sugih . bandha rampokan mau banjur dibagiake karo fakir miskin. Masyarakat nyebut dheweke Brandal Lokajaya. Ing kana Sunan Bonang dicegat karo Raden Said arep dirampas bandhane, nanging Sunan Bonang namung nggawa teken sing gagange digawe saka emas.
Sakwise cedhak, Raden Said ngadhang jangkahe Sunan Bonang sing ngganggo klambi jubah putih. “Wong tuwa, ketoke kowe ora wuta. Kowe uga isih kuwat mlaku, kenapa kowe ndadak nggawa teken?” pitakone Raden Said.
“Nganggo teken iki aku ora bakal kesasar meskhi aku mlaku nang dalan sing peteng.” Jawabe wong tuwa iku.
 Nanging saiki isih padang, yen tanpa tongkat iku kowe isih isa mlaku apik.” Bantahe Raden Said.
Wong tuwa iku mandeng Raden Said. Praupane ngetokake sifat welas asihe nanging pribadine agung lan wibawa. “Tongkat iku pegangan, wong urip utawa mlaku kudu duweni cekelan supaya ora mlaku neng dalan sing nyesatake.” Kandane wong sing berjubah putih.
“Aku pengen weruh tekenmu,” Kandhane Raden Said.
“Saka weruh isa nuwuhake rasa pengen duweni. Ora apik duweni nggene wong liya.” Kandhane wong sing berjubah putih.
Tanpa ngomong Raden Said ngrebut teken iku nganti wong ngganggo jubah putih iku tiba ndeprok ana ing lemah. Raden Said ndeleng teken kuwi, aneh, teken sing asale gagange emas maleh dadi kayu biasa. Sawetara Sunan Bonang susah payah ngadheg karo ngetokake eluh wong sing ngganggo jubah putih iku nangis. Raden Said tambah gumun.
“Aja nangis wong tuwa, iki tekenmu tak balekake.” Kandane Raden Said karo ngulungake teken sing dicekeli.
“Aku ora nangis amarga tekene kok rebut, nanging aku ngrasa nyesel lan dosa. Karana aku tiba lan ora sengaja aku njabut suket sing ora salah.” Kandhane wong sing berjubah putih.
“Mung suket sagagang kowe ngrasa dosa?” Pitakone Raden Said.
“Suket uga makhluke Gusti Allah. Aku njabut suket iki tanpa ana gunane, yen aku njabut kanggo pakan ternak ora apa nanging yen kanggo  tak sia-sia iku dosa.”
Raden Said kaget krungu ucapan filosofis iku. “Napa kowe tega tindhak kasar karo wong tuwa.”
“Aku pengen bandha.” Jawabe Raden Said.
“Kanggo apa?” Pitakone wong berjubah putih.
“Arep takwenehake karo fakir miskin.” Jawabe Raden Said.
“Apik niatmu, nanging cara sing kok anggo iku salah, omonge wong sing Berjubah putih.
“Apa maksudmu?”
“Allah seneng karo barang apik lan mung nerima amal saka barang sing apik lan halal.” Jawabe wong sing berjubah putih. Raden Said tambah kaget krungu ucapan iku. “Jelase, Allah ora nrima sedekah sing haram. Dadi sia-sia sedekah sing kok wenehake saka hasil ngrampok saksuwene iki. Yen kowe pengen bandha. Iki njupuken! Iki bandha halal!” ngomong kaya kana wong berjubah putih kuwi karo nuduhake wit aren. Saknalika wit mau dadi emas. Pange, godhonge, wohe, lan sakabehane dadi emas. Raden Said ngerahake ilmune. Dheweke ngira yen wong tuwa mau ngerahake ilmu sihire. Yen wong tuwa iku ngerahake ilmu sihir mula nganti gampang dheweke isa nangkal. Nanging dheweke kecele. Wong tuwo mau ora ngetokake ilmu sihire. Wit kuwi bener-bener wis maleh dadi emas.
Raden Said gumun, dheweke nyoba menek wit iku, arep njupuk wohe sing cemlorot. Durung nganti tekan dhuwur wohe wis padha rontok nibani sirahe nganti Raden Said semaput. Nalika Raden Said sadar. Wit aren mau mbalik asal. Wohe sing mau rontok warna emas maleh dadi ijo kaya woh aren biasane. Raden Said celingukan, nggoleki wong tuwa berjubah putih sing mau ngrubah wit aren dadi emas. Nanging tuwa mau wis ora katon maneh. Sadar Raden Said yen wong tuwa mau iku sakti sing duweni ilmu tinggi. Bokmenawa golongan para ulama’ utawa para wali. Saknalika Raden Said nggudhag wong tuwa mau. Dheweke kepingin dadi muride.
Sakwise ngerahake tenagane dheweke lagi isa weruh bayangane wong tuwa iku saka adohan. Wong tuwa iku alon olehe mlaku, nanging Raden Said durung isa nyusul. Sakwise nafase arep entek, raden said lagi isa nyusul wong tuwa iku ing pinggir kali. “Ana apa kowe nyusul aku?” Pitakone wong tuwa iku.
“Gelema kirane kowe nrima aku dadi muridmu.” Omonge Raden Said.
Wong tuwa iku ora liya yaiku Sunan Bonang sing gelem nrima Raden Said dadi muride. Nanging raden Said kudu ngliwati ujian kasetyan. Sunan Bonang nancepake tekene ing pinggir kali. Raden Said diperintah nunggu teken iku. “Sanggup kowe nrima syarat iki?” Pitakone Sunan Bonang.
“Sanggup Kanjeng Sunan.” Jawabe Raden Said.
Sunan Bonang nerusake lakune menyang Masjid Demak. Bali Raden Said kaget weruh Sunan Bonang mlaku ing dhuwur banyu kaya mlaku biasa ing daratan. Tambah mantep niate Raden Said berguru karo Sunan Bonang. Bareng nyabrang kali Sunan Bonang nerusake lakune.
Saksuwene mlaku Sunan Bonang nduweni niat arep ngaso, ana ing papan ngasone Sunan Bonangkrungu ana wong sing lagi dolanan bonang. Sebab ing pemukiman iku akeh pengrajin sing padha nggawe bonang saka kuningan, salah sijine perangkat gamelan sing digunakake nggiringi musik ana ing pagelaran ringgit. Wiwit wektu kuwi desa kasebut dikenal kanti jeneng bonang nganti saiki.
Ing bonang uga ngadeg masjid, masjid kuwi miturut crita adhike Masjid Demak. Ngadege Masjid Al-Karomah kuwi aga ana campur tangane Sunan Bonang, nalika ngaso ing pemukiman kana, wancine shalat dzuhur, Sunan Bonang arep shalat, nanging ora ana Masjid. Ing kana Sunan Bonang ngajak para warga bareng-bareng ngedegake Masjid lan dadi Masjid Al-Karomah iku.
Al-kisah, Sunan Bonang lali karo Raden Said sing dikon nunggoni tekene ing pinggir kali. Iku wis lumaku nganti wulan-wulanan suwene malah ana sing nyebutake taunan. Sakwise iling Sunan Bonang bali nemoni Raden Said. Sunan Bonang pengen weruh apa raden said setya nunggu tekene. Sunan Bonang kaget sakwise weruh Raden Said sing tetep setya nunggu tekene ing pingir kali nyambi semedi. Miturut sumber liya Raden Said donga marang Gusti supaya diturokake kaya gusti nurokake pitu pemuda ing Goa Kahfi taunan suwene.
Dongane raden Said dikabulake. Dheweke isa turu taunan saengga awake dirambati oyot lan godhong wit-witan. Suna Bonang lagi isa nangekake sakwise ngetokake suara adzan. Cara liya ora isa kanggo nangekake Raden Said. Sakwise raden said tangi dheweke diajak nang panggonane Sunan Bonang. Nang kana dheweke diwenehi pelajaran agama tingkat tinggi. Amarga saka keuletane Raden Said dheweke isa marisi kabeh ilmu Sunan Bonang. Karana Raden Said tau tapa utawa turub ana ing pinggir kali taunan sakwise dadi wali, dheweke disebut Sunan Kalijaga. BAju takwa, Perayaan sekaten, Grebeg Maulud, Layang Kalimasada, lakon wayang  Petruk dadi Raja, kuwi kabeh ciptaane Sunan Kalijaga. 
                                                                                
                 V A PRL ‘05


































KUTHA SEMARANG

Nalika jaman biyen ing Kraton Demak ana Pengeran kang arane R. Made Pandan. Kajaba dadi penggedhene kraton, dheweke uga dikenal kang duweni utawa mumpuni babagan agama islam, mulane diajeni marang warga. R. Made nduweni anak lanang sing jenenge R. Pandanarang. Sanajan anake wong kraton, nanging Pandanarang ora trus banjur sombong. Malah dheweke dikenal dadi wong sing apikan,lembah manah, grapyak, ngerti ungah ungguh, lan bekti marang wong tuwane.
Salah sawjining dina, R. Made Pandan kepengen ngajak anake lunga menyang Kesultanan Demak, nanging durung genah kapan wanci dinane.
Pandanarang isih rembukan karo kanca-kancane, banjur diundang bapake,“Ngger, mrenea dhisik!”
“Mengko dhisik ya kanca-kanca, aku ditimbali Rama, mengko diterusake maneh anggone cerita.”
Kancane padha sumaur bareng-bareng, “oh iya, kana marana dhisik, tak enteni ana kene.”
“Wonten menapa Rama?”
“Kene ngger, lungguha ana sandhingku, aku arep ngomong lan tawa marang kowe, nanging iki yen kowe gelem, yen ora gelem ya kena wae, aku arep lunga ngajak kowe menyang kesultanan Demak, nanging durung genah kapan wancine, kowe gelem melu ora ngger?’’
Ora nganti mikir suwe-suwe, Pandanarang langsung nyaguhi bapake.
“Kula purun Rama.’’
“Kenapa langsung wae mbok saguhi anggone Rama iki ngakon, apa ora mbok pikir dhisik, perkarane anggonku ngejak kowe lunga iki ora sedhela, kowe mengko bakal ninggalake kanca-kancamu sing ana kene.’’
“Boten Rama, kula ndherek lan manut Rama kemawon, mangke rencang-rencang kula paringi ngertos, kula boten kepengen tebih saking Rama, amagi Kanjeng Ibu mawon sampun tilar donya.’’
“Ya uwis yen karepmu ngono, karepku ngajak kowe, supaya kowe entuk kawruh urip saka njaba kraton kene, mengko yen wis wayah wancine lunga kowe tak kandhani. Wis kana, terusna anggonmu rembukan karo kanca-kanca.“
“Inggih Rama’’sumaure Pandanarang kanthi alus.“
Pandanarang banjur bali nemoni kanca-kancane, “Kanca-kanca, aku mau dkandhani marang Rama yen aku arep dijak lunga menyang Demak, nanging aku ora tegel ninggalake kowe kabeh.’’
“Ya uwis kana Pandanarang, mbok menawa anggonmu lunga kuwi, bisa ndadekake kawruh uripmu tambah akeh, kene ora apa-apa kok.’’ Ngono kuwi sumaure salah sijining kancane Pandanarang.
“Ya,  matur nuwun ya, aku ora bakal nglalekake kowe kabeh.  ’’
Bareng wis wayah wancine, R. Made lan Pandanarang mangkat menyang Kesultanan Demak lewat sisih kulon.Pandanarang pamitan marang kanca-kancane sing arep ditinggalake“Aku lunga dhisik ya kanca-kanca, dongakna muga-muga dhewe bisa ketemu maneh’’.
Kanca-kancane padha sumaur, “Ati-ati ya ana kana, mesthi awake dhewe bakal ketemu maneh’’.
Sawise pirang-pirang dina anggone mlaku, tibake tekan ana ing papan sing subur .Amarga papan kang ditekani kuwi mau dirasa kepenak, mula R. Made gawe alas lan ngedekake omah ana kono.
“Pandanarang, Rama kok ngrasa papan kene iki kepenak kanggo gawe alas, amarga lemahe iya subur ngene, piye ngger, karo dhewe ngedekake omah lan pondok pesantren ana kene?”
“Wah kula sarujuk mawon kalihan kanjeng Rama punika.”
R. Made banjur ngakon prajurite nggawe omah lan pondok ana kono. Wiwitane sing padha melu ya mung abdi-abdine dhewe sing dadi murite. Suwe-suwe akeh wong sing padha kepengen sinau lan manggon ing papan kono.
R. Made Pandan tansah urip seneng karo anake lanang. Dheweke duweni pangarep-arep supaya besuk anake bisa nggenteni bapake dadi guru agama islam ing papan kuwi. Salah sawijing dina, R. Made krasa yen dheweke arep bali menyang Gusti Allah, mulane sakdurunge mati, dheweke duwe wejangan marang anake.
“Ngger, yen aku mati mengko kowe aja pedhot panggayuhmu. Terusna anggone Rama iki ngajarke agama ana ing papan kene lan marai olah-olah tetanen. Ojo pisan-pisan kowe ninggalake papan iki. Kencengna atimu, lan manuta marang warahane Para Wali. Insya Allah uripmu besuk mulya, slamet donya akhirat.’’
Krungu wejangan sing kaya ngono kuwi, luhe Pandanarang tumetes.
“Kanjeng rama kenging menapa ngendikan kados mekaten? Kula mangke kalihan sinten Rama?’’
“Wis ngger anakku, kowe kuwi anake rama, kowe kudu kendel lan bisa nglakoni urip iki kanthi lila, mengko yen aku ora ana, ojo lali ya ngger marang wejanganku mau?’’ Mung pasrah marang Gusti, Pandanarang wis lila yen Ramane arep ngadhep marang Pangeran.
“Inggih Rama, sedaya wejangan ingkang Rama ngendikakaken badhe kula lampahi.’’ Mengkana wangsulane Pandanarang karo kamisesegen.
R. Pandanarang mesthi kelingan terus lan nglakoni marang apa kang diwejangake Ramane sakdurunge seda. Apa kang dadi wejangan kuwi mau dilakoni. Tibake kabeh anggone ngupaya ora siya-siya. Amarga sangsaya suwe papan kuwi dadi papan kang subur, kabeh wit-witan kang migunani tuwuh kanthi apik. Ora let suwe, wong-wong sing saka njaba utawa papan liya padha teka lan manggon ana kono lan padha dadi murite R. Pandanarang.
Ing salah sawijing dina nalika isih nggarap sawah Pandanarang weruh ana sing aneh. Amarga neng dhuwur lemah sing subur kuwi, ing sela-selane wit-witan  sing ijo ketok ana wit asem kang tuwuhe arang-arang. Wong-wong sing ndelok padha gumun mergane let wit asem sing siji lan sijine tuwuhe arang-arang.
“Ngapa kok wit asem iki tuwuh lete padha adoh-adohan ngene. Kamangka lemah neng kene subur banget. Mesthine wit asem kuwi tuwuh kanthi let ora sing adoh ngono.”
“Leres Raden, kula nggih gumun kok saget mekaten,’’ wangsulane wong-wong kang padha melu dheweke.
“Pancen iki perkara kang aneh banget,’’ karo gumun Pandanarang anggone nyawang.
R.Pandanarang ngomong, “Yen ngono papan kene tak wenehi jeneng SEMARANG.’’
“Wah endah sanget punika Raden, leres kalihan kahananipun,“ wangsulane salah siji prajurite.
Diarani SEMARANG, yakuwi saka tembung asem sing tuwuhe arang-arang. Banjur sakwise kuwi Pandanarang diangkat dadi pemimpin lan gelare Ki Pandanarang I utawa Bupati Semarang sing ping pisan .
Sasuwene anggone mrintah lan ngajarake agama, Ki Pandanarang I banjur nusul Ramane, ngadhep marang Gusti. Dheweke digenteni marang anake kang gelar Ki Pandanarang II.
Sadurunge tilar donya, dheweke uga duwe piweling kaya Ramane biyen, “Anakku yen Bapak wis ora ana, kowe aja lali marang kuwajibanmu yakuwi ngajarake agama islam iki, amarga Bapak mbiyen wis diwejangi marang Eyangmu. Nanging Bapak mung bisa nganti tekan semene, lan saiki kowe genti sing nerusake ya?’’
“Inggih Bapak.’’
“Ya wis, yen ngono aku bisa ngadhep Gusti karo lega,’’ wagsulane Pandanarang I karo mesem lega. Tibake  Ki Pandanarang II iki luwih ngaboti perkara gebyaring donya. Dheweke lali marang kuwajibane lan janjine dadi guru agama. “Kanggo apa aku ngurusi pondhok pesantren iki barang, tinimbang ngono aku seneng-seneng wae dhuwitku akeh.’’
Kaya ngono kuwi pikire Pandanarang II. Banjur Wali Sanga ngakon Sunan Kalijaga nyamar dadi bakul suket.
Salah sawijining mangsa, punggawane sing golek suket kasep anggone nyepaki pakan kanggo jaran.
“Eh... karepmu iki kepiye, pakan kanggo jaranku nganti bisa entek kaya ngene iki piye... heh!’’ Anggone ngomong karo ngamuk-ngamuk marang punggawane.
Ora let suwe, Kalijaga teka menyang omahe Pandanarang tawa suket, “Raden, punika kula sadean suket tasih seger, menapa raden ngersakaken?’’
Kanthi asor anggone Kalijaga matur marang Pandanarang, “Wah beneran iki, punggawaku kasep golek suket.’’
Nalika kuwi suket sepikul diregani selawe ketheng. Nanging ditawa Pandanarang lima las ketheng.
“Heh wong tuwa nyoh dhuwite lima las ketheng,’’ tanpa nyang-nyangan maneh, suket mau diwenehake.
“Inggih raden matur nuwun sampun kersa tumbas.’’
Dina sesuke, Kalijaga teka nggawa suket seger maneh.
“Banjur Pandanarang ngomong, “Heh wong tuwa, esuk temen anggonmu golek suket, saka ngendi olehmu golek?’’
“Saking Gunung Jabalkat raden,’’ saurane bakul suket kuwi. Pandanarang gumun, amarga G. Jabalkat iku panggone adoh banget.
“Aku ora percaya karo omonganmu kuwi, rumangsamu cedhak apa?’’
“Inggih kok raden, kula saking mrika, lha niki lho kula pun koproh kringet.’’
Pandanarang ora urusan bakul suket kuwi meh saka ngendi, sing penting pakan jarane ora kentekan.
“Nyoh!dhuwit sukete, wis ndang kana lunga...!’’
“Matur nuwun raden,’’ wangsulane Kalijaga.
Sawise suket wis dibayar wong tuwa mau ora gek ndang lunga.
“Heh wong tuwa, apa sing mbok enteni?”
“Kula nyuwun sedhekah raden”.
Pandanarang banjur ngrogoh kompekane.
“Iki dhuwite, wis kana lunga sepet aku nyawang kowe ana kene terus!’’
Karo sombong anggone ngomong. Dhuwit saketheng banjur diuncalake marang bakul suket. Nanging bakul suket ngadep.
Kula mboten nyuwun sedekah arta raden, ingkang kula suwun inggih punika swanten  bedhug wonten Semarang.”
“Kowe iki aja njaluk sing aneh-aneh ya. Ndang cepet jupuka dhuwit kuwi lan lungana saka kene!”
Karo mencak-mencak, lan ngakon prajurite supaya ngusir Kalijaga.
“Kula mboten betahaken arta raden. Arta lan bandha boten saget nylametaken kita wonten akhirat mbenjang,’’ pandanarang ngamuk.
“Kowe kuwi aja nyepelekake dhuwit lan bandha ya!, apa maneh wani-wanimen ngandani aku. Rumangsamu kowe iki sapa heh..., mung bakul suket wae kakehan omong!ngertiya kowe, amarga bandha lan dhuwit wong bisa kajen kaya aku ngene iki.”
Anggone ngamuk karo Kalijaga wis muntab tekan ubun-ubun.
Kalijaga semanta, “Kula kinten boten ngaten, amargi arta lan bandha saget ndadosaken tiyang asor drajatipun lan boten ngertos tata krama amargi ngalalaken sedaya kemawon.”
“Wong tuwa! omonganmu kuwi ngawur, apa dadi bakul suket kaya ngono, kowe wis rumangsa mulya? Apa kabeh kebutuhan anak bojomu bisa mbok cukupi ?”
“Perkawis bandha lan kabetahan urip kula sampun kula pasrahaken kalihan menapa ingkang sampun dipun paringi kalihan Gusti Allah. Menawi kepengen emas, macul sepisan mawon saking lemah kula sampun angsal kathah.”
“Huh, omonganmu kuwi sombong banget!yen ngono buktekake omonganmu kuwi! yen pancen kowe bener, aku arep mberguru marang awakmu, nanging yen kowe ngapusi, kowe bakal tak wenehi ukuman, yen perlu ukuman mati, amarga kowe wis kuwanen lan ngapusi aku.’’
“Ayo! ndang buktekna, iki pacule. Pisan wae anggone macul, emas kuwi metu saka lemah.“
“Punika raden, emasipun.’’
Pandanarang gumun namati kahanan kaya ngono. Amarga mata dhuwiten anggone nyawang emas, dheweke ora krasa yen wong tuwa mau wis lunga saka kono.
“Pak tuwa, kowe nduweni kasektenan apa, kok anggonmu macul metu emas sak bongkok ngene?’’ Pitakone Pandanarang ora disauri karo bakul suket kuwi. Bareng mlinguk, tibake sing dijak omong wis ora ana.Banjur Pandanarang nututi anggone lunga.
Bareng wis ketututan, dheweke mandeg karo menggah-menggeh. Wong tuwa kuwi muni.
“Ngapa apa kowe nusul aku? Apa kurang anggonku menehi emas?’’
“Dudu, dudu kuwi anggonku mara,’’ saurane Pandanarang karo rada pedhot-pedhot.
“Banjur apa karepmu?’’
“Aku pengen mberguru marang Aki.’’
“Apa? Merguru marang awakku? Arep mberguru apa kowe, golek dhuwit lan bandha ngono apa?“
“Dudu! Aku kepengen nyinaoni agama islam supaya mbesuk bisa tak enggo ngajak lan marai warga Semarang, bener Ki.’’
“Apa kowe wani korban kabeh bandha lan nyawa? “.Pitakone Kalijaga kanthi temenan.
“Aku gelem tenan.’’
“Yen ngono, lakonana shalat limang wektu, kowe kudu seneng sodakoh, ngedekake mesjid, menehake bandhamu marang wong sing pantes nampa. Aja pisan-pisan kowe kepencut bandha donya. Saguh kowe nglakoni kaya sing tak kokon?”
“Saguh Aki, saguh tenan.’’
“Ki, sakjane kowe iku sapa?“
Karo bingung anggone takon, “Aku Sunan Kalijaga sing dikongkon para wali kanggo ngajak kowe dadi Wali Sanga nggenteni Syeh Siti Jenar sing diukum mati amarga ngajarke agama sing kleru.”
Krungu jenenge Sunan Kalijaga Ki Pandanarang langsung kurmat, nanging sanalika Kalijaga ngilang.
“Sunan Kalijaga, sunan,njenengan wonten pundi?’’
 Karo bengak-bengok anggone nggoleki. Nanging sing digoleki wis ora ana. Pandanarang banjur bali menyang omah, nglakoni apa kang wis diprentahake marang dheweke. Lan nusul Sunan Kalijaga menyang Gunung Jabalkat.Urusan Kadipaten lan pangkate diwenehake marang anakke.Dheweke bakal ninggalake urusan donya.
“Ngger anakku, Bapak menehake kabeh iki marang awakmu, Bapak arep lunga menyang G. Jabalkat ndherek Sunan Kalijaga.’’
“Inggih Bapak,ngatos-atos kemawon.’’
“Ya wis yen ngono aku mangkat dhisik menyang G.Jabalkat.’’
“Kang aku melu, kang melu kang!’’ Kaya ngono kuwi bengak-bengoke salah sijine bojone sing arep ngetutake Pandanarang.
“Ya wis gek ndang nek pengen melu, nanging kowe aja pisan-pisan nggawa bandha, amarga mengko bisa dadi alangan marang awake dhewe.”    Nanging bojone iki ngeyel, dheweke isih tetep nggawa bandha ora ketan sithik karo umpet-umpetan.
Bareng ana ndalan,“heh, kene padha wenehna bandhamu, yen ora tak pateni kowe kabeh!’’ Unine rampok kang aran Ki Sambangdalan kuwi.
Ki Sambangdalan wis entuk keterangan ngenani Pandanarang. Yen dheweke iku wong sugih bandha sing arep lunga nusul gurune menyang Jabalkat.
“Aku ora nggawa apa-apa,” saurane Pandanarang nalika dirampok ana ndalan karo bojone.
Pancen bener, Pandanarang ora nggawa apa-apa. Nanging bojone kecekel amarga nggawani emas. Ngerti bojone arep dielungi piso, Pandanarang lan Sambangdalan padha tarung.
Banjur sing wadon bengak bengok, “Ya Ki, ya iki emase, nanging bojoku aja kok pateni.”
Banjur emase diwenehake.
“Mula ta Bune, rak wis tak kandhani, aja nggawani bandha.”
Saking jengkele, amarga wis diwenehi karo sing wadon nanging isih njaluk marang Pandanarang, banjur Ki Sambangdalan disepatani, “Kowe iki dikandhani yen aku ora nggawa bandha ya ora, kowe iki ngeyel atos kandhanane kaya wedhus.”
Sanalika sirahe Sambangdalan dadi wedhus tenan. Dheweke banjur njaluk ngapura, nanging ora disauri. Saking wedine, nganti tekan Jabalkat anggone ngetutake Pandanarang trimane mung njaluk ngapura. Bareng tekan kana, Sambangdalan isine mung tobat marang Gusthi Allah lan dheweke uga dadi murite Kalijaga. Banjur saknalika sirahe mbalik maneh menyang wujud asline. Kanthi gelar utawa diarani Syekh Domba lan Pandanarang dadi wali nggenteni Syekh Siti Jenar kanthi gelare Sunan Bayat. Amarga ngajarake agama ing papan Bayat kana.
Ria Elly ‘05
DUMADINE KUTHA  SEMARANG


Kutha Semarang uga salah sijine pelabuhan penting ing pantai lor pulo Jawa. Uga dikenal dadi kutha sing endah. Diarani endah amarga miturut geografis, manggon ana 110 drajat.23’.57’79” BT lan lintang 6 drajat.55’.6” LS sarta 6 drajat.58’18” LS sing saiki penduduke kurang luwih rong yuta manungsa. Miturut geologi Walanda, Prof. Dr. Ir. R.W. Van Bemmelen, kurang luwih 500 taun biyen kahanan kutha Semarang beda adoh karo saiki. Biyen garis pantai tekan Gajahmungkur, Mugas, Mrican, Gunung Sawo Simongan lan daerah sakiwa tengene. Banjur dadi endhepan endhut sing dikenal dadi kutha ngisor saka kutha Semarang. Mula diarani endah amarga kaperang dadi loro yaiku bagian kutha dhuwur lan kutha ngisor.
Menawa arep mlebu kutha pelabuhan kutha Semarang, mula ketok sesawangan kang endah banget, ketok saka adoh ana G. Ungaran, Merbabu, G. Merapi lan Telomoyo. Saka kadohan uga ketara G. Muria ana sisih wetane, sarta G. Slamet lan G. Sindoro ana sisih kulon. Amarga saking endahe kahanan kaya mangkono mau, ana wong Walanda kang ngarani Semarang dadi Venesia saka wetan. Malah miturut Dr. D.A. Rinkes daerah kutha Semarang dikenal dadi “se oude stad” yaiku daerah sing ana cedhake Gereja Blenduk sing nalika biyen jaman Hindu isih dadi segara.
Ana sejarah, menawa jaman Mataram kuno kira-kira abad 8, Semarang wis dadi pelabuhan sing penting. Menawa saiki, mapane ana cedhak Pasar Bulu, bukit Bergota lan bukit Mugas nganti tekan daerah Telogobayem. Sisih kidul lan kulon Bergota ana antarane jenenge bukit Candi lan Simongan,yaiku daerah Gedong Batu, nalika wektu kuwi akeh sing padha teka saka Tiongkok manggon ana kono.
Akeh wong kang padha takon saka ngendi jeneng Semarang kuwi. Ngenani babagan iki, ora ana catetan sing resmi. Kajaba pangira-ira sarta cerita-cerita sing turun temurun. Saka cerita sing dingerteni, nalika jaman biyen sakiwa tengene Semarang akeh ditanduri wit asem sing migunani kanggo wong-wong sakiwa tengene. Embuh iku wohe, godhonge, utawa batange sing bisa dipangan, kanggo obat-obatan utawa kebutuhan omah-omah. Nanging eman banget, akeh wong-wong kang padha meneki wit asem lan pange padha digoyang-goyangake, mula wohe padha tiba lan entek.
Wit-wit asem sing biyen ditandur akeh ana Jl. Pemuda, Jl. M.T. Haryono, Gajahmada, A. Yani lan saliya-liyane wis ora ana maneh amarga majune kutha lan keterjang wewangunan jembaring dalan sing diganti karo wit-witan liya kang ora ana paedahe kanggo penduduk kajaba eyup-eyup nalika panase srengenge. Wondene tembung “arang” kajupuk saka tembung pungkasan sing saka daerah Pandan Arang, neng endi Kyai Pandan Arang manggon. Sakdurunge perang biyen Semarang ditulis Samaarang nganggo “A”. Wondene sing menehi jeneng “Semarang”, yaiku Syeh Wali Lanang sing teka kanggo nyebarake agama islam kanggo penduduk ana daerah sing dipanggoni Ki Pandan Arang. Minangka miturut C. Lekkerkerker, “Semarang” saka tembung “asam arang”, amarga nalika wektu kuwi jeneng saka daerah ana sangkut paute marang kahanan sakiwa tengene, kamangka nalika kuwi daerah Semarang lagi akeh tuwuh wit asam kang migunani banget kanggo wong-wong kono, lan godhonge sing tuwuh grombol lan arang-arang mula dijenengake “ Semarang”.
Babagan kapan laire Semarang, ana buku-buku sing nyritakake beda-beda. Kayata sing ditulis Bp. Amen Budiman sing judule “Semarang Riwayatmu Dulu”, ditulis, laire kutha Semarang wiwit taun 1398 Taun Saka utawa taun 1476 yaiku diwiwiti karo tekane nom-noman ing daerah Mugas Bergota sing nalika kuwi isih dai jasirah kanthi jeneng Pulo Tirang. Nom-noman kuwi jenenge Ki Pandan Arang sing tugase ngislamake penduduk ing mapan ing daerah kono. Sangsaya suwi, sing padha melu ajarane Ki Pandan Arang padha akeh. Malah Ki Pandan Arang dadi Bupati Semarang kaping pisan, sing uga dikenal kanthi jeneng Kyai Pandanaran utawa Ki Gede Semarang. Miturut crita-crita Ki Pandanaran keturunan raja-raja Demak. Uga ana sing ngarani dheweke Maulana saka Negara Arab sing kaya ditulisake ing Serat Kanda.
Sing pisanan Semarang dibangun karo Ki Ageng Pandanaran ana daerah Bubakan. Papan kuwi dadi maju amarga akeh wong-wong saka njaba padha manggon ana kono. Sangsaya suwe, papan kuwi mau dadi daerah sing jembar  nganti diarani Djurnatan nganti tekan daerah  Kanjengan.
Manut catetan Prof. van Bemmelen, kira-kira taun 1500 ana owah-owahan garis pantai amarga endhut sing ngendhep,mula saiki garis pantai sing anyar ana sakiwa tengene daerah Sleko sebelahan karo Kali Semarang. Nalika kuwi Kali Semarang migunani banget amarga dadi dalan transportasi saka daerah pantai  liyane. Mula punjere pemerintahan Ki Ageng Pandanaran diwenehake ana derah Bubakan. Saiki papan kuwi dadi sekolah STM V lan isih dijenengake Jl. Bubakan.
Sakwise ngadhep marang Gusti, Bupati Pandanaran digenteni karo anake. Yaiku  Ki Pandanaran II sing diangkat karo raja Demak dadi Adipati Semarang. Diangkat nalika tanggal 2 Mei 1547 sing ditetepake karo Pemerintah Kodya Semarang sing uga dadi dina dadine kutha Semarang sing resmi. Kuburane Ki Pandanaran I ana kompleks masjid Bergota, minangka Ki Pandanaran II ana daerah Bayat, Klaten sing dikenal dadi Sunan Bayat.
Tibake punjere Pemerintahan Kutha Semarang tau pindhah-pindhah, sing sepisan nalika Ki Pandanaran dadi Bupati I pusate ana Bubakan, uga sing genteni kuwasane nganti taun 1659. banjur taun 1659 pemerintahan Bupati Mas Tumenggung Wongsorejo dipindah saka Bubakan menyang daerah Gabahan. Banjur diganti maneh karo Bupati Mas Tumenggung Prawiroproyo ing daerah Sekayu, yakuwi saiki ana daerah sebelah kidule gedung GRIS. Sing pungkasan kira-kira taun 1670 punjere mbalik maneh ana daerah Kanjengan nganti taun 1942. Daerah Kanjengan sing ana pendopone kang endah lan latare sing jembar sarta ngarepe ana alun-alun, saiki wis ilang, wis beda kahanane. Amarga saiki wis dadi warung-warung. Lan pendhapane dipindhah menyang daerah Tembalang.

Eka Vega R ‘05
























RAWA PENING

Ngasem yaiku salah siwijining desa ing wilayah Kecamatan Ambarawa. Ing desa Ngasem biyen ana pasraman utawa pandhepokan kang ngajarake olah batin utawa nyedakake awak marang Gusti Kang Maha Agung lan olah kanuragan gawe jaga awak supaya tetep sehat. uga bisa digunakake gawe sarana bela diri.
Padhepokan ing Ngasem nduweni daya tarik dening masyarakat sekitare. Gawe sarana nuntut ilmu kanggo bekal urip ing donya lan akhirat. Kahanan ing padhepokan Ngasem ayem tentrem gawe wong-wong kang padha manggon ing kono padha krasan.
Kabeh “Puthut” (murid lanang) utawa “Endang” (murid wedok) krasa bungah entuk bimbingan saka guru kang jenengane Salokantara. Dheweke salah siwijine guru kang bijak lan nguwasai kabeh ilmu kang dibutukake ing donya lan akhirat.
Sawijining dina Ni Endang Ariwulan kang nduweni rupa ayu bingung nggoleki peso kanggo nyigar pinang. Wis digoleki mrana-mrene nanging tetep ora ketemu, kamangka isih akeh gawean kang kudu dirampungake. Kepeksane ora ketemu, Ariwulan diwani-wanikake nyileh peso simpenane Ki Hajar Salokantara kanggo nyigar pinang, gawe ramuan sesajen kang arep disiapake kanggo mengko bengi.
Ki Hajar kaget krungu panyuwunne Ariwulan. Nanging Ki Hajar tetep  nyilehake peso simpenane kanthi weling,
“peso iki peso simpenanku kang arang banget tak gunakake, kowe kudu ati-ati aja nganti keliru olehmu gunakake. Peso iki aja nganti kok selehake ana pankonmu.”
Sawise ngiyani pesene Ki Hajar, Ariwulan nampani pesone lan digunakake kanggo nyigar pinang. Saking akehe gawean Ariwulan lali nyelehake peso ana ing pangkone. Peso mau ujug-ujug ilang.
Ni Endang Ariwulan wedi lan ndhredheg. Dheweke banjur ngadhep lan matur marang Ki Hajar Salokantara,
 “kula nyuwun pangapunten Ki Hajar, kula kesupen marang welingipun Ki Hajar. Kula ndekekaken peso wau wonten pangkon kula.”
Ki Hajar Salokantara meneng sauntara, nanging atine kepengin nesu lan pengen ngamuk. Sawise ambegan dawa, rasa pengin nesu lan pengin ngamuk mau rada ilang.
“Ariwulan….saiki terusana wae gaweanmu supaya cepet rampung” kandane Ki Hajar kanthi sareh.
“Boten Ki….kula sampun nglalikaken welingipun Ki Hajar. Mangga panjenengan ngukum kula Ki…”
Nanging ndelokake kejujuran Ni Endang Ariwulan, Ki Hajar ora tegel ngukum. Acara ritual kang biasa dilakoni ing Desa Ngasem kanthi ngundang para warga klakon kanthi lancar lan hikmad ora ana alangan apa-apa.
Let pirang dina Desa Ngasem gempar amarga ana kabar yen Ariwulan meteng. Saya suwe wetenge Ariwulan saya gedhe. Ki Hajar Salokantara banjur  ngundang Endang Ariwulan.        
            “Ariwulan reneya”
            “Inggih Ki…..”
            “Wulan….aku ora arep nyeneni kowe, nanging ana sing arep tak            omongke karo kowe. Kaping pisan, aku duwe niat arep tapa brata ing gunung Telamaya. Kaping pindho, iki gentha utawa klinthingan gawanen, moga-moga besuk bisa kanggo gawe anak sing lagi ana ing wetengmu saiki.”
            “Ki Hajar, menapa kula angsal dherek?”
            “Ora usah….kowe tetep ana kene wae ing Desa Ngasem kene. Sabar lan tetep donga marang Gusti supaya tetep tabah lan kuat ngadhepi cobaan ing donya iki.”
            Ki Hajar Salokantara banjur mangkat ing gunung Telamaya. Ariwulan sedih banget amarga ditinggal Ki Hajar.
            Sawijining dina Ariwulan nglairake anak. Warga Ngasem padha geger amarga ngerti yen Endang Ariwulan ora nglairake jabang bocah nanging jabang naga. Kahanan sansaya gempar amarga jabang naga mau bisa nangis lan ngomong kaya manungsa. Warga padha ngece marang Ariwulan. Nanging Ariwulan tetep sabar lan tabah ngadhepi kabeh mau.
            Senadyan wujud lan kahanane anake beda karo liya-liyane, “wingka katon kencana.” Anak kang awujud naga mau tetep dirumati lan digemateni. Nalika gedhe, warga desa Ngasem padha ngece anake Ariwulan. Omongane warga marakake panase kuping. Anake diunekake anak haram, anak jadah sing bapake ora jelas lan sapanunggalane.
            Sang Naga banjur takon marang ibune, “Bu,sabenere sinten asmanipun bapak kula lan sakmenika wonten pundi?”
            Ariwulan banjur cerita, “Bapakmu dudu wong sembarangan, bapakmu yaiku Ki Hajar Salokantara. Bapakmu saiki lagi tapa brata ana gunung Telamaya”
            “Menawi mekaten punapa kula angsal mrika, Bu.”
            “Mengko disek ngger, yen pancen kowe kepengin ketemu tenan karo bapakmu, gentha utawa klinthingan iki gawanen ngger….weruhna bapakmu.”
            “Lha wonten punapa Bu, kok kula kedah beta gentha utawa klinthingan niki?”
            “Kuwi biyen sing menehi bapakmu, gawana lan weruhake. Wektu ing dalan mengko gentha utawa klinthingan iki kerep-kerep unekake.”
            Sang Naga banjur pamit lan njaluk restune ibune arep goleki bapake.   Ibune pesen marang sang naga, “ngger, kowe lewat dalan banyu wae supaya lakumu cepet tekan.”
            “Inggih, Bu”
Ariwulan ngetutake anake saka kadohan. Supaya anake ora ngerti yen ditutake.
            Lakune Sang Naga ing Desa Ngasem nglewati kali yaiku Kali Panjang. Sawise mlaku adoh banget, Sang Naga leren ing ngisor watu jenenge Watu Sisik. Nyambi leren Sang Naga tapa supaya cepet klakon apa kang dituju. Lelakune diterusake maneh nganti tekan “Ngambah Rawa” utawa nglewati rawa-rawa. Sawise kuwi Sang Naga nglewati Kaligung. Sang naga kesel lan leren maneh ing watu jenenge Selo Gombak (sebelah wetane Desa Dengkel).
            Ing lelakune lan pangembarane, gentha utawa klinthingane diunekake terus kanggo nambani rasa kangene marang ibune lan supaya bapake krungu menawa bapake ana ing sekitare dheweke. Warga desa kang dilewati Sang Naga dadi geger krungu swara klinthingan. Sawise padha digoleki jebule suara kuwi asale saka kali lan saka ula gedhe utawa naga kang nggunakake klinthingan ing kuping (sumping). Amarga kuwi Sang Naga dikenal dadi Bra Klinthing. Sing akhire dikenal dadi Baru Klinthing.
            Pirang-pirang taun suwene Sang Naga nggoleki bapake nanging tetep ora ketemu. Baru Klinthing nesu lan wis wegah nggoleki bapake maneh. Nanging wektu kahanan kaya ngana  kuwi Baru Klinthing rada-rada krungu swara “kidung”. Suara kuwi jebule swarane Ariwulan, ibune Baru Klinthing.
            Baru Klinthing semangat maneh nggoleki bapakke. Saka Selo Gombak Baru Klinthing nglewati dalan darat utawa lemah munggah gunung Telamaya goleki pertapane Ki Hajar Salokantara.
            Saka kadohan Ariwulan ngerti yen anake wis nemukake pertapane bapake. Ariwulan banjur medhun lan manggon ing salah siwijining desa yaiku Desa Sepakung. Amarga rupane Ariwulan kang ayu banget, ing Desa Sepakung dadi omongan warga. Ariwulan milih manggon ing cedhak sendhang. Saya suwe rupane Ariwulan saya ayu. Para warga khususe sing wadon-wadon padha kepengin kenal akrab marang Ariwulan lan padha kepengin melu adus lan semedi ing pinggir sendhang. Kaya sing dilakoni Ariwulan. Sendhang kuwi banjur dijenengi sendhang Ariwulan.
            Ing pertapan Telamaya, Ki Hajar Salokantara kaget amarga weruh naga ana ngarepane. Naga mau nundhuk-nundhuk kaya-kaya ngormati Ki Hajar.       Naga mau ngomong marang Ki Hajar Salokantara, “Ki….napa kula angsal tangklet?”
            Ki Hajar Salokantara sawise krungu suara mau kaget banjur ngadeg, “apa bener kowe sing ngomong?”
            “Inggih Ki, kula badhe tangklet kaliyan panjenengan?”
            “O…”
            Ki Hajar Salokantara banjur nangis lan sawise tenang banjur nakoni maneh naga mau, “hai taksaka Gung, arep takon apa?”
            “Saderengipun nyuwun pangapunten nggih, sampun ngageti panjenengan.”
            “Ora, ora…. Kowe ora salah kok. Apa sing arep kok takokake marang aku?”
            “Napa leres mriki dhaerah gunung Telamaya?”
            “Iya bener ngger, kene Gunung Telamaya”
            “Ingkang dipun sebat pertapan gunung Telamaya punika pundi, Ki?”
            “Pertapan Telamaya kuwi ya kene iki, ana perlu apa ngger goleki pertapan Telamaya?”
            “Napa leres panjenengan ingkang asamipun Ki Hajar Salokantara?”
            “Iya ngger …lha kowe kok bisa ngerti jenengku dikandani sapa?”
            “Dados panjenengan leres Ki Hajar Salokantara?”
            “Iya ngger kowe ora keliru.”
            “Menawi ngoten panjenengan tiyang sepuh kula…panjenengan bapak kula, Ki.”
            Baru Klinthing bungah banget bisa nemukake bapake. Banjur Baru Klinthing nundhuk-nundhukake sirahe.
            “Sek ngger, kowe kok bisa ngaku-ngaku dadi anakku ki kepriye ceritane?”
            “Nggih pak, kula pancen putranipun panjenengan.”
            “Yen pancen bener kowe ki anakku, sapa jenenge ibumu lan manggone ana ngendi?”
            “Ibu asmanipun Ariwulan, lan manggen wonten Desa Ngasem.”
            “Kowe aja tambah ngapusi aku, ngaku-ngaku anake Ariwulan, kowe ngerti Ariwulan ki sapa?”
            “Ariwulan menika murid padhepokan Ngasem.”
            “Bener ngger, kowe mrene iki apa sing menehi ngerti ibumu ngger ?”
            “Inggih pak, kula diparingi gentha utawa klinthingan niki supados ditinggalaken dhateng bapak kagem prathanda menawi kula menika leres putranipun panjenengan.”
            Ndelokake gentha utawa klinthingan mau, Ki Hajar kelingan rikala jaman biyen. Ki Hajar sedhih banget, apa maneh anakke Ariwulan awujud naga. Ki Hajar ora bisa mbayangake kaya ngapa nelangsane lan susahe Ariwulan sawise ditinggal dheweke. Atine nggregel lan nangis mbayangake pangorbanan kang gedhe lan tulus saka ibu marang anakke, sanajan anakke awujud naga.
            “Ngger…senadyan kowe bisa nggawa klinthingan iki, kang biyen tak wenehake ibumu Ariwulan, kuwi durung cukup ngger….ing donya iki ora ana kang kaleksanan kekarepane tanpa pangorbanan. Kabeh kuwi kudu ana tebusane. Tebusan sing tak jaluk yaiku “laku”. Yen pancen kowe bener-bener anakku lan ibumu jenenge Ariwulan murid padhepokan Ngasem, mestine kowe ngerti kang diarani “laku larak brata”. Kowe tapanen ngger…!!!”
            “Laku napa ingkang kedah kula laksanakaken?”
            “Sisih lor kana kae ana Gunung Kendhil. Tapa bratana ana kana. Ubengana utawa nglekerana gunung kae nganti tepung gelang.”
            Baru Klinthing banjur nglaksanakake prentahe Ki Hajar Salokantara supaya dheweke bisa diakoni anak. Ki Hajar Salokantara ngetutake saka mburi. Baru Klinthing ngubengi Gunung kendhil mau. Jebule antarane sirah lan buntut ora bisa gathuk utawa durung tepung gelang, isih kurang sakilan. Baru Klinthing nyiasati meletake ilate supaya gathuk karo buntute. Ki Hajar Salokantara weruh banjur ilate Baru Klinthing dikethok.
“Ngger, kowe ora entuk nutupi kekuranganmu nganggo ilatmu kuwi. Ngertiya ngger…ilatmu kuwi pusaka sing paling hebat ora ana tandingane. Wong Jawa ngomong
ilat jembare mung sawelat
nanging darbe khasiyat
yen pinuju nuju prana
bisa hamemikat
yen tan pener
bisa gawe getering jagad
saiki terusake maneh anggonmu tapa nganti apa kang dadi panyuwunku keturutan.”
Tugelan ilate Baru Klinthing digawa Ki Hajar lan didadekake tombak jenengane “Kyai Baru Kuping”.
            Wis pirang-pirang taun olehe Baru Klinthing tapa. Nganti awake Baru Klinthing ora ketok maneh. Awake nganti lumuten lan wes akeh wit-witan kang thukul lan wis gedhe-gedhe.
            Ni Endang Ariwulan kanthi sabar nunggoni Baru Klinthing tapa. Ibune mung bisa ndonga marang Gusti supaya apa sing dadi panyuwune Baru Klinthing cepet kaleksanan.
            Sawijing dina Ariwulan weruh Ki Hajar Salokantara nemoni dheweke.             Ariwulan banjur ngaturake sembah marang ki Hajar, “wonten napa Ki Hajar rawuh mriki?”
            “Wulan…aku kepengin ngerti kahananmu saiki.”
            “Matur Sembah nuwun Ki, kula sehat-sehat mawon. Wonten mriki tangga tepalihipun sampun kados keluarga piyambak. Sami sae sedaya kok, Ki. Kathah ibu-ibu lan lare-lare wadon ingkang asring mriki badhe ndherek siram wonten sendhang niki.”
            “Yo syukur yen ngana, kowe ora usah sewu-suwe manggon ana kene amarga anakmu Baru Klinthing wis arep bebas. Kowe mudhuna dhisik meyang Desa Pathok. Kanthi laku “tapa ngrame” kanggo sarana methuk anakmu kang wus dadi manungsa sempurna.”
            Ariwulan bungah banget krungu kabar saka Ki Hajar Salokantara. Ariwulan banjur cepet-cepet mudhun ninggalake Desa Sepakung tumuju Desa Pathok.
            Desa Pathok kalebu wilayah perdhikan kabuyutan Banyubiru. Ing Desa kang loh jinawi iki wargane padha makmur, kabeh kebutuhan kecukupan. Nanging ing kono wargane ora padha duwe rasa syukur marang Gusti malah isih padha takabur. Pakulinan kang ora apik miturut agama isih wae dilakoni. Contone ngombe arak, maen kertu, ledhekan lan sakpanunggalane.
            Desa Pathok arep ngadhakake pesta sawise panen. Warga padha repot dhewe-dhewe kanggo nyiapake pesta. Ana kang ngresiki lan nata banjar desa. Nonomane padga nggolek kewan ana alas. Wis sedina nonoman ana alas nanging ora entuk apa-apa. Nonoman banjur padha leren amarga padha ngeleh lan ngelak. Nyambi padha lungguhan lan guneman pakulinan mamah suruh ora dilalekake. Nanging wektu arep nyigar pinang kanggo ramuan mamah suruh, nanging ora ana panggonan kanggo landhesan. Banjur salah siwijine nonoman mau nggolek landhesan. Dheweke nemokake kayu kang warnane ireng banget lan katon tuwa banget. Pinang mau disigar ana dhuwur kayu. Ora nyana kayu kang gawe nyigar pinang mau ngetokake getih. Dheweke banjur mbacok-mbacok kayu mau. Kancane kabeh padha diundang amarga dheweke percaya getih mau metu saka awake kewan. Kewan kuwi jebule ula gedhe kang ngubengi gunung ora liya yaiku Baru Klinthing.
            Nonoman mau padha bungah lan cepet-cepet nggawa dhaging kewan mau meyang banjar. Wektu wong-wong padha repot ngurusi dhaging mau, ana salah siwijine nonoman kang ngetutake tekan banjar. Rupane bagus lan gagah nanging awake katon reget banget. Nom-noman mau jelmaane Baru Klinthing.
            Ing banjar, desa warga padha ngaso lan padha mangan. Nonoman mau nyedhak lan arep njaluk mangan, nanging ora ana sing gelem menehi.
            “Nuwun sewu, punapa kula angsal nyuwun maeme?”
            “Ora entuk, kana lunga !!!”
            “Kula ngelih pak, nyuwun  sekedhik mawon…”
            “Kowe krungu apa ora !!! Neng kene ora nggone wong gembel lan wong ngemis kaya kowe. Kana lunga ! marake ora napsu mangan. Yen ora lunga-lunga tak gebugi.”
            Nonoman mau mung meneng lan isih tetep ana kana.
            “Kanca-kanca ayo usir wong kuwi lan gebugi bareng-bareng wae!”
            Nnoman mau akhire lunga ninggalake banjar.
            Kendurenan lan pesta wis mulai ing plataran banjar. Lanang, wadon, nom, tuwa, gedhe lan cilik padha kumpul kabeh. Padha mangan bareng-bareng. Kahanane rame banget. Kahanan sansaya rame sawise gamelan mulai dithuthuk.
            Beda ceritane karo wong tuwa kang lagi ngadhuk sega ana ing salah siwijining gubug ing pojokan desa. Dheweke krasa mesakake sawise weruh ana nonoman bagus lan gagah nanging katon reget lan lemes njaluk pangan.
            “Mbok, punapa kula angsal nyuwun maeme, kula sampun ngelih sanget?”
            “ O….mrene-mrene mlebu dhisik ngger lan lungguha neng klasa kana!”
            “Inggih, mbok matur suwun.”
            Nonoman mau banjur diwenehi mangan karo mbok tuwa mau. Mbok tuwa iku jebule Ni Endang Ariwulan.
            “Ngger, jenengmu sapa lan omahmu ngendi?”
            “Tiyang-tiyang sami ngundang kula Jaka Badung mbok, kula saking gunung Telamaya”
            “Apa….!!! Jaka Badung saka Telamaya?”
            “Inggih mbok, wonten punapa mbok kok sajakke kaget ?”
            “Ora…. ora kok, ngger”
            Ariwulan kelingan omongane Ki Hajar Salokantara, dheweke mbatin, “ apa iki anakku”
            Mbok tuwa mau nangis.
            “Wonten napa mbok kok panjenengan nangis?”
            “Ora ana apa-apa, ngger…”
            “Mbok desa mriki niki naminipun desa napa lan kok wonten rame-rame wonten mrika niku napa ta mbok?”
            “Desa iki jenenge Desa pathok, rame-rame ana kana kae yaiku para warga desa padha pesta ngrayakake bubar panen gedhe lan tiap taune ana kaya ngono kae.”
            “Lemah wonten mriki subur sanget nggih mbok, tiyang-tiyang sami panen kathah nggih mbok?”
            “Iya ngger, wong-wong kene ki padha sugih-sugih kejaba simbok iki.     Saben dina mung mangan sega sithik, yen wis kenteken sega yo mangan tela. Kadhang simbok malah ora mangan, ngger…”
            “Simbok piyambakan wonten mriki ?”
            “Iya, ngger…”
Sakbubare mangan lan guneman karo simbok, Jaka Badung pamitan lan pesen marang simbok, “mbok, kula badhe ningali rame-rame ing banjar desa, menawi mangke mireng swara gemrudug saking arah banjar, simbok mang numpak lesung lan mbeta enthong niki. Sampun nggih mbok kula pamit rumiyin.”
            Jaka Badung tumuju ing banjar desa. Dheweke arep njaluk panganan nanging ora diwenehi malah diece lan diusir.
            Jaka Badung nesu lan ndudut sada saka pinggange banjur ditancepake sada mau ing plataran banjar.
            “Sapa sing bisa njabut sada iki berarti pancen kuat tenan, prakosa lan sekti mandraguna. Bakal tak sembah ping pitu lan aku uga bakal lunga saka kene.”
            Kabeh wong sing ana kana wis njajal njabut sada mau, nanging siji-sijia ora ana sing bisa njabut. Akhire Jaka Badung dhewe sing njabut. Sabubare sada mau dijabut suara gluduk nyamber-nyamber, bumi gonjang-ganjing, bendhungane padha jebol lan banjir bandang. Kabeh bangunan sak isine padha keli.
            Lemah kang nemplek ing sapucuking sada sing dikipatke marang Jaka Badung mencelat ngalor lan dadi bukit jenenge Kendhaling Sada utawa Kendhalisada.
            Krungu suara gemrudug saka arah banjar, simbok langsung numpaki lesung lan nggawa enthong kanggo dhayung. Saya suwe banyu saya dhuwur lan saya deres. Simbok mau nangis kelingan omongane anake, “Ibu, geni salumahing bumi, bisa weh pepadhang lan pepati.”
            Saiki ana sawijining tlaga bening kang bisa gawe ngaca lan bisa menehi kauripan anyar. Tlaga iku yaiku RAWA BENING utawa RAWA PENING.

Endang Ikhtiarini ‘05






DUMADINE KEDHUNG PENGILON

Kacarita yen mulane Kedhung Pengilon kuwi critane diwiwiti saka critane Abu Nawa yaiku ratu jin ing alas Roban. Ing sawijining dina ana nonoman lanang liwat ing tengah alas Roban. Bocah kuwi jenenge Den Bagus Jaka sing asale saka Mataram. Dheweke ninggalake Mataram pancen arep ngawula marang sing jenenge Abu Nawa. Ing tengah alas Roban, dheweke diadhang dening ratu jin alas Roban yaiku Abu Nawa.
“He…… bocah arep menyang ngendi awakmu kok wani-wanine ngliwati panggonanku iki dhewekan?”, pitakone Abu Nawa marang nonoman sing lagi liwat mau.
“Aku niat liwat alas kene, aku arep ngawula marang sing nduwe alas kene. Apa sampeyan sing jenenge Abu Nawa sing nduweni alas iki?”, Den Bagus Jaka mangsuli.
Suwe entuke Den Bagus Jaka ngawula marang Abu Nawa, dheweke kerep weruh nonoman wadon ayu banget sing jenenge Sri Pandan Weleri sing manggone ing Tamansari. Mandeng ayune Sri Pandan, Den Bagus Jaka saya kesengsem, saya suwe rasane dadi tresna.
Abu Nawa ngerteni yen Den Bagus Jaka nduweni rasa tresna marang Sri Pandan. Abu Nawa nyepaki Den Bagus Jaka.
“Yen kowe tresna marang Sri Pandan cepet ndang kok lamar, kuwi yen kowe bisa ……He……He…..!” Abu Nawa sajak ngece amarga Sri Pandan kuwi angel banget darahi.
Dheweke wae wis nyoba ora kaping-kaping nanging tetep katolak.Abu Nawa ngongkon ngono karepe supaya Den Bagus Jaka mengkone ngerti dhewe yen ora gampang bisa nduweni Sri Pandan. Den Bagus Jaka nyanggupi kekarepane Abu Nawa.
“Iyo, aku bakal maju nganti Sri Pandan bisa dadi duwekku.”
Esuk-esuk Den Bagus Jaka menyang Tamansari arep melu sayembara kanggo nduweni Sri Pandan. Jejaka-jejaka wes padha kumpul ing taman kang akeh tanduran kembang. Sri Pandan betah banget yen lagi jejagongan ing taman nyawang kembang-kembange.
Sayembara arep diwiwiti, Sri Pandan teka ing ngarepe jejaka-jejaka sing padha karep nduweni dheweke.
“Sapa-sapa sing bisa methik kembang ing tamanku iki, lha kuwi wonge sing bakal dadi duwekku aku,” Welinge Sri Pandan sadurunge sayembara diwiwiti.
Sayembara wis diwiwiti, wis ana jejaka pirang-pirang sing maju nanging padha ora bisa methik kembange. Kabeh padha mundur amarga tangane padha getihen ketuncep ri ing gagange kembang.
Kabeh wis padha nyoba, Den Bagus Jaka dadi sing paling pungkasan.. Dheweke maju lan ora dinyana tangane bisa methik kembang ing taman k uwi kanthi gampang banget. Tangane isih wutuh ora getihen kamangka ri ing gagange kembang akeh lan landhep banget.
Den Bagus Jaka bungah banget akhire bisa nduweni Sri Pandan sing ditresnani. Wong loro banjur rayuan. Kabeh sing melu sayembara padha bubar amarga kuciwa ora bisa nduweni Sri Pandan.
Abu Nawa ngenteni ing alas Roban. Dheweke penasaran kepriye kasile Den Bagus Jaka melu sayembara.
“Bocah kae kok ora teka-teka. Kasile kepriye ya? Ana alangan apa ya?”
Amarga saking penasarane, dheweke banjur njupuk kaca pengilon.. Disawang saka kacane, Den Bagus Jaka lagi rayuan karo Sri Pandan. Dheweke ora nrima amarga Den Bagus Jaka bisa kasil nduweni Sri Pandan. Karepe supaya bali kasil kuciwa kaya dheweke biyen sing ora bisa nduweni Sri Pandan.
Abu Nawa marani ing Tamansari. Tekan kana dheweke sansaya panas weruh Den Bagus Jaka sing lagi rayuan karo Sri Pandan. Abu Nawa banjur ngajar Den Bagus Jaka nanging tujune ana wong sing mbelani yaiku Pangeran Sambong sing tunggal guru karo Abu Nawa. Den Bagus Jaka digawa mlayu karo Pangeran Sambong banjur diwenehi gaman keris jenenge keris Jalak Plengkang Kurungan.
Den Bagus Jaka ketemu maneh karo Abu Nawa. Wong loro tarung nanging Den Bagus Jaka ora ana kalahe banjur dijenengake Deng Bagus Banteng. Amarga Abu Nawa wedi karo kerise Den Bagus Jaka, dheweke banjur njaluk pitulungan marang wong China sing jenenge Mbah Brontok. Mbah Brontok adhep-adhepan karo Den Bagus Jaka. Wong loro tarung, amarga padha sektine wong loro mati samoyo.
Krungu Den Bagus Jaka mati amarga tarung karo wong kongkonane Abu Nawa, Pangeran Sambong ngudak-udak Abu Nawa sacandhake. Abu Nawa mlayu tekan desa Pakuncen. Dheweke kesel banjur ngaso ing pinggir kedhung. Awake ngringet lan pliket banget, banjur dheweke nyemplung arep adus ing kedhung. Klambine diselehake neng pinggir kedhung.
Pangeran Sambong anggone ngoyak wis tekan Pakuncen. Tekan pinggir kedhung, dheweke weruh klambine Abu Nawa nanging Abu Nawa wis ora katon maneh awake ambles banjur ilang. Klambine disabda dadi mesjid Pakuncen karo Pangeran Sambong.
Pangeran Sambong penasaran kenapa Abu Nawa kok bisa ambles ing kedhung. Dheweke njajal mbuwang kerise neng kedhung nanging ya padha ilange karo Abu Nawa. Saka kedadean kuwi kedhunge banjur dijenengake kedhung pengilon karo Pangeran Sambong amarga ngilangake sapa bae sing nyemplung ing kedhung kuwi.

Siti Wakhidah ‘05



GUWA KISKENDHA

Ing Desa Trayu Kecamatan Singorojo Kabupaten Kendal, ana papan wisata sing awujud guwa arane Guwa Kiskendha. Manut carita gethok tular, Guwa Kiskhenda iku mbiyene mujudake kraton. Dene retune Buta Asirah Maesa (kebo) kang arane Prabu Maesasura, duwe patih kang arane Lembusura (buta sirahe sapi) ana sing arane Jathasura. Prabu Maesasura iku ratub buta kang sekti mandraguna ora ana dewa kang wani marang dheweke. Ing sawijining dina, Prabu Maesasura utusan marang patihe nglamar widadari ayu ing kayangan arane Dewi Tara. Para dewa sejatine ora gelem nampa lamarane rabu Maesasura. Nanging lagi ngadepi patihe wae ora ana dewa siji wae sing wani marang Prabu Maesasura.
 Bathara Narada nuli nggolek bala kanggo ngundurake utusan saka Guwa Kiskendha. Kanthi diapusi yen Dewi Tara bakal di paringake ing dina sing wis ditemtoake. Patih mau ora ngerti yen dheweke diapusi. Dheweke banjur bali menyang Guwa Kiskendha, matur marang Prabu Maesasura. Sauntara iku Bathara Narada njaluk tulung marang Raden Subali lan Raden Sugriwa.
“Subali lan Sugriwa kawe tak utus numpes buta-buta kang nggegirisi ing Guwa Kiskendha,” ucape Bathara Narada.
Subali lan Sugriwa mangsuli, gelem nanging njaluk aji-aji ndisik.”      Raden Subali lan Sugriwa pinaringan aji-aji jenenge aji pancasona. Raden Subali lan Raden Sugriwa banjur tumuju ing Guwa Kiskendha. Nalika Raden Subali arep mlebu ana Guwa Kiskendha, meling karo Sugriwa kang ngenteni ana jaba.
Subali meling, “mengko yen iline banyu saka guwa rupane abang, iku ateges sing mati Prabu Maesasura, ten sing mili metu rupane putih, kuwi aku sing mati.” Subali uga weling yen dheweke mati kamangka lawang guwa enggal-enggal ditableg.
Ana ing jero guwa kelakon perang rame banget antarane Raden Subali mungsuh Prabu Maesasura., ing jero guwa nalika buta loro iku lena, sirahe kekarone dicandhak dening Raden Subali banjur diadukumba, sakal ajur mumur metu getih campur polo sing warnane putih mili metu ing jaba guwa. Nyumurupi bab iku Sugriwa ngira yen sing mati kuwi Subali, mula lawange guwa di tableg. Sugriwa banjur munggah ing kayangan nggarwa Dewi Tara.
“Dewi Tara, kula nyuwun kanugrahan badhe nggarwa panjenengan,” Ucape Sugriwa.
Sanalika banjur Dewi Tara maringake kanugrahan uga banjur meneng ana Guwa Kiskendha. Subali sing sejatine isih urip, kanthi kasektene bisa metu saka jero guwa, banjur nggoleki adhine Sugriwa.
Dheweke kandha adhine, “Aku kuwi wis bisa ditrima nuli bali ambegawan kanthi jenenge dadi Resi Subali. Kekarone perang rame banget. Nanging Dewi Tara wis ngandhani Sugriwa supaya ora usah perang.
Pancen watake Sugriwa ora gelem ngrungokake omongane Dewi Tara. Sugriwa wis ora bisa ngalahake Subali, dheweke kasesan yudane dicandhak dening Subali nganti temangsang ana wit, Sugriwa ditulungi Prabu Rama. Subali dipateni dening Prabu Rama. Subali menang nanging nuju nganglang mayit kanthi ngambah gegana. Dheweke muring-muring.
“Subali kudu tak pateni saiki,” ucape Dasamuka.
Dasamuka perang kaliyan Subali nanging dheweke kalah. Dasamuka banjur pinaringan aji pancasona, mula Dasamuka tambah digdaya. Watake Dasamuka pancen angkara murka, ora seneng yen ana liyane sing luwih sekti, senadyan kuwi gurune dhewe.
Dasamuka nggolek cara nyirnakake Subali. Dheweke uga ngongkon marang Subali supaya nyulik Dewi Tara lan ngrebut Negara Guwa Kiskendha, Subali klakon ngrebut Dewi Tara lan Negara Guwa Kiskendha. Sugriwa banjur utusan Jembawan supaya pawongan sing bisa mitulungi dheweke lan mateni Subali. Pungkasane kasil mboyong Raden Rama regawa lan Laksmana Widagda supaya mitulungi kasangsarane Sugriwa. Sugriwa (wujud kethek) dadi ratu ing Negara Alengka, saperlune numpes malaning jagad dening Dasamuka.
Rama uga bisa diarani Prabu Ramawijaya, Rama iku ratu ing Pancawati. Balane awujud kethek pirang-pirang cacahe. Mula bukane duwe bala kethek iku, amarga biyen tau nulungi kasangsayane Narpati Sugriwa sing kajepit ana wit asem dhampit amarga mungsuh Subali, amarga walesing budi, Sugriwa dhawuh marang para kethek.
“Para kethek kabeh supaya mbiyantu marang Rama anggone ngupadi garwane,” kuwi dhawuhe Sugriwa.
Ramawijaya dalah para kethek banjur padha yasa pasanggrahan ing Gunung Malyawan. Pasanggrahan ora beda kaya kraton. Mula banjur diarani kraton Pancawati. Ing sawijining dina Raden Rama banjur menang diceluk Prabu Ramawijaya, Ramareghawa, Ramabadra, Ramacandra lan Ramayana. Prabu Ramayana.
Prabu Ramayana iku putrane Dasarata digulawentah dening Begawan Wasistha, sahingga bisa dadi satriya utawa sekti mandraguna. Sawijining dina Rama ngleboni sayembara ing Negara Matilidirja lan mboyong prabu Janaka. Satekane ing Ayodya Rama dijumenengake ratu. Rama ditundhung saka praja supaya ora ngregoni praja Ayodya. Bebarengan karo Dewi Sinta lan didherekake Raden Laksmana manjing jero alas. Prabu Dasamuka kang mbalela ngiloni Prabu Rama klakon nglurug menyang Negara Ngalengka. Kabeh kuwi mau crita rakyat legendha Guwa Kiskendha kang mujudake kethek kanggo papan wisata ana ing Singorojo Kabupaten Kendal.

 Ika Wadyastuti ‘05


DUMADINE DESA SUMBEREJO

Desa Sumberejo yaiku sawijining desa kang ana ing kecamatan Mranggen kabupaten Demak. Miturut panuturane sesepuh desa utawa wong tuwa ing desa iku, desa Sumberejo dumadi saka lelakuning wali Allah sing arane Mbah Sendhang utawa Eyang Singa. Diarani Eyang Singa amarga dheweke duwe ingon-ingon kewan singa kang sipate ghoib utawa ora ketok mata.
Wektu samana wayahe lagi wae panas banter, banyu angel digoleki, tanduran padha mati. Para warga pada bingung golek banyu. Kali padha asat, sumur-sumur ora ana banyune. Wong-wong padha angel golek pangan. Sawah ora bisa ditanduri pari, banjur para among tani padha nandur tela utawa pohong. Nanging gusti Allah durung paring rejeki. Bebarengan karo panas banter dilalah ya usum tikus sisan. Mangka sakanane tela kang ditandur dening warga dipangan tikus.
Wong-wong padha kaluwen, sandangan sakanane, saktemune. Pungkasane akeh wong kang padha tumindak durjana. Maling, ngrampok, ngroda peksa sumebar ing ngendi-endi. Akeh panganan kang ora samesthine ora kanggo manungsa dikhalalake. Kayata tikus, yuyu, ula lan bangsa kewan liyane.
Ing kahanan kang gegirisi kaya mau, dumadakan ana waliAllah sing lagi mlaku-mlaku nyebarake agama islam. Dening para warga saiki, wali mau dijenengi Eyang Singa utawa Mbah Sendhang. Mbah sendhang mlaku saka desa wetan. Anggone mlaku, Mbah Sendhang kapethuk desa cilik kang wargane urip nelangsa. Sandhangane padha kucel, awake gering-gering paribasan kari balung karo kulit. Eyang Singa weruh sesawangan kaya mangkana banjur mampir sautara wektu. Dilalah anggone mampir ngepasi wektu asyar, mangka dheweke banjur cepet-cepet golek banyu kanggo wudhu. Sakambane desa wis diubengi, nanging ora ana banyu sakcawuk wae kanggo wudhu.
Kanthi terus mlaku dheweke golek banyu. Pungkasane Mbah Sendang weruh sumur sing isih ana banyune sithik-sithik. Nanging sumur mau kebak wong, wong sing padha andri golek banyu. Eyang Singa medhak, dheweke nembung njaluk banyu marang wong-wong sing padha andri golek banyu mau, nanging ora diwenehi malah banjur diusir saka kana. Eyang singa banjur lunga lan nyepatani sumur mau. Dumadakan ora pati suwe sumur mau dadi asat tenan.
Eyang Singa terus ngendika, “wong kok kaya balung kabeh.”
Suwe-suwe tembung balung mau dilira-liru dadi Balong. Desa Balong yaiku sawijining desa kang manggone neng sisih wetan desa Sumberejo.
Sawise lunga saka desa Balong, Eyang Singa nerusake mlakune saperlu golek banyu dienggo wudhu. Lagi sedhela wae mlaku dheweke kapethuk sawijining desa kang kahanane ora pati beda adoh saka desa Balong. Sakanane wong neng desa kuwi wis ditakoni kabeh, nanging tetep ora ana sing duwe banyu. Umpamane ana ya mung cukup dienggo masak utawa ngombe.
Eyang Singa terus mlaku nganti meh tekan wates desa sisih kidul. Dheweke kapethuk wong tuwa kang lagi ngindhit klenthing, sajake rekasa banget anggone gawa. Mbah Sendhang banjur takon, “nuwun sewu mbah, anggenipun mundhut toya menika saking pundi?”
Mbah mau mangsuli, "jupuke adoh ngger, aku ngangsu neng alas kidul, nek yahmene iki biyasane wis entek. Apa kowe selak butuh banyu, iki lho, jupuka sithik!”
 “Inggih kula badhe nyuwun sakedhik damel wudhu.”
Kanthi sabar wong tuwa mau nunggoni Mbah Sendhang wudhu, banjur diterusake sholat.
Sawise sholat dheweke banjur takon, ”napa desa niki toyanipun ewet, mbah? Kula ngucap matur suwun sanget kagem panjenengan, mbah?", anggone muni mangkana tangane Mbah Sendhang karo njabut suket ing cedhake.
Dumadakan lemah tipak jabutan suket mau ambrol, bolong, malih dadi sendang. Saka jerone mili banyu saderes-derese.
Mbah tuwa mau banjur kamitenggengen lan ngomong, “sumbere rejo banget” mula nganti saiki desa mau dijenengi desa Sumberejo.
Ana ing jero sendhang isih mili banyu nganti saiki bena tiga dawa, banyune isih mili deres. Ing sacedhake sendhang ana kayu gedhe malang sing dikeramatake dening para warga. Kayu iku umure wis atusan taun, nanging ora gapuk. Jarene wong-wong sepuh, kayu kang wis lumuten iku makame Mbah Sendhang.


                                                                                Sandy Faisal ‘05























PANTAI MOROSARI DEMAK

Zaman Kerajaan Mataram diperintah dening Prabu Aji Pamoso yaiku Prabu kang wis sempurna ing uripe. Prabu kang nduweni sakabehane lan duwe bojo Ratu kang setya marang dheweke. Susah, lan seneng Sang Ratu lila dhampingi ana ing sisihe Prabu Aji Pamoso. Ora nyono Sang Ratu iku mau  dipundhut dening sing nggawe urip amarga lara sing angel ditambani. Wektu semono ana sawijine panglima kang wis misuwur amarga kasaktene yaiku sing nduweni jenenge Resi Kano. Resi Kano iku panglima kang kasaktene ngluwihi Prabu Aji Pamoso, sang prabu iri marang Resi Kano. Resi Kano iku panglima saka negara liya sing lagi ngumbara ana ing tlatah Jawa ing sisih kulon Demak. Dheweke kuwatir saupama ana wong sing ngluwihi kasaktene lan dheweke kuwatir drajate mudhun ing pandhangane masyarakat kang lagi dipimpin.
Sang Prabu mikir lan  nduweni siasat arep nyingkirake Resi Kano saka Mataram lan kepengin mateni dheweke. Saben dina Sang Prabu nggolek siasat kepriye carane bisa mateni Resi Kano saka desa kene. Wong kampung ora ana sing ngerti kepriye akal licikke sang Prabu. Sadurunge Resi Kano diusir, dheweke wis krungu dhisik yen arep diusir lan dipateni dening Sang Prabu. Ing  wayah wengi Resi Kano lunga saka Kerajaan Mataram, pawarta lungane Resi Kano wis sumebar nganti tekan Prabu Aji Pamoso. Sang Prabu sansaya ngamuk, sahingga prabu ngerahake para pengawal kanggo nggoleki Resi Kano.
Para pengawal bingung sakarepe dhewe lan bola-bali takon marang Sang Prabu, “punapa leres Sang Prabu badhe mateni Panglima Resi Kano kang nduweni kasakten kang ngluwehi Sang Prabu? Punapa boten kelintu, Gusti.”
Sang Prabu ora mangsuli.
Resi Kano anggone mlaku wis tekan pantai kulon Pulo Jawa, cedhak Kutha Bonang Demak.
Resi Kano ndhelik ing sawijining tlatah, yaiku ing jero guwa kang ketutup dening wit-witan kang akeh. Resi Kano nggoleki guwa kang sepi, sing  ora bisa dimangerteni dening manungsa. Guwa mau arep dinggo tapa. 
Dheweke nyuwun marang Gusti Allah supaya njaga awakke saka Prabu Aji Pamoso lan pengawale. Nalika Resi Kano tapa, Sang Prabu ngunus Resi Kano saka buri, sauntara Resi Kano mati,  anehe mayite Resi Kano wis ora ana lan ngilang saka pasawangan. Bebarengan karo ilange mayite Resi Kano Sang Prabu krungu swara banter lan angin ribut kang nggawe mrinding kulite Sang Prabu.
Prabu Aji Pamoso wedi lan ngucap lafal-lafal kang nuduhakake kasaktene. Sabubare swara iku ilang, ora dinyono ana ula naga raksasa,  ula iku ngeses kaya arep mangan Prabu Aji Pamoso. Amarga kasaktene ula kuwi, pantai kang ana ing Bonang Demak swarane sansaya banter lan ombake sansaya gedhe. Letsedhela Sang Prabu Aji Pamoso ngetokake panah (cemparing) ing tangane. Cemparing iku diculake nganti kena sirahe ula naga raksasa kuwi.  Bebarengan karo matine ula naga kuwi, saka sisih wetan metu putri kang ayu, banjur ngomong marang Sang Prabu.
”He... Raja, amarga jasa-jasamu aku bisa dadi manungsa maneh. Aku ngaturake matur suwun amarga ana kedadean iki, aku bisa metu saka pantai iki lan bisa dadi manungsa maneh.
Putri kang ayu mau jenenge Dewi Wasowati. Amarga  jasa-jasane, Sang Putri menehi cangkokan kembang wijaya kusuma kang akeh sanget sari-sari marang Sang Prabu. Kembang wijaya kusuma yaiku kembang kang arang ditemokake ana ing kampung kono.  Kembang iku pancen akeh banget sing nggoleki amarga bisa dinggo nambani lara apa wae kang angel ditambani dening manungsa. Nanging saking senenge, kembang mau lan sari-sari (madu)ne tiba ing tengah segara.
Let sedhela sari-sari kembang mau kecampur karo banyu ing pantai iku. Banyu kang wis kecampur karo sari-sari kembang wijaya kusuma iku warnane dadi biru. Pantai iku dijenengake Pantai Morosari sing dumunung ing Kutha Demak. Sapa wae sing teka ing pantai iku nalika sasi Syawal bakal weruh sari-sari saka pantai iku. Sapa wae sing bisa weruh sari-sari saka pantai iku banjur ngusapake ing sakojor awakke, lara apa wae bakal mari lan awakke dadi seger.


                                                                          Cholifah ’05




























DUMADINE KERAJAAN MEDANG KAMOLAN

            Kacarita tlatah Jawa iku wis dikuasai dening Kerajaan Galuh kang dipimpin Prabu Sindulaya Sang Hyang Prabu Watu Gunung. Pusat pemerintahane ana ing Jawa Barat amarga dianggep nduweni peran penting marang raja-raja ing tlatah liya Jawa. Prabu Watu Gunung pancen berhasil ndadekake Galuh dadi misuwur lan wargane bisa urip makmur.
            Prabu Watu Gunung duwe anak papat. Anak kaping pisan yaiku wadon jenenge Dyah Ayu Dewi dadi ratu ing Nusatembini. Anak kaping pindho jenenge Pangeran Adipati Dewata Cengkar. Anak kaping telu yaiku Dewata Pemunah Sakti kang dadi Adipati ing Madura. Anak kang ragil jenenge Pangeran Adipati Dewata Agung dadi Adipati ing Pulo Bali.
            Para warga ora seneng marang tumindake Pangeran Adipati Dewata Cengkar kang ala amarga Prabu Adipati Dewata Cengkar seneng nyiksa rakyat cilik lan seneng mangan dhaging manungsa. Amarga keweden, para warga padha lunga saka tlatah kono. Weruh kahanan Galuh sing kaya mangkono, Prabu Watu Gunung murka, banjur ngutus Patih supaya ngundang Pangeran Adipati Dewata Cengkar. Satekane ing Kerajaan Pangeran Adipati Dewata Cengkar mung meneng. Amarga jengkel marang tumindake anake sing kaya mangkono, Prabu Watu Gunung banjur misuh-misuh.
            “Dewata Cengkar! Karepmu ki kepriye? Apa awakmu saiki wis edan? Tumindakmu kaya kewan, ngisin-ngisinake wong tuwa. Awakmu ora pantes dadi anakku. Yen ora bisa ngubah tumindakmu, luwih becik awakmu lunga saka kene!”
            Krungu kaya mangkono, atine Pangeran Adipati Dewata Cengkar dadi lara. Amarga ora bisa nahan emosine, Pangeran Adipati Dewata Cengkar lunga saka Kerajaan tanpa pamit marang ramane. Sawise kadadean kuwi, Pangeran Adipati Dewata Cengkar kasil ngumpulake prajurit sing isih setia marang dheweke banjur diajak lunga menyang tlatah wetan tekan ing pegunungan Kendeng sing strategis cedhak karo Teluk Lusi.
            Ing tlatah kono, Pangeran Adipati Dewata Cengkar mbangun kerajaan lan ngangkat awake dhewe dadi raja kang nduweni gelar Prabu Dewata Cengkar. Aryo Tengger diangkat dadi Patih lan Rudo Pekso diangkat dadi Tumenggung. Karajaan iku diwenehi jeneng Medang Kamolan. Nalika kuwi Prabu Dewata Cengkar uga kasil ndadekake Medang Kamolan dadi misuwur lan rakyate bisa urip makmur. Amarga kadadean iku, Prabu Dewata Cengkar bisa nglalekake dhendham marang ramane. Nanging, amarga oleh rayuan saka Patih Aryo Tengger lan Tumenggung Rudo Pekso, dhendham iku muncul maneh. Sahingga Sang Prabu ngutus prajurite kanggo nyerang lan ngrusak Kerajaan Galuh kang dipimpin dening dheweke. Amarga ora ana persiapan, prajurit Kerajaan Galuh akeh sing padha mati. Weruh kahanan sing kaya mangkono, Prabu Watu Gunung murka banjur Sang Prabu mudhun ing medhan perang ngadhepi anake mau.
            “Dewata Cengkar! Apa kaya ngene caramu mbales budi marang wong tuwamu? Besok sing nduweni Galuh ya awakmu, nanging ora ngene carane.”
            “Aku wis ora butuh pidhatomu maneh. Ayo saiki lawan aku!”
            “Sabar dhisik, tumindakmu kuwi ora direstui dening Sing Maha Agung. Besok awakmu bakal kuwalat.”
            Durung nganti bubar anggone ngendikan, Prabu Dewata Cengkar ngguyu kecakakan.
            “Hua…..ha…..ha…..! Ora usah kakehan ngomong, cepet wenehake Galuh marang aku!”
            “Iya, nanging ora saiki.”
            Krungu ngendikane Prabu Watu Gunung, Dewata Cengkar banjur ngangkat gada lan ngunusake ing awake Prabu Watu Gunung. Sanalika krungu swara banter sing ngetokake kebul lan cahya kang sumunar. Sawetara swara lan cahya mau banjur ilang semono uga rakyat lan kerajaane. Tlatah iku maleh dadi alas lan saka njero alas iku keprungu swara sepatan Sang Prabu marang Dewata Cengkar.
            “Dewata Cengkar! Kabeh mau wis kebanjur. Tumindakmu sing kaya kewan, ing tembe buri bakal dadi kasunyatan.”  
            Nalika krungu swara mau, Prabu Dewata Cengkar gela mateni ramane, wedi yen dadi kasunyatan. Nanging Patih Aryo Tengger lan Tumenggung Rudo Pekso bisa nguwasani atine Sang Prabu. Sang Prabu banjur seneng amarga oleh bombongan saka para warga. Pawarta iku langsung sumebar marang rakyat Medang Kamolan, banjur dianakake syukuran kanggo nyambut tekane Prabu Dewata Cengkar. Nanging ing dina iku, dadi dina sing naas kanggo wong wadon sing masak ing kerajaan. Amarga njenthike sing keiris nganti tugel iku katut kemasak nalika ditinggal nggolek obat. Syukuran iku kalaksanan kanthi lancar. Sabubare kuwi, Prabu Dewata Cengkar ngendika marang Patih Aryo Tengger.
            “Tih…! Patih…! Coba awakmu mrene sedhela!”
            “Wonten punapa, Prabu?”
            Aku arep takon marang awakmu, dhaging apa sing paling kosenengi?”
            “Dhaging sapi, Prabu.”
            “Goblog, dhaging sing paling enak kuwi sabenere dhaging manungsa. Biyen nalika isih ing Kerajaan Galuh aku kerep mangan dhaging manungsa. Wiwit manggon ing kene, aku ora tau mangan maneh. Aku meh wae nglalekake rasane kepriye, saupama mau ora mangan.”
            “Punapa wau wonten masakan dhaging manungsa?”
            “Ana, nanging ora sengaja ing masakan mau katutan dhaging manungsa.”
            Weruh kaya mangkono Patih keweden yen juru masak kerajaan oleh ukuman saka Sang Prabu. Nanging anehe Sang Prabu malah seneng banjur ngutus Patih supaya nggolek dhaging manungsa.
            “Wiwit sesuk awakmu kudu nggolek korban manungsa sing dhaginge dimasak kanggo aku!”
            Patih Aryo Tengger banjur nggawe dhaftar sapa wae sing bakal dadi korbane Sang Prabu. Selot suwe akeh warga sing dadi korban. Tumindak sing ala iku akhire konangan dening para warga Medang Kamolan. Wiwit iku para warga padha lunga saka tlatah kono. Senadyan Ki Granteng weruh yen anake bakal dadi inceran Sang Prabu, nanging keluargane tetep manggon ana kono.
            Wiwit jeneng Kerajaan Medang Kamolan misuwur nganti tlatah liya, akeh wong padha ngumbara menyang kerajaan iku, antarane: Ajisaka, Dora lan Sembada. Niate Ajisaka ngumbara yaiku kepengin nyebarake agama lan nggolek pengalaman. Kapal sing ditumpangi iku labuh ing Nusa Majedi, sing saiki dadi Bawean. Ing tlatah kono Ajisaka oleh kateragan babagan Kerajaan Medang Kamolan. Nalika arep budhal, Ajisaka meling marang Sembada supaya dheweke tetep ing Nusa Majedi njaga barang-barang bekal lan kerise Ajisaka. Amarga Ajisaka lan Dora bakal lunga menyang Medang Kamolan. Sapa wae sing njaluk keris kuwi aja diwenehi saliyane Ajisaka.
            Let sedhela kapal sing ditumpangi mau oling nganti tengah samodra banjur keseret nganti pinggir pantai Nusa Jawa. Ajisaka lan Dora banjur mlaku menyang Medang Kamolan. Ing dalan Ajisaka kepethuk karo rakyat Medang Kamolan sing padha ngungsi, banjur dheweke takon marang salah sijine ana apa kok padha ngungsi. Nanging ora ana wangsulan sakecapa. Amarga iku Ajisaka sansaya dadi penasaran pengin ngerti kahanan Kerajaan Medang Kamolan kok bisa ndadekake warga padha ngungsi.
            Ora dinyono, Ajisaka lan Dora kasil tekan wates Medang Kamolan kanthi selamet. Pangumbaraan iku tetep diterusake nganti tekan sawijining desa. Ing desa iku namung ana saomah kang isine Ki Granteng sakeluarga. Banjur Ajisaka ngutus Dora nathak lawang omahe Ki Granteng. Nanging Ki Granteng curiga dikirane Ajisaka lan Dora utusane Prabu Dewata Cengkar.
            “Panjenengan sinten?”
            “Kula Dora, Pak. Menika Tuan Ajisaka.”
            “Panjenengan utusan saking Medang Kamolan?”
            “Boten, Pak kula tiyang asing ingkang nembe sepindhah dhateng wonten mriki.”
            “Menawi mekaten, mangga mlebet.”
            Ajisaka lan Dora banjur mlebu omah.
            “Pak, saderengipun kula nyuwun pangapunten menawi kula ngganggu bapak sakeluarga.”
            “Boten, Nak. Kula sampun biasa, saben wonten tamu kita tetep ngormati senadyan namung sawontene. Nak Ajisaka kaliyan Nak Dora saking pundi?”
            “Kula saking tlatah sebrang, Pak tebih saking mriki. Menawi nitih prau ngantos wulanan.”
            “Tindak mriki ajeng lahnapa?”
            “Pados pengalaman, Pak.”
            “Ingkang dipadosi pengalaman menapa?”
            “Niku, Pak… Negeri Medang Kamolan menawi wonten desa kula misuwur sanget, amargi sitinipun subur lan para warganipun makmur.”
            “Ah… ngapusi!!! Wonten mriki leres menawi sitinipun subur, ananging warganipun urip sengsara. Saniki para warga sami ajrih marang tumindakipun Prabu Dewata Cengkar.”
            “Tumindak ingkang kados pundi, Pak?”
            “Boten pantes kula cariyosaken dhateng Panjenengan. Prabu Dewata Cengkar menika remen dhahar dhaging manungsa. Kula piyambak ugi bingung amargi lare kula “Roro Cangkek sampun didhaftar dados korban. Wah…ngantos kesupen, mangga dipununjuk.”
            “Matur suwun”.
            Sawise ngunjuk, Ajisaka banjur matur yen arep nunut ing kiwan.
            “Pak, kula ajeng nunut wonten ing kiwan saged napa boten?”
            “O… nggih, mangga.”
            Ajisaka banjur menyang ing mburi, nanging dheweke kaget ngrasa kaya ngimpi nalika tepung perawan ayu ing desa cilik kaya ngene. Ora liya perawan mau jenenge Roro Cangkek. Ajisaka lan Roro Cangkek padha sawang-sinawang, nanging Roro Cangkek isin amarga dheweke mung kembenan. Ajisaka banjur mlebu kiwan, banyu sing mili saka got kiwan mau banjur diombe jago duweke Roro Cangkek. Sanalika jago iku petok-petok kaya pitik babon sing arep ngendog. Iku nggawe kagete Roro Cangkek, banjur jago mau dilebokake kandhang.
            Dumadakan ing pekarangan Ki Granteng ana Patih Aryo Tengger lan Tumenggung Rudo Pekso sing kepengin nyekel Roro Cangkek kanggo didadekake santapan Sang Prabu. Roro Cangkek banjur njaluk tulung marang wong tuwane, nanging ora ana wangsulan amarga wong tuwane semaput sabubare dipenthung sirahe, semono uga Dora sing dibanda ing pojok omah mung bisa meneng. Nalika Roro Cangkek wis digawa metu, Ajisaka nyegah punggawa Medang Kamolan.
            “Tuan-tuan…!!! Endhegake dhisik tumindakmu. Mesakake dheweke kuwi dudu kewan, nanging manungsa, apa maneh iku wong wadon.”
            “Menenga!!! Iki dudu urusanmu, dudu urusane wong asing kaya awakmu. Yen awakmu nekad bakal dakpateni. Cepet lunga!!!”
            “Aku ngerti iki dudu urusanku, nanging…!”
            “Nanging apa, ayo cepet ngomong!!!”
            “Ngene, aku sabenere ora kepengin ngganggu, nanging aku mung kepengin ngrewangi, kuwi wae yen Panjenengan gelem dakrewangi.”
            “Ngrewangi kepriye? Cepet ngomong!!!”
            “Prawan sing Panjenengan asta kuwi duwe lara sing bisa nular. Sapa wae sing cedhak dheweke bakal ketularan.”
             Amarga weruh rai polose Ajisaka, punggawa kerajaan mau banjur percaya. Sanalika Roro Cangkek banjur dicolake.
            “Tuan-tuan ora usah curiga marang aku! Amarga kesetiaanku marang Panjenengan mula katerangan mau dakomongake. Nanging ora usah kuatir, aku bakal nggantekake prawan mau dadi korbane Sang Prabu.”
            Patih Aryo Tengger wis ora sabar ngrungokake omongane Ajisaka, banjur ngutus anak buahe.
            “Tumenggung, cepet prawan kuwi colake banjur Ajisaka gawa ngadhep Sang Prabu kanggo gantine!”
            Ngerti kadadean kuwi, sanalika Roro Cangkek nguculi tali saka tangane langsung mlayu ngoyak Ajisaka. Roro Cangkek nyekeli tangane Ajisaka banjur ngaturake matur suwun. Ajisaka banjur digawa ngadhep marang Sang Prabu. Sang Prabu nesu amarga utusane ora kasil nggawa Roro Cangkek. Nanging banjur dadi seneng nalika weruh ana sawijine nonoman sing digawa ngadhep.
            “He bocah! Dadi Kowe sing diundang Ajisaka dening para warga?”
            “Nggih, Prabu. Kula ingkang naminipun Ajisaka saking tlatah sebrang.”
            “Apa tujuanmu ing negara iki? Arep dadi-mata-mata?”
            “Boten, Prabu. Kula kaliyan rencang kula namung kepengin ngumbara kaliyan pados pengalaman.”
            “Kowe ngerti digawa mrene kanggo apa?”
            “Boten, Prabu. Kula namung ndherek Patih Aryo Tengger kaliyan Tumenggung Ruda Pekso. Kula siap diajak wonten pundi kemawon dening ingkang mbetahaken. Langkung-langkung kula remen sanget amargi saged kepung kaliyan Panjenengan wonten mriki.”
            “Apa sing kokorbanake kanggo negeri iki?”
            “Kula boten gadhah emas inten utawi bandha awis sanesipun. Kula namung gadhah jiwa raga, Paduka.”
            “Apa kowe lila yen jiwamu dakpateni lan ragamu dakiris-iris kanggo santapanku?”
            “Kula lila menawi takdiripun mekaten.”
            “Apa kowe wis edan?”
            “Boten, Prabu. Kula boten edan. Niki bukti kesetiaanku marang negara Medang Kamolan.”
            “Hua…ha…ha…!!! Matur nuwun, Ajisaka, banjur apa sing kojaluk?”
            “Kula namung nyuwun sapetak siti ingkang wonten ing alun-alun Medang Kamolan saamba surban ingkang kula agem.”
            “Apik…apik! Apa sing kojaluk bakal dakwenehi.”
            “Sanesipun, ingkang ngukur menika kula kaliyan Panjenengan kanthi diseksekake dening para warga.”
            “Ya… bisa… bisa. Banjur kapan arep dilaksanakake? Saiki bisa apa ora? Masalahe aku wis ngelih banget.”
            “Saged. Saniki saged ngumumaken marang para warga supados nyeksekake anggenipun ngukur.”
            “Patih, utus anak buahmu supaya ngumumake marang para warga lan awakmu ngiring aku lan Ajisaka menyang tengah alun-alun.”
            Sawise tekan tengah alun-alun, Patih Aryo Tengger lan Tumenggung Rudo Pekso menehi ngerti lemah ing alun-alun marang Sang Prabu, banjur Sang Prabu miwiti.
            “Ajisaka! Lemah endi sing kojaluk? Cepet jereng surbanmu!
            Kain surban Ajisaka diuculi banjur dilempit dawa kaya gulungan. Prabu Dewata Cengkar nyekel kain bagian kidul lan Ajisaka nyekel kain bagian lor. Patih Aryo Tengger lan Tumenggung Rudo Pekso dadi seksi lan sing menehi aba-aba, uga ngumumake marang para warga yen anggone ngukur lemah diwiwiti.
              Anehe surban sing dijereng mau ora entek-entek nganti nutupi atusan hektar lemah. Patih Aryo Tengger nyoba murungake upaya Sang Prabu, nanging ora ana gunane. Nganti Sang Prabu ana ing pucuk jurang, Ajisaka ora gelem murungake panjaluke.
            “Ajisaka! Aku ngaku kalah lan bakal menehake kekuasaan lan kerajaanku marang kowe asalkan aku tetep bisa urip.”
            Sing mangsuli ora Ajisaka, nanging para warga.
            “Tuan Ajisaka! Ampun mirengaken ngendikane Sang Prabu, wis akeh warga sing dadi korban amarga tumindake.”
            Krungu swara para warga, Ajisaka sansaya kepengin mateni Sang Prabu. Kanthi ndonga marang Sing Maha Kuwasa, pucuk surban sing dicekel banjur dikibatake. Surban bagian kidul nyabet awake Sang Prabu nganti mencelat adoh tekan tengah samodra banjur ilang keseret ombak. Saka tengah samodra iku banjur muncul baya putih sing cangkeme mangap lan bisa omongan kaya manungsa.
            “He Ajisaka! Rungokake aku!  Saiki aku ngaku kalah, nanging aku bakal balas dhendham marang anak putumu sing ora ngati-ati ing tengah samodra iki bakal dadi mangsaku.”
             Sawise kadadean kuwi, Ajisaka diangkat dening rakyat kono dadi raja Medang Kamolan kang nduweni gelar Prabu Ajisaka. Prabu Ajisaka banjur diarak dening rakyate menyang kerajaan. Dene sing keri ing pinggir samodra nyekel Patih Aryo Tengger lan Tumenggung Rudo Pekso guna dibuak ing tengah samodra, dikumpulake dadi siji karo Prabu Dewata Cengkar.
            Saiki Kerajaan Medang Kamolan iku dadi jeneng Desa Medang Kamolan ing Kecamatan Gabus, Kabupaten Grobogan.

Yulianti ‘05

BLEDUG KUWU

         Legenda Bledug Kuwu iki terusane saka legenda dumadine Kerajaan Medang Kamolan. Kacarita wiwit Kerajaan Medang Kamolan sing dipimpin dening Prabu Ajisaka. Saiki warga Medang Kamolan bisa urip ayem tentrem, semono uga Ki Granteng sakaluarga. Jago sing mbiyene dikandhang ing sacedhake lumbung pari, saiki bisa ngendhog amarga ngombe banyu got kang mili saka hajate Ajisaka. Endhoge mau netes dadi ula raksasa. Sawise netes, banjur nggoleki ramane yaiku Prabu Ajisaka sing ana ing Medang Kamolan. Nanging Prabu Ajisaka ora percaya lan ora gelem ngakoni ula raksasa kuwi dadi anake.
         Prabu Ajisaka gelem ngakoni ula mau dadi anake yen bisa mateni baya putih  malihane Dewata Cengkar sing ana ing samodra. Ula raksasa kuwi nyanggupi, banjur nindakake perintahe Prabu Ajisaka. Nalika tekan samodra, ula raksasa mau banjur ngubeti awak lan nyokot gulune baya putih iku. Amarga ora duwe daya, baya putih mau mati sanalika. Endhase baya putih arep diwenehake marang Prabu Ajisaka kanggo bukti yen dheweke bisa mateni musuhe.
         Miturut perentahe Prabu Ajisaka, nalika isih ana ing pucuk jurang ula raksasa mau kudu nrobos jero lemah tumuju Medang Kamolan. Amarga Medang Kamolan adoh saka samodra, bola-bali ula mau ngetokake sirahe saka jero lemah. Miturut cerita, ula mau ngetokake sirahe sing kaping pisan ing desa Jono, Kecamatan Tawangharjo. Nganti tekan saiki tlatah mau dikenal penghasil bleng, campuran kanggo nggawe krupuk, sing bisa diproses dadi uyah. Amarga isih adoh saka Medang Kamolan, sirahe banjur dilebokake maneh tumuju arah etan. Sing kaping pindhone sirahe metu ing desa Crewek, lan kaping telune metu ing sawijining tlatah sing saiki diarani Bledug, ing desa Kuwu, Kecamatan Kradenan. Amarga kentekan daya tumuju Medang Kamolan, ula mau lumpuh. Ing tlatah kono ana keajaiban sing ndadekake ula mau dadi cilik, banjur malih dadi bocah cilik sing lumpuh. Ora dinyono, ana dhukun bayi sing biasa liwat ing tlatah kono nulungi bocah mau. Dhukun bayi iku banjur takon marang bocah mau arep lunga menyang ngendi. Dheweke mangsuli yen arep bali menyang Medang Kamolan. Dhukun bayi mau banjur ngomong yen Medang Kamolan iku wis ora adoh saka kene. Krungu wangsulan sing kaya mangkono, bocah mau seneng banget banjur ngaturake matur suwun lan nyuwun ngapura marang dhukun bayi mau amarga ora bisa balas budi. Bocah mau mung bisa ndongakake yen ing tembe buri dhukun mau bakal dikenang dening anak putune.
         Bocah cilik mau ngaku linglung sawise pamitan karo mbah dhukun. Dheweke banjur noleh bolongan sing dinggo ngetokake sirahe. Nalika ing sacedhake bolongan mau, ana kadadean aneh yaiku tangan lan sikile dadi siji karo awake banjur malih dadi ula kaya sadurunge. Sawise kuwi, dheweke banjur mlebu lemah maneh tumuju Medang Kamolan. Bolongan bekas mlebune Joko Linglung ora let suwe akeh bledhune kang disusul karo swara BLEDUG… BLEDUG… nganti tekan saiki, mula tlatah kuwi diarani Bledug Kuwu.

                                              Miftalikha B.S ‘05




Tidak ada komentar: