Bledug Kuwu, Piye Dumadine?
Bledug Kuwu kuwi sawijining papan wisata kang
manggon ing tlatah Kabupaten Grobogan. Luwih cethane ing Desa Kuwu, Kecamatan
Kradenan. Watesing Kecamatan Wirosari lan Kradenan. Yen saka kutha Purwodadi,
kira-kira ya udakara 28 km-an. Wujude arupa lendhut kang tansah mbledug-mbledug
kaya umub. Panggone lumayan amba udakara + 45 ha tanpa ana wit-witane. Mula, yen mangsa ketiga, ing kono ya panase ora jamak.
Nadyan adoh saka laut, banyu
kang kawetu saka lendhut mau bisa digawe uyah amerga rasane pancen asin. Saliyane
digawe uyah krosok, banyune uga kerep dienggo nggawe bleng (biyasane kanggo
nggawe krupuk utawa lepet). Nanging ya
bisane nggawe uyah mau yen ing mangsa ketiga thok, jalaran isih nganggo cara
tradhisional, migunakake panasing srengenge.
Piye ta critane, kok ing tlatah kang adoh saka laut
kanthi dhuwur + 53 m saka sandhuwuring laut kuwi bisa ngasilake lendhut
mbledug-mbledug kang bisa ngasilake banyu asin? Warga ing kono percaya yen
critane kuwi kaya mangkene :
Jaman mbiyen, ana Negara gedhe
aran Medhangkamolan. Ing manca, negarane kawentar subur makmur gemah
ripah loh jinawi. Ananging sejatine negara kuwi
kapimpin dening raja kang banget diwedeni dening kawulane amarga saking angkara
murkane. Prabu Dewatacengkar, kuwi asmane. Dening bapakke dhewe, Raja ing
Negara Galuh, Prabu Watu Gunung, malah disepatani yen ta tumindake kuwi kaya
kewan lan mbesuke bakal dadi kewan.
Iku amarga Dewatacengkar kasil ngrebut negarane bapakke dhewe sawise ditundhung
gara-gara tumindake kang asring tumindak degsiya marang sapadha-padha, uga
mangan daging manungsa. Ing Medhangkamolan, Dewatacengkar kabiyantu dening
Patih Aryo Tengger lan Tumenggung Rudhopekso.
Sawise tanpa ora sengaja
dhahar drijine koki sing keplathok nalika masak kanggo ngrayakake kamenangan
nglawan Negara Galuh, Dewatacengkar banjur tuman pengin maneh ngrasakake dhahar
daging manungsa. Saben minggu kudu ana masakan kang isine kuwi daging manungsa.
Sakawit, sing dadi kurban kuwi para pandosa kang ana ing pakunjaran. Nanging, gandheng
saya suwe saya entek, mula saben minggune saben omah entuk jatah. Yen Patih
Aryo Tengger lan Tumenggung Rudhopekso wis ngaton, kuwi ateges para mudha
taruna kudu waspada amarga pancen sing digoleki ya sing isih enom-enom!! Nadyan
nggoleke kanthi sesidheman, nanging tetep wae, “becik ketitik, ala ketara”. Warga ing kono sidane padha ngawruhi
kahanan kang ana ing negarane. Negara kang kapimpin dening wong degsiya kang
doyan daging manungsa!!
Ing negri sebrang, ana
nom-noman linuwih kang nembe njajah desa milang kori, miyak segara ing negara
manca, golek kawruh lan pengalaman sajroning ngaurip ing donya. Asmane Ajisaka.
Kawentaring Negara Medhangkamolan narik kawigatene. Mula banjur nduwe sedya
arep mara mrana. Anggone ngulandara dikancani dening rewange ya kanca rakete
loro, Dora lan Sembada.
Ing satengahing lelampahan,
wong telu padha mampir leren ing sawijining pulo arane Nusa Majedi kang saiki jenenge Bawean.
Ing kono, Sembada ditinggal supaya tetep ana pulo kono njaga barang-barang. Lan
ditinggali keris pusaka sarta diweling supaya aja nganti keris pusaka mau pindhah saka tangane yen ora Ajisaka dhewe
kang teka njaluk dhewe marang dheweke.
Sawise meling Sembada,
wusanane Ajisaka nerusake lakune amung dikancani Dora. Angin lan ombak
ngantheni lakuning prau tumuju ing Nusa Jawa. Mula banjur padha golek dalan
kang tumuju mring kraton Medhangkamolan kang kawentar iku. Nanging, ing
sacedhaking watesing negara Medhangkamolan, Ajisaka malah dikagetke dening
wong-wong kang sajake malah padha arep ngungsi. Mangka ing pangirane, kabar
kang keprungu iku yen Medhangkamolan iku negara kang subur makmur gemah ripah
loh jinawi. Nanging, saben wong sing ditakoni malah sajake padha keweden arep
mangsuli. Mula nalika weruh ana omah prasaja nanging katone karumat apik, banjur
wong loro mau padha mampir mrono.
Ki Grenteng, kuwi jenenge sing
nduwe omah. Ki Grenteng banjur crita nadyan ta subur nanging pajek kang kudu
dibayar uga gedhe lan ana kerja peksa tanpa bayaran kang kudu kaleksanan. Lan
sing saiki gawe trataban lan was-was sumelang warga kono yaiku ngenani
kawengisan rajane sing saiki saben minggune kudu dicawisi daging manungsa.
Sajroning crita, Ajisaka nyuwun ijin supaya dikeparengake nunut neng mburi. Ing
mburi, tanpa dinuga malah weruh Rara Cangkek, putrine Ki Grenteng kang isih
setengah klambinan nembe metu saka pakiwan. Ajisaka sajak kesengsem awit weruh
kahanan ana kenya ayu kang gawe atine trataban. Banjur, bareng ing pakiwan,
banyu turase kang kawetu ing peceren diombe dening pitik jagone Ki Grenteng.
Lan anehe, sawise ngombe banyu turasing Ajisaka, pitik jago mau malah
lunjak-lunjak lan bengak-bengok kaya dene patrape pitik babon sing arep
ngendhog kae. Rara Cangkek kang ngawruhi polatane sing aneh mau wusanane banjur
ngurung pitik mau ing sacedhaking lumbung pari.
Ringkesing crita, Rara Cangkek
bisa uwal saka tangane Tumenggung Rudhopekso, kanthi akale Ajisaka.
Dikandhakake yen Rara Cangkek kuwi sabenere nduwe lara kulit kang nular lan
mbebayani. Patih Aryo Tengger lan balane langsung ngeculake Rara Cangkek. Sidane
diganteni dening Ajisaka lan wusanane bisa ngakali Dewatacengkar saengga dadi
baya putih ing samodra kidul. Amarga dipandeng dadi satriya kang nylametake
warga kono saka degsiyane Dewatacengkar, mula warga kono ngangkat Ajisaka dadi
rajane. Dene Patih Aryo Tengger lan Tumenggung Rudhopekso sidane padha
dikunjara.
Sawise dadi raja, dheweke
kelingan karo keris kang dititipake neng Sembada. Ananging dheweke kelalen
marang piwelinge dhewe nalika masrahake kerise marang Sembada kae. Amarga arep
dienggo, mangka isih akeh urusan liya, mula Prabu Ajisaka ngutus Dora supaya
njupuk keris lan ngajak Sembada supaya melu neng Medhangkamolan mesisan. Tekan
Nusa Majedi, Dora banjur ngomong karo Sembada yen dheweke diutus supaya njupuk
kerise. Nanging Sembada tetep ngugemi apa kang mbiyen nate diwelingke marang
dheweke lan ora bakal menehke keris mau kejaba marang Ajisaka dhewe. Wusanane
wong loro banjur padha adu kasekten ngugemi apa prentahe Ajisaka dhewe-dhewe.
Ora ana sing gelem ngalah lan wusanane padha matine kanthi keris ana ing
antarane jasade.
Ajisaka kang atine ora jenjem
banjur nyusul neng Nusa Majedi. Lan saeba kagete bareng meruhi kahanan kang
nrenyuhake ati. Kancane loro tetep ngugemi apa kang diprentahake dheweke nganti
mati. Mula kanggo ngurmati kalorone banjur digawekke aksara Jawa kang aran Dentawyanjana.
Ing daleme Ki Grenteng, pitik
jago kang dikurung Rara Cangkek sidane ngendhog. Ning endhoge bentuke bunder
seser lan luwih gedhe tinimbang endhog pitik biyasane. Endhog mau kawruhan
dening Rara Cangkek, banjur disimpen ana ing lesung panggon pari. Anggone
nyimpen mau ora matur bapa-biyunge jalaran dianggep mung endhog biyasa. Nanging
anehe maneh, nadyan parine tansah dijupuki, nanging parine ora dang
entek-entek. Kuwi kang dadi pitakone Nyai Grenteng. Mula ngomong karo Ki
Grenteng supaya niliki ana apa ta sejatine, kok katone nganeh-anehi temen.
Saeba kagete Ki Grenteng
jalaran kang ditemoni ing ngisor lumbung kuwi jebule ula raseksa kang bisa
micara kaya dene manungsa. Ula mau nakokke ibune, Rara Cangkek lan bapakke
Ajisaka. Mula Ki Grenteng banjur ngundang anak bojone supaya padha weruh dhewe
apa kang sejatine ana ing lumbung. Ibu anak mau bareng weruh ana ula raseksa
ing lumbung pari terus padha semaput. Jalaran percaya yen ula mau ora bakal
ngganggu, mula Ki Grenteng sidane ngrumat anak-bojone nganti eling maneh. Rara
Cangkek kang wiwit eling bareng ngematake raine ula mau banjur kelingan Raden
Ajisaka kang tau nylametake dheweke saka tangane Dewatacengkar.
Ula mau banjur takon ana
ngendi saiki bapakke, Raden Ajisaka. Banjur dikandhakake yen saiki wis dadi
raja Medhangkamolan sawise ngalahake Dewatacengkar sing saiki dadi baya putih
ing Samodra Kidul. Saiki piyambake ajejuluk Prabu Ajisaka. Lan negara bisa saya
makmur tentrem karta raharja jalaran saka pimpinane.
Ula mau banjur pamitan karo Ki
Grenteng sakeluwarga arep nemoni bapakke, Prabu Ajisaka. Ing sadawaning dalan, wit-witan kang dilewati
padha ambruk. Lan bareng tutug dalan tumuju kraton Medhangkamolan, banjur
ngomong karo warga kono yen dheweke ora bakal ngganggu angger ora dialingi
sedyane nemoni bapakke, Prabu Ajisaka.
Para punggawa kang ana ing
ngarep kraton wiwitane arep mateni ula mau, nanging saking sektine, ula mau ora
ana sing bisa ngalahake nganti taman ing plataran kraton padha morat-marit.
Wusanane banjur lapuran mring Gustine langsung yen ana ula kang ngaku putrane
pengin ngadhep.
Sawise ketemu, sakawit Ajisaka
banget duka lan rumangsa ketampar raine jalaran ana ula teka-teka kok ngaku
anakke. Mangka dheweke isih ijen durung nduwe garwa. Nanging bareng ula mau
ngomongake Rara Cangkek, Prabu Ajisaka banjur rada luluh atine, kelingan kenya
ayu rikala dhewekke pisanan teka ing negara sing saiki dadi duwekke.
Wusanane, Prabu Ajisaka bakal
ngakoni yen ula mau anakke anggere dheweke bisa nggawa bali ndhase baya putih
kang isih ngganggu pikirane amarga nalika dijegurke Samodra Kidul kae banjur
sesorah bakal ngganggu anak putune Ajisaka kang lena ing samodra. Lan nggawane
mulih bali neng Kraton Medhangkamolan kudu saka njero lemah, ngisor bantala.
Ula mau banjur nyendikakake
dhawuhe sang rama. Lan langsung pamitan tumuju ing Samodra Kidul. Tutug ing
kono, weruh baya putih nembe leyeh-leyeh ing tengah laut, banjur digubed
saengga baya putih ora bisa obah. Gelut kang dumadi saya ndadi amarga padha sektine.
Nanging sidane ula bisa kasil nggubed maneh si baya putih saengga dadi lan
patine. Ndhase ditugel lan diuntal dening ula kanggo bukti ing ngarep ramane
mengko.
Kaya kang dititahke, ula mau
banjur mulih lewat ngisor bantala. Nanging gandheng ing njero lemah ora weruh
juntrung-parane yen arep neng Kraton Medhangkamolan, mula banjur njedhul
mendhuwur. Panggon njedhule sing pisanan iki dipercaya saiki sing ana ing Desa
Jono Kecamatan Tawangharjo, Grobogan. Amarga manut insting-e, Negara Medhangkammolan isih adoh, mula banjur ambles
maneh ing ngisor bumi. Kaya critane sing pisanan mau, ula mau banjur njedhul
maneh sing kaping pindhone yaiku ing Desa Crewek, Kec. Kradenan, Grobogan.
Nanging terus bar kuwi ambles maneh.
Kanthi sisa tenaga kang isih
ana, kepeksa ula mau njedhul sakawake kabeh metu saka lemah. Dheweke wis ra
kuwat maneh!! Wusanane awakke kang awujud ula raseksa mau saya suwe saya suda
lan saya suda lan malah dadi wujud cah cilik kang katone lemes banget tanpa
daya. Ing kono ndilalahe ana dhukun bayi kang lagi lewat. Amarga mesakna, mula
banjur diurut lan dipijeti supaya luwih sumringah. Lan kayane pancen kuwi kang
dibutuhke dening cah cilik mau. Ditakoni jenenge, cah cilik mau malah ngomong
yen dhewekke linglung. Sawise rada
kepenak awake, cah cilik mau banjur matur gunging panuwun dhateng Mbah Dhukun.
Dheweke ora bisa males, nanging dongane muga Mbah Dhukun mau bisa tansah
dieling-eling ing tembe mburi dening anak cucune. Sawise takon dalan tumuju
Kraton Medhangkamolan, wusanane banjur pamitan nerusake laku dhateng Mbah
Dhukun mau. Lha…. panggonan kang dianggo
njedhule Ula Linglung mau kuwi sing saiki aran Bledug Kuwu………………..
Wusanane ula mau dijenengi Joko Linglung dening Bapakke, Prabu
Ajisaka adhedhasar critane nalika ketemu Mbah Dhukun. Joko Linglung banjur
dipanggonke ana kandhang kewan kraton bareng karo kewan-kewan kang langka
titipan saka manca.
Sakawit Joko Linglung diwenehi jatah panganan. Nanging
suwening suwe, dheweke saya dilalekake. Amarga keluwen mula banjur mangan
kancane dhewe. Punggawa kraton kang kajibah njaga kewan-kewan ana kono keweden
amarga kewan-kewane padha ilang. Sawijining dina nalika Joko Linglung mangan
kancane bangsa kewan ing kandhang, konangan. Banjur kedadeyan kuwi dilaporake
dening rajane.
Prabu Ajisaka duka. Joko Linglung banjur ora didaku anak
maneh lan dipanggonke tapa ana alas. Welinge ora entuk mangan kejaba ana sing
mara dhewe neng cangkeme. Amarga rumangsa salah, banjur Joko Linglung nampa
kanthi legawa lan wusanane lunga ing alas sing didhawuhke. Tekan kono, dheweke
mapan tapa, nyawiji karo rerungkudan alas saengga ora ketara yen dheweke kuwi
ula.
Sawijining dina ana cah angon cacah sanga sing padha ngiyub
ing panggonan sing dikira guwa amerga udan deres. Jane cah sepuluh, nanging cah
siji sing kebak gudig ora dientukake mlebu guwa. Dheweke ngenteni ana njaba
rada adoh karo guwa. Bareng udane wis terang dheweke niliki kanca-kancane. Ning
saeba kagete bareng sing ditemoni sirah ula raseksa kang gudras getih manungsa.
Cah cilik mau banjur mlayu sipat kuping nuju desa, ka ro ngomong para warga.
Warga padha wadul marang sang raja. Njaluk supaya ula mau
dibrastha. Kanthi bijak, Ajisaka bakal nuruti karepe warga ananging kanthi
syarat yakuwi sing bakal menehi ukuman ora liya Ki Grenteng sakeluwarga amarga
ula mau silsilahe ya saka keluwarga kono. Para warga sarujuk manut pamanggihe
sang nata. Banjur ana sing marani Ki Grenteng sakeluwarga.
Nalika Ki Grenteng, Nyi Grenteng lan Rara Cangkek ngadhep
ing ngarsaning Prabu Ajisaka, ing njero ati Ajisaka seneng banget jalaran bisa
ketemu karo geganthilaning ati. Semana uga karo Rara Cangkek. Ananging saiki
sing wigati yaiku ngenani Joko Linglung kang gawe ora tentreming warga
Medhangkamolan. Nadyan ta abot ya kepeksa amarga salahe dhewe. Wusanane Ajisaka
masrahake ukuman marang Joko Linglung dhateng Ki Grenteng. Ki Grenteng
sakeluwarga banjur tumuju ing panggonane Joko Linglung tapa bareng karo para
warga lan sang nata, Prabu Ajisaka.
Joko Linglung seneng banget bisa ketemu Ki Grenteng
sakeluwarga. Semono uga Ki Grenteng sakeluwarga. Nadyan wujude ula, nanging ora
diselaki yen nalika isih neng ngomahe kae ora ngganggu, kepara malah nambah
berkah. Berase sing ana ing lumbung ora entek-entek. Nanging kanthi blaka Ki
Grenteng banjur ngendika yen dheweke bakal menehi ukuman marang Joko Linglung
amarga dheweke wis mateni cah angon cacah sanga. Joko Linglung manut wae.
Dheweke ngomong yen bakal nrima apa wae kang bakal dadi ukumane. Ki Grenteng
banjur golek wit gedhe kanggo nyengkal cangkeme Joko Linglung. Lan awake sing
dawa ditaleni bakoh dadi siji karo rerungkuding alas saengga ora bisa obah.
Kuwi ukumane kanggo Joko Linglung.
Fera D Pramesthy ‘05
Asal-Usule Kali Blorong
Ing jaman biyen ana cerita ing
salah sijining segara kidul,. ing kana ana panguwasa segara kidul kang sekti
mandraguna. Dheweke dijenengi Nyi Roro Kidul ing kana Nyi Roro Kidul duweni
anak wadon kang diwenehi jeneng Nyi Blorong. Sakwise ngancak dewasa Nyi Blorong
lunga saka panggonane ibune, dheweke kepengin dadi panguwasa kaya dene Ibune.
Pesene ibune “ lungaha saksenenge atimu lan tinggalen aku neng kene dhewekan
“ Banjur Nyi Blorong ngulandara ana ing
sak amabane jagad segara. Ananging dheweke ora kasil yen segara-segara kang
arep mbok panggoni mau wes ana panunggune. Nyi Blorong wes kadung janji karo
Nyi Roro Kidul “ibu aku bakalan
golek segara kang bisa tak dadekake panggonanku wodene ibu kang nguwasani
segara kidul kene”. Amerga janji kang kaucap mau, Nyi Blorong isin karo ibune
menawa dheweke bali marang segara kidul.
Karo Kreta Kencana kang
diwenehi Ibune Nyi Blorong ngulandara nganti segara lor. Nalikane tekan segara
lor Nyi Blorong wis ditunggu panguwasa segara lor, amerga ilmu kang isih cekak
Nyi Blorong kalah karo panguwasa segara lor banjur mlayu maring kali kang
tepung karo segara lor. Niyate namung umpetan ing kali sinambi nunggu Nyi Roro
Kidul, ibuke menehi pitulungan. Sakwise pirang-pirang dina, wulan, nganti taun
ws kaliwat. Nanging ibune ora banjur teka, dheweke banjur betah ana ing salah
sijining kali mau, ing kali kono dheweke bisa kerasan amerga ning kono akeh
panganan lan kasenengan kang di karepake nyi Blorong.
Ing dina liya Nyi Roro Kidul
nyiyapake prajurit-prajurite kanggo menehi pitulungan marang Nyi blorong. Ana
ewonan prajurit kang mareng segara lor mau. Ora suwe prajurit mau wes tekan
segara lor banjur nemoni Nyi Blorong.
” Sang Ratu kula lan prajurit-prajurit siyap biyantu ratu”. Sang ratu
wes kedalung krasan ana ing kali mau, dheweke wes ora kepingin nyerang
panguwasa segara lor malah dheweke dhuwe niyatan mbangun kerajaan roh alus ana
ing kali mau. Akhire Nyi Blorong bangun kerajaan ana ing kali mau, ora gampang.
Pirang-pirang taun Nyi Blorong gawe kerajaane kanthi dadi kerajaan kang megah
kang kaidam-idamake Nyi Blorong. Cerita iki saka penduduk
sakiwa tengene kali kuwi, kawit biyen tumekane saiki diarani kali blorong.
Miturut ceritane kali sing dipanggoni Nyi Blorong kuwi ana ing Kendal, ing
kecamatan Ngampel. Amerga kapercayaan kuwi mula dijenengi kali Blorong. Jaman
biyen kaline terkenal angker, akeh bocah-bocah cilik seneng adus kali tanpa
ngerteni menawa sedela meneh kali kuwi bakalan mludak lan sing adus kali padha
kelarut banyu banjur mati kleleb. Miturute bocah kang slamet saka bencana
banjir mau “ ana wong wadon ayu kang ngawe-ngawe dheweke lan kanca-kancane “
banjur kancane maring menengah ing kali kuwi. Ora let suwe kali mau banjir
mulak-mulak. Banjur bocah sing menengah marani wong wadon ayu mau mati
kleleb.Kawit ana musibah kuwi wong-wong tuwa sing duweni bocah cilik nglarang
anake anggone adus kali “ aja sepisanan adus ing kali dhewekan, kali sing asale
sat banjur bisa dadi banjir mulak-mulak “ Para penduduk percaya bocah sing mati ing kali blorong didadekake
panganane utawa ingon-ingone Nyi Blorong.
Ana cerita saka penduduk
sing omahe ora adoh saka Kali blorong, dheweke weroh ing sawijining dina, kali
mau banjir gedhe banjur banyu kali ketara nganti omahe bapak mau. Saksuwene
nyawang kali kanthi ditamatake bapak mau banjur weruh wong wadon ayu kang
nganggo kebaya,pacakane kaya ratu kang ana ing kerajaan jaman biyen lan numpak
kereta kencana ugi dikawal dening prajurit-prajurit kang akeh cacahe. Sakwise
kuwi ana cahya padang jinglah ing tengahing kali Banjur arak-arakan
ngilang, Nanging apa kuwi sing mbok
arani Nyi Blorong utawa namung imajinasi / khayalane bapak mau.
Angel mbenerake cerita
masyarakat kuwi, ananging namung kepercayaan mau sing ndadekake kepercayaan
kuwi dadi ana. Penduduk mercayani menawa
ing kali kuwi ana kang nunggu, Nyi Blorong. Ananging ora ana penduduk kang ngelar
sesaji utawa ritual-ritual persembahan kaya dene papan-papan liyane sing ana
penunggune..Sakiki Nyi Roro Kidul manggon ana ing segara kidul, minangka Nyi
Blorong manggon ana ing salah sijining kali kang panggonane utawa tembuse ing
segara lor. Kadang-kadang Nyi Blorong bali ana ing segara kidul sowan marang
ibune sing wes menehi pitulungan marang dheweke.
Kali blorong uga asring
diarani kali ula, mergane struktur kali kang ngrungkel-ngrungkel utawa
menggak-menggok ora aturan kaya sifate ula yen wayah mlaku awake obah kiwa
nengen. Uga ana sing ngomong menawa kali kuwi asale awujud kalen Banjur
dilewati ula siluman kang nguwahi struktu kalen mau dadi mengak-menggok.
Saksuwene wayah kalen mau dadi kali kang amba.
Aris Destria ‘05
NGADEGE MEJID AGUNG DEMAK
Mejid Agung Demak dibangun
nalika Demak kapimpin dening Raden Patah. Raden Patah iku minangka nata kang
pisanan mimpin Demak. Nanging, ora let suwe kelawan pamrintahane iki Demak bisa
dadi papan kang paling misuwur minangka dhaerah kang santri, ora mung ing Jawa,
nanging uga ing negara Indhonesia.
Ing sawijining dina Raden
Patah kagungan panggayuh mbangun sawijining monumen minangka pratandha lan
simbole Islam. Monumen mau awujud mejid khas
Jawa kang ora ana ing papan liyane. Nalika iku, kerajaan Demak mung duwe
langgar kang cilik banget, yen dipikir-pikir ora bakalan kamot kanggo ngibadah
wong kang akehe kaya mangkono. Akhire Raden Patah ngutus wali sanga ndandani
langgar mau supaya dadi mejid kang luwih gedhe, luwih amba, lan mesthine luwih
endah karo sing sadurunge. Gegayuhane Raden patah kaleksanan. Langgar sing
asale cilik saiki wis dadi amba lan endah.
Demak minangka pusat kerajaan
Islam ing Negara Indhonesia iki saya suwe dadi panggonan kang rame dening
pengunjung, ora mung para ulama kang padha sinau, nanging uga masyarakat saka
dhaerah liya kang kepengin ngangsu kawruh ing Demak. Mula, Raden Patah kagungan
gegayuhan ndandani maneh mejid mau amrih luwih amba lan luwih lengkap.
Raden Patah ngutus para wali
papat nglampahi tugas kang mulya lan agung iku. Nalika iku ngepasi wali papat
yaiku Sunan Giri, Sunan Bonang, Sunan
Gunung Jati, lan Sunan Kalijaga sowan marang sang nata ing Kasultanan Demak.
Sanadyan abot, nanging amarga saking gedhene rasa tresnane marang negara, mula
para wali papat mau nuruti gegayuhane sang nata mbangun mejid sadina sawengi.
Awan iku sawise pamitan, Sunan
Gunung Jati tindak tumuju arah kulon. Dene Sunan Bonang mendhet arah kidul.
Sunan Giri mendhet arah wetan. Saiki mung gari Sunan Kalijaga sing paling keri
lan ketenggor arah lor. Sunan Kalijaga bingung sawetara wektu. Akhire Sang
Sunan enggal-enggal neruske perjalanane tumuju arah lor. Sang Sunan dumugi
dhaerah Pamantingan kang misuwur angker nalika srengenge wis ambles saka
panyawang. Sawetara kuwi wali-wali liyane wis ora katon maneh. Para wali papat
kanthi semangat kang gedhe nglampahi tugas kang mulya lan agung iku.
Pamantingan kang saiki dadi
kutha Jepara iku sabenere wis dikenal banget dening Kanjeng Sunan. Dhaerah iku biasane dadi papan tapa bratane Sang Sunan
nalika tirakatan. Sabenere pembangunan Mejid Agung Demak iku bisa kasil mung
gumantung karo dhaerah kang arane Pamantingan iki. Saka dhaerah iki uga Sang
Sunan pikantuk petunjuk ing endi sabenere wit jati sing kautus dening Sultan.
Ing Pamantingan Sang Sunan
bingung pados wit jati kang gedhene sameter iku. Ing kono ora bisa ditemokake
wit kang kaya mangkono. Akhire Sang Sunan muter saperlu tapa, nyuwun petunjuk
maring Gusti Kang Murbeng Dumadi. Ing kono Sang Sunan pikantuk petunjuk ing
endi dununge wit jati kang gedhe mau. Saka petunjuke Gusti liwat sang petapa
sing jenenge Cemara Tunggal akhire Kanjeng Sunan kepanggih panggonan kaya kang
diisyaratke ing tapa bratane mau, yaiku Gunung Pati. Tekan pinggir alas gunung
iki, Kanjeng Sunan menggok tumuju arah wetan ing sajrone alas. Sawise mlampah
akhire Kanjeng Sunan mirsani cangkem guwa. Cangkem guwa iku diubengi banyu kang
bening banget lan rame dening swara segrombolan kethek kang padha gumlantung
ing wit jati mau. Apa kang dipirsani dening Kanjeng Sunan padha persis karo apa
kang kagambar ing tapa bratane. Kanjeng Sunan nyawuk banyu saperlu raup lan
mbasuh astane Kanjeng Sunan. Pasuryan kang asale kemringet saiki dadi seger lan
cemlorot. Sinambi maos dzikir Sang Sunan ngangkat astane, nyuwun marang Gusti
supaya kethek-kethek mau bisa tutut lan manut utusane Sunan. Dumadakan salirane
Sang Sunan kayun memburi. Sang Sunan kajot banget nalika mirsani kethek-kethek
kang urmat lan sujud marang Sunan. Kethek-kethek iku ana rong perangan.
Perangan kang kapisan yaiku segerombolan kethek kang warnane coklat semu abang
lan perangan sijine warnane putih semu klawu. Sing ngajotke maneh yaiku
kethek-kethek mau bisa ngomong. Kethek mau siyap ngenteni utusane Sunan.
Sanalika Sunan tanggap ing sasmita. Piyambake nyuwun marang kethek supaya gelem
nglilakke wit jati diasta Sunan menyang kerajaan. Sabenere Kanjeng Sunan ora
mentala ngasta wit kang dadi papan uripe kethek mau, nanging piye maneh. Tanpa
mikir dawa kethek-kethek mau langsung lila yen wit mau diasta Sunan. Nanging,
kethek-kethek mau nduweni syarat supaya Sunan kersa ngasta kethek ngabdi ing
kerajaan. Kanjeng Sunan sansaya bingung maneh.
Tanpa ngenteni wangsulane Sang
Sunan, segerombolan kethek kang gedhe lan warnane coklat semu abang ngeploki
kancane tandha komandho. Dumadakan kethek-kethek liyane sing asale mung lungguh
ing buri langsung ngadeg. Bareng-bareng kethek-kethek mau ngambrukke wit jati.
Akhire kurang saka setengah jam wit jati sing dhuwure sepuluh meter mau kasil
diambrukna. Sunan Kalijaga sansaya kajot maneh lan bombong banget. Nanging,
piyambake bingung piye carane supaya kethek-kethek mau tetep manggon ing kono.
Tanpa komandho, kethek-kethek mau ngereo lan numpaki wit jati mau. Akhire
Kanjeng Sunan nugel wit jati dadi telu. Langsung wae kethek-kethek mau tiba.
Dumadakan kethek-kethek mau dadi sadhar. Tanpa ngenteni komandho maneh kethek
mau langsung baris kanthi tumata rapi. Sang Sunan pancen adil banget. Kanjeng
Sunan ora mundhut kabeh wit mau, piyambake mung mendhet sepertelone. Kanjeng
Sunan maringi wejangan maring kethek lan maringi jeneng panggonan mau dadi Guwa
Kereo. Sang Sunan maringi saben-saben gerombolan kethek putih lan abang karo
saprotelon tugelan wit jati mau.
Akhire Sang Sunan ngasta wit
mau maring Demak kanthi rikat banget. Nanging, tetep wae telat. Sanadyan telat,
Kanjeng Sultan tetep bombong karo Sunan. Semono uga Sunan-Sunan liyane. Sultan
lan Sunan-Sunan liyane ora nyana yen Sunan Kalijaga bisa kasil amarga sisih
kulon pancen ora ana wit jati ka sijia.
Patang saka guru mau akhire
didegake. Telung saka kang wutuh bisa ngadeg kanthi apik. Saka guru sing saka
Sunan Giri dipasang ing ngarep lan sisih kiwa pasujudane imam. Saka guru saka
Sunan Gunung Jati dipasang ing ngarep sisih tengene mejid. Saka gurune Sunan
Bonang dipasang ing sisih kiwa mburi. Saka guru sing saka Sunan Kalijaga mung
sepertelon. Nanging, Kanjeng Sunan ora kentekan akal. Wit kang mung sepertelon
mau disambung karo tugelan-tugelan wit saka Sunan-Sunan liyane mawa tali ijuk
kang gedhe paringane Sunan Giri. Ora kanyana-nyana, jebul saka gurune Sunan Kalijaga
kang sambung-sinambung mawa tali ijuk mau bisa ngadeg kukuh lan ora kalah karo
saka gurune Sunan Giri, Sunan Bonang, lan Sunan Gunung Jati sarta tetep kuwat
nganti saiki. Mung wae tali ijuk kang gedhe wis ora kuwat maneh lan kudu
diganti nganggo lempengan logam kuningan kang kudu dipaku kanthi kuwat. Saka
gurune Sunan Kalijaga dipasang ing jejere saka gurune Sunan Bonang. Akhire
mejid kang gedhe, amba, endah, lengkap, lan didama-dama dening Sang Nata bisa
ngadeg kanthi kukuh. Dene peresmian mejid Agung Demak dilakoni kelawan sholat
jum’atan bareng-bareng. Wengine digelar pagelaran wayang kulit sinambi nyiarake
agama Islam. Kanthi lelaku iki mau mejid kang gedhe lan agung iki bisa tetep
rahayu lan raharja nganti saiki.
Ida Zulaekhah ‘05
TAMBANG UYAH BLEDUK KUWU
Neng
Kabupaten Purwodadi Grobogan, Jawa Tengah, ana tambang uyah sing beda karo
tambang uyah liyane. Bedane, banyu uyah sing ditambang asale saka bledugan
lumpur panas sing ana neng daerah kono. Banyu sing asale saka bledugan lumpur
panas mau diileke neng jero sumur-sumur sing cethek, banjur ditimba lan
dilebokake neng jero plampang pring lan sateruse dipeme nggunakake panase
srengenge. Uyah sing diasilake saka daerah Purwodadi iku rasane luwih enak yen
dibandingake karo uyah saka banyu laut.
Miturut
crita saka masyarakat utawa penduduk daerah kono sing percaya karo critane
asal-usule uyah, sing papane saiki dijenengi bleduk kuwu. Critane diwiwiti saka
Kerajaan Medangkamulan sing dipimpin raja sing durung dhuwe permaisuri. Raja mau dhuwe kasenengan tilik neng desa-desa sing
dadi kakuasaane.
Sawijineng
dina, Raja mlaku-mlaku banjur tanpa sengaja nemukake endhog sing ukurane gedhe
kaya endhog angsa. Endhog mau ora digawa bali sang raja nanging diwenehake karo
tukang numbuk pari. Si tukang numbuk pari mau nyimpen endhog mau neng ngisor
tumpukan pari. Ora nyangka let pirang dina, endhog mau netes dadi anak naga,
saya suwe anak naga mau dadi gedhe lan jelma dadi naga sing gagah lan sekti,
gedhene padha glugu.
Naga mau dijenengi Jaka Linglung (Ngingklung). Naga
mau saya gedhe saya sekti lan bisa ngnomong kaya manungsa. Nanging naga mau
yaiku Jaka Linglung gawe ribut lan gawe warga utawa masyarakat neng desa kono
ora tenang lan tentrem amarga Jaka Linglung mangani ternak lan apa wae sing iso
dipangan dheweke.
Kedadean
mau wis dilaporake karo raja, nanging durung ana tanggapan. Sakutara iku
Jaka Linglung terus-terusan nakokake
sapa bapake lan saka ngendi asale. Amarga kangelan kanggo njelasake, banjur
tukang numbuk pari sing ngrumat Jaka Linglung mau ngomong yen bapakmu yaiku
raja Medangkamulan. Krungu apa sing dikandhakake tukang numbuk pari mau, Jaka
Linglung banjur mangkat menyang istana Medangkamulan.
Sakwise
neng istana, Jaka Linglung banjur nemoni raja ngaku yen dheweke anake Sang
raja. Raja Medangkamulan dhuwe tujuan nguji kesaktiane Jaka Linglung. Jaka
Linglung dikon buktekake yen dheweke bener-bener anakke Sang raja, Jaka
Linglung kudu lunga neng segara kidul kanggo ngalahake lan mateni musuhe Sang
raja sing wujude baya putih. Yen Jaka Linglung menang iku tegese Jaka Linglung
bener-bener anakke utawa sakwalikane. Nanging raja ngakon Jaka Linglung yen
dhewekw menyang neng segara kidul ora entuk liwat neng darat, lan nembe jebol
yen wis tekan neng papan sing kanggo menyang lunga neng segara kidul mau.
Karo
ati sumringah lan ngobar-ngobar, Jaka Linglung menyang lunga neng segara kidul.
Sakwise tekan neng tengah segara kidul Jaka Linglung ketemu karo baya putih lan
akhire pada perang lan dimenangake karo Jaka Linglung. Jaka Linglung bali liwat
jero lemah karo gawa kabar sing bakal nyenengake atine Sang raja Medangkamulan.
Nanging amarga lali karo papan panggone kerajaan Medangkamulan, Jaka Linglung
bola-bali nglakokake kasalahan. Dheweke jebol sadurunge tekan neng panggonan
sing dituju.
Jebule
dalan sing diliwati Jaka Linglung mau dadi dalan banyu uyah sing asalesaka
segara kidul. Pungkasane Jaka Linglung jebol neng Kuwu. Banjur dheweke nerusake
perjalanan nuju neng Kerajaan Madangkamulan liwat darat.
Sakwise
tekan Kerajaan Medangkamulan, Jaka Linglung ditampa tinggal ana neng Kerajaan
Medangkamulan. Nanging, Jaka Linglung tetep wae mangan lan nyolong ternak sing
ana neng daerah kono. Pungkasane raja ngakon Jaka Linglung tapa . awakke
blungker neng gunung kapur lan lambene menga ora entuk mangan yen ora ana
panganan sing tiba neng jero lambene.
Tekan
sakiki dalan sing dipercaya kanggo liwat lan jebol naga Jaka Linglung iku isih
ngandhung uyah. Lan papan panggonan sing pungkasan dienggo jebol Jaka Linglung
mau yaiku daerah Kuwu, banjur panggonan mau dijenengake ”Tambang Uyah Bleduk
Kuwu”.
Nur Fita ‘05
ASAL MULANE KUTHA SEMARANG
Cerita
rakyat Sunan Tembayat yaiku cerita lisan sing dituturke masysarakat
Kec.Tembayat Kab.Klaten, Prop.Jawa tengah. Cerita iki cepet nyebar ing
masyarakat amarga wujude lisan saka tutuk ing tutuk lan diwarisake karo
keturunane. Cerita iki duwe versi sing beda-beda amarga sifate sing lisan mau.
Cerita iki diwiwiti saka gambaran kerajaan Demak Bintara, kerajaan Islam sing
sepisan ing Pulau Jawa, rajane sing jenenge Raden Patah.
Raden Patah kuwi keturunane Brawijaya. Dheweke kawin
karo putri Tiongkok. Dheweke iku tekun, saka sikape iku dheweke bisa nggawe
kerajaan saingga uripe rakyate makmur lan bisa ngibadah kanthi tenang. Sakwise
Raden Patah seda, tahta kerajaan diganti karo anake sing paling tuwa, Pangeran
Sepuh utawa Pangeran Sepuh Sabrang Lor. Pangeran iku duwe anak lanang jenenge
Pangeran Made Pandan, Dheweke iku sing dikarepake dadi gantine Ramane.
Ananging, Pangeran Made Pandan ora gelem dadi Sultan. Dheweke pengen dadi ulama
gedhe kanthi cara tapa lan sinau bab agama.
Nalika
Ramane seda, kuwasa kerajaan dipasrahake karo pamane, Raden Trenggana sing
diangkat dadi Sultan Demak sing kaping telu. Pangeran Made Pandan banjur
ninggalake kasultanan Demak lan lunga saka kerajaan. Ora ana sing ngerti
lungane Pangeran Made Pandan ing ngendi. Pangeran
Made Pandan ing pangembaraane iku tetep sinau lan ngulangake agama Islam.
Pungkasane, Dheweke tekan papan sing jenenge Bergota, ing papan kuwi Pangeran
Made Pandan sinau lan ngulangake agama Islam. Dheweke nggawe pondok-pondok
pesantren kanggo para santrine. Kanthi njaluk ijin karo Sultan Demak, Pangeran
Made Pandan babat alas nggawe perkampungan lan pemukiman. Ana ing alas iku akeh
wit asem sing arang-arang wite, jarake adoh-adoh, dadine diarani Semarang
(asale saka kata asem”asam” lsn arang “jarang”).
Amarga tekun lan sabar mbimbing masyarakat ing wulangan
agama, Pangeran Made banjur misuwur karo jeneng Ki Ageng Pandanaran, banjur
ngedegake Kab.Semarang sing entuk restu saka Sultan Demak, banjur Ki Ageng
Pandanaran diangkat dadi bupati Semarang sing kaping pisan. Dheweke tekun lan
bijaksana mimpin pemerintahan.
Ki
Ageng Pandanaran duwe anak sing misuwur karo celukan Ki Ageng Pandaaran.
Pungkasane, Bupati Pandanaran (Pangeran Made Pandan) seda banjur disarekake ing
Pegunungan Pakis Aji (Telomoyo) sing manggon ing sisih wetan Bergota. Kuwasane Bupati Semarang digantikake karo Ki Ageng
Pandanaran, anake Bupati Semarang (Pangeran Made Pandan). Ki Ageng Pandanaran
tekun mimpin pemerintahan, ta’at karo wulangan-wulangan Islam kaya almarhum
Ramane. Nanging, rada suwi dheweke maleh beda, Dheweke biyen apik ing bab apa
wae nanging saiki dadi ala. Tugas-tugas pemerintahan dilalikake, pondok-pondok
pesantren lan papan-papan ngibadah iya ngono. Nanging, Sultan Bintara wis
ngerti ngenani kedadeyan kuwi. Sultan Demak wis ngelingake Ki Pandanaran saka
kongkonan-kongkonane, nanging ora entuk tanggepan namung inaan. Banjur Sultan
Demak nganakake pasamuan gedhe sing ditekani kabeh pejabat lan tokoh agama,
antarane para Wali Sanga. Kanggo ngemban tugas iku, Sunan Kalijaga dikongkon
karo Sultan Demak. Sunan Kalijaga nyamar dadi tukang suket sing nawakake sukete
ing halaman Kab.Semarang kanggo pakan jaran ingonane. Sakwise suket dituku
banjur dibongkar karo tukang jaran, lan ing jerone ana glondhongan emas.
Glondhongan emas kuwi diakoni duweke Bupati. Prastawa iku kalakon kanthi
bola-bali saingga emas sing ditampa jumlahe akeh banget lan Bupati dadi tambah
serakah.
Nalika
Tukang suket kandha karo Bupati ngenani glondhongan emas iku, Dheweke ora
ngakoni yen Dheweke nyimpen emas duweke Tukang suket. Mila Tukang suket meneng
wae lan pasrah karo Gusti, Dheweke donga njaluk diwenehi kalancaran bisa
ngalahake Bupati Semarang tanpa kekerasan. Tukang suket kandha karo Bupati,
umpama Bupati isih gelem emas sing akeh, Dheweke gelem mbantu. Sakwise krungu
omongane Tukang suket, Bupati banjur seneng karo isin banjur meksa supaya
cepet-cepet ngandhani papan emas kuwi.
Bupati
dikongkon maculi lemah ana ing ngarepe halaman kabupaten. Bupati isih isin
nanging Dheweke kepengen entuk emas sing akeh. Bupati terus maculi lemah ing
ngarepe kabupaten nganti Dheweke kesel lan eling karo tingkahe sing ala. Bupati
eling sakbenere Tukang suket iku ora wong biyasa amarga bisa ngrubah lemah dadi
emas. Dheweke eling sakbenere Dheweke wis kejrumus ing urusan donya.
Pungkasane, Dheweke takon sakbenere Tukang suket iku sapa, wangsulane yaiku
Sunan Kali Jaga, salah sijine wali sanga. Krungu ngono Bupati cepet-cepet
njaluk pangapura, karo Bupati gelem diangkat dadi muride Sunan Kali Jaga, nurut
syarat sing wis ditentukake. Sakbanjure Sunan Kali Jaga njaluk pamit arep
nglaporake karo Baginda Sultan Demak, lan Dheweke janji arep ngumbara.
Peninggale Sunan Kali Jaga, Bupati Pandanaran nyiapake pangumbaraane. Dheweke
iya sodakoh lan ngamalake bandhane kanggo fakir miskin kanggo netepi janjine.
Ki Ageng Pandanaran lan sisihane ngumbara kanggo nggoleki papan panggonan
kanggo nguwatake wulangan agama Islam, khususe ing Jawa. Pungkasane, Ki Ageng
Pandanaran netep ing Tembayat Klaten Jawa Tengah nganti seda banjur disarekake
ing Gunung Jabalkat. Nganti saiki makam Sunan Tembayat isih akeh ditekani
kanggo papan wisata ziarah dlam rangkaian ziarah Wali Sanga.
Supriyanti ’05
LEGENDA DESA BERAHAN
Miturut carita, menawa
Desa Berahan kuwi duweni legenda. Nalika ing zaman dhisik ing tlatah Kecamatan
Wedung iseh sepi wargane amarga iseh rupa alas. Ing sawijining dina teka
sawijining wong kang asma Kanjeng Raden Burhan, dheweke kuwi sawijining pemuka
agama Islam. Nalika wis tekan ing tlatah
Wedung, Kanjeng Raden Burhan mlaku terus nganti tekan Desa Berahan. Ing wektu
kuwi Desa Berahan uga iseh rupa alas, mula Kanjeng Raden Burhan dhuwe tekad
arep mbabati tanduran ing Desa Berahan nganti enthek. Kanjeng Raden Burhan
kersa mbabati amarga dheweke wis krasa krasan urip ing tlatah kana lan dheweke
uga wis dhuwe pepinginan arep urip utawa omah-omah ing kana.
Kanjeng Raden Burhan urip karo
bojone ing Desa Berahan. Ndhisike Desa Berahan kuwi durung dhuwe jeneng,
sakbubare tanduran wis padha dibabati karo Kanjeng Raden Burhan, dheweke teras
ngendika bilih tanduran kang ana kene kok akehe ngene yo, ambrah-ambrah ora
karuan, mula desa kuwi diarani Berahan.
Ndhisike wong kang urip ing
Desa Berahan namung Kanjeng Raden Burhan karo bojone, nanging saya suwe saya
akeh amarga saka anake dhewe Kanjeng Raden Burhan karo para warga saka desa
liya.
Amarga Desa Berahan gedhe,
mula dipisah dadi loro yaiku kang sisih wetan diarani Berahan Wetan lan kang
sisih kulon diarani Berahan Kulon. Berahan Kulon kang dadi panggonane Kanjeng
Raden Burhan sakulawarga.
Bedhane Berahan Kulon karo
Berahan Wetan ora namung panggonane, gedhene desa uga dadi bedhane. Menawa Desa
Berahan Kulon kuwi desane cilik, wargane sithik nanging bandha desane akeh.
Menawa Berahan Wetan desane gedhe, wargane uga akeh, desane kapisah-pisah maneh
dadi akeh dusun, lan bandha desane akeh. Kang dadi bates antarane Desa Berahan
Kulon karo Desa Berahan Wetan yaiku kali.
Sakniki Kanjeng Raden Burhan
kang dadi perintis Desa Berahan wis suwe seda. Kanggo ngormati jasane dheweke,
Kanjeng Raden Burhan dimakamake ing mburine Masjid Jami` Al Burhan, yaiku
masjid Desa Berahan Kulon. Nanging makame bojone Kanjeng Raden Burhan ing Desa
Wedung ora sesandingan karo makame Kanjeng Raden Burhan.
Ndhisike makame Kanjeng Raden
Burhan ora dirumati karo warga, nanging sakwise ana kadadeyan-kadadeyan kang
dianggep aneh mula para warga gotong royong mbangun makame Kanjeng Raden
Burhan.
Makam Kanjeng Raden Burhan
nganti sakniki iseh dirumati kanthi gemati mula isek apik. Menawa ana bagian
kang rusak cepet-cepet didandani. Kanggo ngenang jasane Kanjeng Raden Burhan
nalika tanggal 1 Sura dianakake khoul.
Neng Desa Berahan Kulon kuwi
ana Masjid Jami` Al Burhan kang sejatine kuwi gaweyane Kanjeng Raden Burhan.
Masjide kuwi ndhisike bangunane kaya Masjid Agung Demak. Ing Masjid Agung Demak
ana lawang bledege, ing Berahan Kulon masjide uga ana lawang bledege. Nanging
sakniki masjide wis akeh kang direnovasi amarga wis tuwa.
Nalika Kanjeng Raden Burhan
taksih gesang, dheweke dhuwe kawibawan lan sekti mandraguna lan disegani karo
warga. Anggone nyebarake agama Islam nganti ngrembaka.
Ing carita bilih putri Dewi
Amiswati putrane Prabu Brawijaya, raja Majapahit kang pungkasan, kepingin sowan
ing daleme kanjeng Raden Burhan amarga dheweke kepingin namba penyakit kulite.
Dewi Amiswati gandhane amis, gudhigen mula dheweke kepingin namba supaya waras.
Dewi Amiswati sakwise tekan ing Desa Berahan Kulon kepanggih kaliyan Kanjeng
Raden Burhan kang kaya disaranake, dheweke banjur diutus Kanjeng Raden Burhan
supaya adus ing Sendhang Kencana. Ing carita Sendhang Kencana kuwi panggonane
adus bidadari saka kahyangan, lan Sendhang Kencana kuwi dalan kang tumuju
kuburan ing Desa Berahan Wetan karo Dukuh Ketapang. Ing kuburan kuwi ana sumure
kang ajaib, banyune bisa kanggo tamba warga liya-liyane, menawa ana bayi kang
lair driji tangane utawa driji sikile kumpul, lan menawa ana bayi kang lair
embon-embonane wis thukul rambut putih yaiku namung ana embon-embon.
Kebeneran ana bayi loro lair
kang diajab mau ana. Mula banyu saka sumur mau bisa kanggo tamba warga kana lan
liya-liyane. Amarga ana kadadeyan kaya mau, ndadekake dukane Pemerintahane
Landa, amarga bisa nggawe cuwane dokter. Teras sumur mau diurug lan ditutup karo
Landa nganti sakniki.
Dewi Amiswati saklebare adus
ing Sendhang Kencana mau mbasuh pasuryane lan kulite dadi waras lan gandhane
malih dadi wangi, ora amis maneh. Kanggo mbales budine Kanjeng Raden Burhan,
Dewi Amiswati ora gelem bali menyang Majapahit nanging ngabdi karo Kanjeng
Raden Burhan lan gelem didadekake bojo. Saklebare Dewi Amiswati seda, dheweke
dimakamake ing mburine masjid Berahan Wetan, Kanjeng Raden Burhan dimakamake
ing mburine Masjid Jami` Al Burhan Berahan Kulon lan bojo kang tuwa dimakamake
ing mburine Masjid Al Falah Wedung. Asal usul tembung Wedung kuwi amarga
Kanjeng Raden Burhan mbabat alas ing kana, alate kang jenenge Wadhung ilang,
lan ilange kuwi ing kali mburine Balai Rama Wedung. Nganti sakniki Wedung dadi
nama Kecamatan.
Ndhisike carita wong-wong tuwa
cedhak karo ilange Wadhung ing kreteg, menawa ana wong kang liwat atawa
nyebrang ngambet gandha banger, banjur ngidu teras kemawon tutuke wong mau
perot.
Mula carita asal usul Desa
Berahan Kulon mau ditulis ing buku gedhe nganti kertase mangkak lan tulisane
nganggo tulisan arab gundul. Berahan saka tembung ambrah-ambrah ora karuan
maksude akeh bandha desane, wong jawa pakulinane ngucapake Berahan.
Ing Desa Berhan Kulon sisih
kidul ana masjid tiban amarga ujug-ujug ana masjid lan menawa wis mlebu wektu
sholat, bedhuge muni dhewe. Kadadeyan kaya mau ana terus naganti suwe. Amarga
ing wektu kuwi kampung masjid kana ana seni budaya barongan utawa jaran kepang
utawa jathilan lan wargane lali marang Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, kang dielingi
namung jathilan. Lan anehe masjid tiban mau sirna utawa ilang lan bedhuge
sakniki ana ing Masjid Terboyo Semarang lan ana tulisane Bedhug Berahan.
Bebarengan karo ilange masjid tiban mau, malah ana tiban maneh yaiku Balai Rama
ana ing sisih wetane lan madhepe adhep-adhepan karo masjid tiban mau. Balai
Rama sakniki taksih ana lan menawa wulan apit ana Sedekah Desa yaiku ringgit
kanggo ngresiki desa. Papan kang dhisike ana masjid tibane sakniki dibangun
Mushola Al Falah.
Yani
Yuliyanti ‘05
Legenda Bledug Kuwu
Nalika Jawa isih kabagi-bagi dadi kali gedhe kang bakale diarani
kali Lusi,ing sisih lor diarani pauceti artine yaiku pulau sing asri. Ing sisih
kidul diarani Yawa Dwipa,nduweni arti yaiku pulo loro sing pemerintahane dadi siji.
Panggonan loro mau ditekani suku-suku hindhu kang manggon ing Yawadwipa kang
urip ing kraton Kelet sing dipimpin Panangkarutawa Prabu Dewoto Cengkar.
Masyarakate diarani Keling amarga wong-wong padha nganggo anting-anting ing
kuping, gelang ing tangan, irung, lan gulu. Amarga Prabu Dewata Cengkar seneng
mangan daging manungsa mula akeh masyarakat Kelins singpadha pindah ing
Kalingga.
Sawijining dina ing negara Kalingga ana piyantun 3 kang
kaombang-ambing ing laut,piyantun 3 iku mau jenenge Ajisaka, Duro lan Sembodo.
Amarga dianggap asing mula piyantun 3 iku didhawuhi dening Sri Maha Datu Sima
Dewi Kalingga lan diwenehi ukuman yaiku Ajisaka dadi abdi ing kraton dene Duro
karo Sembada dadi abdi ing kapatihan. Amarga piyantun 3 iku mau agamane Islam
mula piyantun 3 iku diusir saka Kalingga amarga dikuwatirake bisa ngasut
wong-wong Kalingga padha pindhah Islam lan ninggalke Hindhu. Carane yaiku
piyantun 3 iku mau difitnah,sawijing dina utusane raja Kalingga ndokokake
barang ing ngempere omahe Ajisaka,banjur digawa mlebu Ajisaka. Saka kadadeyan
iku Ajisaka karo Dura lan Sembodo diukum kang ditali ing kali gedhe amarga wis
wani-wanine njupuk barang sing dudu duwekke.
Ing dukuh Kamulyan ana Mbok Randha Cangkek kang nduweni anak
wadon jenenge Wuyung Wulan, nalika iku Mbok Rondho ditekani utusan saka Medang
Kamulyan kang njaluk upeti nanging Mbok Randha ora bisa mbayar amarga ora duwe
duwit banjur gantine Wuyung Wulan dadi nduwekke Dewata Cengkar. Saking bingunge
Mbok Randha banjur lungaarep bunuh diri nyebur ing kali gedhe. Nalika tekan
kali Mbok Randha nemokake piyantun 3 iku banjur ditulungi, rumangsa utang budi
Ajisaka banjur ngepek Mbok Randha dadi bojone. Sawijining dina Mbok Randha
ngaku yen dhewekke isih nuweni anak wadon ing omah, ing Medang Kamulyan Wuyung
Wulan sing ditinggal ibune saben dina nangis wae kang dikancani pitik jagone
yaiku Grenteng arane.
Nalika Ajisaka, Mbok Randha, Dura lan Sembodo tumekan ing
omahe, Wuyung Wulan isih nangis nganti ora ngerti yen ana tamu ing ngarep
omahe. Amarga ora tega weruh Wuyung Wulan kaya ngana banjur ditulungi lan
dibopong dening Ajisaka. Sanalika Wuyung Wulan kaget, ana priya gantheng
nulungi dhewekke. Wuyung Wulan kang tanpa busasa rumangsa isin amarga korat
manine tumetes ngenani murate Wuyung Wulan. Grenteng uga ndang gage nothol urat
mani iku kang dikira jagung. Ora suwe Pakuojo Nayoko utusane Dewata Cengkar
kang nduweni niat njaluk upeti tumeka ing omahe Mbok Randha, sanalika geger
karo Sembodo banjur perang tanding. Sawise iku Ajisaka gelem ngganteni Wuyung Wulan
dadi tumbal kanggo Dewata Cengkar. Sadurunge dipangan dening Dewata Cengkar,
Ajisaka nduweni kekarepan yaiku njaluk lemah kang ombone saukuran karo serbane.
Dewata Cengkar nyanggupi kekarepane Ajisaka banjur serban dijereng lan nalika
Dewata Cengkar ora waspada Ajisaka nancepake keris ing gulune. Sanalika gulu
karo sirahe Dewata Cangkar pisah dadi loro lan diguwang ing Segara Kidul. Saka
iku Dewata Cengkar njalma dadi Jin Bajul Putih.
Sawise Dewata Cengkar mati, Medang Kamulyan ora nduweni raja
banjur Ajisaka diangkat dadi raja dene Wuyung Wulan diangkat dadi permaesurine.
Gelem ora gelem Mbok Randha kudu nampa iku kabeh senajan dhewekke uga uwis
ngandhut jabang bayi. Mbok Randha ora kepingin anakke urip mula wetenge
diremes-remes supayane anakke matinanging anakke ora mati banjur lair kanthi
awak kang cacat kaya ula. Ajisaka krasa isin nduweni anak kang cacat kaya
mangkana kang mlakune ngosel-osel ing lemah kaya ula. Ajisaka banjur semedi
njaluk petunjuk dening Sabg Hyang Widhi, saka semedi iku Ajisaka oleh pepadhang
supayane anakke diruwat nglakoni tapa brata ing Oro-oro Ombo kanthi dikawal
pamong 9 yaiku Roro Dukun, Roro Beser, Roro Denok, Roro Penganten, Roro
Jangkung, Roro Pekik, Jaka Tuwa, Jaka Bledug kanthi diiringi 7 kebo ireng.
Sadurunge budhal menyang Oro-oro Ombo anakke diwenehi jeneng Jaka Linglung.
Sawise tumekan ing Oro-oro Ombo, Jaka Linglung didhawuhi pasa ora kena mangan
apa-apa ananging saben dina Senin Wage mangane pitik panggang lan dina Jum'at
Legi mangane jenang cethil.
Ing Medang Kamulyan, Wuyung Wulan lagi ngandhut nanging
Ajisaka katon sungkawa (sedih) mikirake nasibe Jaka Linglung. Nalika iku
utusane Jin Bajul Putih yaiku Titi Mungil lan Tepenggreges tumeka ing Medang
Kamulyan, nduweni niat arep njaluk tumbal yaiku getihe wong-wong Medang
Kamulyankang cacahe 100 wong. Yen ora diwenehi mula dadi gantine Ajisaka karo
Wuyung Wulan dadi tumbal kanggo Jin Bajul Putih,Ajisaka nesu banjur nundhung
minggat jin loro mau.
Sabubare iku Medang Kamulyan kena pageblug saka jin-jin kang
sengaja njarah getihe wong-wong Medang Kamulyan, Ajisaka bingung banjur semedi
njaluk petunjuk marang Sang Hyang Widhi. Saka semedine iku kang bisa ngilangke
pageblug-pageblug iku mau yaiku Jaka Linglung. Ajisaka ngutus Duro lan Sembada
dhateng Oro-oro Ombo supaya Jaka Linglung sowan ing kedaton, maksute yaiku
ngutus Jaka Linglung mateni Jin Bajul Putih kanggo katentremane wong-wong
Medang Kamulyan. Jaka Linglung karo pamonge budhal tumuju ing kraton banjur
ngaturaken sembah sujud ing ngarepe Ajisaka, karo nangis Ajisaka medhar sabda
ngutus Jaka Linglung nanging Jaka Linglung kanthi ikhlas nglaksanakake dhawuhe
bapake. Jaka Linglung nyuwun pangestu banjur budhal tumuju ing Segara Kidul,
sawise tumeka ing Segara Kidul Jaka Linglung banjur sowan ing kratone Kanjeng Ratu
Kidul saha nyuwu petunjuk. Saka petunjuk-petunjuk Kanjeng Ratu, Jaka Linglung
bisa mateni Bajul Putih. Nalika iku Bajul Putih nduweni jimat Gineng Suket
Grinting warnane Wulung panggonane ing njero elak-elakan lambene, supayane
Bajul Putih gelem mbukak lambene Jaka Linglung njoget-njoget lucu. Nalika Bajul
Putih ngguyu lan ora waspada Jaka Linglung njupuk Ajian Gineng Suket Grinting
lan mateni Bajul Putih.
Supayane ora konangan para jin liyane, Jka Linglung diutus
supaya metu njero lemah kanthi ngetotake cahyo putih. Yen durung tumekan ing
Oro-oro Ombo Jaka Linglung ora oleh metu saka njero lemah amarga iku salah
sijine ruwatan supaya Jaka Linglung bisa kaya manungsa normal liyane. Saka
ruwatan iku ana sawijining larangan kang ora oleh dilanggar dening Jaka
Linglung yaiku ora kena noleh mburi. Durung nganti rampung anggone nglakoni
ruwatan iku Jaka Linglung kang kesel banjur njebol saka njero lemah. Anjebole
Jaka Linglung iku sing diarani Bledug Kuwu amarga ana suwara-suwara
dug…dug…dug…kaya bedug lan ngetokake unthuk (gelembung) sing panas lan asin,
yen Kuwune iku merga anjebole Jaka Linglung ing desa Kuwu. Jaka Linglung mikir
kanapa lelakone iku ora rampung-rampung banjur dhewekke noleh mburi amarga
penasaran karo larangane Kanjeng Ratu. Sanalika Jaka Linglung kaget amarga
Kanjeng Ratu Kidul ana ing mburine kang melu ngetutake lelakone Jaka Linglung.
Amarga kuciwa karo tumindake Jaka Linglung sing ora manut miturut dhawuhe
Kanjeng Ratu Kidul sanalika Jaka Linglung disabda yen nasibe dhewekke ora bisa dirubah
maneh. Jaka Linglung nangis banjur mulih ing Medang Kamulyan.
Ing Medang Kamulyan, Wuyung Wulan kang wis nglairke ankke
kanthi sehat tanpa cacat nggawe Ajisaka katon bungah ananging isih nduweni
penggalih mikirake Jaka Linglung kepiye nasibe yen ngertani adhine lair normal
tanpa cacat kaya dhewekke. Nalika Jka Linglung tumekan ing Medang Kamulyan,
dhewekke banjur sujud ing ngarepe Ajisaka. Ajisaka rada bingung amarga anakke
katon ora seneng wis nindakake ugas kanthi asil kang apik. Jaka Linglung menehake
Ajian Gineng Suket Grinting Wulung kanggo tandha yen dhewekke berhasil mateni
Bajul Putih. Suket iku banjur disimpen ing Medang Kamulyan kanggo jaga-jaga
mbok manawa ana jin-jin kang ora trima yen Bajul Putih mati lan nuntut balas.
Tumakan saiki wong-wong Medang Kamulyan ing Grobogan isih percaya yen suket
Grinting Wulung iku bisa nolak balak, mula wong Medang Kamulyan padha njupuk
suket iku yen ana keluargane sing lara.
Jaka Linglung kuciwa lan ora pingin urip suwe-suwe maneh
amarga isin nduweni fisik kang cacat kaya ngana, Ajisaka ora tegel yen ngingeti
anakke kaya ngana banjur budhal tumuju ing Segara Kiduk kanggo takon marang
Kanjeng Ratu Kidul kanapa ruwatane Jaka Linglung ora ana kasile . Sawise
diterangake denng Kanjeng Ratu, ananging Kanjeng Ratu kepingin yen Jaka
Linglung dadi senopati ing segara Kidul sawise Bajul Putih mati. Ajisaka banjur
njaluk ngapura lan pamitan mulih ing Medang Kamulyan. Tumakan ing Medang
Kamulyan Ajisaka ndawuh Jaka Linglung semedi ing Oro-oro Lencong lan oleh
mangan apa wae kang tumempel ing lambene. Sasuwene ditinggal Jaka Linglung
Medang Kamulyan diserang musuh lan dikuwasai saka kerajaan liyane dene Jaka
Linglung nembe tapa ing gunung. Iku dadi pungkasane lelakone Jaka Linglung.
Yani
Herawati ‘05
KI AGENG PANDANARANG
ING BABAD TANAH JAWI II
Pangeran pandangarang kuwi
bupati ing semarang kang kaya raya,nanging deweke lali marang tugase kang dadi
bupati.Pangeran pandangarang mung mentingake kepentingane dewe,ora tau mikirake
rakyate.gaweane mung njukuki pajak marang rakyat lan ngutang – ngutangake duwit
marang pedagang.Banjur teko salah sijining wali kang jenenge sunan
kalijaga,sunan kalijaga nyamar dadi wong kang adol suket ning pasar
semarang.Pangeran pandangarang tuku suket kang di gawa sunan kalijaga,kaggo
ngetes keimanan pangeran pandangarang,ning njero suket mau di seseli emas
banjur suket mau di terake ning pangeran pandangarang.sawise suket mau di bukak
marang pekatike pangeran pandangarang weruh yen ning njerone ono emase,banjur
pangeran pandangarang ngongkon pekatike goleki sing dodol suket mau,yoiku sunan
kalijaga.Ngesok-esoke sunan kalijaga teko maneh kanggo ngeterake suket pesenane
pangeran pandangarang,pangeran ngarepake yen neng njero suket iki ono emase
maneh.suket mau arep dibayar karo pangeran pandangarang sak gedhe 25
ketheng,nanging sunan kalijaga ora gelem nanging njaluk bayaran yaiku suara
bedhug ning semarang.sunan kalijaga di usir lan di ece marang pangeran
pandangarang,sunan kalijaga ngandhani yen pangeran ojo edan bondhomSunan kalijagaq
buktiake marang pangeran,lemah ing pendapa dipacul iso metu bongkahan-bongkahan
emas.Pangeran pandangarang kaget lan wedhi weruh mau,banjur pangeran njaluk
ngapuro lan pengen dadi murid sunan kalijaga.Pangeran pandangarang gelem
nglakoake apa wae sing penting bisa dadi muride sunan kalijaga,banjur sunan
ngomong marang pangeran yeng pangeran kudu nyusul ing gunung jabalkat,Pangeran
pamit marang bojo lan selir-selire.harta lan bondho di warisake marang anak
cucune lan tugase dadi bupati di warisake punggawane.
pangeran pengen dadi santri
kang sejati,pangeran nyusul ing gunung jabalkat karo bojone kang pertama yaiku
Nyi ageng kaliwungu.pangeran wis ngomong karo nyi ageng kaliwungu yen ojo
nggowo harta lah bondho,nanging nyi ageng kaliwungu ngeyel nggawa bondho kang
di umpetake ing tongkate.Pangeran ngerti yen bojone mau gawa bondho nanging di
nengake wae.tekan tengah ndalan pangeran dirampok karo wong 3.pangeran menehake
kabeh bondhone termasuk tongkat kang di gawa Nyi ageng kaliwungu,banjur kutha
kuwi mau di kei jeneng salatiga.pangeran pandangarang mlaku ndisik,banjur nyi
ageng kaliwungu nyusul pangeranmnyi ageng kuciwo karo sifate pangeran kang
ngeneng ake bojone di rampok,banjur Nyi ageng ngoneake pangeran BOYOLALI kang
tegese bojo sing lali marang istrine,banjur jeneng boyolali mau dadi jeneng
kutha.Pangeran pandangarang wis oara gawa bondho babar blas,nanging karo
peranpok mau di oyak lan di cegat maneh.grombolan perampok mau di pimpin karo
ki Sambangdalan,jengkel weruh sifate kisambang dalan kang wis kelewatan.banjur
pangeran ngoneake yen king sambang dalan iku kaya wedhus,banjur raine kisambang
dalan dadi wedhus.ndelok raine dhewe kisamnag dalan kanget lan wedhi,banjur
njaluk ngapuro marang pangeran lan pengen dadi pengikute.ki sambang dalan banjur
melu pangeran menyang gunung jabalkat,tekan kono ditemuake mesjid cilik banjur
ki sambang dalan di nei tugas kon ngisi genthong ngasi kebak nanging ora kena
turu.Sunan kalijaga nyusul ing gunung jabalkat,sunan kaget weruh raine ki
sambang dalan,banjur di takoni opo penyebabe raine dadi wedhus.ki sambang dalan
cerita marang sunan lan banjur di baleake raine kisambang dalan koyo asline
maneh.ning mesjid kuwi pangeran pandangarang jenenge di ganti dadi pangeran
tempayat kang tugase dakwah ing daerah sekitar gunung jabalkat,lan ki sambang
dalan jenenge dadi syeh domba.pangeran tempayat utawa sunan tempayat dadi
pembantu ing omahe ki tasik,kang tugase ngewangi nyi tasik dodolan serabi lan
carabikan ing pasar wedhi.ing sawijining dino pangeran tempayat lali ora gowo
kayu bakar kanggo goreng serabi,pangeran di seneni entek-entekan marang nyi
tasik.kanggo ganti kayu sing lali di gawa mau tangane pangeraqn kang didadeake
kayu bakare.ndelok pembantune kang aneh kaya mau banjur nyi tasik cerita marang
ki tasik,banjur deweke wong loro njalu ngapura marang pangeran tempayat,lan
janji pengen melu ajaran islam,ki tasik lan nyi tasik ngewangi sunan tempayat
ngislam ake warga –warga sekitare.
Ridwan ‘05
LEGENDA DESA BONANG
Kedadeyan prastawa iki nalika
masa kerajaan Demak. Kurang luwihe critane yaiku miturut wong tuwa nalika masa
kerajaan Demak, Sunan Bonang entuk undangan saka Raden Patah, pendiri kerajaan
Demak sing sakdurunge njabat dadi Bupati Demak. Sunan Bonang nindakake
perjalanan kanthi liwat dalan laut lan darat. Perjalanan lewat laut diadani
kanthi numpak prau. Sunan Bonang uga salah sijine wali sanga sing nyiarake
ajaran islam ing tanah jawa.
Sunan Bonang uga kalebu wong
sing duweni ada-ada arep ngedegage kraton lan Masjid Demak. Ana ing perjalanan
darat, Sunan Bonang ketemu karo pemuda sing jenenge Raden Said ing alas
Jatiwangi. Raden Said diusir karo wong tuwane saka kadipaten tuban amarga
konangan seneng ngrampok bandhane tuan tanah lan hartawan sing sugih . bandha
rampokan mau banjur dibagiake karo fakir miskin. Masyarakat nyebut dheweke
Brandal Lokajaya. Ing kana Sunan Bonang dicegat karo Raden Said arep dirampas
bandhane, nanging Sunan Bonang namung nggawa teken sing gagange digawe saka
emas.
Sakwise cedhak, Raden Said
ngadhang jangkahe Sunan Bonang sing ngganggo klambi jubah putih. “Wong tuwa,
ketoke kowe ora wuta. Kowe uga isih kuwat mlaku, kenapa kowe ndadak nggawa
teken?” pitakone Raden Said.
“Nganggo teken iki aku ora
bakal kesasar meskhi aku mlaku nang dalan sing peteng.” Jawabe wong tuwa iku.
Nanging saiki isih padang, yen tanpa tongkat
iku kowe isih isa mlaku apik.” Bantahe Raden Said.
Wong tuwa iku mandeng Raden
Said. Praupane ngetokake sifat welas asihe nanging pribadine agung lan wibawa.
“Tongkat iku pegangan, wong urip utawa mlaku kudu duweni cekelan supaya ora
mlaku neng dalan sing nyesatake.” Kandane wong sing berjubah putih.
“Aku pengen weruh tekenmu,”
Kandhane Raden Said.
“Saka weruh isa nuwuhake rasa
pengen duweni. Ora apik duweni nggene wong liya.” Kandhane wong sing berjubah
putih.
Tanpa ngomong Raden Said
ngrebut teken iku nganti wong ngganggo jubah putih iku tiba ndeprok ana ing
lemah. Raden Said ndeleng teken kuwi, aneh, teken sing asale gagange emas maleh
dadi kayu biasa. Sawetara Sunan Bonang susah payah ngadheg karo ngetokake eluh
wong sing ngganggo jubah putih iku nangis. Raden Said tambah gumun.
“Aja nangis wong tuwa, iki
tekenmu tak balekake.” Kandane Raden Said karo ngulungake teken sing dicekeli.
“Aku ora nangis amarga tekene
kok rebut, nanging aku ngrasa nyesel lan dosa. Karana aku tiba lan ora sengaja
aku njabut suket sing ora salah.” Kandhane wong sing berjubah putih.
“Mung suket sagagang kowe
ngrasa dosa?” Pitakone Raden Said.
“Suket uga makhluke Gusti
Allah. Aku njabut suket iki tanpa ana gunane, yen aku njabut kanggo pakan
ternak ora apa nanging yen kanggo tak
sia-sia iku dosa.”
Raden Said kaget krungu ucapan
filosofis iku. “Napa kowe tega tindhak kasar karo wong tuwa.”
“Aku pengen bandha.” Jawabe
Raden Said.
“Kanggo apa?” Pitakone wong
berjubah putih.
“Arep takwenehake karo fakir miskin.” Jawabe Raden
Said.
“Apik niatmu, nanging cara sing kok anggo iku
salah, omonge wong sing Berjubah putih.
“Apa maksudmu?”
“Allah seneng karo barang apik
lan mung nerima amal saka barang sing apik lan halal.” Jawabe wong sing
berjubah putih. Raden Said tambah kaget krungu ucapan iku. “Jelase, Allah ora
nrima sedekah sing haram. Dadi sia-sia sedekah sing kok wenehake saka hasil
ngrampok saksuwene iki. Yen kowe pengen bandha. Iki njupuken! Iki bandha
halal!” ngomong kaya kana wong berjubah putih kuwi karo nuduhake wit aren.
Saknalika wit mau dadi emas. Pange, godhonge, wohe, lan sakabehane dadi emas.
Raden Said ngerahake ilmune. Dheweke ngira yen wong tuwa mau ngerahake ilmu
sihire. Yen wong tuwa iku ngerahake ilmu sihir mula nganti gampang dheweke isa
nangkal. Nanging dheweke kecele. Wong tuwo mau ora ngetokake ilmu sihire. Wit
kuwi bener-bener wis maleh dadi emas.
Raden Said gumun, dheweke
nyoba menek wit iku, arep njupuk wohe sing cemlorot. Durung nganti tekan dhuwur
wohe wis padha rontok nibani sirahe nganti Raden Said semaput. Nalika Raden
Said sadar. Wit aren mau mbalik asal. Wohe sing mau rontok warna emas maleh
dadi ijo kaya woh aren biasane. Raden Said celingukan, nggoleki wong tuwa
berjubah putih sing mau ngrubah wit aren dadi emas. Nanging tuwa mau wis ora
katon maneh. Sadar Raden Said yen wong tuwa mau iku sakti sing duweni ilmu
tinggi. Bokmenawa golongan para ulama’ utawa para wali. Saknalika Raden Said
nggudhag wong tuwa mau. Dheweke kepingin dadi muride.
Sakwise ngerahake tenagane
dheweke lagi isa weruh bayangane wong tuwa iku saka adohan. Wong tuwa iku alon
olehe mlaku, nanging Raden Said durung isa nyusul. Sakwise nafase arep entek,
raden said lagi isa nyusul wong tuwa iku ing pinggir kali. “Ana apa kowe nyusul
aku?” Pitakone wong tuwa iku.
“Gelema kirane kowe nrima aku
dadi muridmu.” Omonge Raden Said.
Wong tuwa iku ora liya yaiku
Sunan Bonang sing gelem nrima Raden Said dadi muride. Nanging raden Said kudu
ngliwati ujian kasetyan. Sunan Bonang nancepake tekene ing pinggir kali. Raden
Said diperintah nunggu teken iku. “Sanggup kowe nrima syarat iki?” Pitakone
Sunan Bonang.
“Sanggup Kanjeng Sunan.”
Jawabe Raden Said.
Sunan Bonang nerusake lakune
menyang Masjid Demak. Bali Raden Said kaget weruh Sunan Bonang mlaku ing dhuwur
banyu kaya mlaku biasa ing daratan. Tambah mantep niate Raden Said berguru karo
Sunan Bonang. Bareng nyabrang kali Sunan Bonang nerusake lakune.
Saksuwene mlaku Sunan Bonang
nduweni niat arep ngaso, ana ing papan ngasone Sunan Bonangkrungu ana wong sing
lagi dolanan bonang. Sebab ing pemukiman iku akeh pengrajin sing padha nggawe
bonang saka kuningan, salah sijine perangkat gamelan sing digunakake nggiringi
musik ana ing pagelaran ringgit. Wiwit wektu kuwi desa kasebut dikenal kanti
jeneng bonang nganti saiki.
Ing bonang uga ngadeg masjid,
masjid kuwi miturut crita adhike Masjid Demak. Ngadege Masjid Al-Karomah kuwi
aga ana campur tangane Sunan Bonang, nalika ngaso ing pemukiman kana, wancine
shalat dzuhur, Sunan Bonang arep shalat, nanging ora ana Masjid. Ing kana Sunan
Bonang ngajak para warga bareng-bareng ngedegake Masjid lan dadi Masjid
Al-Karomah iku.
Al-kisah, Sunan Bonang lali
karo Raden Said sing dikon nunggoni tekene ing pinggir kali. Iku wis lumaku
nganti wulan-wulanan suwene malah ana sing nyebutake taunan. Sakwise iling
Sunan Bonang bali nemoni Raden Said. Sunan Bonang pengen weruh apa raden said
setya nunggu tekene. Sunan Bonang kaget sakwise weruh Raden Said sing tetep
setya nunggu tekene ing pingir kali nyambi semedi. Miturut sumber liya Raden
Said donga marang Gusti supaya diturokake kaya gusti nurokake pitu pemuda ing
Goa Kahfi taunan suwene.
Dongane raden Said dikabulake.
Dheweke isa turu taunan saengga awake dirambati oyot lan godhong wit-witan.
Suna Bonang lagi isa nangekake sakwise ngetokake suara adzan. Cara liya ora isa
kanggo nangekake Raden Said. Sakwise raden said tangi dheweke diajak nang
panggonane Sunan Bonang. Nang kana dheweke diwenehi pelajaran agama tingkat
tinggi. Amarga saka keuletane Raden Said dheweke isa marisi kabeh ilmu Sunan
Bonang. Karana Raden Said tau tapa utawa turub ana ing pinggir kali taunan
sakwise dadi wali, dheweke disebut Sunan Kalijaga. BAju takwa, Perayaan
sekaten, Grebeg Maulud, Layang Kalimasada, lakon wayang Petruk dadi Raja, kuwi kabeh ciptaane Sunan
Kalijaga.
V A PRL ‘05
KUTHA SEMARANG
Nalika jaman biyen ing Kraton
Demak ana Pengeran kang arane R. Made Pandan. Kajaba dadi penggedhene kraton,
dheweke uga dikenal kang duweni utawa mumpuni babagan agama islam, mulane
diajeni marang warga. R. Made nduweni anak lanang sing jenenge R. Pandanarang.
Sanajan anake wong kraton, nanging Pandanarang ora trus banjur sombong. Malah
dheweke dikenal dadi wong sing apikan,lembah manah, grapyak, ngerti ungah ungguh,
lan bekti marang wong tuwane.
Salah sawjining dina, R. Made
Pandan kepengen ngajak anake lunga menyang Kesultanan Demak, nanging durung
genah kapan wanci dinane.
Pandanarang isih rembukan karo
kanca-kancane, banjur diundang bapake,“Ngger, mrenea dhisik!”
“Mengko dhisik ya kanca-kanca,
aku ditimbali Rama, mengko diterusake maneh anggone cerita.”
Kancane padha sumaur
bareng-bareng, “oh iya, kana marana dhisik, tak enteni ana kene.”
“Wonten menapa Rama?”
“Kene ngger, lungguha ana
sandhingku, aku arep ngomong lan tawa marang kowe, nanging iki yen kowe gelem,
yen ora gelem ya kena wae, aku arep lunga ngajak kowe menyang kesultanan Demak,
nanging durung genah kapan wancine, kowe gelem melu ora ngger?’’
Ora nganti mikir suwe-suwe,
Pandanarang langsung nyaguhi bapake.
“Kula purun Rama.’’
“Kenapa langsung wae mbok
saguhi anggone Rama iki ngakon, apa ora mbok pikir dhisik, perkarane anggonku
ngejak kowe lunga iki ora sedhela, kowe mengko bakal ninggalake kanca-kancamu
sing ana kene.’’
“Boten Rama, kula ndherek lan
manut Rama kemawon, mangke rencang-rencang kula paringi ngertos, kula boten
kepengen tebih saking Rama, amagi Kanjeng Ibu mawon sampun tilar donya.’’
“Ya uwis yen karepmu ngono,
karepku ngajak kowe, supaya kowe entuk kawruh urip saka njaba kraton kene, mengko
yen wis wayah wancine lunga kowe tak kandhani. Wis kana, terusna anggonmu
rembukan karo kanca-kanca.“
“Inggih Rama’’sumaure
Pandanarang kanthi alus.“
Pandanarang banjur bali nemoni
kanca-kancane, “Kanca-kanca, aku mau dkandhani marang Rama yen aku arep dijak
lunga menyang Demak, nanging aku ora tegel ninggalake kowe kabeh.’’
“Ya uwis kana Pandanarang,
mbok menawa anggonmu lunga kuwi, bisa ndadekake kawruh uripmu tambah akeh, kene
ora apa-apa kok.’’ Ngono kuwi sumaure salah sijining kancane Pandanarang.
“Ya, matur nuwun ya, aku ora bakal nglalekake kowe
kabeh. ’’
Bareng wis wayah wancine, R.
Made lan Pandanarang mangkat menyang Kesultanan Demak lewat sisih
kulon.Pandanarang pamitan marang kanca-kancane sing arep ditinggalake“Aku lunga
dhisik ya kanca-kanca, dongakna muga-muga dhewe bisa ketemu maneh’’.
Kanca-kancane padha sumaur,
“Ati-ati ya ana kana, mesthi awake dhewe bakal ketemu maneh’’.
Sawise pirang-pirang dina
anggone mlaku, tibake tekan ana ing papan sing subur .Amarga papan kang
ditekani kuwi mau dirasa kepenak, mula R. Made gawe alas lan ngedekake omah ana
kono.
“Pandanarang, Rama kok ngrasa
papan kene iki kepenak kanggo gawe alas, amarga lemahe iya subur ngene, piye
ngger, karo dhewe ngedekake omah lan pondok pesantren ana kene?”
“Wah kula sarujuk mawon
kalihan kanjeng Rama punika.”
R. Made banjur ngakon
prajurite nggawe omah lan pondok ana kono. Wiwitane sing padha melu ya mung
abdi-abdine dhewe sing dadi murite. Suwe-suwe akeh wong sing padha kepengen
sinau lan manggon ing papan kono.
R. Made Pandan tansah urip
seneng karo anake lanang. Dheweke duweni pangarep-arep supaya besuk anake bisa
nggenteni bapake dadi guru agama islam ing papan kuwi. Salah sawijing dina, R.
Made krasa yen dheweke arep bali menyang Gusti Allah, mulane sakdurunge mati,
dheweke duwe wejangan marang anake.
“Ngger, yen aku mati mengko
kowe aja pedhot panggayuhmu. Terusna anggone Rama iki ngajarke agama ana ing
papan kene lan marai olah-olah tetanen. Ojo pisan-pisan kowe ninggalake papan
iki. Kencengna atimu, lan manuta marang warahane Para Wali. Insya Allah uripmu
besuk mulya, slamet donya akhirat.’’
Krungu wejangan sing kaya
ngono kuwi, luhe Pandanarang tumetes.
“Kanjeng rama kenging menapa
ngendikan kados mekaten? Kula mangke kalihan sinten Rama?’’
“Wis ngger anakku, kowe kuwi
anake rama, kowe kudu kendel lan bisa nglakoni urip iki kanthi lila, mengko yen
aku ora ana, ojo lali ya ngger marang wejanganku mau?’’ Mung pasrah marang
Gusti, Pandanarang wis lila yen Ramane arep ngadhep marang Pangeran.
“Inggih Rama, sedaya wejangan
ingkang Rama ngendikakaken badhe kula lampahi.’’ Mengkana wangsulane
Pandanarang karo kamisesegen.
R. Pandanarang mesthi kelingan
terus lan nglakoni marang apa kang diwejangake Ramane sakdurunge seda. Apa kang
dadi wejangan kuwi mau dilakoni. Tibake kabeh anggone ngupaya ora siya-siya.
Amarga sangsaya suwe papan kuwi dadi papan kang subur, kabeh wit-witan kang
migunani tuwuh kanthi apik. Ora let suwe, wong-wong sing saka njaba utawa papan
liya padha teka lan manggon ana kono lan padha dadi murite R. Pandanarang.
Ing salah sawijing dina nalika
isih nggarap sawah Pandanarang weruh ana sing aneh. Amarga neng dhuwur lemah
sing subur kuwi, ing sela-selane wit-witan
sing ijo ketok ana wit asem kang tuwuhe arang-arang. Wong-wong
sing ndelok padha gumun mergane let wit asem sing siji lan sijine tuwuhe
arang-arang.
“Ngapa kok wit asem iki tuwuh lete padha
adoh-adohan ngene. Kamangka lemah neng kene subur
banget. Mesthine wit asem kuwi tuwuh kanthi let ora sing adoh ngono.”
“Leres Raden, kula nggih gumun
kok saget mekaten,’’ wangsulane wong-wong kang padha melu dheweke.
“Pancen iki perkara kang aneh
banget,’’ karo gumun Pandanarang anggone nyawang.
R.Pandanarang ngomong, “Yen
ngono papan kene tak wenehi jeneng SEMARANG.’’
“Wah endah sanget punika
Raden, leres kalihan kahananipun,“ wangsulane salah siji prajurite.
Diarani SEMARANG, yakuwi saka
tembung asem sing tuwuhe arang-arang. Banjur sakwise kuwi Pandanarang diangkat
dadi pemimpin lan gelare Ki Pandanarang I utawa Bupati Semarang sing ping pisan
.
Sasuwene anggone mrintah lan
ngajarake agama, Ki Pandanarang I banjur nusul Ramane, ngadhep marang Gusti.
Dheweke digenteni marang anake kang gelar Ki Pandanarang II.
Sadurunge tilar donya, dheweke
uga duwe piweling kaya Ramane biyen, “Anakku yen Bapak wis ora ana, kowe aja
lali marang kuwajibanmu yakuwi ngajarake agama islam iki, amarga Bapak mbiyen
wis diwejangi marang Eyangmu. Nanging Bapak mung bisa nganti tekan semene, lan
saiki kowe genti sing nerusake ya?’’
“Inggih Bapak.’’
“Ya wis, yen ngono aku bisa
ngadhep Gusti karo lega,’’ wagsulane Pandanarang I karo mesem lega. Tibake Ki
Pandanarang II iki luwih ngaboti perkara gebyaring donya. Dheweke lali marang
kuwajibane lan janjine dadi guru agama. “Kanggo apa aku ngurusi pondhok
pesantren iki barang, tinimbang ngono aku seneng-seneng wae dhuwitku akeh.’’
Kaya ngono kuwi pikire
Pandanarang II. Banjur Wali Sanga ngakon Sunan Kalijaga nyamar dadi bakul
suket.
Salah sawijining mangsa,
punggawane sing golek suket kasep anggone nyepaki pakan kanggo jaran.
“Eh... karepmu iki kepiye,
pakan kanggo jaranku nganti bisa entek kaya ngene iki piye... heh!’’ Anggone
ngomong karo ngamuk-ngamuk marang punggawane.
Ora let suwe, Kalijaga teka
menyang omahe Pandanarang tawa suket, “Raden, punika kula sadean suket tasih
seger, menapa raden ngersakaken?’’
Kanthi asor anggone Kalijaga
matur marang Pandanarang, “Wah beneran iki, punggawaku kasep golek suket.’’
Nalika kuwi suket sepikul
diregani selawe ketheng. Nanging ditawa Pandanarang lima las ketheng.
“Heh wong tuwa nyoh dhuwite
lima las ketheng,’’ tanpa nyang-nyangan maneh, suket mau diwenehake.
“Inggih raden matur nuwun
sampun kersa tumbas.’’
Dina sesuke, Kalijaga teka
nggawa suket seger maneh.
“Banjur Pandanarang ngomong,
“Heh wong tuwa, esuk temen anggonmu golek suket, saka ngendi olehmu golek?’’
“Saking Gunung Jabalkat
raden,’’ saurane bakul suket kuwi. Pandanarang gumun, amarga G. Jabalkat iku
panggone adoh banget.
“Aku ora percaya karo
omonganmu kuwi, rumangsamu cedhak apa?’’
“Inggih kok raden, kula saking
mrika, lha niki lho kula pun koproh kringet.’’
Pandanarang ora urusan bakul
suket kuwi meh saka ngendi, sing penting pakan jarane ora kentekan.
“Nyoh!dhuwit sukete, wis ndang
kana lunga...!’’
“Matur nuwun raden,’’
wangsulane Kalijaga.
Sawise suket wis
dibayar wong tuwa mau ora gek ndang lunga.
“Heh wong tuwa, apa sing mbok enteni?”
“Kula nyuwun sedhekah raden”.
Pandanarang banjur ngrogoh kompekane.
“Iki dhuwite, wis kana lunga sepet aku nyawang kowe ana
kene terus!’’
Karo sombong anggone ngomong. Dhuwit saketheng
banjur diuncalake marang bakul suket. Nanging bakul suket ngadep.
“Kula mboten nyuwun sedekah
arta raden, ingkang kula suwun inggih punika swanten bedhug wonten Semarang.”
“Kowe iki aja njaluk sing
aneh-aneh ya. Ndang cepet jupuka dhuwit kuwi lan lungana saka kene!”
Karo mencak-mencak, lan ngakon
prajurite supaya ngusir Kalijaga.
“Kula mboten betahaken arta
raden. Arta lan bandha boten saget nylametaken kita wonten akhirat mbenjang,’’
pandanarang ngamuk.
“Kowe kuwi aja nyepelekake
dhuwit lan bandha ya!, apa maneh wani-wanimen ngandani aku. Rumangsamu kowe iki
sapa heh..., mung bakul suket wae kakehan omong!ngertiya kowe, amarga bandha
lan dhuwit wong bisa kajen kaya aku ngene iki.”
Anggone ngamuk karo Kalijaga
wis muntab tekan ubun-ubun.
Kalijaga semanta, “Kula kinten
boten ngaten, amargi arta lan bandha saget ndadosaken tiyang asor drajatipun
lan boten ngertos tata krama amargi ngalalaken sedaya kemawon.”
“Wong tuwa! omonganmu kuwi
ngawur, apa dadi bakul suket kaya ngono, kowe wis rumangsa mulya? Apa kabeh
kebutuhan anak bojomu bisa mbok cukupi ?”
“Perkawis bandha lan kabetahan
urip kula sampun kula pasrahaken kalihan menapa ingkang sampun dipun paringi
kalihan Gusti Allah. Menawi kepengen emas, macul sepisan mawon saking lemah
kula sampun angsal kathah.”
“Huh, omonganmu kuwi sombong
banget!yen ngono buktekake omonganmu kuwi! yen pancen kowe bener, aku arep
mberguru marang awakmu, nanging yen kowe ngapusi, kowe bakal tak wenehi ukuman,
yen perlu ukuman mati, amarga kowe wis kuwanen lan ngapusi aku.’’
“Ayo! ndang buktekna, iki pacule.
Pisan wae anggone macul, emas kuwi metu saka lemah.“
“Punika raden, emasipun.’’
Pandanarang gumun namati
kahanan kaya ngono. Amarga mata dhuwiten anggone nyawang emas, dheweke ora
krasa yen wong tuwa mau wis lunga saka kono.
“Pak tuwa, kowe nduweni
kasektenan apa, kok anggonmu macul metu emas sak bongkok ngene?’’ Pitakone
Pandanarang ora disauri karo bakul suket kuwi. Bareng mlinguk, tibake sing
dijak omong wis ora ana.Banjur Pandanarang nututi anggone lunga.
Bareng wis ketututan, dheweke
mandeg karo menggah-menggeh. Wong tuwa kuwi muni.
“Ngapa apa kowe nusul aku? Apa
kurang anggonku menehi emas?’’
“Dudu, dudu kuwi anggonku
mara,’’ saurane Pandanarang karo rada pedhot-pedhot.
“Banjur apa karepmu?’’
“Aku pengen mberguru marang
Aki.’’
“Apa? Merguru marang awakku?
Arep mberguru apa kowe, golek dhuwit lan bandha ngono apa?“
“Dudu! Aku kepengen nyinaoni
agama islam supaya mbesuk bisa tak enggo ngajak lan marai warga Semarang, bener
Ki.’’
“Apa kowe wani korban kabeh
bandha lan nyawa? “.Pitakone Kalijaga kanthi temenan.
“Aku gelem tenan.’’
“Yen ngono, lakonana shalat
limang wektu, kowe kudu seneng sodakoh, ngedekake mesjid, menehake bandhamu
marang wong sing pantes nampa. Aja pisan-pisan kowe kepencut bandha donya.
Saguh kowe nglakoni kaya sing tak kokon?”
“Saguh Aki, saguh tenan.’’
“Ki, sakjane kowe iku sapa?“
Karo bingung anggone takon,
“Aku Sunan Kalijaga sing dikongkon para wali kanggo ngajak kowe dadi Wali Sanga
nggenteni Syeh Siti Jenar sing diukum mati amarga ngajarke agama sing kleru.”
Krungu jenenge Sunan Kalijaga
Ki Pandanarang langsung kurmat, nanging sanalika Kalijaga ngilang.
“Sunan Kalijaga,
sunan,njenengan wonten pundi?’’
Karo bengak-bengok anggone nggoleki. Nanging
sing digoleki wis ora ana. Pandanarang banjur bali menyang omah, nglakoni apa kang
wis diprentahake marang dheweke. Lan nusul Sunan Kalijaga menyang Gunung
Jabalkat.Urusan Kadipaten lan pangkate diwenehake marang anakke.Dheweke bakal
ninggalake urusan donya.
“Ngger anakku, Bapak menehake
kabeh iki marang awakmu, Bapak arep lunga menyang G. Jabalkat ndherek Sunan
Kalijaga.’’
“Inggih Bapak,ngatos-atos
kemawon.’’
“Ya wis yen ngono aku mangkat
dhisik menyang G.Jabalkat.’’
“Kang aku melu, kang melu
kang!’’ Kaya ngono kuwi bengak-bengoke salah sijine bojone sing arep ngetutake
Pandanarang.
“Ya wis gek ndang nek pengen
melu, nanging kowe aja pisan-pisan nggawa bandha, amarga mengko bisa dadi
alangan marang awake dhewe.” Nanging
bojone iki ngeyel, dheweke isih tetep nggawa bandha ora ketan sithik karo
umpet-umpetan.
Bareng ana ndalan,“heh, kene
padha wenehna bandhamu, yen ora tak pateni kowe kabeh!’’ Unine rampok kang aran Ki Sambangdalan kuwi.
Ki Sambangdalan wis entuk
keterangan ngenani Pandanarang. Yen dheweke iku wong sugih bandha sing arep
lunga nusul gurune menyang Jabalkat.
“Aku ora nggawa apa-apa,”
saurane Pandanarang nalika dirampok ana ndalan karo bojone.
Pancen bener, Pandanarang ora
nggawa apa-apa. Nanging bojone kecekel amarga nggawani emas. Ngerti bojone arep
dielungi piso, Pandanarang lan Sambangdalan padha tarung.
Banjur sing wadon bengak bengok, “Ya Ki, ya iki
emase, nanging bojoku aja kok pateni.”
Banjur emase diwenehake.
“Mula ta Bune, rak wis tak kandhani, aja nggawani bandha.”
Saking jengkele, amarga wis diwenehi karo sing wadon nanging isih
njaluk marang Pandanarang, banjur Ki Sambangdalan disepatani, “Kowe iki
dikandhani yen aku ora nggawa bandha ya ora, kowe iki ngeyel atos kandhanane
kaya wedhus.”
Sanalika sirahe Sambangdalan dadi wedhus tenan.
Dheweke banjur njaluk ngapura, nanging ora disauri. Saking wedine, nganti tekan
Jabalkat anggone ngetutake Pandanarang trimane mung njaluk ngapura. Bareng
tekan kana, Sambangdalan isine mung tobat marang Gusthi Allah lan dheweke uga
dadi murite Kalijaga. Banjur saknalika sirahe mbalik maneh menyang wujud
asline. Kanthi gelar utawa diarani Syekh Domba lan
Pandanarang dadi wali nggenteni Syekh Siti Jenar kanthi gelare Sunan Bayat.
Amarga ngajarake agama ing papan Bayat kana.
Ria Elly ‘05
DUMADINE KUTHA SEMARANG
Kutha Semarang uga salah
sijine pelabuhan penting ing pantai lor pulo Jawa. Uga dikenal dadi kutha sing
endah. Diarani endah amarga miturut geografis, manggon ana 110
drajat.23’.57’79” BT lan lintang 6 drajat.55’.6” LS sarta 6 drajat.58’18” LS
sing saiki penduduke kurang luwih rong yuta manungsa. Miturut geologi Walanda,
Prof. Dr. Ir. R.W. Van Bemmelen, kurang luwih 500 taun biyen kahanan kutha
Semarang beda adoh karo saiki. Biyen garis pantai tekan Gajahmungkur, Mugas,
Mrican, Gunung Sawo Simongan lan daerah sakiwa tengene. Banjur dadi endhepan
endhut sing dikenal dadi kutha ngisor saka kutha Semarang. Mula diarani endah
amarga kaperang dadi loro yaiku bagian kutha dhuwur lan kutha ngisor.
Menawa arep mlebu kutha
pelabuhan kutha Semarang, mula ketok sesawangan kang endah banget, ketok saka
adoh ana G. Ungaran, Merbabu, G. Merapi lan Telomoyo. Saka kadohan uga ketara
G. Muria ana sisih wetane, sarta G. Slamet lan G. Sindoro ana sisih kulon.
Amarga saking endahe kahanan kaya mangkono mau, ana wong Walanda kang ngarani
Semarang dadi Venesia saka wetan. Malah miturut Dr. D.A. Rinkes daerah kutha
Semarang dikenal dadi “se oude stad” yaiku daerah sing ana cedhake Gereja
Blenduk sing nalika biyen jaman Hindu isih dadi segara.
Ana sejarah, menawa jaman
Mataram kuno kira-kira abad 8, Semarang wis dadi pelabuhan sing penting. Menawa
saiki, mapane ana cedhak Pasar Bulu, bukit Bergota lan bukit Mugas nganti tekan
daerah Telogobayem. Sisih kidul lan kulon Bergota ana antarane jenenge bukit
Candi lan Simongan,yaiku daerah Gedong Batu, nalika wektu kuwi akeh sing padha
teka saka Tiongkok manggon ana kono.
Akeh wong kang padha takon
saka ngendi jeneng Semarang kuwi. Ngenani babagan iki, ora ana
catetan sing resmi. Kajaba pangira-ira sarta cerita-cerita sing turun temurun.
Saka cerita sing dingerteni, nalika jaman biyen sakiwa tengene Semarang akeh
ditanduri wit asem sing migunani kanggo wong-wong sakiwa tengene. Embuh iku
wohe, godhonge, utawa batange sing bisa dipangan, kanggo obat-obatan utawa
kebutuhan omah-omah. Nanging eman banget, akeh wong-wong kang padha meneki wit
asem lan pange padha digoyang-goyangake, mula wohe padha tiba lan entek.
Wit-wit asem sing biyen
ditandur akeh ana Jl. Pemuda, Jl. M.T. Haryono, Gajahmada, A. Yani lan
saliya-liyane wis ora ana maneh amarga majune kutha lan keterjang wewangunan
jembaring dalan sing diganti karo wit-witan
liya kang ora ana paedahe kanggo penduduk kajaba eyup-eyup nalika panase
srengenge. Wondene tembung “arang” kajupuk saka tembung pungkasan sing saka
daerah Pandan Arang, neng endi Kyai Pandan Arang manggon. Sakdurunge perang
biyen Semarang ditulis Samaarang nganggo “A”. Wondene sing menehi jeneng
“Semarang”, yaiku Syeh Wali Lanang sing teka kanggo nyebarake agama islam
kanggo penduduk ana daerah sing dipanggoni Ki Pandan Arang. Minangka miturut C.
Lekkerkerker, “Semarang” saka tembung “asam arang”, amarga nalika wektu kuwi
jeneng saka daerah ana sangkut paute marang kahanan sakiwa tengene, kamangka
nalika kuwi daerah Semarang lagi akeh tuwuh wit asam kang migunani banget
kanggo wong-wong kono, lan godhonge sing tuwuh grombol lan arang-arang mula dijenengake
“ Semarang”.
Babagan kapan laire Semarang,
ana buku-buku sing nyritakake beda-beda. Kayata sing ditulis Bp. Amen Budiman
sing judule “Semarang Riwayatmu Dulu”, ditulis, laire kutha Semarang wiwit taun
1398 Taun Saka utawa taun 1476 yaiku diwiwiti karo tekane nom-noman ing daerah
Mugas Bergota sing nalika kuwi isih dai jasirah kanthi jeneng Pulo Tirang.
Nom-noman kuwi jenenge Ki Pandan Arang sing tugase ngislamake penduduk ing
mapan ing daerah kono. Sangsaya suwi, sing padha melu ajarane Ki Pandan Arang
padha akeh. Malah Ki Pandan Arang dadi Bupati Semarang kaping pisan, sing uga
dikenal kanthi jeneng Kyai Pandanaran utawa Ki Gede Semarang. Miturut
crita-crita Ki Pandanaran keturunan raja-raja Demak. Uga ana sing ngarani
dheweke Maulana saka Negara Arab sing kaya ditulisake ing Serat Kanda.
Sing pisanan Semarang dibangun
karo Ki Ageng Pandanaran ana daerah Bubakan. Papan kuwi dadi maju amarga akeh
wong-wong saka njaba padha manggon ana kono. Sangsaya suwe, papan kuwi mau dadi
daerah sing jembar nganti diarani
Djurnatan nganti tekan daerah Kanjengan.
Manut catetan Prof. van
Bemmelen, kira-kira taun 1500 ana owah-owahan garis pantai amarga endhut sing
ngendhep,mula saiki garis pantai sing anyar ana sakiwa tengene daerah Sleko
sebelahan karo Kali Semarang. Nalika kuwi Kali Semarang migunani banget amarga
dadi dalan transportasi saka daerah pantai
liyane. Mula punjere pemerintahan Ki Ageng Pandanaran diwenehake ana
derah Bubakan. Saiki papan kuwi dadi sekolah STM V lan isih dijenengake Jl.
Bubakan.
Sakwise ngadhep marang Gusti,
Bupati Pandanaran digenteni karo anake. Yaiku
Ki Pandanaran II sing diangkat karo raja Demak dadi Adipati Semarang.
Diangkat nalika tanggal 2 Mei 1547 sing ditetepake karo Pemerintah Kodya Semarang
sing uga dadi dina dadine kutha Semarang sing resmi. Kuburane Ki Pandanaran I
ana kompleks masjid Bergota, minangka Ki Pandanaran II ana daerah Bayat, Klaten
sing dikenal dadi Sunan Bayat.
Tibake punjere Pemerintahan
Kutha Semarang tau pindhah-pindhah, sing sepisan nalika Ki Pandanaran dadi
Bupati I pusate ana Bubakan, uga sing genteni kuwasane nganti taun 1659. banjur
taun 1659 pemerintahan Bupati Mas Tumenggung Wongsorejo dipindah saka Bubakan
menyang daerah Gabahan. Banjur diganti maneh karo Bupati Mas Tumenggung
Prawiroproyo ing daerah Sekayu, yakuwi saiki ana daerah sebelah kidule gedung
GRIS. Sing pungkasan kira-kira taun 1670 punjere mbalik maneh ana daerah
Kanjengan nganti taun 1942. Daerah Kanjengan sing ana pendopone kang endah lan
latare sing jembar sarta ngarepe ana alun-alun, saiki wis ilang, wis beda
kahanane. Amarga saiki wis dadi warung-warung. Lan pendhapane dipindhah menyang
daerah Tembalang.
Eka Vega R ‘05
RAWA PENING
Ngasem yaiku salah siwijining desa ing wilayah Kecamatan
Ambarawa. Ing desa Ngasem biyen ana pasraman utawa pandhepokan kang ngajarake
olah batin utawa nyedakake awak marang Gusti Kang Maha Agung lan olah kanuragan
gawe jaga awak supaya tetep sehat. uga bisa digunakake gawe sarana bela diri.
Padhepokan ing Ngasem nduweni daya tarik dening
masyarakat sekitare. Gawe sarana nuntut ilmu kanggo bekal urip ing donya lan
akhirat. Kahanan ing padhepokan Ngasem ayem tentrem gawe wong-wong kang padha
manggon ing kono padha krasan.
Kabeh “Puthut” (murid lanang) utawa “Endang” (murid
wedok) krasa bungah entuk bimbingan saka guru kang jenengane Salokantara.
Dheweke salah siwijine guru kang bijak lan nguwasai kabeh ilmu kang dibutukake
ing donya lan akhirat.
Sawijining dina Ni Endang Ariwulan kang nduweni rupa ayu
bingung nggoleki peso kanggo nyigar pinang. Wis digoleki mrana-mrene nanging
tetep ora ketemu, kamangka isih akeh gawean kang kudu dirampungake. Kepeksane
ora ketemu, Ariwulan diwani-wanikake nyileh peso simpenane Ki Hajar Salokantara
kanggo nyigar pinang, gawe ramuan sesajen kang arep disiapake kanggo mengko
bengi.
Ki Hajar kaget krungu panyuwunne Ariwulan. Nanging
Ki Hajar tetep nyilehake peso simpenane
kanthi weling,
“peso
iki peso simpenanku kang arang banget tak gunakake, kowe kudu ati-ati aja
nganti keliru olehmu gunakake. Peso iki aja nganti kok selehake ana pankonmu.”
Sawise
ngiyani pesene Ki Hajar, Ariwulan nampani pesone lan digunakake kanggo nyigar
pinang. Saking akehe gawean Ariwulan lali nyelehake peso ana ing pangkone. Peso
mau ujug-ujug ilang.
Ni
Endang Ariwulan wedi lan ndhredheg. Dheweke
banjur ngadhep lan matur marang Ki Hajar Salokantara,
“kula nyuwun pangapunten Ki Hajar, kula kesupen marang
welingipun Ki Hajar. Kula ndekekaken peso wau wonten pangkon kula.”
Ki Hajar Salokantara meneng sauntara, nanging atine
kepengin nesu lan pengen ngamuk. Sawise ambegan dawa, rasa pengin nesu lan
pengin ngamuk mau rada ilang.
“Ariwulan….saiki terusana wae gaweanmu supaya cepet
rampung” kandane Ki Hajar kanthi sareh.
“Boten Ki….kula sampun nglalikaken welingipun Ki Hajar. Mangga panjenengan ngukum kula Ki…”
Nanging ndelokake kejujuran Ni Endang Ariwulan, Ki Hajar
ora tegel ngukum. Acara ritual kang biasa dilakoni ing Desa Ngasem kanthi
ngundang para warga klakon kanthi lancar lan hikmad ora ana alangan apa-apa.
Let pirang dina Desa Ngasem gempar amarga ana kabar yen
Ariwulan meteng. Saya suwe wetenge Ariwulan saya gedhe. Ki Hajar Salokantara
banjur ngundang Endang Ariwulan.
“Ariwulan reneya”
“Inggih
Ki…..”
“Wulan….aku
ora arep nyeneni kowe, nanging ana sing arep tak omongke karo kowe. Kaping pisan, aku duwe niat arep tapa
brata ing gunung Telamaya. Kaping pindho, iki gentha utawa klinthingan gawanen,
moga-moga besuk bisa kanggo gawe anak sing lagi ana ing wetengmu saiki.”
“Ki
Hajar, menapa kula angsal dherek?”
“Ora
usah….kowe tetep ana kene wae ing Desa Ngasem kene. Sabar lan tetep donga
marang Gusti supaya tetep tabah lan kuat ngadhepi cobaan ing donya iki.”
Ki Hajar
Salokantara banjur mangkat ing gunung Telamaya. Ariwulan sedih banget amarga
ditinggal Ki Hajar.
Sawijining
dina Ariwulan nglairake anak. Warga Ngasem padha geger amarga ngerti yen Endang
Ariwulan ora nglairake jabang bocah nanging jabang naga. Kahanan sansaya gempar
amarga jabang naga mau bisa nangis lan ngomong kaya manungsa. Warga padha ngece
marang Ariwulan. Nanging Ariwulan tetep sabar lan tabah ngadhepi kabeh mau.
Senadyan
wujud lan kahanane anake beda karo liya-liyane, “wingka katon kencana.” Anak
kang awujud naga mau tetep dirumati lan digemateni. Nalika gedhe, warga desa
Ngasem padha ngece anake Ariwulan. Omongane warga marakake panase kuping. Anake
diunekake anak haram, anak jadah sing bapake ora jelas lan sapanunggalane.
Sang
Naga banjur takon marang ibune, “Bu,sabenere sinten asmanipun bapak kula lan
sakmenika wonten pundi?”
Ariwulan
banjur cerita, “Bapakmu dudu wong sembarangan, bapakmu yaiku Ki Hajar
Salokantara. Bapakmu saiki lagi tapa brata ana gunung Telamaya”
“Menawi
mekaten punapa kula angsal mrika, Bu.”
“Mengko
disek ngger, yen pancen kowe kepengin ketemu tenan karo bapakmu, gentha utawa
klinthingan iki gawanen ngger….weruhna bapakmu.”
“Lha
wonten punapa Bu, kok kula kedah beta gentha utawa klinthingan niki?”
“Kuwi
biyen sing menehi bapakmu, gawana lan weruhake. Wektu ing dalan mengko gentha
utawa klinthingan iki kerep-kerep unekake.”
Sang
Naga banjur pamit lan njaluk restune ibune arep goleki bapake. Ibune pesen marang sang naga, “ngger, kowe
lewat dalan banyu wae supaya lakumu cepet tekan.”
“Inggih,
Bu”
Ariwulan ngetutake anake saka kadohan. Supaya anake ora
ngerti yen ditutake.
Lakune
Sang Naga ing Desa Ngasem nglewati kali yaiku Kali Panjang. Sawise mlaku adoh
banget, Sang Naga leren ing ngisor watu jenenge Watu Sisik. Nyambi leren Sang
Naga tapa supaya cepet klakon apa kang dituju. Lelakune diterusake maneh nganti
tekan “Ngambah Rawa” utawa nglewati rawa-rawa. Sawise kuwi Sang Naga nglewati
Kaligung. Sang naga kesel lan leren maneh ing watu jenenge Selo Gombak (sebelah
wetane Desa Dengkel).
Ing
lelakune lan pangembarane, gentha utawa klinthingane diunekake terus kanggo
nambani rasa kangene marang ibune lan supaya bapake krungu menawa bapake ana
ing sekitare dheweke. Warga desa kang dilewati Sang Naga dadi geger krungu
swara klinthingan. Sawise padha digoleki jebule suara kuwi asale saka kali lan
saka ula gedhe utawa naga kang nggunakake klinthingan ing kuping (sumping).
Amarga kuwi Sang Naga dikenal dadi Bra Klinthing. Sing akhire dikenal dadi Baru
Klinthing.
Pirang-pirang
taun suwene Sang Naga nggoleki bapake nanging tetep ora ketemu. Baru Klinthing
nesu lan wis wegah nggoleki bapake maneh. Nanging wektu kahanan kaya ngana kuwi Baru Klinthing rada-rada krungu swara
“kidung”. Suara kuwi jebule swarane Ariwulan, ibune Baru Klinthing.
Baru
Klinthing semangat maneh nggoleki bapakke. Saka Selo Gombak Baru Klinthing
nglewati dalan darat utawa lemah munggah gunung Telamaya goleki pertapane Ki
Hajar Salokantara.
Saka
kadohan Ariwulan ngerti yen anake wis nemukake pertapane bapake. Ariwulan
banjur medhun lan manggon ing salah siwijining desa yaiku Desa Sepakung. Amarga
rupane Ariwulan kang ayu banget, ing Desa Sepakung dadi omongan warga. Ariwulan
milih manggon ing cedhak sendhang. Saya suwe rupane Ariwulan saya ayu. Para
warga khususe sing wadon-wadon padha kepengin kenal akrab marang Ariwulan lan
padha kepengin melu adus lan semedi ing pinggir sendhang. Kaya sing dilakoni
Ariwulan. Sendhang kuwi banjur dijenengi sendhang Ariwulan.
Ing
pertapan Telamaya, Ki Hajar Salokantara kaget amarga weruh naga ana ngarepane.
Naga mau nundhuk-nundhuk kaya-kaya ngormati Ki Hajar. Naga mau ngomong marang Ki Hajar Salokantara, “Ki….napa kula
angsal tangklet?”
Ki Hajar
Salokantara sawise krungu suara mau kaget banjur ngadeg, “apa bener kowe sing
ngomong?”
“Inggih
Ki, kula badhe tangklet kaliyan panjenengan?”
“O…”
Ki Hajar
Salokantara banjur nangis lan sawise tenang banjur nakoni maneh naga mau, “hai
taksaka Gung, arep takon apa?”
“Saderengipun
nyuwun pangapunten nggih, sampun ngageti panjenengan.”
“Ora, ora…. Kowe ora salah kok. Apa sing arep kok takokake marang aku?”
“Napa
leres mriki dhaerah gunung Telamaya?”
“Iya
bener ngger, kene Gunung Telamaya”
“Ingkang
dipun sebat pertapan gunung Telamaya punika pundi, Ki?”
“Pertapan
Telamaya kuwi ya kene iki, ana perlu apa ngger goleki pertapan Telamaya?”
“Napa
leres panjenengan ingkang asamipun Ki Hajar Salokantara?”
“Iya
ngger …lha kowe kok bisa ngerti jenengku dikandani sapa?”
“Dados
panjenengan leres Ki Hajar Salokantara?”
“Iya
ngger kowe ora keliru.”
“Menawi
ngoten panjenengan tiyang sepuh kula…panjenengan bapak kula, Ki.”
Baru
Klinthing bungah banget bisa nemukake bapake. Banjur Baru Klinthing
nundhuk-nundhukake sirahe.
“Sek
ngger, kowe kok bisa ngaku-ngaku dadi anakku ki kepriye ceritane?”
“Nggih
pak, kula pancen putranipun panjenengan.”
“Yen
pancen bener kowe ki anakku, sapa jenenge ibumu lan manggone ana ngendi?”
“Ibu
asmanipun Ariwulan, lan manggen wonten Desa Ngasem.”
“Kowe
aja tambah ngapusi aku, ngaku-ngaku anake Ariwulan, kowe ngerti Ariwulan ki
sapa?”
“Ariwulan
menika murid padhepokan Ngasem.”
“Bener
ngger, kowe mrene iki apa sing menehi ngerti ibumu ngger ?”
“Inggih
pak, kula diparingi gentha utawa klinthingan niki supados ditinggalaken dhateng
bapak kagem prathanda menawi kula menika leres putranipun panjenengan.”
Ndelokake
gentha utawa klinthingan mau, Ki Hajar kelingan rikala jaman biyen. Ki Hajar
sedhih banget, apa maneh anakke Ariwulan awujud naga. Ki Hajar ora bisa
mbayangake kaya ngapa nelangsane lan susahe Ariwulan sawise ditinggal dheweke.
Atine nggregel lan nangis mbayangake pangorbanan kang gedhe lan tulus saka ibu
marang anakke, sanajan anakke awujud naga.
“Ngger…senadyan
kowe bisa nggawa klinthingan iki, kang biyen tak wenehake ibumu Ariwulan, kuwi
durung cukup ngger….ing donya iki ora ana kang kaleksanan kekarepane tanpa
pangorbanan. Kabeh kuwi kudu ana tebusane. Tebusan sing tak jaluk yaiku “laku”.
Yen pancen kowe bener-bener anakku lan ibumu jenenge Ariwulan murid padhepokan
Ngasem, mestine kowe ngerti kang diarani “laku larak brata”. Kowe tapanen
ngger…!!!”
“Laku
napa ingkang kedah kula laksanakaken?”
“Sisih
lor kana kae ana Gunung Kendhil. Tapa bratana ana kana. Ubengana utawa
nglekerana gunung kae nganti tepung gelang.”
Baru
Klinthing banjur nglaksanakake prentahe Ki Hajar Salokantara supaya dheweke
bisa diakoni anak. Ki Hajar Salokantara ngetutake saka mburi. Baru Klinthing
ngubengi Gunung kendhil mau. Jebule antarane sirah lan buntut ora bisa gathuk
utawa durung tepung gelang, isih kurang sakilan. Baru Klinthing nyiasati
meletake ilate supaya gathuk karo buntute. Ki Hajar Salokantara weruh banjur
ilate Baru Klinthing dikethok.
“Ngger, kowe ora entuk nutupi kekuranganmu nganggo
ilatmu kuwi. Ngertiya ngger…ilatmu kuwi pusaka sing paling hebat ora ana
tandingane. Wong Jawa ngomong
ilat jembare mung sawelat
nanging darbe khasiyat
yen pinuju nuju prana
bisa hamemikat
yen tan pener
bisa gawe getering jagad
saiki terusake maneh anggonmu tapa nganti apa kang dadi
panyuwunku keturutan.”
Tugelan ilate Baru Klinthing digawa Ki Hajar lan
didadekake tombak jenengane “Kyai Baru Kuping”.
Wis
pirang-pirang taun olehe Baru Klinthing tapa. Nganti awake Baru Klinthing ora
ketok maneh. Awake nganti lumuten lan wes akeh wit-witan kang thukul lan wis
gedhe-gedhe.
Ni
Endang Ariwulan kanthi sabar nunggoni Baru Klinthing tapa. Ibune mung bisa
ndonga marang Gusti supaya apa sing dadi panyuwune Baru Klinthing cepet
kaleksanan.
Sawijing
dina Ariwulan weruh Ki Hajar Salokantara nemoni dheweke. Ariwulan banjur ngaturake sembah
marang ki Hajar, “wonten napa Ki Hajar rawuh mriki?”
“Wulan…aku kepengin ngerti kahananmu saiki.”
“Matur Sembah
nuwun Ki, kula sehat-sehat mawon. Wonten mriki tangga tepalihipun sampun kados
keluarga piyambak. Sami sae sedaya kok, Ki. Kathah ibu-ibu lan lare-lare wadon
ingkang asring mriki badhe ndherek siram wonten sendhang niki.”
“Yo
syukur yen ngana, kowe ora usah sewu-suwe manggon ana kene amarga anakmu Baru
Klinthing wis arep bebas. Kowe mudhuna dhisik meyang Desa Pathok. Kanthi laku
“tapa ngrame” kanggo sarana methuk anakmu kang wus dadi manungsa sempurna.”
Ariwulan bungah banget krungu kabar saka Ki Hajar
Salokantara. Ariwulan banjur cepet-cepet mudhun ninggalake Desa Sepakung tumuju
Desa Pathok.
Desa
Pathok kalebu wilayah perdhikan kabuyutan Banyubiru. Ing Desa kang loh jinawi
iki wargane padha makmur, kabeh kebutuhan kecukupan. Nanging ing kono wargane
ora padha duwe rasa syukur marang Gusti malah isih padha takabur. Pakulinan
kang ora apik miturut agama isih wae dilakoni. Contone ngombe arak, maen kertu,
ledhekan lan sakpanunggalane.
Desa
Pathok arep ngadhakake pesta sawise panen. Warga padha repot dhewe-dhewe kanggo
nyiapake pesta. Ana kang ngresiki lan nata banjar desa. Nonomane padga nggolek
kewan ana alas. Wis sedina nonoman ana alas nanging ora entuk apa-apa. Nonoman
banjur padha leren amarga padha ngeleh lan ngelak. Nyambi padha lungguhan lan guneman
pakulinan mamah suruh ora dilalekake. Nanging wektu arep nyigar pinang kanggo
ramuan mamah suruh, nanging ora ana panggonan kanggo landhesan. Banjur salah
siwijine nonoman mau nggolek landhesan. Dheweke nemokake kayu kang warnane
ireng banget lan katon tuwa banget. Pinang mau disigar ana dhuwur kayu. Ora
nyana kayu kang gawe nyigar pinang mau ngetokake getih. Dheweke banjur
mbacok-mbacok kayu mau. Kancane kabeh padha diundang amarga dheweke percaya
getih mau metu saka awake kewan. Kewan kuwi jebule ula gedhe kang ngubengi
gunung ora liya yaiku Baru Klinthing.
Nonoman
mau padha bungah lan cepet-cepet nggawa dhaging kewan mau meyang banjar. Wektu
wong-wong padha repot ngurusi dhaging mau, ana salah siwijine nonoman kang
ngetutake tekan banjar. Rupane bagus lan gagah nanging awake katon reget
banget. Nom-noman mau jelmaane Baru Klinthing.
Ing
banjar, desa warga padha ngaso lan padha mangan. Nonoman mau nyedhak lan arep
njaluk mangan, nanging ora ana sing gelem menehi.
“Nuwun sewu, punapa kula angsal nyuwun maeme?”
“Ora
entuk, kana lunga !!!”
“Kula
ngelih pak, nyuwun sekedhik mawon…”
“Kowe krungu apa ora !!! Neng kene ora nggone wong gembel
lan wong ngemis kaya kowe. Kana lunga ! marake ora napsu mangan. Yen ora
lunga-lunga tak gebugi.”
Nonoman
mau mung meneng lan isih tetep ana kana.
“Kanca-kanca
ayo usir wong kuwi lan gebugi bareng-bareng wae!”
Nnoman
mau akhire lunga ninggalake banjar.
Kendurenan
lan pesta wis mulai ing plataran banjar. Lanang, wadon, nom, tuwa, gedhe lan
cilik padha kumpul kabeh. Padha mangan bareng-bareng. Kahanane rame banget.
Kahanan sansaya rame sawise gamelan mulai dithuthuk.
Beda
ceritane karo wong tuwa kang lagi ngadhuk sega ana ing salah siwijining gubug
ing pojokan desa. Dheweke krasa mesakake sawise weruh ana nonoman bagus lan
gagah nanging katon reget lan lemes njaluk pangan.
“Mbok, punapa kula angsal nyuwun maeme, kula sampun
ngelih sanget?”
“ O….mrene-mrene mlebu dhisik ngger lan lungguha neng
klasa kana!”
“Inggih,
mbok matur suwun.”
Nonoman
mau banjur diwenehi mangan karo mbok tuwa mau. Mbok tuwa iku jebule Ni Endang
Ariwulan.
“Ngger,
jenengmu sapa lan omahmu ngendi?”
“Tiyang-tiyang
sami ngundang kula Jaka Badung mbok, kula saking gunung Telamaya”
“Apa….!!!
Jaka Badung saka Telamaya?”
“Inggih
mbok, wonten punapa mbok kok sajakke kaget ?”
“Ora….
ora kok, ngger”
Ariwulan
kelingan omongane Ki Hajar Salokantara, dheweke mbatin, “ apa iki anakku”
Mbok
tuwa mau nangis.
“Wonten
napa mbok kok panjenengan nangis?”
“Ora ana
apa-apa, ngger…”
“Mbok
desa mriki niki naminipun desa napa lan kok wonten rame-rame wonten mrika niku
napa ta mbok?”
“Desa
iki jenenge Desa pathok, rame-rame ana kana kae yaiku para warga desa padha
pesta ngrayakake bubar panen gedhe lan tiap taune ana kaya ngono kae.”
“Lemah
wonten mriki subur sanget nggih mbok, tiyang-tiyang sami panen kathah nggih
mbok?”
“Iya
ngger, wong-wong kene ki padha sugih-sugih kejaba simbok iki. Saben dina mung mangan sega sithik, yen wis
kenteken sega yo mangan tela. Kadhang simbok malah ora mangan, ngger…”
“Simbok
piyambakan wonten mriki ?”
“Iya,
ngger…”
Sakbubare mangan lan guneman karo simbok, Jaka Badung
pamitan lan pesen marang simbok, “mbok, kula badhe ningali rame-rame ing banjar
desa, menawi mangke mireng swara gemrudug saking arah banjar, simbok mang numpak
lesung lan mbeta enthong niki. Sampun nggih mbok kula pamit rumiyin.”
Jaka
Badung tumuju ing banjar desa. Dheweke arep njaluk panganan nanging ora
diwenehi malah diece lan diusir.
Jaka
Badung nesu lan ndudut sada saka pinggange banjur ditancepake sada mau ing
plataran banjar.
“Sapa
sing bisa njabut sada iki berarti pancen kuat tenan, prakosa lan sekti
mandraguna. Bakal tak sembah ping pitu lan aku uga bakal lunga saka kene.”
Kabeh
wong sing ana kana wis njajal njabut sada mau, nanging siji-sijia ora ana sing
bisa njabut. Akhire Jaka Badung dhewe sing njabut. Sabubare sada mau dijabut
suara gluduk nyamber-nyamber, bumi gonjang-ganjing, bendhungane padha jebol lan
banjir bandang. Kabeh bangunan sak isine padha keli.
Lemah
kang nemplek ing sapucuking sada sing dikipatke marang Jaka Badung mencelat
ngalor lan dadi bukit jenenge Kendhaling Sada utawa Kendhalisada.
Krungu
suara gemrudug saka arah banjar, simbok langsung numpaki lesung lan nggawa
enthong kanggo dhayung. Saya suwe banyu saya dhuwur lan saya deres. Simbok mau
nangis kelingan omongane anake, “Ibu, geni salumahing bumi, bisa weh pepadhang
lan pepati.”
Saiki
ana sawijining tlaga bening kang bisa gawe ngaca lan bisa menehi kauripan
anyar. Tlaga iku yaiku RAWA BENING utawa RAWA PENING.
Endang Ikhtiarini ‘05
DUMADINE
KEDHUNG PENGILON
Kacarita yen mulane Kedhung Pengilon kuwi critane diwiwiti saka critane
Abu Nawa yaiku ratu jin ing alas Roban. Ing sawijining dina ana nonoman lanang
liwat ing tengah alas Roban. Bocah kuwi jenenge Den Bagus Jaka sing asale saka
Mataram. Dheweke ninggalake Mataram pancen arep ngawula marang sing jenenge Abu
Nawa. Ing tengah alas Roban, dheweke diadhang dening ratu jin alas Roban yaiku
Abu Nawa.
“He…… bocah arep menyang ngendi awakmu kok wani-wanine ngliwati panggonanku
iki dhewekan?”, pitakone Abu Nawa marang nonoman sing lagi liwat mau.
“Aku niat liwat alas kene, aku arep ngawula marang sing nduwe alas
kene. Apa sampeyan sing jenenge Abu Nawa sing nduweni alas iki?”, Den Bagus
Jaka mangsuli.
Suwe entuke Den Bagus Jaka ngawula marang Abu Nawa, dheweke kerep weruh
nonoman wadon ayu banget sing jenenge Sri Pandan Weleri sing manggone ing
Tamansari. Mandeng ayune Sri Pandan, Den Bagus Jaka saya kesengsem, saya suwe
rasane dadi tresna.
Abu Nawa ngerteni yen Den Bagus Jaka nduweni rasa tresna marang Sri
Pandan. Abu Nawa nyepaki Den Bagus Jaka.
“Yen kowe tresna marang Sri Pandan cepet ndang kok lamar, kuwi yen kowe
bisa ……He……He…..!” Abu Nawa sajak ngece amarga Sri Pandan kuwi angel banget
darahi.
Dheweke wae wis nyoba ora kaping-kaping nanging tetep katolak.Abu Nawa
ngongkon ngono karepe supaya Den Bagus Jaka mengkone ngerti dhewe yen ora
gampang bisa nduweni Sri Pandan. Den Bagus Jaka nyanggupi kekarepane Abu Nawa.
“Iyo, aku bakal maju nganti Sri Pandan bisa dadi duwekku.”
Esuk-esuk Den Bagus Jaka menyang Tamansari arep melu sayembara kanggo
nduweni Sri Pandan. Jejaka-jejaka wes padha kumpul ing taman kang akeh tanduran
kembang. Sri Pandan betah banget yen lagi jejagongan ing taman nyawang
kembang-kembange.
Sayembara arep diwiwiti, Sri Pandan teka ing ngarepe jejaka-jejaka sing
padha karep nduweni dheweke.
“Sapa-sapa sing bisa methik kembang ing tamanku iki, lha kuwi wonge
sing bakal dadi duwekku aku,” Welinge Sri Pandan sadurunge sayembara diwiwiti.
Sayembara wis diwiwiti, wis ana jejaka pirang-pirang sing maju nanging
padha ora bisa methik kembange. Kabeh padha mundur amarga tangane padha getihen
ketuncep ri ing gagange kembang.
Kabeh wis padha nyoba, Den Bagus Jaka dadi sing paling pungkasan..
Dheweke maju lan ora dinyana tangane bisa methik kembang ing taman k uwi kanthi
gampang banget. Tangane isih wutuh ora getihen kamangka ri ing gagange kembang
akeh lan landhep banget.
Den Bagus Jaka bungah banget akhire bisa nduweni Sri Pandan sing
ditresnani. Wong loro banjur rayuan. Kabeh sing melu sayembara padha bubar
amarga kuciwa ora bisa nduweni Sri Pandan.
Abu Nawa ngenteni ing alas Roban. Dheweke penasaran kepriye kasile Den
Bagus Jaka melu sayembara.
“Bocah kae kok ora teka-teka. Kasile kepriye ya?
Ana alangan apa ya?”
Amarga saking penasarane, dheweke banjur njupuk kaca pengilon.. Disawang saka kacane, Den Bagus Jaka lagi rayuan karo Sri Pandan.
Dheweke ora nrima amarga Den Bagus Jaka bisa kasil nduweni Sri Pandan. Karepe
supaya bali kasil kuciwa kaya dheweke biyen sing ora bisa nduweni Sri Pandan.
Abu Nawa marani ing Tamansari. Tekan kana dheweke sansaya panas weruh
Den Bagus Jaka sing lagi rayuan karo Sri Pandan. Abu Nawa banjur ngajar Den
Bagus Jaka nanging tujune ana wong sing mbelani yaiku Pangeran Sambong sing tunggal
guru karo Abu Nawa. Den Bagus Jaka digawa mlayu karo Pangeran Sambong banjur
diwenehi gaman keris jenenge keris Jalak Plengkang Kurungan.
Den Bagus Jaka ketemu maneh karo Abu Nawa. Wong loro tarung nanging Den
Bagus Jaka ora ana kalahe banjur dijenengake Deng Bagus Banteng. Amarga Abu
Nawa wedi karo kerise Den Bagus Jaka, dheweke banjur njaluk pitulungan marang
wong China sing jenenge Mbah Brontok. Mbah Brontok adhep-adhepan karo Den Bagus
Jaka. Wong loro tarung, amarga padha sektine wong loro mati samoyo.
Krungu Den Bagus Jaka mati amarga tarung karo wong kongkonane Abu Nawa,
Pangeran Sambong ngudak-udak Abu Nawa sacandhake. Abu Nawa mlayu tekan desa
Pakuncen. Dheweke kesel banjur ngaso ing pinggir kedhung. Awake ngringet lan
pliket banget, banjur dheweke nyemplung arep adus ing kedhung. Klambine
diselehake neng pinggir kedhung.
Pangeran Sambong anggone ngoyak wis tekan Pakuncen. Tekan pinggir
kedhung, dheweke weruh klambine Abu Nawa nanging Abu Nawa wis ora katon maneh
awake ambles banjur ilang. Klambine disabda dadi mesjid Pakuncen karo Pangeran
Sambong.
Pangeran Sambong penasaran kenapa Abu Nawa kok bisa ambles ing kedhung.
Dheweke njajal mbuwang kerise neng kedhung nanging ya padha ilange karo Abu
Nawa. Saka kedadean kuwi kedhunge banjur dijenengake kedhung pengilon karo
Pangeran Sambong amarga ngilangake sapa bae sing nyemplung ing kedhung kuwi.
Siti Wakhidah ‘05
GUWA KISKENDHA
Ing Desa Trayu Kecamatan
Singorojo Kabupaten Kendal, ana papan wisata sing awujud guwa arane Guwa
Kiskendha. Manut carita gethok tular, Guwa Kiskhenda iku mbiyene mujudake
kraton. Dene retune Buta Asirah Maesa (kebo) kang arane Prabu Maesasura, duwe
patih kang arane Lembusura (buta sirahe sapi) ana sing arane Jathasura. Prabu
Maesasura iku ratub buta kang sekti mandraguna ora ana dewa kang wani marang
dheweke. Ing sawijining dina, Prabu Maesasura utusan marang patihe nglamar
widadari ayu ing kayangan arane Dewi Tara. Para dewa sejatine ora gelem nampa
lamarane rabu Maesasura. Nanging lagi ngadepi patihe wae ora ana dewa siji wae
sing wani marang Prabu Maesasura.
Bathara Narada nuli nggolek bala kanggo
ngundurake utusan saka Guwa Kiskendha. Kanthi diapusi yen Dewi Tara bakal di
paringake ing dina sing wis ditemtoake. Patih mau ora ngerti yen dheweke
diapusi. Dheweke banjur bali menyang Guwa Kiskendha, matur marang Prabu
Maesasura. Sauntara iku Bathara Narada njaluk tulung marang Raden Subali lan
Raden Sugriwa.
“Subali lan Sugriwa kawe tak
utus numpes buta-buta kang nggegirisi ing Guwa Kiskendha,” ucape Bathara
Narada.
Subali lan Sugriwa mangsuli,
gelem nanging njaluk aji-aji ndisik.” Raden Subali lan Sugriwa pinaringan aji-aji jenenge aji
pancasona. Raden Subali lan Raden Sugriwa
banjur tumuju ing Guwa Kiskendha. Nalika Raden Subali arep mlebu ana Guwa
Kiskendha, meling karo Sugriwa kang ngenteni ana jaba.
Subali meling, “mengko yen
iline banyu saka guwa rupane abang, iku ateges sing mati Prabu Maesasura, ten
sing mili metu rupane putih, kuwi aku sing mati.” Subali uga weling yen dheweke
mati kamangka lawang guwa enggal-enggal ditableg.
Ana ing jero guwa kelakon
perang rame banget antarane Raden Subali mungsuh Prabu Maesasura., ing jero
guwa nalika buta loro iku lena, sirahe kekarone dicandhak dening Raden Subali
banjur diadukumba, sakal ajur mumur metu getih campur polo sing warnane putih
mili metu ing jaba guwa. Nyumurupi bab iku Sugriwa ngira yen sing mati kuwi
Subali, mula lawange guwa di tableg. Sugriwa banjur munggah ing kayangan
nggarwa Dewi Tara.
“Dewi Tara, kula nyuwun
kanugrahan badhe nggarwa panjenengan,” Ucape Sugriwa.
Sanalika banjur Dewi Tara
maringake kanugrahan uga banjur meneng ana Guwa Kiskendha. Subali sing sejatine
isih urip, kanthi kasektene bisa metu saka jero guwa, banjur nggoleki adhine
Sugriwa.
Dheweke kandha adhine, “Aku
kuwi wis bisa ditrima nuli bali ambegawan kanthi jenenge dadi Resi Subali.
Kekarone perang rame banget. Nanging Dewi Tara wis ngandhani Sugriwa supaya ora
usah perang.
Pancen watake Sugriwa ora
gelem ngrungokake omongane Dewi Tara. Sugriwa wis ora bisa ngalahake Subali,
dheweke kasesan yudane dicandhak dening Subali nganti temangsang ana wit,
Sugriwa ditulungi Prabu Rama. Subali dipateni dening Prabu Rama. Subali menang
nanging nuju nganglang mayit kanthi ngambah gegana. Dheweke muring-muring.
“Subali kudu tak pateni
saiki,” ucape Dasamuka.
Dasamuka perang kaliyan Subali
nanging dheweke kalah. Dasamuka banjur pinaringan aji pancasona, mula Dasamuka
tambah digdaya. Watake Dasamuka pancen angkara murka, ora seneng yen ana liyane
sing luwih sekti, senadyan kuwi gurune dhewe.
Dasamuka nggolek cara
nyirnakake Subali. Dheweke uga ngongkon marang Subali supaya nyulik Dewi Tara
lan ngrebut Negara Guwa Kiskendha, Subali klakon ngrebut Dewi Tara lan Negara
Guwa Kiskendha. Sugriwa banjur utusan Jembawan supaya pawongan sing bisa
mitulungi dheweke lan mateni Subali. Pungkasane kasil mboyong Raden Rama regawa
lan Laksmana Widagda supaya mitulungi kasangsarane Sugriwa. Sugriwa (wujud
kethek) dadi ratu ing Negara Alengka, saperlune numpes malaning jagad dening
Dasamuka.
Rama uga bisa diarani Prabu Ramawijaya,
Rama iku ratu ing Pancawati. Balane awujud kethek pirang-pirang cacahe. Mula
bukane duwe bala kethek iku, amarga biyen tau nulungi kasangsayane Narpati
Sugriwa sing kajepit ana wit asem dhampit amarga mungsuh Subali, amarga
walesing budi, Sugriwa dhawuh marang para kethek.
“Para kethek kabeh supaya
mbiyantu marang Rama anggone ngupadi garwane,” kuwi dhawuhe Sugriwa.
Ramawijaya dalah para kethek
banjur padha yasa pasanggrahan ing Gunung Malyawan. Pasanggrahan ora beda kaya
kraton. Mula banjur diarani kraton Pancawati. Ing sawijining dina Raden Rama
banjur menang diceluk Prabu Ramawijaya, Ramareghawa, Ramabadra, Ramacandra lan
Ramayana. Prabu Ramayana.
Prabu Ramayana iku putrane
Dasarata digulawentah dening Begawan Wasistha, sahingga bisa dadi satriya utawa
sekti mandraguna. Sawijining dina Rama ngleboni sayembara ing Negara
Matilidirja lan mboyong prabu Janaka. Satekane ing Ayodya Rama dijumenengake
ratu. Rama ditundhung saka praja supaya ora ngregoni praja Ayodya. Bebarengan
karo Dewi Sinta lan didherekake Raden Laksmana manjing jero alas. Prabu
Dasamuka kang mbalela ngiloni Prabu Rama klakon nglurug menyang Negara
Ngalengka. Kabeh kuwi mau crita rakyat legendha Guwa Kiskendha kang mujudake
kethek kanggo papan wisata ana ing Singorojo Kabupaten Kendal.
Ika Wadyastuti ‘05
DUMADINE DESA SUMBEREJO
Desa Sumberejo yaiku
sawijining desa kang ana ing kecamatan Mranggen kabupaten Demak. Miturut
panuturane sesepuh desa utawa wong tuwa ing desa iku, desa Sumberejo dumadi
saka lelakuning wali Allah sing arane Mbah Sendhang utawa Eyang Singa. Diarani
Eyang Singa amarga dheweke duwe ingon-ingon kewan singa kang sipate ghoib utawa
ora ketok mata.
Wektu samana wayahe lagi wae
panas banter, banyu angel digoleki, tanduran padha mati. Para warga pada
bingung golek banyu. Kali padha asat, sumur-sumur ora ana banyune. Wong-wong
padha angel golek pangan. Sawah ora bisa ditanduri pari,
banjur para among tani padha nandur tela utawa pohong. Nanging gusti Allah
durung paring rejeki. Bebarengan karo panas banter dilalah ya usum tikus sisan.
Mangka sakanane tela kang ditandur dening warga dipangan tikus.
Wong-wong padha kaluwen,
sandangan sakanane, saktemune. Pungkasane akeh wong kang padha tumindak
durjana. Maling, ngrampok, ngroda peksa sumebar ing ngendi-endi. Akeh panganan
kang ora samesthine ora kanggo manungsa dikhalalake. Kayata tikus, yuyu, ula
lan bangsa kewan liyane.
Ing kahanan kang gegirisi kaya
mau, dumadakan ana waliAllah sing lagi mlaku-mlaku nyebarake agama islam.
Dening para warga saiki, wali mau dijenengi Eyang Singa utawa Mbah Sendhang.
Mbah sendhang mlaku saka desa wetan. Anggone mlaku, Mbah Sendhang kapethuk desa
cilik kang wargane urip nelangsa. Sandhangane padha kucel, awake
gering-gering paribasan kari balung karo kulit. Eyang Singa weruh sesawangan
kaya mangkana banjur mampir sautara wektu. Dilalah anggone mampir ngepasi wektu
asyar, mangka dheweke banjur cepet-cepet golek banyu kanggo wudhu. Sakambane
desa wis diubengi, nanging ora ana banyu sakcawuk wae kanggo wudhu.
Kanthi terus mlaku dheweke
golek banyu. Pungkasane Mbah Sendang weruh sumur sing isih ana banyune
sithik-sithik. Nanging sumur mau kebak wong, wong sing padha andri
golek banyu. Eyang Singa medhak, dheweke nembung njaluk banyu marang wong-wong
sing padha andri golek banyu mau, nanging ora diwenehi malah banjur diusir saka
kana. Eyang singa banjur lunga lan nyepatani sumur mau. Dumadakan ora pati suwe
sumur mau dadi asat tenan.
Eyang Singa terus ngendika, “wong kok kaya balung
kabeh.”
Suwe-suwe tembung balung mau
dilira-liru dadi Balong. Desa Balong yaiku sawijining desa kang manggone neng
sisih wetan desa Sumberejo.
Sawise lunga saka desa Balong,
Eyang Singa nerusake mlakune saperlu golek banyu dienggo wudhu. Lagi sedhela
wae mlaku dheweke kapethuk sawijining desa kang kahanane ora pati beda adoh
saka desa Balong. Sakanane wong neng desa kuwi
wis ditakoni kabeh, nanging tetep ora ana sing duwe banyu. Umpamane ana ya mung
cukup dienggo masak utawa ngombe.
Eyang Singa terus mlaku nganti
meh tekan wates desa sisih kidul. Dheweke kapethuk wong tuwa kang lagi ngindhit
klenthing, sajake rekasa banget anggone gawa. Mbah Sendhang banjur takon,
“nuwun sewu mbah, anggenipun mundhut toya menika saking pundi?”
Mbah mau mangsuli,
"jupuke adoh ngger, aku ngangsu neng alas kidul, nek yahmene iki biyasane
wis entek. Apa kowe selak butuh banyu, iki lho, jupuka sithik!”
“Inggih kula badhe nyuwun sakedhik damel
wudhu.”
Kanthi sabar wong tuwa mau
nunggoni Mbah Sendhang wudhu, banjur diterusake sholat.
Sawise sholat dheweke banjur
takon, ”napa desa niki toyanipun ewet, mbah? Kula ngucap matur suwun sanget
kagem panjenengan, mbah?", anggone muni mangkana tangane Mbah Sendhang
karo njabut suket ing cedhake.
Dumadakan lemah tipak jabutan
suket mau ambrol, bolong, malih dadi sendang. Saka jerone mili banyu
saderes-derese.
Mbah tuwa mau banjur
kamitenggengen lan ngomong, “sumbere rejo banget” mula nganti saiki desa mau
dijenengi desa Sumberejo.
Ana ing jero sendhang isih
mili banyu nganti saiki bena tiga dawa, banyune isih mili deres. Ing sacedhake
sendhang ana kayu gedhe malang sing dikeramatake dening para warga. Kayu iku
umure wis atusan taun, nanging ora gapuk. Jarene wong-wong sepuh, kayu kang wis
lumuten iku makame Mbah Sendhang.
Sandy
Faisal ‘05
PANTAI MOROSARI DEMAK
Zaman Kerajaan Mataram
diperintah dening Prabu Aji Pamoso yaiku Prabu kang wis sempurna ing uripe.
Prabu kang nduweni sakabehane lan duwe bojo Ratu kang setya marang dheweke.
Susah, lan seneng Sang Ratu lila dhampingi ana ing sisihe Prabu Aji Pamoso. Ora
nyono Sang Ratu iku mau dipundhut dening
sing nggawe urip amarga lara sing angel ditambani. Wektu semono ana sawijine
panglima kang wis misuwur amarga kasaktene yaiku sing nduweni jenenge Resi
Kano. Resi Kano iku panglima kang kasaktene ngluwihi Prabu Aji Pamoso, sang
prabu iri marang Resi Kano. Resi Kano iku panglima saka negara liya sing lagi
ngumbara ana ing tlatah Jawa ing sisih kulon Demak. Dheweke kuwatir saupama ana
wong sing ngluwihi kasaktene lan dheweke kuwatir drajate mudhun ing pandhangane
masyarakat kang lagi dipimpin.
Sang Prabu mikir lan nduweni siasat arep nyingkirake Resi Kano
saka Mataram lan kepengin mateni dheweke. Saben dina Sang Prabu nggolek siasat kepriye carane bisa mateni Resi Kano
saka desa kene. Wong kampung ora ana sing
ngerti kepriye akal licikke sang Prabu. Sadurunge Resi Kano diusir, dheweke wis
krungu dhisik yen arep diusir lan dipateni dening Sang Prabu. Ing wayah wengi Resi Kano lunga saka Kerajaan
Mataram, pawarta lungane Resi Kano wis sumebar nganti tekan Prabu Aji Pamoso.
Sang Prabu sansaya ngamuk, sahingga prabu ngerahake para pengawal kanggo
nggoleki Resi Kano.
Para pengawal bingung sakarepe
dhewe lan bola-bali takon marang Sang Prabu, “punapa leres Sang Prabu badhe
mateni Panglima Resi Kano kang nduweni kasakten kang ngluwehi Sang Prabu?
Punapa boten kelintu, Gusti.”
Sang Prabu ora mangsuli.
Resi Kano anggone mlaku wis
tekan pantai kulon Pulo Jawa, cedhak Kutha Bonang Demak.
Resi Kano ndhelik ing
sawijining tlatah, yaiku ing jero guwa kang ketutup dening wit-witan kang akeh.
Resi Kano nggoleki guwa kang sepi, sing
ora bisa dimangerteni dening manungsa. Guwa mau arep dinggo tapa.
Dheweke nyuwun marang Gusti
Allah supaya njaga awakke saka Prabu Aji Pamoso lan pengawale. Nalika Resi Kano
tapa, Sang Prabu ngunus Resi Kano saka buri, sauntara Resi Kano mati, anehe mayite Resi Kano wis ora ana lan
ngilang saka pasawangan. Bebarengan karo ilange mayite Resi Kano Sang Prabu
krungu swara banter lan angin ribut kang nggawe mrinding kulite Sang Prabu.
Prabu Aji Pamoso wedi lan
ngucap lafal-lafal kang nuduhakake kasaktene. Sabubare swara iku ilang, ora
dinyono ana ula naga raksasa, ula iku
ngeses kaya arep mangan Prabu Aji Pamoso. Amarga kasaktene ula kuwi, pantai
kang ana ing Bonang Demak swarane sansaya banter lan ombake sansaya gedhe. Letsedhela
Sang Prabu Aji Pamoso ngetokake panah (cemparing) ing tangane. Cemparing iku diculake nganti kena sirahe ula naga
raksasa kuwi. Bebarengan karo matine ula
naga kuwi, saka sisih wetan metu putri kang ayu, banjur ngomong marang Sang
Prabu.
”He... Raja, amarga
jasa-jasamu aku bisa dadi manungsa maneh. Aku ngaturake matur suwun amarga ana
kedadean iki, aku bisa metu saka pantai iki lan bisa dadi manungsa maneh.
Putri kang ayu mau jenenge
Dewi Wasowati. Amarga jasa-jasane, Sang
Putri menehi cangkokan kembang wijaya kusuma kang akeh sanget sari-sari marang
Sang Prabu. Kembang wijaya kusuma yaiku
kembang kang arang ditemokake ana ing kampung kono. Kembang iku pancen akeh banget sing nggoleki
amarga bisa dinggo nambani lara apa wae kang angel ditambani dening manungsa.
Nanging saking senenge, kembang mau lan sari-sari (madu)ne tiba ing tengah
segara.
Let sedhela sari-sari kembang
mau kecampur karo banyu ing pantai iku. Banyu kang wis kecampur karo sari-sari
kembang wijaya kusuma iku warnane dadi biru. Pantai iku dijenengake Pantai
Morosari sing dumunung ing Kutha Demak. Sapa wae
sing teka ing pantai iku nalika sasi Syawal bakal weruh sari-sari saka pantai
iku. Sapa wae sing bisa weruh sari-sari saka pantai iku banjur ngusapake ing
sakojor awakke, lara apa wae bakal mari lan awakke dadi seger.
Cholifah ’05
DUMADINE KERAJAAN MEDANG KAMOLAN
Kacarita
tlatah Jawa iku wis dikuasai dening Kerajaan Galuh kang dipimpin Prabu
Sindulaya Sang Hyang Prabu Watu Gunung. Pusat pemerintahane ana ing Jawa Barat
amarga dianggep nduweni peran penting marang raja-raja ing tlatah liya Jawa.
Prabu Watu Gunung pancen berhasil ndadekake Galuh dadi misuwur lan wargane bisa
urip makmur.
Prabu
Watu Gunung duwe anak papat. Anak kaping pisan yaiku wadon jenenge Dyah Ayu
Dewi dadi ratu ing Nusatembini. Anak kaping pindho jenenge Pangeran Adipati
Dewata Cengkar. Anak kaping telu yaiku Dewata Pemunah Sakti kang dadi Adipati
ing Madura. Anak kang ragil jenenge
Pangeran Adipati Dewata Agung dadi Adipati ing Pulo Bali.
Para
warga ora seneng marang tumindake Pangeran Adipati Dewata Cengkar kang ala
amarga Prabu Adipati Dewata Cengkar seneng nyiksa rakyat cilik lan seneng
mangan dhaging manungsa. Amarga keweden, para warga padha lunga saka tlatah
kono. Weruh kahanan Galuh sing kaya mangkono, Prabu Watu Gunung murka, banjur
ngutus Patih supaya ngundang Pangeran Adipati Dewata Cengkar. Satekane ing
Kerajaan Pangeran Adipati Dewata Cengkar mung meneng. Amarga jengkel marang
tumindake anake sing kaya mangkono, Prabu Watu Gunung banjur misuh-misuh.
“Dewata
Cengkar! Karepmu ki kepriye? Apa awakmu saiki wis edan?
Tumindakmu kaya kewan, ngisin-ngisinake wong tuwa. Awakmu ora pantes dadi
anakku. Yen ora bisa ngubah tumindakmu, luwih becik awakmu lunga saka kene!”
Krungu
kaya mangkono, atine Pangeran Adipati Dewata Cengkar dadi lara. Amarga ora bisa
nahan emosine, Pangeran Adipati Dewata Cengkar lunga saka Kerajaan tanpa pamit
marang ramane. Sawise kadadean kuwi, Pangeran Adipati Dewata Cengkar kasil
ngumpulake prajurit sing isih setia marang dheweke banjur diajak lunga menyang
tlatah wetan tekan ing pegunungan Kendeng sing strategis cedhak karo Teluk
Lusi.
Ing
tlatah kono, Pangeran Adipati Dewata Cengkar mbangun kerajaan lan ngangkat
awake dhewe dadi raja kang nduweni gelar Prabu Dewata Cengkar. Aryo Tengger
diangkat dadi Patih lan Rudo Pekso diangkat dadi Tumenggung. Karajaan iku
diwenehi jeneng Medang Kamolan. Nalika kuwi Prabu Dewata Cengkar uga kasil
ndadekake Medang Kamolan dadi misuwur lan rakyate bisa urip makmur. Amarga kadadean iku, Prabu Dewata Cengkar bisa nglalekake
dhendham marang ramane. Nanging, amarga oleh rayuan saka Patih Aryo Tengger lan
Tumenggung Rudo Pekso, dhendham iku muncul maneh. Sahingga Sang Prabu ngutus
prajurite kanggo nyerang lan ngrusak Kerajaan Galuh kang dipimpin dening
dheweke. Amarga ora ana persiapan, prajurit Kerajaan Galuh akeh sing padha
mati. Weruh kahanan sing kaya mangkono, Prabu Watu Gunung murka banjur Sang
Prabu mudhun ing medhan perang ngadhepi anake mau.
“Dewata
Cengkar! Apa kaya ngene caramu mbales budi marang wong tuwamu? Besok sing
nduweni Galuh ya awakmu, nanging ora ngene carane.”
“Aku wis
ora butuh pidhatomu maneh. Ayo saiki lawan aku!”
“Sabar
dhisik, tumindakmu kuwi ora direstui dening Sing Maha Agung. Besok awakmu bakal
kuwalat.”
Durung
nganti bubar anggone ngendikan, Prabu Dewata Cengkar ngguyu kecakakan.
“Hua…..ha…..ha…..!
Ora usah kakehan ngomong, cepet wenehake Galuh marang aku!”
“Iya,
nanging ora saiki.”
Krungu
ngendikane Prabu Watu Gunung, Dewata Cengkar banjur ngangkat gada lan ngunusake
ing awake Prabu Watu Gunung. Sanalika krungu swara banter sing ngetokake kebul
lan cahya kang sumunar. Sawetara swara lan cahya mau banjur ilang semono uga
rakyat lan kerajaane. Tlatah iku maleh dadi alas lan saka njero alas iku
keprungu swara sepatan Sang Prabu marang Dewata Cengkar.
“Dewata
Cengkar! Kabeh mau wis kebanjur. Tumindakmu sing kaya kewan, ing tembe buri
bakal dadi kasunyatan.”
Nalika
krungu swara mau, Prabu Dewata Cengkar gela mateni ramane, wedi yen dadi
kasunyatan. Nanging Patih Aryo Tengger lan Tumenggung Rudo Pekso bisa nguwasani
atine Sang Prabu. Sang Prabu banjur seneng amarga oleh bombongan saka para
warga. Pawarta iku langsung sumebar marang rakyat Medang Kamolan, banjur
dianakake syukuran kanggo nyambut tekane Prabu Dewata Cengkar. Nanging ing dina
iku, dadi dina sing naas kanggo wong wadon sing masak ing kerajaan. Amarga
njenthike sing keiris nganti tugel iku katut kemasak nalika ditinggal nggolek
obat. Syukuran iku kalaksanan kanthi lancar. Sabubare kuwi, Prabu Dewata
Cengkar ngendika marang Patih Aryo Tengger.
“Tih…!
Patih…! Coba awakmu mrene sedhela!”
“Wonten
punapa, Prabu?”
Aku arep
takon marang awakmu, dhaging apa sing paling kosenengi?”
“Dhaging
sapi, Prabu.”
“Goblog,
dhaging sing paling enak kuwi sabenere dhaging manungsa. Biyen nalika isih ing
Kerajaan Galuh aku kerep mangan dhaging manungsa. Wiwit manggon ing kene, aku
ora tau mangan maneh. Aku meh wae nglalekake rasane kepriye, saupama mau ora
mangan.”
“Punapa
wau wonten masakan dhaging manungsa?”
“Ana,
nanging ora sengaja ing masakan mau katutan dhaging manungsa.”
Weruh
kaya mangkono Patih keweden yen juru masak kerajaan oleh ukuman saka Sang
Prabu. Nanging anehe Sang Prabu malah seneng banjur ngutus Patih supaya nggolek
dhaging manungsa.
“Wiwit
sesuk awakmu kudu nggolek korban manungsa sing dhaginge dimasak kanggo aku!”
Patih
Aryo Tengger banjur nggawe dhaftar sapa wae sing bakal dadi korbane Sang Prabu.
Selot suwe akeh warga sing dadi korban. Tumindak sing ala iku akhire konangan
dening para warga Medang Kamolan. Wiwit iku para warga padha lunga saka tlatah
kono. Senadyan Ki Granteng weruh yen anake bakal dadi inceran Sang Prabu,
nanging keluargane tetep manggon ana kono.
Wiwit
jeneng Kerajaan Medang Kamolan misuwur nganti tlatah liya, akeh wong padha
ngumbara menyang kerajaan iku, antarane: Ajisaka, Dora lan Sembada. Niate
Ajisaka ngumbara yaiku kepengin nyebarake agama lan nggolek pengalaman. Kapal
sing ditumpangi iku labuh ing Nusa Majedi, sing saiki dadi Bawean. Ing tlatah
kono Ajisaka oleh kateragan babagan Kerajaan Medang Kamolan. Nalika arep
budhal, Ajisaka meling marang Sembada supaya dheweke tetep ing Nusa Majedi
njaga barang-barang bekal lan kerise Ajisaka. Amarga Ajisaka lan Dora bakal
lunga menyang Medang Kamolan. Sapa wae sing njaluk keris kuwi aja diwenehi
saliyane Ajisaka.
Let
sedhela kapal sing ditumpangi mau oling nganti tengah samodra banjur keseret
nganti pinggir pantai Nusa Jawa. Ajisaka lan Dora banjur mlaku menyang Medang
Kamolan. Ing dalan Ajisaka kepethuk karo rakyat Medang Kamolan sing padha
ngungsi, banjur dheweke takon marang salah sijine ana apa kok padha ngungsi.
Nanging ora ana wangsulan sakecapa. Amarga iku Ajisaka sansaya dadi penasaran
pengin ngerti kahanan Kerajaan Medang Kamolan kok bisa ndadekake warga padha
ngungsi.
Ora
dinyono, Ajisaka lan Dora kasil tekan wates Medang Kamolan kanthi selamet.
Pangumbaraan iku tetep diterusake nganti tekan sawijining desa. Ing desa iku
namung ana saomah kang isine Ki Granteng sakeluarga. Banjur Ajisaka ngutus Dora
nathak lawang omahe Ki Granteng. Nanging Ki Granteng curiga dikirane Ajisaka
lan Dora utusane Prabu Dewata Cengkar.
“Panjenengan
sinten?”
“Kula
Dora, Pak. Menika Tuan Ajisaka.”
“Panjenengan
utusan saking Medang Kamolan?”
“Boten,
Pak kula tiyang asing ingkang nembe sepindhah dhateng wonten mriki.”
“Menawi
mekaten, mangga mlebet.”
Ajisaka
lan Dora banjur mlebu omah.
“Pak,
saderengipun kula nyuwun pangapunten menawi kula ngganggu bapak sakeluarga.”
“Boten,
Nak. Kula sampun biasa, saben wonten tamu kita tetep ngormati senadyan namung
sawontene. Nak Ajisaka kaliyan Nak Dora saking pundi?”
“Kula
saking tlatah sebrang, Pak tebih saking mriki. Menawi nitih prau ngantos
wulanan.”
“Tindak mriki ajeng lahnapa?”
“Pados
pengalaman, Pak.”
“Ingkang
dipadosi pengalaman menapa?”
“Niku,
Pak… Negeri Medang Kamolan menawi wonten desa kula
misuwur sanget, amargi sitinipun subur lan para warganipun makmur.”
“Ah…
ngapusi!!! Wonten mriki leres menawi sitinipun subur, ananging warganipun urip
sengsara. Saniki para warga sami ajrih marang tumindakipun Prabu Dewata
Cengkar.”
“Tumindak
ingkang kados pundi, Pak?”
“Boten
pantes kula cariyosaken dhateng Panjenengan. Prabu Dewata Cengkar menika remen
dhahar dhaging manungsa. Kula piyambak ugi bingung amargi lare kula “Roro
Cangkek sampun didhaftar dados korban. Wah…ngantos kesupen, mangga dipununjuk.”
“Matur
suwun”.
Sawise
ngunjuk, Ajisaka banjur matur yen arep nunut ing kiwan.
“Pak,
kula ajeng nunut wonten ing kiwan saged napa boten?”
“O…
nggih, mangga.”
Ajisaka
banjur menyang ing mburi, nanging dheweke kaget ngrasa kaya ngimpi nalika
tepung perawan ayu ing desa cilik kaya ngene. Ora liya perawan mau jenenge Roro
Cangkek. Ajisaka lan Roro Cangkek padha sawang-sinawang, nanging Roro Cangkek
isin amarga dheweke mung kembenan. Ajisaka banjur mlebu kiwan, banyu sing mili
saka got kiwan mau banjur diombe jago duweke Roro Cangkek. Sanalika jago iku
petok-petok kaya pitik babon sing arep ngendog. Iku nggawe kagete Roro Cangkek,
banjur jago mau dilebokake kandhang.
Dumadakan
ing pekarangan Ki Granteng ana Patih Aryo Tengger lan Tumenggung Rudo Pekso
sing kepengin nyekel Roro Cangkek kanggo didadekake santapan Sang Prabu. Roro
Cangkek banjur njaluk tulung marang wong tuwane, nanging ora ana wangsulan
amarga wong tuwane semaput sabubare dipenthung sirahe, semono uga Dora sing
dibanda ing pojok omah mung bisa meneng. Nalika Roro Cangkek wis digawa metu,
Ajisaka nyegah punggawa Medang Kamolan.
“Tuan-tuan…!!!
Endhegake dhisik tumindakmu. Mesakake dheweke kuwi dudu kewan, nanging
manungsa, apa maneh iku wong wadon.”
“Menenga!!!
Iki dudu urusanmu, dudu urusane wong asing kaya awakmu. Yen awakmu nekad bakal
dakpateni. Cepet lunga!!!”
“Aku
ngerti iki dudu urusanku, nanging…!”
“Nanging apa, ayo cepet ngomong!!!”
“Ngene, aku sabenere
ora kepengin ngganggu, nanging aku mung kepengin ngrewangi, kuwi wae yen
Panjenengan gelem dakrewangi.”
“Ngrewangi kepriye?
Cepet ngomong!!!”
“Prawan sing
Panjenengan asta kuwi duwe lara sing bisa nular. Sapa wae sing cedhak dheweke
bakal ketularan.”
Amarga weruh rai polose Ajisaka, punggawa
kerajaan mau banjur percaya. Sanalika Roro Cangkek banjur dicolake.
“Tuan-tuan ora usah
curiga marang aku! Amarga kesetiaanku marang Panjenengan mula katerangan mau
dakomongake. Nanging ora usah kuatir, aku bakal nggantekake prawan mau dadi
korbane Sang Prabu.”
Patih Aryo Tengger wis ora sabar
ngrungokake omongane Ajisaka, banjur ngutus anak buahe.
“Tumenggung, cepet
prawan kuwi colake
banjur Ajisaka gawa
ngadhep Sang Prabu kanggo gantine!”
Ngerti kadadean kuwi,
sanalika Roro Cangkek nguculi tali saka tangane langsung mlayu ngoyak Ajisaka.
Roro Cangkek nyekeli tangane Ajisaka banjur ngaturake matur suwun. Ajisaka
banjur digawa ngadhep marang Sang Prabu. Sang Prabu nesu amarga utusane ora
kasil nggawa Roro Cangkek. Nanging banjur dadi seneng nalika weruh ana sawijine
nonoman sing digawa ngadhep.
“He bocah! Dadi Kowe
sing diundang Ajisaka dening para warga?”
“Nggih, Prabu. Kula
ingkang naminipun Ajisaka saking tlatah sebrang.”
“Apa tujuanmu ing negara iki? Arep dadi-mata-mata?”
“Boten,
Prabu. Kula kaliyan rencang kula namung kepengin ngumbara kaliyan pados
pengalaman.”
“Kowe
ngerti digawa mrene kanggo apa?”
“Boten,
Prabu. Kula namung ndherek Patih Aryo Tengger kaliyan Tumenggung Ruda Pekso.
Kula siap diajak wonten pundi kemawon dening ingkang mbetahaken.
Langkung-langkung kula remen sanget amargi saged kepung kaliyan Panjenengan
wonten mriki.”
“Apa sing kokorbanake kanggo negeri iki?”
“Kula
boten gadhah emas inten utawi bandha awis sanesipun. Kula namung gadhah jiwa
raga, Paduka.”
“Apa
kowe lila yen jiwamu dakpateni lan ragamu dakiris-iris kanggo santapanku?”
“Kula lila menawi takdiripun mekaten.”
“Apa kowe wis edan?”
“Boten,
Prabu. Kula boten edan. Niki bukti kesetiaanku marang negara Medang Kamolan.”
“Hua…ha…ha…!!!
Matur nuwun, Ajisaka, banjur apa sing kojaluk?”
“Kula
namung nyuwun sapetak siti ingkang wonten ing alun-alun Medang Kamolan saamba
surban ingkang kula agem.”
“Apik…apik!
Apa sing kojaluk bakal dakwenehi.”
“Sanesipun,
ingkang ngukur menika kula kaliyan Panjenengan kanthi diseksekake dening para
warga.”
“Ya…
bisa… bisa. Banjur kapan arep dilaksanakake? Saiki bisa apa ora? Masalahe aku
wis ngelih banget.”
“Saged.
Saniki saged ngumumaken marang para warga supados nyeksekake anggenipun ngukur.”
“Patih,
utus anak buahmu supaya ngumumake marang para warga lan awakmu ngiring aku lan
Ajisaka menyang tengah alun-alun.”
Sawise
tekan tengah alun-alun, Patih Aryo Tengger lan Tumenggung Rudo Pekso menehi
ngerti lemah ing alun-alun marang Sang Prabu, banjur Sang Prabu miwiti.
“Ajisaka!
Lemah endi sing kojaluk? Cepet jereng surbanmu!
Kain
surban Ajisaka diuculi banjur dilempit dawa kaya gulungan. Prabu Dewata Cengkar
nyekel kain bagian kidul lan Ajisaka nyekel kain bagian lor. Patih Aryo Tengger
lan Tumenggung Rudo Pekso dadi seksi lan sing menehi aba-aba, uga ngumumake
marang para warga yen anggone ngukur lemah diwiwiti.
Anehe surban sing dijereng mau ora
entek-entek nganti nutupi atusan hektar lemah. Patih Aryo Tengger nyoba
murungake upaya Sang Prabu, nanging ora ana gunane. Nganti Sang Prabu ana ing
pucuk jurang, Ajisaka ora gelem murungake panjaluke.
“Ajisaka!
Aku ngaku kalah lan bakal menehake kekuasaan lan kerajaanku marang kowe asalkan
aku tetep bisa urip.”
Sing
mangsuli ora Ajisaka, nanging para warga.
“Tuan
Ajisaka! Ampun mirengaken ngendikane Sang Prabu, wis akeh warga sing dadi
korban amarga tumindake.”
Krungu
swara para warga, Ajisaka sansaya kepengin mateni Sang Prabu. Kanthi ndonga
marang Sing Maha Kuwasa, pucuk surban sing dicekel banjur dikibatake. Surban
bagian kidul nyabet awake Sang Prabu nganti mencelat adoh tekan tengah samodra
banjur ilang keseret ombak. Saka tengah samodra iku banjur muncul baya putih
sing cangkeme mangap lan bisa omongan kaya manungsa.
“He
Ajisaka! Rungokake aku! Saiki aku ngaku
kalah, nanging aku bakal balas dhendham marang anak putumu sing ora ngati-ati
ing tengah samodra iki bakal dadi mangsaku.”
Sawise kadadean kuwi, Ajisaka diangkat dening
rakyat kono dadi raja Medang Kamolan kang nduweni gelar Prabu Ajisaka. Prabu
Ajisaka banjur diarak dening rakyate menyang kerajaan. Dene sing keri ing
pinggir samodra nyekel Patih Aryo Tengger lan Tumenggung Rudo Pekso guna dibuak
ing tengah samodra, dikumpulake dadi siji karo Prabu Dewata Cengkar.
Saiki
Kerajaan Medang Kamolan iku dadi jeneng Desa Medang Kamolan ing Kecamatan
Gabus, Kabupaten Grobogan.
Yulianti ‘05
BLEDUG KUWU
Legenda Bledug Kuwu iki terusane saka legenda dumadine
Kerajaan Medang Kamolan. Kacarita wiwit Kerajaan Medang Kamolan sing dipimpin
dening Prabu Ajisaka. Saiki warga Medang Kamolan bisa urip ayem tentrem, semono
uga Ki Granteng sakaluarga. Jago sing mbiyene dikandhang ing sacedhake lumbung
pari, saiki bisa ngendhog amarga ngombe banyu got kang mili saka hajate
Ajisaka. Endhoge mau netes dadi ula raksasa. Sawise netes, banjur nggoleki
ramane yaiku Prabu Ajisaka sing ana ing Medang Kamolan. Nanging Prabu Ajisaka
ora percaya lan ora gelem ngakoni ula raksasa kuwi dadi anake.
Prabu Ajisaka gelem ngakoni ula mau dadi anake yen bisa
mateni baya putih malihane Dewata
Cengkar sing ana ing samodra. Ula raksasa kuwi nyanggupi, banjur nindakake
perintahe Prabu Ajisaka. Nalika tekan samodra, ula raksasa mau banjur ngubeti
awak lan nyokot gulune baya putih iku. Amarga ora duwe daya, baya putih mau
mati sanalika. Endhase baya putih arep diwenehake marang Prabu Ajisaka kanggo
bukti yen dheweke bisa mateni musuhe.
Miturut perentahe Prabu Ajisaka, nalika isih ana ing pucuk
jurang ula raksasa mau kudu nrobos jero lemah tumuju Medang Kamolan. Amarga Medang
Kamolan adoh saka samodra, bola-bali ula mau ngetokake sirahe saka jero lemah.
Miturut cerita, ula mau ngetokake sirahe sing kaping pisan ing desa Jono,
Kecamatan Tawangharjo. Nganti tekan saiki tlatah mau dikenal penghasil bleng,
campuran kanggo nggawe krupuk, sing bisa diproses dadi uyah. Amarga isih adoh
saka Medang Kamolan, sirahe banjur dilebokake maneh tumuju arah etan. Sing
kaping pindhone sirahe metu ing desa Crewek, lan kaping telune metu ing
sawijining tlatah sing saiki diarani Bledug, ing desa Kuwu, Kecamatan Kradenan.
Amarga kentekan daya tumuju Medang Kamolan, ula mau lumpuh. Ing tlatah kono ana
keajaiban sing ndadekake ula mau dadi cilik, banjur malih dadi bocah cilik sing
lumpuh. Ora dinyono, ana dhukun bayi sing biasa liwat ing tlatah kono nulungi
bocah mau. Dhukun bayi iku banjur takon marang bocah mau arep lunga menyang
ngendi. Dheweke mangsuli yen arep bali menyang Medang Kamolan. Dhukun bayi mau
banjur ngomong yen Medang Kamolan iku wis ora adoh saka kene. Krungu wangsulan
sing kaya mangkono, bocah mau seneng banget banjur ngaturake matur suwun lan
nyuwun ngapura marang dhukun bayi mau amarga ora bisa balas budi. Bocah mau
mung bisa ndongakake yen ing tembe buri dhukun mau bakal dikenang dening anak
putune.
Bocah cilik mau ngaku linglung sawise pamitan karo mbah
dhukun. Dheweke banjur noleh bolongan sing dinggo ngetokake sirahe. Nalika ing
sacedhake bolongan mau, ana kadadean aneh yaiku tangan lan sikile dadi siji
karo awake banjur malih dadi ula kaya sadurunge. Sawise kuwi, dheweke banjur
mlebu lemah maneh tumuju Medang Kamolan. Bolongan bekas mlebune Joko Linglung
ora let suwe akeh bledhune kang disusul karo swara BLEDUG… BLEDUG… nganti tekan saiki, mula tlatah kuwi diarani
Bledug Kuwu.
Miftalikha B.S ‘05
Tidak ada komentar:
Posting Komentar