ASAL MULANE KALI GORDA
Ana sawijining desa yaiku Badakarya. Ing desa Badakarya
ana sendang kang banyune mili bening bangetkang diarani kali Gorda. Jaman biyen
ana ing Desa Badakarya ana prawan ayu, rambute dawa, kulite sawo mateng. Prawan
kuwi dadi kembang desa.
Bupati pertama
Banjarnegara kang asmane Arya Kolopakingn, mlaku-mlaku menyang desa kuwi. Ora
nyangka yen arep kepethuk karo kembang desa. Arya Kolopaking duweni seneng
marang prawan kuwi. Sapa wonge ora kepencut karo prawan kuwi. Bupati mau ngomong
karo pengawale. Pengawal dikongkon bupati supaya nembung karo bocah wadon maul
an keluargane, arep didadekake garwa. Utusane bupati menyang desa. Badakarya
kanggo nemoni keluwargane nggenahake tujuane Bupati sing arep ndadekake kembang
desa kuwi garwane Bupati.
Niyate pemimpin kabupaten Banjarnegara ora sia-sia. Bocah ayu kuwi nrima
dadi garwane. Kaya apa tugase Bupati kudu mrana-mrene mriksani wilayahe. Dina
kuwi bupati pamitan karo garwane arep menyang kabupeten liyane yaiku tugas
kunjungan. Wektu Bupati mulih menyang desane, garwane saka kali, nggawa
kranjang, senenge ora karuan menangi Bupati kondhur kanthi selamet. Bocah ayu
mau banjur nyepaki Arya Kolopaking. Ana ing rambute bocah ayu katon iwak kang
katut, iwake gedhe. Arya Kolopaking curiga garwane iku diwenehi iwak saka wong
lanang liya kang dadi selingkuhane.
Arya Kolopaking ora trima yen garwanemalah dolanan karo
wong liya, pas ditinggal marang jaba kutha. Garwane dipateni karo keris marang
Bupati. Getih sing metu saka cah wadon kuwi akeh, warnane ora pada karo getih
sing abang nanging warnane putih memplak. Getih ora bisa mandeg. Metu kumucur
nganti malih dadi sendang sing banyune bening. Nganti saiki sendang kuwi
diarani kali Gorda, yaiku sendang kang asale saka getih prawan kang suci.
Kali Gorda ana ing desa Badakarya, dusun Kali Lutung.
Diarani kali Lutung amarga biyen akeh lutung kang padha njaga sendang kuwi
panggonane ana ing lereng gunung Lawu.
Nganti saiki wong-wong duweni kepercayaan yen sapa sing
adus ing Kali Gorda bakalan enteng jodhone, awet nom lan akeh wong kang padha
tresna. Biasane aduse malem Jumat Kliwon. Crita Kali Gorda iki turun tumurun
nganti saiki esih akeh wong percaya.
Kukuh ‘05
RIWAYAT DESA SALAMERTA
Sakdurunge ana kerajaan Mataram (Jawa Tengah), ana
wong loro kang urip ing pajang lan kekancan raket. Yaiku Ki Ageng Giring lan Ki
Ageng Pemanahan. Kelorone kekancan wis kaya sedulur sekandung.
Ing salah sawijining wengi, kelorone nglakoni tapa.
Ki Ageng Giring oleh wangsit saka Allah SWT. Yaiku sasmito gaib kang isine
kabeh kekarepane bakal terkabul, yaiku olih wahyu keraton tanah jawa. Nek bisa
nginum banyu dewegan, kang wit krambil mburi omahe.
Ki Ageng Giring langsung bali lan ngarah dewekan
mau, sing ana ing wangsite mau. Ning dheweke durung krasa ngelak, akhire
ditinggal ing sawah dhisik. Sakwise dheweke lunga, Ki Ageng Pemanahan teka saka
sawah, krasa ngelak banget. Weruh ana dewegan neng pojokan, langsung diombe
nganti entek. Ki Ageng Giring wis krasa kesel lan ngelak, langsung bali niate
arep ngumbe dewegan, ning wis ora ana. Dheweke terus ngerti perkarane. Menungsa
mung bisa jaluk, ning gusti Allah sing nentuaken. Wahyu kraton tanah Jawa wis
mlebu ing sosoke kancane. Ki Ageng
njelasake hal wahyu keraton tanah Jawa yen iku wangsit Allah SWT, saiki
wis mlebu ing angga Ki Ageng Pemanahan.
Kelorone janji arep nikahaken anak-anake. Gusti
Alloh ngabulaken kekarepane kelorone. Putri ki Ageng Giring dinikahaken karo
putra ki Ageng Pemanahan, Sutawijaya.
Teras duwe anak lanang jenenge Joko Umbaran.
Ana ing pertempuran sengit, Aria Penangsang
(Adipati Jipang Panolan) Sutawijaya, putra ki Ageng Pemanahan. Jasane gedhe
banget, mbantu mbinasaaken Ario Penangsang sing meh ngancuraken Joko Tingkir
alias Mas Karebet. Joko Tingkir dadi raja Demak Bintoro, gelare Sultan
Hadiwijaya. Langsung mindah ibukota kerajaan ing Pajang. Sutawijaya diangkat
dadi anak, lan imbalane sebab wis mbantu, Sutawijaya lan ki Ageng pemanahan
dianugerahi kawasan Alas Mentaok kanggo dibukak pemukiman anyar, kawasan iku
berkembang subur, makmur, ramai. Pemukiman anyar iku dadi daerah kekuasaane
Sutawijaya kanthi sebutan Mas Ngabei Loring Pasar.
Sutawijaya ngembangaken perekonomian rakyat daerah Anyar kuwi, lan
mbangun ‘angkatan perang’ kanggo njaga keamanan daerah kekuasaane mau. Sing paling
penting siap kanggo lawan musuh, sebab
Sutawijaya nduweni kekarepan ngrebut kekuasaan pemerintahan pajang.
Krungu Sutawijaya nduweni kekarepan iku Sultan Hadiwijaya kaget, langsung gerah
lan akhire wafat.
Kekarepane Sutawijaya terkabul, tahta kerajaan
pajang dikuasai lan langsung dipindah ing daerah anyar, ibukota kota Gedhe,
kerajaan anyar iku jenenge Mataram. Mas Ngabehi Loring pasar duwe gelar anyar
panembahan senopati Hing Ngalaga Ngabdulrahman Kahalifatullah Sayidin
Panatagama.
Panembahan senopati terus ngembangake daerah
kekuasaane. Putrane Si Joko Umbaran wis
gede. Joko Umbaran ngerti nek dheweke anake raja lan udu anake putra Ki Ageng.
Dheweke takon karo ibune sapa bapake, akhire ngerti nek bapake penguasa tunggal
kerajaan Mataram, panembahan senopati. Joko Umbaran
langsung lunga ing kota Gedhe arep menghadap bapake.
Panembahan senopati kurang percaya, nek Joko
Umbaran iku anake. Ning atine ngakoni nek Joko Umbaran iku anake, sing urip
karo ibune lan dititipaken karo simbahe, Ki Ageng Giring. Dheweke yakin yen
Joko Umbaran diprentah Ki Ageng Giring,
“Joko Umbaran aku gelem percaya nek kowe anakku,
nek kowe bisa menuhi kekarepanku.” Sabda panembahan senopati karo Joko Umbaran.
“Daulat tuan hamba, demi paduka tuan hamba, titahmu
bakal hamba penuhi.” Jawabane Joko Umbaran.
“Joko Umbaran, iki keris pusaka kerajaan Mataram,
sampaikna karo simbahmu Ki Ageng Giring. Ngomong yen keris iki di wei ‘wrangka’
saka kayu ‘purwosari’.
Joko Umbaran terus bali lan nyampeaken pesene
bapake karo simbahe Ki Ageng Giring.
Joko Umbaran seneng banget, nek bapake raja. Ning
dheweke ora ngerti pesene bapake mau bakal misahaken dheweke karo ibu lan
simbahe. Tekan omah, Joko Umbaran terus nyampeaken pesene bapake,
‘wrangka’ keris kayu “purwa sari”.
Dewi nawang wulan seneng banget, ning dheweke
bingung lan curiga karo isi pesene. Sebab dheweke nembe tahu ngerti wrangka
keris kayu ‘purwa sari’. Kok ki Ageng Giring kang diutus nggawe wrangka keris?
Padahal ing Mataram akeh ahli wrangka. Dheweke tambah curiga, ndelok tingkahe
bapake ketok terharu natap keris pusaka Mataram. Kanyata ana maksud ing njerone
pesen mau, Ki Ageng Giring ngerti pesene.
“purwa” artine asal ‘sari’ artine kembang, puspita,
lambange wong wadon, yaiku Dewi Nawang Wulan, kayu “purwa sari” artine jiwa ragane
ki Ageng Giring.
Joko Umbaran diakoni anake kang sah, nek ki Ageng
Giring rela mati nganggo keris pusaka Mataram mau. Akhire ki Ageng Giring
nggawe keputusan kang cukup bijaksana kanggo masa depan cucundane. Joko Umbaran
langsung ngadep bapake lan ngabaraken dene keris iku wis dinggo bunuh diri ki
Ageng Giring. Ki Ageng Giring lan Dewi Nawang Wulan lunga ninggalake Mataram
ing kabupaten Banyumas.
Rahmat Allah SWT, pengembaraan kelorone ora ngalami
rintangan, malah akeh ditulungi warga kampung sing diliwati. Kalorone pasrah
ninggalaken Mataram kanggo masa depan Joko Umbaran.
Akhire bapak lan anak iku tekan kawasan alas sing
ngalir kali kang amba lan bening banyune. Ki Ageng lan Dewi Nawang Wulan ngaso
neng kono. Dewi Nawang Wulan olih wangsit, kon semedi ing ngingsor wit kang
rindang lan rimbun godhonge, ora adoh saka kali mau, sing saiki diarani Kali
Sapi. Akhire kalorone mutusaken pisahan, Nawang Wulan tetep tapa lan bapake ki
Ageng Giring terus mengembara.
Sang Dewi Nawang Wulan urip dhewekan ing alas mau
dadi pertapa, konon wit mau umure wis atusan taun. Wit iku growong, dinggo
ngiubDewi Nawang Wulan awan lan bengi, terus ndonga lan dzikir kanggo karunia
Tuhan YME. Dheweke mung mangan seanane, malah bertekad arep ora mangan .’wohing
dami’, terus semedi tekan olih wangsit illahi. Konon, wangsite Dewi Nawang
Wulan tetep urip neng kono.
Penduduk kampung sekitar pertapan, akeh sing
tertarik lan teka maring panggonan
pertapan, kanggo mohon doa restu, lan ana sing merguru maring dheweke.
Wis puluhan tahun Dewi Nawang Wulan manggon ing
kono lan terkenal dadi “wong suci” sing bertuah. Panggonan iku akhire akeh sing ngunjungi
wong-wong kang njaluk berkah lan merguru.
Akhire panggonan mau berkembang dadi pemukiman, kang diarani Selamerta asale saka kata sela + amerta. Sela artine watu, amerta artine urip.
Kanthi aran iku ana kekarepane, mugo dadi desa sing urip lan nguripi, desa kang
dadi watu utawa tonggak keuripan lan panguripan. Saiki desa iku jenenge Salamerta, mlebu Kecamatan Mandiraja,
Kawedanan Purworejo klampok, Kabupaten Banjarnegara.
Nyai Dewi Nawang Wulan akhire wafat ing desa iku
lan dimakam ing ngingsore wit Jati tua panggonane dheweke tapa. Ana ing saklilinge dinggo ngubur perabot, kaya wadhah
kinang sing arane BOGEM. Tekan wayah saiki makam iku jenenge ‘Makam Bogem’
utawa ‘Makam Mbah Bogem’ sing wis dadi panggonan ziarah kanggo wong sing pengen
kekarepane terwujud.
Fajri ‘05
Legenda Kedungbenda
Ana desa jenenge
Kedungbenda, Kecamatan Kemangkon kabupaten Purbalingga. Panggonane sakulone kali
Klawing. Miturut crita bisane diarani Kedungbenda merga masyarakat ing desa
kuwi akeh kang duwe harta benda uatawa banda.
Ing desa Kedungbenda ana kali sing diarani kali
Bungul. Ing panggonan kuwi banyune bening lan akeh iwak-iwak cilik padha
nglangi. Kali Bungul dianggep kramat dening warga sekitar, merga banyu sing ana
ing kana tetesan banyu para dewa , masyarakat sekitar ora ana sing wani adus
ning kana, apa maneh njukut banyune. Mitose yaiku sapa kang wani adus bakal
kena kutukane para dewa yaiku kulite gatel-gatel. Merga ana larangan kaya kuwi
dadi dukuh sing ana ing sebelah wetan kali Bunul diarani dukuh Larangan. Wong
kang urip ing desa Kedungbenda dikenal serba kecukupan alias sugih-sugih.
Kacarito ing dukuh Larangan, desa Kedungbenda ana
wong kang urip sugih banget kang arane Satirta. Kabeh wong ngerti dene Satirta
dianggep womg kang paling sugih ning desa Kedungbenda.
Merga Kedungbenda dikenal desa kang masyarakate
serba kecukupan, ana salah sijine wong kang duweni niat ora apik, wong mau
jenenge Joko Lelana. Dheweke arep nyolong bandane Satirta. Awan bengi ngincengi
umahe Satirta, golet kesempatan kang pas kango nyolong bandane. Kanthi
nyamar-nyamar dadi suket lan pengemis.
Let pirang dina desa Kedungbenda ketekan ulama sing
arane Suka Sabda sing artine seneng aweh wejangan. Tekane Suka Sabda ing
Kedungbenda arep nyebarke agama Islam, ben masyarakat padha mlaku ing dalan kang bener. Dheweke nduweni daya
linuwih, sing bisa weruh kedadeyan sing arep kedadeyan.
Kanggo nggagalake niat alane Joko Lelana, Suka
Sabda mampir lan mertamu ning umahe Satirta. SAtirta bingung amarga umahe
ketekan tamu kang during dikenal. amarga wektune wis kesoren dadi Suka Sabda
nginep ning umahe Satirta. Sewengi suwene Suka Sabda njagani umahe Satirta karo
nyambi nyebarake agama islam.
Awit sore Joko Lelana wis nyusun niat alane lan wis
nduweni angen-ange bakal olih asil colongan akeh. Nanging nganti tengah wengi
SAtirta during turu, dheweke ngobrol karo Suka Sabda. Akhire Joko Lelana bali
menyang panggonane tanpa asil apa-apa.
Srengenge wis katon padhang, ora let suwe Suka
Sabda bali maneh menyang umahe Satirrta. Dheweke ngomong menawa umahe Satirta
dadi incerane maling mula dheweke nginep ning umahe Saturta. Krungu kaya kuwi,
Saturta dadi isin amarga dheweke krasa awit sepisan ketemu Suka Sabda, dheweke
wis ndhuweni prasangka elek.
Oara kanyana Joko Lelana ngrungoke omongane wong
loro mau, banjur dheweke nesu lan nyusun ranaman utawa rancangan elek maneh.
Niate menawa Joko Lelana metu saka umahe Satirta, gulune arep ditugel.
Kanyatane sabetane Joko Lelana mleset, malah sing kena anune. Saking larane,
Suka Sabda ngguling-ngguling utawa gelimpangan. Panggonan tibane Suka Sabda
diarani Gelimpangan lan saiki owah dadi dukuh Gelempang.
Awit kedadeyan kuwi Joko Lelana ngoyak Suka Sabda
nganti kuburane. Banjur wong loro mau mlebu ing jero bumi kabeh. Desa mau
dijenengi dukuh Soka Sada.
Barange Suka Sabda kang kekethok mau dadi watu kang
bentuke barange wong lanang kang ukurane dawa 32 cm, amba 29 cm lan kandele 23
cm.
A Nur Cui
‘05
DUMADINE DESA SIWARAK
Manut cerita rakyat ing Purbalingga, Gua Lawa kuwi
nduweni asal-asul sing ana hubungane karo jeneng
Siwarak. Wektu agama islam lagi wiwit berkembang ing
tlatah Jawa, ana mubaligh sing teka ing Banyumas. Mubaligh sing teka ing Banyumas ana loro yaiku Akhmad lan Muhamad. Wong
loro mau nduweni abdi loro yaiku Bangas lan Bangis, lorone kakang adi. Sajerone
nyebarake agama islam wong papat mau nduweni alangan sing gedhe banget jalaran
ditentang karo kerajaan Majapahit. Majapahit
nduweni panglima sing ditugasake kanggo mbendung perkembangan agama islam yaiku Ki Sutaraga. Akhmad lan Muhamad
kepeksa ngindhari kekuatane Ki Sutaraga yaiku mlayu ngindhari wong mau. Naging
ing tengah dalan ora nyangka nemu guwa. Guwa iki jenenge Gua Lawa, neng jero
guwa wong loro ngaso lan nyuwun karo Gusti muga-muga diparingi keslametan
banjur bisa nyebarake agama Islam.
Ana ing sepining wengi wong
kuwi mau oleh ilham utawa wangsit. Akhmad lan Muhamad kudu ganti jeneng yen
kepengin slamet, banjur Akhmad lan Muhamad ganti jeneng dadi Taruna Lan Taruni.
Sawise ganti jeneng wong loro mau metu
saka guwa. Durung suwe anggone mlaku wong loro mau kepethuk wong gedhe dhuwur
sing ora liya yaiku Ki Sutaraga, senopati Majapahit.
Nalika ditakoni karo Ki Sutaraga
apa wong loro kuwi weruh Akhmad lan Muhamad, langsung mangsuli, ”Wis ora tau
weruh jalararan wong loro kuwi wis rong dina kepungkur dicakar macan banjur
dipangan.”
Ki Sutaraga lansung
percaya karo omonge Taruna lan Taruni jalaran Ki Sutaraga urung tau weruh
Akhmad lan Muhamad. Ki Sutaraga banjur aweh kabar marang anak buahe yen Akhmad
lan Muhamad wis mati di pangan macan, pasukan Majapahit surak-surak bungah
banget.
“Akhmad lan Muhamad mati,
Akhmad lan Muhamad mati,” bengoke
prajurit Majapahit.
Nanging wong sing dikira
mati yaiku Akhmad lan Muhamad sebenere urung mati saiki bisa lunga kanthi ayem
lan tentrem jalaran ora ana sing kenal. Akhmad lan Muhamad langsung ninggalake
panggonan kuwi banjur mlaku ngalor, kanggo nglanjutake anggone nyebarake agama islam.
Gegere pasukan Majapahit jalaran seneng Akhmad lan Muhamad mati banjur tekan kupinge
Bangas lan Bangis, abdi setiane Akhmad lan Muhamad. Bangas lan Bangis ora
trima yen kyaine mati. Banjur Bangas lan
Bangis kepengin nuntut wales banjur nemoni Ki
Sutaraga, Senopati Majapahit sing sakti
mandra Guna. Karo nesu wong loro nantang Ki Sutaraga perang nanging Ki Sutaraga
ora nggubris omonge Bangas lan Bangis. Tumindake
Ki Sutaraga nggawe Bangas lan Bangis tambah nesu lan penasaran. Karo nesu
Bangas lan Bangis langsung nyerang Ki
Sutaraga.
Ki Sutaraga banjur malang
kadek karo ngomong, “He Bangas lan Bangis! kowe wong loro iku menungsa sing ora
ngerti mbalas budi, tumindakmu kaya kewan.”
Karo kesaktiane Ki Sutaraga,
dumandakan wong loro mau malih dadi
kewan warak. Prajurite sumbar,“Raksakake kowe Bangas lan Bangis.”
Sawise wong loro kuwi
malih rupa, Ki Sutaraga ngomongi prajurite, ”Prajuritku rungokake lan sekseni,
wong loro mau kuwalat karo kelakuane dhewe,mula kanggo pengeling-eling kowe
kabeh, yen alas iki dadi desa. Desa iki tak jeneni desa SIWARAK.”
Wahyu Budi L ‘05
CERITA MBAH ADEG WIDURI
(DUMADINE DESA BALERAKSA)
Desa Baleraksa yaiku salah
sijine desa sing ana ing wilayah Kecamatan Karangmoncol, Kabupaten Purbalingga.
Jaman biyen ana cerita saka wong tuwa, sing teka lan urip neng desa kuwi.
Jenenge Syeh Maulana Pandansari, sing asale saka negara lor. Syeh Maulana
Pandansari nggawe gubug neng tengah alas dhewekan. Gubug kuwi gendheng lan
pagere saka suket. Sawise Syeh Maulana Pandansari urip dhewekan neng alas,
dumadakan kepethuk karo wong wadon ayu sing jare asale padha karo dheweke. Wong
loro padha senenge. Awit wong wadon ayu kuwi teka neng alas, dadi ana wong loro
sing manggon neng alas. Nanging isih urip ing gubuge dhewe-dhewe. Bareng wis
suwe wong loro mau akhire padha sepakat urip
bebarengan neng alas.
Puluhan taun wong loro
kuwi urip neng alas karo anak-anake. Nembe sawise anak-anake padha duwe bojo,
ana wong anyar teka, mula alase kuwi dadi tambah rame. Akhire dadi desa sing
dijenengi desa Karanggedhe. Syeh Maulana Pandansari kuwi wong sing sekti, ora
bisa mati senadyan kena kapak utawa geni. Wektu kuwi akhire Syeh Maulana
Pandansari didadekake lurah. Bareng karo ramene Desa Karanggedhe, wektu kuwi
uga ana Desa saka Adipati Kertanegara. Adipati Kertanegara mrentah marang Ki
Guntur Karangringin. Sawise puluhan taun suwene, akhire Desa Karanggedhe dadi
amba. Syeh Maulana Pandansari wong sing sekti, wektu kuwi ana woro-woro Geni
supaya nyebarake woro-worone.
Woro-woro kuwi kaya
mangkene unine, “Sapa bae sing bisa nyekel Kebo Edan, sing senenge ngamuk lan
ngrusak apa bae ing sekitare arep didadekake mantune. Dijodhokake karo anak
wadone sing ayu banget lan arep diangkat dadi Adipati Kertanegara nggantekake
pangkate adipati sing saiki.”
Syeh Maulana Pandansari
mrentah marang Ki Guntur Geni maksude kanggo mbiyantu wong-wong Kertanegara
sing lagi kena mala petaka saka amukane Kebo Edan. Syeh Maulana Pandansari ora duwe pikiran ndadikake abdine dadi adipati ing
Kertanegara. Kabeh wis dilakokake nanging wong-wong Kertanegara ora ana sing
bisa ngalahake Kebo Edan, malah Kebo Edan kuwi saya ngamuk. Sawise diwenehi
sangu lan wejangan, Ki Guntur Geni mangkat neng Kertanegara arep mbiyantu
wong-wong Kertanegara sing lagi sengsara. Ki Guntur Geni mangkat neng
Kertanegara karo abdine, supaya yen ana apa-apa ing dalan ana sing bisa menehi
kabar menyang omah. Sawise Ki Guntur Geni tekan Kertanegara, dheweke langsung
ngadhep adipati arep ngomongake titipan saka
Syeh Maulana Pandansari sing dadi wong tuwa angkate. Kekarepane Ki Guntur Geni
ditrima kanthi apik. Menawa Ki Guntur Geni oleh kasil, tetep arep dijodhokake
karo anak wadone lan diangkat dadi Adipati Kertanegara.
Sawise Ki Guntur Geni
entuk restu saka adipati, dheweke langsung metu saka umah arep nututi Kebo Edan (jenenge Kebo Danu). Sawise Kebo Danu weruh
Ki Guntur Geni, Kebo Danu banjur mlayu banter ngadohi Ki Guntur Geni. Ora kaya
biasane, yen ana wong sing arep nyekel, Kebo Danu malah mbalik nututi wong sing arep nyekel banjur biasane nyrudug nganggo
sungune sing lancip. Wis akeh wong sing dadi tumbale, nanging ora nganti mati.
Ki Guntur Geni terus nututi Kebo Edan, sepisanan Kebo Edan arep nglawan.
Nanging yen sing nututi wis cedhak, Kebo Edan
mlayu maneh karo ngrusak sekabehane sing ana ing ngarepe. Sasuwene padha
playon, akhire Kebo Edan bisa dicekel dening Ki Guntur Geni. Kebo Edan wis
kecekel, saiki wis ana ing dhuwur pudhake Ki Guntur Geni. Kebo Edan tetep arep
ngeculake cekelane Ki Guntur Geni, nanging
sawise Ki Guntur Geni bisa nyekel sungune kuat banget banjur diputer
sekuwat-kuwate nganti gulu lan sungune pedhot. Bareng krasa lara, kebo kuwi
mbukak cangkeme amba-amba banjur Ki Guntur Geni nglebokake lemah. Anehe sawise
kuwi, Kebo Edan dadi manut banget. Sapa bae sing
nyedhaki, kebo kuwi mung ndingkluk kaya krasa isin.
Kebo Danu nembe bali ing
omahe Adipati Kertanegara mung digiring karo mlaku. Bareng tekan omahe adipati,
Ki Guntur Geni menehake kebo kuwi banjur njaluk pamit bali karo nggawa sungune
kebo sing tugel kanggo bukti marang bapake yaiku
Syeh Maulana Pandansari ing Desa Karanggedhe. Sungune Kebo Danu akhire dikubur
neng lemah kuburan Karanggedhe, nganti saiki isih ana tipake. Kaya janjine
adipati, banjur Ki Guntur Geni dijodhohake karo anak wadone. Adicara ningkahan Ki Guntur Geni karo anake Adipati Kertanegara rame
banget. Ing pungkasane adicara kuwi dianakake upacara penobatan Ki Guntur Geni dadi Adipati Kertanegara nggantekake
pangkate Adipati Kertanegara. Ki Guntur Geni dadi Adipati Kertanegara dudu
karepe dhewe. Nanging Ki Guntur Geni krasa yen wong-wong Kertanegara ora
ngarepake dheweke dadi adipati neng Kertanegara.
Awan-awan Adipati Ki
Guntur Geni dicegat grombolan wong sing duwe
karep ora apik, arep nggawe cilakane Ki Guntur Geni. Sawise bali, Ki Guntur
Geni ngundang abdine supaya njaga dheweke. Miturut abdine, ana sing ngomong yen
ana wong sing ngrasa iri karo kasenengane Ki
Guntur Geni sing duwe bojo anake adipati banjur dadi adipati. Ora ngira yen
grombolan mau arep ngancem adipati. Wengi kuwi kahanane sepi banget, Ki Guntur
Geni lagi lali-laline turu. Ki Guntur Geni
diculik dening grombolan wong sing nganggo klambi ireng-ireng lan raine ditutup
nganggo topeng. Ki Guntur Geni digawa neng tengah lapangan, banjur dikroyok rame-rame nganti mati. Mayite ditinggal lunga, ora
ana sing ngurusi. Esuke saka grombolan wong sing
mateni mau ana sing diprentah nonton mayite Ki Guntur Geni. Nanging wong mau
gumun, amarga mayite Ki Guntur Geni wis ora ana ing kono. Salah sijine
grombolan mau ana sing diprentah lunga neng
omahe adipati, ora nganti mlebu neng omahe adipati, banjur bali lan ngomong
karo balane.
Grombolan mau ora ana sing percaya karo laporane, amarga
dheweke ngomong yen weruh Adipati Ki Guntur Geni lagi lungguh sarapan karo
bojone. Grombolan wong-wong kuwi tambah gela,
amarga Ki Guntur Geni bisa urip meneh. Grombolan kuwi
duwe rencana arep nyulik Ki Guntur Geni, nanging
kepriye carane supaya Ki Guntur Geni mati tenan.
Penculikan sing
kaping loro ora kasil, amarga gelut neng jero
omah. Ki Guntur Geni mung dhewekan, yen grombolane ana puluhan wong. Dadi sia-sia. Ki Guntur Geni digawa neng plataran Kali
Tambra. Padha karo penculikan sing kapisan, Ki
Guntur Geni dikroyok rame-rame nganti mati.
Banjur mayite Ki Guntur Geni awake ditugel-tugel dadi loro lan mayite dikubur
pisah-pisah. Sirah dikuburake neng sisih kulon Kali Tambra, lan awak nganti
sikil dikuburake neng sisih wetan. Nganti saiki kuburane isih ana lan kerep ditekani wong kanggo tapa.
Bali neng crita Syeh
Maulana Pandansari neng padhepokane, dheweke dadi sregep ngadhep marang Gusti
Kang Maha Agung. Wektu kuwi Syeh Maulana Pandansari lungguh karo tapa. Ing
tengah-tengah tapane, Syeh Maulana Pandansari nugel godhong sing ana rine
nganggo tangane, banjur godhong sing ana rine mau ditancepake neng lemah.
Sawise ditancepake, Syeh Maulana Pandansari nglanjutake semedine banjur dheweke
ngilang. Papan ngilange Syeh Maulana Pandansari nganthi saiki dikenal dadi kuburan Mbah Adeg Widuri. Amarga Syeh Maulana Pandansari ngilang sawise ngedekake wit sing ana rine.
Sawise Mbah Adeg Widuri mati, desa dadi tabah rame. Wektu kekuwasaane wong
Landa, ing Desa Karanggedhe utawa Desa Karangwringin dianakake ukur lemah
dening wong Landa, ora dinyana wong Landa weruh ana kuburan sing apik.
Banjur wong sing
ngukur lemah kuwi takon, “Kuburan apa iki?”
Wong-wong sing melu ngukur
lemah padha mangsuli, “Kuburan baleraksa”.
“Jenenge apik temen,” omongane wong sing ngukur lemah
saka Landa. Kuburan baleraksa
yaiku papan ngilange Syeh Maulana Pandansari utawa Mbah Adeg Widuri. Banjur,
wong-wong saka Desa Karanggedhe lan Karangwringin njaluk supaya desane
didadekake siji. Wong-wong saka desa padha sepakat yen Desa Karanggedhe lan
Karangwringin didadekake siji yaiku Desa Baleraksa.
Dian
Permatasari ‘05
ASAL-USUL AJIBARANG
Ing jaman semana ana sawijining Negara kang jenenge Galuh
Pakuan. Galuh Pakuan kuwi kalebu wilayah Kerajaan Pajajaran. Nalika semana ing
Galuh Pakuan lagi ana musibah. Musibah mau
awujud mangsa ketiga kang suwe banget. Kabeh mau ndadekake para warga urip sengsara. Para warga padha
kurang pangan, amarga mangsa paceklik. Ing kahanan kang mrihatenake mau, bojone
Adipati Munding Wilis (Adipati Galuh Pakuan) njaluk digolekake dhaging kidang
kang sikile putih.
Bojone Adipati Munding Wilis kandha, “Kangmas, aku
kepengin mangan daging kidang kang sikile putih.”
“Panjalukanmu kok aneh
diajeng?” ature sang adipati
“Iki dudu panjalukan saka aku
kang mas, nanging panjalukane si jabang bayi,” wangsulane bojone Sang Adipati
“Ya wis, nek ngana ngesuk aku
tak menyang alas nggolek kidang kang sikile putih,” ature Sang Adipati.
Amarga bojone lagi meteng, mula Sang Adipati nuruti
panjalukane bojone. Esuk-esuk sawise pamitan lan wis nggawa sangu kang
sacukupe, Adipati Munding Wilis lan punggawane budhal menyang alas nggolek
kidang kang sikile putih. Sang Adipati nunggang jaran kang jenenge Dawuk
Mruyung. Sang Adipati lan rombongan wis tekan alas. Kahanan ing alas kana sepi banget. Kidang kang digoleki ora ana. Sadurunge
oleh kidang kang sikile putih, Sang Adipati lan rombongan kesasar ing desa para
brandal (perampok). Pimpinan brandal mau jenenge
Abulawang. Banjur Abulawang mrentah anak buahe supaya nggolek pawarta babagan rombongan kang
kesasar mau.
“He, kowe! Cepet nggolek
pawarta babagan rombongan sing kesasar mau sapa
lan apa wae kang digawa!” Prentahe Abulawang.
Anak buahe Abulawang
cepet-cepet budhal lan nggolek pawarta babagan rombongan kang kesasar mau. Sawise telung dina, anak buahe Abulawang mulih
ngadhep pimpinane, banjur nglapor babagan kasil anggone nggolek pawarta mau.
“Pawarta apa kang arep kolaporake marang
aku?” Pitakone Abulawang
“Rombongan kang kesasar wau inggih punika rombongan Adipati Munding Wilis saking Kadipaten Galuh Pakuan.
Barang-barang ingkang dipun bekta ugi kathah,” wangsulane anak buahe Abulawang.
“Ya wis, saiki siapake pasukan kanggo nyerang rombongan Adipati
Munding Wilis!” Prentahe Abulawang.
Banjur Abulawang lan anak buahe nyusun rencana kanggo nyerang Adipati Munding Wilis lan rombongane.
Perang antarane rombongane Sang adipati lan Abulawang akhire kedadean. Sang
Adipati lan rombongan kalah, banjur dicekel
dening perampok kang dipimpin Abulawang. Kabeh
barang-barange Sang Adipati dirampok semana uga
jarane. Banjur Sang Adipati diolehake mulih marang kadipaten. Karo nahan rasa
kang sedhih, akhire Sang Adipati lan rombongan mulih
mlaku, amarga jarane uga melu dirampok.
Sawise tekan ing kadipaten, Sang Adipati ngrasa seneng. Bojone
wis nglairake
putra kang bagus rupane. Putrane mau nduweni tandha ing lengen sisih tengen
yaiku belong “toh wisnu”. Wektu lagi
pada seneng-seneng, dumandakan kahanan ing kana dadi ora karu-karuan. Kabeh mau
amarga rombongan Abulawang dumandakan nyerang lan mlebu marang kadipaten. Nalika semana umure
putrane Sang Adipati nembe patang dina. Kadipaten dirampok lan diobong. Semana uga omahe para warga lan para pejabat kadipaten. Untung wae Sang Adipati
ditulungi dening Ki Juru Taman, pembantu kadipaten.
Sawise kahanan aman, Sang Adipati kelingan karo nasibe
putrane kang nembe lair mau. Putrane digoleki ing saben pojokan kadipaten,
nanging ora ketemu. Ing sawijining dina ana warga kang nglapor yen putrane Sang
Adipati digawa lunga (diculik) dening Abulawang.
Sang Adipati lan bojone ngrasa sedhih banget. Banjur wong loro nekad lunga
nggoleki putrane kang digawa Abulawang. Wong loro mau nyamar dadi wong tani
jenenge Pak Sandi lan Nyai Sandi.
Ing Bukit Mruyung (papane para perampok), Abulawang lan
bojone ngrasa seneng banget. Amarga Abulawang lan rombongane bisa nyulik putrane Sang Adipati sing bagus rupane.
Nanging putrane diaku anak dening Abulawang lan bojone. Abulawang lan bojone
gelem ngakoni amarga wong loro mau pancen durung duwe anak. Akhire putrane Sang
Adipati mau dijenengi Jaka Mruyung.
Saiki Jaka Mruyung wis ngancik tambah gedhe. Dheweke diwenehi
wejangan dening Abulawang yaiku ora kena lunga adoh-adoh saka Bukit Mruyung.
Apa maneh nganti metu saka Bukit Mruyung.
Abulawang kanda, “Nduk, kowe ora kena lunga adoh-adoh
saka Bukit Mruyung. Apa maneh metu saka wilayah Bukit Mruyung iki!”
“Nggih pak,” wangsulane Jaka Mruyung manut.
Saya suwe Jaka Mruyung
ngrasa ora betah manggon ning Bukit Mruyung. Dheweke ora seneng karo wong
tuwane kang nduweni watek ala kayata seneng ngrampok, nginum, lan judi. Banjur
Jaka Mruyung lunga (minggat) saka Bukit Mruyung. Jaka Mruyung nglanggar janjine
marang Abulawang. Jaka Mruyung lunga numpak jaran Dawuk Mruyung. Jaran Dawuk
Mruyung mau jebul duweke ramane dhewe (Adipati Munding Wilis) kang biyen
dirampok dening Abulawang.
Ana Anak buahe Abulawang kang nglapor yen Jaka Mruyung
minggat numpak jaran Dawuk Mruyung. Abulawang mrentah anak buahe supaya nggudag
Jaka Mruyung. Jaka Mruyung digudag-gudag dening
anak buahe Abulawang, nanging Jaka Mruyung bisa metu saka Bukit mruyung lan ora
kecekel.
Karo nggawa sangu, Jaka Mruyung lunga ngetan ngliwati
alas-alas. Dheweke tekan ing sawijining papan kang jenenge Dayehluhur. Jaka
Mruyung mampir ing omah cilik, duweke Ki Mranggi. Akhire Ki Mranggi ngongkon
Jaka Mruyung supaya gelem saomah karo Ki Mranggi
lan dianggep putu.
“Ndhuk, kowe manggon neng kene
wae ngancani aku!” Prentahe Ki
Mranggi
Amarga Jaka Mruyung pancen
ora nduwe papan kanggo nginep, banjur dheweke sarujuk.
“Nggih, Ki?” Wangsulane Jaka Mruyung.
Ki Mranggi yaiku bekas prajurit Majapahit kang manggon
ing papan iku. Jaka Mruyung diwarahi maca, nulis keprajuritan, bela dhiri, lan
ilmu kesaktian. Sawise cukup anggone nimba ilmu, banjur Jaka Mruyung diijinake
nerusake pangumbarane nanging saka petunjuk Ki
Mranggi kang diolehake saka ngimpine. Jaka Mruyung lunga ngetan lurus ngolek
alas kang jenenge Pakis Aji. Sawise alas mau ditemokake, banjur dibabad amarga
papan mau besuke bakal dadi Negara kang gedhe. Jaka Mruyung akhire ninggalake
papan mau saka pratandha kang wis ditrima Ki Mranggi. Jaka Mruyung uga
ninggalake pesen supaya papan mau dijenengi Desa Panulisan kang artine papan
Jaka Mruyung bisa maca lan nulis.
Ing sawijining dina, Jaka mruyung tekan ing papan kang
amba lan akeh sukete wernane ijo-ijo. Dheweke leren lan jarane mangan suket
kang ijo-ijo mau. Banjur papan mau dijenengi Gumelar kang artine papan kang
amba. Pangambaraan diterusake lan Jaka Mruyung wis tekan ing sawijining papan
lan dheweke ketemu karo wong lanang enom jenenge Tlangkas. Tlangkas menehi
ngerti yen Alas Pakis Aji wis cedhak yaiku ing sisih kidul Kadipaten
Kutanegara. Akhire Jaka Mruyung nerusake pangumbarane maneh banjur ninggalake
pesen kanggo Tlangkas. Pesene yaiku yen besuke Tlangkas arep dijaluki tulung
mbabad Alas Pakis aji lan Tlangkas nyangguhi.
Dicritakake yen Ki Sandi
wis tekan ing Desa Panulisan lan leren ing omahe Ki Mranggi. Sawise
leren ana pirang-pirang dina ing omahe Ki Mranggi, banjur Ki Sandi nyritakake
yen tujuane dheweke yaiku nggoleki anake lanang kang nduweni tanda ing lengen
sisih tengen yaiku belong “ toh wisnu”. Banjur
Ki Mranggi nyritakake yen bocah sing lagi digoleki mau saiki wis gedhe jenenge
Jaka Mruyung. Jaka Mruung durung suwe lunga ngetan golek Alas pakis Aji. Ki
Sandi ngrasa seneng amarga dheweke wis oleh kabar yen Jaka Mruyung iku anake lanang kang lagi digoleki lan saikine isih
urip.
Sesuke Ki Sandi lan bojone nerusake pangambaraane mlaku
ngetan nututi bekas lakune Jaka Mruyung. Ki Sandi lan bojone ngliwati kali kang
bening banyune lan swarane banter (kemracak). Mula mbesuke papan mau dijenengi
Desa Kracak. Ing sawijining papan, Ki Sandi ketemu karo wong lanang kang nggawa
buah banjur dheweke takon jenenge buah mau.
“Pak, punika buah napa?” Pitakone
Ki Sandi
Banjur wong lanang mau
mangsuli nganggo basa Sunda, ”Le mah Gondang amis.”
Ki Sandi takon maneh, “Le
mah Gondang amis punika artosipun punapa?”
“Artosipun inggih menika buah
gondang kang rasane legi,” wangsulane
wong mau.
Banjur papan mau besuke
dijenengi Desa Gondangamis. Pangambaraane Jaka Mruyung saiki wis tekan ing
pinggir Alas Pakis Aji. Dheweke leren ing papan kang akeh manuk jalake. Papan
mau banjur dijenengi Pejalakan. Dheweke mlebu ing Alas Pakis Aji. Jaka Mruyung tekan ing Kali Datar lan ing papan kana uga
ana kedung. Ing kedung kana akeh manuk Serwitine. Banjur papan mau dijenengi
Kedung Serwiti.
Sawise Jaka Mruyung tekan ing pinggir Alas Pakis Aji,
dheweke langsung mbabad alas. Nalika dheweke lagi mbabad alas mau, Jaka weruh
ing sakitare kana ana wong akeh kang lagi padha gawe tambak iwak. Jaka Mruyung
nyedaki wong-wong mau lan njaluk tulung mbabad Alas Pakis Aji. Banjur wong-wong
mau pada nyangguhi.
Jaka Mruyung lan wong-wong mau mulai mbabad Alas Pakis
Aji. Nalika lagi mbabad Alas Pakis Aji, jaka weruh naga (ula kang gedhe). Ula
mau dicekel dening Jaka Mruyung banjur
dipateni banjur diobong. Nalika lagi ngobong ula, genine melu ngobong
Alas Pakis Aji. Warta yen Alas Pakis Aji kobongan, wis ditrima dening Adipati Nglangak yaiku Adipati Kutanegara.
Adipati Nglangak murka banget marang Jaka Mruyung. Semana uga wong-wong ing Kadipaten
Kutanegara, kabeh melu nyalahake Jaka Mruyung. Banjur Sang Adipati ngutus para
punggawane kanggo nangkep wong kang wis mbakar Alas Pakis Aji yaiku Jaka
Mruyung supaya diukum.
“Punggawa,! Tangkep lan ukum
Jaka Mruyung!” Prentahe Adipati
Nglangak.
Jaka Mruyung digoleki
dening punggawa Kadipaten Kutanegara. Ora mbutuhake wektu kang suwe kanggo
nggolek dheweke, akhire Jaka Mruyung bisa kecekel. Jaka Mruyung banjur diukum
banjur dheweke dadi tahanan ing Kadipaten Kutanegara.
Adipati Nglangak nduwe anak telu yaiku Dewi Pandansari,
Dewi Pandanayu, lan Dewi Rantansari. Putri-putri mau uga dadi prajurit wadon
ing Kadipaten Kutanegara. Nalika dadi tahanan Jaka
Mruyung ngetokake tingkah laku kang sopan santun. Akhire Jaka Mruyung
dibebasake. Ing sawijining dina, Kadipaten Kutanegara nganakake sayembara
kanggo ngolek Senopati Kadipaten Kutanegara. Senopati yaiku pemimpin perang
utawa prajurit.
Ing sajroning sayembara, Jaka Mruyung oleh lawan kang
sakti jenenge Ki Ketol Ireng. Wong loro mau padha-padha kuwate lan saktine.
nanging akhire Ki Kentol Ireng nyerah, dheweke ngaku kalah. Jaka Mruyung menang
lan dheweke didadekake Senopati Kadipaten Kutanegara. Banjur dheweke uga
dinikahake karo anake adipati Nglangak kang nomer loro yaiku Dewi Pandanayu
Adipati Nglangak tambah seneng sawise ngerti yen Jaka
Mruyung kuwi jebul putrane Adipati Munding Wilis saka Galuh Pakuan. Rahasia
kabeh mau kabongkar amarga Tlangkas nyritakake babagan kabeh mau marang Adipati
Nglangak. Akhire Kadipaten Kutanegara diserahake marang Jaka Mruyung.
Sawise Jaka mruyung dadi adipati, dheweke mulih menyang
Kadipaten Galuh Pakuan. Wong-wong kadipaten wis ora padha kenal lan ora ngerti
yen tamu kang nembe teka mau jebule Jaka Mruyung, putrane Adipati Munding
Wilis. Ing kahanan kang kaya mangkono, Ki Juru Taman nglapor yen Rama lan Ibune Jaka Mruyung lunga nggoleki putrane kang digawa
lunga perampok Abulawang.
Jaka Mruyung banjur mrentah punggawane supaya nyebarake
pengumunan kang isine sapa kang bisa nemokake Adipati Munding Wilis lan bojone
bakal diwenehi hadiah. Sawijining dina, Adipati Munding Wilis lan bojone
maca pengumuman mau. Sang Adipati lan bojone ngrasa seneng banget. Akhire wong
loro mau sarujuk arep teka dhewe marang Kadipaten Kutanegara nemoni putrane
yaiku Jaka Mruyung.
Sawise
tekan ing Kadipaten Kutanegara, Adipati Munding Wilis lan bojone nyritakake yen
dheweke kuwi wong tuane Jaka Mruyung. Adipati Munding Wilis uga nyritakake
sebabe Jaka Mruyung bisa pisah saka wong tuwane. Sawise ngerti critane kabeh,
banjur Jaka Mruyung arep nuntut bales marang Abulawang. Nalika semana Jaka
Mruyung isih jengkel.
Jaka
Mruyung lan punggawane budhal menyang Bukit Mruyung. Sadurunge tekan ing Bukit Mruyung, dheweke malah diserang dening Abulawang
lan rombongane. Banjur Jaka Mruyung lan punggawane genti nyerang. Akhire
Abulawang lan rombongane bisa dikalahake. Abulawang ngaku salah lan njaluk
pangapura marang Jaka Mruyung. Jaka Mruyung ora ngukum Abulawang amarga dheweke
esih eling karo jasa-jasane Abulawang kang wis ngopeni dheweke nganti gedhe. Abulawang
lan bojone dipindah menyang Kutanegara. Jaka Mruyung akhire bisa urip tentrem
lan seneng amarga urip bareng karo wong kang ditresnani. Sawise kuwi
ibukota Kadipaten Kutanegara dipindah
marang Alas Pakis Aji kang wis dibabad mau. Alas Pakis Aji mau dijenengi
AJIBARANG. Mula Jaka Mruyung kuwi Adipati Ajibarang kang kaping pisan.
Sawise Kadipaten Kutanegara ngadeg, Kadipaten Kutanegara
dibagi dadi rong desa yaiku Desa Kutawera lan Desa Candinegara. Bukti yen
cerita iki pancen ana yaiku anane kuburan kang jenenge Pandansari, yaiku
kuburane Dewi pandansari. Uga ana kuburan Pandanayu yaiku kuburane Dewi
Pandaayu bojone adipati Jaka mruyung. Kuburan mau ana ing sisih lor Ajibarang.
Yen Dewi Rantansari ana ing Gunung
Putri, sisih kidul Ajibarang lan Gunung mau dijenengi Gunung Putri.
Sri Retno Rahayu ‘05
ASAL USUL NUSAKAMBANGAN
Jaman biyen ing dhaerah Jawa Timur (Kediri), ana maharaja
sing gelare Prabu Aji Pramosa. Raja iku duwe watak sing atos, dheweke wegah
tundhuk marang sapa wae lan ora seneng menawa ana wong sing luwih sekti
tinimbang dheweke lan duwe pengaruh gedhe ing negarane. Prabu Aji Pramosa
ngongkon punggawa menyang ing kabeh penjuru kerajaan kanggo nggoleki wong-wong
sing dianggep luwih sekti, amarga dheweke ora bakal trima yen ana sing luwih
sekti lan pinter. Punggawa sing diprentah Prabu Aji Pramosa mau dibagi-bagi lan
nyebar menyang pelosok kerajaan supaya luwih gampang anggone nggolek. Ora suwe
anggone nggolek para punggawa-pungawa kerajaan mau nemokake salah siji
panggonan sing neng papan kana ana Resi sing wis kesohor amarga kepinteran lan
kasektiane. Resi iku jenenge Resi Kano sing gelare Kyai Jamur. Kasektiane Kyai
Jamur akhire tekan menyang kupinge Raja Aji Pramosa, dheweke krungu saka para
punggawane sing weruh dhewe. Banjur Prabu Aji Pramosa mangkel, nesu lan arep
nyekel sarta mateni warga sing ora duwe salah mau.
Akhire Raja ngundang Patih Hulubalang, Senopati uga
pejabat utama kerajaan arep nggolek kepriye carane nyekel Kyai Jamur. Bubar
oleh saran saka petinggi kerajaan Prabu Aji
Pramosa banjur mutusake supaya Kyai Jamur diusir saka kerajaan utawa dipateni
wae. Warta iku wis kasebar ing kerajaan nganti tekan dhaerah panggonane Kyai
Jamur. Kyai Jamur dhewe krungu saka
bature yen dheweke arep diusir. Bature Kyai Jamur ngakon supaya cepet-cepet
lunga saka papan panggonane. Wengine Kyai Jamur lunga saka papan panggonane
sadurunge dheweke diusir karo Prabu Aji Pramosa.
Prabu Aji Pramosa lunga karo para punggawane teka ing
panggonane Kyai Jamur, nanging wong sing diparani malah wis ora ana ing papan
panggonane. Krungu yen Kyai Jamur wis ora ana ing papan panggonane, Prabu Aji
Pramosa tambah murka lan ngobrak-abrik papan panggonane. Bubar ngrusak
panggonane Kyai Jamur Raja banjur ngutus punggawa kerajaan mburu lan nyekel
sang resi. Alesane Prabu ngangkon punggawa kerajaan nggoleki Kyai Jamur mung
kanggo kedhok supaya resi dianggep salah amarga lunga saka kerajaan tanpa ijin
marang Prabu Aji Pramosa. Awit lunga saka kerajaan Kyai Jamur ngumbara terus
mlaku menyang ngulon ngliwati alas, pantai kidul nganti tekan dhaerah sing
saiki jenenge Cilacap. Ing papan kana dheweke nemu guwa kanggo leren lan dadi
papan kanggo tapa.
Prabu Aji Pramosa lan para punggawane anggone nggolek uga
mlaku tumuju menyang ngulon lan wektu arep leren, rombongan Raja nemu guwa sing
jebul ana guwa kana Resi Kano lagi tapa. Aji Pramosa
lan punggawane teka banjur Resi Kano dicekel lan dipateni. Amarga kasektiane,
mayite Resi kuwi ilang utawa muksa. Iki nggawe Prabu wedi lan gumun, durung ilang
rasa wedine, Prabu dikagetake maneh karo swara gemuruh karo angin saka tengah
segara.
Aji Pramosa ngupayakake supaya tetep teteg ngadhepi
kedadean sing medeni. Suwara gemuruh lan angin ilang, nanging dumadakan teka
naga saka tengah segara sing wujude gedhe banget kaya arep mangan Aji Pramosa.
Ombake dadi tambah gedhe, sahingga akeh penyu minggir banjur pantai iku saiki
dijenengi Teluk Penyu. Naga iku marani Aji Pramosa lan nyerang dheweke lan para
punggawane, kanthi gugup lan bingung ngadhepi kahanan iku Aji Pramosa banjur
ngeculake panahe lan ngenani wetenge naga sarta naga mau banjur ilang mbarengi
ombak sing ilanging tengah segara. Bareng nagane ilang banjur ana wong wadon
mlayu ing dhuwuring ombak. Jebul naga mau jelmaan saka wong wadon sing ayu saka
sisih wetan pulau Nusakambangan. Wong wadon ayu mau ngampiri Aji Pramosa karo
ngomong matur nuwun amarga panahe bisa nggawe dheweke dadi manungsa maneh.
Kanggo rasa matur nuwun wong wadon mau menehi kembang wijayakusuma kanggo Aji
Pamosa.
Wong wodon iku ngomong marang
Aji Pramosa, “Kembang wijayakusuma iku ora bisa ditemokakeing alam biasa, sapa
sing bisa nduweni kembang iki bakal nurunake raja-raja sing bakal duwe kuwasa
ing tanah Jawa.”
Putri iku jenenge Dewi
Wasowati. Dheweke banjur menehi weling menawa pulau iki arep dijenengi Nusa
kembangan. Nusa artine pulau lan kembangan artine kembang. Bareng gantine jaman
jeneng Nusa Kembangan akhire owah dadi Nusakambangan sing saiki dikenal dadi
pulau kanggo kunjara para tahanan.
Prabu Aji Pramosa seneng
banget atine amarga nampa hadhiah kembang iku, banjur kanthi gugup anggone
numpak prau kanggo mulih menyang Cilacap, nanging kembang iku tiba ing segara
banjur ilang kegawa ombak. Aji Pramosa gela banget amarga
mulih ora nggawa kembang mau.
Sawise tekan kerajaane, Prabu
krungu warta menawa ing pulau karang cedhak Nusakambangan ana wit aneh lan
ajaib, Raja kepingin weruh wit aneh sing ora ana wohe. Wit sing diomongake
dening wong-wong, ora liya wit mau yaiku cangkok Wijayakusuma sing diwenahi
Dewi Wasowati marang Aji Pramosa. Weruh wit iku, Aji Pramosa kelingan omongane
Dewi Wasowati yen sapa wae sing duwe kembang Wijayakusuma bakal nurunake
raja-raja sing duwe kuwasa ing tlatah Jawa.
Ika Kusuma W ‘05
ASAL-USUL BANJARNEGARA
Carita iki kawiwitan nalika perang Diponegoro, yaiku
perange Indonesia mungsuh Walanda. Nalika
semana Indonesia isih awujud kerajaan-kerajaan kayata kerajaan Tarumanegara,
Samudera Pasai, Mataram lan sak panunggalane.
Nalika perang Diponegoro
kababar akeh para prajurit, tumenggung, kawula lan liya-liyane kang budhal
perang. Semono uga R.Tumenggung Dipoyudi IV, salah siwijining Tumenggung ing
Mataram uga budhal ing paprangan. Senadyan abot, nanging dheweke kudu bisa
ninggalake kaluargane kang dtresnani banget, iki sadermo kanggo kapentingan
Negara.
Sadurunge paprangan
kawiwitan Raja, Tumenggung, lan para panasehat Raja nganakake Pasewakan Agung
saperlu kanggo ngrembug babagan perang. Ana
Pasewakan Agung Raja ngutus R.Tumenggung Dipoyudo IV supaya mimpin paprangan,
banjur menehi keris kang sekti mandraguna.
Ana kana Raja uga dhawuh
marang R.Tumenggung Dipoyudo IV, “Aja pisan-pisan sliramu lan wadyabalamu
(prajuritmu) ngadohi benteng pertahane dhewe amarga bisa cilaka dadine.”
Mangkana dhawuhe Raja. Pasewakan
Agung ditutup. Kabeh padha ngerti tugase dhewe-dhewe. Ora ganti suwe R.
Tumenggung lan wadyabalane wis kumpul dadi siji ing alun-alun saperlu nyiapake
paprangan. Ana pasukan kang nggawa parang, pedhang, panah lan gaman liyane
kabeh dadi siji nyawiji ing paprangan, aba-aba muni, paprangan kawiwitan
sorak-sorak para prajurit , suwara pedang, panah, lan bedhil dadi siji
thar…..thor……thar….thor. Akeh prajurit Mataram kang mati muspra amarga
nglanggar dhawuhe Sang Raja yaiku ngliwati benteng pertahanan. Paprangan sansaya rame, para prajurit akeh kang tumiba
amarga kena gamane Walanda. Samparane R. Tumenggung Dipoyudo IV uga kena gamane
Walanda. Ora nganti suwe ana mburine R.Tumenggung Dipoyudo IV ana salah
siwijining prajurit saka Walanda kang ngamang-ngamang pedang nanging tujune R.
Tumenggung Dipoyudo IV bisa nylametake awake yaiku mlumpat saka jaran kang
ditunggangi. Ngengingi kahanan kaya mangkono R.Tumenggung langsung mburu
prajurit kuwi banjur dipateni. Wusana paprangan rampung walanda bisa
dikalahake, Mataram oleh kamenangan. Sawise paprangan rampung R. Tumenggung
sakwadyabala uga para petinggi-petinggi Walanda sing dicekel banjur digawa bali
menyang kerajaan mataram.
R. Tumenggung banjur sowan dhateng kanjeng Gusti Mataram,
matur menawa Walanda bisa dikalahake. Ora liya kejaba bungah ngengengi kahanan
mangkono. Kanggo balas jasa marang R. Tumenggung Dipoyudo IV, dheweke diangkat
dadi Bupati Banjarnegara adhedhasar Resolutie
Governoer General Buitenzorg tanggal 22 agustus 1831 nomor I supaya ngisi
jabatan Bupati Banjar kang wis dibusak utawa diapus setatuse kanthi panggonan
ing Banjarmangu, banjur dikenal kanthi sebutan Banjarwatulembu. Sawise diangkat
dadi Bupati R.Tumenggung kondur ing daleme, ibune kaget banget ngengingi
kahanan mangkono. Banjur para Walanda kang dicekel dikunjara dadi tahanane
Mataram.
Dadi Bupati ora gampang tumrape R. Tumenggung Dipoyudo
IV, dheweke bingung, dheweke kudu bisa nata, ngatur dhaerahe dadi dhaerah kang
subur lan makmur. Akeh banget alangane salah sijining yaiku mbludage Kali
Serayu kang dadi kendhala angele rerembugan iki dirasakake dadi beban kanggo
bupati nalika kudu ngrawuhi Pasewakan Agung ing kasunan Surakarta. Kanggo
ngatasi perkara kuwi R. Tumenggung Dipoyudo IV nggawe kaputusan yaiku
mindhahake ibukota kabupaten ing sisih kidule Kali Serayu. R.Tumenggung banjur
nggoleki dhaerah kang apik kanthi mangembara. Ing tengahing pangumbarane
dheweke dicegat bagal nanging dhasare wong pinter geluta karo sapa wae mesthi
menange. Ora mung semono ing tengah alas R. Tumenggung uga ketemu wong wadon
ayu banget ngrayu supaya ora usah nggoleki dhaerah maneh, luwih becik urip ing
tengahing alas kene karo dheweke, sing sejatine iku iblis. R. Tumenggung mung
mesem ngguyu. Banjur teka mbah-mbah kang nuduhake yen sisih alas kana ana
dhaerah kang apik nanging kanyata dhaerah mau among jurang.
Ing kana R. Tumenggung banjur nyekel ula gedhe, ula iku
ngomong, “Aku aja dipateni, Den.” Dheweke banjur ngeculake ula mau.
Pungkasan R. Tumenggung nemokake dhaerah anyar, kaanane
dhaerah sing anyar iku wujude sawah-sawah kang amba kanthi pereng-pereng kang
medeni. Panggonan sing isih sawahe (Banjar) iku digawe ibukota kabupaten
(Negara) sing anyar sahengga dhaerah iki kasebut dadi Banjarnegara (Banjar:
Sawah, Negara: Kota).
Ratna
Kurniasih ‘05
ASAL USUL DHUKUH ADISARA
Panggonan sing dumunung ing sisih kidul Kabupaten
Banjarnegara, luwih tepate ing Kecamatan Mandiraja desa Glempang. Ana salah
siwijining dhukuh kang diarani dhukuh Adisara, ing dhukuh Adisara ana pesarean
sing disebut pesarean Adisara. Neng jerone pekarangan pesarean ana panggonan
sing diarani petilasane Sunan Kalijaga. Petilasan kuwi kerep dinggo nyenyuwun
dening wong sing percaya yen nyenyuwun neng panggonan mau bisa nampa berkah.
Biyasane yen sasi Sura masyarakat sing duwe sedulur sing disarekake neng
pesarean Adisara, nganakake slametan sing diarani Nyadran. Ibu-ibu padha nggawa
tumpeng isi pitik lan lawuhan, nanging yen ora mampu kena diganti endhog.
Bapak-bapak padha nggawa kembang menyan. Kembang menyan mau diserahake juru
kunci lan yen wis diberkahi banjur dibagekake Ibu-ibu kanggo keslametan
keluarga, kembang mau kudu dikum banyu banjur dinggo raup kabeh anggota
keluarga.
Manut ceritane
warga kana, dhukuh Adisara kuwi sejatine petilasane Sunan Kalijaga. Putrane
salah sijining Raja sing kondhang sugih, nanging raja mau ora mersudi marang
rakyate, akeh rakyate sing urip sengsara. Raja mau ora bijaksana lan nduweni
watek pelit, senengane nindhes rakyat cilik. Nanging wateke putra raja mau adoh
saka wateke wong tuane, putra raja nduweni watek sing asor, welas asih karo
rakyate.
Sunan Kalijaga sing duwe jeneng asli R.M Said, ora seneng
ndeleng watekee wong tuwane sing serakah karo kesugihan, ora nggatekake rakyate
sing uripe sengsara, wong tuwane mung mikir ketentremane uripe dhewe. Amarga
watek welas asihe, mula dheweke banjur mutusake metu saka kraton lan dadi
rampok. Sing dirampok dudu wong liya nanging wong tuwane dhewe, nanging kasile
ngrampok ora kanggo kesenengane dhewe nanging dibagekake marang rakyat sing ora
duwe. Suwe-suwe bandhane wong tuane ludhes dirampok dheweke. R.M Said banjur
lunga ngumbara ing tlatah liya. Sajroning pangumbaran, ing salah sijining
panggonan R.M Said kepethuk karo wong tuwa sing panganggone kabeh saka emas,
nganti tekene uga saka emas. Jiwa ngrampoke R.M Said tumeka lan dheweke nduweni
niat sing ora becik. Wong tuwa sing panganggone kabeh sarwa emas mau diuber
nganti kecekel banjur dheweke ngrebut teken emas iku. Nganti sawijining dina
wong tuwa mau mandheg ing panggonan banjur teken emase ditancepake ing lemah. “Yen kowe bisa nyabut, teken iki dadi
duwekmu,” kandhane wong tuwa mau.
R.M
Said nembe sadhar yen wong tuwa mau wong sekti. Kanyata R.M Said bisa njabut
teken mau, dheweke kaget amarga panggonan kanggo nancepake teken mau malih
wujud dadi kali. R.M Said banjur tobat, nanging tobate kudu nganggo syarat
yaiku kudu njaga kali mau.
Salawase
njaga kali R.M Said nampa
pitudhuh saka Gusti Kang Maha Agung, dheweke banjur mlebu Islam. Sawise mlebu
islam R.M Said banjur ngumbara karo nyebarake agama islam. Sawijining dina R.M
Said tekan salah sijining dhaerah pegunungan ing Jawa sing panggonane isih alas
lan wargane isih durung nduweni agama. R.M Said nduweni niat nyebarake agama
ing kono, banjur ngumpulake para warga kanthi sarana gong sing ditabuh kaping
telu. Saben thuthukan nduweni tujuan. Yen gong ditabuh kaping pisan warga
supaya kumpul banjur diwenehi wejangan-wejangan babagan agama islam, gong
kepindho yen para warga wis
kumpul banjur dikongkon nyucikake awak (wudlu), gong kaping telu wong-wong
diajari sholat. Para warga banjur akeh sing
mlebu islam, carane nyebarake islam ora mung nganggo dakwah nanging uga nganggo
kesenian, tuladha: wayang lan gamelan. Amarga ajaran lan piwulangane R.M Said,
tekan saiki kabeh wargane nganut agama islam. Panggonan mau banjur diarani
ARDISARA, Ardi kuwi gunung, Sara kuwi panggonan mulang. Kang tegese panggonan
pegunungan kanggo pamulangan (nyebarake agama). Nanging wong-wong saiki ngarani
panggonan mau ADISARA.
Tuji Indriyani ‘05
Tidak ada komentar:
Posting Komentar