Breaking

Selasa, November 13, 2012

Sanepa



Sanepa yaiku ukara kang kedadean saka tembung watak (kata sifat) kasambung tembung aran (kata benda) sing ngemu surasa kosok balen.


Tuladha liyane :

1. Polahe anteng kitiran, mrana- mrene ora ana mandhege.


2. Dedegmu mung dhuwur kencur, ora-orane yen kowe bisa ngranggeh tanganku.

3. Sanyatane kulitmu isih wuled godhong lumbu, balungmu atos debog , ora sumbut karo sumbarmu sing kaya - kaya bisa mutungake wesi gligen.

4. Gunemane pait juruh, mula akeh wong sing kapilut.


5. Apa ora tu diresiki ta ya, ambune kok arum jamban.

6. Ora susah ngandhar-andhar angendhukur, sanyatane kawruhmu isih jero tapak meri.

7. Abot kapuk ngene lho, kena apa anggonmu ngangkat mung tansah bae!

8. Katresnanipun den Bagus dhumateng den Ayu paribasan renggang gula, kumeyur pulut.

9. Kamar kok resik peceren, apa ora nate kok saponi?

10. Pangandikanipun sepet madu mila kathah para priyantun ingkang remen.

11. Cahyane abang dluwang, bareng konangan anggone nyolong.

12. Kowe kuwi lho sadina-dina ko mung mangan bae, delengen awakmu kuru, nanging kuru semangka.

13. Wangune rembulan kang lagi ndhadhari bunder seser paribasan benjo tampah.

14. Playune lonjonng mimis, sawise diprentah dening gegedhuge

15. Lumarape para prajurit lonjong botor, ngrabasa mungsuh ing satengahing palagan.

16. Ngelmu iki ngremit banget paribasan agal glepung, mulla sing ngati-ati.

17. Yen dak rungokake kandhamu pait juruh, ora ana gregele.

18.Swarane pesindhen iku paribasan sepet madu, kondhang ing saindenging Nuswantara.

19. Kowe iku pancen ora kena dipercaya, tembugmu peret beton.