Breaking

Selasa, Juni 19, 2012

LEGENDA BANYUMAS


ASAL MULANE KALI GORDA

Ana sawijining desa yaiku Badakarya. Ing desa Badakarya ana sendang kang banyune mili bening bangetkang diarani kali Gorda. Jaman biyen ana ing Desa Badakarya ana prawan ayu, rambute dawa, kulite sawo mateng. Prawan kuwi dadi kembang desa.
            Bupati pertama Banjarnegara kang asmane Arya Kolopakingn, mlaku-mlaku menyang desa kuwi. Ora nyangka yen arep kepethuk karo kembang desa. Arya Kolopaking duweni seneng marang prawan kuwi. Sapa wonge ora kepencut karo prawan kuwi. Bupati mau ngomong karo pengawale. Pengawal dikongkon bupati supaya nembung karo bocah wadon maul an keluargane, arep didadekake garwa. Utusane bupati menyang desa. Badakarya kanggo nemoni keluwargane nggenahake tujuane Bupati sing arep ndadekake kembang desa kuwi garwane Bupati.
            Niyate pemimpin kabupaten Banjarnegara ora sia-sia. Bocah ayu kuwi nrima dadi garwane. Kaya apa tugase Bupati kudu mrana-mrene mriksani wilayahe. Dina kuwi bupati pamitan karo garwane arep menyang kabupeten liyane yaiku tugas kunjungan. Wektu Bupati mulih menyang desane, garwane saka kali, nggawa kranjang, senenge ora karuan menangi Bupati kondhur kanthi selamet. Bocah ayu mau banjur nyepaki Arya Kolopaking. Ana ing rambute bocah ayu katon iwak kang katut, iwake gedhe. Arya Kolopaking curiga garwane iku diwenehi iwak saka wong lanang liya kang dadi selingkuhane.
Arya Kolopaking ora trima yen garwanemalah dolanan karo wong liya, pas ditinggal marang jaba kutha. Garwane dipateni karo keris marang Bupati. Getih sing metu saka cah wadon kuwi akeh, warnane ora pada karo getih sing abang nanging warnane putih memplak. Getih ora bisa mandeg. Metu kumucur nganti malih dadi sendang sing banyune bening. Nganti saiki sendang kuwi diarani kali Gorda, yaiku sendang kang asale saka getih prawan kang suci.
Kali Gorda ana ing desa Badakarya, dusun Kali Lutung. Diarani kali Lutung amarga biyen akeh lutung kang padha njaga sendang kuwi panggonane ana ing lereng gunung Lawu.
Nganti saiki wong-wong duweni kepercayaan yen sapa sing adus ing Kali Gorda bakalan enteng jodhone, awet nom lan akeh wong kang padha tresna. Biasane aduse malem Jumat Kliwon. Crita Kali Gorda iki turun tumurun nganti saiki esih akeh wong percaya.

Kukuh ‘05






















RIWAYAT DESA SALAMERTA

Sakdurunge ana kerajaan Mataram (Jawa Tengah), ana wong loro kang urip ing pajang lan kekancan raket. Yaiku Ki Ageng Giring lan Ki Ageng Pemanahan. Kelorone kekancan wis kaya sedulur sekandung.
Ing salah sawijining wengi, kelorone nglakoni tapa. Ki Ageng Giring oleh wangsit saka Allah SWT. Yaiku sasmito gaib kang isine kabeh kekarepane bakal terkabul, yaiku olih wahyu keraton tanah jawa. Nek bisa nginum banyu dewegan, kang wit krambil mburi omahe.
Ki Ageng Giring langsung bali lan ngarah dewekan mau, sing ana ing wangsite mau. Ning dheweke durung krasa ngelak, akhire ditinggal ing sawah dhisik. Sakwise dheweke lunga, Ki Ageng Pemanahan teka saka sawah, krasa ngelak banget. Weruh ana dewegan neng pojokan, langsung diombe nganti entek. Ki Ageng Giring wis krasa kesel lan ngelak, langsung bali niate arep ngumbe dewegan, ning wis ora ana. Dheweke terus ngerti perkarane. Menungsa mung bisa jaluk, ning gusti Allah sing nentuaken. Wahyu kraton tanah Jawa wis mlebu ing sosoke kancane. Ki Ageng  njelasake hal wahyu keraton tanah Jawa yen iku wangsit Allah SWT, saiki wis mlebu ing angga Ki Ageng Pemanahan.
Kelorone janji arep nikahaken anak-anake. Gusti Alloh ngabulaken kekarepane kelorone. Putri ki Ageng Giring dinikahaken karo putra ki Ageng Pemanahan,  Sutawijaya. Teras duwe anak lanang jenenge Joko Umbaran.
Ana ing pertempuran sengit, Aria Penangsang (Adipati Jipang Panolan) Sutawijaya, putra ki Ageng Pemanahan. Jasane gedhe banget, mbantu mbinasaaken Ario Penangsang sing meh ngancuraken Joko Tingkir alias Mas Karebet. Joko Tingkir dadi raja Demak Bintoro, gelare Sultan Hadiwijaya. Langsung mindah ibukota kerajaan ing Pajang. Sutawijaya diangkat dadi anak, lan imbalane sebab wis mbantu, Sutawijaya lan ki Ageng pemanahan dianugerahi kawasan Alas Mentaok kanggo dibukak pemukiman anyar, kawasan iku berkembang subur, makmur, ramai. Pemukiman anyar iku dadi daerah kekuasaane Sutawijaya kanthi sebutan Mas Ngabei Loring Pasar.
Sutawijaya ngembangaken  perekonomian rakyat daerah Anyar kuwi, lan mbangun ‘angkatan perang’ kanggo njaga keamanan daerah kekuasaane mau. Sing paling penting siap kanggo lawan musuh, sebab  Sutawijaya nduweni kekarepan ngrebut kekuasaan pemerintahan pajang. Krungu Sutawijaya nduweni kekarepan iku Sultan Hadiwijaya kaget, langsung gerah lan akhire wafat.
Kekarepane Sutawijaya terkabul, tahta kerajaan pajang dikuasai lan langsung dipindah ing daerah anyar, ibukota kota Gedhe, kerajaan anyar iku jenenge Mataram. Mas Ngabehi Loring pasar duwe gelar anyar panembahan senopati Hing Ngalaga Ngabdulrahman Kahalifatullah Sayidin Panatagama.
Panembahan senopati terus ngembangake daerah kekuasaane. Putrane Si Joko Umbaran wis gede. Joko Umbaran ngerti nek dheweke anake raja lan udu anake putra Ki Ageng. Dheweke takon karo ibune sapa bapake, akhire ngerti nek bapake penguasa tunggal kerajaan Mataram, panembahan senopati. Joko Umbaran langsung lunga ing kota Gedhe arep menghadap bapake.
Panembahan senopati kurang percaya, nek Joko Umbaran iku anake. Ning atine ngakoni nek Joko Umbaran iku anake, sing urip karo ibune lan dititipaken karo simbahe, Ki Ageng Giring. Dheweke yakin yen Joko Umbaran diprentah Ki Ageng Giring,
“Joko Umbaran aku gelem percaya nek kowe anakku, nek kowe bisa menuhi kekarepanku.” Sabda panembahan senopati karo Joko Umbaran.
“Daulat tuan hamba, demi paduka tuan hamba, titahmu bakal hamba penuhi.” Jawabane Joko Umbaran.
“Joko Umbaran, iki keris pusaka kerajaan Mataram, sampaikna karo simbahmu Ki Ageng Giring. Ngomong yen keris iki di wei ‘wrangka’ saka kayu ‘purwosari’.
Joko Umbaran terus bali lan nyampeaken pesene bapake karo simbahe Ki Ageng Giring.
Joko Umbaran seneng banget, nek bapake raja. Ning dheweke ora ngerti pesene bapake mau bakal misahaken dheweke karo ibu lan simbahe. Tekan omah,    Joko   Umbaran terus nyampeaken pesene bapake, ‘wrangka’ keris kayu “purwa sari”.
Dewi nawang wulan seneng banget, ning dheweke bingung lan curiga karo isi pesene. Sebab dheweke nembe tahu ngerti wrangka keris kayu ‘purwa sari’. Kok ki Ageng Giring kang diutus nggawe wrangka keris? Padahal ing Mataram akeh ahli wrangka. Dheweke tambah curiga, ndelok tingkahe bapake ketok terharu natap keris pusaka Mataram. Kanyata ana maksud ing njerone pesen mau, Ki Ageng Giring ngerti pesene.
“purwa” artine asal ‘sari’ artine kembang, puspita, lambange wong wadon, yaiku Dewi Nawang Wulan, kayu “purwa sari” artine jiwa ragane ki Ageng Giring.
Joko Umbaran diakoni anake kang sah, nek ki Ageng Giring rela mati nganggo keris pusaka Mataram mau. Akhire ki Ageng Giring nggawe keputusan kang cukup bijaksana kanggo masa depan cucundane. Joko Umbaran langsung ngadep bapake lan ngabaraken dene keris iku wis dinggo bunuh diri ki Ageng Giring. Ki Ageng Giring lan Dewi Nawang Wulan lunga ninggalake Mataram ing kabupaten Banyumas.
Rahmat Allah SWT, pengembaraan kelorone ora ngalami rintangan, malah akeh ditulungi warga kampung sing diliwati. Kalorone pasrah ninggalaken Mataram kanggo masa depan Joko Umbaran.
Akhire bapak lan anak iku tekan kawasan alas sing ngalir kali kang amba lan bening banyune. Ki Ageng lan Dewi Nawang Wulan ngaso neng kono. Dewi Nawang Wulan olih wangsit, kon semedi ing ngingsor wit kang rindang lan rimbun godhonge, ora adoh saka kali mau, sing saiki diarani Kali Sapi. Akhire kalorone mutusaken pisahan, Nawang Wulan tetep tapa lan bapake ki Ageng Giring terus mengembara.
Sang Dewi Nawang Wulan urip dhewekan ing alas mau dadi pertapa, konon wit mau umure wis atusan taun. Wit iku growong, dinggo ngiubDewi Nawang Wulan awan lan bengi, terus ndonga lan dzikir kanggo karunia Tuhan YME. Dheweke mung mangan seanane, malah bertekad arep ora mangan .’wohing dami’, terus semedi tekan olih wangsit illahi. Konon, wangsite Dewi Nawang Wulan tetep urip neng kono.
Penduduk kampung sekitar pertapan, akeh sing tertarik lan teka maring  panggonan pertapan, kanggo mohon doa restu, lan ana sing merguru maring dheweke.
Wis puluhan tahun Dewi Nawang Wulan manggon ing kono lan terkenal dadi “wong suci” sing bertuah.  Panggonan iku akhire akeh sing ngunjungi wong-wong kang njaluk berkah lan merguru.  Akhire panggonan mau berkembang dadi pemukiman, kang diarani Selamerta asale saka kata sela + amerta. Sela artine watu, amerta artine urip. Kanthi aran iku ana kekarepane, mugo dadi desa sing urip lan nguripi, desa kang dadi watu utawa tonggak keuripan lan panguripan. Saiki desa iku jenenge Salamerta, mlebu Kecamatan Mandiraja, Kawedanan Purworejo klampok, Kabupaten Banjarnegara.
Nyai Dewi Nawang Wulan akhire wafat ing desa iku lan dimakam ing ngingsore wit Jati tua panggonane dheweke tapa. Ana ing saklilinge dinggo ngubur perabot, kaya wadhah kinang sing arane BOGEM. Tekan wayah saiki makam iku jenenge ‘Makam Bogem’ utawa ‘Makam Mbah Bogem’ sing wis dadi panggonan ziarah kanggo wong sing pengen kekarepane terwujud.
                     
Fajri ‘05





























Legenda Kedungbenda

            Ana desa jenenge Kedungbenda, Kecamatan Kemangkon kabupaten Purbalingga. Panggonane sakulone kali Klawing. Miturut crita bisane diarani Kedungbenda merga masyarakat ing desa kuwi akeh kang duwe harta benda uatawa banda.
Ing desa Kedungbenda ana kali sing diarani kali Bungul. Ing panggonan kuwi banyune bening lan akeh iwak-iwak cilik padha nglangi. Kali Bungul dianggep kramat dening warga sekitar, merga banyu sing ana ing kana tetesan banyu para dewa , masyarakat sekitar ora ana sing wani adus ning kana, apa maneh njukut banyune. Mitose yaiku sapa kang wani adus bakal kena kutukane para dewa yaiku kulite gatel-gatel. Merga ana larangan kaya kuwi dadi dukuh sing ana ing sebelah wetan kali Bunul diarani dukuh Larangan. Wong kang urip ing desa Kedungbenda dikenal serba kecukupan alias sugih-sugih.
Kacarito ing dukuh Larangan, desa Kedungbenda ana wong kang urip sugih banget kang arane Satirta. Kabeh wong ngerti dene Satirta dianggep womg kang paling sugih ning desa Kedungbenda.
Merga Kedungbenda dikenal desa kang masyarakate serba kecukupan, ana salah sijine wong kang duweni niat ora apik, wong mau jenenge Joko Lelana. Dheweke arep nyolong bandane Satirta. Awan bengi ngincengi umahe Satirta, golet kesempatan kang pas kango nyolong bandane. Kanthi nyamar-nyamar dadi suket lan pengemis.
Let pirang dina desa Kedungbenda ketekan ulama sing arane Suka Sabda sing artine seneng aweh wejangan. Tekane Suka Sabda ing Kedungbenda arep nyebarke agama Islam, ben masyarakat padha mlaku  ing dalan kang bener. Dheweke nduweni daya linuwih, sing bisa weruh kedadeyan sing arep kedadeyan.
Kanggo nggagalake niat alane Joko Lelana, Suka Sabda mampir lan mertamu ning umahe Satirta. SAtirta bingung amarga umahe ketekan tamu kang during dikenal. amarga wektune wis kesoren dadi Suka Sabda nginep ning umahe Satirta. Sewengi suwene Suka Sabda njagani umahe Satirta karo nyambi nyebarake agama islam.
Awit sore Joko Lelana wis nyusun niat alane lan wis nduweni angen-ange bakal olih asil colongan akeh. Nanging nganti tengah wengi SAtirta during turu, dheweke ngobrol karo Suka Sabda. Akhire Joko Lelana bali menyang panggonane tanpa asil apa-apa.
Srengenge wis katon padhang, ora let suwe Suka Sabda bali maneh menyang umahe Satirrta. Dheweke ngomong menawa umahe Satirta dadi incerane maling mula dheweke nginep ning umahe Saturta. Krungu kaya kuwi, Saturta dadi isin amarga dheweke krasa awit sepisan ketemu Suka Sabda, dheweke wis ndhuweni prasangka elek.
Oara kanyana Joko Lelana ngrungoke omongane wong loro mau, banjur dheweke nesu lan nyusun ranaman utawa rancangan elek maneh. Niate menawa Joko Lelana metu saka umahe Satirta, gulune arep ditugel. Kanyatane sabetane Joko Lelana mleset, malah sing kena anune. Saking larane, Suka Sabda ngguling-ngguling utawa gelimpangan. Panggonan tibane Suka Sabda diarani Gelimpangan lan saiki owah dadi dukuh Gelempang.
Awit kedadeyan kuwi Joko Lelana ngoyak Suka Sabda nganti kuburane. Banjur wong loro mau mlebu ing jero bumi kabeh. Desa mau dijenengi dukuh Soka Sada.
Barange Suka Sabda kang kekethok mau dadi watu kang bentuke barange wong lanang kang ukurane dawa 32 cm, amba 29 cm lan kandele 23 cm.

A Nur Cui  ‘05



DUMADINE DESA SIWARAK

Manut cerita rakyat ing Purbalingga, Gua Lawa kuwi nduweni asal-asul sing ana hubungane karo jeneng Siwarak. Wektu agama islam lagi wiwit berkembang ing tlatah Jawa, ana mubaligh sing teka ing Banyumas. Mubaligh sing teka ing Banyumas ana loro yaiku Akhmad lan Muhamad. Wong loro mau nduweni abdi loro yaiku Bangas lan Bangis, lorone kakang adi. Sajerone nyebarake agama islam wong papat mau nduweni alangan sing gedhe banget jalaran ditentang karo kerajaan Majapahit. Majapahit nduweni panglima sing ditugasake kanggo mbendung perkembangan agama islam yaiku Ki Sutaraga. Akhmad lan Muhamad kepeksa ngindhari kekuatane Ki Sutaraga yaiku mlayu ngindhari wong mau. Naging ing tengah dalan ora nyangka nemu guwa. Guwa iki jenenge Gua Lawa, neng jero guwa wong loro ngaso lan nyuwun karo Gusti muga-muga diparingi keslametan banjur bisa nyebarake agama Islam.
       Ana ing sepining wengi wong kuwi mau oleh ilham utawa wangsit. Akhmad lan Muhamad kudu ganti jeneng yen kepengin slamet, banjur Akhmad lan Muhamad ganti jeneng dadi Taruna Lan Taruni. Sawise  ganti jeneng wong loro mau metu saka guwa. Durung suwe anggone mlaku wong loro mau kepethuk wong gedhe dhuwur sing ora liya yaiku Ki Sutaraga, senopati Majapahit.
            Nalika ditakoni karo Ki Sutaraga apa wong loro kuwi weruh Akhmad lan Muhamad, langsung mangsuli, ”Wis ora tau weruh jalararan wong loro kuwi wis rong dina kepungkur dicakar macan banjur dipangan.”
            Ki Sutaraga lansung percaya karo omonge Taruna lan Taruni jalaran Ki Sutaraga urung tau weruh Akhmad lan Muhamad. Ki Sutaraga banjur aweh kabar marang anak buahe yen Akhmad lan Muhamad wis mati di pangan macan, pasukan Majapahit surak-surak bungah banget.
         “Akhmad lan Muhamad mati, Akhmad lan Muhamad mati,” bengoke prajurit Majapahit.
            Nanging wong sing dikira mati yaiku Akhmad lan Muhamad sebenere urung mati saiki bisa lunga kanthi ayem lan tentrem jalaran ora ana sing kenal. Akhmad lan Muhamad langsung ninggalake panggonan kuwi banjur mlaku ngalor, kanggo nglanjutake anggone nyebarake agama islam.
           Gegere pasukan Majapahit jalaran seneng  Akhmad lan Muhamad mati banjur tekan kupinge Bangas lan Bangis, abdi setiane Akhmad lan Muhamad. Bangas lan Bangis ora trima  yen kyaine mati. Banjur Bangas lan Bangis kepengin nuntut wales banjur nemoni Ki Sutaraga, Senopati Majapahit  sing sakti mandra Guna. Karo nesu wong loro nantang Ki Sutaraga perang nanging Ki Sutaraga ora nggubris omonge Bangas lan Bangis. Tumindake Ki Sutaraga nggawe Bangas lan Bangis tambah nesu lan penasaran. Karo nesu Bangas lan Bangis langsung nyerang  Ki Sutaraga.
            Ki Sutaraga banjur malang kadek karo ngomong, “He Bangas lan Bangis! kowe wong loro iku menungsa sing ora ngerti mbalas budi, tumindakmu kaya kewan.”
            Karo kesaktiane Ki Sutaraga, dumandakan wong  loro mau malih dadi kewan warak. Prajurite sumbar,“Raksakake kowe Bangas lan Bangis.”
            Sawise wong loro kuwi malih rupa, Ki Sutaraga ngomongi prajurite, ”Prajuritku rungokake lan sekseni, wong loro mau kuwalat karo kelakuane dhewe,mula kanggo pengeling-eling kowe kabeh, yen alas iki dadi desa. Desa iki tak jeneni desa SIWARAK.”

Wahyu Budi L ‘05



CERITA MBAH ADEG WIDURI
(DUMADINE DESA BALERAKSA)

            Desa Baleraksa yaiku salah sijine desa sing ana ing wilayah Kecamatan Karangmoncol, Kabupaten Purbalingga. Jaman biyen ana cerita saka wong tuwa, sing teka lan urip neng desa kuwi. Jenenge Syeh Maulana Pandansari, sing asale saka negara lor. Syeh Maulana Pandansari nggawe gubug neng tengah alas dhewekan. Gubug kuwi gendheng lan pagere saka suket. Sawise Syeh Maulana Pandansari urip dhewekan neng alas, dumadakan kepethuk karo wong wadon ayu sing jare asale padha karo dheweke. Wong loro padha senenge. Awit wong wadon ayu kuwi teka neng alas, dadi ana wong loro sing manggon neng alas. Nanging isih urip ing gubuge dhewe-dhewe. Bareng wis suwe wong loro mau akhire padha sepakat urip bebarengan neng alas.
            Puluhan taun wong loro kuwi urip neng alas karo anak-anake. Nembe sawise anak-anake padha duwe bojo, ana wong anyar teka, mula alase kuwi dadi tambah rame. Akhire dadi desa sing dijenengi desa Karanggedhe. Syeh Maulana Pandansari kuwi wong sing sekti, ora bisa mati senadyan kena kapak utawa geni. Wektu kuwi akhire Syeh Maulana Pandansari didadekake lurah. Bareng karo ramene Desa Karanggedhe, wektu kuwi uga ana Desa saka Adipati Kertanegara. Adipati Kertanegara mrentah marang Ki Guntur Karangringin. Sawise puluhan taun suwene, akhire Desa Karanggedhe dadi amba. Syeh Maulana Pandansari wong sing sekti, wektu kuwi ana woro-woro Geni supaya nyebarake woro-worone.
            Woro-woro kuwi kaya mangkene unine, “Sapa bae sing bisa nyekel Kebo Edan, sing senenge ngamuk lan ngrusak apa bae ing sekitare arep didadekake mantune. Dijodhokake karo anak wadone sing ayu banget lan arep diangkat dadi Adipati Kertanegara nggantekake pangkate adipati sing saiki.”
            Syeh Maulana Pandansari mrentah marang Ki Guntur Geni maksude kanggo mbiyantu wong-wong Kertanegara sing lagi kena mala petaka saka amukane Kebo Edan. Syeh Maulana Pandansari ora duwe pikiran ndadikake abdine dadi adipati ing Kertanegara. Kabeh wis dilakokake nanging wong-wong Kertanegara ora ana sing bisa ngalahake Kebo Edan, malah Kebo Edan kuwi saya ngamuk. Sawise diwenehi sangu lan wejangan, Ki Guntur Geni mangkat neng Kertanegara arep mbiyantu wong-wong Kertanegara sing lagi sengsara. Ki Guntur Geni mangkat neng Kertanegara karo abdine, supaya yen ana apa-apa ing dalan ana sing bisa menehi kabar menyang omah. Sawise Ki Guntur Geni tekan Kertanegara, dheweke langsung ngadhep adipati arep ngomongake titipan saka Syeh Maulana Pandansari sing dadi wong tuwa angkate. Kekarepane Ki Guntur Geni ditrima kanthi apik. Menawa Ki Guntur Geni oleh kasil, tetep arep dijodhokake karo anak wadone lan diangkat dadi Adipati Kertanegara.
            Sawise Ki Guntur Geni entuk restu saka adipati, dheweke langsung metu saka umah arep nututi Kebo Edan (jenenge Kebo Danu). Sawise Kebo Danu weruh Ki Guntur Geni, Kebo Danu banjur mlayu banter ngadohi Ki Guntur Geni. Ora kaya biasane, yen ana wong sing arep nyekel, Kebo Danu malah mbalik nututi wong sing arep nyekel banjur biasane nyrudug nganggo sungune sing lancip. Wis akeh wong sing dadi tumbale, nanging ora nganti mati. Ki Guntur Geni terus nututi Kebo Edan, sepisanan Kebo Edan arep nglawan. Nanging yen sing nututi wis cedhak, Kebo Edan mlayu maneh karo ngrusak sekabehane sing ana ing ngarepe. Sasuwene padha playon, akhire Kebo Edan bisa dicekel dening Ki Guntur Geni. Kebo Edan wis kecekel, saiki wis ana ing dhuwur pudhake Ki Guntur Geni. Kebo Edan tetep arep ngeculake cekelane Ki Guntur Geni, nanging sawise Ki Guntur Geni bisa nyekel sungune kuat banget banjur diputer sekuwat-kuwate nganti gulu lan sungune pedhot. Bareng krasa lara, kebo kuwi mbukak cangkeme amba-amba banjur Ki Guntur Geni nglebokake lemah. Anehe sawise kuwi, Kebo Edan dadi manut banget. Sapa bae sing nyedhaki, kebo kuwi mung ndingkluk kaya krasa isin.
            Kebo Danu nembe bali ing omahe Adipati Kertanegara mung digiring karo mlaku. Bareng tekan omahe adipati, Ki Guntur Geni menehake kebo kuwi banjur njaluk pamit bali karo nggawa sungune kebo sing tugel kanggo bukti marang bapake yaiku Syeh Maulana Pandansari ing Desa Karanggedhe. Sungune Kebo Danu akhire dikubur neng lemah kuburan Karanggedhe, nganti saiki isih ana tipake. Kaya janjine adipati, banjur Ki Guntur Geni dijodhohake karo anak wadone. Adicara ningkahan Ki Guntur Geni karo anake Adipati Kertanegara rame banget. Ing pungkasane adicara kuwi dianakake upacara penobatan Ki Guntur Geni dadi Adipati Kertanegara nggantekake pangkate Adipati Kertanegara. Ki Guntur Geni dadi Adipati Kertanegara dudu karepe dhewe. Nanging Ki Guntur Geni krasa yen wong-wong Kertanegara ora ngarepake dheweke dadi adipati neng Kertanegara.
            Awan-awan Adipati Ki Guntur Geni dicegat grombolan wong sing duwe karep ora apik, arep nggawe cilakane Ki Guntur Geni. Sawise bali, Ki Guntur Geni ngundang abdine supaya njaga dheweke. Miturut abdine, ana sing ngomong yen ana wong sing ngrasa iri karo kasenengane Ki Guntur Geni sing duwe bojo anake adipati banjur dadi adipati. Ora ngira yen grombolan mau arep ngancem adipati. Wengi kuwi kahanane sepi banget, Ki Guntur Geni lagi lali-laline turu. Ki Guntur Geni diculik dening grombolan wong sing nganggo klambi ireng-ireng lan raine ditutup nganggo topeng. Ki Guntur Geni digawa neng tengah lapangan, banjur dikroyok rame-rame nganti mati. Mayite ditinggal lunga, ora ana sing ngurusi. Esuke saka grombolan wong sing mateni mau ana sing diprentah nonton mayite Ki Guntur Geni. Nanging wong mau gumun, amarga mayite Ki Guntur Geni wis ora ana ing kono. Salah sijine grombolan mau ana sing diprentah lunga neng omahe adipati, ora nganti mlebu neng omahe adipati, banjur bali lan ngomong karo balane.
            Grombolan mau ora ana sing percaya karo laporane, amarga dheweke ngomong yen weruh Adipati Ki Guntur Geni lagi lungguh sarapan karo bojone. Grombolan wong-wong kuwi tambah gela, amarga Ki Guntur Geni bisa urip meneh. Grombolan kuwi duwe rencana arep nyulik Ki Guntur Geni, nanging kepriye carane supaya Ki Guntur Geni mati tenan. Penculikan sing kaping loro ora kasil, amarga gelut neng jero omah. Ki Guntur Geni mung dhewekan, yen grombolane ana puluhan wong. Dadi sia-sia. Ki Guntur Geni digawa neng plataran Kali Tambra. Padha karo penculikan sing kapisan, Ki Guntur Geni dikroyok rame-rame nganti mati. Banjur mayite Ki Guntur Geni awake ditugel-tugel dadi loro lan mayite dikubur pisah-pisah. Sirah dikuburake neng sisih kulon Kali Tambra, lan awak nganti sikil dikuburake neng sisih wetan. Nganti saiki kuburane isih ana lan kerep ditekani wong kanggo tapa.
            Bali neng crita Syeh Maulana Pandansari neng padhepokane, dheweke dadi sregep ngadhep marang Gusti Kang Maha Agung. Wektu kuwi Syeh Maulana Pandansari lungguh karo tapa. Ing tengah-tengah tapane, Syeh Maulana Pandansari nugel godhong sing ana rine nganggo tangane, banjur godhong sing ana rine mau ditancepake neng lemah. Sawise ditancepake, Syeh Maulana Pandansari nglanjutake semedine banjur dheweke ngilang. Papan ngilange Syeh Maulana Pandansari nganthi saiki dikenal dadi kuburan Mbah Adeg Widuri. Amarga Syeh Maulana Pandansari ngilang sawise ngedekake wit sing ana rine. Sawise Mbah Adeg Widuri mati, desa dadi tabah rame. Wektu kekuwasaane wong Landa, ing Desa Karanggedhe utawa Desa Karangwringin dianakake ukur lemah dening wong Landa, ora dinyana wong Landa weruh ana kuburan sing apik.
 Banjur wong sing ngukur lemah kuwi takon, “Kuburan apa iki?”            Wong-wong sing melu ngukur lemah padha mangsuli, “Kuburan baleraksa”.
“Jenenge apik temen,” omongane wong sing ngukur lemah saka Landa.            Kuburan baleraksa yaiku papan ngilange Syeh Maulana Pandansari utawa Mbah Adeg Widuri. Banjur, wong-wong saka Desa Karanggedhe lan Karangwringin njaluk supaya desane didadekake siji. Wong-wong saka desa padha sepakat yen Desa Karanggedhe lan Karangwringin didadekake siji yaiku Desa Baleraksa.  

 Dian Permatasari ‘05




















ASAL-USUL AJIBARANG

Ing jaman semana ana sawijining Negara kang jenenge Galuh Pakuan. Galuh Pakuan kuwi kalebu wilayah Kerajaan Pajajaran. Nalika semana ing Galuh Pakuan lagi ana musibah. Musibah mau awujud mangsa ketiga kang suwe banget. Kabeh mau ndadekake para warga urip sengsara. Para warga padha kurang pangan, amarga mangsa paceklik. Ing kahanan kang mrihatenake mau, bojone Adipati Munding Wilis (Adipati Galuh Pakuan) njaluk digolekake dhaging kidang kang sikile putih.
Bojone Adipati Munding Wilis kandha, “Kangmas, aku kepengin mangan daging kidang kang sikile putih.”
            “Panjalukanmu kok aneh diajeng?”  ature sang adipati
            “Iki dudu panjalukan saka aku kang mas, nanging panjalukane si jabang bayi,” wangsulane bojone Sang Adipati
            “Ya wis, nek ngana ngesuk aku tak menyang alas nggolek kidang kang sikile putih,” ature Sang Adipati.
            Amarga bojone lagi meteng, mula Sang Adipati nuruti panjalukane bojone. Esuk-esuk sawise pamitan lan wis nggawa sangu kang sacukupe, Adipati Munding Wilis lan punggawane budhal menyang alas nggolek kidang kang sikile putih. Sang Adipati nunggang jaran kang jenenge Dawuk Mruyung. Sang Adipati lan rombongan wis tekan alas. Kahanan ing alas kana sepi banget. Kidang kang digoleki ora ana. Sadurunge oleh kidang kang sikile putih, Sang Adipati lan rombongan kesasar ing desa para brandal (perampok). Pimpinan brandal mau jenenge Abulawang. Banjur Abulawang mrentah anak buahe supaya nggolek pawarta babagan rombongan kang kesasar mau.
            “He, kowe! Cepet nggolek pawarta babagan rombongan sing kesasar mau sapa lan apa wae kang digawa!” Prentahe Abulawang.
            Anak buahe Abulawang cepet-cepet budhal lan nggolek pawarta babagan rombongan kang kesasar mau. Sawise telung dina, anak buahe Abulawang mulih ngadhep pimpinane, banjur nglapor babagan kasil anggone nggolek pawarta mau.
            “Pawarta apa kang arep kolaporake marang aku?” Pitakone Abulawang
            “Rombongan kang kesasar wau inggih punika rombongan Adipati Munding Wilis saking Kadipaten Galuh Pakuan. Barang-barang ingkang dipun bekta ugi kathah,” wangsulane anak buahe Abulawang.
            “Ya wis, saiki siapake pasukan kanggo nyerang rombongan Adipati Munding Wilis!” Prentahe Abulawang.
Banjur Abulawang lan anak buahe nyusun rencana kanggo nyerang Adipati Munding Wilis lan rombongane. Perang antarane rombongane Sang adipati lan Abulawang akhire kedadean. Sang Adipati lan rombongan kalah, banjur dicekel dening perampok kang dipimpin Abulawang. Kabeh barang-barange Sang Adipati dirampok semana uga jarane. Banjur Sang Adipati diolehake mulih marang kadipaten. Karo nahan rasa kang sedhih, akhire Sang Adipati lan rombongan mulih mlaku, amarga jarane uga melu dirampok.
Sawise tekan ing kadipaten, Sang Adipati ngrasa seneng. Bojone wis nglairake putra kang bagus rupane. Putrane mau nduweni tandha ing lengen sisih tengen yaiku belong “toh wisnu”Wektu lagi pada seneng-seneng, dumandakan kahanan ing kana dadi ora karu-karuan. Kabeh mau amarga rombongan Abulawang dumandakan nyerang lan mlebu marang kadipaten. Nalika semana umure putrane Sang Adipati nembe patang dina. Kadipaten dirampok lan diobong. Semana uga omahe para warga lan para pejabat kadipaten. Untung wae Sang Adipati ditulungi dening Ki Juru Taman, pembantu kadipaten.
Sawise kahanan aman, Sang Adipati kelingan karo nasibe putrane kang nembe lair mau. Putrane digoleki ing saben pojokan kadipaten, nanging ora ketemu. Ing sawijining dina ana warga kang nglapor yen putrane Sang Adipati digawa lunga (diculik) dening Abulawang. Sang Adipati lan bojone ngrasa sedhih banget. Banjur wong loro nekad lunga nggoleki putrane kang digawa Abulawang. Wong loro mau nyamar dadi wong tani jenenge Pak Sandi lan Nyai Sandi.
Ing Bukit Mruyung (papane para perampok), Abulawang lan bojone ngrasa seneng banget. Amarga Abulawang lan rombongane bisa nyulik putrane Sang Adipati sing bagus rupane. Nanging putrane diaku anak dening Abulawang lan bojone. Abulawang lan bojone gelem ngakoni amarga wong loro mau pancen durung duwe anak. Akhire putrane Sang Adipati mau dijenengi Jaka Mruyung.
Saiki Jaka Mruyung wis ngancik tambah gedhe. Dheweke diwenehi wejangan dening Abulawang yaiku ora kena lunga adoh-adoh saka Bukit Mruyung. Apa maneh nganti metu saka Bukit Mruyung.
            Abulawang kanda, Nduk, kowe ora kena lunga adoh-adoh saka Bukit Mruyung. Apa maneh metu saka wilayah Bukit Mruyung iki!”
            “Nggih pak,”  wangsulane Jaka Mruyung manut.
            Saya suwe Jaka Mruyung ngrasa ora betah manggon ning Bukit Mruyung. Dheweke ora seneng karo wong tuwane kang nduweni watek ala kayata seneng ngrampok, nginum, lan judi. Banjur Jaka Mruyung lunga (minggat) saka Bukit Mruyung. Jaka Mruyung nglanggar janjine marang Abulawang. Jaka Mruyung lunga numpak jaran Dawuk Mruyung. Jaran Dawuk Mruyung mau jebul duweke ramane dhewe (Adipati Munding Wilis) kang biyen dirampok dening Abulawang.
Ana Anak buahe Abulawang kang nglapor yen Jaka Mruyung minggat numpak jaran Dawuk Mruyung. Abulawang mrentah anak buahe supaya nggudag Jaka Mruyung. Jaka Mruyung digudag-gudag dening anak buahe Abulawang, nanging Jaka Mruyung bisa metu saka Bukit mruyung lan ora kecekel.
Karo nggawa sangu, Jaka Mruyung lunga ngetan ngliwati alas-alas. Dheweke tekan ing sawijining papan kang jenenge Dayehluhur. Jaka Mruyung mampir ing omah cilik, duweke Ki Mranggi. Akhire Ki Mranggi ngongkon Jaka Mruyung supaya gelem saomah karo Ki Mranggi lan dianggep putu.             
            “Ndhuk, kowe manggon neng kene wae ngancani aku!” Prentahe Ki Mranggi
            Amarga Jaka Mruyung pancen ora nduwe papan kanggo nginep, banjur dheweke sarujuk.
            “Nggih, Ki?” Wangsulane Jaka Mruyung.
Ki Mranggi yaiku bekas prajurit Majapahit kang manggon ing papan iku. Jaka Mruyung diwarahi maca, nulis keprajuritan, bela dhiri, lan ilmu kesaktian. Sawise cukup anggone nimba ilmu, banjur Jaka Mruyung diijinake nerusake pangumbarane nanging saka petunjuk Ki Mranggi kang diolehake saka ngimpine. Jaka Mruyung lunga ngetan lurus ngolek alas kang jenenge Pakis Aji. Sawise alas mau ditemokake, banjur dibabad amarga papan mau besuke bakal dadi Negara kang gedhe. Jaka Mruyung akhire ninggalake papan mau saka pratandha kang wis ditrima Ki Mranggi. Jaka Mruyung uga ninggalake pesen supaya papan mau dijenengi Desa Panulisan kang artine papan Jaka Mruyung bisa maca lan nulis.
Ing sawijining dina, Jaka mruyung tekan ing papan kang amba lan akeh sukete wernane ijo-ijo. Dheweke leren lan jarane mangan suket kang ijo-ijo mau. Banjur papan mau dijenengi Gumelar kang artine papan kang amba. Pangambaraan diterusake lan Jaka Mruyung wis tekan ing sawijining papan lan dheweke ketemu karo wong lanang enom jenenge Tlangkas. Tlangkas menehi ngerti yen Alas Pakis Aji wis cedhak yaiku ing sisih kidul Kadipaten Kutanegara. Akhire Jaka Mruyung nerusake pangumbarane maneh banjur ninggalake pesen kanggo Tlangkas. Pesene yaiku yen besuke Tlangkas arep dijaluki tulung mbabad Alas Pakis aji lan Tlangkas nyangguhi.
Dicritakake yen Ki Sandi  wis tekan ing Desa Panulisan lan leren ing omahe Ki Mranggi. Sawise leren ana pirang-pirang dina ing omahe Ki Mranggi, banjur Ki Sandi nyritakake yen tujuane dheweke yaiku nggoleki anake lanang kang nduweni tanda ing lengen sisih tengen yaiku belong “ toh wisnu”. Banjur Ki Mranggi nyritakake yen bocah sing lagi digoleki mau saiki wis gedhe jenenge Jaka Mruyung. Jaka Mruung durung suwe lunga ngetan golek Alas pakis Aji. Ki Sandi ngrasa seneng amarga dheweke wis oleh kabar yen Jaka Mruyung iku anake  lanang kang lagi digoleki lan saikine isih urip.
Sesuke Ki Sandi lan bojone nerusake pangambaraane mlaku ngetan nututi bekas lakune Jaka Mruyung. Ki Sandi lan bojone ngliwati kali kang bening banyune lan swarane banter (kemracak). Mula mbesuke papan mau dijenengi Desa Kracak. Ing sawijining papan, Ki Sandi ketemu karo wong lanang kang nggawa buah banjur dheweke takon jenenge buah mau.
            “Pak, punika buah napa?”  Pitakone Ki Sandi
            Banjur wong lanang mau mangsuli nganggo basa Sunda, ”Le mah Gondang amis.”
            Ki Sandi takon maneh, “Le mah Gondang amis punika artosipun punapa?”
            “Artosipun inggih menika buah gondang kang rasane legi,” wangsulane wong mau.
            Banjur papan mau besuke dijenengi Desa Gondangamis. Pangambaraane Jaka Mruyung saiki wis tekan ing pinggir Alas Pakis Aji. Dheweke leren ing papan kang akeh manuk jalake. Papan mau banjur dijenengi Pejalakan. Dheweke mlebu ing Alas Pakis Aji. Jaka Mruyung tekan ing Kali Datar lan ing papan kana uga ana kedung. Ing kedung kana akeh manuk Serwitine. Banjur papan mau dijenengi Kedung Serwiti.
Sawise Jaka Mruyung tekan ing pinggir Alas Pakis Aji, dheweke langsung mbabad alas. Nalika dheweke lagi mbabad alas mau, Jaka weruh ing sakitare kana ana wong akeh kang lagi padha gawe tambak iwak. Jaka Mruyung nyedaki wong-wong mau lan njaluk tulung mbabad Alas Pakis Aji. Banjur wong-wong mau pada nyangguhi.
Jaka Mruyung lan wong-wong mau mulai mbabad Alas Pakis Aji. Nalika lagi mbabad Alas Pakis Aji, jaka weruh naga (ula kang gedhe). Ula mau dicekel dening Jaka Mruyung banjur  dipateni banjur diobong. Nalika lagi ngobong ula, genine melu ngobong Alas Pakis Aji. Warta yen Alas Pakis Aji kobongan, wis ditrima dening Adipati Nglangak yaiku Adipati Kutanegara. Adipati Nglangak murka banget marang Jaka Mruyung. Semana uga wong-wong ing Kadipaten Kutanegara, kabeh melu nyalahake Jaka Mruyung. Banjur Sang Adipati ngutus para punggawane kanggo nangkep wong kang wis mbakar Alas Pakis Aji yaiku Jaka Mruyung supaya diukum.
            “Punggawa,! Tangkep lan ukum Jaka Mruyung!” Prentahe Adipati Nglangak.
            Jaka Mruyung digoleki dening punggawa Kadipaten Kutanegara. Ora mbutuhake wektu kang suwe kanggo nggolek dheweke, akhire Jaka Mruyung bisa kecekel. Jaka Mruyung banjur diukum banjur dheweke dadi tahanan ing Kadipaten Kutanegara.
Adipati Nglangak nduwe anak telu yaiku Dewi Pandansari, Dewi Pandanayu, lan Dewi Rantansari. Putri-putri mau uga dadi prajurit wadon ing Kadipaten Kutanegara. Nalika dadi tahanan Jaka Mruyung ngetokake tingkah laku kang sopan santun. Akhire Jaka Mruyung dibebasake. Ing sawijining dina, Kadipaten Kutanegara nganakake sayembara kanggo ngolek Senopati Kadipaten Kutanegara. Senopati yaiku pemimpin perang utawa prajurit.
Ing sajroning sayembara, Jaka Mruyung oleh lawan kang sakti jenenge Ki Ketol Ireng. Wong loro mau padha-padha kuwate lan saktine. nanging akhire Ki Kentol Ireng nyerah, dheweke ngaku kalah. Jaka Mruyung menang lan dheweke didadekake Senopati Kadipaten Kutanegara. Banjur dheweke uga dinikahake karo anake adipati Nglangak kang nomer loro yaiku Dewi Pandanayu
Adipati Nglangak tambah seneng sawise ngerti yen Jaka Mruyung kuwi jebul putrane Adipati Munding Wilis saka Galuh Pakuan. Rahasia kabeh mau kabongkar amarga Tlangkas nyritakake babagan kabeh mau marang Adipati Nglangak. Akhire Kadipaten Kutanegara diserahake marang Jaka Mruyung.
Sawise Jaka mruyung dadi adipati, dheweke mulih menyang Kadipaten Galuh Pakuan. Wong-wong kadipaten wis ora padha kenal lan ora ngerti yen tamu kang nembe teka mau jebule Jaka Mruyung, putrane Adipati Munding Wilis. Ing kahanan kang kaya mangkono, Ki Juru Taman nglapor  yen Rama lan Ibune Jaka  Mruyung lunga nggoleki putrane kang digawa lunga perampok Abulawang.
Jaka Mruyung banjur mrentah punggawane supaya nyebarake pengumunan kang isine sapa kang bisa nemokake Adipati Munding Wilis lan bojone bakal diwenehi hadiah. Sawijining dina, Adipati Munding Wilis lan bojone maca pengumuman mau. Sang Adipati lan bojone ngrasa seneng banget. Akhire wong loro mau sarujuk arep teka dhewe marang Kadipaten Kutanegara nemoni putrane yaiku Jaka Mruyung.
Sawise tekan ing Kadipaten Kutanegara, Adipati Munding Wilis lan bojone nyritakake yen dheweke kuwi wong tuane Jaka Mruyung. Adipati Munding Wilis uga nyritakake sebabe Jaka Mruyung bisa pisah saka wong tuwane. Sawise ngerti critane kabeh, banjur Jaka Mruyung arep nuntut bales marang Abulawang. Nalika semana Jaka Mruyung isih jengkel.
Jaka Mruyung lan punggawane budhal menyang Bukit Mruyung. Sadurunge tekan ing Bukit Mruyung, dheweke malah diserang dening Abulawang lan rombongane. Banjur Jaka Mruyung lan punggawane genti nyerang. Akhire Abulawang lan rombongane bisa dikalahake. Abulawang ngaku salah lan njaluk pangapura marang Jaka Mruyung. Jaka Mruyung ora ngukum Abulawang amarga dheweke esih eling karo jasa-jasane Abulawang kang wis ngopeni dheweke nganti gedhe. Abulawang lan bojone dipindah menyang Kutanegara. Jaka Mruyung akhire bisa urip tentrem lan seneng amarga urip bareng karo wong kang ditresnani. Sawise kuwi ibukota  Kadipaten Kutanegara dipindah marang Alas Pakis Aji kang wis dibabad mau. Alas Pakis Aji mau dijenengi AJIBARANG. Mula Jaka Mruyung kuwi Adipati Ajibarang kang kaping pisan.
Sawise Kadipaten Kutanegara ngadeg, Kadipaten Kutanegara dibagi dadi rong desa yaiku Desa Kutawera lan Desa Candinegara. Bukti yen cerita iki pancen ana yaiku anane kuburan kang jenenge Pandansari, yaiku kuburane Dewi pandansari. Uga ana kuburan Pandanayu yaiku kuburane Dewi Pandaayu bojone adipati Jaka mruyung. Kuburan mau ana ing sisih lor Ajibarang. Yen Dewi Rantansari  ana ing Gunung Putri, sisih kidul Ajibarang lan Gunung mau dijenengi Gunung Putri.                                                                                                      
Sri Retno Rahayu ‘05


















ASAL USUL NUSAKAMBANGAN

Jaman biyen ing dhaerah Jawa Timur (Kediri), ana maharaja sing gelare Prabu Aji Pramosa. Raja iku duwe watak sing atos, dheweke wegah tundhuk marang sapa wae lan ora seneng menawa ana wong sing luwih sekti tinimbang dheweke lan duwe pengaruh gedhe ing negarane. Prabu Aji Pramosa ngongkon punggawa menyang ing kabeh penjuru kerajaan kanggo nggoleki wong-wong sing dianggep luwih sekti, amarga dheweke ora bakal trima yen ana sing luwih sekti lan pinter. Punggawa sing diprentah Prabu Aji Pramosa mau dibagi-bagi lan nyebar menyang pelosok kerajaan supaya luwih gampang anggone nggolek. Ora suwe anggone nggolek para punggawa-pungawa kerajaan mau nemokake salah siji panggonan sing neng papan kana ana Resi sing wis kesohor amarga kepinteran lan kasektiane. Resi iku jenenge Resi Kano sing gelare Kyai Jamur. Kasektiane Kyai Jamur akhire tekan menyang kupinge Raja Aji Pramosa, dheweke krungu saka para punggawane sing weruh dhewe. Banjur Prabu Aji Pramosa mangkel, nesu lan arep nyekel sarta mateni warga sing ora duwe salah mau.
Akhire Raja ngundang Patih Hulubalang, Senopati uga pejabat utama kerajaan arep nggolek kepriye carane nyekel Kyai Jamur. Bubar oleh saran saka petinggi kerajaan Prabu Aji Pramosa banjur mutusake supaya Kyai Jamur diusir saka kerajaan utawa dipateni wae. Warta iku wis kasebar ing kerajaan nganti tekan dhaerah panggonane Kyai Jamur. Kyai Jamur dhewe  krungu saka bature yen dheweke arep diusir. Bature Kyai Jamur ngakon supaya cepet-cepet lunga saka papan panggonane. Wengine Kyai Jamur lunga saka papan panggonane sadurunge dheweke diusir karo Prabu Aji Pramosa.
Prabu Aji Pramosa lunga karo para punggawane teka ing panggonane Kyai Jamur, nanging wong sing diparani malah wis ora ana ing papan panggonane. Krungu yen Kyai Jamur wis ora ana ing papan panggonane, Prabu Aji Pramosa tambah murka lan ngobrak-abrik papan panggonane. Bubar ngrusak panggonane Kyai Jamur Raja banjur ngutus punggawa kerajaan mburu lan nyekel sang resi. Alesane Prabu ngangkon punggawa kerajaan nggoleki Kyai Jamur mung kanggo kedhok supaya resi dianggep salah amarga lunga saka kerajaan tanpa ijin marang Prabu Aji Pramosa. Awit lunga saka kerajaan Kyai Jamur ngumbara terus mlaku menyang ngulon ngliwati alas, pantai kidul nganti tekan dhaerah sing saiki jenenge Cilacap. Ing papan kana dheweke nemu guwa kanggo leren lan dadi papan kanggo tapa.
Prabu Aji Pramosa lan para punggawane anggone nggolek uga mlaku tumuju menyang ngulon lan wektu arep leren, rombongan Raja nemu guwa sing jebul ana guwa kana Resi Kano lagi tapa. Aji Pramosa lan punggawane teka banjur Resi Kano dicekel lan dipateni. Amarga kasektiane, mayite Resi kuwi ilang utawa muksa. Iki nggawe Prabu wedi lan gumun, durung ilang rasa wedine, Prabu dikagetake maneh karo swara gemuruh karo angin saka tengah segara.
Aji Pramosa ngupayakake supaya tetep teteg ngadhepi kedadean sing medeni. Suwara gemuruh lan angin ilang, nanging dumadakan teka naga saka tengah segara sing wujude gedhe banget kaya arep mangan Aji Pramosa. Ombake dadi tambah gedhe, sahingga akeh penyu minggir banjur pantai iku saiki dijenengi Teluk Penyu. Naga iku marani Aji Pramosa lan nyerang dheweke lan para punggawane, kanthi gugup lan bingung ngadhepi kahanan iku Aji Pramosa banjur ngeculake panahe lan ngenani wetenge naga sarta naga mau banjur ilang mbarengi ombak sing ilanging tengah segara. Bareng nagane ilang banjur ana wong wadon mlayu ing dhuwuring ombak. Jebul naga mau jelmaan saka wong wadon sing ayu saka sisih wetan pulau Nusakambangan. Wong wadon ayu mau ngampiri Aji Pramosa karo ngomong matur nuwun amarga panahe bisa nggawe dheweke dadi manungsa maneh. Kanggo rasa matur nuwun wong wadon mau menehi kembang wijayakusuma kanggo Aji Pamosa.
Wong wodon iku ngomong marang Aji Pramosa, “Kembang wijayakusuma iku ora bisa ditemokakeing alam biasa, sapa sing bisa nduweni kembang iki bakal nurunake raja-raja sing bakal duwe kuwasa ing tanah Jawa.”
Putri iku jenenge Dewi Wasowati. Dheweke banjur menehi weling menawa pulau iki arep dijenengi Nusa kembangan. Nusa artine pulau lan kembangan artine kembang. Bareng gantine jaman jeneng Nusa Kembangan akhire owah dadi Nusakambangan sing saiki dikenal dadi pulau kanggo kunjara para tahanan.
Prabu Aji Pramosa seneng banget atine amarga nampa hadhiah kembang iku, banjur kanthi gugup anggone numpak prau kanggo mulih menyang Cilacap, nanging kembang iku tiba ing segara banjur ilang kegawa ombak. Aji Pramosa gela banget amarga mulih ora nggawa kembang mau.
Sawise tekan kerajaane, Prabu krungu warta menawa ing pulau karang cedhak Nusakambangan ana wit aneh lan ajaib, Raja kepingin weruh wit aneh sing ora ana wohe. Wit sing diomongake dening wong-wong, ora liya wit mau yaiku cangkok Wijayakusuma sing diwenahi Dewi Wasowati marang Aji Pramosa. Weruh wit iku, Aji Pramosa kelingan omongane Dewi Wasowati yen sapa wae sing duwe kembang Wijayakusuma bakal nurunake raja-raja sing duwe kuwasa ing tlatah Jawa.

Ika Kusuma W ‘05







ASAL-USUL BANJARNEGARA

Carita iki kawiwitan nalika perang Diponegoro, yaiku perange Indonesia mungsuh Walanda. Nalika semana Indonesia isih awujud kerajaan-kerajaan kayata kerajaan Tarumanegara, Samudera Pasai, Mataram lan sak panunggalane.
            Nalika perang Diponegoro kababar akeh para prajurit, tumenggung, kawula lan liya-liyane kang budhal perang. Semono uga R.Tumenggung Dipoyudi IV, salah siwijining Tumenggung ing Mataram uga budhal ing paprangan. Senadyan abot, nanging dheweke kudu bisa ninggalake kaluargane kang dtresnani banget, iki sadermo kanggo kapentingan Negara.
            Sadurunge paprangan kawiwitan Raja, Tumenggung, lan para panasehat Raja nganakake Pasewakan Agung saperlu kanggo ngrembug babagan perang. Ana Pasewakan Agung Raja ngutus R.Tumenggung Dipoyudo IV supaya mimpin paprangan, banjur menehi keris kang sekti mandraguna.
            Ana kana Raja uga dhawuh marang R.Tumenggung Dipoyudo IV, “Aja pisan-pisan sliramu lan wadyabalamu (prajuritmu) ngadohi benteng pertahane dhewe amarga bisa cilaka dadine.” Mangkana dhawuhe Raja.           Pasewakan Agung ditutup. Kabeh padha ngerti tugase dhewe-dhewe. Ora ganti suwe R. Tumenggung lan wadyabalane wis kumpul dadi siji ing alun-alun saperlu nyiapake paprangan. Ana pasukan kang nggawa parang, pedhang, panah lan gaman liyane kabeh dadi siji nyawiji ing paprangan, aba-aba muni, paprangan kawiwitan sorak-sorak para prajurit , suwara pedang, panah, lan bedhil dadi siji thar…..thor……thar….thor. Akeh prajurit Mataram kang mati muspra amarga nglanggar dhawuhe Sang Raja yaiku ngliwati benteng pertahanan. Paprangan sansaya rame, para prajurit akeh kang tumiba amarga kena gamane Walanda. Samparane R. Tumenggung Dipoyudo IV uga kena gamane Walanda. Ora nganti suwe ana mburine R.Tumenggung Dipoyudo IV ana salah siwijining prajurit saka Walanda kang ngamang-ngamang pedang nanging tujune R. Tumenggung Dipoyudo IV bisa nylametake awake yaiku mlumpat saka jaran kang ditunggangi. Ngengingi kahanan kaya mangkono R.Tumenggung langsung mburu prajurit kuwi banjur dipateni. Wusana paprangan rampung walanda bisa dikalahake, Mataram oleh kamenangan. Sawise paprangan rampung R. Tumenggung sakwadyabala uga para petinggi-petinggi Walanda sing dicekel banjur digawa bali menyang kerajaan mataram.
R. Tumenggung banjur sowan dhateng kanjeng Gusti Mataram, matur menawa Walanda bisa dikalahake. Ora liya kejaba bungah ngengengi kahanan mangkono. Kanggo balas jasa marang R. Tumenggung Dipoyudo IV, dheweke diangkat dadi Bupati Banjarnegara adhedhasar Resolutie Governoer General Buitenzorg tanggal 22 agustus 1831 nomor I supaya ngisi jabatan Bupati Banjar kang wis dibusak utawa diapus setatuse kanthi panggonan ing Banjarmangu, banjur dikenal kanthi sebutan Banjarwatulembu. Sawise diangkat dadi Bupati R.Tumenggung kondur ing daleme, ibune kaget banget ngengingi kahanan mangkono. Banjur para Walanda kang dicekel dikunjara dadi tahanane Mataram.
Dadi Bupati ora gampang tumrape R. Tumenggung Dipoyudo IV, dheweke bingung, dheweke kudu bisa nata, ngatur dhaerahe dadi dhaerah kang subur lan makmur. Akeh banget alangane salah sijining yaiku mbludage Kali Serayu kang dadi kendhala angele rerembugan iki dirasakake dadi beban kanggo bupati nalika kudu ngrawuhi Pasewakan Agung ing kasunan Surakarta. Kanggo ngatasi perkara kuwi R. Tumenggung Dipoyudo IV nggawe kaputusan yaiku mindhahake ibukota kabupaten ing sisih kidule Kali Serayu. R.Tumenggung banjur nggoleki dhaerah kang apik kanthi mangembara. Ing tengahing pangumbarane dheweke dicegat bagal nanging dhasare wong pinter geluta karo sapa wae mesthi menange. Ora mung semono ing tengah alas R. Tumenggung uga ketemu wong wadon ayu banget ngrayu supaya ora usah nggoleki dhaerah maneh, luwih becik urip ing tengahing alas kene karo dheweke, sing sejatine iku iblis. R. Tumenggung mung mesem ngguyu. Banjur teka mbah-mbah kang nuduhake yen sisih alas kana ana dhaerah kang apik nanging kanyata dhaerah mau among jurang.
Ing kana R. Tumenggung banjur nyekel ula gedhe, ula iku ngomong, “Aku aja dipateni, Den.” Dheweke banjur ngeculake ula mau.
Pungkasan R. Tumenggung nemokake dhaerah anyar, kaanane dhaerah sing anyar iku wujude sawah-sawah kang amba kanthi pereng-pereng kang medeni. Panggonan sing isih sawahe (Banjar) iku digawe ibukota kabupaten (Negara) sing anyar sahengga dhaerah iki kasebut dadi Banjarnegara (Banjar: Sawah, Negara: Kota).
                                Ratna Kurniasih ‘05
















ASAL USUL DHUKUH ADISARA

Panggonan sing dumunung ing sisih kidul Kabupaten Banjarnegara, luwih tepate ing Kecamatan Mandiraja desa Glempang. Ana salah siwijining dhukuh kang diarani dhukuh Adisara, ing dhukuh Adisara ana pesarean sing disebut pesarean Adisara. Neng jerone pekarangan pesarean ana panggonan sing diarani petilasane Sunan Kalijaga. Petilasan kuwi kerep dinggo nyenyuwun dening wong sing percaya yen nyenyuwun neng panggonan mau bisa nampa berkah. Biyasane yen sasi Sura masyarakat sing duwe sedulur sing disarekake neng pesarean Adisara, nganakake slametan sing diarani Nyadran. Ibu-ibu padha nggawa tumpeng isi pitik lan lawuhan, nanging yen ora mampu kena diganti endhog. Bapak-bapak padha nggawa kembang menyan. Kembang menyan mau diserahake juru kunci lan yen wis diberkahi banjur dibagekake Ibu-ibu kanggo keslametan keluarga, kembang mau kudu dikum banyu banjur dinggo raup kabeh anggota keluarga.
Manut  ceritane warga kana, dhukuh Adisara kuwi sejatine petilasane Sunan Kalijaga. Putrane salah sijining Raja sing kondhang sugih, nanging raja mau ora mersudi marang rakyate, akeh rakyate sing urip sengsara. Raja mau ora bijaksana lan nduweni watek pelit, senengane nindhes rakyat cilik. Nanging wateke putra raja mau adoh saka wateke wong tuane, putra raja nduweni watek sing asor, welas asih karo rakyate.
Sunan Kalijaga sing duwe jeneng asli R.M Said, ora seneng ndeleng watekee wong tuwane sing serakah karo kesugihan, ora nggatekake rakyate sing uripe sengsara, wong tuwane mung mikir ketentremane uripe dhewe. Amarga watek welas asihe, mula dheweke banjur mutusake metu saka kraton lan dadi rampok. Sing dirampok dudu wong liya nanging wong tuwane dhewe, nanging kasile ngrampok ora kanggo kesenengane dhewe nanging dibagekake marang rakyat sing ora duwe. Suwe-suwe bandhane wong tuane ludhes dirampok dheweke. R.M Said banjur lunga ngumbara ing tlatah liya. Sajroning pangumbaran, ing salah sijining panggonan R.M Said kepethuk karo wong tuwa sing panganggone kabeh saka emas, nganti tekene uga saka emas. Jiwa ngrampoke R.M Said tumeka lan dheweke nduweni niat sing ora becik. Wong tuwa sing panganggone kabeh sarwa emas mau diuber nganti kecekel banjur dheweke ngrebut teken emas iku. Nganti sawijining dina wong tuwa mau mandheg ing panggonan banjur teken emase ditancepake ing lemah.     “Yen kowe bisa nyabut, teken iki dadi duwekmu,” kandhane wong tuwa mau.
R.M Said nembe sadhar yen wong tuwa mau wong sekti. Kanyata R.M Said bisa njabut teken mau, dheweke kaget amarga panggonan kanggo nancepake teken mau malih wujud dadi kali. R.M Said banjur tobat, nanging tobate kudu nganggo syarat yaiku kudu njaga kali mau.
Salawase njaga kali R.M Said nampa pitudhuh saka Gusti Kang Maha Agung, dheweke banjur mlebu Islam. Sawise mlebu islam R.M Said banjur ngumbara karo nyebarake agama islam. Sawijining dina R.M Said tekan salah sijining dhaerah pegunungan ing Jawa sing panggonane isih alas lan wargane isih durung nduweni agama. R.M Said nduweni niat nyebarake agama ing kono, banjur ngumpulake para warga kanthi sarana gong sing ditabuh kaping telu. Saben thuthukan nduweni tujuan. Yen gong ditabuh kaping pisan warga supaya kumpul banjur diwenehi wejangan-wejangan babagan agama islam, gong kepindho yen para warga wis kumpul banjur dikongkon nyucikake awak (wudlu), gong kaping telu wong-wong diajari sholat. Para warga banjur akeh sing mlebu islam, carane nyebarake islam ora mung nganggo dakwah nanging uga nganggo kesenian, tuladha: wayang lan gamelan. Amarga ajaran lan piwulangane R.M Said, tekan saiki kabeh wargane nganut agama islam. Panggonan mau banjur diarani ARDISARA, Ardi kuwi gunung, Sara kuwi panggonan mulang. Kang tegese panggonan pegunungan kanggo pamulangan (nyebarake agama). Nanging wong-wong saiki ngarani panggonan mau ADISARA.
                                                                                   
Tuji Indriyani ‘05


Tidak ada komentar: