Breaking

Selasa, Mei 16, 2017

TEMBUNG CAMBORAN

Tembung camboran yaiku tembung loro utawa lewih sing digandhengake dadi siji lan tembung mau dadi tembung anyar kang tegese uga melu anayar
Tembung camboran sing baku mung ana loro yaiku camboran wutuh lan camboran tugel.
Tembung camboran wutuh yaiku tembung kang dicampur awujud tembung-tembung sing wutuh.

Tembung camboran wutuh miturut tegese kabagi loro, yaiku :
1.      Tembung camboran tunggal
Tembung camboran tunggal yaiku tembung camboran kang tembung-tembunge linggane ora kanggo negesi tembung.
Tuladha :
•         Randha royal (panganan tape goreng)
•         Nagasari (panganan saka trigu)

•         Kuping gajah (panganan sing warnane coklat karo putih)
•         Lare angon (jenise sing arane ula)
•         Semar mendem (panganan saka beras ketan)
•         Rajalele (beras sing pulen/apik)
2.      Tembung camboran wudhar
Tembung camboran wudhar yaiku tembung camboran kang tegese isih ana gegayuhan karo tembung linggane.
Tuladha :
•         Tela rambat
•         Pager bata
•         Buku gambar
•         Buku tulis
•         Anak lanang

Tidak ada komentar: