Breaking

Rabu, Mei 14, 2014

SOAL MATERI UKK KELAS VII

**  MANUK EMPRIT LAN KIDANG  **
                   Ana manuk Emprit sajodho uripe ayem tentrem. Sanajan duwe anak cilik-cilik, nanging ora rumangsa sumelang ing bab pangane. Nanging kahanan kaya mangkono mau enggal owah. Nalika dheweke weruh sing duwe sawah niliki parine karo ngobong merang ing pojokan
                   Ing sacedhake kono ana kidang lagi golek pangan , mula emprit enggal njaluk pitulungan. Kabeneran kidang mau nemu akal lan ngandhani emprit ora perlu susah, dheweke bakal bisa menehi pitulungan.
                   Pinuju sawijining dina, nalika kidang golek pangan ing tegalan, tanpa kenyana-nyana sikile kena jaring. Kidang sambat-sambat kanthi melas asih. Emprit kang lagi gojeg karo anak-anake menehi pitulungan, jaringe diuculi lan enggal mulih. Kidang mencolot nggendring nggoleki Emprit mitrane kanggo ngaturake panuwun.

Pilihen jawaban sing kok anggep paling bener !
01.  crita ing duwur nyritakake bab apa .....
02.  Pesen moral kang ana ing ndhuwur yaiku ........
03.  Kidang sambat-sambat melas amarga ........
04.  Sapa sing njaluk tulung karo Kidang kang lagi golek pangan ?
05.  Manuk emprit sajodho uripe ‘ayem tentrem’. Tembung ‘ayem tentrem’ kalebu tembung ......
06.  Bapak mundhut gudheg lan krupuk kulit. Tembung kang nggunake sandangan cakra yaiku yaiku ........
07.  Bapak duka sebab kothak sing disimpen dipangan rayap. Kang ngunake huruf q  yaiku tembung ........

08.  Tulisen wujude cakra yaiku ......
09.  Saben dinten Pak Guru rawuh jam enem.  Ukara iku nganggo basa .....
10.   Griyanipun Pak Bakri sae sanget . ukara iku nganggo basa ......
11.  Ayo mampir ing omahku dhisik.  Yendidadekake basa krama kang bener yaiku .....
12.  Tulisen siji jengenge tembang macapat……
13.  tulisen tembung (kata) kang nggunake tanda cakra....
14.  Gunemane wong nom marang wong tua becike ngunakake basa .....
15.  Gunemane wong tua marang wong nom becike ngunakake basa ....
16.  Panjenengan Kondur tabuh pinten ? Tuladha ukara ing dhuwur nganggo basa ......
17.  Basa Kramane tuku yaiku .......
18.  Tuladha ukara ing ngisor iki sing migunakake basa krama lugu yaiku .....
19.  Dina Selasa wayahe pelajaran basa Jawa. Kabeh muride padha nggatekake. Bu guru ..........aku lan kanca-kancaku
       supaya sregep sinau. Tembung sing mathuk kanggo njangkepi ukara iku ...............
20.  Bu Hesti saka pasar nggawa beras , gula lan endog. Ukara kasebut yen diowahi nganggo basa krama alus yaiku .....
21.  Sing migunakake basa ngoko lugu yaiku .......
22.  Dhek wingi mas Sartono arep lunga menyang Kediri. Ukara iku nganggo basa .....
23.  Sing diarani pacelathon yaiku ..........
24.  Basa kang digunakake ing pacelaton anak marang bapak iku kudune .......
25.  Unsur pacelaton 5W-1H yaiku ......
26.  Basa ngoko lugu digunakake dening ..........
27.  Titikane basa ngoko alus .......
28.  Titikane basa krama lugu ................
29.  Ibu nimbali kula supaya mulih dhisik. Basa kang digunakake ing ukara iku .......
30.  Ukara kang nganggo basa krama alus yaiku......
31.  Wong iku yen mertamu ora duwe tata krama amarga .....
32.  Panganggone basa krama kang bener ana ing ukara .........
33.  Unen-unen ‘’ Ajining dhiri dumunung ana ing lathi ‘’ ateges
34.  Panjenengan mengko arep rawuh jam pira ? Ukara iku nganggo basa ..........
35.  Tata carane guneman miturut unggah-ungguhing basa jawa ........
36.  Bapak lagi bae nesu.  Ukara kasebut yen disalin basa krama alus ............
37.  Panganggone basa krama alus kang bener ....
38.  Pak lurah nembe kemawon rawuh. Ukara kasebut yen disalin basa ngoko yaiku ...............
39.  Ing unggah-ungguhing basa Jawa anak marang wong tuwa migunakake basa ?
40.  Kowe mengko mulih jam pira ?  Yen disalin basa krama alus ...........
           BIYUNGKU KANG ORA NATE NANGIS
Tanpa swara
Sliramu terus lumayu
Nantang tumiyuping angin ketiga
Mung kanggo nyabrangake ilining toya
Nurut lurung dharma kang kapenthang sansaya dawa
           Tanpa swara
           Sliranu terus lumayu
           Tanpa maelu cacahe tatu kang
           Terus nambah saben wektu
           Kanti kringet lan luhmu
           Mbaka siji para putramu
           Kok lantarake nyabrang samodra geni
           Biyung aku wenehana wektu
           Kanggo ngabekti
                                                              Randukuning, 29 Juli 2007
                                                              Isngadi Marwah Atmadja

41.  Isine geguritan ing dhuwur yaiku .....                                              
42.  Pesen moral kang bisa dijupuk saka geguritan ing dhuwur yaiku .....
43.  Tembung ‘’nyabrang samodra geni’’ ing gegurutan ndhuwur tegese ....
44.  Opo judul geguritan ing ndhuwur .....
45.  Sapa pangripta geguritan ‘’Biyungku kang ora nate nangis ‘’
46.  Wayang wong , yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku .....
47.  Pasar sore , yen ditulis jawa yaiku ..........
48.  Tembung kopiyah yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku ......
49.  Tembung kerupuk yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku .....
50.  Tembung keroto yen ditulis nganggo aksara jawa yaiku .....
51.   Tembung tuku yen ditulis nganggo aksara jawa yaiku .....
52.   Tembung sarmili yen ditulis nganggo aksara jawa yaiku .....
53.   Tembung julkipli yen ditulis nganggo aksara jawa yaiku .....
54.   Tembung markonah yen ditulis nganggo aksara jawa yaiku .....
55.   Tembung boncel yen ditulis nganggo aksara jawa yaiku .....
56.   Tembung tulisan yen ditulis nganggo aksara jawa yaiku .....
57.   Tembung mundur yen ditulis nganggo aksara jawa yaiku .....
58.   Tembung maju yen ditulis nganggo aksara jawa yaiku .....
59.   Tembung tahu campur yen ditulis nganggo aksara jawa yaiku .....
60.   ps/ge[f  tulisen latine tulisan iki!
61.   sinaubs tulisen latine tulisan iki!
62.   segper tulisen latine tulisan iki!
63.   tukugul tulisen latine tulisan iki!
64.  sepibzet¿ tulisen latine tulisan iki!
65.    Basa kramane jawaban yaiku!
66.    Basa kramane lunga yaiku!
67.    Basa kramane umah  yaiku!
68.    Basa kramane suwe yaiku!
69.    Basa kramane mangan yaiku!
70.    Basa kramane adus yaiku!
71.    Basa kramane weteng yaiku!
72.    Dasaname geni yaiku!
73.    Dasaname angin yaiku!
74.    Dasaname gunung yaiku!
75.    Dasaname getih yaiku!
76.    Dasaname ibu yaiku!
77.    Dasaname ireng yaiku!
78.    Dasaname kali yaiku!
79.    Dasaname lanang yaiku!
80.    Aji jati godong jati aking tegese!
81.    Gupak pulut ora mangan nangkane tegese!
82.    Nguyahi segara tegese!
83.    Dikei ati ngrogoh empelo tegese!
84.    Apa bebasan iku!
85.    Dasanama yaiku!

Tidak ada komentar: