Breaking

Minggu, September 05, 2010

bun-bun katresnanku...

NGENTENI TETESING BUN-BUN TRESNA
Ukara jam pitu esuk bis sing arep nggawa bali mahasiswa KKN menyang kampus kuwi wis teka. Sawise pamitan marang wong-wong sing sakiwa tengene pondhokan, siji baka siji para mahasiswa iku banjur munggah bis. Wondene para perangkat desa lan tokoh masyarakat liyane, rong dina sadurunge dipamiti ngiras pantes njaluk pangapura, yen sasuwene KKN ana desa Gampeng kuwi nduwene kaluputan.
Sanajan kanca-kancane wis pada munggah bis, Sandy isih ana ngisor, isih ngobrol karo bocah wadon sing rambute ngrembyak dawa sageger. Sawise dibengoki kancane saka nduwur bis, lagi tanggap ing kahanan. Wis wancine ninggalake desa kono.
“Sari, aku wis dienteni kanca-kanca, saiki kudu budhal. Anggonmu sinau sing mempeng ya, ben ndang lulus,” kandhane sinambi ngulungake tangan ngajak salaman.

“Iya Mas, ana dalan sing ngati-ati, la aja lali menyang aku. Yen wis longgar dolana mrene meneh,” cewe manis sing jenenge Sari kuwi nampani tangane Sandy, digenggem kenceng ora bakal diculke.
“Aja kuwatir, aku mesti kerep dolan mrene, nganjuk Surabaya kuwi ora adoh.
Sandy terus munggah menyang bis, lan wis kuwi banjur budhal. Sandy isih kober nyawang menjaba liwat kaca cendhela. Sari uga isih nyawang menyang jero bis, tangane ngawe-awe tandha pepisahan. Nanging sanajan lembene mesem, ana luh ing poncot mripate sing terus leweran nelesi pipi.
Sandy lungguh anteng ijen ana bangku ngarep. Kanca-kancane sing padha guyon ora digatekake. Ana sawijining perkara ing sajake nggubet ana ing pikirane. Pancen angone KKN wis rampung. Atine kaya isih keri ing desa kana sing njalari pikirane dadi bunek, awit kudu pepisahan karo wong sing ditresnani.
Saupama ora ndangak ana upacara palepasan ing alun-alun Kabupaten lan penerimaan ing kampus, Sandy pilih bali dewe, ngiras ngajak Sari dolan menyang Surabaya, panggonane kuliah. Nanging bareng ana acara-acara kuwi, gagasane dadi bubar. Apa meneh sawise tekan kampus iya isih kudu ngrampungake anggone gawe laporan.
“Ora usah dipikir jero San, jagat iki ora mung sagodhong kelor,” swarane Sherly sing lunguh ing bangku sebenere mbuyarake lamunane.
“Iya San, cewe manis ora mung Sari tok, ing kampus akeh tunggale,” Reni sing lungguh mburine nyambung rembug.
Swara ing jero bis saya rame saur manuk nggojlogi Sandy. Kabeh padha ngguyu saben ana sing digarap lucu. Sautara iku sing dak poyoki mung meneng, sajak ora nggape, atine dadi saya ruwet.
Cewek manis pancen akeh, ning atie Sandy sajak wis direnggut Sari nganti oyot-oyote. Nganti kaya ora ana papan tumrap cewek liyan kanggo nandur kembang tresna ing plataran atine. Wewayangane Sari tansah gawang-gawang ing mripate.
Anggone kenal Sandy karo cewek kuwi maune kanthi ora sangaja, nalika arep menyang Madiun, ing jero angkutan kebenaran lungguh jejer bocah wadon nganggo seragam SMA. Kekarone kenalan, sawise tepung, anggone ngobrol saya gayeng.
“Wis setengah wulan loh, aku KKN ana Gampeng, naging lagi sepisan ini ketemu awakmu, Sari?”
“Iya mas, awit saka arang-arang ana omah. Aku kos, sekolahku mlebu sore, arep nduduk sampeyan ngerti dewe, angkutan mrana iku yen sore angele ora jamak.”
“Tapi nek Minggu bali ta?”
“Iya Sabtu sore bali, Senen esuk budhal meneh.”
“Yen nggono, suk malem Minggu ana omah ta?, aku ta dolan, ya?”
“Iya, aku seneng yen Mas Sandy dolan menyang omahku.”
“Daleme sisih endi ta?”
“Cedhak dalan gedhe, Mas, sabelahe Pak Kasun. Ana omah kuna, joglo ya kaya kuwi.”
Ing malem minggune, Sandy dolan temen menyan omahe Sari. Cewek manis kuwi sajak wis ngenteni tekane. Kekarone njur ngobrol kanthi cedak kaya kanca lawas sing wis suwe ora ketemu. Lan dina-dina sabanjure. Angger Sari ana ngomah Sandy kerep dolan mrono. Saya suwe kekayone saya akrab, nganti wekasane sepakat nedya mecaki dalaning urip bebarengan.
Sandy gragapan, sadhar nalika bis sing ditumpaki mandeg ing alun-alun Nganjuk. Sawise nganggo jaket almamatere, para mahasiswa kuwi nuli mudhun, tumuju lapangan melu upacara palepasan.
Sawise sawetara dina ana kampus Sandy wis bisa ngrampungake anggone nyusun laporan KKN. Nanging anggone ndang bisa dolan menyang Nganjuk nyambangi kembange ati, kepeksa isih durung bisa kalaksanan. Dosen pemimbinge ngoyak-oyak supaya dheweke ndang ngrampungake tugas akhire. Pokoke semester iki kudu rampung. Awit manut rencana semester ngarep, Bu Dosen kuwi meh ngrampungake S-3 menyang Jakarta. Yen Sandy nganti ora bisa rampung semester iki, dheweke kudu ganti dosen pembimbing. Ateges kudu miwiti saka ngisor meneh.
Sandy ora kepengein kuliah molor meneh, awit kancane sangkatan wis akeh sing lulus. Bisa ora bisa kudu nyusul. Mula sanajan abot, banjur nandhangi skripsine. Saben dina ajeg menyang perpustakaan, golek buku-buku kanggo referensi. Ora ngemungake perpustakaan ing kampuse wae, nanging uga perpus kampus liya. Sebab akeh buku bab puisi, naging sing bab khusus epigram isih arang. Kathik pathokane durung pathi cetha. Akeh-akeh mung ngandhakake yen kuwi puisi sing cedhak, ning cedak kuwi pirang baris, iya durung jelas.
Wekasane sandy kasil nglumpukake buku-buku referensi. Terus saben dina untheg anggone nggarap skripsi, lan ora muspra. Jroning semester kuwi khasil ngrampungake tugase kanthi becik. Sawise diuji dosen sastra cah telu, lulus kanti nilai A. terus kari ngenteni yudisium lan wisuda, bajur duwe gelar sarjana.
Sandy kelingane kebang ing atine sing isih keri ing Nganjuk lan kepengin nemoni Sari kaggo nyuntak kangen. Sangaja anggone menyang Nganjuk kanthi sepeda motoran supaya mengko bisa kanggo dolan mrana-mrono karo Sari. Dheweke ora njujug omahe Sari, aning lewih dhisik menyang daleme Pak Brojo sing dipanggoni nalika KKN.
“Dak kira nek wis lah, sukur nek isih gelem sabrang mrene,” Pak Brojo mbukani rembug, naika weruh tekane Sandy.
“Kula boten badhe kesupen, Pak!, sebab kathah kenangan ingkang kentun wonten mriki,” sambunge Sandy.
Kekarone ngobrol ing ruang tamu, Bu Brojo nyusul sinambi nggawa wedang kopi lan nyamikan. “Kok mung ijen, lah endi kanca-kancamu?”
“Taksih sami repot, Bu.”
Wong telu rembugan ganyeng. Nalika KKN Sandy pencen wis direngkuh kaya anake dhewe.
“Ayo, menyang buri dhisik, nggonku masak wis mateng, kok,” Bu Brojo ajak-ajak.
“Mangke mawon, kula teksih badhe dolan dhateng griyanipun Sari,”
“Awakmu apa isih ngarepake Sari, nak Sandy?”
“Pripun ta, tebih-tebih saking Surabaya mriki bot-bote kula pancen ngajengaken dhateng Sari. “
“Nak Sandy, dakkandani naging aja kaget, ya?”
Pak Brojo banjur crita menawa Sari wis arep onah-omah karo bocah liya. Malah mung kari seminggu. Kabeh ora nyangka yen lelakon kuwi bisa dumadi. Sawise dik San ninggalake desa Gampeng, papan kono dienggo KKN meneh dening mahasiswa saka salah sawijining perguruan tinggi saka Surabaya. Para siswa mau anggone mondhok ana omahe sing tuwane Sari. Embuh kepiye mula bukane, wekasane Sari pancen karo salah sawijining mahasiswa sing jenenge Bayu. Malah miturut kabar, saiki Sari wis ngandheg, mula dening wong tuwane enggal-enggal diresmekake.
Sandy sajak ora percaya marang parunguane dhewe kaya ana suwara bledheg nyamber, njalari awake dadi lemes, ati keket kelangan otot bebayu. Endah ing pepangan sing wis dironce saka Surabaya, saiki ambyar. Ora ngira yen Sari mental nyidrani janjine. Kembange desa sing digegadhang bisa dadi rowang mecaki dalaning urip iku malah dadi wisuna sing ninggalake tatu jero ing ati.
Rumangsa cukup anggone dolan ing daleme Pak Brojo, Sandy banjur nyuwun pamit, dheweke ora sida mapir omahe Sari. Tiwas nedha lara, ngono batine. Sepeda motor ditumpaki alon-alon metu saka plataran omahe Pak Barjo. Tekan protolan sandhing Bale Desa, mampir toko, golek rokok. Ngiras ketemu Pak Jupri sing duwe toko. Nalika KKN dhisik saben sore yen golek rokok mesti mrono.
Ora ngira yen kono Sari sing lagi blanja. Cewek kuwi langsung ngrangkul Sandy sinambi prembik-prembik nangis. “Sapurane aku ya Mas, ora bisa netepi janjiku marang sampeyan. Iki kabeh dudu karepku, nanging amerga kahanan,” kandhane.
“Ora apa-apa Sari, yen kuwi kabeh wis kok karepake, nyatane ana wong liya sing lewih pantes kanggo awakmu tinimbang aku. Aku ikhlas, aku lila, kok.”
“Ora Mas, ora ana wong sing lewih pantes kejaba Mas Sandy. Cintaku tetep wutuh kanggo sampeyan, Iki kapeksa taklakoni amerga kahanan, Mas! Yen mas Sandy ra percaya, saiki aku manut sampeyan. Aku gawanen lunga saka desa kene, menyang ngendi bae aku pasrah. Ayo, lunga wong loro, Mas!”
Sandy mung meneng, ora wangsulan babar pisan. Arepa kepriye wae dheweke isih duwe moral. Sandy ora kepengin gawe geger ing desa sing wis nate digawe KKN iku. Dheweke ora kepengin wong tuwane Sari kewirangan, awit calon maten wadon minggat. Sandy percaya, anane rembug mateng kuwi, sadurunge mesthi Sari uga wis nyarujuki.
Tanpa pamit dheweke banjur nyetater sepeda motore, terus ninggalake papan kono, sinambi nggawa rai rojah-rajeh. Swarane Sari sing bengok-bengok ngundhang jengenge wis ora dipaelu.
Ora watara suwe lakune wis nyasak alas jati sing godhonge padha gogrog, awit keterak mangsa katiga. Wit-witan kuwi katon garing, kaya atine sing ngelak tetesing bun-bun tresna.

Ps

Tidak ada komentar: