Breaking

Selasa, September 25, 2012

UDAN WAYAH SORE

Udan wis riwis nggawe angin gumathi
ora kaya nalika kang kawuri sing kebak
pengarep...arep
dikaya ngapa lemah wus kebanjur teles
sesuk esuk yen seng surya wiwitan sumunar
lan manuk kepodhang colat colet ana wit gedang
tak tunggu tekamu ing sak ngisore payung
tak kanthi lakumu tumeka ngendi
mbok menawa sesuk sore wus
ora udan riwis- riwis
marake gawe kekas ing ati manuk
kepodang wus mabur mengulon
nanging tetep tak tunggu tekamu

"oktafia"