Breaking

Minggu, Februari 05, 2012

legenda pekalongan


ASAL-USUL TEGAL

Tegal kuwe asale saka tembung Tetegal sing artine sawah sing bisa ditanduri palawija. Asal-usul Tegal ora bisa dipisahna karo tokoh Ki Gede Sebayu sing urip sekitar taun 1980. ki Gede Sebayu asale saka Kerajaan Pajang. Kerajaan Pajang dikalahna dening Kerajaan Mataram, akeh priyayi muda lan bangsawan lunga ngumbara nggolet panguripan sing anyar. Ki Gede Sebayu ngumbara parane ngulon.
Ki Gede Sebayu mangkat karo Raden Sidawini. Ki Gede Sebayu karo Raden Sidawini nglewati alas-alas. Ana ing alas akeh begal, dadi Ki Gede Sebayu lan Raden Sidawini ora mung bekal dhuwit nanging bekal ilmu agama lan ilmu bela diri.
KiGede Sebayu lan Raden Sidawini anjog neng dhaerah Pemalang sing wis akeh penduduke. Sak wetara Ki gede Sebayu karo Raden Sidawini manggon neng Pemalang.
Sawise pirang-pirang taun neng Pemalang Ki Gede Sebayu lan Raden Sidawini ditampa dadi tokoh masyarakat. Ora let suwe, Raden Sidawini diangkat dad bupati Pemalang.
Ki Gede Sebayu nerusna ngumbarane mring kulon nggoleti Ki Wana Kusuma. Ki Wana Kusuma yaiku salah sijining priyayi keturunan Patih Kerajaan Demak. Ki Gede Sebayu karo Ki Wana Kusuma ketemu neng tetegal, awit kuwe KI Gede Sebayu nduweni niyat yen dheweke pan netep neng dhaerah kuwe. Sawise Ki Gede Sebayu oleh piwulang saka Ki Wana Kusuma, dheweke wis bisa nata masyarakat, mangkane Ki Gede Sebayu diakoni dadi sesepuh. Desa tetegal dadi rame penduduke ana sing dadi tani, dagang lan nelayan. Tetegal sing rame penduduke dipercayakna mring Ki gede Sebayu. Dheweke diangkat dadi demang. Saiki kira-kira setingkar karo kepala desa. Wektu kuwe tetegal esih wilayah kadipaten Pemalang. Ki Gede Sebayu mimpin tetegal mikirna kepentingan penduduke. Buktine dheweke bisa mbangun Bendungan Danawarih, kanggo mbanyoni tegalan utawa sawah sing ana sakiwa tengene.
Ki Gede Sebayu seda sakwise mbangun bendungen Danawarih. Sawise dheweke seda desa tetegal dipimpin dening anake yaiku Ki Gede Honggowono. Dheweke diangkat dadi Demang. Ki Gede Honggowono seda diterusna dening putrane  sing jenenge Ki Honggowono. Aran kembar kuwe diarani Nunggak Semi. Putune Ki Gede Sebayu kuwe diangkat dening Sultan Agung dadi adipati Tegal. Arane diganti dadi Ki Gede Honggowono Secomenggolo utawa Tumenggung Reksonegara I.

Heni Citraningrum ‘05


Asal-Asale Kutha Pekalongan

Dek jaman biyen ing pesisir Laut Jawa sisih lor tengah iku alas gung liwang-liwung alas ketel/lebat ora ana jalma menungsa sing wani liwat, anane mung kewan-kewan galak kayata ula, babi alas, macan lan munyuk. Critane alas iku mau dadi kerajaane bangsa lelembut, akeh wong-wong pinter sak kiwa tengene alas iku mau diwerahi yen koro iku kutho gedhe, ya ana pasare, ana perkantorane uga ana pabrike sing uga karyawane akeh kaya neng ndhonya iki.
Salah sawijining dina ana pawongan sing duwe arep gawe petilasan mbesuk yen ana rejane jaman kanggo omah sak ana putune. Yaiuku papan sing kepenak iku ya sak kiwo tengene alas iku. Alas iku arane alas nggambiran sing duwe tetenger ana wite gambir sing gedhe dhoyang nang pinggir kali, wit iku yen disawang saka kadohan paling dhuwur dhewe, lan saking gedhene lan umure pancen wis tuwa nganti oyate wae tekan pertapane Ki Ageng Cempaluk ing Kesesi cekake crita Pawongan sing dawe pikiran gawe pertapan petilasan iku mau Putrane KiAgeng Cempaluk Kesesi sing ngadepi bangsa lelembut sing nguasani alas pesisir pulo Jawa sisi lor iku mau. Bangsa lelembut iku mau ratune arena Ibu Dewi Lanjar critane putra mantune Nyi Roro Kidul sing wis kondhang ngratoni pesisir Laut Jawa Kidul. Ora gampang ngadepi Dewi Lanjar, nanging kanthi Kapitayan Ki Baureksa nguthik pengusaku jare Ibu Dewi Lanjar. Kanthi sarana tapa ngalong iku mau Ki Baureksa sukmane bisa nguthik panguasaku jare Ibu Dew Lanjar. Kanthi tekat bualate Ki Baureksa iku mau bisa nandhingi kepinterane Dewi Lanjar lan pungkasane Dewi Lanjar ngijini mbukak alas ngambran kanggo papan pertapane lan papan dununge anak putune Ki Baureksa papan iku diareni Desa Pekalongan.
Desa iku sing saya suwe sang saya rame, akeh wang manca padha teka numpak prau layar, akeh prau sing ngranjing ing pante iku, terus pante iku diareni Pelabuhan Boom. Wong manca mau padha arep dagang tekane saka Tiongkok, nanging karo ki Baureksa mung dijini dagang ona ing Pekalongan ing sisih lor, ora kena ngidul, tekan seprena wong-wong Tiongkok sing dagang akehe mung ono Pekalongan ing sisih lor, lan rikala semana Ki Baureksa lakune selat ngidul, mengko dadine kutha bakale manut lakune Ki Baureksa saka lor selat mengidul.

Nidaul Husna ‘05


CURUG SONGGOLANGIT

Ana jaka saka desa Tunahan kang kesengsem karo cah wadon ayu saka dukuh Sumandhing, desa Bucu kecamatan Bangsri. Desa Tunahan lan desa Bucu dipasah dening kali ing tengah-tengahe.
Jaka lan cah wadon mau akhire daup. Ing jman biyen wong lanang kang nglamar wong wadon kudu gawa piranti pawon kaya ta: wajan, piring, gelas lan liya-liyane, sarta gawa kewan kaya ta: sapi, kebo, wedhus, lan liya-liyane.
Nalika esuk-esukcah wadon mau arep nyiapke sarapan kanggo bojone. Nalika nyipke sarapan cah wadon mau ora ngati-atisaengga piranti pawon mau kemlonthang.
Ibune cah wadon mau ngandhanianake: “aja glondhangan mengko mundhak bojomu tangi”. Nanging bojone mau salh krungu “kerja kok glondhangan, rumangsamu barange bojomu”. Bojone mau atine kesinggung karo omongane maratuwane mau. Ing tengah wengi pasangan mau lunga saka omah. Wong loro mau arep lunga ning omahe sing lanang. Wong loro mau numpak pedati sapi.
Dalan kang peteng dadeake pedati mau salh dalan, saengga pedati nyemplung jurang kang jero (saiki curug songgolangit) lang akhire dadeake penganten mau ilang.
Crita iku turun-temurun ing masyarakat kang akhire dadi pantangan kanggo wong-wong saka desa Tunahan lan desa Bucu ora oleh daup amarga sumelang yen mengko rumah tanggane ana masalah.

Tri Kurniawati ‘05





ASAL USUL PEKALONGAN

Nalika jaman biyen ,nalika jaman kerajaan Mataram dipimpin Kanjen Sultan Agung Hanyokrokusuma, ana wong sakti ingkang asma Ki Ageng Cempaluk. Ki Ageng Cempaluk duwe anak arane Raden Bahu. Wiwit cilcik Rade bahu wis digembleng ki ageng cempaluk supaya bisa ngwqarisi kesaktiane. Nalika wis gedhe raden bahu wis ngwarisi kabeh ilmune ki agen cempaluk.
Wonten ing sawijing dina,raden bahu diundang ngadep marang ki ageng cempaluk.
"Anakku, saiki kowe wis gedhe wis wayahe kowe ngmalake ilmu sing wis disinauni. Kerajaan Mataram wektu iki lagi mbutuhake para pemudha sekti kaya kowe,kowe sowana mrana ngabdi marang Kanjeng Sultan Agung Hanyokrokusuma."dhawuhe Ki Ageng Cempaluk.
"Iggih rama. Sampun dangu kawula anggadahi kekarepan kados mekaten. Namung donga pangestunipun rama ingkang kawula cadong,supados kawula saged dipuntampi ngabdi wonten Mataram."jawabe Raden Bahu.
"Aja lali pesenku,kowe aja rumangsa sekti dhewe,aja sombong. Ing dhuwure langit isih ana langit,ing dhuwure wong sekti isih ana wong sing luwiih sekti." Wejangane Ki Ageng Cempaluk.
Ing Mataram, Sultan Agung hanyokrokusuma lagi mikirake kesejahteraan rakyate,yaiku ing bidang pertanian. Sultan Agung bingung amarga ora ana banyu kanggo ngurusi sawah. Sultan Agung duwe niyat kanggo mbendung kali kanggo ngurusi sawah ing dhaerah sin kekurangan banyu.
Kali sing wiwit dibendhunhg yaiku Kali Sambong sing ana ing dhaerah Kabupaten Batang. Senajan wis suwe anggone mbendhung  nanging ora ana asile,wis bola-bali dibendhung nanging tetep ora ana ambrol. Nalika Kanjeng Sultan lagi bingung iku, Raden Bahu teka ngadhep marang Kanjeng Sultan. Raden Bahu ngenalake arane awak dhewene lan anake Ki Ageng Cempaluk. Krungu anake Ki Ageng Cempaluk,Raden Bahu ditrima ngabdi ing Mataram.
"Bahu,aku tampa pengabdianmu nanging ana syarate." Pangucape Kanjeng   Sultan.
"Syaratipun menapa kanjeng sultan." Jawabe Raden Bahu
"Syarate kowe kudu bisa mbendhung kali sambong ing dhaerah Kabupaten Batang. Yen kowe bisa mbendhung Kali Sambong kowe bakal tak tampa ngabdi ing Mataram."jawabe Kanjeng Sultan.
Raden Bahu nampa syarate Kanjeng Sultan lan nyuwun pamit arep mangkat mbendhung kali.
Sakwise tekan Kali Sambong, Raden Bahu ngerti yen Kali Sambong ana bangsa silumane. Raden Bahu langsung semedi ing pinggire Kali Sambong lan njaluk pituduh maring Sang Maha Wikan. Sakwise semedi, ula raksasa gedhe metu saka njerone Kali Sambong lan nyerang Raden Bahu. Raden Bahu gelut karo ulo raksasa iku,dhasare Raden Bahu wong kang sakti akhire ulo mau bisa dikalahake lan dikon ngrewangi Raden Bahu mbendung Kali Sambong,lan akhire Kali Sambong bisa dibendhung.
Kanjeng Sultan Agung katon bungah amarga Raden Bahu bisa mbendung kali sambong,Raden Bahu akhire ditampa ngabdi ing Mataram.
"Bahu amarga kowe bisa mbendung kali sambong,saiki kowe tak tampa ngabdi ing mataram." Pangucape Kanjeng Sultan Agung.
Krungu pagucape Kanjeng Sultan,Raden Bahu katon bungah sanget.
"Matur agunging panuwun ingkang tanpa pepindan,Kanjeng Sultan kawula saged dipuntampi ngabdi ing Mataram." Jawabe Rade  Bahu.
"Nanging isih ana tugas maneh Bahu,kowe tak tugasi methuk(njemput) bocah prawan ing desa salak arep tak dadekake permaisuriku."tambahe Kanjeng Sultan.
"inggih kanjeng sultan,kawula tampi kanti bombonging manah."jawabe raden bahu karo nyuwun pamit arep mangkat ing desa salak.
Sakwise tekan desa salak,Raden Bahu ngandhaake kekarepana marang wong tuwane bocah wadon iku sing arane Rantamsari yen tujuane iku diutus Kanjeng Sultan Agung kanggo methuk Rantamsari arep diajak in Mataram arep didadekake permaisuri Kanjeng Sultan Agung. Ananging Rantamsari nolak didadekake permaisuri Kanjang sultan agung malah milih Raden Bahu dadi bojone Rantamsari. Raden Bahu bingung tetep njalanaken tugas apa manut kekarepane Rantanmsari.
Raden Bahu ora duwe daya ngadepi Rantamsari sing rupane ayu iku,lan milih nuruti kekarepane Rantamsari didadekake bojone ketimbang njalanaken tugas. Lan ngganti Rantamsari karo bocah wado liya sing padha ayune kanggo permaisurine kanjeng sultan. Dasare Kanjeng Sultan Agung raja sing sekti,Kajeng Sultan ora bisa diapusi ngerti sing digawa raden bahu dudu bocah wadon sing dimaksud Kanjeng Sultan.Akhire Raden Bahu diukum kon mbabat alas kanggo nebus kesalahane. Raden Bahu bali ngumah lan nyritaake kedadeyan sing wis dilakoni marang Ki Ageng Cempaluk.
"saiki kowe lagi diuji pakertimu dening kanjeng sultan agung anakku,nanging kowe malah nganggep enteng."jawabe Ki Ageng Cempaluk.
"Kowe isih beja anakku,kowe durung digantung kanjeng sultan namung diukum babat alas."tambahe Ki Ageng Cempaluk.
"Nanging kula boten saged rama"jawabe Raden Bahu
"Iku amarga atimu wis ora suci,anakku. Saiki kowe nyuwun ngapura marang sang maha wikan lan njaluk pituduh kepriye carane mbabat alas gambiran iku. Kowe kudu tapa kaya tapane kalong,"pangucape Ki Ageng Cempaluk.
Raden Bahu langsung manut apa wejangane Ki Ageng Cempaluk. Dheweke tapa ngalong yaiku kaya tapane kalong,sikile ning dhuwur lan sirahe ning ngisor ing wit gorda sing gedhe. Sangkin khusuke anggoning tapa,kanti-kanti bangsa siluman ora wani nggoda,ora kuwat nggadepi hawa panas sing sumunar  saking ragane Raden Bahu. Raja siluman sing awujud raksejsa teka arep nggoda Raden Bahukari nggawa pedang nangging tetep kalah kena pedange dhewe.
"Ampun tuwan,ampun aku njaluk maaf,"unine rakseksaa iku marang Raden Bahu.
"Kowe bakal takmaafaken nanging ana syarate,"jawabe Raden Bahu marang rakseksa iku.
"Syarate apa tuwan,"pitakone raseksa.
"Syarate kowe kudu gelem mbantu aku mbabat alas gambiran iki,"jawabe Raden Bahu.
"Ya,aku gelem tuwan,"jawabe raseksa.
Raja siluman ngajak rakyat siluman sing jumlahe akeh,ora let suwe akhire alas gambiran iku rampung dibabat. Lan Raden Bahu ngarani alas gambiran iku ngganggo sebutan Pekalongan,amarga Raden Bahu anggone mbabat alas gambiran iku diwiwiti tapa ngalong hisit.
Raden Bahu kuciwa amarga apa sing nembe dikerjaake ora kaya watake satriya.Kanjeng Sultan nduweni niat arep ngukum raden bahu lan menehi kesempatan Raden Bahu kanggo ngowahi kabeh kelakuane.
"Bahu isih ana tugas maneh kanggo kowe yaiku mbikak alas gambiran,yen kowe butuh prajurit,kowe nggawa prajurit saiki kowe mangkata,"parentahe kanjeng sultan.
Raden Bahu mangkat dhewe ning alas gambiran,prajurite padha wedi amarga alas gambiran trkenal angker,panggonane siluman lan kewan-kewan. Wong sing mlebu alas gambiran mesti ora bali maneh.
Nalika Raden Bahu nembe arep mbukak alas gambiran,Raden Bahu langsung diserang dening bangsa siluman sing sekti-sekti. Pancen bener wejangane Ki Ageng Cempaluk,ing ndhuwure wong sekti isih ana sing luwuh sekti maneh. Raden Bahu ora bisa nampani serangan-serangane para siluman,amarga jumlahe akeh lan sekti-sekti kabeh. Raden Bahu mlayu metu saka alas gambiran ora bisa nandingi kesektiane para siluman mau.
Ana ing njabane alas,rupane Raden Bahu katon suntrut lan isin. Arep bali ning Mataram wis ora wani,nalika Raden Bahu lagi binggung,dumadakan keprungu suarane Ki Ageng Cempaluk.
"Rama," unine Raden Bahu karo kaget.
"Ya,sing teka ini ramamu ora usah kaget,rama ngawasi kowe terus saka mburi. Rama ngerti yen kowe lagi kena bebaya amarga kaluputanmu dhewe,"jawabe Ki Ageng Cempaluk.

Mbendhot ’05

















ASAL MULA DHESA LAN
KALI KRAMAT ING TLATAH BATANG

Rikala dhisik Sultan Agung ngutus putrane Jaka Bahu kanggo babat alas roban.  Jaka Bahu akhire tumindak marang apa kang wis di utusake Sultan Agung kuwi mau. Amarga ana sing ngganggu Jaka Bahu kang lagi babat alas Roban, banjur Jaka Bahu nglakoni tapa, kanggo ngerteni apa sebabe kuwi mau.  Jaka Bahu ngerti yen kang ganggu iku mau bangsaning lelembut kang dipimpin Dadungawuk.  Banjur kedaden perang antarane Jaka Bahu lan Dadungawuk lan prjurite.
Dadungawuk bisa dikalahake dene Jaka Bahu lan janji ora bakal ngganggu Jaka Bahu lan prajurite Jaka Bahu.  Banjur babat alas kuwi mau dadi lancar.
Jaka Bahu banjur nerusake babat alas roban menyang arah kulon nganti teka ing kali gedhe yaiku kali Kramat.  Jaka Bahu kepikiran gawe bendhungan ing kali Kramat, amarga arep digawe sawah. Jaka Bahu tandhang gawe bendhungan.  Ananing banyu kang mili durung mesti, kadhang cilik uga ora Jaka Bahu ngerteni banyu kang mili iku gedhe lan ndadekaken bendhungan kuwi jebol.
Jaka Bahu goleki penyebabe kuwi mau.  Pranyata kang ndadekaken bendhungan kuwi jebol, yaiku ana watang prahu gedhe kang nglintangi bendhungan. Prajurite Jaka Bahu ora ana sing bisa nyingkirake watang prahu kuwi mau.  Bajur Jaka Bahu nglakoni tapa ing pinggiring kali kuwi mau kanggo ngentuki tenaga supaya bisa mindahake prahu.  Wektu iku malem jumat kliwon.  Jaka Bahu anggone tapa iku mau dilakoni kanthi sregep, lan ora dingerteni, wayah fajar Jaka Bahu ngentuki tenaga utawa kramat kang dikarepake.  Sakwise Jaka Bahu entuk keramat kuwi mau, banjur Jaka Bahu budhal menyang watang prahu kang nglintangi bendhungan.  Watang prahu sing maune gedhe katon cilik dene Jaka Bahu.  Jaka Bahu nekuk watang prahu mau kanthi tugel.
Kanthi watang mau tugel dene Jaka Bahu, bendhungan mau dadi lancar maneh.  Ananing bebayan dudu mung siji kuwi mau.  Bendhungan kang wis dadi kuwi mau jebol maneh.  Jaka Bahu ora nyerah kanggo goleki apa sebabe kuwi mau jebol.  Lan kasile tapa mau, Jaka Bahu ngerteni menawa ana gapura ing jero kedung.  Kang duweni kedung iku yaiku bangsaning lelembut kang wujude ula.  Bangsaning lelembut mau uga kang ngrusak bendhungan.  Kerajaan lelembut kuwi dipimpin dene Kala Drubiksa.  Jaka Bahu banjur ora terima, pagaweyane diganggu dene Kala Drubiksa lan prajurite.  Jaka Bahu tandhang, ngamuk ing istanane Kala Drubiksa.  Prajurite Kala Drubiksa akeh sing mati.
Kala Drubiksa ora trima.  Ora nganggo mikir suwe Kala Drubiksa banjur tandhang dewe metu nggoleki lan ngadhepi Jaka Bahu.  Jaka Bahu kang lagi ngamuk disruduk dene Kala Drubiksa, Jaka Bahu dicokot lan digubet kuwat dene Kala Drubiksa.
Ora kalah pokal kanthi tenaga kang kari sithik, Jaka Bahu bisa ucul saka gubetan kuwi.  Jaka Bahu mlayu golek papan kanggo umpetan.  Jaka Bahu uga arep mulihake tenagane kanggo ngadhepi Kala Drubiksa.  Ora dingerteni dene Jaka Bahu yen papan kang dienggo umpetan kuwi mau, uga Taman Keputren dene adine Kala Drubiksa yaiku Drubiksawati.  Drubiksawati kadung katresnan marang Jaka Bahu.  Amarga Jaka Bahu wis ngerti yen Drubiksawati kuwi adine Kala Drubiksa, banjur Jaka Bahu nggunakake katresnane Drubiksawati kanggo nggoleki wadine Kala Drubiksa.  Kanthi syarat Jaka Bahu kudu gelem nampa katresnane Drubiksawati.  Dubriksawati nyolongake pedhang Swedang kasektenane Kala Drubiksa.
Sakwise Jaka Bahu entuk pedhang Swedang mau, dheweke ora arep mateni Kala Drubiksa, ananing arep gawe kapok Kala Drubiksa.  Sakwise Jaka Bahu lan Drubiksawati nyandhang tresna, banjur Jaka Bahu karo prajurite budhal nggoleki Kala Drubiksa.  Jaka Bahu lan Kala Drubiksa banjur perang.  Ngerti pedhang Swedang ana ing Jaka Bahu, banjur Kala Drubiksa mlayu ngalor.  Jaka Bahu ngoyak, Kala Drubiksa kecekel.  Perang mau kandhek, banjur Kala Drubiksa janji menawa dheweke ora arep ngganggu kauripane manungsa.  Dene Jaka Bahu, Kala Drubiksa diwenehi papan panggonan kanggo uripe Kala Drubiksa sak prajurite ing Roban sisih lor.  Kala Drubiksa uga duweni jatah mangan asile bumi.
Ing wektu Jaka Bahu lan Kala Drubiksa mau rembugan, pedang Swedang mau diselehake ing pinggiring kali kang nikung kang dijenengi kali (Dang).  Ing sateruse papan kuwi mau dijenengi Klidang.  Lan daerah ing sekitare uga dijenengi Desa Klidang.
Ora ono maneh kang ganggu tugase Jaka Bahu ngrampungake bendhungan mau, saengga cepet bendhungan Kramat mau dirampungake.  Dadi tugase Jaka Bahu kanggo nyiapake daerah kanggo para tani ing daerah alas Roban kang uriping bangsa lelembut mau dadi rampung.
Amarga menange Jaka Bahu lan kalahe Kala Drubiksa, warga ing sekitaring kali mau uga seneng lan warga ngadakake sukuran ing kali mau.  Lan sukuran mau diarani Lomban.  Lomban mau didakekaken tradisi karo warga Klidang setahun sepisan kang ditibakake ing tanggal 1 syawal.
Menange Jaka Bahu mau, Sultan Agung ngangkat Jaka Bahu dadi Bupati Kendal.  Ananging Jaka Bahu isih ditugasi kanggo jupuk Putri Retno Rantan Sari kang dititipake ing dhesa kalisalak, supaya diboyong menyang Mataram.  Jaka Bahu tandhang, banjur methuki Retno Rantan Sari.  Tumeka ing Kalisalak, Jaka Bahu katresnan marang kaendhahane dhesa Kalisalak.
Joko Bahu uga ora lali methuki Pak Wongso, wong kang dititipi Retno Rantan Sari.  Sakwise Jaka Bahu nyampekaken kekarepane, Pak Wongso banjur nyerahake Retno Rantan Sari.  Jaka Bahu sing maune utusan saka Sultan Agung kuwi, malahan tandhang tresna marang Retno Rantan Sari.  Sadurunge Jaka Bahu wis ngerti yen Retno Rantan Sari arep dipek garwo karo Sultan Agung.  Nanging Rantan Sari uga katresnan marang Jaka Bahu.  Ora kelangan akal, Jaka Bahu kang bingung kudu piye, Jaka Bahu banjur nemoni Ki Ageng Cempaluk, kanggo nggoleki wejangan.
Ora disengaja ing Dhesa Kalibeluk ana putri kang rupane padha karo Rantan Sari kang jenenge Endang Muranti.  Banjur Ki Ageng Cempaluk ngongkon Joko Bahu menyang Kali Beluk methuki Endang Muranti.  Jaka Bahu budal menyang Kali Beluk banjur mboyong Endang Muranti menyang Mataram.  Endang Muranti diserahake Sultan Agung, nanging Sultan Agung ora curiga.
Endang Muranti uga semaput, amarga weruh kaendahane istana.  Barang wis sadar, banjur Endang Muranti ngakoni marang Sultan Agung, menawa dheweke dudu Retno Rantan Sari, Sultan Agung kuciwa lan duka.  Jaka Bahu dikon ngadhep Sultan Agung.  Jaka Bahu diwenehi hukuman, hukuman kuwi awujud tugas.  Tugas iku mau yaiku babat alas Gambiran.  Endang Muranti uga dibalekake ing Kali Beluk.

            Nit-Nit ‘05















ASAL MULANE KABUPATEN BATANG

Batang, salah sijine kabupaten kang ana ing Jawa Tengah duweni sejarah. Manut cerita, ing jaman biyen ana kerajaan sing jenenge Kerajaan Mataram Islam. Rajane yaiku Sultan Agung Hanyokrokusumo. Wektu kuwi Sultan Agung lagi nyiapake prajurit-prajurite kanggo nyerang prajurit Belanda ing Jakarta sing biyene arane Batavia.
Sultan Agung ngutus Bupati Kleyangan sing jenenge Dipokusumo supaya babat alas Roban, banjur didadekake sawah sakperlu kanggo nyukupi kabutuhan pangane para prajurit sing arep nyerang Batavia. Kamangka ing sakjerone Alas Roban mau akeh para dhedhemit lan sakjinise sing saba ing alas kono. Manut cerita, sing dadi rajane dhedhemit yaiku Dadungawuk. Dipokusumo lan para prajurite banjur babat alas roban mau, nanging pagaweyane mau kandheg dening para dhedhemit mau. Para prajurite Dipokusumo akeh sing mati dadi korbane dhedhemit mau. Dipokusumo kang ngerteni kahanan sing kaya kuwi dadi bingung arep laporan dening Sultan Agung amarga pagaweyane ora kasil.
Dipokusumo banjur njaluk pitulungan karo Ki Gede Cempaluk, salah sijining punggawa Mataram sing diukum dening Sultan Agung amarga dheweke nglakoni salah marang Sultan Agung. Ki Gede cempaluk saguh ngrewangi pagaweyane Dipokusumo kanggo babat alas amarga disemayani dening Dipokusumoarep dijalukake pangapura marang Sultan Agung. Ki Gede Cempaluk banjur ngutus putrane kang duweni jeneng Jaka Bahu kanggo nglakokaken tugas babat alas mau saperlu arep digawe sawah-sawah, Jaka Bahu banjur mangkat menyang alas Roban.
Ora beda karo Dipokusumo, Jaka Bahu kang lagi babat alas dadi kandheg pagaweyane dening dhedhemit sing saba ing alas kono. Jaka Bahu banjur nglakoni tapa sakperlu pengen ngerteni sebabe para prajurite akeh sing mati. Ora suwe Jaka Bahu nglakoni tapa, dheweke banjur ngerti yen sing nyebabake pagaweyane kandheg yaiku Dadungawuk, raja dhedhemit ing Alas Roban, karo para prajurite. Jaka Bahu banjur perang nglawan Dadungawuk lan para prajurite. Dadungawuk lan para prajurite kasil dikalahake dening Jaka Bahu, banjur pagaweyane Jaka Bahu bisa diterusake.
ujuane Jaka Bahu babat alas Roban kuwi sakperlu arep digawe sawah-sawah, mula Jaka Bahu kudu duweni sumber banyu kanggo ngalirake banyu marang sawah-sawah sing arep digawe mau. Jaka Bahu banjur nggaawe kedhung kanggo ngalirake banyu. Nanging pagaweyane mau yo duweni alangan. Banyune ngalire ora tetep, kadhang ngalire cilik kadhang gedhe. Jaka Bahu banjur nggoleki sebabe banyune mau ngalire ora ajeg. Bareng ngerti sebabe, jebul sumber mau kaline kadhangan watang sing ambruk ing tengah kedhung. Mula banyune ngalire ora ajeg. Jaka Bahu banjur nglakoni tapa maneh ing sakpinggire kali mau supaya bisa entuk kakuwatan kanggo nyingkirake watang mau. Sakwise kuwi Jaka Bahu banjur entuk kakuwatan kanggo nyingkirake watang mau. Banjur pagaweyane nggawe kedhung bisa diterusake. Tlatah ing kono banjur dikenal kanthi jeneng yaiku Batang, saka kasile Jaka Bahu ngemBat waTang mau.
Nanging alangan ora kandheg. Jaka Bahu nemoni alangan maneh olehe nggawe kedhung. Jedhung sing wis digawe dening Jaka Bahu bobol. Jaka Bahu rumangsa bingung  amarga dheweke wis kasil olehe nyingkirake watang mau.  Banjur apa kang nyebabake pagaweyane kandheg maneh? Jaka Bahu kepeksa nglakokake tapa maneh kanggo mangerteni sebabe. Nalika Jaka Bahu rampung tapa, dheweke ngerti yen ing jero kedhung kuwi mau ana gapura istanane para uling. Sejatine kedhung kuwi jebul istanane para uling sing rajane jenenge Kala Drubiksa. Kala Drubiksa seneng gawe geger tumrap uripe manungsa. Jaka Bahu banjur nyebur ing jero kedhung mateni para uling sing ngrusak kedhung mau.
Kala Drubiksa kaget entuk warta saka prajurite yen para prajurite akeh sing mati dipateni Jaka Bahu. Kala Drubiksa ora trima. Kala Drubiksa sing panggonane dirusak karo manungsa tansaya kobongan jenggot. Dheweke banjur menyat lan tandhang dhewe ngadhepi Jaka Bahu. Perange Jaka Bahu lan Kala Drubiksa dadi perang sing gedhe amarga loro karone padha sektine. Ananging Jaka Bahu wis kesel amarga tenagane wis kari sithik kanggo nglawan para prajurite Kala Drubiksa mau. Jaka Bahu bisa kecekel dening Kala Drubiksa kanthi digubet nganggo buntute. Jaka Bahu ora kalah pokal, kanthi tenaga kang wis kari sithik Jaka Bahu bisa ucul saka gubetane Kala Drubiksa. Jaka Bahu banjur mlayu ninggalake Kala Drubiksa sakperlu golek papan kanggo ndhelik kanggo mulihake tenagane.
Ana ing papan pandhelikane, Jaka Bahu ketemu karo Drubiksawati sing jebule adhine Kala Drubiksa. Pancen papan sing dienggo ndhelik Jaka Bahu mau jebul Taman Kaputrene Drubiksawati. Saka panyawange Drubiksawati, dheweke banjur thukul rasa katresnan tumrap Jaka Bahu, Drubiksawati banjur nyedhaki Jaka Bahu banjur loro karone padha kenalan. Mawi kuwi Jaka Bahu ngerti yen Drubiksawati kuwi adhine Kala Drubiksa sing wis kebacut tresna marang Jaka Bahu. Ngerti kahanane sing nguntungake Jaka Bahu, mula Jaka Bahu banjur njaluk tulung marang Drubiksawati golek wadine Kala Drubiksa kanthi syarat gelem nampa katresnane Drubiksawati. Drubiksawti kang ora seneng marang tumindhake Kala Drubiksa nyanggupi, nanging Jaka Bahhu ora kena mateni Kala Drubiksa.
Jaka Bahu banjur dicolongake pedhang Swedhang kang dadi sumbere tenagane kasektene Kala Drubiksa. Sakwise Jaka Bahu entuk pedhang swedhang mau, Jaka Bahu banjur mangkat maneh ngrampungake perange nglawan Kala Drubiksa lan para prajurite sing uga lagi nggoleki Jaka Bahu. Pancen bener, kanthi pedhang swedhang mau Kala Drubiksa tenan kasil dikalahake dening Jaka Bahu. Kala Drubiksa banjur mlayu menyang lor alas roban. Jaka Bahu ngoyak nganti kecekel, sakwise kecekel ing Kali Kramat, Kala Drubiksa banjur nyerah maranmg Jaka Bahu lan perange loro karone mau kandheg, nanging dadi rundhingan utawa prajanjen loro karone mau ing Kali Kramat. Kasile rundhingan mau menawa Kala Drubiksa ora bakal ngganggu maneh tumrape uripe manungsa, nangingdheweke diwenehi panggonan ing Alas roban sisih lor kango papan uripe. Kala Drubiksa uga entuk jupuk jatah kanggo uripe saka hasil bumine manungsa, ananging sithik wae lan ora entuk ana kang mangerteni. Pedhang Swedhang mau banjur ditancepake ing sakpinggire Kalli Kramat. Wong-wong sing padha ngerti yen Kala Drubiksa kasil dikalahake dening Jaka Bahu rumangsa seneng, banjur nganakake syukuran ing dhuwur Kali Kramat.
Kanthi Jaka Bahu bisa ngalahake Kala Drubiksa, mula kedhung sing lagi dibangun mau kasil dadi. Jaka Bahu uga kasil olehe babat Alas Roban, mula Alas Roban mau didadekake sawah. Sawah-sawahmau dadi tlatah kang subur amarga banyu sing ngalir saka kedhung lancar. Jaka Bahu banjur bali menyang Mataram nglaporake hasile mau dhumateng Sultan Agung. Sultan Agung rumangsa bungah banget senenge ngerteni pagaweyane Jaka Bahu mau. Kanggo imbalan, Jaka Bahu didadekake bupati ing Kendal. Nanging sakdurunge kuwi Jaka Bahu diwenehi tugas maneh karo Sultan Agung. Tugase yaiku njupuk putri sing jenenge Retno Rantan Sari sing dititipake ing dhusun Kalisalak. Sultan Agung pengen ndadekake Retno Rantan Sari dadi bojone.jaka Bahu banjur mangkat menyang dhusun Kalisalak
Tekan panggonane, Jaka Bahu rumangsa kesengsem karo kaendahan ing sakiwo tengene pangonane Retno Rantan Sari. Jaka Bahu banjur nemoni Pak Wongso, wong sing dititipi Retno Rantan Sari lan ngomong yen dheweke diutus dening Sultan Agung sakperlu mboyong Retno Rantan Sari arep diboyong menyang Mataram. Retno Rantan Sari jebul wong wedok sing pancen ayu banget ora ana tandhingane. Kanthi ayune kuwi mau Jaka Bahu banjur kesengsem lan tresno marang Retno Rantan Sari. Semono uga Retno Rantan Sari, dheweke uga tresna marang Jaka Bahu. Jaka Bahu rumangsa bingung. Menawa Jaka Bahu mboyong Retno ning Mataram, dheweke ora lila yen Retno Rantan sari jejeran karo Sultan Agung, nanging saumpama dheweke ora kasil mboyong Retno, Jaka Bahu wedi menawa Sultan Agung duka. Jaka Bahu banjur bali mennyang omahe sakperlu njaluk wejange Ki Gede Cempaluk.
Ing ngomah, Ki Gede Cempaluk uga rumangsa bingung. Dheeke uga ngerteni manahe Jaka Bahu, putrane. Ki Gedhe Cempaluk banjur nggoleki akal supaya bisa nggolek wong wedok sing ayune padha karo Retno Rantan Sari, banjur digawa menyang Mataram. Ing dhusun Kalibeluk ana kenya ayu sing ayune padha Retno Rantan Sari, rupane uga mirip. Ngerteni bab iku, Ki Gede Cempaluk banjur ngongkon Jaka Bahu lunga menyang Kalibeluk sakperlu njaluk kenya ayu mau sing jenenge Endang Wuranti. Rupane pancen mirip tenan. Wong tuwane Endang Wuranti ngijinke, mula Endang Wuranti kasil digawa dening Jaka Bahu. Endang Wuranti dikongkon nyamar dadi Retno Rantan Sari banjur digawa menyang Mataram sakperlu diwenehake marang Sultan Agung. Banjur Retno Rantan Sari bisa kasandhing karo Jaka Bahu dadi bojone. Sultan Agung banjur ngajak Endang Wuranti lungguh jejer bebarengan ing singgasanane, nanging Endang Wuranti sing mung wong biyasa banjur semaput. Sultan Agung banjur sulika marang Jaka Bahu. Sakwise Endang Wuranti sadar, dheweke ditakoni marang Sultan Agung. Endang Wuranti kang wong biyasa ngandha yen dheweke kuwi dudu Retno Rantan Sari, nanging Endang Wuranti saka dhusun Kalibeluk, anake wong tukang dodol serabi. Endang Wuranti ora diiukum dening Sultan Agung banjur dikongkon bali dening Sultan Agung menyang dhusune.
Sultan Agung duka ngerteni kahanan kuwi mau. Dheweke rumangsa diapusi, banjur ngongkon Jaka Bahu ngadhep dheweke. Sakwise kuwi Jaka Bahu disengeni marang Sultan Agung. Jaka Bahu banjur diwenehi ukuman supaya Jaka Bahu entuk tugas-tugas liyane sing luwih abot tinimbang tugas babat alas roban lan gawe kedhung ing Kali Kramat. Tugas pisanan yaiku dheweke diutus babat alas Gambiran, banjur diwenehi tugas-tugas liyane nganti dianggep cukup kanggo nebus salahe marang Sultan Agung.
Kuwi mau critane Jaka Bahu ing babagan ngrampungake tugas-tugase sing dikongkon dening Sultan Agung lan kedadeyan-kedadeyan sing dialami karo Retno Rantan Sari. Jaka Bahu dikenal dening wong-wong kanthi jeneng aran Bahurekso.

NANA ‘05

















Asal-usul Pantai Widuri ing Kutha Pemalang

            Ana ing abad XV, pesisir lor Jawa Tengah isih akeh alas lan rawa-rawa. warga kang manggon ana pesisir iku isih langka lan sethithik. Ing pesisir kang saiki dadi wilayah Kabupaten Pemalang urip wong lanang wadon kang jenenge Kaki lan Nyai Pedaringan. Pasangan iki beda banget. Kaki Pedaringan yuswane luwih saka setengah abad, nanging Nyai Pedaringan isih enom banget. Nanging ora dadi alangan wong loro kae ngrajut benang-benang tresna lan tali kasih urip rukun bebrayan kaya critane Rama Shinta ing epos Ramayana. Pegaweyane kaki lan nyai Pedaringan yaiku  tani, ngolah sawah kang maune arupa raw-rawa  sak dawane pesisir segara. Nandur palawija lan semangka.
Ing sakwijining dina, esuk-esuk nyai Pedaringan dhewekan ing gubuge, isih nyiapake sarapan, panganan kang paling disenengi kaki Pedaringan kang saiki ana ing sawah adoh saka omahe. Merga kaki Pedaringan isih gawe lahan anyar kang mengkone ditanduri palawija. Ora let suwe teka wong lanang kang bagus rupane. Dheweke njaluk pamit mlebu. Nyai Pedaringan kaget, dheweke isih mlongo sajake bingung banjur si nyai Pedaringan ngamati wong bagus mau saka dhuwur tekan ngisor awake. Ing lengen tengene ana getih ireng kenthel, getih kae katon nyata nanging ing gegere ana barang kang nyelip malah kaya gaman pusaka kerajaan, sajake sapa wong iki? Pitakon iki kang ana ing jero atine Nyai Pedaringan.
Ora let suwe pawongan mau ngenalake awake kanthi santun nyeritake asale muasale dheweke teka ing gubug nyai Pedaringan. Nyata bocah bagus mau yaiku pangeran Papak Purbaya. Punggawa saka kerajaan Mataram kang lagi ngemban tugas ngadhemake pamberontakan kang dipimpin dening Salingsingan saka Cirebon.  Salingsingan pingin ngrebut lan nguasani Jawa Tengah saka Mataram.
Pungkasane Salingsingan bisa dikalahake lan pangeran Papak Purbaya bisa selamet. Ana ing dalan tumuju Mataram, pangeran Papak Purbaya weruh gubug, dheweke kepengin mampir lan njaluk tulung  diobati larane. Banjur Nyai Pedaringan ngrewangi ngobati. Ora suwe wong loro mau dadi cedhak. Tekan  awan, pangeran Purbaya pamit bali arep nerusake lakune. Pangeran Papak Purbaya nitipake kerise kanggo bebungah marang nyai Pedaringan. Si pangeran aweh pesen, yen keris mau diarani Simonglang iku dijaga lan diopeni. Uga dikarepake yen mengkone keris iku dadi pusaka dhaerah iku lan kang duwe hak nduweni sarta ngrawat keris iki yaiku kluwarga Pedaringan lan keturunane.
Sapa-sapa ora nduweni hak njupuk keris mau kajaba pangeran Papak Purbaya utawa wong sing kabeh driji tangane papak kaya duwene pangeran Papak Purbaya. Pangeran Papak Purbaya nerusake perjalananen marang kidul. Ing tengah-tengah lakune dheweke kudu ngliwati kali cilik saka arah wetan lan ngalir tumuju kulon kang lokasine cedhak karo segara (ing basa jawa: Malang) dheweke kaya entuk ilham utawa wangsit saka sing gawe urip kanggo menehi jeneng dhaerah iki “Pemalang”.
Kisahe, wis rada sore kaki Pedaringan nembe bali ngomah, Kaki Pedaringan rada getun lan gumun, biasane nyai Pedaringan nggawake panganan nanging nganti sore kaya iki si Nyai ora marani. Getun dadi cemburu merga kaki ngonangi nyai Pedaringan isih nyekeli keris kang dudu duweke Kaki Pedaringan. Banjur Nyai Pedaringan aweh penjelasan nerangake kepriye critane dheweke nyekel keris mau. Nanging kaki Pedaringan ora gelem nrima penjelasan saka nyai, malah dadi ribut.
Ing akhir tukarane, Nyai Pedaringan nyabut kerise kanggo mbuktike tresnane, keris mau dienggo ngiris drijine. Getih kang seger mau netes saka drijine kang lentik. Nyai Pedaringan sumpah menawa tetesan getih kang diolesake ing kembang widuri bisa ngowahi warnane (warna kembang widuri putih) nanging yen kembang widuri mau bisa dadi warna ungu, iku tandane tresnane isih suci. Ndeleng kedadeyan mau, kaki Pedaringan dadi gela lan njaluk pangapura marang nyai Pedaringan.
Kanggo nebus dosane kaki Pedaringan karo nyai Pedaringan arep nyusul lan nggoleti pangeran Papak Purbaya. Nanging nganti saiki kaki Pedaringan ora tau bali. Saiki nyai Pedaringan kang diarani “Nyai Widuri” urip dhewekan karo bayi kang isih ana ing wetenge. Nganti akhir umure, nyai widuri dadi randa. Saiki jeneng widuri diabadikake kanggo jeneng desa, merga nyai widuri tau urip ning kono.

Maya ‘05





















Asal Mulaning Kutha Pemalang lan Gunung Slamet

            Nalika jaman biyen, ana wong telu kang merguru ing padhepokan Argo Dimillah ing gunung Lawu. Kang lanang, jenenge Bayulan Giri, yen sing wadon jenenge Warih. Wis suwe anggone wongtelu mau ngangsu kawruh ing padhepokan ArgoDimilah, nganti katelune entuk ilmune dhewe-dhewe. Tanpa sadhar Bayu lan Giri tresna marang Warih, lan iku ndadekake ‘cinta segitiga’. Ananging ‘cinta segitiga’ iku malah ndadekake paduning sedulur saperguron mau. Akhire katelune lunga saka padhepokan Argo Dimillah kaperlu nyebarake ilmukang wis pikantuk nalika padha ngangsu kawruh ing kana. Sadurunge pisah, Warih ngucap, sapa wong kang ketemudhisik karodheweke berarti wong kuwi kang bakal dadi bojone. Warih uga pesen, menawa Bayu lan Giri ora kena curang lan kudu lila menawa salah sijine kang bakal dadi bojone Warih. Banjur wongtelu mau luga, Bayu lunga meyang wetan, Warih lunga meyang kidul, lan Giri lunga meyang kulon.
Giri kang nyebarake ilmune ingdhaerah kulon kudu ngadhepi laku kang abot ing dalan amarga Giri kudu ngadhepi alangan-alangan kayata dibegal ning dalan. Nalika kuwi, rampoke wis suwe ngawasi lakune Giri. Lan nalika rampok-rampok mau ngerti menawa Giri lagi mlaku dhewekan ing pangonan kang sepi, dheweke langsung ngadhang Giri. Kanthi manteping ati, Giri bisa ngadhepi  kang ngalang-ngalangi lakune dheweke. Mula panggonan mau dijenengi PEMALANG. Sawise ngliwati Pemalang, Giri mlebu alas. Kaya entuk mukjizat, Giri metu saka alas kanthi slamet. Wong-wong kang weruh padha gumun, amarga akeh kurban kang mati menawa mlebu alas mau. Mula alas mau dijenengi Alas Roban.
Banjur Giri nglanjutake nyebar ilmu nganti tumekane ing sawijining gunung, Giri diganggu dening kethek kang cah-cahe akeh. Giri kewalahan anggone ngadhepi kethek-kethek mau. Banjur ana wong wadon nganggocadar kang ora liya yaiku Warih, teka nulungi Giri. Kethek-kethek mau padha mati, Giri slamet lan panggonan mau dijenengi Gunung Slamet. Amarga penasaran, Giri ngejar Wrih kaperlu pengin ngertisapa sejatine wong kang nylametake awake. Bayu kang lagi liwat, banjur weruh wong lanang lan wong wadon kang lagi gelut. Bayu mbelani Warih nanging dheweke uga penasaran karo wong wadon kang nganggo cadar iku. Dideleng saka pawakane, kayane Bayu kenal wong wadon kang nganggo cadar iki. Akhire cadare Warih kabukak dening Bayu. Banjur Warih ngambung tangane Bayu lan ngomong menawa Bayu kang bakal dadi bojone, amarga Bayu iku wong pertama kang weruh raine Warih. Sanajan Giri ora rela, nanging akhire dheweke ngalah maraang marang Bayu. Banjur Bayu lan Warih bebojoan. Dene Giri  sakwise nrasa cukup anggone nyebarake ilmune, Giri banjur bali menyang desane lan dadi sesepuh kang dikurmati dening warga kana. 

Tika ‘05














LEGENDA CEMPAKA WULUNG
Ing babad Pekalongan, Dewi Rantamsari yaiku anake salah siji demang ing kademangan Kalisalak. Kang critane Raden Joko Bahu diprentah utawa diutus dening Sri Sultan Agung Hanyokro Kusuma nglamar Dewi Rantamsari. Nalika R. Joko Bahu teka ing Kalisalak, Dewi Rantamsari banjur kepincut karo pawakan enom utusan saka mataram kuwi. Kabukten saka polahe kang kaya wong ketemu ksatriya. Bareng wis kenal karo Demang Kalisalak, Nyai demang lan Dewi Rantamsari. R. Joko Bahu njlentrehake yen dheweke lagi entuk titah saka sang Sultan. Yen ing kademangan Kalisalak ana kembang kang lagi mekar lan wangi, ambune tekan Mataram. Sri Sultan kepengin nggarwa kembang kuwi.
Krungu kaya kuwi, Sang Demang ngrasa bungah. Sanajan mung anak demang, nanging wis ana tanda kamulyaan amarga arep dirabi dening Sri Sultan.
Krungu jawaban kuwi, banjur R. Joko Bahu langsung takon kang nduweni maksud mboyong Dewi Rantamsari menyang Mataram kanggo disunting Sri Sultan. Banjur dijawab langsung dening Dewi Rantamsari, “sapa wae wonge, ora sugih, ora mlarat, raja utawa prajurit, kang bisa njupuk kembang Cempaka ing taman Kalisalak, wong kuwi sing arep dadi bojoku.” Ora mikir dhisik, mung eling karo titahe Sri Sultan sing kudu klakon, banjur R. Joko Bahu nyanggupi. Akhire karo disekseni kabeh wong sing ning kana, R. Joko Bahu tunuju menyang taman Kalisalak. Satekane ing taman, R. Joko Bahu bingung amarga ora weruh wit Cempaka kang lagi kembang. Banjur takon karo Dewi Rntamsari ning ngendi manggone kembang kuwi. Dewi Rantamsari banjur nudhuhke yen kembang Cempaka sing arep dipek kuwi ana ing sanggule sang Dewi. Dewi Rantamsari ngijinake R. Joko Bahu njupuk kembang kuwi. Karo bingung, banjur R. JokoBahu njupuk kembang sing ana ing sanggule sang Dewi kanthi tangan kang nrdedheg. Bubar kedadeyan kuwi, banjur sang Dewi sujud ing sikile R. Joko Bahu. Nanging R Jaka Bahu ngira yen Dewi Rantamsari lemes, ora duwe tenaga. Banjur Dewi Rantamsari dituntun ngadeg maneh. Nanging sang Dewi isih katon sumingrah.
Amarga R. Joko Bahu kang njupuk kembang Cempaka ing taman Kalisalak, banjur wis sepantese yen R. Joko Bahu dadi bojone Dewi Rantamsari. R. Joko Bahu meneng sakwetara, ambegane seseg, pikirane werna-werna kelingan titahe Sri Sultan yen wis ana asile kudu cepet bali menyang Mataram. Nanging nyatane R. Joko Bahu karo Dewi Rantamsari sing menangake sayembara kuwi. Kanthi kikuk karo watuk-watuk cilik, wong loro kuwi njawab yen siap ngadepi kanyatan kuwi. Nanging kepriye karo titahe sang Sultan. Weruh wong loro kang wis kaiket tresna, Demang aweh dalan supaya kabeh bisa mlaku kanthi lancar. dijelasake yen ing jejere kademangan iki ana anak mas kang rupane mirip banget karo Dewi Rantamsari jenenge Randinem anake bakul srabi. Demang ngutus nemoni Radinem ing Kaligeluk. Bubar R. Joko Bahu karo Dewi Rantamsari , R. Joko Bahu sak rombongan pamitan karo Ki Demang arep nemoni Randinem ing Kaligeluk, kang sadurunge wis pesen mengko yen anake kang dikandut Dewi Rantamsari lair, supaya diwenehi jeneng R. Kuncung Darmanto yen lanang, nanging yen wadon sakarepe arep dijenengi sapa. Banjur R. Joko Bahu  Purnakawan Hedho lan Gati budhal meyang Kaligeluk.
Akhire Dewi Rantamsari ditinggal bojone kang lagi ngemban tugas saka kraton, ora let suwe sang Dewi nglairake bayi lanang kang bagus rupane. Banjur diwenehi jeneng R. Kuncung Darmanto. Putrane dimong kanthi apik, tingkah lakune persis kaya bapake. ndelengake putrane kang sempurna, Dewi Rantamsari kepengin anake yen suk gedhe bisa migunani tumprap bangsa lan negarane. Senajan isih pelo ngomonge, nanging bocah kuwi banget pintere. Ibune nganti bingung nalika ditakoni R. Kuncung Darmanto, “ngapa kanca-kancane karo wong tuwa lanang ana sing diundang bapak.” Banjur Dewi Rantamsari njelasake yen bapake kuwi putra Mataram, lair saka ibu sing jenenge Dewi Cempaka Wulan, bojone Ki Gedhe Kesesi sing jenenge Den Mas Agung. Kang seda amarga kena  eri baya putih, ing wektu kuwi Dewi Cempaka Wulan lagi meteng banjur nglairake putrane sing jenenge R. Joko Bahu ing kerajaan Mataram. Banjur dening Ki Gedhe Cempluk lan Ki Gedhe Cepeluk dititipake karo lurah Kesesi Bandung kang kawentar kanthi jeneng lurah buntal amarga ing ilate ana warna ireng. Dimong tekan gedhe banjur akhire nakonake ibu karo bapak kang sebenere. Dijelasake dening lurah buntal kasebut, yen ibune kuwi permaesuri saka Sultan Agung Hanyokro Kusuma, nanging ora dijelasake yen bapake kang sebenere kuwi Raden Mas Agung sing terkenal kanthi jeneng Ki Gedhe Kesesi kuwi putra saka Sultan Sayidin Panoto Gama utawa Panembahan Senopati.
                                                                                                                                                                                                                                           YOYO ‘05
























DUMADINE KUTHA PEKALONGAN


Jaman biyen ana wong lanang jenenge Jaka Bahu putrane Ki Ageng Cempaluk. Dheweke dhuwe salah karo Sultan Agung. Kanggo nebus salahe karo Sultan Agung, dheweke ditugasi mbabat alas Gambiran. Alas Gambiran panggonane para siluman-siluman kang dipimpin dening raja siluman Guntur Geni. Pakaryan-pakaryan sing mbabat alas akeh sing cidra lan kena lara. Para siluman padha ngganggu, banjur Joko Bahu tapa supaya ngerti sapa sing ngganggu pakaryane.
Tapa sing dilakoni Jaka Bahu kanthi cara nggantungake awake dhewe ning dhuwur wit. Sikile ning dhuwur lan sirahe ning ngisor kaya kalong lagi turu. Tapa sing kaya kuwi jenenge tapa “Ngalong”. Durung suwi dheweke tapa, ana perang mataram lan VOC. Sultan Agung bingung piye carane kanggo nyerang VOC ing Batavia. Mula tenagane Jaka Bahu dibutuhake kanggo mimpin pasukan.
            “Raden Suwelo kowe tak utus nemoni Jaka Bahu ning alas Gambiran,” Kandhane Sultan Agung.
            “Dipun utus menapa kanjeng?” pitakone R. Suwelo karo radha bingung.
            “Omongake yen tenagane dibutuhake dadi pemimpin pasukan perang nyerang batavia lan cepet mulih menyang Mataram,” prentahe Sultan Agung marang R. Suwelo kang ana ing ngarepe.
            “Inggih kanjeng.”
            R. Suwelo banjur lunga menyang alas Gambiran. Neng alas Gambiran R. Suwelo ketemu karo Jaka Bahu kang lagi tapa ngalong.
            “Jaka Bahu, Cepet tangi!!! Ana prentah saka Sultan Agung!” Raden Suwelo nangekake jaka bahu saka tapane karo ngorog-ngorog awake.
Amarga Jaka Bahu kaget lan krasa yen tapane diganggu, dheweke tangi lan raden suwelo ditempiling nganti mati lan mayite mabur menyang kali ning cedhak tapane. Ana kadadeyan aneh, mayite raden suwelo ora keli ing segara nanging malah mabur mendhuwur. Kadadeyan aneh iki ndadekake masyarakat sakiwa tengene usek-usekan pengin ngerti mayit kang aneh kuwi. Wong-wong padha jejer-jejer ning sakdhawane pinggiran kali kaya wayang, mula papan kuwi dijenengi “Jejer Wayang”.
            “Ayo kang, cepet ndelok mayit ajaib nEng kali,” kandhane tukang mas marang kanca-kancane . Tukang-tukang mas banjur padha mlayu karo nggawa mas lan panggonan kuwi dijenengi “Keemasan”.
Wong-wong uga ana sing ndelok mayit padha menek wit-witan. Kethoke yen didhelok kaya woh wuni. Mula panggonan kuwi dijenengi “Kedungwuni”. Mayite Raden Suwelo kang tetep mabur ndhuwur. Akehe wong sing ndelok mayit sakdhawane pinggiran kali, kira-kira ana patangewu. Mula nganti kedung pungkasan, panggonane wong-wong sing ndelok mayit jenenge “Kedung Patangewu”. Papan sing pungkasan mandheg mayite R. Suwelo dijenengi “Candi Selo”.
Sultan Agung krungu yen R. Suwelo wis mati, atine sedhih banget.
            “Patih Mangkurejo, piye carane supaya prentahku marang jaka bahu bisa tekan.”
             Sultan Agung bingung banjur rembugan karo Patih Mangkurejo.
            “Nuwun sewu Gusti, kula uga nboten mangertos sinten ingkang badhe dipunutus?”
            Ora let suwi lagi rembugan, ana pedhagang saka Tiong Hoa njaluk ijin dagang ning wilayah Mataram.
             “Nuwun sewu Gusti, pripun menawi Tan Kwie Jan dipunutus dhateng wana Gambiran?” kandhane Patih Mangkurejo.
            “La carane kepriye?”
            “Tan Kwie Jan saged dagang wonten ing wilayah Mataram. Ananging saratipun kedhah nyampeaken prentahipun kanjeng gusti dhateng jaka bahu wonten ing Alas Gambiran.”
Tan Kwie Jan gelem menuhi syarat kuwi, nanging amarga dheweke ora bisa basa jawa, mula dheweke njaluk yen prentahe nganggo surat wae. Tan Kwie Jan krungu britane kasaktiyane Jaka Bahu lan matine R. Suwelo. Dheweke mikir kepriye carane nyampekake surate. Tekane ning alas Gambiran dheweke weruh jaka bahu lagi tapa ngalong. Kanti ngati-ati dheweke nyedaki lan mbalangake surat prentahe Sultan Agung ing ngisore sirahe Jaka Bahu.
Ora let suwi para siluman alas Gambiran ngrasa ora kuat anane hawa panas kang tekane saka tapane Jaka Bahu. Para siluman wadul karo rajane sing jenenge Guntur Geni. Dheweke jengkel lan nemoni Jaka Bahu arep ngganggu tapane. Jaka Bahu ora trima yen tapane diganggu, mula dadi gelut sengit. Guntur Geni bisa dikalaheke lan nyerah, uga dheweke janji ora arep ngganggu nalika arep nbabat alas Gambiran lan melu ngrewangi. Sakbubare gelut karo guntur geni dheweke banjur weruh surat printah saka sultan agung. Surat diwaca lan ngerti isine yen dheweke entuk prentah kanggo mimpin pasukan kanggo nyerang Batavia, mula babat alas Gambiran secepete dibubarake. Amarga wis ora ana alangan saka siluman, malah direwangi dening siluman, babat alas gambiran cepet rampung. Banjur bekas panggonan alas gambiran dijenengi Desa Nggambaran. kanggo mengeti yen Jaka Bahu tau nglakoni tapa ngalong ing papan sakiwa tengene alas Gambiran, mula dijenengi “Pekalongan”.
Sawise mbabat alas , Jaka Bahu langsung nemoni Ki Ageng Cempaluk kanggo ngrembug carane nyerang Batavia. Kasil rembugan Jaka Bahu lan rombongan mangkat menyang Batavia nganggo prau. Jaka Bahu lan rombongan nggolek wit jati sing gedhe kanggo nggawe prau. Jaka bahu nemu wit jati sing gedhe banget wernane putih lan ning pinggire ana wit pakis. Mula Jaka Bahu langsung milih wit jati putih kanggo nggawe prau. Prajurite Jaka Bahu banjur nebang wit jati mau. Nanging ana sing aneh, yen wite dibacok nganggo kapak bekase bacokan rapet maneh kaya durung dibacok. Kadadeyan kuwi ora bar-bar, nggawe Jaka Bahu lan Ki Ageng Cempaluk bingung.
            “Piye carane wit jati putih iki bisa ditebang?”, kandhane jaka bahu marang Ki Ageng Cempaluk.
Ki Ageng Cempaluk tapa kanggo nggolek wangsit kepriye carane nebang wit jati putih. Ning tapane dheweke entuk wangsit yen wit jati putih kuwi gelem ditebang. Nanging ana sarate kudu ana rame-rame yaiku tanggapan tari topeng. Banjur digolekake kesenian tari topeng lan dianakake ing ngisor wit jati. Sesuke wit jati putih bisa ditebang. Kanggo mengeti wit jati kuwi bisa ditebang, mula bekas tebagane dijenengi “Jati Topeng”. Amarga wit jati jejeran karo wit pakis, mula papan kuwi dijenengi “Pakis Jati”. Wit jati banjur digawe prau lan diwenehi jeneng Prau Koloduta.
Jaka Bahu mangkat menyang batavia dikancani para para pinisepuh. Wektu kuwi dina sing paling sejarah, Jaka Bahu diwenehi gelar “Bau Rekso” amarga dikancani para pinisepuh. Ning Batavia Bau rekso diudani peluru meriam dening VOC. Bahu Rekso langsung ngetokake pedang Swedang pusaka andalane banjur nyerang benteng VOC. Pedang swedang sekti banget mula bisa ngalahake pasukan VOC. Akeh pasukan Belanda sing padha ninggal lan mlayu umpetan ning benteng. Saknajan ora nembus benteng VOC nanging Bau Rekso bisa nggawe para prajurit VOC mlayu. Bau rekso lan anak buahe ora bali menyang Mataram nanging bali menyang Kesesi. Ning tengah ndalan dheweke ketemu karo Sunan Geseng lan pini sepuh liyane lagi padha syukuran mangan-mangan, kayane krungu yen pasukan Mataram menang. Tutuke lagi comal-camel mangan. Bau Reksa karo rombongane teka ning papan kuwi banjur melu syukuran. Mula kanggo mengeti mangan-mangan kuwi, papan kuwi dijenengi “Comal”.
Jaka Bahu seneng karo Retno Rantamsari nanging menawa urip bareng bakal gawe lara atine Sultan Agung. Biyen Jaka Bahu diutus Sultan Agung metuk Rantamsari ning Desa Kalisalak. Rantansari wonge ayu baget. Jaka Bahu banjur kesengsem. Dheweke ora lila yen Rantansari dadi dhuweke Sultan Agung. Mula saiki dheweke bingung piye carane urip seneng karo Rantansari naging Sultan Agung ora ngerti. Sunan Geseng duwe cara supaya Jaka Bahu bisa urip bareng karo Rantansari nanging sultan Agung lan wong liya ora ngerti. Yaiku urip ning papan kang wis digolekake Sunan Geseng. Papan kuwi pinggirane ditanduri wit Logondhi Wulung, uga didongani supaya sultan Agung  lan wong liyane ora ngerti. Jaka Bahu metuk Rantansari lan diboyong karo para pinisepuh. Papan kuwi ndijenengi Si Geseng. Konon critane papan kuwi rada angker. Mula akeh wong tuwa sing melingi anake supaya aja dolanan ning Si geseng. Ing kana ana kauripan sing ora bisa didelok. Joko Bahu uga dikenal masyarakat pendhirine Kota Batang, Pekalongan lan sakubenge.
Tan Kwie Jan bisa nyampekake surate Sultan Agung marang Jaka Bahu. Sultan Agung uga krungu yen pasukan Mataram menang nglawan VOC. Kanggo balas jasa Tan Kwie Jan banjur diwisuda dadi Bupati Pekalongan lan diwenehi gelar ningrat. Saiki Tan Kwie Jan dikenal nganggo jeneng Jan Ningrat. Papan sing dipanggoni Tan Kwie Jan Ningrat dijenengi Desa Kwiejan.
                                               
Nunik Handayani ‘05







DUMADINE KUTHA BATANG LAN KALI KRAMAT

Jaman biyen kira-kirane kawit jaman Majapahit tlatah Batang iki wis ana ing sejarah, ananging jeneng Batang nembe ana nalika jaman kerajaan Mataram Islam, pemerintahan Sultan Agung Hanyokrokusumo tahun 1613-1645. Wektu iku tlatah Batang sing ngetan, kira-kira wetane kali Sambong saiki isih dadi alas sing biasa diarani alas roban siluman. Diarani kaya mangkana amarga ning alas roban kuwi dienggoni para siluman utawa lelembut, setan lan sapanunggale. Kacarita sing dadi raja siluman ning kana jenenge Dadungawuk.
Wektu kuwi Sultan Agung isih nyiapake rencana kanggo nglawan Belanda (V.O.C) ning Jakarta sing biyen kuwi jenenge Batavia. Sultan Agung ngutus Bupati kleyangan (kira-kirane saiki Subah) sing jenenge Dipokusuma supaya nebang alas roban siluman.
“Dipokusuma renea tak kandhani, aku arep njaluk pitulung marang awakmu.” Dawuhe Sultan Agung marang Dipokusuma.
“Inggih Gusti keparenga kula ngadhep panjenengan, wonten punapa kanjeng Gusti.” Wangsulane Dipokusuma. “Kowe arep tak kongkon nebas alas roban siluman.”
“Ngapunten Gusti, kengeng punapa alas roban menika dipun tebas ?”
“Arep tak dadekake sawah-sawah kanggo nyukupi kabutuhan pangan para prajurit sing arep nyerang Batavia.”
“Sendika dawuh kanjeng Gusti!” Wangsulane Dipokusuma kanggo nyangguhi panjalukane raja.
Ananging merga diganggu karo para siluman sing manggon ana alas, ndadekake para prajurite Bupati Kleyangan akeh sing mati lan anggone nebas alas ora ana kasil. Dipokusuma dadi bingung. Arep laporan neng Mataram yen dheweke ora saguh nebas alas.
“Dhuh …..Gusti kawula ngadhep panjenengan.”
“Ana apa Dipokusuma?” pitakone Raja.
“Saderengipun kula nyuwun pangapuntenipun kanjeng Gusti.”
“Lha….. kon mandheg mangu tindakmu, kendel sangandhape mandera sajak ragu-ragu, mangu-mangu lan rangu-rangu jrone tyas, agawe ngungu wae.”
“Kawula boten saguh nebas alas roban !”
“Kena apa awakmu ora saguh ngleksanakake pakaryanmu nggo nebas alas roban.”
“Wonen ing lebet alas menika kathah sanget para siluman ingkang manggon.” Siluman menika sami nganggu prajurit ngantos ndadekaken prajurit kula kathah ingkang tiwas.”
“Yen kowe ora saguh, aku arep kongkonan punggawa kerajaan Mataram sing jenenge Ki Ageng Cempaluk. Jabatanmu tak gantekake kanggo penggawaku.”
Merga ora bisa nerusake pakaryan nebang alas roban, dening raja (Sultan Agung) Bupati Dipokusuma mandheg saka jabatane lan bali neng omahe ana Kesesi (sebelah kidul Pekalongan). Penggawa kerajaan Mataram sing jenenge Ki Gede Gempaluk wis misuwur minangka wong kang sekti lan akeh kawruh.
Bareng ngerti kaya mau Bupati Dipokusuma lunga neng kesesi kanggo njaluk pitulungan karo Ki Ageng Cempaluk kuwi, njanjekake yen Ki Ageng Cempaluk kasil bisa mbabad alas roban siluman kuwi. Bakal diwenehi ngapura Sultan Agung. Ki Ageng atine bungah lan dheweke kongkonan pemuda kang sekti sing jenenge Joko Bahu kanggo nglaksanakake pakaryan kuwi.
Jebule Joko Bahu ngalami nasib padha karo Bupati Kleyangan kuwi. Para pakaryane sing akeh kena bebaya merga kaganggu saka para bangsa siluman. Joko Bahu banjur semedhi kanggo ngerteni apa sing ndadekake bebaya lan marakake para prajurit pada cidra. Misteri utawa rahasia sing ana ing alas kuwi dadi ketok lan konangan yen sing senenge nganggu para prajurit kuwi para siluman sing dipimpin dening Dadungawuk. Ndadekake perang wetara Joko Bahu nglawan Dadungawuk sarta para bala-balane kuwi.
Dadungawuk sarta bala-balane bisa dikalahake lan tobat ora bakal wani maneh nganggu gawe maneh. Joko Bahu. Banjur pakaryan mbabad alas bisa diterusake kanthi lancar. Dadungawuk ngakoni yen Joko Bahu duwe kesaktian sing gedhe.
Anggone negor alas saka wetan (Kleyangan utawa Subah) banjur ngulon tekane kali gedhe (Kali Sambong lan Kali Kramat saiki).
Merga alas sing dibabad mau arep digawe sawah-sawah. Banjur dheweke nggagas arep nggawe bendungan neng kali kuwi. Banjur ngilekake neng alas sing dibabat mau kareben lemahe bisa digarap kanggo sawah-sawah. Jebule mili banyune mung cilik nanging kadang kala mili banyune gedhe lan ndadekake bendungan sing nembe digawe kuwi jebol maneh merga watu-watu sing kanggo mbendung mung cilik-cilik. Banjur Joko Bahu pengen ngerti sebab-sebabe.
Sing ndadekake kuwi mau jebul ana watang (gagang) prahu gedhe kang mbumpeti kali kuwi. Bala-balane ora saguh mindhah watang kuwi merga gedhe banget, lan mbutuhake watu-watu kang gedhe kanggo bendungan.
Joko Bahu banjur semedi neng pinggir kali kuwi kareben kekuwatan gaib sing bisa nyingkirake watang kang mbumpeti kali kuwi, banjur entuk watu sing gedhe-gedhe. Wektu kuwi ngepasi malem Jum’at Kliwon. Merga tenanan anggone semedhi, dheweke entuk tenaga gaib utawa kramat buktine akeh watu-watu gedhe sing ngumpul dhewe ana ing ngarepe.
Sakwise dheweke enthuk tenaga gaib lan keramat, dheweke tumuju panggonan sing ana watange kang mbumpeti kali kuwi. Watang sing maune gedhe dadi kethok cilik lan gampang di jupuk lan tugel dadi loro.
Saka kadedean ngembat watang kuwi, tlatah neng kono diarani jeneng “Batang”. Lan kali sing dinggo semedi Joko Bahu nduweni tenaga gaib utawa keramat mau diarani kali keramat (Kramat). Pungkasane merga Joko Bahu nduweni keramat utawa tenaga gaib ngepasi dina Jum’at Kliwon, kali kuwi minangka tradisi akeh ditekani wong kanggo mingeti dino lan panggonan sejarah sarta keramat.

Sri Mahanani R ‘05


Tidak ada komentar: