Breaking

Jumat, November 22, 2013

Sasmita Saka Kurusetra



 dening Zuly Kristanto

raga kang padha gumlethak ing Kurusetra

Tansah gawa crita marang manungsa

sewu wewadi kang nate dumadi

ora muspra senajan kesaput dening maruta


kurusetra wus dadi seksi yudaning para satriya

dharah-dharah kang wutah ing Kurusetra

bakal aweh sasmita tumrap para manungsa

wiwit saka panguwasa nganti tumekane para kawula

panguwasa kudu tumindak lumrahe satriya

aja nganti tumindak kaya dene denawa

wiwit tumekane wengi kang kebak wewadi

aku tansah manekung ing ngarsane Gusti

saka bumi daksawang langit gumelar

gulung-ginulung mendhung kang teka

nggawa crita ngenani jaman kawuri

jaman rikala budaya nate kuncara

ing satengahe wengi iki

dak jaluk pangapuramu awit aku

Wus nglirwakake sliramu kamangka aku nate

kepincut gumebyare budaya manca

nanging wiwit wengi iki aku wiwit njejegake gendera

saengga para sutresna bisa padha enggal gumregah

njunjung dhuwur edi endahing budaya bangsa

ngupadi kang Rayi

dening Amalia Suci

sayah anggonku ngenteni

sak dawaning dina lan wengi

tak kuwatke ati iki

kabeh mau wis pepesthi

srengenge jumudhul ing wetan

srengenge bali ing kulon

winih kang ditandur saiki wis dibedhol

aku isih ngenteni

lintang,rembulan tansah ngenteni

setya ing abdi

aku isih ngenteni

wulan sanga lan wulan sedasa

pangarep-arep iki wis tiba ing mangsa

surya dina sepuluh,wulan sepuluh

jabang bayi kang dienteni

jebrol lahir ngawa esem kang suwe kependhem

Tidak ada komentar: