Breaking

Jumat, November 22, 2013

Egrangan Bathok Solo-Yogya Ketemu Wanita Misterius



Minangka aktivis pecinta alam lan pramuka sing kerep menek gunung utawa mlaku adoh, Budiono warga Desa Gilang, Kecamatan Ngunut, Kabupaten Tulungagung wis kulina lelungan bengi, sasat ora nate angon wayah. Kadhang kala mulihe nganti wengi. Senajan mangkono ora nate nemoni bebaya ing satengahing marga. Kabeh ayahan mau dilakoni kanthi senenge ati.
Sawijining dina Budiono kepengin gawe sensasi. Yakuwi nganakake mlaku saka Solo menyang Yogya kanthi egrangan bathok. Pengalaman iku dumadi taun 1994 kepungkur. Wiwit budhal atine Budiono wis krasa ora kepenak. Sadalan-dalan dhweek ndedonga muga-muga ora nemoni alangan sawiji apa, lan anggone nempuh lelaku kalis saka rubeda.
Tujuwane Budiono nganakake perjalanan unik wektu iku kanggo nglestarekake budaya Jawa. Sebab dolanan egrangan bathok wis meh cures merga kedheseg dening dolanan kag sarwa elektronik. Kejaba iku, sasuwene mlaku Budiono sengaja ngundang kawigatene bocah-bocah kanggo nuduhake menawa budaya asli Jawa ora kalah karo budaya manca.
Amrih tansaya narik kawigaten, Budiono sengaja nganggo “makutha” saka lar pitik, awake dijarake ngliga lan mung nganggo kancut sing ditutupi tali rafia, sarta sakojur awake diblonyohi angus kanthi variasi putih. Nalika nganakake perjalanan iki Budiono dikancani Achmad Karno lan Riyanto. Achmad Karno pecinta alam Baru Klinting Tulungagung, dene Riyanto mahasiswa Fakultas Sastra Jawa UNS Solo.
Kanggo persiapan egrangan bathok kasebut Budiono ora latihan babar pisan. Merga Budiono wis kulina nempuh jarak puluhan nganti atusan kilometer kanthi mlaku maju ing kegiatan lomba gerak jalan Bandung Lautan Api, Bogor-Jakarta, Rengasdengklok-Jakarta, Yogyakarta-Jakarta, Borobudur-Yogyakarta, Mojokerto-Surabaya, Malang-Surabaya lan napak tilas rute Panglima Besar Jendral Soedirman Kediri-Yogyakarta, rute Gerilya Damarwulan Blitar-Jember, rute Operasi Trisula Blitar Selatan, sarta mlaku mundur Blitar-Jakarta.
Nanging nalika lakune lagi oleh 10-an kilometer, Budiono kober grogi. Merga nalika te­kan Desa Kebun Jeruk, Kartasura sikile krasa lara banget yen dinggo egrangan. Mulane awan iku Budiono kepeksa ora nerusake laku lan ngaso ana markase pecinta alam Cakra Pandhawa. Bengi sadurunge turu Budiono ora lali tansah ndedonga nyuwun kekuwatan marang Gusti Allah murih bisa mbacutake laku. Esuke, bubar tangi turu sikile wis normal maneh. Dinggo egrangan wis ora lara maneh.
Budiono (ngarep), Achmad Karno lan Riyanto nalika mampir ing Radio Candhi Sewu Klaten nempuh dalan kang adohe watara 60-an kilometer, nalika semana aku mbutuhake wektu 6 dina. Start saka Makodim Solo tanggal 17 Juni 1994, lan finish ing markas Pemuda Panca Marga Yogya. Pas dina ka-3 Budiono mlebu Desa Batur. Ndilalah ing dalan Budiono ketemu prawan ayu, ngakune jenenge Rias Suprapti asale saka Sleman. Prawan ayu mau metu saka mobile lan sabanjure ngetutake laku. Merga ora kulina anggone ngetutake kadhang mlaku kadhang uga numpak mobil. Na­nging bareng tekan Radio Candhi Sewu (Klaten) kandha marang Budiono, “Aku tak dhisik ya, Mas. Ning aja lali, yen wis tekan Sleman mampira neng omahku!”
“Sleman-ne ngendi, Mbak?” pitakone Budiono.
“Yen wis tekan perbatasan Klaten-Sleman golekana aku neng kulone candhi Kalasan!” bubar kandha mangkono dheweke terus mlebu mobil lan terus tancap gas.
Sawise egrangan bathok suwene patang ndina Budiono mampir menyang candhi Prambanan. Kebeneran tekan kana isih esuk, watara jam sanga. Angen-angene Budiono kumleyang, kelingan prawan ayu sing ngetutake laku. Akeh wisatawan ing ngajak foto bareng dheweke. Ning bareng krasa kesel, Budiono banjur ndhelik menyang njero candhi. Ndilalah isih arep lungguh wis diparani prawan ayu aran Rias Suprapti mau.
“Ana apa ta, Mbak, kok mrene?” pitakone Budiono.
“Ora ana apa-apa, Mas,” wangsulane.
“Yen ora ana apa-apa kok mrene?”
“Aku sengaja mrene, merga arep kandha karo sampeyan!”
“Arep kandha apa, Mbak?”
“Ngene ya, Mas, supaya sampeyan mengko ora kesel gaweya tulisan sekali potret Rp 5 ribu! ”
“Iya, Mbak!”
“Aja lali yen wis tekan candhi Kalasan mampira neng omahku!” kandhane mangkono karo ngambung pipine Budiono.
Budiono (kiwa) dikancani Achmad Karno (ngarep) lan Riyanto (tengen) nalika ngaso ing pinggir sawah sawise gawe tulisan sekali potret Rp 5 ribu ing kertas karton, pancen ora krasa kesel. Merga dina iku Budiono entuk dhuwit watara Rp 300-an ewu. Dhuwit samono akehe iku olehe menehi wong-wong sing ngejak foto Budiono. Kebeneran wayahe wi sore, watara jam papat-an. Angen-angene Budiono uga banjur kumleyang maneh, kelingan Rias Suprapti, prawan ayu sing nemoni dheweke. Budiono banjur nerusake laku nggoleki omahe Rias. Ning emane, bareng tekan omahe Rias, wonge pas lunga. Kanthi rasa cuwa, bengi iku Budiono nginep ana kantore Satpam. Arep nerusake laku mokal sebab wancine wis bengi.
Ya merga bengi iku ora ketemu Rias Suprapti, esuke karepe Budiono arep age-age ninggalake omahe. Ning wurung, merga nalika arep pamitan dadak dikandhani Satpam, yen Rias Suprapti arep nemoni dheweke ing omahe kono.
Apa sing dikandhakake Satpam jebul tenan. Watara jam pitunan, Rias Suprapti sing diantu-antu Budiono teka tenan. Tekane ora ijen, ning karo rama lan ibune. Jebul ramane Rias Suprapti iku dosen Fakultas Sastra Jawa UNS. Mula sadurunge Budiono nerusake laku diajak ngobrol bab kasusastran lan kabudayan Jawa.
Kejaba iku uga akeh crita kang dikandhakake Rias Suprapti marang Budiono, pengalamane dheweke nalika ngetutake Budiono egrangan bathok. Rias Suprapti crita anggone ngetutake dheweke mung tekan Radio Candhi Sewu. Bubar kuwi dheweke bablas menyang Wonosari. Budiono kaged banjur takon, “Lha yen dudu sampeyan, sing nemoni aku ing candhi Prambanan kae banjur sapa?” Rias Suprapti ora mangsuli. Praupane melu kebak tandha pitakon.

 – (Sri Astutik) Anyar Katon, Flash, Rena-rena - Posted by admin on September 10, 2011

Tidak ada komentar: