Breaking

Selasa, April 08, 2014

soal ujian sekolah bahasa jawa



Pilihen wangsulan a, b, c utawa d minangka wangsulan sing paling bener, kanthi menehi tandha ping ana ing lembar wangsulan!
Wacan 1 kanggo pitakonan nomer 1-3
Ana negara sing gemah ripah loh jinawi, rakyate tentrem ayem. Negara mau jenenge Ayodya, dene sing dadi    ratune yaiku Prabu Dasarata. Ratu Ayodya mau duwe garwa cacahe telu yaiku dewi Kosalya, Dewi Sumitra lan Dewi Kekayi. Nganti sepuh garwa telu mau ora duwe putra. Mula Prabu Dasarata nyenyuwun marang Jawata supaya diparingi putra. Panyuwun mau dikabulake, Dewi Sumitra duwe putra Rama, Dewi Kekayi nglairake Barata, lan Dewi Sumitra nglairake putra kembar yaiku Lesmana lan Satrugna. Prabu Dasarata saya sepuh, mula enggal nganake upacara jumenengan sing ngganteni ratu ing Ayodya.Dene sing bakal dijumenengake ratu yaiku Rama, jalaran rama iku putra sing paling tuwa, watake utama, bekti marang wong tuwa, mula ditresnani dening kawulane.Nalika jumengan wis kawiwitan, Dewi Kekayi ora narimakake yen Rama sing dijumenengake ratu, jalaran biyen Prabu Dasarata nate janji yen Dewi Kekayi duwe putra kudu putrane sing nggenteni dadi ratu. Rama ngerti prakara iku mula banjur pamit bakal lelana ing alas, ninggalake kraton Ayodya. Lungane Rama dieloni garwane yaiku Dewi Sinta
lan adhine yaiku Lesmana.
1.      Irah-irahan sing mathuk saka pethikan crita wayang kasebut sing bener ....
a. Negara Ayodya Rakyate Tentrem Ayem      c. Rama Arep Dijumenengake Nata                                           
b. Prabu Dasarata Saiki Saya Sepuh                  d. Dasarata Arep Dijumenengake Nata
2.      Garwane Prabu Dasarata sing nglairake putra kembar, yaiku....
a. Dewi Sumitra                    c. Dewi Kosalya                                                                                              
b. Dewi Kekayi                     d. Dewi Sinta
3.      Mula Prabu Dasarata nyenyuwun marang Jawata supaya diparingi putra.
Tembung lingga sing ana ing pethikan ukara kasebut, yaiku....
a. nyenyuwun, marang               c. mula, nyenyuwun                                                                                                       
b. supaya, diparingi                    d. putra, mula

Wacan 2 kanggo pitakonan nomer 4-5
                                                           Rama Tambak
Nalika Rama bakal njaluk baline Dewi Sinta sing dicolong Dasamuka ana ing Alengka, kudu ngliwati segara sing jembare ngilak-ilak. Kanggo ngliwati segara mau para wadya bala wanara sing dipandhegani Patih Sugriwa gawe tambak tumuju negara Alengka. Sing duwe panemu nggawe tambak iku saka Anoman lan Gunawan Wibisana. Jalaran kekarone sing wis mangerteni papan dununge negara Alengka. Pranyata gawe tambak iku ora gampang. Maewu-ewu bala wanara dikerahake nanging bola-bali bedhah. Anoman banjur mbedhol gunung Sokarini kanggo lajering tambak, nuli wadya bala wanara ngumpulake watu kanggo nambak.
Ana ing Taman Soka Dewi Sinta dilelipur dening Dewi Trijatha, lan matur manawa Prabu Rama lan wadyabala wanara padha gawe tambak tumuju negara Alengka saperlu mboyong Dewi Sinta.Sarehning panggawene tambak nuwuhake lindhu ing Alengka mula Prabu Dasamuka  dhawuh marang Ditya Janggisrana  ngrusak tambak. Janggisrana bisa kacekel dening Gunawan Wibisana, banjur disowananke Prabu Rama nanging malah diganjar mas picis raja brana.

4.       Pratelan sing jumbuh karo isine crita wayang kasebut yaiku....
a.    Prabu Rama anggone ngrebut baline Dewi Sinta direwangi dening bala wanara lan Gunawan Wibisana.
b.    Kapi Anoman iku minangka patihe Prabu Rama Wijaya nalika ngrebut baline Dewi Sinta ing Alengka.
c.    Prabu Dasamuka gawe tambak mbendung segara sing jembar ngilak-ilak direwangi wadya bala wanara.
d.   Dewi Sinta krasan banget ana ing Taman Soka Alengka jalaran akeh mas picis rajabrana sing disenengi.





 (1)Ana ing Taman Soka Dewi Sinta dilelipur dening Dewi Trijatha.
(2) Matur manawa Prabu Rama lan wadyabala wanara padha gawe tambak tumuju negara   Alengka saperlu mboyong Dewi Sinta.
(3)Prabu Dasamuka  dhawuh marang Ditya Janggisrana  ngrusak tambak sing digawe dening wadyabala wanara.
(4)Janggisrana bisa kacekel dening Gunawan Wibisana, banjur disowananke Prabu Rama nanging malah diganjar mas picis raja brana.
5.      Sing kalebu ukara camboran yaiku, ukara angka....
a. 1                               c. 3                                                                                                                           
b. 2                               d. 4
Wacan 3 kanggo pitakonan nomer 6-7
   Miturut panaliten Universitas Dipinegoro, wiwit taun 1988 ing Semarang ana 101 bangunan kuna sing wigati. Dideleng saka kaendahane, unike, sejarahe, lan babagan sosiyal biyene. Wewengkon bangunan kuna ing Semarang ana telu sing ngemu sejarah yaiku bangunan sakiwa tengene gereja Imanuel, sakiwa tengene Tugumudha, sakiwa tengene rumah sakit Elizabeth. Bangunan kuna sakiwa tengene gereja Imanuel iku diarani Walanda Cilik.
Minangka warga Semarang nduweni rasa handarbeni, kabukti para warga padha menehi tenger sing pas kanggo bangunan mau kayata Lawang Sewu, Gereja Blendhuk, Omah Setan lan sapiturute.
6.      Ing pethikan wacan  kasebut ana sing diarani Walanda Cilik jalaran....
a. Bangunan sing ana sakiwa tengene papan mau  biyen dadi jajahane bangsa Walanda.
b.Bangunan sing ana papan mau biyen dibangun lan diemper kayadene negara Walanda.
c. Papan mau nganti seprene dadi panggonane bangsa Walanda sing ana ing Semarang.
                  d. Papan mau biyen kanggo nyingkirake bangsa Walanda nalika njajah ana ing Semarang.
7.      Tembung andhahan sing ana pethikan wacan kasebut cacahe ana....
a. 8                      c. 30                                                                                             
b. 22                    d. 49
Wacana 4 kanggo pitakonan nomer 8-9
                                            Durma
Ayo kanca njaga papan kanggo brayan
Amarga migunani
Tuladha maneka
Setasiyun terminal
Wihara greja lan mejid
Pasar puskesmas
Sekolah kreteg margi
8.      Tembang kasebut ngemu pepeling ngajak supaya njaga....
 a. Papan umum                                   c. Papan ibadah
 b. Bangunan anyar                              d. Bangunan kuna
9.       Guru gatra tembang durma kasebut....
a. 6                   c.8                                                                                    
b. 7                   d. 9
Wacana 5 kanggo pitakonan nomer 10-11
       .....
Meneng njegreg ana Ngesrep
Jembar gumelar gilar-gilar
   Dudu lapangan dudu tegalan
   Gedhung renteng –renteng kaya toko  
   Iku papanku ngangsu ilmu
   Telung taun suwene
    Gawe pinter lan gawe diwasa
   Muga-muga sapungkurku dadi maju.
10.   Ana ing geguritan kasebut tembung sing nganggo seselan um mapan ana ing gatra kaping....
a. 2                 c. 6                                                                                                                   
b. 4                 d. 8


11.  Irah-irahan sing mathuk kanggo geguritan kasebut, yaiku....
 a. Gapura Ngesrep                             c. Politeknik                                                        
 b. SMP NURIS SEMARANG          d. UNDIP
      
Wacan 6 kanggo pitakonan nomer 12
                                                             Megatruh
Aneng kutha palemahan iku ciyut
Nanging bisa among tani
Lemah sithik nganggo rabuk
Tanem tuwuh  amrih asri
Bisa ember pring lan pralon
12.  Saka tembang kasebut tembung saroja mapan ana ing gatra kaping....
        a. 5                               c. 3                                                                                      
        b. 4                               d. 2
  Wacan 7 kanggo pitakonan nomer 13
1)Bapak pocung wujudmu satela pohung                2) Ancas koprasi iku
Piranti wicara                                                              Kanggo gawe kabutuhan cukup
   Es em es gsmbsr kakirim                                            Bagya mulya butuh lair  lawan batin
Wiwitane sing dha nganggo wong ing kutha              Ekonomi bisa cukup
                                                  Anggota ingkang sayektos
3) Nandur kembang empon-empon karo sayur        4) Wonten kawruh ekonomi
  Iku bisa migunani                                                      Kabetahane manungsa
   Kembang nambah endahipun                                   Tigang werni ingkang maton
   Empon-empon kangge jampi                                     Primer ingkang kapisan
   Sayur kanggo butuh pawon                                        Sekundher salajenga
                                                     Tersiyer ingkang katiga
                                                     Lair batos kacekapan
13.   Sekar asmaradana andharan ing nginggil mapan angka ....
a. 4                                   c. 2                                                                                                   
b. 3                                   d. 1
Wacan 8 kanggo pitakonan nomer 14-15
                                            Sinom
Kaperluane manungsa
Warna-warna boten sami
Pra lare betah dolanan
Siswa betah pados ilmi
Bapa golek rejeki
Nyekapi sedayanipun
Putra mbantu ing karya
Guru mulang kawruh budi
Kangge sangu gesang wonten ing bebrayan
14.  Guru wilangan sekar sinom ingkang leres inggih punika....
a. 7, 7, 7, 7, 7, 7, 7, 7, 12         c. 8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12                                            
b. 8, 8, 8, 8, 7, 8, 8, 12             d. 8, 8, 8, 8, 8, 8, 7, 12
15.  Kepriye pambudidaya sing ditindakake siswa kanggo sangu urip ana ing bebrayan?
a. Padha dolanan lan golek rejeki             c.Padha butuh golek rejeki                                                  
b. Mbantu makarya lan golek rejeki         d. Padha golek ilmu lan golek kawruh budi
Wacan 9 kanggo pitakonan nomer 16
                                                   Dhandhanggula
          Pigunane olahraga kuwi
          Ra mung  weteng sirah bisa waras
    Waras lair lan batine
     Kathah tuladhanipun
    Olah raga ngombe jejampi
     Mawi gelas cangkir piring
     Olah raga iku
     Tinju karate lan silat
     Tolak pluru lonacat tinggi lempar lembing
     Balap motor sepedha
16.   Tembung kerata basa sing ana ing tembang kasebut cacahe ana ....
 a. 5                             c.7                                                                                                               
b. 6                             d. 8   
Wacan 10 kanggo pitakonan nomer 17-19
                                       ?jumfizizu[b[yo.
?jumfifu[w[b[yolim.[b[yo[nrup[nbiru.[b[yo[nbisnirusuwrautwvvi.finselswizi[b[yo[nlli[aorfipknNi.mul[b[yo[nmtisiji.ati[njumfiffigel.saikijumfiztiati,[aortaulli[b[yo[nfipknNi.     
17.  Beone Jumadi rupane apa?
a. ai[jo      c.wuzu                                                             
b. biru         d. abuabu     
18.  ?[b[yo[njumfipir.
a. 5               c. 2                                                            
b. 3                              d. 1   
19.  ?ps/...si=pli=ge[danai=kuqsemr=.
  a.  Langgar      c. Jatingaleh                                            
  b.  Mangkang        d. Johar
 ?whyuni=sihfuru=tauweruhgjhsi=biszusu=kyuskals\,
20.  Ukara kasebut yen diowahi dadi aksara latin sing bener....
  a.Wahyudi durung tau weruh gajah putih  sing bisa ngusung kayu ing alas.
  b. Wahyuningrum tau  weruh gajah putih sing bisa ngusung kayu ing alas.
  c. Wahyuningsih durung tau weruh gajah sing bisa ngusung kayu saka alas.
  d. Purwaningsuh saiki durung tau weruh gajah pitih sing saba ana ing alas.
Wacan 11 kanggo pitakonan nomer 21-22
Nalika dinten selasa legi Mas Adhi Tiyo Andherek Bapak tindhak Simpang Lima. Bidhalipun jam sekawan sonten Adhi Tiyo Numpak bis anyar, naminipun Tran Semarang. Adhi Tiyo dipundhutaken sepatu, adhi tiyo seneng banget . wangsulipun adhi tiyo numpak mikrolet
21.  ?kpnHditiyfiajkMev=simP=lim[fni=bpkNlikfin....
   a.x[bow[g                   b. selsXgi
   c.selsw[g                   d.setuXgi
22.  ?[fwisup/tiniaikulai/[rt=gl\;27;mxt\;1995;piraumu/[r[fwisup/tinissi[mai ;2011;.

 a. 15 taun lewih 2 sasi             c. 15 taun luwih 4 sasi                                                          
b. 16 taun luwih 3 sasi             d. 16 taun luwih 6 sasi
23.      ?sefulu/[r[g+oj+lisi=w[fonJen_[z p+timh      
a.        Sedulure Gojali sing wadon  jenenge Fatimah
b.      Sedulure Ghojali sing wadon jenenge Patimah
c.       Sedulur Ghozali sing wadon jenenge Patimah
d.      Sedulure Ghozali sing wadon  jenenge Fatimah
Wacan 12 kanggo pitakonan nomer 24-25
.   Tedhak Siti
Upacara adat tedhak siti yaiku slametan kanggo putra putri sing wis ngancik umur pitung wulan, jalaran umur semono iku bocah wiwit ngadeg lan tuntunan utawa wiwit ditetah. Urut-urutane upacara adat tedhak siti kasebut ing ngisor iki.
1.Bocah sing arep dislameti didusi nganggo kembang setaman, banjur dienggoni klambi anyar nuli diambahake ing jadah werna pitu. 2. Sawise iku banjur menek tebu arjuna, yaiku andha sing digawe saka tebu ireng. 3.Sawise iku dilungguhake ana ing klasa nuli dikurungi nganggo kurungan pitik. 4. Ana ing kurungan wis dicepaki dolanan, beras kuning kaca, jungkat dhuwit receh. 5. Bocah milih barang sing disenengi kang nggambarake besuk bakal dadi apa. Banjur dianankeake udhik-udhik yaiku nyebar dhuwit receh minangka pralambang sodakoh. 6. Ing paturone bocah dicepaki senthir, sapu gerang sing diwalik dicublesi brambang lombok, dlingo kunir, sere, jajan pasar, jenang katul sing diarani baro-baro, bubur sungsum (abor-abor), kabeh mau mengku pralambang uripr manungsa.
24.  Nalika upacara tedhak siti sing kagungan dalem nyebar dhuwit receh banjur kanggo rebutan bocah cilik, upacara kasebut diarani....
a. udheg-udheg            c. udhik-udhik                                                                                       
b. abor-abor                      d. baro-baro                        
25.  Bocah sing arep dislameti didusi nganggo kembang setaman. Pethika ukara kasebut yen diudhal miturut ayahane sing bener….
a. Bocah sing arep dislameti=jejer, didusi= wasesa, nganggo kembang setaman= katrangan wektu.
b. Bocah sing arep dislameti= jejer, didusi= wasesa, nganggo kembang setaman= katrangan papan
c. Bocah =jejer, sing arep dislameti didusi= wasesa, nganggo kembang setaman= katrangan piranti
d.                  Bocah sing arep dislameti = jejer, didusi= wasesa, nganggo kembang setaman= katrangan piranti.

Wacan 13 kanggo pitakonan nomer 26
                                                   JERUK SUKUN
”Gung , Agung!” swarane ibune Agung aneng omah buri. Agung ora wangsulan.”Agung  . . .!” Ibune ngundang luwih seru.”Wis sore lho!”Agung isih durung wangsulan.  Heh! Bocah kok yen ana bal-balan wis ra gelem uwal saka ngarep tivi.” ibune wis ngadeg ana ngarepe. ” Wis sore iki lho, age budhal””Inggih, inggih, Bu!”  ujare Agung karo isih tetepninton tivi .” Menyang daleme Bu Harti pirawene. Mengko sedhela, rak wis tekan omah maneh ta,”dhawuhe ibune karo mateni tivi. Agung sajak gela. “Nyoh, upahe.”dhawuhe ibune maneh, ngelungake jeruk keprok, kasenengane Agung. Agung sing maune arep nesu, malih seneng.“Mengko wae olehe maem. Gek kana leh budhal!” ibune nyurung Agung supaya age mlaku. “Inggih, inggih, Bu” ujare Agung, karo nglebokake jeruk nyang sake.Daleme Bu Harti ora adoh. Mula Agung kerep mara mrana jalaran Abib putrane Bu Harti kancane Agung nalika kelas pitu.”Nggoleki Abib, Gung?” takone Bu Harti sing lagi siram-siram kembang ing ngarepan.”Boten punika kula diutus ibu ngaturaken serat ulem.”  Ayo, mlebu dhisik, Gung.” Kandhane Bu Harti, ” Inggih matur nuwun. Abib punapa wonten?” takone Agung.” Ana, bocahe  panas karo ngelu, ana jero omah kae lho. Delengen!”.”Agung mangu-mangu,  becike sida methuki Abib,apa ora? Rehne wis kebacut nakokake, mula gelem ora gelem dheweke kudu methuki Abib. ” B . . .bbib.” swarane Agung rada gugup. Lagi sepisan iki dheweke niliki wong lara.”Gung . . .” Abib sajak bungah. Kekarone banjur padha salaman.. Sawise iku banjur nglirik sake Agung. ” Iku apa Gung?” takone kepengin ngerti apa sing ana njero sake Agung. ” Iki ta  . . . jeruk sukun.””Sakjane aku ya pengin jeruk sukun, nanging durung matur ibuku.”
26.  Paraga utama ana ing criat cekak kasebut yaiku.....
a. Agung                                    c. Ibune Agung                                                                   
b. Abib                                       d. Ibune Abib

Wacan 14 kanggo pitakonan nomer 27
1) Mlayu banter ngungkuli sekuter                     2) Nalika srengenge sumunar
     Bisa ngubengi donya tanpa baita                         Among bakul wis aneng pasar
     Iku internet kaya nyeret                                       Nggelar lombok, jejanganan lan bumbon
     Majune jaman lan unggule pengalaman               Kanthi sabar ngladeni wong tuku
     Iku internet                                                            Bathi sithik nanging tambah sedulur
3) Dhuh Gusti Ingkang Mahakuwaos                   4) Kaya ngapa bungahe atiku
    Paringana kula pangapunten                                Yen aku bisa lulus sekolah
     Sedaya lepat lan dosa kula                                   Nggayuh biji kang apik
      Ugi dosanipun bapa biyung kula                         Gampang golek sekolahe
      Tuwin kalepatanipun bapa ibu guruk                  Muga kasembadan
27.   Geguritan ing dhuwur sing isine gegayutan karo pagaweyan yaiku, angka.....
 a.4                       c.2                                                                                                                     
 b. 3                      d. 1
1.      Batur sing nate menehi pitulungan marang Raden Rara putrine adhipati wusanane diukum marga wani nggarwa putri adipati. Kanthi sesidheman kekarone mlayu saka kadipaten kanthi nyamar.Saka tembung batur lan raden papan mau dijenengake….
2.      Nyai Pandhanarang ketinggalan lakune banjur ngudarasa boyalali Kyai marang aku, boya lali Kyai marang aku sing isih ketinggalan ana buri. Dening Kyai Pandhanarang Boya lali mau katelah dadi….
3.      Sawise sada iku dibedhol dening bocah cilik mau wusana dadi banjir bandhang. Kabeh desa keleban banyu. Amung Nini-nini sing isih urip amarga numpak lesung sing diwelahi karo enthong. Papan mau diarani….
4.      Ana ing tlatah sakulone Demak, Sunan Kalijaga bisa nemokake wit jati sing arep kanggo ngedegake mejid. Emane wit jati mau saben arep ditegor dening para pendhereke Sunan, banjur pindhah panggonan nganti bola-bali. Jalaran wite jati bola-bali ngaleh mula papan mau diarani....

28.    Pethikan crita rakyat kasebut sing asale saka Semarang, yaiku angka....
 a. 4                               c. 2                                                     
 b. 3                                d. 1    
Irah-irahan            : Nyegah Bebaya DB
 Bakuning Pikiran  : 1.Mangsa ketiga wis rampung ganti mangsa rendheng
2. Maneka warna bebaya lelara ana ing owah-owahan mangsa
3. DB iku perlu diwaspadani awit bebayane gedhe
4. Carane nyegah bebaya DB
5. Titikane wong lara DB
6 Sing ditindakake yen kena DB
29.  Tema karangan saka cengkorongan kasebut yaiku babagan .....
a. pendhidhikan                          c. kabudayan                                                                              
b. kuwarasan                              d. Tetanen




Wacan 15 kanggo pitakonan nomer 31
Sawengi sadurunge mangkat aku wis mbayangake maneka warna dolanan sing ana Dunia Fantasi, sing kebak dolanan maneka warna. Bisa numpak komidhi putar, halilintar, istana boneka, arung jeram, lan pokoke akeh jare Mas Hasim sing wis nate menyang papan mau. Esuke aku blanja sangu panganan akeh banget, nganti diarani toko mlaku. Sorene bis rombonganku mlaku alon-alon ninggalake Semarang. ....
30.  Irah-irahan karangan kasebut sing mathuk yaiku....
 a. Menyang Wondheria                           c. Menyang Jakarta                                                                                 
b. Menyang Semarang                           d. Ora Bisa Turu

1.  Banu tuku buku, Sunu tuku dhuku                              2. Siti ngipi ana kiwi wira-wiri
3. Kae ana sate apa kare ana kene dhewe                      4. Coro loro ana jero  toko kono
31.   Ukara kasebut yen ditulis nganggo aksara Jawa sing nggunakake sandhangan taling tarung, yaiku ukara angka....
a. 1                                    c. 3                                                                                                     
b. 2                                 d. 4
32.  Ukara sing ing ngisor iki sing panulisane paling akeh nganngo sandhangan wulu yaiku....
a. smifilgibliskgiriwzi            b.bnutukubukuteluan[to[komjubru
c.[p[go[loz[lo[zokyke[bo          d.skslwanlrmtswtrfin
?mknfrmlskpsmjn.
33.   Ukara kasebut amrih bisa dadi ukara ’Markonah durung mulih saking pasar Mijen’panulisan sing bener....
a.?m/[konh[f[r=mlihski=ps/mi=ki=.      b.?m/[konhfuru=mlihski=ps/mi[jn\,
c.?m/kinihfuru=mulihski=ps/mi[jn\,   d.?m/[konhfuru=mulihski=ps/mi[jn\,
34.   Subakir mikir butuhe durung oleh kanggo bayar upah buruh. Yen ditulis kanggo aksara Jawa sing bener....
a.?subki/mikibutu[afuru=[ao[lhk=[goby/auphburuh.    b.?sbki/miki/butuh[afuru=[ao[lhk=[goby/auphburuh.
c.?subki/miki/butuh[afuru=[ao[lhk=[goby/auphburuh.   d.?subki/mi[k/butu[wfuru=[ao[lhk=[goby/auphburuh.



35.   Paklik tindak Banten numpak bis malem. Yen katulis nganggo aksar Jawa sing bener, yaiku....
a.?pKliKtiNfKbNteNnuMpKbiSmxm\,
b.?pkLikTinFkBnTenN|mPkBisMXm\,
c. ?pkLiktinFkB[nTnNumPkBisMXm\, d.?pkLikTinDkBnTenNumPkBisMlm\,  
36.   ?sbenT+gl\...fi[pzetTifinkm/fikn\,
          a. ;17;AgusT|s\        c. ;2 ;[mI                                     
          b.;21;Ap]il\           d. ;20;[mI                    
37.      Atur pakurmatan ana ing adicara pepisahan siswa kelas sanga, sing bener yaiku....
a.       Panjenenganipun Pangarsa Kalurahan Padangsari ingkang kinurmatan, Bapak-bapak pangarsa RW 1-7 Kalurahan Padangsari, Panjenenganipu pangarsa RT ing kalurahan Padangsari.
b.      Panjenenganipun kulawarga Bapak Sandy Setiyana ingkang kinurmatan, Panjenenganipun Keluawarga agung calon besan ingkang kinurmatan, para rawuh ingkang kula urmati.
c.       Pajenenganipun Pangarsa SMP Nuris Semarang, Panjenenganipun pangarsa Komite  ingkang kinurmatan, sedaya dwija ingkang ndhampingi panyarta aben trampil pidhato ingkang kinurmatan.
d.      Pajenenganipun Pangarsa SMP Nuris Semarang, Panjenenganipun pangarsa Komite  ingkang kinurmatan, sedaya dwija ingkang kula urmati, kadang kelas 9, 8 lan ingkang kula tersanani.
38.  Sumangga panjenengan sedaya kula dherekaken muji sukur dhateng Gusti Allah Ingkang Maha Kuwaos ingkang sampun paring ....
a.       pambiyantu dhateng paniti laksana ingkang sampun saged mujudaken adicara punika.
b.      eguh pratikel lan penggalih kangge mratitisaken lampahing adicara ing siyang punika.
c.       kalulusan dhateng kula lan kanca-kanca kelas sanga lan nggayuh biji ingkang sae.
d.      kawilujengan, katentreman, karaharjan dhateng kula tuwin panjenengan sedaya.
1.Wasana cekap semanten anggen kula matur wonten ngarsa panjenengan sedaya, bokmanawi wonten kalepattan kula tansah nyuwun agunging samodra pangaksami
2. Panjenenganipu para rawuh ingkang tansah kinurmatan.
3. Ing ngriki kula minangka wakilipun kanca-kanca ngaturaken sugeng ambal warsa ingkang kaping tiga welas, mugi-mugi panjang yuswa tambah pinter lan bekti dhateng tiyang sepuh.
4. Sumangga panjenengan kula dherekaken ngaturaken puji sukur dhateng Ingkang Maha Agung ingkang paring rahamad hidayah dhateng panjenengan sedaya.
39.  Urutan pidhato ingkang leres wonten ing adicara ambal warsa ingih punika....
a. 4, 3, 2, 1                    c. 2, 4, 3, 1                                                                                     
b. 3, 1, 4, 2                                d. 1, 4, 3, 2
40.  Parikan ing ngisor iki mathuk kanggo nutup pidhato, yaiku....
         a.Putih-putih iku dudu gula Jawa, pinanggih malih kalih pidhato kula.
         b.Ireng-ireng iku woh labu, ngaturaken sugeng dalu
         c. Bibar papat punika pinten, manawi lepat nyuwun ngapunten.
         d. Blarak disampirake, omahe cedhak ora diampirake.
41.  1.Roning mlinjo, sampun sayah nyuwun ngaso
      2.Bubar telu, manawi lepat nyuwun pangapura.
3.Tutup jendhela, yen nganggo klambi aja kegedhen.
4.Banyu tiba, yen padha  ngelih ayo jajan.
Wangsalan sing mathuk digunakake ana ing pidhato yaiku, angka....
a.1                                  c.3                                                                                                               
b.2                                  d.4
     1.Pindhane Raden Nakula lan Sadewa, padha dedege, padha baguse, padha busanane, ora ana bedane.
     2.Ayu merak ati, grana ngudhup mlathi, kaya widadari Dewi Ratih kang ngejawantah ana ing ngarcapada.
     3.Gagah prakosa pindha Raden Werkudara, ngagem kuluk kanigara hamrabu  pindhaning rajaning nagari.
4.Dhampyak-dhampyak kembar busana lan ayune   pralambang putri wolungatus kadi  dene widodari tumurun.
42.   Andharan kasebut sing minangka panyandra temanten putri yaiku angka....
a. 1                                          c.3                                                                                                            
b.2                                           d.4               
      1.Prepenah                
      2. Satatabasa
      3. Wasana basa
      4. Adangiyah
      5. Purwaka basa
      6. Surasa basa
43.  Urut-urutane perangan layang sing bener, yaiku....
            a.4. 2, 5, 6, 3, 1                       c. 6, 3, 1, 4, 2, 5                                                             
b. 5,  6, 3, 1, 4, 2                     d. 6, 3, 4, 5, 2, 1           
44.  Panutup layang ulem sing bener yaiku....
a.    Wasana cekap semanten tanggap sabda saking kula, manawi wonten atur ingkang boten mranani  panggalih panjenengan kula tansah nyuwun agunging samodra pangaksami.
b.   Cekap semanten atur saking kula manawi wonten kiranging atur mugi-mugi Gusti Allah tansah paring kawilujengan lan kuwarasan dhateng panjenengan sadaya.
c.    Cekap semanten atur pawarta wara punika, mawantu-wantu kula sabrayat tansah ngrantu rawuh panjenengan sedaya, awit rawuhipun kula ngaturaken panuwun .
d.   Wasana cekap semanten pawarta, kasuwun rawuhipun wonten ing adicara wilujengan khitan lare kula ingkang mbajeng dinten Selasa Legi, 26 April 2010, ing griya kula.

45.  Kanggo ngelingake wong sing nganggo dalan, poster sing mathuk yaiku....

Rounded Rectangle: Sapa nandur bakal ngundhuh!a.



Rounded Rectangle: Sapa salah seleh!
 
                   b.



Rounded Rectangle: Sapa ngebut benjut!
 
                    c.

Rounded Rectangle: Sapa sing ngebut kae?                     d.
Horizontal Scroll: Alon-alon waton…Cepet-cepet ora….                          







46.  Kanggo ngganepi poster kasebut, sing bener....
           a. cepet, teka                           c.klakon, slamet                                                                  
b. rampung,  tekan                  d. cepet, slamet         
Wacana 16 kanggo pitakonan nomer 47
Nindakake pagaweyan dhewekan iku rampunge suwe, kajaba iku yen nemoni pepalang utawa prakara ora ana sing kanggo  tetimbangan. Beda karo pagaweyan sing ditindakake bareng-bareng, mesthi pagaweyan enggal rampung, ora rekasa lan luwih entheng. Kajaba iku nyambut gawe bebarengan iku nuduhake yen dadi wong rukun ora congkrah. Mula saka iku aja seneng congkrah lan padudon karo kancane. Prayogane samad-sinamadan lan padha-padha ngajeni.

47.   Andharan kasebut yen digawe dadi poster sing gegayutan karo  paribasan sing bener yaiku....
    a. Desa mawa cara negara mawa tata            c. Sadumuk bathuk sanyari bumi           
b. Rukun agawe santosa crah agawe bubrah  d. Rawe-rawe rantas malang-malang putung
    1.A: Esuk mau samang king pundi ,Pak?          2. A: Esuk mau kowe saka ngendi, Pak?
        B: Sowan daleme Pak Lurah.                                  B: Sowan omahe Pak Lurah
       A: Enten napa, napa estu ken ngeterke larene?  A: Ana apa, apa sida kon ngeterake anake?
       B: Ora, ngeterke titipan uleme Pak Carik.    : Ora, ngeterake titipan uleme Pak Carik.
    3.  A: Enjing  mau panjenengan saking pundi ,Pak? 4. A: Enjing wau panjenengan saking pundi, Pak?
   B: Sowan daleme Pak Lurah.                                  B: Sowan daleme Pak Lurah
   A: Wonten  napa, napa estu ken ngeterke putrane? A: Wonten punapa, punapa saestu     ndherekaken putranipun?
 B: Ora, ngeterke titipan uleme Pak Carik.  B: Ora, ngeterake titipan uleme Pak Carik.
48.  Pacelathon marang wong tuwa sing bener  yaiku nomer....
a. 1                                c. 3                                                                                                                  
b. 2                                d. 4  
Wacan 17 kanggo pitakonan nomer 49
       Agus       : Sugeng enjing, Bu Guru!     
 Bu Guru  :  Sugeng Enjing, Agus geneya kowe telat mlebu?                          
 Agus        : Nyuwun pangapunten, Bu weteng kula sakit.     
       Bu Guru   : Wah apa kowe durung mangan?
 Agus         :....          
49.   Pacelathon ing dhuwur wangsulane Agus sing bener, yaiku….
 a. Kula sampun  nedha, Bu.               c.  Kula dereng dhahar, Bu.                                       
b. Kula sampun dhahar, Bu.               d.  Aku wis mangan kok, Bu.  
      1: Mar  opo kowe wes tau weroh boyo.               
      2: Wis nalika menyang  ing kebon kewan.                                
3: Boyo kui mangane opo.   
4: Werno-werno, ono pitek, bebek, lan truwelu.
50.  Pacelathon sing bener panulisane yaiku angka....
a. 1                            c. 3                                                                                              
b. 2                            d. 4
              

Tidak ada komentar: