DEWI LANJAR
Dewi lanjar iku kalebu mitos
sing isih dipercaya karo masyarakat khususe masyarakat sing mapan ana ing
sadawane laut lor. Kabeh kedadiyan sing aneh lan ora iso ditrima karo akal sing
ana ing masyarakat mesthi dikait-kaitake karo anane Dewi Lanjar. Misale yen ana
bocah ilang mesthi wong-wong nganngep yen bocah mau digawa karo Dewi Lanjar,
Nanging yen bocahe iso balik yen
ditakoni mesthi bocahe jawab yen dheweke kesasar ana ing papan panggonan
sing wargane memper karo warga biasane.Papan panggonan iku sing duweni wong
sing ayu rupane yaiku Dewi Lanjar.
Ceritane jaman biyen ana papan
ing sedawane laut lor , ana putri sing ayu rupane , kang nganti saiki isih
diomongake karo wong-wong , putri iku
jenenge putri Roro Kuning ,Dene papan panggonane ora genah lan ora ana wong
sing bisa mastekake.
Sedawane uripe Dewi Rara
Kuning ngalami akeh kesusahan lan derita kang abot, merga pas wayah nom-nomane wis dadi randa.Bojone
ninggal pas wayah nglakoni perkawinanae.,Merga kuwi Dewi Rara Kuning dikenal
karo karo masyarakat nganggo sebutan Dewi Lanjar(Lanjar iku sebutan kanggo wong
wadon kang ditinggal bojone ing nom-nomanae lan during diwenehi anak).
Wiwit ditinggal mati karo
bojone uripe dewi Rara Kuning utawa dewi Lanjar dadi sengsara lan mesthi
kepikiran karo bojone sing wis mati.Kya ngono kuwi sing dilakokake karo Dewi
Lanjar nagnti suwene iki ora iso diukur meneh, nanging Dewi lanjar sadar yen
dheweke teru-terusan kaya ngono mestine duweni akibat sing ora apik kanggo
dheweke.Akhire dheweke mutuske kanggo ninggalake desane karo rasa sedih sing
ora ana watese.
Akhire lakune
Dewi Lanjar tekan ing pinggire kali Opak. Ing papan ngono dheweke ketemu
karo raja Mentaram lan Mahapati Singaranu sing lagi nglakoni tapa brata
ngambang ana ing duwure banyu kali iku.ing sajerone ketemune Dewi lanjar karo
wong Saka mentaram mau dheweke critakake isi athine yen dheweke ora bakal kawin
meneh.Panembahan Senapati lan Maha Patih dadi dhuweni rasa melas marang Dewi
Lanjar.Akhire Dewi lanjar diwenehi sran kanggo kanggo nglakoni tapa ing segara
kidul lan ngadep karo Ratu Kidul. Sawise dewi Lanjar diwenehi saran karo
Panembahan senapati mau akhire panembahan senapati lan Mahapatih ninggalake
Dewi Lanjar nglanjutke perjalanane nuruti kali opak, dene dewi Lanjar lunga
maring segara kanggo ngadep karo nyi Roro Kidul.
Sawise tekan ana ing segara
Kidul dheweke goleki papan sing kepenak kanggo nglakoni tapa bratane.Merga
tekune Dewi Lanjar mau iso moksa utawa ngilang lan iso ketemu karo Nyai Roro
Kidul.sawise bisa ketemu kari Ntai Roro Kidul dewi Lanjar duweni kekarepan yen
dheweke pingin dadi abdine lan Nyai Roro Kidul ngijinake lan nrima Dewi Lanjar
dadi abdine.
Ing salah sijine
dina Dewi Lanjar karo Jin-jin diwenehi tugas kanggo ngganggu lan nyegah Raden
bahu kang lagi babad alas Gambiren.Nanging merga Raden Bahu iku sekti mandra
guna ska olehe dheweke nglakoni tapa ngalong kabeh goda sing dilakokake karo
Dewi Lanjar lan karo para bala Jin iso dikalahake karo Raden Bahu.Merga dheweke
ora bisa ngalahake Raden Bahu akhire Dheweke jaluk ijin karo Raden Bahu yen
dheweke diijinke kanggo mapan ana ing laut lor Jawa, Raden Bahu ngijinke akhire
Nyai Kidul iya uga ngijinke.Jarene wong-wong keratone iku ing sajejere kali
Slamaran.
Heru Mugo Mulyo
‘05
DEWI
LANJAR
Jaman biyen ing Pekalongan tepate Desa
Krapyak ana putri sing ayu banget. Putri iku jenenge Dewi Rara Kuning.
Panggonane Dewi Rara Kuning nganti saiki ora ana sing ngerti, Nanging
masyarakat Pekalongan nganti saiki percaya yen Dewi Rara Kuning iku ana.
Isih enom Dewi Rara Kuning wes dadhi janda. Sakwise
dadhi nganten ora suwi, Dewi Rara Kuning ditinggal mati bojone. Dewi Rara
Kuning uripe sengsara. Amarga kadadean iku,
tangga-tanggane ngundang Dewi Rara Kuning yaiku Dewi Lanjar (sebutan kanggo
wong sing ditinggal bojone nanging durung dhuwe anak lan umure iseh enom).
Sakwise ditinggal mati bojone, Dewi lanjar uripe sengsara amarga ora bisa
diilangake saka pikirane. Ora let suwi Dewi Lanjar sadar yen dheweke kudu
ikhlas nampa yen bojone wis ora ana. Yen mikiri bojone terus bakale ora apik kanggo
awake dhewe. Dewi lanjar mutusake lunga saka kampung supaya bisa nglalekake
bojone.
Dewi Lanjar nangis turut dalan. ora sadar yen
dheweke wis tekan Kali Opak. Ning kono Dewi Lanjar tepung karo Raja Mataram lan Mahapatih Singoranu sing iseh
tapa, ngapung ing dhuwur banyu kali. Dewi Lanjar cerita kabeh isi atine marang
Raja Mataram lan Mahapatih Singoranu. Dewi Lanjar cerita yen dheweke ora gelem
kawin maneh amarga dheweke tresno mati marang bojone. Krungu ceritane Dewi
Lanjar, Panembahan Senopatih lan Mahapatih Singoranu ngrasa mesakake. Dewi
Lanjar diwenehi wejangan saka Panembahan Senopati lan Mahapatih Singoranu
supaya tapa ning Pantai Selatan lan ngadep Ratu Kidul. Sawise iku Panembahan
Senopati lan Mahapatih Singoranu nerusake tapane nyusuri Kali Opak banjur Dewi Lanjar lunga marang Laut Kidul kanggo ngadep
Ratu Kidul.
Saktekane neng Laut Kidul, Dewi Lanjar nggoleki
panggonan sing cocok kanggo tapa. Amarga
ketekunan lan keyakinane saka wejangan Raja
Mataram lan Mahapatih Singoranu, akhire Dewi Lanjar entuk moksa ( ilang ) lan
Dewi Lanjar bisa ketemu karo Ratu Kidul.
Dewi Lanjar Ngadep Ratu Kidul, dheweke njaluk
supaya dadhi pengikute lan Ratu Kidul nampa Dewi Lanjar dadhi anak buahe. Ing
sawijining dina Dewi Lanjar lan para jin diprentah Ratu Kidul supaya ganggu lan
nyegah Raden Bahu sing isih buka hutan Gambiren. Nanging amarga kesaktiane Raden Bahu
sing enthuk saka tapa Ngalong (kelelawa), kabeh godhaane Dewi Lanjar lan para
jin bisa dikalahke. Dewi Lanjar lan para jin akhire tunduk karo Raden Bahu.
Ngrasa Dewi Lanjar gagal njalanake tugase, dheweke mutusake ora bali ning laut
kidul maneh. Dewi Lanjar njaluk ijin karo Raden Bahu kanggo manggon ning
Pekalongan, Raden Bahu setuju. Ratu Kidul uga setuju yen Dewi Lanjar manggon
ing Pekalongan. Akhire Dewi Lanjar Manggon ning laut kidul Jawa Tengah yaiku
Pekalongan.
Dewi lanjar pamit marang Raden Bahu lan Ratu Kidul.
Saktekane neng Laut kidul, dheweke arep ngedekake keraton yaiku neng jero laut.
Dewi Lanjar butuhake wong kanggo nggawe keratone. Dewi Lanjar bisa nggolek wong
sing disenengi supaya dadi budhake. Dewi Lanjar menehi barang-barang marang
wong sing disenengi iku. Wong kang nampa barang iku bakal dadhi pengikute Dewi
Lanjar. Wong kuwi dikon nyambut gawe suwene 40 dina, yen wong pengen bali Dewi
Lanjar ngijinake bali. Dewi Lanjar menehi wejangan kanggo para pengikute, wong
sing arep bali ora oleh mlengo mburi, yen wong
kuwi nglanggar dheweke bakal dadhi pengikute Dewi Lanjar salawase. Amarga ora
nggatekake amanate Dewi Lanjar wong kuwi akhire digulung ombak banyu lan ilang
katut ombak banyu.
Nunung Sabariah ‘05
CANDHI
MBAH SERANG
Padhukuhan Sigrumung Petarukan Pemalang, ana wong lanang sing arane Mbah
Kerung, dheweke paling dikurmati amarga apikan lan sekti.
Ing sawijining wengi, Mbah Kerung entuk wangsit supaya ngluru asale mambu
baseng sing mambune nyebar ana ing desa iku saengga ngganggu pendhudhuk dhukuh
Sigrumung. Sawise ditemukake, jebul mambu mau asale saka bathang kewan sing ana
ing sarean kuno. Sawise ditamatake asale bathang mau disebabke karo kewan-kewan
sing mabur ana sandhuwure sarean banjur tiba lan mati. Weruh kahanan sing kaya
ngono banjur Mbah Kerung nduweni keyakinan yen wong sing dikubur ana ing sarean
kuno iku dudu wong sembarangan. Banjur, Mbah Kerung ngerti yen sing dikubur ana
ing sarean yaiku Nyai Gedhe Samar Serab Silo Serang, yaiku wong kang sekti
asale saka Padhukuhan Njimat Kesesirejo Pemalang, watesan karo Pekalongan.
Dheweke yaiku anak wiyaga ronggeng barang keturunan Mbah Cempaluk sing wiwit
cilik wis dadi yatim piatu, dheweke nduwe sadulur kang cacahe ana 3, yaiku
Joko, Baurekso, lan Suro.
Ing sawijining wengi, Baurekso, Samar, lan Suro padha guneman manawa Bapak
lan Ibune nalika uripe tau menehi wasiat sing isine : ” Thole Baurekso anakku,
sok mben yen aku lan ibumu wis bali marang alam kelanggengan, kabeh duwekku
kanggo kowe lan Suro. Nanging manuk perkutut, bendhe, poci, cangkir, kudu
diwehke adhimu Samar, amarga dheweke wong wadon sing bisa ngrawat barang mau
kanthi apik. Lan sing bisa negesi suwara manuk perkutut lan swara bendhe yaiku
Mbah Cempaluk lan paklikmu Sunan Kalijaga lan uga Joko kangmasmu.” wasiat sing
nomer loro yaiku ” Baurekso lan adhi-adhimu, sok mben kowe kabeh aja nganti
ngabdi karo turunane Baron Sekeber, amarga dheweke wong landa. Iku wangsite
bapak lan ibu.” Baurekso ngrampungke olehe crita.
Esuk kuwi Baurekso nduwe firasat yen ora suwe maneh wilayah Pemalang bakal
ditekani bangsa landa. Baurekso, Samar, lan Suro banjur lunga menyang wetan.
Sawise tekan watesan wilayah Surakarta, yaiku lereng gunung Srandil tipake
gunung Kelud wilayah surakarta, kabeh padha leren.
Baurekso, Samar, lan Suro krungu kabar yen Kraton Surakarta lagi ana
bebaya. Wong telu mau ngadhep marang Sinuwun Kraton Surakarta lan ngandharake
maksud yen pengen ngabdi dadi kawula ing Kraton Surakarta. Banjur wong telu mau
ditampa lan diwenehi panggonan ing Pungkuran. Sawise mlebu ing Pungkuran,
Baurekso weruh Joko yaiku kangmase. Joko ana ing Surakarta amarga ing Jawa
Timur wis dikuwasani landa, saengga dheweke mlayu ing Surakarta.
Ing sawijining sore, Baurekso lan Joko guneman babagan landa sing arep teka
marang Surakarta. Banjur Baurekso ngakon Samar lunga saka Surakarta mareng
Padhukuhan Sigrumung Petarukan Pemalang lan nduweni gelar Nyai Gedhe Serab Silo
Serang. Lan Suro dikon lunga mareng Tegalarum wilayah Tegal, nduweni gelar Mbah
Suro Bonagung. Baurekso pesen marang Samar yen ana alangan supaya nabuh bendhe,
mula Baurekso lan Joko bakal teka. Banjur kanggo Suro, Baurekso pesen yen ana
alangan supaya nlapakke sikil mareng lemah ping pitu, mula Baurekso lan Joko
bakal teka. Sadurunge lunga, Samar lan Suro pamitan marang Mbah Cempaluk lan
Sunan Kalijaga kanggo njaluk restu, dheweke mesthi eling karo welinge Mbah
Cempaluk lan Sunan Kalijaga, yen manuk perkutut muni terus lan bendhe muni
kanthi cemengkling mula iku tandhane ape ana bebaya.
Nyai Gedhe Samar Silo Serang ninggal ing Padhukuhan Sigrumung. Nganti saiki
desa iku diarani desa Serang, Candhi Mbah Serang lan barang-barang tinggalane
tetep dirumat karo warga kono. Ing taun 1980-an Candhi iku kobong nanging kabeh
pusakane tetep wutuh. Manut crita masyarakat kono, taun 1965 bendhe tinggalane
Mbah Serang muni kanthi cemengkling nanging ora ana sing nabuh, lan ora suwe
banjur ana prastawa gerakan 30 September/G30S PKI.
Yeni Kristianingrum ’05
BAHUREKSO NGEMBAT WATANG
Bahurekso salah setunggale punggawa
kang sakti mandra guna ing tlatah Kendal. Putra saking Ki Ageng Cempaluk, salah
satunggale punggawa Mataram kuwi uwis kesohor ana ing Pesisisir Jawa lor. Uwis
akeh jasa-jasane kanggo pemerintahan Mataram wayah kuwi.
Salah sawijine dina panguwasa saka
tlatah pekalongan, Dipokosumo, sowan dhateng Ki Ageng Cempaluk. Sowane
Dipokusuma kuwi jalaran arep jaluk
tulung marang Ki Ageng Cempaluk babagan mbabad alas roban sing arep dinggo
kanggo lahan pesawahan.
Alas roban sing ana ing tlatah kulon
Kendal pancen arep dinggo lumbung panganan prajurit Mataram sing isih perang
karo walanda. Ki Ageng Cempaluk lajeng ngutus putrane Joko Bahu (Bahurekso)
kanggo mimpin tugas kuwi. Joko Bahu ngerti yen tugas iki abot, nanging merga
baktine marang Mataram dheweke tetep nyetujoni. Ora let suwe sakwise nyetujoni
tugas ramane, Joko Bahu langsung nyiapake pasukane lan abdi setyane kanggo
nglampahi tugas mau.
Joko Bahu mangkat menyang alas roban
sing ana ing kulon Kendal ditututi abdi setiyane. Nasak alas roban awan-bengi
tanpa rasa wedi. Padahal wayah kuwi alas sing iseh gung liwang-liwung kuwi
kesohor akeh dedemite.
Dadunggawuk, punggawane para dedemit
ing alas kuwi ora trima yen omahe diusak-asik karo Joko Bahu. Nggago aji-ajine,
Dandanggawuk nyebar wabah sing ditujuake marang Joko Bahu lan prajurite.
Sakwise kuwi Joko Bahu lara lan akeh prajurite sing melu lara uga mati,
ndadeake tugas mbabat alas roban kuwi gagal.
Joko Bahu sing ora pengin anak
buwahe sengsara, mutusake mandhekake gaweyane dhisik jaluk petunjuk marang
Ramane, Ki Ageng Cempaluk. Ana ing tempat sing kira-kira aman, Joko Bahu
semedhi. Ing jero semedhine Joko Bahu dibukak mata batine lan dikandani yen
wabah kuwi disebabake para siluman sing dipimpin Dandanggawuk.
Ora let suwe, Joko Bahu nerusake
maning tugase babad alas roban. Dandanggawuk sing uwis nepsu marang prajurite
Joko Bahu langsung muntahakee nepsune, nyerang prajurit-prajurit sing lagi
kerja. Kedadeyan kuwi wis diantisipasi karo Joko Bahu, nganggo kesakiyane Joko
Bahu gelut lawan tandhing karo Dandanggawuk. Gelute mau rame banget. Pancene
dhasarane wis sakti, Joko Bahu bisa nundhukake lan gawe nyerah Dandanggawuk.
Dandanggawuk sing wis lemes ora bisa ngapa-apa akhire dikon lunga kanthi sarat
ora oleh ngganggu para prjurite Joko Bahu maning. Dandanggawuk sing rumangsa
utang budi merga ora dipateni akhire lunga lan janji yen dheweke ora bakal
ganggu maning Joko Bahu lan prajurite.
Joko Bahu sing wis ngalahke
Dandanggawuk terus nglanjutake babad alase nganti tekan kleyangan, ngulon lan
akhire nganti tekan kali Sambong. Saktekane kono Joko Bahu lan prajurite liren
lan mikir kepriye carane ben alas sing nembe wae dibabadi lekas dadi sawah sing
subur. Joko Bahu lan abdhine akhire nemukake cara, yaiku gawe bendungan kanggo
nampung banyu lan sakteruse ngaliri alas sing nembe wae dibabadi.
Bendungan sing direncanake wis dadi. Apik lan trep
karo rencanane. Joko Bahu sing lagi leyeh-leyeh kaget nalika bendungan sing wis dadi kuwi remuk
kasapu banyu gedhe sing mara-mara teka. Joko Bahu lan abdhine mlaku nuruti
kali, luru sebabe kok mara-mara bisa ana banyu gedhe sing nerjang bendungane.
Akhire Joko Bahu nemoke penyebabe kenapa kok miline banyu ora normal, yaiku ana
watang gedhe sing ngadhengi miline kali mau. Nganggo kesaktiyane, Joko Bahu lan
prajurite ngangkat watang mau, nanging sithik wae watang kuwi ora obah.
Sepisan maning Joko Bahu nyuwun petunjuk marang ramane,
Ki Ageng Cempaluk. Ki Ageng Cempaluk pesen marang Joko Bahu yen putrane mau
kudu semedhi ning pinggir kedhung sigawuk, kali lojahan nggone watang mau
nyumpeti kali. Semedhine mau dilaksanake ora sembarang dina, yaiku malem jemuah
kliwon. Semedhine mau dimaksudake ben Joko Bahu oleh kekuwatan gaib kanggo
nyingkirake watang mau. Kekuwatan gaib mau bakal ditrima Joko Bahu yen wis ana swara-swara
gembleger saka hulu.
Sewengi Joko Bahu semedhi, mara-mara ana swara-swara
gemleger sing sumbere saka hulu kali. Wayah subuh kuwi semedhine Joko Bahu
rampung. Mantep yen swara mau kuwi kekuwatan gaib sing teka kanggo dheweke Joko
Bahu bener-bener ngrampungake tapa semedhine.
Isuke, Joko Bahu sing wis duwe kekuwatan gaib langsung ngangkat
lan nyingkirake watang gedhe mau. Ora kaya sing dhisit, watang mau langsung
keangkat karo Joko Bahu. Sakwise diangkat, watang mau ditekuk lan tugel dadi
loro.
Joko Bahu bali menyang Kendal sakwise ngrampungake tugas
babad alas roban. Mataram kang bangga marang jasa-jasane, Joko Bahu banjur
diwenehi gelar Tumenggung Bahureksa.
Sakwise kedadeyan kuwi, akeh omongane wong yen Joko Bahu
utawa Bahureksa bisa “ngembat watang” gedhe. Saya suwe crita mau tekan
ngendi-endi, lan merga omaongan-omongane wong yen Joko Bahu bisa ngembat
watang, akhire daerah mau kesohor nganggo jeneng Batang.
M. Rizalihadi ‘05
GUWA TERUSAN ING GUNUNG KUMBANG
Ing jaman kraton utawa kerajaan Jenggala kang manggon ing jawa wetan,
rajane jenenge Prabu Banjarsari utawa Raden Kudalaban. Prabu Banjarsari kalebu
raja kang disenengi rakyate amarga dheweke duweni rasa welas lan asih marang
rakyate nanging dheweke uga duweni kasenengan yaiku tapa ing jero guwa olehe
tapa tekan ngendi-ngendi nganti sawijining wektu dheweke tapa ana ing guwa kang
manggone ing Gunung Kumbang cethane ing tlatah Salem. Guwa mau diarani Guwa
Terusan.
Nalika dheweke tapa dheweke entuk
wangsit saka dewa munine kraton Jenggala bakal rubuh rata karo lemah lan arep
dadi alas maneh mula Sang Prabu kudu nggolek panggonan liya lan mbangun kraton
anyar. Sawise nampa wangsit kaya mangkono Prabu Banjarsari banjur bingung
dheweke tapa maneh lan ing tapane sing kapindho dheweke ditekani karo Eyang
Prabu Sindula. Eyang Prabu Sindula ngendika yen Prabu banjar sari kudu babad
alas kang ana ing mburine Gunung Kumbang lan olehe babad alas mau kudu dhewekan
ora entuk nggawa prajurit. Ing kono Prabu Banjarsari banjur takon piye yen
nganti nggawa prajurite? Eyang Prabu Sindula mangsuli mengko bisa ndadekake
bebendu tumrape rakyate. Sawise mangsuli pitakon mau Eyang Prabu Sindula banjur
ngilang.
Prabu Banjarsari tansaya bingung,
dheweke arep lunga apa ora yen nganti rakyate ngerti yen rajane lunga mesthi
padha ngetutake sawise mantep Prabu Banjarsari mutusake lunga babad alas mau.
Ora let suwe kraton Jenggala banjur geger amarga kelangan rajane sing lunga ora
pamit. Rakyate padha bingung ora ngerti kudu kepiye kena digambarake kaya
kuthuk kelangan babone. Jenggala dadi morak-marik ora ana aturan uripe padha
nganggo sakarepe dhewe begal, rampog padha metu wong-wong akeh sing dadi
korbane.
Ora betah karo kahanan mau saperangan rakyat Jenggala nekani Kaki lan Nini
Setomi sing oraliya rakyat Jenggala sing duweni kadigdayan lan kasugihan.
Wong-wong padha takon bab lungane Prabu Banjarsari nanging Kaki lan Nini Setomi
uga ora ngerti ning ngendi lungane Prabu Banjarsari. Nanging Kaki lan Nini
Setomi banjur kandha karo rakyat Jenggala yen dheweke arep semedi njaluk
pitutur dewa. Krungu kandhane Kaki lan Nini Setomi rakyate banjur padha
ngenteni semedine.
Ing semedine Kaki lan Nini Setomi
entuk warah yen lungane Prabu Banjar sari ngulon. Pitutur mau banjur
dikandhakake karo wong-wong sing ngenteni. Kaki lan Nini Setomi banjur nari
wong-wong mau piye yen nusul Prabu Banjarsari? Wong-wong mau banjur padha
rembugan lan mutusake arep nusul Prabu Banjarsari. Esuke rakyat Jenggala wis
padha siap arep mangkat kabeh bandhane digawa ingon-ingonane kayata wedhus,
sapi padha digawa sawise padha kumpul ing plataran kraton banjur padha mangkat,
rombongan mau dipimpin dening Kaki lan Nini Setomi. Rombongan mau padha mlaku
ngulon, anggone mlaku nganti pirang-pirang wulan.
Saben ana panggonan sing dianggep
aman padha leren biasane terus padha guneman. Bareng wis mlaku rombongan mau
tekan ing Gunung Kumbang. Ing kono Kaki lan Nini Setomi banjur semedi ing Guwa
Terusan anggone semedi ana ing sanjabane guwa. Nanging ning kono ora padha
ngerti yen ing jero guwa Prabu
Banjarsari isih tapa. Ing tapane Prabu Banjarsari ditekani Eyang Prabu Sindula
dheweke diwekas supaya ngrampungake tapane lan nemoni Kaki lan Nini Setomi sing lagi semedi. Ing
kahanan liyane Kaki lan Nini Setomi uga ditemoni karo Eyang Prabu Sindula lan
diwenehi ngerti yen Kaki Setomi arep didakekake patihe Prabu Banjarsari nanging
ana sarate, sarate yaiku kudu ngrewangi Prabu Banjarsari mbabad alas kang ana
ing burine Gunung Kumbang.
Sawise ketemu karo Kaki lan Nini Setomi wong loro banjur kangen-kangenan
banjur padha nemoni rakyate. Rakyat Jenggala nemen getone nalika weruh rajane
maneh banjur padha tangisan. Prabu Banjarsari banjur crita bab lungane saka
Jenggala, dheweke uga nyritakake yen arep babad alas kanggo mbangun kerajaan
anyar. Alas sing arep dibabad mapan ing Burine Gunung Kumbang iku biyene duweke
krajaan Galuh.
Alas mau alas gung liwang-liwung ora ana jalma manungsa kang wani ngambah
amarga ing kono ana sing mbaureksa. Manut critane wong sing manggon ing sakiwa
tengene alas ing alas kono ana kerajaan siluman sing gedhe ratune saka bangsa
manungsa sekti mandraguna jenenge Dewi Ginawati dheweke uga bisa malih rupa
dadi apa wae.
Krungu crita mau Prabu Banjarsari lan Kaki Setomi ora duweni rasa wedi
dheweke tetep mantep arep mbukak alas Galuh mau. Sawise tekan alas mau banjur
wiwit resik-resik Dewi Ginawati krungu kabar saka prajurite sing nglaporake yen
ana wong sing ngrusak lan gawe geger. Dewi Ginawati murka amarga rumangsa diusik
panguasane dheweke ora trima karo wong-wong sing digawa dening Kaki lan Nini
setomi Dewi Ginawati terus mimpin wadya balane mateni Prabu Banjarsari sakrayate.
Ing kono Dewi Ginawati sakwadya
balane perang kanthi cara nyebar lelara. Wong-wong padha lara nanging ora
ngerti apa sejatine sing kadaden amarga ora weruh wujude wadya balane Dewi
Ginawati sing wujude lelembut. Wong-wong sing keno lelara akeh sing mati, Prabu
Banjarsari bingung kepriye carane ngatasi pageblug mau Dheweke banjur kongkonan Nini Setomi supaya
semedi njaluk pitutur priye carane ngrampungi pageblug mau. Nini Setomi banjur
semedi ing semedine Nini Setomi entuk wangsit sing munine dheweke kudu golek
bawang lanang lan jahe banjur dibebeg lan dicampuri banyu saka pitung sumber
sing beda.
Sawise dadi, ramuan mau diwenehake
marang Prabu Banjarsari lan Kaki Setomi supaya disiramake ing
panggonan-panggonan sing wingit. Sawise ramuan mau disiramake ing papan wngit.
Sanalika wadyabalane Dewi Ginawati sing wujude lelembut banjur ketok, prajurite
Prabu Banjarsari padha kaget weruh lelembut sing gawe pageblug. Saka panyawange
para wong sing melu perang bangsa lelembut mau padha ngglethak kepanasen, ora
duwe daya amarga kena ramuane Nini Setomi. Lelembut liyane padha mlayu
pontang-panting ora karuan, ngerti wadyabalane kalah Dewi Ginawati banjur maju
perang dhewe.
Nanging polahe banjur diendhegake karo Prabu Banjarsari ing kono kadaden
perang gedhe antarane Prabu Banjarsari lann Dewi Ginawati. Amarga padha sektine
kaya-kaya perang mau ora bakal rampung. Nanging saya suwe Prabu Banjarsari
ngerti wadine Dewi Ginawati yaiku wedi karo ramuan sing digawe Nini Setomi.
Kaki Setomi sing nyawang perang mau banjur akal dheweke nemoni Nini Setomi
njaluk ramuane untunge isih ana
sethithik banjur ramuan mau diwenehake karo Prabu Banjarsari.
Sawise ngerti yen Prabu Banjarsari duwe ramuan sekti mau, Dewi Ginawati
banjur ngaku kalah lan dheweke gelem dipekbojo dening Prabu Banjarsari. Sawise
ngalahake Dewi Ginawati Prabu Banjarsari mbangun kerajaan Galuh Anyar ing alas
mau. Prabu Banjarsari rajane lan Kaki Setomi patihe. Dewi Ginawati banjur dadi
bojone Prabu Banjarsari sawise bebojoan suweakhire Dewi Ginawati nglairake anak
wadon sing dijenengi Dewi Lara Angin-Angin. Bareng wis gedhe anake mau ora
gelem kawin lan malah lunga saka kraton. Critane sang Dewi Lara Angin-Angin
saki dadi ratuning laut kidul.
Bu Kaji ‘05
DEWI LANJAR
Dhisik critane, ing sawijining papan, ana sawijining putri kang ayu banget
rupane. Tekan saiki uga isih dadi bahan omongna ing masyarakat, utamane ing
dhaerah pantura. Putri iku aran Dewi Rara Kuning, nanging ora ana sing ngerti
kanthi cetha dheweke iku manggon neng endi. Ing dalem nglakoni
uripe Dewi Rara Kuning ngalami kasangsaran kang banget. Sebab ing umur kang
isih enom banget dheweke wis dadi randha. Garwane seda sawise telung dina
kaliwatan dheweke lan garwane dadi
penganten. Mula, awite sasedane garwane Dewi Rara Kuning luwih dikenal kanthi
jeneng Dewi Lanjar. Lanjar iku sesebutan kanggo wong wadon kang pegatan karo
bojone nalika isih enom lan durung duwe anak. Awite ditinggal garwane, Dewi
Lanjar uripe sengsara banget lan mung mikirake garwane wae. Kaya ngono iku
lumaku rada suwe. Nanging, saya suwe Dewi Lanjar uga mikir yen dheweke dijarake
kaya ngono iku terus, pungkasane bakale elek. Mula saka iku, dheweke mutusake
kanggo lunga ninggalake desane.
Barang wis sawetara dina, Dewi Lanjar tekan ing sawijining kali, aran kali
Opak. Ing papan iki dheweke ketemu kaliyan Raja Mataram lan Maha Patih
Singaranu kang lagi tapa ngapung ing dhuwur banyu ing kali iku. Dewi Lanjar
banjur cerita kadadeyan apa wae kang wis ngenani tumrap dheweke, dheweke uga
matur yen dheweke ora bakal krama maneh. Krungu critane Dewi Lanjar, Panembahan
Senopati lan Maha Patih Singaranu ngrasa melas. Banjur Dewi Lanjar diwejang
supaya dheweke tapa ing Segara Kidul sarta ngadhep Ratu Kidul. Sawise iku
Panembahan Senopati lan Maha Patihe nerusake pertapan nyusuri Kali Opak.
Satekane Dewi Lanjar ing Segara Kidul, Dewi Lanjar nggolek panggonan kang
apik kanggo topo. Merga telatene lan kemantepan atine karo wejangane Raja
Mataram mau, pungkasane Dewi Lanjar bisa moksa (ilang) lan bisa sowan marang
Ratu Kidul. Dheweke nyuwun supaya bisa dadi abdine Ratu Kidul. Ratu Kidul uga ora
kabotan, Dewi Lanjar ditampa dadi abdine.
Ing sawijining dina, Dewi Lanjar bebarengan karo jin-jin diutus kanggo
ngridu lan nyegah Raden Bahurekso sing lagi mbabad alas Gambiran (saiki ana ing
sakiwa-tengene Jembatan Anim, Pekalongan, lan desa Soregenen, papan kang
dienggo Raden Bahureksa kanggo gawe geni). Nanging merga sektine Raden
Bahureksa, kabeh panggodane Dewi Lanjar lan jin-jin bisa dikalahake. Kanthi
nangkis panggodane Dewi Lanjar lan jin-jin nganggo kasektiane. Malahan,
Dewi Lanjar lan jin-jin bisa tunduk klawan Raden Bahurekso. Raden Bahurekso
entuk kasakten kaya ngono iku saka tapa Kalong. Dheweke asring nglakoni semedhi
kanggo merkoleh ilham lan nguatake batin. Semedhi kang beda karo
semedhi-semedhi liyane, semedhi iku karo masyarakat ing kono sing kasebut “tapa
Kalong” mau, utawa tapa kaya kalong kanthi gumantung ing pange wit kanthi sikil
ing dhuwur. Alas kang kulinane dadi papan Raden Bahureksa nglakoni semedhhi iku
aran alas Gambiran.
Amarga Dewi Lanjar ora kasil anggone ngayahi tugase, mula dheweke mutusake
ora bakal bali maneh ing Segara Kidul. Dheweke njaluk marang Raden Bahurekso
supaya bisa manggon ing Pekalongan wae. Marang Raden Bahureksa kaolehake, dene
marang Ratu Kidul uga ngolehake. Dewi Lanjar sidane manggon ing Segara Lor Jawa
Tengah.
Ketemune Dewi Lanjar lan Raden Bahurekso, kasunyatane nuwuhake rasa tresna
saka Dewi Lanjar lan Raden Bahurekso. Amarga rasa kangene marang pepujane ati,
pungkasane ing abad ping 16, Raden Bhurekso lunga tanpa idin ninggalake ayahane
kanggo nemoni pepujane ati kang ayu, aran Dewi Lanjar.
Tan Kwi Can, juragan saka Kaulon, Cina lagi sowan Sultan Agung kanggo
njaluk idin kanggo dodolan ing tlatah Jawa. Sultan Agung aweh idin, nanging
kanthi syarat bisa nggolek lan ngajak bali Raden Bahurekso supaya gelem dadi
prajurit Maratam maneh. Tan Kwi Can, pungkasane bisa ketemu Raden Bahurekso lan
aweh kabar yen Sultan Agung sabda supaya dheweke bali Menyang Mataram. Amarga
pambujuke ora kasil, Raden Bhurekso lan Tan Kwi Can tandhing siji lawan siji.
Merga kasaktene Bahurekso lan Tan Kwi Can iku padha, ing tandhinge iku ora ana
kang menang lan ora ana kang kalah.
Malah pungkasane, Tan Kwi Can lan Raden Bahurekso ngiket tali kekancan.
Raden Bahurekso banjur crita marang Tan Kwi Can ngenani alesane ninggalake
Kerajaan Maratam merga dheweke ora bisa pisah karo pepujane ati, Dewi Lanjar
kang ora gelem diboyong meyang Mataram, mula Raden Bahurekso kang ngalah kanggo manggon ing dhaerah kuwi. Tan Kwi Can
gawe laporan babagan kadadeyan iku marang Sultan Mataram.
Pungkasane, Raden Bahurekso tetep dianggep dadi Prajurit Mataram kanggo
njaga keamanane dhaerah iku. Wektu iku Raden Bahurekso lan Tan Kwi Can
bebarengan ngangsuh kawuh marang Ki Ageng Cempaluk. Ki Ageng Cempaluk iku tau
dadi mitos, utamane kanggo wong-wong tuwa utawa mbah-mbah utawa mbah-mbah buyut
kita ing jaman biyen. Yen ana gluglug gedhe sing suwarane gumleger kanthi
ujug-ujug mesti padha ngucap “anak putune Ki Ageng Cempaluk”, ngemu maksud
kanthi nyebut tetembungan kaya ngono iku, mula dheweke ngrasa aman lan ora
bakal kena bebayan merga dongane Ki Ageng Cempaluk.
Sawijining wektu, Raden Bahurekso diparingi ayahan kanggo nulung nundhung
bala tentara Walanda ing Batavia. Bala tentara Walanda mau ditundhung supaya
ora njajah bangsane dhewe. Kanthi bebarengan karo Tan Kwi Can mangkat kanthi
ngerahake armada laut meyang Batavia. Nanging, Raden Bahurekso ora tau bali,
ora ana kang ngerti kabare kanthi cetha, malah ana kang nyana yen dheweke seda
ing palagan wektu merangi Kompeni.
Dewi Lanjar mung bisa ngenteni lan ngenteni baline Sang Pepujane Ati kang
banget ditresnani ing Segara Lor nganti tumekane pati. Miturut masyarakat ing
sakiwa-tengene, Dewi Lanjar ora bisa mati nanging ragane moksa dadi ula banjur jumeneng nata ing Segara Lor sinambi
tetep ngenteni tekane pepujane ati, Raden Bahurekso.
Crita Dewi Lanjar iki kondhang ing tlatah Jawa sisih lor (pantura).
Tumprape masyarakat dhaerah pantura uga asring keprungu crita yen Dewi Lanjar
iku saben malem Jumat asring nemoni pemudha-pemudha kang gagah prakosa saperlu
ngajak “saresmi”, utamane
pemudha-pemudha kang njaga tambak ing pinggire segara. Akeh wong-wong kang
ngomong yen bisa ketemu lan guneman karo Dewi Lanjar, apa maneh bisa “saresmi”, wong mau bakal dadi wong kang
sugih bandha tanpa nyambut gawe maneh.
Menawa Dewi Lanjar arep nekani pemudha kang dikarepake, dheweke bakal
njalma dadi wanita kang ayu. Kang dadi tandha tekane Dewi Lanjar yaiku ana
wangi ganda lan hawane malih adhem.
V
A ‘05
Tidak ada komentar:
Posting Komentar