MASJID
TINGGALANE SUNAN KALIJAGA
ING DESA JATIREJO
Ora akeh sing
ngerti yen sawijining masjid tinggalane Sunan Kalijaga sing ana ing desa cilik
Jatirejo. Desa Jatirejo kuwi dumunung ing kecamatan Susukan, kabupaten Semarang. Masjid iku
jenenge Masjid Baiturrohim. Konon dibangun dening sSunan Kalijaga in taun 1914
M.
Ceritane,
sawijining dina Sunan Kalijaga lan Sunan Gunung Jati singgah ing sijining
dhaerah. Sunan Kalijaga duwe karep arep bangun masjid ing dhaerah iku. Nalika
Sunan Kalijaga lan Sunan Gunung Jati lagi golek panggonan sing apik kanggo
ngadekake masjid. Sakwise wis
nemokake panggonan sing apik ing kana malah ana wong lanang sing lagi ngewurake
winih jagung.
Nanging sing ora
bisa dicandak dening nalar winih jagung iku thukul dadi wit jati. Wiwit iku
panggonan iku diceluk Jaten lan dhaerah sak sisihe diceluk Desa Jatirejo. Sing
artine Jaten sing ayem tentrem, masyarakate makmur lan ora kurang sandang
pangan.
Sakdurunge ngadekake masjid
iku, Sunan Kalijaga ngejak tokoh masyarakat sakperlu rembugan. Panggonan kanggo
rembugan iku ana ing Balai Panjang. Masyarakat percaya yen rembugan iku
dianaake ana ng dina kemis pahing. Lan syukurane dianakake sesukke. Yaiku jumat
legi. Mulakna wiwit biyen tekan saiki saben dina jumat legi dianaake syukuran
lan dianggep dina kramat
Kala jaman dhisik
masyarakat duweni tradisi yen duwe anak utawa sedulur sing lara, diajak neng
Balai Panjang lan ditukokake jajan pasar ing kana. Banjur ndak wis mulih tekan omah
larane iku wis
mari.
Sakliyane iku uga
ana crita yen jaman dhisik ana muadzin yen adzan bisa krungu tekan adoh banget
sinaoso ara nganggo speaker. Sakwise muadzin iku seda, piyambake dimakamke ing
sakcedake masjid. Tekan saiki makam iku esih rame diziarahi dening masyarakat
sakperlu njaluk kaberkahan lan dongane bisa ijabah.
Amarga masjid
Baiturrohim iku wis
tuwa umure, masyarakat wis
nganaake pemugaran marang masjid iku. Akeh hal-hal mistik sing wis kedadean ing masjid
iku. Salah sijining tinggalane Sunan Kalijaga iku saka cagak ing
sajerone masjid.
Wiwit Sholikhati
‘05
PASEBAN KEMANGI
Nalika Sultan
Agung arep perang ngalawan Walanda ing Batavia,
kabeh Adipati, Tumenggung lan para penggedhe kerajaan nganakake rembugan ing
kerajaan Mataram. Banjur nemtukake panglima perange. Kang dipilih miturut
kasepakatan mau yaiku Tumenggung Bahurekso, Adipati Kendal uga dadi Gubernur
Pesisir Laut Jawa.
Bahurekso banjur
nganaake rembugan kanggo persiapan perang nglawan Walanda. Dheweke ora milih
tlatah ing pendhapa kadipaten, amarga tlatah sing dienggo rembugan kudu
dirahasiakake. Banjur dipilih tlatah ing satengahing sawah, penere ing ngisor
wit gedhe. Wit kuwi ing jaman saiki diarani “wit kemangi”.
Wit kuwi mapane
ing tengah sawah (yen saiki neng tengah makam), Desa Jungsemi Kecamatan
Kangkung. Wit kemangi kuwi awujud wit kang lurus mendhuwur kaya dene payung.
Nalika para paseban nganakake rembugan ing kana, ora bisa didelok marang wong
liya amarga dipayungi dening wit kemangi. Dipayungi tegese dipegeri nganggo
“oyot mimang” kang ditandur dening Tumenggung Rajekwesi utawa Ki Gedhe Kemangi
supaya ora bisa didelok dening telik sandine Walanda. Amarga mangkono,
panggonan kuwi dijaga kanthi temen. Ora mung semono, ing kono uga dijaga kanthi
cara batin lan spiritual.
Miturut crita
tutur, oyot mimang asale saka ayat Al Qur’an. Oyot asale saka ayat. Dene mimang
dijupukake saka ayat kursi. Ing ayat kursi ana pitung tembung “Ma”, satembung
“Min” lan satembung “Man”.
Nalika semono
panggonan kang tumuju ing paseban kemangi rame banget, amarga akeh wong
dhuwuran lan leluhur Mataram tumuju ing kana. Ing saben panggonan dijaga dening
para punggawa kang asale saka kadipaten Kendal. Nalika arep menyang paseban
kemangi, ora bisa padha langsung tumuju ing kana. Ananging padha leren dhisik
ing Padhepokan Laduni Faqoh, sing duwe Tumenggung Rajekwesi. Ing padhepokan
kono nduweni daya spiritual kang gedhe banget.
Panggonan kuwi diarani desa Depok utawa Sukodadi (saiki).
Tumenggung
Rajekwesi lan Kyai Akrobudin kang direwangi dening santri-santrine ngladeni
wong-wong ndhuwuran uga prajurit sing jumlahe akeh banget. Dheweke uga nyiapake
sangu nalika perang ing Batavia.
Ananging ana masalah babagan ngileni sawah. Panggonan kang diliwati kali sing
digawe dening Tumenggung Rajekwesi lan Kyai Akrobudin, dijenengi desa Kaliyoso.
Para pimpinan punggawa sing arep
budhal perang menyang Batavia
diwenehi arahan dening panglimane kang kumpule ing paseban kemangi. Ing kana
akeh prajurit kang mlebu metu ning kemangi. Panggonan kuwi diarani Tlahab utawa
Tlahaban.
Para punggawa sing arep perang diatur
lan ora entuk nyedhaki Paseban Kemangi. Amarga wis ana panggonan dhewe yaiku ing sakiduling
Paseban Kemangi, cedhak wit laban kang gedhe ing panggonan kono, para punggawa
nglengkapi sanjata perang. Wit laban didadeake panggonan, sing diarani desa Laban.
Sing nanggung jawabi para punggawa babagan pangan yaiku Kyai Syafrudin.
Dalan sing kanggo
liwat tumuju paseban kemangi yaiku jalur lingkar ning lor lan uga bisa lewat
wetan (lewat darat). Panggonan kuwi dijaga dening punggawa kang asale saka
Pekalongan, pimpinan Kyai Tumenggung Panjirejo, ajudan Tumenggung Mandurejo,
Adipati Pekalongan. Panggonan jagan kuwi saiki dijenengi Desa Rejo utawa
Rejosari.
Perang ning Batavia banjur kedadean.
Ananging nalika para penggedhe saka Paseban Kemangi padha gugur, isih ana wong
tuwa sing ora gelem melu perang menyang Batavia,
sanajan ilmu sing diduweni dhuwur. Wong tuwa mau ora tega ndelok peperangan.
Dheweke banjur njaluk ijin njaga bekas panggonan paseban saka telik sandi Batavia. Panggonan
paseban mau ana ing pucuk laut lan panggonan kuwi bisa kanggo sawah, panggonan
kuwi banjur diarani Jungsemi.
Panggonan kuwi
banjur dikramatake. Amarga ora sembarang wong sing bisa mlebu ing kono. Banjur
ana kesapakatan yaiku yen para wong ndhuwuran arep bali ning Mataram, panggonan
sing gawe temon yaiku tetep ning Kemangi. Kyai Lasidin banjur diutus kanggo
njaga Jungsemi.
Akeh pusaka tokoh
Mataram sing disimpen ning Kemangi, klebu cambuk Amal Rasuli weke Tumenggung Rajekwesi utawa Raden Sembara. Amarga
mengkono, Kyai Lasidin uga mageri lan nandur pusaka ing Kemangi. Kyai Lasidin
pesen yen arep khaul, kudu ning dina Jum’at kliwon wulan Asyura. Nanging yen
ing wulan kuwi ora ana dina Jum’ate, khaul bisa dilaksanakake ing wulan Maulud
utawa Rabiul Awal. Kyai Lasidin uga pesen supaya nyembelih wedhus sing wulune
abang lan ing bengkekane ana werna putihe kaya dene sabuk. Kuwi lambang saka
negara Indonesia
arupa gendera abang putih.
Ing khaul-khaul
saben telung tahun, Kyai Lasidin nyaranake supaya nyembeleh kebo bule. Kuwi
kanggo peringatan wong-wong enom supaya waspada dening solah bawane wong-wong
sing pakulitan bule.
Ing paseban
kemangi, ana wong wadone loro yaiku Nyai Damariyah, adhine Pangeraang Karang
Anom, lan Nyai Turunsih. Nyai Damariyah iku garwane Pangeran Sambong. Dheweke
banjur dedonga kanthi khusuk supaya gandhulaning atine bisa slamet
nglaksanakake tugas perang ing Batavia.
Dheweke dedonga ing pinggir laut ing ngisor pandhan. Amarga mangkono, Nyai
Damariyah luwih dikenal kanthi Nyai Pandansari utawa Sri Pandan.
Dene Nyai Turunsih
tapa ing kulon. Panggonan sing dinggo tapa mau, saiki diarani hilir Kali
Turunsih, sing nduweni akar bakal cerita asal-usule desa Sendang Sekucing.
Sing diarani
paseban kemangi, ujude saiki yaiku sakgundhukan lemah kang mirip kuburan ing
satengahing sawah. Ananging sabenere paseban kemangi iku panggonane dawa saka
desa Jungsemi nganti desa Sendang Sekucing. Panggonan-panggonan kuwi nganti
saiki dianggep keramat lan akeh wong sing ngarani angker.
Kaya dene ceritane
Dwianto,S.Pd, Kepala SMU Negeri 1 Cepiring taun 2003. dheweke penasaran lan
arep mbuktekake, yen jarene makam kemangi iku wingit. Bareng karo bojone,
dheweke nggoleki makam kemangi mau. Sanajan dheweke durung ngerti panggonane
makam, nanging dheweke ora nyerah takon mrana-mrene. Wong-wong sing ditakoni
padha njawab kanthi kaget. Uga ora padha wani nunjuk nganggo tangan. Mung
njawab kanthi omongan.
Dheweke banjur
nututi dalan sing diuduhi mau. Kira-kira 100 meter dheweke tekan dalan sing
tumuju ing makam, neng mburine banjur ana bocah cilik telu sing lagi dolanan
ning pinggir sawah. Bocah telu mau banjur nyedaki lan takon marang dheweke.
“Bapak lan Ibu apa arep lunga ning kuburaan kemangi?” Dheweke banjur njawab,
“Ya”. Bocah telu mau banjur ngeter dheweke lan bojone ning kuburan kemangi.
Nalika meh tekan
makam, dheweke noleh memburi amarga arep ngomong matur nuwun. Dheweke banjur
kaget lan gethoke mrinding. Bocah telu mau wis ilang kanthi cepete.
Pancen antarane
percaya lan ora percaya ngenai makam kemangi mau. Ananging miturut cerita tutur
akeh kedadeyan kang wingit ing makam kemangi, kayata :
- Akeh bocah cilik ilang, lan ditemokake dening keluwargane ana ing satengahing sawah sing ora adoh saka kuburan kemangi. Miturut bocah-bocah sing ilang mau, dheweke ana ing kutha kang bangunane endah banget.
- Ujug-ujug ana kiriman semen kanggo mbangun mesjid sing jumlahe saktruk tronton kebak. Sawise ditampa lan didelok pengirime, jebule pengirime mau sing tau ilang ing sekitare kuburan kemangi lan wis dianggep mati.
- Sawise prastawa Mataram nyerang Walanda ing Batavia, diceritakake yen alam kemangi kuwi dienggoni dening para lelembut kang asale saka Alas Roban. Ki Ageng Penatus, omahe ing Gringsing, kang mindhah lelembut mau. Miturut cerita, tlatah kemangi ora bisa dienggoni saka keturunan Ki Ageng Penatus.
- Lan isih akeh maneh cerita-cerita sing aneh nanging nyata anane.
Alam Kemangi sing
wingit kuwi ana pengaruhe saka kekuatan ghaib kanga sale saka “oyot miming”
sing ditandur dening Tumenggung Rajekwesi utawa Ki Gedhe Kemangi utawa Raden
Sembara. Ing kono dijaga kanthi tanggung jawab dening Tumenggung Wongsokerrto
(putra Tumenggung Kertiwongso, Tumenggung sing asale saka Jepara), sing luwih
dikenal kanthi sebutan Mbah Lasidin.
Imarotul
Hanifah ‘05
Tidak ada komentar:
Posting Komentar