RATU KALINYAMAT
Habib Ahmad kang lair ing kota Hajren, Yaman taun 1255 H utawa taun 1836
M, iku sowan ing Indonesia yaiku ing kota Pekalongan. Dheweke nyawang kahanan
kota Pekalongan kang isih mbutuhake dukungan Syari’at Islam, akhire dheweke
netep manggon ing Pekalongan.
Habib Ahmad ing Pekalongan nindakake tugas dadi imam masjid Wakaf kang
ana ing Jalan Surabaya Pekalongan. Saka ketekunan lan kepemimpinan Habib Ahmad,
masjid iku dadi rame lan akeh jama’ahe, sahingga dheweke ngrenovasi masjid iku
kanthi nyukupi kebutuhan masyarakat Pekalongan. Istimewane Habib Ahmad yaiku
apal Al Quran 30 juz kanthi lancar lan apik.
Habib Ahmad iyo ndirikake Madrasah Salafiyah kang ana ing sebelahe
masjid Wakaf mau. Saking pesate majune Madrasah Salafiyah mau, akeh alumni kang
dadi ulama lan tokoh masyarakat. Madrasah Salafiyah iku saiki dadi perintis
sekolah-sekolah Islam kang berkembang apik ing Pekalongan.
Ing sawijining dina, Habib Ahmad ketemu wanita kang durung ngerti Ihwal
Habib. Wanita iku ora nganggo jilbab, Habib Ahmad langsung mbenthak marang
wanita iku “ Tutup sirahmu !“. Wanita iku nyawang Habib Ahmad karo bingung.
Wanita iku dipenthung nganggo tongkate nganthi tatu. Habib Ahmad mung kepengin
nindakake tugas agama lan tujuane supaya wanita iku nutup aurate. Nanging
wanita iku nglaporake tindakane Habib Ahmad marang polisi. Polisine langsung
ngongkon stafe supaya nekakake Habib Ahmad, nanging Habib Ahmad pra bisa teka.
Polisi iku heran lan njaluk dituduhake Habib Ahmad saka kadohan.
Sawijining
Habib Ahmad mlaku arep bali saka masjid Jami’ lan wis cedhak jarake saka
polisi, polisi iku ngadheg ngalangi ing tengah ndhalan lan saben Habib nyedhaki
polisi kuwi mundur memburi, akhire dilewati Habib Ahmad. Polisi iku langsung
bali neng kantore lan crita karo stafe yen sejatine dheweke arep nangkep Habib
nanging pas nyedhaki Habib, dheweke weruh singo loro ing sisih kanan kirine
Habib Ahmad. Saka iku kang gawe dheweke wedhi lan meh wae mlayu. Polisi iku
ngongkon wanita kuwi ngadu ing “Regent” kang kebeneran kenal karo Habib Ahmad
cedhak. Sawise ngerti apa kang kedadean, dheweke ngundhang dhokter kanggo
ngobati tatune wanita iku lan menehi sepuluh Golden saka sak’e dheweke lan
ditrima wanita iku kanthi atine bungah.
Tindakane Habib Ahmad sok-sok nganthi nganggo tangan. Sanajan koyo kuwi,
masyarakat ora tau ngadohi lan sewalike malah trisno lan kagum karo niat apike.
Tindakane Habib Ahmad dilakokake kanthi ikhlas tanpa pamrih karo nindakake
perintah Allah.
Masyarakat Pekalongan ngerti lan kenal Habib Ahmad iku wong kang Zahid (
ora seneng marang tindakan kemewahan duniawi ). Sering nolak hadiah kang ora
jelas sapa kang menehi hadiah iku.
Habib Ahmad mbuka pengajian umum ing masjid, sakliyane mimpin sholat
jama’ah lima wektu, nindakake wirid lan dzikir, sholat-sholat sunah kang utama
sholat sunah rowatib kang ngiringi sholat fardhu. Amalane dheweke yaiku maca
siji juz Al Quran ing njero sholat tahajud ing tengah wengi lan siji juz
dilakokake pas wektu sholat sunah dhuha, nindakake puasa sunah kang dianjurake
agama
Ketekunan Habib Ahmad ing nindakake ibadah, keikhlasan lan kasih sayange
karo wong akeh kang lemah sarta ketegasane ing nglakokake Amar Ma’ruf Nahi
Munkar kang gawe Habib dadi idola masyarakat Pekalongan lan nyebar ing tengah
wong akeh riwayat-riwayat kedadean luar biasa ( khowariqul Adah ) kang dikenal
“ Karamah “.
Nyritakake karamah-karamah kuwi ing njero catetan iku gawe riwayat urip
kang dirancang singkat iki. Riwayat iku dadi cerita rakyat kang akeh dituturake
lisan saka wong akeh. Sebabe ing catetan iku ora perlu dituturake maneh. Cukup
neng kene wae dituturake peristiwa-peristiwa luar biasa iku.
Habib
Ahmad dikenal “ Habib Keramat “ ing tengah masyarakat Pekalongan. Kang akhir
hayate Habib Ahmad ngalami patah tulang neng pangkal pupune, akibate saka tibo.
Bab iku nyebabake dheweke dadi ora bisa mlaku. Awit kuwi Habib Ahmad ora
nglakokake kegiatan ing njobo nanging ngalihake kegiatane ing omahe kaya sholat
jama’ah lan pengajian. Penderitaane kuwi nganthi wafate ing malem ahad, 24
Rajab 1347 H utawa taun 1928 ing umur 92 taun. Dheweke dimakamke ing Pekuburan
Sapuro Kotamadya Pekalongan. Nanging
peringatan Haul ( ulang taun ) wafate saben tanggal 14 Sya’ban kang ditekani
ewunan umat Islam, nganthi Habib-Habib liyane, para ulama lan pejabat
pemerintah. Nganthi akeh kang padha teka saka luar negeri kaya saka Singapura,
Malaysia, lan Timur Tengah. Amarga keagungane lan kesolihane, saben dina makame
Habib Ahmad dikunjungi para peziarah saka luar kota Pekalongan.
Jenazah
Habib Ahmad disholatake ing masjid Jami’ Pekalongan lan ditekani umat Islam
nganthi madeti kota Pekalongan. Meh kabeh penduduk kota Pekalongan uga luar
kota nguntabkake jenazahe Habib Ahmad ing panggonan terakhir. Durung tau ing
kota Pekalongan ana pengantar jenazah kaya wafate Habib Ahmad iki.
Bisa dikandhakake yen dina kuwi yaiku dina jumat kelabu kanggo umat
Islam Pekalongan khususe puluan ewu umat Islam tumplek-blek madeti masjid Jami’
Kauman Pekalongan, alun-alun, saka ndhalan masjid nganthi panggonan makam
Sapuro sesak umat Islam kang pengin nguntabkake jenazah kang Mulia iku kanthi
pasukan keamanan lalu lintas. Ing upacara pemakaman iku ditekani para ulama lan
Habib saka kota, kaya Jakarta, Semarang, Surabaya, lan Bogor.
Makame Habib Ahmad nganthi saiki isih ana wujude lan mesthi ora tau sepi
pengunjung. Sakliyane iku, ing njero tengah kampung Sapuro ana Mushola kang
dipercaya warga Sapuro yen mushola iku peninggalane Habib Ahmad. Ing mushola
iku rame dipercaya mitos, saben malem jumat kliwon kang akeh pengunjunge.
Mushola iku rame amarga pengunjung padha wudhu lan sholat ing mushola kono.
Sakliyane wudhu lan sholat uga padh adus ing tengah wengi amarga dipercaya
banyu ing mushola iku bisa njangkepi kekarepan wong kang padha mampir ing
mushola kono. Nanging iku gumanthung kepercayaane atine dhewe.
Ira Wuri Sayekti ‘05
RADEN
MAONENG
Manut critane rakyat pasarean kang
misuwur. Pasarean iku dipercaya dening masyarakat kana minangka papan kramat.
Pasarean kuwi yaiku pasareane Raden Maoneng. Saiki legenda pasarean Raden
Maoneng kerep dipentasake ing kesenian kethoprak utawane pagelaran wayang
golek.kana, dhek biyen kabupaten pemalang diparentah dening Kanjeng Adipati
Raden Tumenggung Soeryonegoro. Raden Adipati nduwe patih kang asmane Patih
Jongsari. Patih Jongsari kesengsem marang putrane adipati kang nduweni praupan
ayu. Nanging sang patih ora wani ngandarake yen dheweke tresna marang Sang
putri.
Ing sawijining dina, ana Sang
Pangeran kang asmane Raden Maoneng teka ing kabupaten Pemalang. Raden Maoneng
kuwi putrane Adipati Madiun. Raden Maoneng diutus ramane supaya munggah kaji.
Manut pangandikane ramane, Raden Maoneng didhawuhi supaya liwat ing pelabuhan
pemalang sakdurunge nyebrang maring tanah suci. Sang Pangeran ditrima dening
Adipati merga solah bawahe katon sopan. Amarga Raden Maoneng gagah tur ngganteng,
Sang Putri tresna marang awake. Ora dinyana, jebule Raden Maoneng uga duwe rasa
tresna marang Sang Putri.
Ora let suwe, adipati uga ngerti
kahanan antarane putrine karo Raden Maoneng. Banjur adipati aweh pangastuti
marang wong loro mau. Pungkasane Raden maoneng dipek mantu dening adipati.
Sawijining dina Raden maoneng matur
ngenani tujuan utamane biyen yaiku munggah kaji. Amarga niyate Raden Maoneng
niyat kang suci mangka Adipati lan
putrine oara kabotan yen ditinggal lunga. Malahan nyiapake kabeh samubarang
sing dibutuhake dening Raden Maoneng.
Patih Jongsari lan para sentana
pemalang diutus ngeterke raden Maoneng tekan bandar ing pinggir kadipaten
Pemalang.
Jebul patih isih duwe dendam amarga
Raden Maoneng bisa njupuk atine putrine adipati sing ditresnani awake. Patih
nduweni niyat mateni Raden Maoneng.
Semana uga Raden Maoneng iya mbalik nyerang. Nanging amarga Patih
Jongsari direwangi karo prajurite, Akhire Raden Maoneng kalah lan mati. Mayite
diselehake ing ngisor wit tanjung lan ditutupi gegodhongan. Getihe sing metu
mambune wangi. Saiki papan panggonan mau diarani desa Tanjungsari. Tanjung
tegese wit tanjung, dene sari tegese getih.
Adipati nduwe rasa
ora kepenak sakwise ditinggal Raden Maoneng. Apa maneh, entuk laporan menawa
Patih Jongsari wis wani ngrayu putrine. Putri adipati njaluk marang bapake
supaya nusul Raden Maoneng. Bajur Adipati pemalang lunga saperlu arep nglakoni
tapa lan nggrogo sukma. Sukmane adipati nggoleki Raden Maoneng. Kelawan
kesaktiane, pungkasane sukmane Raden maoneng bisa ketemu. Sukmane Raden Maoneng
nyritakake kabeh prastawa kang dilakoni saksuwene lunga saka omah. Klawan
panjaluke adipati, sukmane Raden maoneng nyawiji ing ragane saengga dheweke
urip maneh.
Raden maoneng lan
adipati mulih menyang kadipaten Pemalang. Sakwise Raden maoneng mulih, kabeh
kejahatan sing dilakoni dening patih Jongsari kasingkap. Banjur adipati ngutus
marang prajurit-prajurit supaya nyekel patih Jongsari. Patih Jongsari mlayu
nyang arah kidul. Nanging prajurit wis nyebar ing kabeh penjuru. Pungkasane
patih Jongsari dikepung karo prajurit utusane Adipati Pemalang. Saiki desa
papan dicekele Patih Jongsari diarani desa kepungan( ora adoh saka dukuh
Mangoneng).
Patih Jongsari dihukum dening sang
adipati merga sangkin gedhene kejahatan sing dilakoni. Sakwise prastawa mau,
Raden Maoneng lan putrine adipati urip seneng, mulya lan raharja saklawase
urip. Suk mbene Raden Maoneng bisa nganteni Adipati Soeryonegara marentah
kadipaten Pemalang.
Nofiyanti
’05
JAKA POLENG
Ana wong enom
bagus tur gagah, jenenge laksito. Laksito kerjane dadi tukang ngopeni jarane
Bupati Brebes. Kanjeng bupati seneng karo asil kerjane Laksito kang sregep lan
resik anggone gegawean.
Nalika iku kaya
biyasane, Laksito arep lunga menyang sawah, arep golek suket kanggo pakane
genta, jarane kanjeng Bupati. Sadurunge mangkat ngarit Laksito pamit karo Bi
Ojah, bature kanjeng Bupati sing lagi masak neng dapur.
Nggawa arit karo
karung, Laksito mlaku nlusuri galengan sawah goleksulet-suket sing rungkut lan
ijo. Tekan lapangan dheweke mbabadi suket-suket sing ijo sing ana neng ngarepe.
Sapisan-pisan, laksito nguasapi kringete ning bathuke ngganggo tangane sing
katon reged. Laksito terus mbabadi suket, sawise oleh sakarung kebek, Laksito
kaya biyasane leren leyeh-leyehneng ngisor wit gedhe kang cedhak saka anggone
dheweke ngarit. Diglegek banyu kendi sing digawa saka omah. Keringete
gembrobyos saawak kojur. Laksito leyeh-leyeh teturon kipas-kipas nganggo godong
sing tiba saka wit.
Nalika Laksito
arep merem, dheweke weruh ana ula poleng sing duwe mahkota emas ing endhase.
Laksito dadi penasaran mula dheweke ngetutake lakune ula saka mburine. Laksito
mlakune alon banget supaya ora keweruhan ula mau. Ula mau akhire mandeg neng
pasuketan kang rungkut, Laksito banjur mandeg, mripate mentheleng ndelengake
salah tingkahe ula poleng sing lagi nlungsungi. Let pirang menit, ula mau
banjur disaki neng clanane.
Laksito nerusake
pegaweane maneh, rong karung kudu kebak. Sawise kebak rong karung, Laksito
leren maneh sadhela.
Laksito tekan ngomah, banjur
menyang pawon njaluk pangan marang Bi Ojah. Laksito bengak-bengok nanging ora
ana wong kang weruh wujude sanajan suwarane sing kaprungu kuping. Laksito
bingung, kenapa wong-wong padha ara bisa weruh wujude. Dheweke banjur kelingan
marang kulit ula sing disaki. Kulit ula ditokake, sanalika Bi Ojah bisa weruh
wujude Laksito. Cerita iku banjur kaprungu dening kanjeng Bupati.
Laksito didhawuhi
ngadep kanjeng Bupati kanggo nyritakake kadadian kang kaprungu saka Bi Ojah.
Mula Laksito ksnthi runtut anggone nyritakake babagan mau kang di alami.
Kanjeng Bupati mirengake, banjur duwe panemu kanggo nyimpenake kulit ula sing
ditemonake dening Laksito. Laksito tetep ora gelem sanadjan dirih-rih dening
kanjeng Bupati, rumangsa sing nemu kulit ula dai dheweke uga sing kudu nduweni
lan nyimpen.
Sanalika banjur
ana rerebutan antarane Laksito lan Kanjeng Bupati, mula kulit ula poleng
dilebokake thuthuk laksito lan ora sengaja keleg. Laksito owah wujude dadi ula
poleng. Kanjeng Bupati rumangsa salah mula piyambakipun banjur di utus kon
njaga rakyate yaiku rakyat Brebes. Lantaran laksito isih jejaka lan awujud ula
poleng dadi wit kuwi dijenengi JAKA POLENG.
Nur Eka Sari ‘05
MLANGI
Zaman
dhisik ing dhesa Pejambon, akeh banget padunung sing asale saka negeri Cina.
Rata-rata padunung asli saka Pejambonne dhewe malah padha nyambut gawe dadi
kacunge wong-wong Cina kanggo nguripi
kaluwargane.
Sanajan
wong Cina kuwi sugih-sugih, nanging yen soal bandha pelite ora umum.
Kacung-kacunge wae mung dikei upah sing cukup kanggo mangan tok. Kahanan kaya
ngene dadiake padunung-padunung asli Pejambon uripe ora mulya lan sarwa kurang.
Nanging Padunung asli saka Pejambon kuwi uripe guyup, rukun lan seneng
tulung-tinulung, bedha karo wong-wong Cina sing senenge urip dhewe-dhewe ora
mikirake kahanane wong liya.
Dhesa
Pejambon zaman semana kondhang banget, amarga akeh dipanggoni karo wong Cina
sing sugih-sugih. Marga kuwi, ning Pejambon kerep banget ditekani karo wong
ngemis sing asale saka ngendhi wae.
Ing
salah sawijining dina, ana wong ngemis teka ning Pejambon, nanging wong ngemis
sing siji iki beda karo wong ngemis liyane. Wong kuwi tuwa, kuru, rambute dhawa
putih, dhuweni jenggot lan gawa teken. Panganggone sarwa putih lan suwek-suwek.
Tekane
wong ngemis kuwi ora disenengi deneng padunung Pejambon, apa maneh karo
wong-wong Cina. Ora diwenehi dhuwit utawa panganan, nanging pengemis kuwi malah
dielek-elek dening padununge Pejambon. Sanajan enthok kelakuan kaya ngono, wong
ngemis kuwi tetep mlaku ngubengi omah-omah ing Pejambon kanggo golek dhuwit,
nanging upayane kuwi ora ana kasile babar blas. Wes setengah dhina wong ngemis
kuwi ngubengi dhesa, nanging ora ana siji-sijiya wong sing ngekei sedekah.
Ana
ing tengah dalan, wong ngemis ketemu karo salah sijining padunung asli saka
dhesa Pejambon sing jenenge Jafar. Jafar kuwi wong sing ora dhuwe apa-apa,
nanging amal ibadahe kuat banget lan seneng nulung wong liya. Sanajan uripe
Jafar sarwa kurang, nanging weruh wong ngemis kuwi, Jafar Jafar banjur ngrogoh
sak kanggo jupuk dhuwit. Banjur dhuwit ewon lembaran kuwi diwenehake marang
wong ngemis.
Sakwise
dhuwite diwenehake, banjur Jafar lunga. Iseh telung jangkah, wong ngemis mau
ngundang jenenge dheweke. Jafar kaget banget amarga wong ngemis kuwi ngerti
jenenge dheweke. Jafar takon asal-usule pengemis kuwi, nanging pitakone kuwi
ora diwangsuli, pengemis kuwi malahan menehi pituduh marang Jafar. Pituduh kuwi
isine yaiku yen telung dhina maneh ing dhesa Pejambon iki bakalan arep ana udan
gedhe banget sing bisa ngakibatke banjir bandhang. Jafar uga diwenehi saran,
yen mengko pas ana banjir dheweke dikon numpak lesung mlaku ing arah kidhul
kanggo nyelametake awake. Ora mung kuwi, Jafar uga diwenehi ali-ali dening wong
ngemis mau, Gunane ali-ali kuwi yaiku kanggo ngadhepi bebayan sing bakal
diadhepi sesok yen pas kadadean banjir. Nanging pesene wong ngemis mau yaiku
ali-ali kuwi yen arep ning kakus dikon nyopot. Durung nganthi Jafar nyauri,
wong ngemis kuwi teka-teka ilang mboh neng endhi.
Ngerti
dhesane arep kena musibah, jafar ngumumake marang marang wong kampung ngengingi
bab banjir mau. Nanging ora ana wong siji-siji ya sing percaya karo omongane
Jafar. Apa maneh Pejambon kuwi panggonane ing gunung, dadi ora mlebu akal yen
Pejambon bakal kena banjir.
Rong
dhina sabanjure teka. Kadadean banjir kuwi uga teka. Awit isuk udhan gedhe
banget dibarengi karo suwara geledhek kang nyamber-nyamber. Akeh omah-omh lan
wit-witan padha ambruk kena angin sing gedhe tenan. Wong-wong sing padha ora
percaya karo omongane Jafar padha bingung golek pitulung, nanging merga banjire
dhuwur tenan, wong-wong mau padha ora bisa nyelametake awake. Siji-sijine wong
sing slamet yaiku Jafar. Ana ing tengah-tengahing banjir, Jafar numpaki lesung
mlaku ing arah kidhul. Nanging lesunge teka-teka ditabrak karo baya putih.
Krasa nyawane keancem, Jafar banjur gelut karo baya putih kuwi. Pas baya kuwi
gentian arep nyerang, Jafar kelingan karo omongane wong ngemis dhisik ngengingi
ali-ali. Ora kesuwen banjur ali-aline ditokake lan diadhepake marang baya kuwi.
Saka ali-ali kuwi ngetokake cahya. Baya mau banjur ilang. Gandheng lesunge wes
dirusak marang baya, Jafar banjur nglangi sakuate tenagane tumuju daratan sing
ora patia adoh. Akhire Jafar tekan daratan kanthi selamet.
Ning
daratan kono, jebul ora ana padununge. Suwe netep ning kono dhewean, akhire
Jafar nikah karo wong jaba daerah. Nanging sanajan wes duwe anak barang Jafar
lan kaluwargane tetep netep ning kampung kono. Gandheng kampung kuwi urong ana
jenenge, mangka karo Jafar kampung kuwi dijenengake kampung “Mlangi”.
Dijenegake Mlangi karo Jafar marga dhisik tumujune Jafar tekan kono kanthi cara
nglangi kanggo nyelametake awake. Saiki Mlangi wes dadi kampung sing wes kebak
padununge. Malahan saiki ing Mlangi ana kuburan sing jenenge kuburan larangan
sing ora enthok dikunjungi karo wong-wong. Konon jarene kuburan kuwi yaiku
kuburane Jafar.
Pulung Anjar Pradigdo ‘05
MALING KENTIRI
Salah sawijine
carita kang kawentar kang ana ing Blora yaiku carita Maling Kentiri. Maling
Kentiri iku maling kang senengane ngrewangi wong sing mlarat utawa ora duwe. Maling
Kentiri iku uga kasebat Maling Aguna yaiku maling kang sekti mandraguna.
Caritane Maling
Kentiri yaiku, kacarita ana anak lanang jenenge Kentiri, putrane Kyai Ageng
Pancuran gandrung marang Dewi Sirep, putrane Mbok Randha Sugati saka desa
Sapetik, Sulang, Rembang. Amarga iku Kyai Ageng Pancuran njaluk tulung marang
sedulure, Jarunan, supaya nglamar Dewi Sirep kanggo Kentiri. Kang gandrung
marang Dewi Sirep ora mung Kentiri ananging uga Jaka Selakan, putrane Kyai
Ngusman saka Balun, Cepu, Blora. Jaka Selakan uga nglamar Dewi Sirep. Anggone
Kentiri nglamar luwih dhisik tinimbang Jaka Selakan ananging sing ditampa Mbok
Randha Sugati iku lamarane Jaka Selakan. Ngerti kaya mengkono Kentiri dadi
ngamuk karo Jaka Selakan.
Ing sawijine dina,
Kentiri nyegat Jaka Selakan ing kali Modang kang ana ing sisih wetane Cepu.
Kekarone terus padha padu. Jaka Selakan kalah terus dipateni Kentiri.
Panggonanae Jaka Selakan pejah terus kasebat kalimati. Sawise
Jaka selakan kalah, Kentiri terus mara menyang omahe Mbok Randha Sugati supaya
Dewi Sirep gelem nampa
lamarane maneh. Dewi Sirep gelem didadekake bojo Kentiri yen dheweke nyagohi
apa-apa wae sing dikarepake Dewi Sirep. Tanpa dipikir maneh Kentiri terus
nyagohi panjaluke Dewi Sirep, yaiku adus ana ing Sendhangkara ing Tuban, duwe
Bendhe Becak, Bendhe Singabarong lan Bendhe Kencana.
Barang kang dadi
panjaluke Dewi Sirep iku sejatine ana kang nduweni. Kayata Bendhe Becak iku
kang nduweni Mbok Randha Suli, Tuban. Mbok Randha Suli iku tani kang sregep,
dheweke duwe anak lanang siji jenenge Jaka Becak. Ngerteni yen Mbok Randha duwe
Bendhe Becak, Kentiri terus lunga menyang omahe Mbok Randha nyilih Bendhe
Becak. Mbok Randha kandha yen dheweke ora duwe sing dikarepake Kentiri, sing
diduweni mung anak lanang siji jenenge Jaka Becak. Kentiri ora pracaya, Kentiri
terus padu karo Jaka Becak. Jaka Becak kalah terus pejah, ora let suwe Jaka
Becak malih wujudipun dadi Bendhe Becak.
Barang liyane
Bendhe Becak yaiku Bendhe Singabarong lan Bendhe Kencana, duweke Mbok Hira lan
Bupati Semarang,
Ranggayuda. Kang paling angel diduweni Kentiri yaiku Bendhe Kencana. Kentiri
ngerti yen Bupati Semarang duwe Bendhe kuwi mula Kentiri terus lunga menyang Semarang nyolong Bendhe
Kencana. Dina iku apese Kentiri, sadurunge bisa njupuk Bendhe Kencana dheweke
diweruhi wong liya. Kentiri mlayu lan dioyak-oyak karo punggawa Bupati
Semarang. Anggone Kentiri mlayu rada adoh, dheweke terus ndelik ana ing kutha
Blora. Sawise kedadeyan iku Kentiri terus kasebat Maling Kentiri
amarga tumindake ing sabendinaneing kutha Blora mung nyolong wae. Kentiri iku
maling, ananging anggone maling iku kanggo wong desa. Maling Kentiri iku
satriya kanggone wong desa amarga apa-apa kang kasil saka maling diwenehake
marang wong sing ora duwe utawa kekirangan.
Rikala Kentiri
dioyak nganti tekan Blora, dheweke akeh nglairake jeneng-jeneng desa kang ana
ing Blora, yaiku wose panggonan sing tau ditekani karo Maling Kentiri.
Tuladhane jenenge desa Jepon, yaiku kacarita kaya mangkene: Kentiri nerusake
lakune karo andum pangan. Amarga berase wis
entek lan kari cumpon (pas-pasan) Kentiri terus kandha “Mbesuk yen ana
rejane jaman tak jenakna karan Desa Jepon amarga berase arep dakdum wis kari sithik, tegese wis cumpon.” Tuladha
liyane yaiku jenenge desa Dhungkluwih, yaiku kacarita kaya mangkene: Kentiri
nerusake lakune maneh terus leren ana ing pinggir kali, leren ngliwet, isih
meksa weruh wong. Kentiri terus kandha “Pinggir kali iki ana kedhunge lan
ana wite kluwih, besuk yen ana rejane jaman tak jenakna desa Dhungkluwih.
Ukara mbesuk yen ana rejane jaman asring dienggo wong kanggo nglairake
jeneng-jeneng panggonan utawa desa.
Sawise Kentiri
jeleh anggone nyolong, dheweke terus tobat lan lunga maguru marang Sunan
Ngerang ing Semarang.
Dheweke janji yen ora bakal maling maneh lan bakal nglakokake tumindak kang
apik lan sregep anggone ngibadah. Maling Kentiri miturut kapercayan wong desa,
Maling iku isa mlebu menyang omahe wong liwat cahya lampu kang metu saka
bolongan ngomah kang digawe saka kayu utawa pring.
Ria
Gesti ‘05
MAKAM NOLOYUDO
DESA LEMBUR PEKALONGAN
Sekitar abad 19 ing Kabupaten Purbalingga ana wong sakti, jenenge Demang
Lawet. Tekan saiki makame isih terkenal, diarani makan Wadas Lawet. Demang
Lawet nduwe putra sulung kang diarani Noloyudo. Nalikane isih enom dheweke
seneng ngumbara. Kesenengane kuwi wis
mendarah daging, dadi jarang ana isn kademangan.
Ora suwe kesehatan Ki Demang Lawet saya tambah parah, mangka dheweke
kepengen Noloyudo nggantekake dadi demang, soale Nalayudo kuwi putra sulunge
lan wis dewasa
kanggo nerusake jabatane. Mangka Demang Lawet mrintah putrane sing bungsu
kanggo nggoleki Noloyudo.
Wis
pirang-pirang wulan digoleki, nanging ora ketemu. Wis telung taun lawase Noloyudo ninggalake
kademangan lawet. Kanggo ngurangi beban pikirane, dheweke nunjuk adik Noloyudo
kanggo ngganti kedhudhukane.
Ing sawijining dina, Nalayuda sing wis pirang-pirang taun ngumbara, nduweni
pikiran kepingin bali. Dheweke kelingan ramane kang wis sepuh. Noloyudo mutusake kanggo bali
menyang Kademangan. Sawise tekan Kademangan, dheweke kuciwa krana jabatan
demang wis
diganti dening adhike. Dheweke ora rela, nanging kepriye maneh sega wis dadi bubur. Dheweka
ya sadhar yen kedadean mau krana kelalaiane.
Kedadean mau ndadakake Noloyudo ora betah ana ing Kademanan lawet. Lajeng
dheweke lunga ngumbara maneh tanpa arah lan tujuan. Sawise telung wulan olehe
ngumbara, Nuloyodo tekan ing desa Lambur, Kecamatan Kandang Serang –
Pekalongan. Wis
pirang-pirang taun dheweke ngumbara, dheweke bosen lan kepingin netep karo
masyarakat. Lajeng dheweke ngluru pedukuhan utawa desa kanggo tempat tinggal.
Krana dheweke ana ing tengah alas, mangka angel kanggo nemokake desa sing
cedhak. Sinambi ngalamun, dheweke krungu kokok yaam saka arah kulon. Dheweke
ngira-ngira yen ora adoh saka panggonane ana desa. Mangka sawise dheweke mlaku,
ora suwe dheweke tekan ing sawijining desa yaiku desa si Elo, neng kono dheweke
istirahat. Ing dukuh si Elo ana keluwargo Kaki Kolem lan Nini Kolem kalian
putrane lanang lan wadon. Noloyudo numpang ing keluwarga Kaki Kolem, suwe-suwe
dheweke nduweni katresnan kalian putrane sing wedok, mangka kalorone
dinikahake.
Ing sawijining dina Kaki Kolem entok surat saka pemerintah Belanda sing isine surat perintah kanggo
maju perang. Ing wektu semono nembe panas-panase perang Diponegoro, Kaki Kolem
ngerti yen prajurit Pangeran Diponegoro tekenal wanine lan sekti. Saliyane mau
prajurit Pangeran Diponegoro nduwe rasa kebangsaan kang gedhe. Ki Kolem oran wani nolak printahe
Belanda. Ki kolem lajeng ngutus Noloyudo kanggo nglaksanakaken printah Belanda.
Tanpa pikir, Noloyudo nyanggupi printah Ki Kolem, lajeng dheweke mangkat
menyang medan
perang. Belanda mau bungah atine nampa
Noloyudo sing pikike ngyakinake. Noloyudo dikongkon ngeterake surat kalian Pangeran Diponegoro. Dheweke
sadar yen kerjaan mau rupane duduk kerjaan sing gampang. Kaliyan ilmu kemayan,
Noloyudo bisa nembus pertahanan Pangeran Diponegoro. Lajeng surat diselehake ing meja. Ora let suwe dadi
perang ing Margolayu, Noloyudo melu perang nglawan Prajurit Diponegoro. Wis telung taun Noloyudo
melu Belanda, dheweke sadar yen dheweke wis
ngiyanati bangsane. Lajeng dheweke metu saka Belanda lan balik nyerang. Kaliyan
leluangane, Noloyudo digoleki prajurit Belanda. Nanging pasukan Belanda mau
bisa dikalahake.
Dheweke lajeng bali menyang Lambur, mlaku, munggah gunung lan turun
gunung, akhire tekan ing dukuh Kaliguci, Tajur wilayah Kandangserang. Ing
pingir kali dheweke istirahat sedelo. Sawise ilang rasa kesele, Noloyudo
nglanjutake perjalanane menyang desa Lambur. Ing tengah dalan, sawise tekan
kali Waringin (Lambur) dheweke mandheg krana krungu swara gamelan. Rupane ing
dewa Lambur ana sing duwe hajad. Mangka dheweke takon kalian wong wedok sing
lagi nyuci piring ing kali.
Noloyudo : “Apa ing
Lambur ana wong sing duwe hajad, sebab saka kadoan ana suara gamelan rame
sanget, spa sebenere sing duwe hajad?”
Wong wedok mau mangsuli yen ing
desa Lambur ana tontonan ledek, dene sing duwe hajad kuwi Ki Kolem. Dheweke
nikahake putrine sing wis
ditinggal nganti telung taun suwene. Sawise entok wangsulan saka song wedok
mau, dheweke ngaturake matur nuwun, dheweke lajeng ninggalake panggona mau.
Wong wedok mau ora ngerti yen dheweke kuwi Noloyudo.
Ora let suwe dheweke tekan omah. Weruh suasana kang rame lan meriah,
mangka dheweke oran
langsung mlebu omah. Dheweke namung njaluk tulung karo wong kanggo nimbali Ki
Kolem. Ketemu kalian Noloyudo, dheweke ngrangkul Noloyudo sakencenge lan nyuwun
ngapura. Weruh Ki Kolem ngejak mantune, khajatan dadi bubar, kabeh dadi kacau,
temanten kakung uga melu mlayu sipat kuping.
Sawise suasana adem, kabeh keluwarga kumpul, Ki Kolem nyadari kesalahane
lan nyuwun ngapura. Noloyudo bisa nrima kedadean mau. Akhire noloyudo kalian
keluwarga urip rukun lan bahagia ing desa Lambur nganti akhir hayate. Makam
Noloyudo ing desa Lambur nganti saiki dadi panggonan kramat sing dipercaya
masyarakat. Makan mau sering kanggo prantara muja kayata njaluk rizki, berobat
lan liya-liyane. Ing makan mau ana kuali sing digawe saka watu. Yen njaluk obat
kanggo tamba penyakit, biasane dijukokake banyu saka kuali mau. Kepercayaan
masyarakat yen kuali mau ana banyune, pertanda penyakit may bakal mari. Nanging
yen ora ana, mangka ora mari. Kuali mau ora ana banyune senadyan musim udan.
Yen kanggo njaluk apa wae, biasane sawise udan. Yen kanggo njaluk apa wae,
biasane sawise dedonga, wong sing njaluk ngangkat kuali mau, yen kuali mau bisa
diangkat mangka panjaluke bakal dikabulake.
Sendang Witjayanti ‘05
ASAL
MULANE KUTHA PEKALONGAN
Ing jaman biyen pesisir laut jawa sisih lor ana kampung cilik sing rakyate
urip tentrem, terus ketekan bangsa dhedhemit sing seneng ngganggu, wong-wong
ing kampung mau padha pindhah. Bareng ditinggal lunga kampung mau malih dadi
alas gung liwang-liwung.
Ora ana jalma manungsa sing wani liwat, amarga ing kono anane mung
kewan-kewan galak. Kayata celeng, asu, ula, macan, munyuk, lan liya-liyane.
Alas mau dadi kerajaane bangsa lelembut, akeh wong sing liwat ing sakiwa
tengene alas diweruhi yen alas utawa kara mau kutha gedhe ya ana pasare, ana
perkampungane, lan ana pabrike sing akeh karyawane kaya ing donya iki.
Salah sawijining dina ana pawongan sing duwe pikiran gawe petilasan sing
besuke yen ana rejaning jaman mangku omah saanak putune. Papan kepenak iku ana
ing sakiwa tengene alas gung liwang-liwung. Alas mau diarani alas Gambiran,
merga ana wit gambir sing dhoyong ing pinggir kali gedhe lan umure wis tuwa
nganti oyote wae tekan pertapane Ki Ageng Cempaluk ing Kesesi.
Pawongan sing duwe pikiran gawe petilasan utawa pertapan mau ora liya yaiku
putrane Ki Ageng Cempaluk Kesesi sing aran Ki Baureksa. Miturut critane wong
pinter sing manggon ing cedhake alas, aja wani-wani babad alas Gambiran amarga
ing kono ana ratuning lelembut sing ora seneng yen panguasane diganggu utawa
dirusak sing wani mbabad alas bakal mati. Nanging Ki Bahureksa tetep kepingin
mbukak pertapan ing alas Gambiran.
Kanggo mujudake tujuwane Ki Baureksa
kudu ngadhepi bangsane lelembut ing alas iku. Kamangka Ratuning lelembut ing
alas iku Dewi Lanjar sing ora liya
mantune Nyi Lara Kidul sing kondhang
dadi ratuning laut kidul. Nalika Ki Bahureksa wiwit babad alas, ana wadya bala
lelembut sing laporan karo Dewi Lanjar. Krungu laporan mau Dewi Lanjar ora
trima, dheweke banjur ngongkon wadyabalane ngendhegage pakaryane Ki Bahureksa
wadyabalane Dewi Lanjar terus ngendhegage pakaryane Ki Bahureksa kanthi cara
njelma dadi ula meden-medeni Ki Bahureksa.
Ki Bahureksa ora sanggup ngadhepi wadyabala lelembut mau amarga Ki
Bahureksa ora ngerti carane ngusir lelembut sing ora katon . Dheweke bingung
kaya wong edan ing jero atine mung mikir piye carane ucul saka gangguan mau, Ki
Bahureksa banjur bali menyang Kesesi. Para lelembut banjur bali menyang
kraton tugase wis rampung, bisa ngusir Ki Bahureksa saka Alas Gambiran.
Sawise tekan Kesesi ki Bahureksa nemoni Ki Ageng Cempaluk lan nyritakake
kahanan sing wis kadaden. Krungu critane putrane Ki Ageng Cempaluk banjur
semedi, ing semedine Ki Ageng Cempaluk entuk wangsit sing munine yen pengin
ketemu karo Dewi Lanjar kudu tapa kalong ing wit gambir sing ana ing alas
Gambiran.
Wangsite mau banjur dikandhakake karo ki Bahureksa. Krungu pituture bapake
Ki bahureksa banjur mangkat maneh menyang alas Gambiran lan langsung tapa
kalong. Jalaran saka tapa kalong iku Ki Baureksa sukmane bisa ketemu karo Dewi
Lanjar. Ing kono Ki Baureksa njlentrehake niate nanging Dewi Lanjar ora
ngentuke yen diuthik panguwasane.
Ing kono Ki Bahureksa banjur perang karo Dewi Lanjar, perang mau dadi
perang sing gedhe amarga loro-lorone padha sektine. Kanthi kapitayane Ki
Baureksa sing kulina tapabrata lan olah kanuragan tur dhasare putrane Pandhita
kejawen nekad tapa kalong ing wit gambir iku.
Merga tekate Ki Baureksa wis manteb
dheweke bisa nandhingi kapitayane Dewi Lanjar, Ing kono Dewi Lanjar ngakoni yen
dheweke kalah pungkasane Dewi Lanjar ngijini Ki Bahureksa mbukak alas Gambiran
kanggo papan pertapan lan dununge anak putune Ki Baureksa, nanging Ki Bahureksa
kudu gelem dadi bojone Dewi Lanjar, Ki Bahureksa nyaguhi sarat mau. Papan sing
dienggo tapa ngalong mau banjur didadekake desa Pekalongan saka tembung kalong.
Nanging ana wadya bala sak bangsa
lelembut sing ora trima marang keputusan mau lelembut mau jenenge Kala Warti.
Kala Warti banjur gelut karo Ki Bahureksa, Ki Bahureksa sing ora siap kalah
ngadhepi amukane Kala Warti amarga rumangsa wis kepepet Ki Bahureksa banjur
mlayu saka kono nanging Kala Warti isih
ngoyak terus, untunge Ki Ageng Cempaluk teka lan ngewangi Ki Bahureksa ngadhepi
Kala Warti. Kanthi kasektene Ki Ageng
Cempaluk, Kala Warti kasil dikalahake lan dipateni.
Sawise kadaden mau Ki Bahureksa banjur kawin karo Dewi Lanjar ing pesisir
wong-wong nganankake sukuran amarga Ki Bahureksa kasil mbukak alas Gambiran
kanggo perkampungan.
Saya suwe desa mau saya rame akeh wong padha teka numpak prau layar,
prau-prau mau padha ngranjing ing pinggiring pantai, banjur papan mau diarani
pelabuhan Boom. Wong sing teka umume para pedhagang saka Tiongkok. Nanging karo
Ki Baureksa mung diijini dagang ing Pekalongan sisih lor orakena ngidul.
Seprene para among dagang keturunan Tiongkok akeh manggon ing sisi lor. Rikala
semana Ki Baureksa lakune saka lor selot ngidul mengko dadine kutha manut
lakune Ki Baureksa saka lor tekan kidul.
MAMAS ROBIN ‘05
SINTREN
Sulasih Sulandono
Biyen putih
Rak ngundang dewa
Dewane saking sukma
Widadari temuruna
Katresnan tembung kang nandhakake
rasa senenge marang liyan. Saka katresnan bisa gawe warna-warnane cerita. Saka
critane kang nyenegake lan ana ga kang nrenyakake. Katresnan teka tanpa didga,
ora ana kang bisa ngilangi rasa iki mau. Amerga kabeh ing dunya dadi saka
tresna. Ora ana kang teka tanpa katresnan.
Sultan Agung narendra ing Mataram.
Ratu kang tansah adil, mila negarane tansa tentrem,makmur,gema ripah loh
jinawi. Kaya mangkana nalika nagari Mataram kang lagi diadegi dene Sultan
Agung. Kajaba saka pemimpinane uga saka para senopati kang tansa setya lan
mumpuni. Salah sijine Ki Bahurekso.
Ki Bahurekso, senopati kang anthuk
lungguhan ana ing sadhawane pantai utara, awit saka kendal dumugi Pemalang.
Senopati kang mumpuni, sakti, mandra guna. Saka rasa kasetyane, kabuktekake
kanthi ngusir para landha utwa VOC kang njajah ing tanah jawa. Kajaba kuwi uga
dheweke wong kang wani mbabad alas. Alas kang amba sakdawane dheweke liwat.
Alas kang amba mau, kajaba ake kewan kang mbebayani uga saka panunggune
kang wujud saka makhuk liya. Pramila alas kang arep dibabat kuwi uga wingit
kang wis misuwur ana ing kono. Wit-witan kang gede akeh tinemu ana ing alas
kono. Nanging saka kasektene Ki Bahureksa bisa kasil mbabat alas amba mau.
Kajaba mangkono uga saka para dhemit kang dadi ratune bangsane uga bisa
katumpes dene Ki Bahureksa.
Ana sakwijining dina, Joko Bahu kang lagi nerusake lampahane katemu karo
salah sijining kenya ayu kang lagi nglakoni tapa. Kenya mau ayu rupane. Saka
panyawange dheweke dudu manungsa kang kaya adate. Amerga apa kang lagi
katumindakake mertandani menawa kenya kuwi lagi nglakoni sala sijining lakune
pandhita. Lan saka katemune kuwi, Joko Bahu bisa kapincut dene kenya kuwi.
Ki Bahureksa kang misuwur tekan
Pemalang asmane. Saka misuwure akeh wanita kang kapincut marang Ki Bahurekso.
Dene saka akehe wanita kang teka, ki Bahurekso milih Rr. Rantamsari kang bakal
ngisi dinane. Kacarita Rr.Rantamsari putri kang ayu rupane. Dene sejatine kenya
ayu kuwi ya wanita kang lagi dadi pandhita. Kang katemu ana ing dalan nalika
diutus Sultan Agung menyang Batavia. Ananging kajaba kautus ngusir Walanda, uga
nggoleki wanita ayu kang tapa ana ing njerone wana kono. Ora liya kenya kang
ditresnani.
Joko Bahu kang wis kaobong geni
asmara, ora bisa nglakokake tugase. Amarga saka kenya mau uga ora na rasa
tresna marang Sultan Agung. Ananging jebul kenya ayu tanpa cacat iku tresna
marang Joko Bahu.
Saka katresnane bisa nyipta R. Sulandono. Satrya bagus, anak mas joko bahu
kuwi nalika ngancik dewasa,seneng anggone lelungan, Nurut desa, mlebu wana.
Waktu ning alas R.Sulandono tarung karo buto, banjur dimenangake R.Sulandono.
Ananging tangane R.Sulandono cidra amerga kena sabetan kukune buta mau.
Sakwijining dina,ing desa Kalisalah R.sulandono tinemu marang kenya ayu.Wanita
kang kuning kulite,bangkekane mawon kemit lan dawa rambute kaya bidadari
rupane. Tukul rasa tresna telenging ati R.Sulandono. Ya, pancen kenya kang ayu
jaka endhi kang ora kesengsem.
Sakwise tinepengan, jebul pada rasa
kang tinemu saka kang mau. Kenya ayu kang asma Dewi Sulasih jebul kasmaran
marang R.Sulandono. Nom-noman loro pada nandhang wuyung lan saka niyate, wong
bakal urip bebarengan umekane kaki nini.
Pramila, Dewi Sulasih di boyong
menyang kadipaten. Ditemokake lan arep njaluk pangestu marang Romo biyung. Apa
kasunyatane? kang rama Ki Bahurekso ora bisa nampa Dewi Sulasih, remuk atine
wong loro. Nanging bekti marang wong tuwa kudu katindhakaken. R. Sulandono sido
pisah karo Dewi Sulasih, lara rasaning ati.
Nanging, saka babu seje. Kang ibu
paring pangestu marang putrane R.Sulandono kautus tapa sulih. Kajaba saka iku
uga diparingi Kacu kang bakal dadi lantaran kanggo bisa tinemu marang Dewi
Sulasih. Dene Dewi Sulasih diutus dadi penari saben wayah resik-resik desa. Lan
saka lantaran iku bocah loro bisa tinemu.
Nalika tanggal limalas ngancik sasi
purnama acara resik desa dianakake.Lan saka kana Dewi Sulasih nari kang bakal
kalebon dene wadag alus dene kacune R sulandono diuncalake minangka obat
kanggone.
Saka carita Sulandono kang lagi
kautus dene ibu tapa, nalika ngancik tanggal limalas deweke kapanggil dene sang
ibu. Amarga sang ibu kajaba ayu parase, uga ndhuweni kasekten kang mumpuni.
Saka kasektene, bisa ngundang rohe sapa kang dikarepake. Lan badan kasar kang
ditinggal kanggo sakwetara wektu di isi karo bangsane lelembut.
Nalika titi wancine, Sulandono kang lagi tapa katimbalan ana sakjroning
tapa. Rohe kang teka mau bakal ditemokake marang rohe Sulasih. Dene Sulasih
kang diutus nari katimbalan uga rohe. Dene wadage utawa badan kasare kalebonan
dene bangsane lelembut. Dadi sejatine kang nari ana badane Sulasih yaiku dudu
Sulasih. Amerga Sualasih katemu karo Sulandono lan kang pada ketrajang asmara.
Leloron pada kasmaran ananging ora ana ing alaming manungsa. Kadaden kaya
mangkono kalakon nganti pirang-pirang taun.
Lelakon mau uga ana syarate kang ora enthuk katinggalake. Syarate yaiku
Sulandono kang kaparingan kacu dene Sang Babu kudu kagawa. Amaerga kacu kuwi
kanggo lantaran bisa bali maneh ana ing alam manungsa. Dadi saben tanggal
limalas kacu kuwi ora tau lat ana ing tangane Sulandono nalika arep ketemu
marang Sulasih.
Sakwijining dina, ana salah sijining bangsa jin kang ngganggu gawe dene
Sulandono. Amarga saka tapane nggawe ribete bangsane jin kang mapan ana kono.
Mila saka bangsa jin kang ana papan kono ngutus sapa kang bisa gawe mandege
tapane Sulandono bakal dadi rajane bangsa jin. Kala Regi. Jin kang uga mumpuni.
Saben dina Dheweke ngematake Sulandono kang lagi tapa. Lelaku apa kang
katindakake dene Sulandono, ngematake apa kang dadi wadine ngelmune Sulandono.
Suwe anggone ngematake, lan jebul kasil. Kala Regi ngerti menawa Sulandono
dhuwe gaman awujud kacu. Kacu kang bisa gawe metune roh lan narik jin kanggo
nunggoni badane. Kala Regi kang wis mangerti menawa kacu kuwi kang dadi wadine
mula golek cara kanggo gawe Sulandono lali nggawa kacu nalika arep katemu karo
Sulasih.
Tanggal Limalas padhang bulan, kaya adate Sulandono bakal ketemu karo
Sulasih. Ananging ana sakjroning tapane Sulandono kaganggu dene Kala Regi kang
kepengin nguculake kacu ana ing lengene. Kala Regi malih rupa dadi kupu. Kupu
mau menclok ana ing sirahe Sulandono. Lan kupu kuwi matur menawa kepengen urip
bebarengan lan langgeng karo Sulasih kudu nguculake kacu saka lengene.
Sulandono kang pancen tresna marang Sulasih keprungu swara kuwi banjur goyah
tapane. Dheweke wis kepengen bisa kumpul bareng tanpa ana kang misahake.
“He, Nger.... Sulandono.... katresnan kuwi suci, ora bisa kapisahake dene
apa kang ana ing dunya. Mula menawa kepengen langgeng anggonmu katresnanmu lan
ora ana kang nglarang mula uculana kacu kang gawe watesing wektu. Amerga Kacu
kuwi kang misahake kowe leloron”, kandhane Kala Regi marang Sulandono kanggo
nggoyahake tapane.
Sulandono kang pancen kepati anggone tresna mula alon-alon kacu kauculaken.
Bungah atine Kala Regi weruh apa kang katindhakake Sulandono. Dene Sulandono
nerusake anggone tapa amerga ya wis wayahe katemu karo Sulasih, kang kebak rasa
kangen.
Wayahe wis teka. Wong loro ketemu kaya adate saben padhang wulan. Wong loro
andum katresnan kebak rasa kangen. Dene papane dudu ana ing alaming manungsa.
Jasad kang katinggalake mung gumletak ana ing lemah. Tanpa daya lan tanpa
tenaga kang ana. Amerga roh kang ngisi badan kasar ana ing njaba lan ora bisa
bali. Amerga Sulandono wis mblenjani janji tanpa ngganggo kacu nalika katemu
marang Sulasih. Kasmaran ora bakal ilang rasa kuwi. Lan ora bakal mikir ana ing
ngendi papan dununge. Kang ana mung rasa Kangen. Wong loro ora bisa bali maneh ana
ing alam manungsa, padha langgeng ana ing alam kono.
Saka crita kuwi mula kang nari Sintren bakal kalebonan Ruhe Sulasih. Dene
menawa kepengen bali mula kudu dibalang kabu.
Harry Komeng ‘05
ASAL MULANE
DESA KLIDANG LAN
LOMBANE
Miturut critane wong tuwa biyene
wong-wong sing manggon ing sakiwa tengene Kali Kramat padha pindhah saka kono
amarga wedi karo raja lelembut sing mbahureksa ing kali mau. Banjur ana jejaka
sing jenenge Jaka Bahu, dheweke salah sajining senopati Mataram putrane Ki Ageng
Cempaluk saka Kesesi. Nalika iku dheweke arep babad alas Roban sing saiki melu
Kabupaten Batang. Anggone dheweke babad alas mau amarga diutus dening Sultan
Agung. Jaka Bahu kudu mangkat mbendung Kali Kramat kanggo ngileni pategalan
sing ana ing sakiwa tengene kali, nanging ing kono ana sing mbahureksa yaiku
raja lelembut sing arane Uling Kala Drubiksa.
Wong-wong ing sakiwa tengene kali
ora ana sing wani mbendung kali Kramat amarga Kala Drubiksa ora gelem yen
panggonane dirusak, sing ngrusak mesti
mati. Ing kono pancen wis kondhang yen Kala Drubiksa kuwi raja lelembut kang
ora nduweni trapsila, kabeh tumindake mujudake tumindak kang ora becik. Seneng
gawe geger tumrap uripe manungsa. Krungu critane wong sing manggon ing cedhake
kali ora gawe wedine Jaka Bahu, Dheweke tetep arep mbendung kali kramat. Ing
kratone ana salah siji prajurit sing laporan karo Kala Drubiksa menawa ana
salah siji jejaka kang gawe ontran-ontran ing kuta raja amarga wani mbendung
Kali Kramat. Kala Drubiksa durung percaya, kanggo nggenahake kabar mau dheweke
kongkonan prajurit liyane kanggo mastekake yen kabar mau bener.
Ora let suwe prajurite mau teka lan nglaporake yen pancen ana jejaka sing
lagi mbendung kali. Kala Drubiksa kang pancen beda alam karo Jaka Bahu ora
trima yen panggonane diorak-arik dheweke banjur ngongkon prajurite ngendhegake
pagaweyane Si Jaka Bahu. . Para prajurite dikumpulake ing alun-alun diwenehi
cara kanggo ngendhegage Jaka Bahu. Kala Drubiksa ngongkon prajurite
meden-medeni Jaka Bahu, prajurite dikongkon malih rupa dadi ula-ula gedhe.
Prajurite banjur padha mangkat menyang panggonane Jaka Bahu.
Jaka Bahu kang lagi gawe bendungan sanalika kaget weruh ula gedhe-gedhe
mau, ana salah sijine ula sing kandha marang Jaka Bahu, kandhane yen Jaka Bahu
pingin mbendung Kali Kramat kudu nyemplung dhisik ing tengahing puseran kali
mau. Jaka Bahu banjur nuruti kandhane ula mau, dheweke banjur nyemplung ing
Kali Kramat. Ing jero puseran jebule ora ana apa-apa, ing kono Jaka Bahu lagi
eling yen dheweke diapusi. Dheweke kepingin metu saka jero kali nanging angel
amarga ula-ula gedhe mau nggubet awake. Kanthi kasektene Jaka Bahu bisa ucul
saka gubetane ula mau lan mlumpat saka kali. Nanging tetep dioyak dening ula-ula mau ing pinggir
kali ula-ula mau padha nlgawan nanging bisa dikalahake dening Jaka Bahu.
Mundure para prajurite saya gawe abange kuping Si Kala Drubiksa. Kala
Drubiksa ora trima banjur menyat lan tandhang dhewe ngadhepi Jaka Bahu. Perange
Jaka Bahu karo Kala Drubiksa dadi prang sing gedhe. Wong loro padha sektine.
Ananging amerga Jaka Bahu wis entek
tenagane Jaka Bahu kalah, Jaka Bahu bisa dicekel dene Drubiksa kanthi digubet
nganggo buntute. Ora kalah pokal lan akal tenaga kang wis kari sithik
digunakake kanggo bisa ucul, akhire Jaka Bahu bisa ucul saka gubetane Kla
Drubiksa. Jaka Bahu banjur mlayu golek papan kanggo umpetan mulihake tenagane.
Kala Drubiksa sakprajurite ngoyak jaka Bahu nanging ora kecekel amarga Jaka
Bahu ndhelik Ana ing papan pandhelikane, Jaka Bahu mikir piye carane mateni
Kala Drubiksa. Dheweke banjur semedi, ing semedine ketemu karo adhine Kala
Drubiksa sing aran Drubiksawati. Kang pancen papan pandhelikane mau mujudake
kaputrene Drubiksawati. Saka panyawange Drubiksawati, banjur thukul rasa tresna
tumrap Jaka Bahu ing kono Jaka Bahu ditambani larane. Drubiksawati nyedhaki
Jaka lan kandha menawa dheweke tresna marang Jaka Bahu. Ngerti sing ngomong iku
adhine Kala Drubiksa, mula Jaka Bahu akal dheweketakon karo Drubiksawati carane
mateni Kala Drubiksa. Jaka Bahu banjur njaluk tulung marang Drubiksawati nggolekake wadine utawa
kalemahane Si Kala Drubiksa.
Drubiksawati nyaguhi nanging ana
sarat sing kudu dilakoni sarate yaiku Jaka Bahu kudu gelem nrima katresnane
Drubiksawati lan ora entuk mateni Kala Drubiksa. Jaka Bahu uga nyaguhi sarate
Drubiksawati..
Jaka Bahu banjur dicolongake pedhang Swedang kang dadi sumber kasektene Kala Drubiksa. Sakwise entuk
pedhang mau Jaka Bahu banjur mangkat maneh nggoleki Kala Drubiksa, ngrampungake
perange nglawan Kala Drubiksa. Sawise ketemu banjur perang maneh lan
bener, kanthi pedhang mau Kala Drubiksa
tenan kasil bisa dikalahake. Kala Drubiksa terus mlayu nganti tekan lor alas
Roban.
Ora mandheg tekan semono lelakone Jaka Bahu kanggo gawe kapoke Kala Drubiksa. Jaka Bahu ngoyak Kala Drubiksa
nganti kecekel, akhire banjur kecekel lan kadaden rundhingan utawa prajanjen
antarane wong loro mau ing kali kramat. Ing kono Kala Drubiksa ngakoni yen
kalah lan gelem ngabdi dadi kongkonane Jaka Bahu, Kala Drubiksa lan Jaka Bahu
banjur bali menyang Kali kramat ngrampungake
mbendung Kali Kramat.
Sawise tekan kali kramat Jaka Bahu kongkonan karo Kala Drubiksa
sakprajurite ngrewangi mbendung kali, nanging Kala Drubiksa ngingkari janjine
Dheweke ora gelem ngrewangi. Jaka Bahu banjur perang maneh Kala Drubiksa kalah
maneh lan njaluk rundhingan maneh ing pinggiring kali kang nikung. Asile
rundhingan mau, yaiku Kala Drubiksa ora bakal ngganggu maneh uripe manungsa.
Nanging Kala Drubiksa entuk njupuk jatah kanggo urip saka manungsa, ananging
sithik lan ora entuk ana kang mangerteni. Kajaba kuwi dheweke uga diwenehi
panggonan ing Alas Roban sisih lor kanggo papan uripe.
Saka kasile Jaka Bahu ngalahake raja lelembut mau, mula para warga padha
gawe slametan utawa sukuran. Sukuran kang gedhe merga bisa ngalahake Kala
Drubiksa lan sukuran amarga Dewi Drubiksawati dipekbojo dening Jaka Bahu. Dene wong-wong mengeti sukuran mau kanthi Lulumban. Mula saiki dadi salah
sawijining uapaca sakral Lomban ing tlatah kana. Sawise lelumban Jaka bahu
banjur nyelehake pedhang Swedang ing pinggiring kali kang nikung, papan kanggo
ngglethakake Pedhang mau diarani desa Klidang. Amarga asale saka Pedhang Swedang karo Kali Kramat.
F. Agustia ‘05
JARE NENG PEKALONGAN ORA ANA
KEBO LANANG
Dek biyen neng kampung nelayan desa Sigeseng ing
Pekalongan, ana petapa kang sakti mandra guna. Jenenge Ki Sadipo, dheweke wis
misuwur ahli nggawe prau. Ki Sadipo nduwe anak
lanang jenenge Joko Danu kang padha-padha saktine. Wiwit cilik Joko Danu
dilatih karo Ki Sadipo, kanthi padha saktine kaya bapake. Saknajan sakti Joko Danu diwejangi yen kesaktian mau ora kena dipamerake.
”Jaka, saiki kowe wis gedhe, kesaktianmu wis
sampurna. Nanging kowe kudu eling kabeh mau ora perlu dipamerake uripa kaya
wong lumrahe kaya masyarakat kene.” Ki
Sadipo menehi wejangan kanggo anake.
“Inggih bapa, kula mangertos. Sakmenika kula badhe
urip limrah kados masyarakat mriki”
Sakwijining dina, ki
Sadipo oleh pesenan prau saka Raja Galuh. Raja
kepingin banget nduwe prau gaweane Ki Sadipo. Krungu kabar mau Ki Sadipo bungah banget. Dheweke banjur
ngumpulake murid-muride.
“Murid-muridku, aku mau
oleh pesenan prau saka Raja Galuh. Sesuk esuk-esuk bareng-bareng golek kayu ing alas kana.”
“Inggih guru, ngenjing
saderenge fajar kita sedanten menyang alas. Saniki kula kaliyan rencang-rencang
badhe nyiapaken pirantinipun,” kandane
Basuki murid sing paling tuwa lan dipercaya dening Ki Sadipo
“Ya wis kana, sesuk tak
enteni ning prapatan desa.”
Esuk-esuk murid-muride wis ngenteni ning prapatan.
“Wah, wis teka kabeh ya? Ayo langsung mangkat wae
saiki,” direwangi muride Ki Sadipo
nggolek kayu neng alas. Sakwise tekan alas muride padha mencar golek kayu sing
apik.
Sasuwene anggone golek ora ana kayu kang
dikarepake. Banjur Ki Sadipo ngakon muride leren dhisik karo mangan sing mau digawa.
“Padha ngaso disik kene karo padha
mangan, during padha sarapan ta mau?”
Banjur murid-muride padha kumpul ing ngisor wit
pada lungguh neng suket.
“Lha Basuki neng ngendi kok ora ketok?”, pitakone
Ki Sadipo marang muride.
“Ngapunten guru, kadosipun taksih madosi kayu wau
liwat sisih wetan,” wangsulane muride.
“Tak golekane disik, kowe
kabeh ngenteni kene.”
Banjur Ki Sadipo lunga nggoleki muride, ing dalan
dheweke nemu kayu kang apik lan gedhe banget. Wektu dheweke isih ndelokake kayu
mau saka kadohan ana suwarane muride ngundang dheweke.
“Guru…!”, jebule Basuki.
“Aku nggoleki kowe mau, iki Bas aku wis nemu kayu
kanggo gawe prau. Apik tenan ta?”
“Nggih…, sae tenan!”
wangsulane Basuki kang mlongo weruh wit kang gedhe banget ana ing ngarepe.
“Heh…, malah nglamun, kana
undangen kanca-kancamu langsung ditegor wae!” Prentahe gurune marang Basuki.
Basuki lunga marani kancane, banjur bebarengan
tumuju ing wetan. Tekan kana langsung bareng-bareng nebang kayu. Sakwise
ditebang karepe arep langsung digawa bali maring ndesa. Nanging saking gedhene,
Ki Sadipo karo murid-muride ora kuwat nggotong kayu mau.
“Guru kajengipun abot sanget kadosipun mboten bakal
kiyat menawi digotong tiyang wolu.”
“Iya, pie yen njaluk tulung marang warga wae, kowe padha jaga ana kene aku
tak mulih dhisik.”
Ki Sadipo banjur bali
menyang desa neng alas mung ana murid-muride. Sakwise metu alas dheweke
langsung ngumpulake warga.
“Bapak-bapak, anggonku
ngumpulake sampeyan neng kene aku arep njaluk tulung kanggo nggotong kayu saka
alas. Kayune gedhe banget aku lan murid-muridku ora kuwat nggotong.”
Sakwise para warga wis
nyaguhi, Ki Sadipo lan rombongan bareng-bareng menyang alas arep gotongan.
Tekan alas Ki Sadepo kaget
lan kayune wis ora ana, salah sijine warga takon, “endi ki kayu kang arep
digotong, apa durung ditebang?” Ki
sadepo bingung olehe mangsuli “Mau ana ning kene saiki ora ana.”
Weruh gurune kang lagi bingung banjur muride
marani, “ngapunten guru, kala wau kajengipun sampun dipun betha kalih jaka danu
piyambakan.” Krungu kahanan mau Ki
Sadepo murka. Dheweke krasa dientengake anake. Jaka Danu dianggep sengaja pamer
kesaktian ing ngarepe murid-muride. Sakjane Ki Sadepo uga bisa nggotong kayu
dhewe, nanging dheweke luwih milih njaluk tulung warga. Ki Sadepo mung ora
kepengin pamer kasaktiyan neng ngarepe wong akeh. Ki Sadipo njaluk ngapura karo
warga kang wis adoh-adoh teka neng alas nanging kayune malah wis ora ana. Ki Sadepo karo rombongan banjur bali
ning kampung.
Neng tengah dalan dheweke pethukan karo Joko danu.
“Bapa, kayune sampun kula bekta wangsul,” kandhane
Jaka Danu.
Banjur Ki Sadepo isih murka banjur mangsuli, “anaku
kowe kuwat banget bisa nggawa kayu mau, pancen kowe perkasa kaya kebo.”
Dumadakan putrane malih dadi kebo. Weruh kahanan
mau warga lan muride kaget banget, nanging ora bisa apa-apa mung ndelokake Jaka
danu kang malih kaya siluman. Petapa
mau banjur ngakon kebo Danu lungo menyang alas.
“Danu kowe lancang nyepeleake pamelinge bapakmu,
saiki lunga saka papan kene. Uripa neng alas kono!”
Ngapunten Bapa, kula mboten….”
Durung rampung ngomong Ki Sadipo langsung nyela,
“kowe wis lali marang pamelingku, aku ora bisa apa-apa. Saiki kowe kudu lunga
saka kene!”
Sakjane Joko Danu abot
ninggalake bapake nanging dheweke tetep lungo kanggo nebus kesalahane. Dheweke
gelo banget, yen mau dheweke ngomong disik mesthi ora bakal dadi koyo ngene.
Joko Danu wis lali pamelinge bapake, saknajan dheweke sakti kudune ora perlu
mamerake kesaktiane.
Kuwi sebabe tekan saiki
ora ana kebo lanang neng desa Sigeseng, yen ana mesti bakal dadi mangsane kebo
Danu. Nanging kebo-kebo wedok ing dhaerah kono tetep bisa manak amarga ana kebo
siluman yaiku kebo Danu. Anak kebo sing lanang ugo dipangan karo kebo siluman
mau.
Wahyu
Arfina ‘05
JAKA POLENG
Ana wong nom bagus tur gagah, jenenge Laksito. Pegaweane tukang ngopeni jarane bupati Brebes. Kanjeng Bupati seneng karo
Laksito, wonge sregep lan resikan.
Saben esuk kaya biyasane, Laksito arep menyang sawah golek suket kanggo
pakane Genta, jarane Kanjeng Bupati.
“Bulik, nyong
ning sawah ndisit!” Laksito gemboran
pamit karo Bi Ojah, bature Kanjeng Bupati sing lagi uprak-uprek neng pawon.
”Iya cah bagus,
ati-ati ya!” bulikke mangsuli karo sibuk uprak-uprek,
ora nglinguk ndelokake Laksito lunga.
Nggawa arit lan karung, Laksito mlaku turut galeng sawah golet suket-suket sing ijo lan seger.
Barang tekan lapangan, dheweke mbatin, “Em... neng kene kyeh sukete ijo-ijo
nemen, Si Genta mesti dokoh mangane.”
Banjur Laksito langsung mbabadi suket-suket sing ana neng ngarepane.
Saknajan panas tetep dilakoni karo ngusapi keringet kang terus tumetes ing
batuke. Laksito ngumpulake suket nganti akeh.
Sawise oleh sekarung kebak, kaya biyasane dheweke ngasoh ing ngisore wit
gedhe. Karo ngombe banyu kendi sing digawa saka ngomah. Keringete gembrobyos
sekojur awak. Laksito leyeh-leyeh glelengan karo kipas-kipas ngangg godhong
sing tiba sing wit gedhe mau. Wektu Laksito lagi pan merem, dheweke weruh ula
poleng ana mahkota emas ning endase. Laksito kaget lan penasaran, dheweke ngetutake ula kang kalebu aneh mau. Laksito
mlaku alon-alon supaya ulane ora weruh. akhire ula mau mandeg neng rerungseban.
Banjur Laksito melu mandeg. Matane menteleng ndelokake ula poleng sing lagi
nglungsumi. Ora suwe, ula kuwe kulite
nglocop. Laksito marani panggonan mau sawise ulane lunga. Banjur bekas kulit
ula poleng mau dijukut Laksito. Laksito balik maning neng lapangan arep
nerusake gaweane. Dheweke kudu oleh rong karung kebek.
“Uh… wis kebak. Balik ah, wis ngelih,” kandhane Laksito karo naleni karunge. Laksito ngasoh maning sedelat, banjur dheweke balik.
“Uh… wis kebak. Balik ah, wis ngelih,” kandhane Laksito karo naleni karunge. Laksito ngasoh maning sedelat, banjur dheweke balik.
Tekan ngomah langsung ngundang bulikke, “Bulik, aku ngelih, Bulik, pan
mangan.”
“Lho, To, kowen ning endi?” Bulik Ojah gemboran kaget.
“Nyong nang ngiringane Bulik!” ujare Laksito eram.
“Aja guyonan lha, To.. Bulik ora weruh kowe neng kene. Kowe umpetan neng
ngendi,”
Bi Ojah rada kewedinan.
”Nyong neng kene, Bulik...” Laksito mangsuli karo nyekeli
tangane Bulik Ojah. Bulik Ojah kaget ora kira-kira wektu ngerasakna tangane ana
sing nyekeli nanging ora katon jruntunge. Bi Ojah langsung gemboran manjing
ning padepokane Kanjeng Bupati, wadul karo kanjenge.
Ora suwe, Bulik Ojah balik maning maring pawon karo Kanjeng Bupati.
“Neng endi, Bulik?” pitakone
Kanjeng Bupati penasaran karo ceritane Bulik Ojah.
”Ampun Kanjeng, suarane neng kene miki,”
Bulik Ojah nyoba kanggo njelasake maring Kanjeng Bupati.
“Laksito…! Kowen neng endi?” Kanjeng Bupati nggemboran ngundang Laksito.
“Ampun, Gusti Kanjeng, aku neng kene, neng ngiringane kanjeng bupati,” wangsulane Laksito.
”Lho lho lho, kok kowen ora katon?” kanjenge ya
dadi kaget nemen.
”Ampun, kanjeng aku ya ora ngerti,” wangsulane Laksito sing
melu bingung.
Gusti Kanjeng Bupati meneng sedelat, kaya lagi mikir.
”Ana kedadiyan apa sing kowen alami sedurunge kiye?” takone Gusti Bupati.
Laksito meneng sedelat, karo mikir.
“O iya, Gusti, mau waktu aku luruh suket neng sawah, aku
weruh ula poleng sing endase ana emase kemerlob repan nglungsum, tak gatekna
banjur tak jukut kulite,” Ceritane Laksito perkara kedadean ning sawah mau.
“O.. kaya kuwi, terus kulite neng endi?” pitakone Gusti
Kanjeng.
“Neng sak clanaku.”Sawise kulit kuwi ditakonake lan didokon neng meja, ujug-ujug awake Laksito katon. Kiye sing nggawe Bi Ojah sing mau meneng, dadi mundur kaget.
“Neng sak clanaku.”Sawise kulit kuwi ditakonake lan didokon neng meja, ujug-ujug awake Laksito katon. Kiye sing nggawe Bi Ojah sing mau meneng, dadi mundur kaget.
“Wah, Laksito, kowen wis katon,” Bi Ojah gemboran.
Laksito gemuyu, Gusti Kanjeng Bupati manthuk-manthuk ngerteni.
“To, kulit ulane tak simpen wae,” jare Gusti Kanjeng karo nuding kulit ula kuwi, menehi tandha karo Laksito kanggo dijukutna banjur diwenehake marang dheweke. Nanging alus-alusan Laksito nolak.
“To, kulit ulane tak simpen wae,” jare Gusti Kanjeng karo nuding kulit ula kuwi, menehi tandha karo Laksito kanggo dijukutna banjur diwenehake marang dheweke. Nanging alus-alusan Laksito nolak.
“Ampun, Gusti, kulit kiye ndeke
aku. “Pan nggo apa, To? Laka gunane dienggo kowen,” Gusti Bupati ngrayu
Laksito.
“Ampun, Gusti. Merga iki sing nemu aku, dadi ya aku pengen tak simpen,” wangsulane Laksito.
“Ampun, Gusti. Merga iki sing nemu aku, dadi ya aku pengen tak simpen,” wangsulane Laksito.
“Laka gunane ning kowen, cepet wekena aku!” kanjenge gemboran maksa ning Laksito.
“Ampun, Gusti, hamba ora bisa.,” Laksito tetep teteg.
Sakteruse Gusti Bupati karo Laksito rebutan. Lantaran Laksito wedi benda
kuwe bakal kecekel karo bupatine, Laksito cepet-cepet manjingna benda kuwe neng
cangkeme, lan ora sengaja kulit ula mau keuntal.
Gusti Bupati mung bisa nahan emosine, weruh Laksito ngeleg kulit ula. Saka sethithik awake Laksito ngilang.
Gusti Bupati mung bisa nahan emosine, weruh Laksito ngeleg kulit ula. Saka sethithik awake Laksito ngilang.
“Maapna aku Gusti, wis
wani karo Gusti,” ujare Laksito
lirih. Bupati ngunjal ambegan.
“Aku nyesel wis maksa kowen, Laksito. Sebenere memang
kuwe hake kowen, nanging aku maksa, dadi akhire kaya kiye, aku nyesel. Maapna
aku, Laksito.”
Bupatine nyesel. Banjur bupatine nglanjutna ngomong,
“Kiye mungkin wis dakdire kowen. Laksito, kowen wujude wis laka. Aku njaluk
tulung karo kowen jagakake rakyate aku sing neng rakyat Brebes. Kowen nesih
jejaka lan mangan kulit ula poleng, dadi saiki kowen tak arani Jaka Poleng.”
Ita Dwiyatin ‘05
Tidak ada komentar:
Posting Komentar