Breaking

Selasa, Mei 16, 2017

TEMBUNG RANGKEP

Tembung Rangkep
Tembung Rangkep yaiku sakabehing tembung sing diwaca kaping pindho, bisa sakabehing tembung utawa mung sawanda wae. Tembung rangkep ing basa indonesia diarani kata ulang.
Tembung rangkep ana telung werna, yaiku: 
1. Tembung dwilingga, yaiku tembung-tembung sing diwaca kaping pindho kabeh linggane.
Dwilingga padha swara


Guru-guru
Bapak-bapak
Bocah-bocah
Omah-omah
Dwilingga salin swara
Mloka-mlaku
Mrana-mrene
Wira-wiri
Nongas-nangis
Dwilingga semu
Ondhe-ondhe
Untir-untir
Anggang-anggang
Andheng-andheng
2. Tembung dwipurwa, yaiku tembung-tembung sing diwaca kaping pindho mung wanda sing ngarep.
Tuladha:
Dedunung
Jejupuk
Lelumpuk
leluri
3. Tembung dwiwasana, yaiku tembung-tembung sing diwaca kaping pindho mung wanda sing mburi.
Tuladha:
Cekakak
Cekikik
Cengenges
Celuluk

Sumber: Daryanto. S.S. Kawruh Bahasa Jawa Pepak. Surabaya: APOLLO LESTARI.



Tidak ada komentar: