Breaking

Minggu, Februari 05, 2012

dongeng kedu


KAMANDAKA
( LUTUNG KASARUNG )

Ing Jawa Barat, abad 14 taun 1482 – 1579 Prabu Siliwangi dadi panguwasa Keraton Pajajaran Sri Baduga Raja, gelare. Keraton Pajajaran kagolong keraton Hindhu sing kuwat banget, saengga Patih Gajah sing saka Keraton Majapait angel nguwasani keraton Pajajaran. Keroton Majapait bisa ngembangake tlatahe nganthi tekan Malaka. Saengga tlatah keraton Majapait lan keraton Pajajaran wawatesan karo Kebumen yakuwi kali Luk Ulo sing dadi watese. Kuwi kabeh dadikake guwa Jatijajar mlebu tlatah keraton Pajajaran.
Prabu Siliwangi duwe anak lanang telu lan anak wadon siji, saka praweswari loro yakuwi Banyak Cotro, Banyak Ngampar, Banyak Blabar lan Dewi Pamungkas.
Amarga wis tuwa, Prabu Siliwangi duwe maksud ngangkat Banyak Cotro dadi raja Ing Pajajaran. Nanging yen Banyak Cotro ngrasa yen dheweke  durung akeh duwe kapinteran lan durung duwe bojo, saengga dheweke njaluk wektu kanggo nggoleki bocah wadon sing bakal dadi calon bojone. Banyak Cotro gelem omah – omah yen karo bocah wadon sing ayune padha karo ibune, banjur dheweke lunga saka Keraton Pajajaran awit nggoleki bocah wadon sing bakal dadi bojone. Banyak Cotro entuk welingan saka Resi Ki Ajar Wirangrong ing gunung Tangkuban Perahu yaiku supaya lunga menyang kadipaten Pasirluhur sisih wetan.
Banyak Cotro kudu nyamar lan ngaganti jenenge dadi R. Kamandaka sarta kudu nganggo klambine wong cilik. Banyak Cotro tekan ing Pasirluhur, dumadakan papasan karo Ki Reksonoto. Amarga wis tuwa lan ora duwe anak dheweke  tresna banget marang R. Kamandaka awit kapinterane lan rupane sing bagus banget.
Nalika Pasirluhur diparentah karo Adipati Kandadoho sing duwe anak wadon, kabehe wis padha omah–omah. Nanging sing ragil durung omah–omah Dewi Ciptoroso, jenenge. Dumadakan R. Kamandaka karo Dewi Ciptoroso lan tresna banget marang dheweke. R. Kamandaka lan Dewi Ciptoroso ngumpetake sesambungan kuwi marang sapa bae.
Nalika R. Kamandaka arep nemuni Dewi Ciptoroso malah ora sida awit Jagasura kaputren ngerti yen ana wong mlebu kaputren, saengga kaputren dikepung lan R. Kamandaka kacekel. R. Kamandaka ora wedi lan bisa lolos saka Jagasura Pasirluhur awit kasaktiane lan katangkasane. Sadurunge ninggalake kaputren, R. Kamandaka ngenalake awake dhewe yen dheweke kuwi anake Ki Reksonoto. Kadadeyan kuwi gawe abang kupinge Sang Adapati, banjur Patih Reksonoto digoleki supaya bisa nangkep R. Kamandaka lan njelasake nganthi cetha prekara sing digawe putrane. Jagasura gage nggoleki Ki Reksonoto lan dicekel. Kajaba katresnane Ki Reksonoto marang putra angkate, R. Kamandaka diculake. Kanggo ngindari sujane Adipati, Ki Reksonoto ngapusi yen R. Kamandaka wis mati. Kosok baline Dewi Ciptoroso kuciwa lan sedhih banget krungu kabar sing mangkono kuwi.
Neng lakune R. Kamandaka ketemu karo wong sing gaweane mancing iwak Reka Jaya, jenenge. Wong loro mau kekonconan apik lan mutusake netep ing desa Paniagih. Neng kana R. Kamandaka urip karo Mbok Kertosura, wong sing gelem ngopeni lan ngangkat dadi anake. Kanggo nambani larane, R. Kamandaka nglakokake adu pitik. Asile adu pitik mau digunakake R. Kamandaka kanggo mbangun desa Paniagih lan desa Paniagih diganti jenenge dadi desa Sugihan.
Nalika R. Kamandaka menang adu pitik dadikake dheweke diwanuhi wong – wong. Saengga Adipati Pasirluhur  ngerti yen kasunyatane R. Kamandaka isih urip. Banjur Adipati Pasirluhur mrentahake supaya  R. Kamandaka dicekel. Dumadakan ana pemudha bagus Silihwarni, jenenge sing arep ngabdi marang Adipati Pasirluhur lan Adipati ngabulake panjalukane Silihwarni mau. Silihwarni langsung dikongkon nyekel R. Kamandaka urip – urip utawa mati.
Kasunyatane Silihwarni kuwi Banyak Ngampar putrane Prabu Siliwangi sing ke loro. Banyak Ngampar utawa Silihwarni lagi duwe kuwajiban nggoleki kakange yakuwi Banyak Cotro. Kanggo ngadhepi mutawir neng dalan, dheweke diwenehi pusaka Pajajaran.  Kujang Pamungkas. Silihwarni nggoleki R. Kamandaka karo ditutake Jagasura nganthi tekan desa Karangluas, panggonan kanggo adu pitik. Neng kana dheweke ketemu karo R. Kamandaka. Kasunyatane R. Kamandaka nganthi ora eling lan metingake Silihwarni yen awake arep ana mutawir sing wigati. Dheweke lena saengga keris Kujang Pamungkas kena lambunge sisih kiwa. Nanging R. Kamandaka bisa nrobos lan lolos saengga desane kuwi dijenengi desa Brobosan. Ing desa liyane R. Kamandaka leren sedhela, amarga getihe saya nrocos banter saengga desa kuwi dijenengi desa Bancaran.
Ora kenyana R. Kamandaka ngadhepi dalan sing buntu lan panggonan kuwi diwenehi jeneng desa Buntu ( mangkana sing dadi simpangane Kroya – Maos – Purwokerto – Kebumen ). Silihwarni tetep ngoyak R. Kamandaka nganthi R. Kamandaka nemukake guwa lan banjur mlebu umpetan ana jerone. Neng ngarep guwa kuwi Silihwarni nantang R. Kamandaka tanding.
Amarga kuwi kabeh R. Kamandaka dadi ngenalake awake dhewe lan Silihwarni ngerthi yen R. Kamandaka kakange sing lagi digoleki. Banjur Silihwarni mateni asu lan dijupuk getihe. Getihe kuwi diwenehake Sang Adipati Pasirluhur kanggo bukti yen R. Kamandaka wis mati neng tangane. Sadurunge R. Kamandaka lan Silihwarni ninggalake guwa kuwi, sempet nandur wit jati jejer – jejer pas neng ngarep guwa, saengga guwa kuwi diwenehi jeneng guwa Jitijajar.
R. Kamandaka bali ing Pajajaran karo ngajak Reka Jaya, kancane. Nanging sawise tekan Pajajaran dheweke njaluk restu ngembara maneh kanggo nggoleki bocah wadon sing ditresnani. R. Kamandaka lunga maneh neng Pasirluhur lan sadurunge mangkat R. Kamandaka tapa neng guwa panggonane ngumpet sawektu digoleki Silihwarni biyen. R. Kamandaka entuk kanugrahan saka Resi supaya nggoleki klambi lutung supaya bisa ketemu karo Dewi Ciptoroso. R. Kamandaka diutus tapa neng alas Batur Agung. Banjur R. Kamandaka dadi lutung lan urip neng alas kuwi. Karo Reka Jaya dheweke aweh klambi keblak (lawa gedhe ). Keblak kuwi diparentah supaya bapake mlebu ing alas lan yen mengko ketemu lutung supaya dicekel banjur diopeni. Awit lutung kuwi sing bakal bisa nemukake Dewi Ciptoroso karo R. Kamandaka.
Krungu sing mangkono kuwi atine Dewi Ciptoroso ngrasa seneng lan dheweke nglakokake wejangane kuwi kabeh. Dewi Ciptoroso ngomong marang bapake yen panjaluke mau kuwi kudu dituruti. Adipati langsung mlebu ing alas Batur Agung banjur ketemu karo lutung sing manutan. Dumadakan Reka Jaya ngaku – ngaku yen lutung kuwi duweke. Reka Jaya njaluk supaya bisa melu ngopeni lutung kuwi. Adipati ngabulake panjaluke Reka Jaya mau nanging ana wewaton, yen lutung kuwi entuk di krangkeng nanging kudu bisa bebas obah. Wewaton kuwi disepakati, banjur lutung digawa lan diopeni marang Dewi Ciptoroso. Kasunyatane lutung kuwi yaiku R. Kamandaka yen wengine bisa njelma dadi wong nanging yen awane bisa njelma dadi lutung maneh.
Sasuwene kuwi akeh putra–putra Raja sing tresna marang Dewi Ciptoroso, nanging dheweke ora gelem. Ana salah sawijining putra raja Prabu Pulebahas, jenenge tresna banget lan kudu entuk Dewi Ciptoroso. Dewi Ciptoroso krungu lan tetep ora gelem, nanging lutunge nyetujuni yen Dewi Ciptoroso kudu nrima Prabu Pulebahas. Ora segampang kuwi, Prabu Pulebahas kudu ngentuke yen lutung entuk melu terus ana sisihe Dewi Ciptoroso. Amarga Prabu Pulebahas ngancem, yen ora ditampa arep ngrubuhake kadipaten Pasirluhur. Krungu mangkono, Dewi Ciptoroso nyetujuni kekarepane Prabu Pulebahas.
Wektu sing dikarepake Prabu Pulebahas wis teka. Banjur Dewi Ciptoroso ketemu karo Prabu Pulebahas, suasanane ora ngenaki banget. Amarga lutunge malah ngribeti lan langsung gawe abang kupinge. Lutung kuwi digebug lan ora kenyana lutung malah luwih pinter. Prabu Pulebahas kalah lan langsung ambruk neng lemah. Prabu Pulebahas mati banjur lutung kasarung njelma maneh dadi R. Kamandaka lan nggunakake klambi keraton Pajajaran. Saengga Adipati Pasirluhur ngerti mangkono yen lutung kasarung yakuwi Putra Mahkota keraton Pajajaran. Banjur Adipati Pasirluhur sarujuk marang sesambungane Dewi Ciptoroso karo R. Kamandaka sarta ngangkat dadi Adipati Pasirluhur.
Cah C ‘05

WATU GODEG

(Sida Sari)

Watu Godeg, ngono masyarakat Desa Tawangsari Kecamatan Tretep Kabupaten Temanggung menehi jeneng watu sing kaanggep keramat. Ing desa Tawangsari iki akeh petilasan jaman perang Diponegoro sakawit ngendikane para sesepuh desa iki mapan ing pereng Gunung Prau, adoh saka kutha, didadekake papan pengumpetan prajurit kanggo nyusun kekuwatan perang nglawan penjajah walanda. Ing papan kono uga ana curug sing banyune ajeg ora nate asad, diduga biyen minangka sumber banyu pangiripan laskar-laskare Kyai Suradipo. Mula kawasan iki saiki  dadi obyek wisata Curug Surodipo utawa Curuk Trocoh (terus mili) sing wis karintis pangembangane dening Dinas Pariwisata kabupaten Temanggung.
Petilasan arupa watu altar ing kompleks Curuk Surodipo sing kusebut watu Godek iki manut ceritane, biyen papane Kyai Surodipo ngobati para prajurit andhahane sing nandhang lara utawa kena gegaman sajroning paperangan. Ora mung andhahane wae sing ditambani, nanging kabeh masyarakat sing mara mertamba uga ditambani. Sinambi ngusadani wong lara, kyai Suradipo kang uga panglima perang kuwi uga nyiarake agama islam kanggo nguwatake iman warganing masyarakat sing lagi dikuwasani penjajah.
Nganti tekan saiki Watu Godeg isih dipercaya duwe daya magis, ana misteri alam gaib sing ora bisa kawiyak. Upamane kadhang-kadhang isih keprungu swara wong tabuhan lesung (jaman biyen wong nutu pari ing lesung), swara rame-rame kaya pating slerang prajurit perang, lan kadhangkala ana cahya cumlorot saka langit tumuju nyang sakiwa tengene watu Godek. Apa kuwi halusinasi , nanging kok ora mung wong siji loro sing ngerti lan weruh dhewe.
Klebu wektu kapungkur sajroning setengah sasi ana piring terbang sing mabur ngubengi bukti-bukit Gunung Prau ing wayah ngarepake maghrib. Wewujudan bunder ceper kaya piring nanging mawa cahya iku yen wis mabur mubeng banjur mingslep ing kawasan petilasane Surodipo. Uwal saka bab-bab kang asipat metafisika mau, curug surodipo utawa curug trocoh pancen nyimpen kaendahan alam kang pinujul.

Cah C ‘05


















JUMPRIT
(Zaitun)

            Jumprit yaiku panggonan kang dianggep kramat kanggone uwong sing ana ing daerah Temanggung lan sekitare. jumprit iki ana ing sisih kulon kutha Temanggung. Miturut wong-wong sekitar kono, Jumprit iki dadi panggon uripe Kyai Nujum Majapahit nganti sedane lan dimakamke ana kana uga.
            Ana jumprit iki akeh kewan-kewan kang padha urip ana kana. Jumprit iki uga dadi panggonan utawa petilasane Kyai Nujum Majapahit. Kyai Nujum Majapahit iki gawe panutan marang wong-wong kang ana ing sekitar kana. Petilasan lan urip kang dilakoni Kyai Nujum Majapahit iki di tiru karo wong-wong kang ana ing sekitar kana. Awite petilasan Kyai Nujum Mjapahit kui dianggep bisa gawe sugih utawa bisa kanggo golek berkah kanthi semedi ana kana. Sakdurunge semedi, Kyai Nujum Majapahit adus ana ing tok kang ana ing kali progo cedak petilasane kui.
Ana ing sawijining dina, Kyai Nujum Majapahit kang digawe panutan marang wong-wong sekitar kana seda lan dimakamke ana ing kana uga. Wong-wong pada bingung amarga wis ora ana kang bisa dipanuti kanggo golek berkah, mula wong-wong kana pada bingung kepiye carane ben panggonan kuwi tetep bisa digawe panggonan kang bisa dinggo golek berkah. Mula wong-wong kui padha gawe gapuro kanggo dalan mlebu ana guwo utawa makam petilasan, lan gapuro kuwi bisa kanggo tandha anane berkah ana ing makam kui kanggone wong-wong kang durung ngerti panggonan kuwi mau.
Nganti tekan sakiki panggonan kuwi tetep dinggo golek berkah marang uwong kang padha percaya utawa yakin marang crita Kyai Nujum Majapahit kui. Wong-wong padha moro lan nglakoni padha karo sing dilakoni marang Kyai Nujum Majapahit. Sakdurunge semedi ana gua utawa makam, wong-wong pada kungkum ana ing tok kali progo (umbul Jumptrit) sing ana ing lokasi kana. Banyune bening lan di yakini bisa kanggo tamba uwong kang duwe mala. Akeh uwong kang pada jupuk banyu kuwi kanggo nambani sedulur-sedulure kang ora duwe dhuwit kanggo tuku tamba.

Cah C ‘05










Tidak ada komentar: