Breaking

Sabtu, Februari 04, 2012

DONGENG SEMARANG

                                                                      MRAPEN 
Mrapen sakwijining desa sing ombone 8600 m2, klagungane Ibu Parminah (alm). Panggonane ing pinggiring dalan gedhe Semarang-Purwodadi yaiku 36 km saka Semarang sing kalebu ing wilayah desa Manggar Mas Kecamatam Godhong Kabupaten Brobogan Jawa Tengah. Ditemokake karo rombongan sing nggowo piranti-piranti pusaka tinggalane kerajaan Majapahit arep nyang Demak. Nalika pemerintahan Prabu Brawijaya V, Majapahit Runtuk kira-kira taun 1478 M. Sawijining sebabe yaiku anane serangan saka Prabu Girindrawardhana saka Keling Kediri. Sakbubare iku Majapahit bisa dikuasai Kerajaan Demak Bintoro sahingga Demak Bintoro njupuk piranti-piranti pusaka saking Majapahit digawa nyang Demak Bintoro, rombongan iku dipimpin dening Sunan Kalijaga. Nalika rombongan nembe ngaso akeh sing padha kesel, ngelih (luwe) lan ngelak.
Ora suwe rombongan padha masak amarga bahan pangan sing digawa saka Majapahit iseh akeh nanging merga adoh saka omahe penduduk mula ora ana geni utawa banyu resik. Sunan Kalijaga bebarengan karo rombongan padha ndonga nyuwun marang Gusti Allah SWT supaya oleh geni utawa banyu. Sabubare ndonga, Sunan Kalijaga jumeneng karo nancepake kayu nang lemah, sanalika kayu dicabut geni bisa metu saka lemah iku. Sakbubare iku Sunan Kalijaga mlaku tumuju wetan nancepake kayune, nalika dicabut ana banyu sing nyembur. Rombongan pada seneng saknalika banyu lan geni iku digunakake kanggo masak. Sawijining pirang-pirang dina saka iku Sunan Kalijaga karo rombongan arep bali nyang Demak, nanging sakwijining prajurit nggremeng amarga piranti sing digawa iku abot lan ora ana sing bisa kuat ngangkat/nggawa. Piranti iki awujud “UMPAK” kanggo landasan cagak (tiang). Amarga abot banjur ora digawa, Sunan Kalijaga ndawuhi yen piranti iku ditinggal wae nang kana, tumekan saiki piranti iku diarani “WATU BOBOT” artine watu sing abot. Sakwise tumeka ing Demak, Sunan Kalijaga ngutus Empu Supa kanggo nggoleki Rayine yaiku Dewi Rosowulan sing lagi “Tapa Ngidang” (tanpa busana). Amarga wujude kaya kidang, Dewi Rosowulan ora bisa digawa bali nyang Demak. Banjur Sunan Kalijaga maringaken cinde, nganggo cinde iku Dewi Rosowulan bisa digawa bali nyang Demak. Amarga Empu Supa bisa digawa bali Dewi Rosowulan, banjur Empu Supa dikawinke karo Dewi Rosowulan. Ananging sakdurunge kawin, Sunan Kalijaga njaluk digawekake keris dening Empu Supa sing digawe ing panggonan sing wis ana geni kanggo mbakar, ana banyu kanggo nyepuh, lan ana watu kanggo landasan supaya bisa dithuthuk. Empu Supa banjur budhal menyang panggonan mau lan nggawe keris kaya panyuwune Sunan Kalijaga. Keris iku diarani keris Kyai Sengkelet (Kyai Slamet). Keris iku digawe ora nganggo palu nanging dithuthuki nganggo tangan, sakwise keris banjur dicelupake nyang Sendhang. Saknalika banyu sendhang sing asale bening dadi buthek. Sendhang iku diarani “Sendhang Dudo” amarga banyune iku katon umeb sing disebabke ana gas sing metu saka sumur. Sakwise ngrampungake tugas, Empu Supa banjur dikawinke karo Dewi Rosowulan. Amarga keris gaweane Empu Supa iku dianggep sekti lan nduweni kekuwatan, Empu Supa banjur diwenehi tugas saka Sultan Demak kanggo nggawe pusaka lan mrapen didadekake pusat pagaweyan mau. Yani Herawati ‘05 NYAI DHAPU Nalika jaman rumiyin kitha Semarang dipunasta dening Ki Ageng Pandanaran II wekdal semanten penyebaran agami Islam nembe majeng- majengipun. Sesampunipun tumut anggenipun ngasta bupati ing Semarang saha dipunraos sampun kathah anggenipun necep ajaran agami Islam, Ki Ageng Pandanaran II lajeng ngersakaken lereh kawibawaan. Ki Ageng Pandanaran II lajeng jengkar nilar kitha Semarang tindak wonten Tembayat (Bayat) laladan Klaten, kanthi mboten pamitan kaliyan para kulawarganipun. Nyai Ageng Pandanaran sasampunipun mengertos menawi katilar dening ingkang raka, lajeng nusul Ki Ageng Pandanaran II wonten ing Tembayat. Ki Ageng Pandanaran II lajeng katelah nama Sunan Bayat, ngantos dumugi sasedanipun ugi lajeng dipunsarekaken wonten ing Bayat. Ki Ageng Pandanaran taksih nilar adik pawestri ingkang naminipun Ni Pandhansari, ingkang ugi nusul tindakipun Ki Ageng Pandanaran, kanthi dipundherekaken abdi kekaleh ingkang nama Ki Wonobodro lan Ki Wonosari. Wonten ing margi Ni Pandhansari sapandherek miring pawartos bilih ing sakidul kilenipun kitha Semarang wonten satunggaling paguron agami ingkang misuwur, dipunsesepuhi dening Ki Jiwaraga dene papan dunungipun wonten ing dhusun Blimbing, sakidulipun dhusun Boja. Ni Pandhansari lajeng tindak dhateng dhusun kasebut, ananging nyatanipun boten pinanggih kaliyan Ki Ageng Pandanaran. Ni Pandhansari saabdinipun lajeng dados muridipun Kyai Jiwaraga. Ni P andhansari menika sawijining Kenya remaja ing luhur budinipun tur sulistya ing warni. Kathah para mudha ingkang sami gandrung lan ngaturaken panglamar dhateng Kyai Jiwaraga temtu kemawon panglamar menika amargi Ni Pandhansari taksih kepengin nambah ngelmunipun. Satungaling dinten Ni Pandhansari kepengin mirsani pategilan ingkang kathah sekaripun. Gandeng pategilang menika kathah sekaripun lajeng dipunwastani Tegal Sekaran. Wonten ing mriku Ni Pandansari asring ngawontenaken sayembara ingkang antawisipun mekaten:”sing sapa bisa nyipta sumbering toya, bakal antuk nugroho” kathah para siswa ingkang nyobi nanging mboten wonten ingkang mboten saget. Wusananipun Ni Pandhansari lajeng nyabut cisipun ketancepaken ing siti, saknalika siti medal toyanipun dados sum ber. Sumber menika dipunwastani sendhang sebrayat, toya sendhang menika pranyata ageng sanget paedahipun tumraping masyarakat dusun Boja. Saklajengipun siti tegal sekaran menika kanthi wontenipun toya sendhang sebrayut dipunolah dados pasabinan ingkang subur sanget. Mboten antawis dangu Kyai Jiwa Raga nampi siswa ingkang saking Cirebon asmanipun Ki Dapuraja. Pramila dangu- dangu Ki Dapuraja tuwoh raos tresnanipun dhateng Ni Pandhansari. Sesampunipun krami, Ki Dapuraja kepengin gegriya piyambak. Wiwit dedalem wonten ing dhusun Boja menika, Ni Pandhansari lajeng dipunsebat Nyai Dapurojo utawi Nyai Dapu, dene Ki Dapurojo ugi kasebat Kyai Dapurojo utawi Kyai Dapu. Kangge nyekapi kabetahaning agesang, Nyai Dapu lajeng matur dumateng Kyai Dapu supados dipundamelaken ilen- ilen toya, nanging Kyai Dapu mboten saget. Wusana Nyai Dapu lajeng nyali rani piyambak, caranipun inggih menika kanthi nggeret setagenipun saking sendang sebrayut ngantos dumugi dalemipun, ingkang dipunwastani saluran Sidapu. Asmanipun Nyaio Dapu angambar arum ngantos kawenatr dumugi dusun- dusun tlatah sanes, sedaya sami asung pakurmatan dumateng Nyai Dapu. Menika dadosaken lingsemipun Kyai Dapu lajeng piyambakipun kesah saking dusun Boja nilar Nyai Dapu. Sakderengipun Kyai Dapu kesah Nyai Dapu kagungan panyuwun supados Kyai Dapu kerso nancepaken toya ingkang benter. Dene Nyai Dapu ugi lajeng nancepaken cisipun wonten siti sacelakipun lan ngedalaken toya ingkang asrep. Papan menika lajeng katelah pasinan utawi masinan. Kyai Dapu lajeng tindak nilar Nyai Dapu, tindakipun dating kaliputih. Kyai Dapu manggen ing dhusun kasebat ngantos dumugi sedanipun. Panggenan palereman igi pasareyanipun Kyai Dapu katelah dusun Kalidapu. Sakpengkeripun Kyai Dapu, Nyai Dapu nglajengaken anggenipun mbangun dusun Boja pramila kanthi rancak, dhusun Boja dados majeng, rame. Nyai Dapu ingkang dados rondo badhe dipungarwo kaliyan Ki Wonosari abdeniupun. Nanging Nyai Dapu mboten kersa nampi, malah dadosaken dukanipun. Ki Wonosari katundung kesah, jalaran Nyai Dapu dipunanggep ngeridu anggenipun badhe mbangun dhusun Boja. Ki Wonobodro inggih menika abdi ingkang satunggalipun gadah putra jaler. Saklajengipun putranipun Ki Wonobodro mbiyantu Nyai Dapu anggenipun mbangun dhusun Boja. Piyambakipun dados lurah Boja, lan katelah nama Kyai Boja. Kajawi dados abdinipun Nyai Dapu, Kyai Boja ugi kapundutr garwo Nyai dening Nyai Dapu. Ananging kangge njagi arum asmanipun Nyai Dapu, pramila Kyai Boja tetep kasebat abdi kinasih. Ing wusono sedoyo sami sedo wonten ing Boja kang kasarekaken wonten ing Boja. Pasareyanipun Nyai Dapu wonten ing sisih ler, dene Kyai Boja wonten ing sisih kidul. Dening pasareyanipun Ki Wonobodro wonten ing sandingipun Nyai Dapu dumunung ing sakwejening pager tembok. Miturut prasajaning sifat pribadinipun Kyai Boja, ngantos sapriki makamipun mboten kersa dipun bangun sae, cekap kados makam- makam umum nedahaken pribadinipun Kyai Boja ingkang merakyat. Kangge ngemut- ngemut jasa perjuanganipun Nyai Dapu tumrap masyarakat ing dhusun Boja, lan ugi kangge ngurmati agunging asmanipun. Ing saben taun inggih menika katiti tanggal 7 wulan syawal dipunwonteni Merthi dhusun lan syawalan. Sakderengipun Kyai Dapu kesah Nyai Dapu kagungan panyuwun supados Kyai Dapu kerso nancepaken toya ingkang benter. Dene Nyai Dapu ugi lajeng nancepaken cisipun wonten siti sacelakipun lan ngedalaken toya ingkang asrep. Papan menika lajeng katelah pasinan utawi masinan. Rina ‘05 Ki Ageng Pandanaran Crita iki diwiwiti saka Kerajaan Demak Bintara, kerajaan Islam sing sepisan neng tlatah Jawa, rajane jenenge Raden Patah. Dheweke keturunan Brawijaya sing omah-omah karo putri Tiongkok. Merga tlaten dheweke bisa mbangun krajaane sing ndadekake rakyate urip makmur lan bias tentrem anggone nglakoni ibadah agamane. Sawise Raden Patah seda, mula sing nggenteni dadi raja ora liya anak mbarepe sing jenenge Pangeran Sepuh utawa Pangeran Sepuh Sabrang Lor. Pangeran iki duwe anak lanang jenenge Pangeran Made Pandan lan dikarepake sing bakal nggenteni dheweke. Nanging, apa sing dikarepake dening Pangeran Sepuh Sabrang Lor ora bakal kawujud, merga Pangeran Made Pandan ora gelem dadi Sultan. Dheweke kepengin dadi ulama gedhe lan nyepi arep nglakoni tapa, uga ngangsu kawruh bab agama. Dhek bapake seda, kuwasane diwenehake marang Paklike, Raden Trenggana diangkat dadi Sultan Demak ketelu. Pangeran Made Pandan banjur ninggalake Kasultanan Demak lan ngumbara nuju arah Kidul sig ora bakal dingerteni dening sedulur Kasultanan. Sajroning pangumbaran, dheweke mesthi ngajarake lan ngangsu kawruh bab agama Islam. Saya suwe anggone mlaku, lan ora dirasa dheweke wis tekan ing sawijining panggonan sing diarani Bergota. Neng panggonan iku, dheweke ngedegake pondho-pondhok pesantren kanggho para pandhereke kanggo ngangsu kawruh lan nyebarake agama Islam. Kanthi sarujuke Sultan Demak, Pangeran Made Pandan mbukak alas anyar lab ngedegake omah uga gawe kampung. Ngelingi alas mau akeh wit asem arang-arang, tegese asem sing jarake adoh-adoh, mula diarani Semarang (asale saka tembung asem “asam”, lan arang “jarang”). Merga tlaten lan sabar anggone mulang warga bab agama, Pangeran Made Pandan banjur kesuwur kanthi paraban Ki Ageng Pandanaran. Banjur dheweke ngedegake Kabupaten Semarang sing diestoni dening Sultan Demak lan Ki Ageng Pandanaran diangkat dadi bupati sing sepisanan ing Semarang. Dheweke nglakoni pamarentahan kanthi wicaksana lan tlaten. Ki Ageng Pandanaran duwe anak sing uga kesuwur kanthi paraban Ki Ageng Pandanaran. Pungkasane, Bupati Pandanaran (Pangeran Made Pandan) tilar donya. Lan disarekake ig Pegunungan Pakis Aji (Telomoyo) sing manggon ing sisih wetan Bergota. Ki Ageng Pandanaran nggantekake kalungguhane bupati Semarang merga saka warisane jenate bapake. Dheweke mimpin Pamarentahan kanthi apik lan mesthi manut karo ajaran-ajaran Islam kaya dene jenate bapake. Nanging suwe-suwe ana owah-owahan. Dheweke sing maune apikan aten iku saiki wis malih dadi luntur. Tughas-tugas pamarentah sing maune digarap nganti rampung lan tumata kanthi thirik-thirik, saiki wis wiwit kerep ora digubres lan digarap, apa maneh pondhok-pondhok pesantrene lan panggonan kanggo ngibadah sing wis wiwit ora dirumat maneh. Nanging bejane sing kaya mangkono mau nuli dimangerteni dening Sultan Bintara, mula oa dadi kedarung-darung tekan ngendi-endi. Sultan Demak ngupayakake kanggo nginsyafke Ki Ageng Pandanaran kanthi prantaran utusane, nanging kekarepane Sultan Demak ora diwangsuli nanging malah diece entek-entekan. Ngerteni kahanan sing kaya mangkono, mula Sultan Demak nganakake rembugan gedhen sing bakal ditekani dening para pejabat lan tokoh agama, ing antarane para Walisanga. Kanggo ngemban tugas kuwi, diputuske yen sunan Kalijaga ditunjuk dadi utusan Sultan Demak. Sunan kalijaga nyamar dadi tukang suket sing nawakake dagangan sukete neng plataran Kabupaten Semarang kanggo pakan jaran piyaraane. Sawise suket mau dituku, banjur dibongkar dening tukang jaran sing pranyata ing jerone mau ditemokake emas sakepel sing pating kumeclap. Emas sakepel mau banjur diakoni dening sang bupati dadi duweke. Kahanan kaya mangkono iku kedadeyan nganti ping pirang-pirang nganti emas sing ditampa yen dijumlahke wis mesthi akeh banget lan samsaya srakah lan tamak bae bupati mau. Nalika tukang mau ngandhakake marang sang bupati ngenani emas sakepel mau nanging kasunyatane ora diakoni yen dhewee nympen emas duweke tukang suket. Mula si tukang suket mau meneng sedhela ndonga marang Gusti kang Murbng Dumadi supaya diwenehi pituduh lan dalan kanggo nakluke sag bupati Semarang tanpa mancing tukaran utawa padudon. Si tuang suket ngandharake yen sang bupati ora ngakoni ora dadi ngapa, malah yen sang bupati isih kepengin emas sing luwih akeh maneh, dheweke saguh kanggo nduduhake neng endi panggonan emas-emas mau. Sawise ngrungokake tembung-tembung mau, tanpa isin-isin sang bupati terus meksa supaya age-age diduduhake neng endi panggonan emas sing dimaksud mau. Sing dodol suket ngongkon sang bupati supaya macul lemah neng platarane Kabupaten. Wiwitane sang bupati ngrasa mamang, nanging merga anggone duwe kekarepan kpengin entuk emas sing luwih akeh, mula pangrasa sing kaya mangkono iku dilalekake, lan panjaluke tukang suket mau dituruti. Kanthi gedhe lan kuwasane Sang Maha Wikan, mula kasunyatane saben kilan lemah sing dipacul mau dadi emas. Mula sang bupati kanthi rasa ati sing bungah, banjur nerusake anggone macul, dheweke ngrasa samsaya kesel lan wis ora saguh maneh anggone ngayunke pacule. Wiwit saka kedadeyan sing lagi bae dilakono, dheweke sadhar yen apa sing diadhepi kuwi dudu sembarang wong. Merga ora percaya yen wong sing dodol suket bias nggenti lemah dadi emas. Dheweke ngrumangsani yen dheweke wis kesasar lan keblusuk ing padonyanan. Pungkasane dheweke takon sapa sejatine sing dodol suket iku, lan wangsulane yen dheweke sejatine Sunan Kalijaga, salah sijine saka Walisanga. Krungu kaya mangkoni iku, sang bupati age-age njaluk ngapura ngenani apa sing wis dadi kaluputane, lan sang bupati pungkasane gelem diangkat dadi murite Sunan Kalijaga, nanging kudu ana syarate. Banjur Sunan Kalijaga pamit arep ngadhep marang sang Baginda Sultan Demak, lan ing wektu sing ditemtokake dheweke arep tka maneh padha karo kanggo ngumbara. Sawise Sunan Kalijaga lunga, bupati Pandanaran wiwit tata-tata kanggo nyiapake pangumbarane. Sakliyane kuwi dheweke mesthi sedekah lan ngamalke bandhane kanggo fakir miskin, kanggo netepi janjine. Ki Ageng Pandanarang karo bojone ngumbara kanggo nggolek sing dinggo nemeni plajarane marang agama Islam, khususe ing Jawa. Pungkasane Ki Ageng pandanaran netep ing Klaten Jawa Tengah nganti seda lan diarekake ing Gunung Jabalkat, nganti saiki kuburan Sunan Tembayat isih rame ditekani dadi objek wisata ziarah sakgandheng karo ziarah Walisanga. V A ‘ 05 

                                                      DUMADINE BLEDHUG KUWU 
Salah sawijining legenda crita rakyat ing Kabupaten Grobogan yaiku Bledhug Kuwu. Bledhug Kuwu manggon ana ing desa Kuwu, Kecamatan Kradenan, Kabupaten Grobogan kurang luwih 38 km saka arah Kota Purwodadi. Asal mulane Bledhug Kuwu yaiku, amarga ulah Joko Linglung, putra Aji Saka utawa Prabu Jaka saka kerajaan Medang Kamulan. Joko Linglung sing duwe wujud ula naga kuwi diutus Aji Saka utawa Prabu Jaka mateni Dewata Cengkar sing wis maleh wujude dadi bajul putih, kanggo sarat supaya bisa diakoni dadi anake. Joko Linglung lunga tumuju segara kidul panggonane Dewata Cengkar. Dheweke ora sabar ngambah dalan, mula dheweke ngambah jero lemah. Dalan sing dilewati Joko Linglung. Iku miurut kapercayan ana hubungane Bledhug iku karo segara kidul. Kanyata tekan saiki, banyu saka Bledhug Kuwu iku bisa ngasilake uyah lan ditambang karo penduduk desa Kuwu kanggo tambang uyah sing dijupuk saka banyu Bledhug kuwi. Banjur crita Joko Linglung miturut Aji Saka, yaiku dheweke ngrembaka menyang negara Medang Kumulan kang dadi kekuasaane Dewata Cengkar. Amarga ulahe Dewata Cengkar sing seneng mangan manungsa. Aji Saka kepengin nulungi rakyat saka kasengsaran. Akhire Aji Saka ditemokake karo Prabu Dewata Cengkar supaya didadekake santapane. Sedurunge dipangan, Aji Saka duwe panjaluk yaiku jaluk lemah ombone kain iket sirahe. Panjaluke Aji Saka dituruti dening Prabu Dewata Cengkar. Iket sirah ( destar ) dijaluk marang Prabu Dewata Cengkar, banjur dijereng. Kain iket sirah iku nutupi daerah Medang Kamulan. Amarga kasoran watone, mula Prabu Dewata Cengkar lan prajurite dikon lunga saka negara Medang Kamulan. Mula kedadean adu kekuwatan antaraning Prabu Dewata Cengkar karo Aji Saka. Dewata Cengkar terpojok ning pntai laut selatan, akhire dheweke njegur ning laut, banjur maleh dadi bajul putih sing nguasai laut selatan. Ing laut selatan Dewata Cengkar ngedekake kerajaan manungsa. Patihe Adipati Gajahmina, Bupati Ki Tumenggung Mamrang, Prajurit : Haryo Lodan, Rangga Saradula, Demang Wikridipa, Ki Pandelegan Mina, Santana Tumenggung Mamrang, Harya kaluyu , Raden Harya Poleng, lan Buntal. Ing laut selatan ana raja loro sing padha pengin nguasi, yaiku Ratu Kidul lan Prabu Dewata Cengkar. Sakwise Dewata Cengkar kasoma lan maleh dadi bajul putih, Aji Saka di angkat dadi raja ing Medang Kamula kang duweni gelar Prau Jaka utawa Mpu Lobong Widayaka, utawa Prabu Aji Saka. Sakwise dadi raja, Aji Sakae ling karo wong loro abdine sing ditinggal ing Majeti, yaiku Ki Dora lan Ki Sambodo. Mula dheweke ngutus abdi liya supaya ngundang abdi loro mau. Sing teka yaiku, Ki Dora. Ki Sambodo isih tetep neng pulau Majeti naga pusaka Aji Saka. Ngerti kaa ngono mau, mula Ki Dora diutus supaya ngundang Ki Sambodo nggawa keris pusaka. Abdi loro mau dienteni ora teka-teka. Mula Aji Saka ngutus Ki Duga lan Ki Prayogo ning pulau Majeti. Dheweke nemokake Ki Dora lan Ki Sambodo wis mati “sampyuh”. Ngerti abdi loro mau mati, Duga lan Pryogo cepet – cepet bali menyang Medang Kamulan, atur pirsa marang Prabu Jaka. Prabu Jaka ngasa sedih. Mula Prabu Jaka nyiptakake “CARAKAN JAWA” sing cacahe 20. carakan jawa mau bisa urip lan maedahi kanggo uriping manungsa kudu “disandhangi” karo suku, wulu, cakra, cecak, pengkal, taling, taling tarung, layar, wigyan, keret. Huruf mau ana sing menawa di “pangku”. Carakan jawa iku,yaiku HA, NA,CA, RA, KA, DA, TA, SA, WA, LA, MA, GA, BA, THA, NGA. Ing sawijining dina Aji Saka semedi ing alas, dheweke ngerti ula naga sing lagi tapa ing jero guwa. Saking panas atine, ula mau dipateni. Sakwise ula naga mau mati, krungu swara sing asale ska arwahe ula mau. Dheweke ngumpati Aji Saka sing besuk bakal kedadean. Aji saka kepengin niliki Nyai Janda Sengkeren. Nyai Janda Sengkeran duwe anak prawan ayu, sing duwe aran Retno Dewi Rarasati. Aji Saka weruh Dewi Rarasati lagi numbuk pari. Kaine mbukak mendhuwur, lan katon pupune. Aji Saka ora bisa nahan napsu asmarane, mula nutpahe tiba ing bumi. Nutpah mau dipangan karo pitik katai. Pitik mau akhire ngendhog. Aji Saka kras isin. Iku piwalese ulo naga sing dipateni biyen. Endhog mau dijupuk Nyai Janda lan diselehke ning beras ing “pedaringan”. Beras mau ora bisa entek, malah tambah akeh. Emdhog mau akhire netes dadi ulo naga. Nyai Janda Sengkeren keweden. Dheweke mlayu ngedep Patih Tengger. Ki Patih keweden amarga ulo mau iso ngomong kaya manungsa. Akhire Ki Patih ngedep karo Prabu Jaka. Prabu Jaka krasa isin kelingan kedadean biyen karo Retno Dewi Rarasati. Ulo mau ditampa lan diwenehi jeneng Ula Linglung utawa Jaka Linglung. Raja gelem ngakoni Jaka Linglung dadi anake asal : Jaka Linglung kudu bisa ateni Dewata Cengkar, sing wis maleh wujude dadi “Bajul Putih” sing manggon ing laut selatan. Jaka Linglung nyanggupi. Dheweke mlaku menyang segara kidul. Ing segara kidul, dheweke ketemu Ratu Kidul. Dheweke bakal dikawinke karo anake: Retno Balorong yen bisa mateni Dewata Cengkar. Akhire Jaka Linglung bisa mateni Dewata Cengkar. Saksuwene ning segara kidul, Jaka Linglung kepengin bali ing Medang Kamulan. Dheweke menyang Medang Kamulan bareng karo bojone Retno Blorong. Tekan Medang Kamulan Jaka Linglung langsung ngadep Prabu Jaka. Kawit saka kuwi dheweke bisa ditrima dadi putra Prabu Jaka. Karo Prabu Jaka, Jaka Linglung di angkat dadi putra mahkota kang duwe gelar Prabu Anom Linglung Tunggul Wulung. Novita Indriyana ‘05 Pitik tukung yaiku sawijining jenis pitik Jawa kang ora nduwe buntut. Pitik jenis iku dianggep keturunan sahingga ora bisa direka-reka diwenehi buntut kaya pithik umume, dongenge iku kaya ing ngisor iki. Sunan Kalijaga,sawijining Sunan ing tanah Jawa sing wis misuwur saduluran karo Mpu Supa (tokoh legendharis sing pagaweyane tugang gawe keris sing ampuh. Sunan Kudus kang dadi tokoh ulama Islam. Dheweke asring dakwah ing tanah Jawa. BiasaneS Kalijaga sowan ing padhepokane Mpu Supa. Sunan Kalijaga kuwi sabendinane pasa sahingga ora ngrepotake Nyai Supa. Amarga saking kerepe Sunan Kalijaga sowan ing padhepokane Mpu Supa, Sunan nitipake ponakane supaya diwuruki sahingga dadi ahli keris kang mumpuni. Ing sawijining dina, kaya biasane Sunan Kalijaga sowan ing omahe Mpu Supa lan disambut kanthi bungah. Sawetara wektu ndadekake pacelathon kang ngumbara maneka warna. Nalika tabuh awan, Sunan Kalijaga lan Mpu Supa jagongan. "Ki Supa! Awake dhewe wis njagong nganthi kesel lan dina iki aku ora pasa. Aku kepengin mangan ing kene, kepengin ngrasakake iwak ing tambakmu. Kayane enak yen mangan iwak awan-awan ngene iki bareng ponakanku si Jebeng.” "Adhuh, Kakang Kanjeng Sunan, kok ora ngomong dhisik yen saiki Kakang ngaso. Ngertia ngene dakjupukake iwake!” Wangsulane Mpu Supa. Sateruse kuwi Kanjeng Sunan Kalijaga mlebu langgar nindakake sholat Dhuhur. "Sanalika Mpu Supa banjur njegur luru iwak kasenengane Kanjeng Sunan. Atine bungah banget yen bisa nuruti kepenginane sedulure sing wis misuwur ing tlatah Jawi dadi guru agama kang linuwih. Nanging bungahe mau luntur amarga sajrone jaring sing akeh iwake mau uga ana mayite si Jebeng. Ya Allah, apa dosane Si Jebeng nganti nasibe kaya ngene iki, sambate Mpu Supa sajrone kasusahane. Atine Mpu Supa krasa susah mbayangake yen Kanjeng Sunan nesu marang dheweke. Pas tutuk omah, Mpu Supa nyritakake kadadeyan mau marang bojone sing lagi adang sega. "Nyai! Apa mungkin Si Jebeng kecemplung tambak kamangka dheweke ora bisa nglangi. Saiki, mayite Si Jebeng dakturokake ing kamarku. Eling lho, aja kandha-kandha marang Kanjeng Sunan. Nyai Supa kanthi susah nglakoni prentahe bojone iku. Sawise panganan mau wis disiapake, Mpu Supa minarakake Kanjeng Sunan. Sanalika Mpu Supa crita ngalor ngidul supaya Kanjeng Kunan kelalen niate kapethuk Si Jebeng. Nanging Sunan nakokake Si Jebeng sahingga Mpu Supa nyritakake perkara sabenere. Wektu iku Sunan lagi mangan brutu sing dadi lawuh paling enak. Critane Kanjeng Sunan mandheg saka mangane banjur ngomong. "Ki Mpu kok ora crita sing sabenere wiwit mau karo aku, mbok menawa kuwi wis takdire Si Jebeng. Mula iku aku pesen karo anak putuku sing saumuran karo Jebeng supaya ora mangan brutu sing marai gela. "Ngapunten Kakang Sunan, aku kepeksa tumindak kaya mangkene amarga hormatku marang Kanjeng Sunan supaya ora nguciwakake Panjengan. Nanging kuwi kabeh wis takdire sing Maha Kuwasa.Ya wis, kanthi ijin sing MahaK pitik mau dakuripke supaya dadi seksi kedadean mau sing nggawe sedhih awake dhewe. Banjur pitik sing dipangan mau ilang lan dumadakan metu pitik cilik sing ora duwe buntut. Kadadeyan mau ndadekake Mpu Supa gumun. Banjur Kanjeng Sunan ngomong, "Wis, Mpu! saiki kita reksa mayate si Jebeng supaya jembar alam kubure. Sabubare ngubur mayite Jebeng sing isih bocah iku, Sunan Kalijaga pamitan arep lunga menyang pondhoke. Ki Supa lan bojone janji bakal ngamalake amanate Kanjeng Sunan satemene. Amanate yaiku supaya njaga anak-anak kang dadi peneruse. Nganti saiki isih kelaku ing masyarakat Jawa sing ngrawehi bocah-bocah mangan brutu. Jarene yen dilanggar bakal ana kedadeyan sing nguciwakake utawa ndadekake wong sing mangan brutu dadi gela. Pitik tukung uga dianggep duwe tuwah lan didadekake sesaji tolak bala ing masyarakat Jawi. Wanci semene uga akeh sing percaya yen mangan brutu iwak, utamane iwak pitik Jawa bisa ndadekake lalinan. Uga ana sing kandha sing nyebabake lalinan iku amarga panggonane brutu ana ing mburi cedhak buntut. Lutfil Hakim ‘05

Tidak ada komentar: