Breaking

Minggu, Februari 05, 2012

MITOS PATI

SARIDIN

Ana ing pesisir Jawa ing daerah Pati ana salah sawijining pemuda desa sing lugu jenenge Saridin. Saridin kuwi wong kang sekti, nanging saking lugune ora nyadar yen duweni kasekten kang pilih tanding. Saridin tau mateni mas ipene dhewe, jalaran mase mau kerep nyolong durene. Kala kuwi mase nyamar nganggo klambi sing mirip macan, sahingga Saridin ora ngerti yen kuwi mase dhewe. Macan mau ditombak lan akhire mati. Rikala ditakoni prajurit, Saridin ngaku ora mateni mase dhewe, nanging mateni macan sing nyolong duren. Sawise dicoplok klambine banjur Saridin ngerti yen kuwi kang mase dhewe. Nanging uga ora ngakoni. Yen di deleng saka ukum, Saridin pancen ora salah amarga mbelani barang duwene uga ora nyadar yen macan kuwi kang mase dhewe.sanajan kaya ngono Saridin tetep kudu di kunjara.
Kanggo njeblosake Saridin ana ing kunjara dudu perkara gampang jalaran Saridin ngotot ora salah. Pungkase Adipati Jayakusuma sing mimpin pengadilan nggunakake cara liya yen Saridin ora dikunjara nanging malah diwenehi hadiah omah gedhe sing dijaga wong  akeh, mangane dicepakake, adus diterke. Pungkase Saridin gelem.
Sakdurnge dikunjara Saridin takon apa entuk mulih yen kangen anak bojone. Prajurit mangsuli “oleh yen bisa”. Lan kabukti Saridin bisa bali, metu saka kunjara rikala wengi lan balik esuke.
Ngerti kuwi Adipati jengkel, Saridin diukum gantung. Nanging wektu digantung prajurit mau kabotan ora bisa nggeret taline. Adipati saya nesu lan ngongkon supaya Saridin dipateni wektu kuwi uga.
Saridin mlayu nganti tekan Kudus banjur merguru karo Sunan Kudus. Nalika diutus Sunan Kudus maca syahadad, para santri nganggep sepele Saridin, apa tenan Saridin bisa ngucap kanti bener. Tanpa dinyono Saridin malah mlayu menek wit klapa kang dhuwur lan niba saka ndhuwur. Sak tibane ning lemah ora ana catune babar pisan, kabeh padha nggumun.
Sunan Kudus njelasake yen Saridin ora mung ngucap syahadad, nanging uga kabeh awake ngucap syahadad, nyerahake kabeh keslametan awake marang Kang Maha Kuwasa. Saridin diusir marang Sunan Kudus.
Pungkase Saridin ketemu Sunan Kalijaga, Gurune biyen. Saridin diutus tapa ana ing tengah segara, Namung diwenehi klapa loro kanggo plampung, ora entuk mangan, lan ngombe yen ora ana pakanan sing teka dhewe. Sawise kuwi Saridin manggon ana ing tlatah desa Landoh, Kayen, Pati.lan duweni julukan Syeh Jangkung.
Konon critane Saridin bisa ngripake wong mati nganggo gamping uga nduweni kebo sing mulane wis mati nanging karana Saridin menehi separo umure kanggo kebo kuwi. Banjur kebo mau urip maneh. Nalika Saridin seda, kebo mau uga melu mati. Lulang kebo mau diyakini masyarakat duweni kasekten yen wong duweni lulang ura bakal mempan pusaka apa wae.Arane lulang mau Lulang Kebo Landoh.

Didik Agunawan ‘05

Pepunden-pepunden Wonten Kelurahan Saripan
Kecamatan Jepara, Kabupeten Jepara

Kirang langkung kalih kilometer (2 Km) sangking pendapa Kabupaten Jepara wonten kelurahan ingkang naminipun Saripan. Kelurahan Saripan punika taksih kalebet wonten kecamatan Jepara, Kabupaten Jepara. Nami Saripan punika amargi rumiyin wonten ulama saking keraton Surakarta, ingkang asmanipun Pangeran Arif. Pangeran Arif kaliyan rencangipun, Asmo Moliki ngumbara murih nyebaraken agami Islam wonten wilayah Jawi sisih ler. Nalika piyambakipun ngumbara, Pangeran Arif kepanggih kaliyan utusan saking Mataram ingkang asma Mbah Dirjan.
Saklebetipun ngumbara, Pangeran Arif, Mbah Moliki, lan Mbah Dirjan manggihi papan ingkang nengsemaken. Papan kala wau asri lan ugi wonten lepen ingkang toyanipun bening lan resik sanget. Ing papan wau wonten ingkang baureksa inggih punika sawer ingkang ageng sanget, sawer wau nggadhahi wiso ingkang mandhi. Saksanesipun sawer ugi wonten banas pati, uling lan sakbangsanipun. Warga sakcaketing papan kalawau sami boten nyaketi lepen menawi boten wonten kabetahan ingkang sanget.
Pangeran Arif sakrencangipun ngupaya supados ing lepen wau saged dipun ginakaken warga. Kanthi ngedalaken sedaya kasudiran ingkang dipun gadhahi, Pangeran Arif sakrencang ngraosaken sawer lan bangsa-bangsa sanesipun. Lajeng, lepen kalawau dipunparingi nami Wiso utawi Kali Wiso. Pangeran Arif sakrencang mesanggrah wonten papan punika ngantos sak sedanipun. Papan kalawau dipun paringi thethenger Saripan ingkang asalipun saking tembung Sarine Papan.
Kawontenan Pangeran Arif sakrencang wonten Kelurahan Saripan menika saged dipanggihi patilasanipun wujud pasareanipun  papunden-pepunden menika. Pasareanipun Mbah Moliki kirang langkung 2Km saking pendapa Kabupaten. Pasareanipun Pangeran Arif dipunwastani warga Pasarean Pangeran Sarip.
Ngantos sakmenika pasarean pepunden-pepunden kalawau taksih wonten, lan dipunreksa warga kanthi sae. Warga ingkang kagungan kersa, lan pitados murih saged lancar boten wonten alangan punapa-punapa langkung rumiyin nyekar wonten papan-papan punika.
Tsalitsah Inayati ‘05

Sedhekah Bumi Perang Obor
Desa Tegal Sambi Kabupaten Jepara

Nalika abad XVI M, ing desa Tegalsambi Tahunan Jepara ana petani kang sugih banget jenenge Mbah Kyai Babadan. Dheweke duwe kewan ternak akeh banget. Salah sijine kebo lan sapi. Kyai Babadan duwe rewang kanggo ngrumati kewan ternake, yaiku Ki Gemblong. Ki Gemblong iku wonge tekun lan rajin banget ngrumati kewan ternake. Esuk lan sore kewane mesthi diadusi ing kali lan dipakani terus, mula kewane padha lemu-lemu. Kyai Babadan seneng banget lan muji-muji Ki Gemblong merga dheweke tekun lan patuh.
Sawijining dina, Ki Gemblong angon kewan ternake ing pinggir kali Kembangan karo ndelok iwak lan urang sing ana ing kali mau. Ki Gemblong pengin nangkep iwak-ieak mau banjur tangkepane dibakar neng pinggir kali trus dipangan.
Kedadean iki dilakoni saben dina dening Ki Gemblong, sahingga dheweke lali karo kewan sing lagi diangon kang ngakibatake kewan ternak mau kuru-kuru banjur padha lara, malah ana sing mati barang. Kedadean iki nggawe Ki Babadan pikiran, banjur dheweke nggolek obnat kanggo kewan kang padha lara, nanging usahane sia-sia, kewan ternake tetepa padha mati.
Akhire, Ki Babadan ngerti kenapa ternake padha mati, sebabe yaiku Ki Gemblong wis ora gelem ngrumati kewan ternake maneh amarga dheweke luwih seneng nyekel iwak neng kali Kembangan.
Weruh kedadean iku, Ki Babadan nesu banget nalika weruh Ki Gemblong lagi seneng-seneng nyekel iwak neng kali. Ki Babadan banjur ngepruki Ki Gemblong nganggo obor sing digawe sangka plapah klapa. Weruh gelagat mau, Ki Gemblong ora meneng wae. Dheweke njupuk obor sing padha karo sing digawa Ki Babadan, banjur Ki Gemblong perang obor kari Ki Babadan. Genine tekan endi-endi, nganti mbakar tumpukan gabah sing ana ing sebelah kandhang. Kobaran geni mau ndadekake sapi lan kebo sing ana ing kandhang padha mlayu, kewan sing asale padha lara banjur waras dhewe.
Kedadean iku banjur ditampa masyarakat desa Tegalsambi, lan dianggep anane perang obor bisa ngusir penyakit. Nganti saiki, tradisi perang obor isih dilakoni masyarakat Tegalsambi saben ulang taune Jepara.

Suci Adityaningsih ‘05

Adipati Pragola I

Nalika Pati dipimpin Ki Ageng Penjawi, wilayah Mataram sing dipimpin Ki Ageng Pemanahan drajate padha sangisore Sultan Hadiwijaya. Ki Ageng Penjawi duwe putra loro. Sing wadon jenenge Rara Sari bojone Panembahan Senapati Raja Mataram lan entuk gelar Kanjeng Ratu Mas. Dene sing anak lanange jenenge Raden Sidik utawa Raden Wasis sing bakale dadi Adipati Pati gantikake bapake.
Wiwit cilik, Raden Sidik duweni kaluwihan beda karo cah-cah liyane sing saumurane. Raden Sidik kuwi mripate bening, pinter, lan duwe ilmu kanuragan, uga pinter nunggang jaran. Kaluwihan sing diduweni kuwi amarga gemblengane bapak lan ibune. Tuladhane, saben Ki Ageng Penjawi lunga, oleh-oleh kanggo Raden Sidik dudu klambi utawa dolanan. Nanging, buku-buku sing duweni manfaat. Raden Sidik seneng maca buku ilmu pengetahuan, seni budaya, lan agama.
Nalika enom, Raden Sidik kerep latihan nunggang jaran supaya bisa kaya bapake. Saben wulangane gurune mesthi digatekake. Carane gunakake tombak karo nunggang jaran bisa dikuasai cepet. Gurune uga marai ilmu kanuragan, Miturut sejarah, Adipati paling misuwur yaiku Adipati Wasis Jayakusuma. Dheweke wani, ksatria, lan sekti mandraguna.
Panembahan Senapati Raja Mataram krungu yen Adipati Wasis Jayakusuma sakti mandraguna. Dheweke diutus bantu Mataram perang nglawan Madiun. Ing perang, Wasis Jayakusuma nglawan musuhe tanpa rasa wedi. Senjata kaya tombak, pedang, lan keris ora tedas ing awake. Kulite ora ana tatune babar blas. Akhire Madiun nyerah. Sawise rampung nglasenakake tugas, Adipati Wasis Jayakusuma nunggang jaran menyang Mataram nglapor ing Panembahan Senapati lan nyerahna bandha sing wis direbut termasuk Putri boyongan Rara Ayu Retno Dumilah.
Kadipaten Pati nalika dipimpin karo Adipati WAsis Jayakusuma aman, tentrem, lan makmur. Rakyat Pati saben dinane kerja banting tulang kanggo urip. Daerah Pati kuwi subur. Lemahe cocok kanggo tetaneman. Adipati kerep mubeng ana ing desa-desa supaya bisa cedhak karo rakyate.
Nalika ing Dusun Kemiri, Adipati Wasis Jayakusuma kaget entuk laporan ana wong wadon, Rara Suli jenenge meteng ora duwe bojo. Ana kabar yen sing metengi kuwi bangsa alus jin utawa gendruwa. Wetenge Rara Suli saya gedhe. Adipati Wasis Jayakusuma akhire ngundang Lurah Dusun Kemiri, bapak ibuke Rara Suli, lan Rara Suli mara ing pendapa omahe. Miturut Adipati, Lurah Dusun Kemiri melu tanggung jawab. Merga dadi pemimpin kudu bisa ngerti saben masalah sing muncul banjur cepet-cepet dislesekake. Wong tuwane Rara Suli uga salah. Merga duwe anak wadon ora bisa jaga anake. Rara Suli keweden ngadep Adipati Wasis Jayakusuma. Awake gemeter. Akhire Adipati mutusake Rara Suli pindah ing kaputren kadipaten Pati.
Wetenge Rara Suli wis arep brojol. Nanging, durung ana sing ngerti sapa bapake. Adipati Wasis Jayakusuma kelingan karo gurune ing Pulo Mandalika sing jenenge Ki Ajar Pulo Upih. Adipati lunga nemoni Ki Ajar kuwi kanggo njaluk piweling masalah sing lagi diadepi Rara Suli.
Ki Ajar Pulo Upih yaiku guru spirituale Adipati Wasis Jayakusuma. Ilmune ora ana sing bisa nandingi. Ilmu kuwi dudu kanggo dipamerke nanging, digunakake kanggo sing becik. Ki Ajar wonge sabar, arif, lan wijaksana. Adipati lan Ki Ajar katon akrab banget kaya bapak lan anak. Sadurunge Adipati ngomong, Ki Ajar dhisiki ngomong yen Pati lagi gawat. Miturut trawangane, guwa Gunung Patiayam dipanggoni karo manungsa sing bebayani.
Ing jero ati, Adipati batin apa hubungane karo metenge Rara Suli? Ki Ajar nambah maneh yen ngadepi kahanan gawat, Adipati ora perlu wedi kudu kuat, lan cedhak karo Gusti Allah njaluk petunjuk supaya ora kena bebaya. Sawise paham karo wejangane Ki Ajar, Adipati bali mulih ing Pati.
Adipati banjur lunga menyang Gunung Patiayam kanggo nylesekake masalah. Dalan kanggo mara ing Gunung Patiayam bebayani. Kiwa dalan akeh jurang. Akeh wong sing kondho yen Gunung Patiayam kuwi daerah sing paling angker ing Pati. Yen nekat mlebu guwa Patiayam, ora bisa metu maneh. Neng jero guwa ana dalan loro. Kira-kira 100 meter saka njabo. Yen salah dalan, berarti ana pilihan yaiku slamet lan bisa bali mulih utawa mati ing jero guwa.
Adipati Wasis Jayakusuma wis tekan ing ngarep guwa. Adipati mambu manungsa ing jero guwa. Bajur Adipati ngundang wong kuwi nganti ping pindho nanging ora gelem metu..Karo kekuatane, Adipati bajiri guwa. Akhire, wong kuwi metu saka guwa. Wong asing kuwi jenenge Baron Sakeber. Jelas kuwi dudu wong Pati. Baron Sakeber nantang gelud Adipati Wasis Jayakusuma. Akhire wong lorone gelud. Baron Sakeber gawa senjata pedang. Nanging, Adipati ora gawa apa-apa. Akhire dianakake adu kasekten merga ora ana sing kalah lan menang.
Baron nuncepake pedang ing Adipati, ananging ora apa-apa. Uga mangkono sewalike. Adipati nantang Baron adu kasekten nyemplung laut. Rombongan bareng-bareng mangkat neng Laut Blenderan Gunung Clering. Wong loro karone nyemplung bareng. Sing padha ndelok melu deg-degan ngenteni sapa sing bakal menang. Prajurit Pati bengok-bengok seneng ndelok Baron Sakeber ora kuwat maneh. Ora let suwe, Adipati uga wis katon. Prajurit Pati padha was-was yen Adipati seda. Nanging, kahanan dadi rame nalika Adipati ora apa-apa. Baron nyerah lan ngakoni kekuatane Adipati. Kanggo bukti, Baron nyerahake pedang, tameng, lan kere. Prajurit Pati padha ngusulke supaya Baron diukum . Nanging, Adipati kuwi arif lan wijaksana dadine Baron Sakeber diampuni. Nanging, yen nglakoni kaluputan maneh, dheweke bakal diukum. Akhire, rombongan bali mulih.
Saiki Baron dadi abdi Kadipaten Pati. Dheweke dadi juru taman. Tugase ngrawat taman kaputren lan ngurusi jarane Adipati.wiwit ana Baron, taman dadi endah lan jaran-jaran dadi sehat. Jaran Adipati diwenehi jeneng Juru Taman. Jaran juru taman rupane ireng, dhuwur, lan mlayune banter kaya kilat.
Sawijining dina Adipati diutus ing Mataram ngadep Panembahan Senapati. Adipati nyerahna taman lan jarane karo Ki juru taman rong dina rong bengi nganti dheweke mulih. Adipati mangkat nunggang jaran dhewekan. Ing Mataram, Adipati ditrima Panembahan Senapati. Senapati bingung, merga Adipati tekane cepet banget. Utusan sing dikongkon ngandhani Adipati wae durung bali, nanging Adipati wis tekan mataram.
Ana ing pertemuan, senapati crita yen duwe sapi. Awake gedhe lan kulite ireng. Sapi kuwi kesangane senapati jenenge lembu pragola. .Senapati takon karo adipati, mara neng Mataran nganggo apa? Adipati jawab yen nunggang jaran lan mung butuhake wektu rong jam. Senapati kepengin ngijolke lembu pragola karo jarane Adipati. Adipati sakjane ora gelem ngijolke. Nanging, sing njaluk kuwi mas ipare, dadi dheweke gelem. Mulai kuwi, Adipati Wasis Jayakusuma entuk jengen Adipati Pragola I.
Ana prasaan aneh ing atine Adipati Pragola sawise nyerahna jarane. Adipati krasa yen senapati pengen ngomong. Akhire senapati ngomong yen putri boyongan saka Madiun Retno Dumilah dadi garwa prameswari. Krungu kabar kuwi Adipati Pragola kaget lan emosi. Nanging, dheweke kudu bisa nahan emosine lan narima kahanan sing dialami karo mbak yune. Pragola mung bisa dongo supaya mbak  yune sabar lan kuwat narima kahanan anyar kuwi. Adipati Pragola bali mulih wengi kuwi numpak lembu Pragola.
Subuh Adiapti wis neng kadipaten Pati. Dheweke langsung ing taman kaputren nemon Ki juru taman. Nanging, ora ana sapa-sapa. Adipati curiga lan mara ing Rara Suli. Kamare Rara Suli kancingan. Adipati nesu banget ngerti yen Rara Suli kuwi bojo simpenane Baron Sakeber. Kuciwa ngerti yen anak kembare Rara Suli, Danurwindo lan Sirwindo kuwi anake Baron. Adipati nganakake patemon punggawa kadipaten lan menehi ukuman mati karo Baron Sakeber.

Mu’linatus Sa’dah ‘05

Tidak ada komentar: