Breaking

Minggu, Februari 05, 2012

asal mulanya kota pekalongan



UNIT NARATIF CERITA
ASAL MULANE KUTHA PEKALONGAN

  1. Ing jaman biyen pesisir laut jawa sisih lor ana kampung cilik sing rakyate urip tentrem, terus ketekan bangsa dhedhemit sing seneng ngganggu, wong-wong ing kampung mau padha pindhah.
  2. Bareng ditinggal lunga kampung mau malih dadi alas gung liwang-liwung.
  3. Ora ana jalma manungsa sing wani liwat, amarga ing kono anane mung kewan-kewan galak.
  4. Kayata celeng, asu, ula, macan, munyuk, lan liya-liyane.
  5. Alas mau dadi kerajaane bangsa lelembut, akeh wong sing liwat ing sakiwa tengene alas diweruhi yen alas utawa kara mau kutha gedhe ya ana pasare, ana perkampungane, lan ana pabrike sing akeh karyawane kaya ing donya iki.
  6. Salah sawijining dina ana pawongan sing duwe pikiran gawe petilasan sing besuke yen ana rejaning jaman mangku omah saanak putune.
  7. Papan kepenak iku ana ing sakiwa tengene alas gung liwang-liwung.
  8. Alas mau diarani alas Gambiran, merga ana wit gambir sing dhoyong ing pinggir kali gedhe lan umure wis tuwa nganti oyote wae tekan pertapane Ki Ageng Cempaluk ing Kesesi.
  9. Pawongan sing duwe pikiran gawe petilasan utawa pertapan mau ora liya yaiku putrane Ki Ageng Cempaluk Kesesi sing aran Ki Baureksa.
  10. Miturut critane wong pinter sing manggon ing cedhake alas, aja wani-wani babad alas Gambiran amarga ing kono ana ratuning lelembut sing ora seneng yen panguasane diganggu utawa dirusak sing wani mbabad alas bakal mati.
  11. Nanging Ki Bahureksa tetep kepingin mbukak pertapan ing alas Gambiran.
  12. Kanggo mujudake tujuwane Ki Baureksa kudu ngadhepi bangsane lelembut ing alas iku.
  13. Kamangka Ratuning lelembut ing alas iku  Dewi Lanjar sing ora liya mantune Nyi Lara Kidul  sing kondhang dadi ratuning laut kidul.
  14. Nalika Ki Bahureksa wiwit babad alas, ana wadya bala lelembut sing laporan karo Dewi Lanjar.
  15. Krungu laporan mau Dewi Lanjar ora trima, dheweke banjur ngongkon wadyabalane ngendhegage pakaryane Ki Bahureksa wadyabalane Dewi Lanjar terus ngendhegage pakaryane Ki Bahureksa kanthi cara njelma dadi ula meden-medeni Ki Bahureksa.

  1. Ki Bahureksa ora sanggup ngadhepi wadyabala lelembut mau amarga Ki Bahureksa ora ngerti carane ngusir lelembut sing ora katon .
  2. Dheweke bingung kaya wong edan ing jero atine mung mikir piye carane ucul saka gangguan mau, Ki Bahureksa banjur bali menyang Kesesi.
  3. Para lelembut banjur bali menyang kraton  tugase wis rampung,  bisa ngusir Ki Bahureksa saka Alas Gambiran.
  4. Sawise tekan Kesesi ki Bahureksa nemoni Ki Ageng Cempaluk lan nyritakake kahanan sing wis kadaden.
  5. Krungu critane putrane Ki Ageng Cempaluk banjur semedi, ing semedine Ki Ageng Cempaluk entuk wangsit sing munine yen pengin ketemu karo Dewi Lanjar kudu tapa kalong ing wit gambir sing ana ing alas Gambiran.
  6. Wangsite mau banjur dikandhakake karo ki Bahureksa.
  7. Krungu pituture bapake Ki bahureksa banjur mangkat maneh menyang alas Gambiran lan langsung tapa kalong.
  8. Jalaran saka tapa kalong iku Ki Baureksa sukmane bisa ketemu karo Dewi Lanjar.
  9. Ing kono Ki Baureksa njlentrehake niate nanging Dewi Lanjar ora ngentuke yen diuthik panguwasane.
  10. Ing kono Ki Bahureksa banjur perang karo Dewi Lanjar, perang mau dadi perang sing gedhe amarga loro-lorone padha sektine.
  11. Kanthi kapitayane Ki Baureksa sing kulina tapabrata lan olah kanuragan tur dhasare putrane Pandhita kejawen nekad tapa kalong ing wit gambir iku.
  12. Merga tekate  Ki Baureksa wis manteb dheweke bisa nandhingi kapitayane Dewi Lanjar, Ing kono Dewi Lanjar ngakoni yen dheweke kalah pungkasane Dewi Lanjar ngijini Ki Bahureksa mbukak alas Gambiran kanggo papan pertapan lan dununge anak putune Ki Baureksa, nanging Ki Bahureksa kudu gelem dadi bojone Dewi Lanjar, Ki Bahureksa nyaguhi sarat mau.
  13. Papan sing dienggo tapa ngalong mau banjur didadekake desa Pekalongan saka tembung kalong.
  14. Nanging ana wadya bala sak bangsa lelembut sing ora trima marang keputusan mau lelembut mau jenenge Kala Warti.
  15. Kala Warti banjur gelut karo Ki Bahureksa, Ki Bahureksa sing ora siap kalah ngadhepi amukane Kala Warti amarga rumangsa wis kepepet Ki Bahureksa banjur mlayu saka kono nanging  Kala Warti isih ngoyak terus, untunge Ki Ageng Cempaluk teka lan ngewangi Ki Bahureksa ngadhepi Kala Warti. 
  16. Kanthi kasektene Ki Ageng Cempaluk, Kala Warti kasil dikalahake lan dipateni.
  17. Sawise kadaden mau Ki Bahureksa banjur kawin karo Dewi Lanjar ing pesisir wong-wong nganankake sukuran amarga Ki Bahureksa kasil mbukak alas Gambiran kanggo perkampungan.
  18. Saya suwe desa mau saya rame akeh wong padha teka numpak prau layar, prau-prau mau padha ngranjing ing pinggiring pantai, banjur papan mau diarani pelabuhan Boom.
  19. Wong sing teka umume para pedhagang saka Tiongkok. Nanging karo Ki Baureksa mung diijini dagang ing Pekalongan sisih lor orakena ngidul.
  20. Seprene para among dagang keturunan Tiongkok akeh manggon ing sisi lor.
  21. Rikala semana Ki Baureksa lakune saka lor selot ngidul mengko dadine kutha manut lakune Ki Baureksa saka lor tekan kidul.                   


















Motif-motif pelaku yang terdapat dalam Cerita rakyat  “Asal Mulane Kutha Pekalongan”

1) Motif Pengabdian (peristiwanya)

·        Ana pawongan sing duwe pikiran gawe petilasan sing besuke yen ana rejaning jaman bisa mangku omah saanak putune ing papan mau.

2) Motif Pengembaraan
·        Salah sawijining dina ana pawongan sing duwe pikiran babad alas Gambiran sing besuke yen ana rejaning jaman mangku omah saanak putune ing panggonan mau.

3) Motif Kemarahan
·        Dewi Lanjar ora trima yen panggonane dirusak, dheweke banjur ngongkon wadyabalane ngendhegage pakaryane Ki Bahureksa

4) Motif Penyamaran
·         kanthi cara njelma dadi ula meden-medeni Ki Bahureksa.

5) Motif Peperangan
·        Ing kono Ki Bahureksa banjur perang karo Dewi Lanjar, perang mau dadi perang sing gedhe amarga loro-lorone padha sektine
·        Kala Warti banjur gelut karo Ki Bahureksa,



7) Motif Percintaan
·        Ki Bahureksa kudu gelem dadi bojone Dewi Lanjar, Ki Bahureksa nyaguhi sarat mau
·        Sawise kadaden mau Ki Bahureksa banjur kawin karo Dewi Lanjar.

8) Motif Penyelamatan 
·        untunge Ki Ageng Cempaluk teka lan ngewangi Ki Bahureksa ngadhepi Kala Warti.

9) Motif Pelarian
·        Ki Bahureksa banjur bali menyang Kesesi.
·        Warti amarga rumangsa wis kepepet Ki Bahureksa banjur mlayu saka kono

10) Motif Pengejaran
·        nanging  Kala Warti isih ngoyak Ki Bahureksa terus,

11) Motif Persaratan
·        Ki Bahureksa kudu gelem dadi bojone Dewi Lanjar, Ki Bahureksa nyaguhi sarat mau.

12) Motif Kepahlawanan
·        Merga tekade  Ki Bahureksa wis manteb dheweke bisa nandhingi kapitayane Dewi Lanjar, Ing kono Dewi Lanjar ngakoni yen dheweke kalah pungkasane Dewi Lanjar ngijini Ki Bahureksa mbukak alas Gambiran kanggo papan pertapan lan dununge anak putune Ki Baureksa.

13) Motif Penamaan
·        Papan sing dienggo tapa ngalong mau banjur didadekake desa Pekalongan saka tembung kalong.

13) Motif Pengingkaran
·        Sawise tekan kali kramat Jaka Bahu kongkonan karo Kala Drubiksa sakprajurite ngrewangi mbendung kali, nanging Kala Drubiksa ngingkari janjine Dheweke ora gelem ngrewangi.























                                                UNIT NARATIF CERITA
NUSATEMBINI

1.      Keraton Nusatembini utawa kraton siluman amarga cepak karo laut selatan, yaiku alas sing isih dikebaki rawa-rawa, kewan-kewan buas sing isih kliyaran neng alas
2.      Keraton Nusatembini dilingkungi karo “Baloswarti pring ori pitung sap pitu” (Rumpun bambu ori sampai tujuh lapisan)
3.      Keraton Nusatembini pagere kokoh lan ora bisa dileboni mungsuh
4.      Keraton Nusatembini dipimpin dening Raja putri “BRANTARARA”
5.      Putri Brantarara kuwi ayu, akeh raja sing pengin dadekake dolanan
6.      Amarga angel mlebu keraton, niate raja padha gagal
7.      Ratu Brantarara nduweni kesaktian luar biyasa lan nduweni jaran “Kuda Sembrani”
8.      Kerajaan neng sebelah kulone keraton Nusatembini akeh rakyate sing kena penyakit
9.      Rajane yaiku Galuh Pakuan Pajajaran
10.  Rajane duka amarga rakyate akeh sing mati
11.  Kabeh usaha wes di coba, ananging ora ana hasile. Putrine dhewe kena penyakit
12.  Sawijining dina ana wiku (pendeta) teka. Pendeta mau menehi kabar, yen rakyat lan putri raja bisa waras obate nganggo “air mata kuda sembrani”
13.  Neng keraton Nusatembini anane air mata kuda sembrani mung neng sebelah wetane kerajaan Pajajaran
14.  Harya Talandanu di utus Patihsing di Bantu karo adipati Gobog, adipati Sendang lan prajurit-prajurite, kanggo ngamanake Keraton Nusatembini sing lagi gawat
15.  Menyang Nusatembini nglewati alas lan rawa-rawa
16.  Nalika tekan Nusatembini, rombongan ngerteni ana kekuwatan ing keraton kuwi
17.  Amarga dilapisi pring sap pitu
18.  Adipati Gobog, Adipati Sendang lan Patih Harya Tilandanu semedi
19.  Dheweke entuk wangsit supaya ganggo peluru-peluru ma supaya bisa mlebu Nusatembini
20.  “Donan” yaiku panggonan  sing di enggo rombongan prajurit
21.  Rombongan mau nyebar peluru emas ing sacedhake pring sapitu lan kasil
22.  ing sacedhake pring ana barang-barang sing cumlorot, mula iku dadikake Nusatembini geger
23.  Rakyat Nusatembini bareng-bareng ngethoki pring supaya bisa jupuki barang kuwi
24.  rakyate ora sadar yen dheweke wes ngrubuhake bentenge dhewe lan rombongan Pajajaran mlebu Keraton Nusatembini
25.  Prajurit Pajajaran arep nyekel Ratu Brantarara, ananging Putri Nusatembini kuwi bisa mencolot neng gegere kuda sembrani lan kaya kilat nyambung
26.  Ratu Brantarara nantang prajurit Pajajaran supaya nyekel dheweke
27.  Patih Harya Tilandanu mlebu keraton Nusatembini
28.  Patih Haryatilandanu mlebu keraton Nusatembini weruh wong wedok ayu
29.  Sinar mas saka golek kencana mau ndadekake pengen njamah nanging ujug-ujug wong wedok mau ilang lan dadi “golek kencana” (boneka emas)
30.  Sinar mas saka golek kencana mau ndadekake Patih Harya Tilandanu wuta
31.  Utusan saka Pajajaran ora entuk air mata kuda sembrani
32.  Patih Harya Tilandanu seda amarga lara lan wuta, lan di makamke ing Gunung Batur
33.  Adipati Gobog netep lan tinggal neng Nusatembini, di makamke ing Adipati Gobog
34.  Raja Pajajaran ngutus Adipati Pusar tumuju neng Nusatembini kanggo nggoleki utusan sakdurunge
35.  saktekane neng Nusatembini, Adipati Pusar kaget lan akhire ora wani mbalik ing Pajajaran nganti patine
36.  Panggonan keraton Nusatembini saiki ana ing komplek pelabuhan Cilacap, sebelah wetan Bengawan Donan. Ora adoh saka dermaga pertamina
37.  Panggonan kuwi ana ruang antara dermaga sing ora bisa ditutup lan saiki dadi dermaga
38.  Usaha nganakake drmaga mesthi gagal, amarga ana kepercayaan panggonan kuwi wingit, merga miturut cerita panggonan kuwi wekas “Mahligai keraton Nusatembini”
39.  Panggonan mau diarani dermaga “bunting”





Motif-motif pelaku yang terdapat dalam Cerita rakyat  “Nusatembini”

1) Motif Pengabdian (peristiwanya)

2) Motif Pengembaraan
·        Harya Talandanu di utus Patihsing di Bantu karo adipati Gobog, adipati Sendang lan prajurit-prajurite, kanggo ngamanake Keraton Nusatembini sing lagi gawat
  • Menyang Nusatembini nglewati alas lan rawa-rawa
3) Motif Kemarahan

4) Motif Penyamaran

5) Motif Peperangan
  • rakyate ora sadar yen dheweke wes ngrubuhake bentenge dhewe lan rombongan Pajajaran mlebu Keraton Nusatembini
7) Motif Percintaan
  • Putri Brantarara kuwi ayu, akeh raja sing pengin dadekake dolanan
8) Motif Penyelamatan 

9) Motif Pelarian
  • Prajurit Pajajaran arep nyekel Ratu Brantarara, ananging Putri Nusatembini kuwi bisa mencolot neng gegere kuda sembrani lan kaya kilat nyambung

10) Motif Pengejaran
  • Ratu Brantarara nantang prajurit Pajajaran supaya nyekel dheweke
  • Raja Pajajaran ngutus Adipati Pusar tumuju neng Nusatembini kanggo nggoleki utusan sakdurunge

11) Motif Persaratan

12) Motif Kepahlawanan

13) Motif Penamaan

14) Motif Pengingkaran





























Tidak ada komentar: