Breaking

Minggu, Februari 05, 2012

dongeng pekalongan


RATU KALINYAMAT

Habib Ahmad kang lair ing kota Hajren, Yaman taun 1255 H utawa taun 1836 M, iku sowan ing Indonesia yaiku ing kota Pekalongan. Dheweke nyawang kahanan kota Pekalongan kang isih mbutuhake dukungan Syari’at Islam, akhire dheweke netep manggon ing Pekalongan.
Habib Ahmad ing Pekalongan nindakake tugas dadi imam masjid Wakaf kang ana ing Jalan Surabaya Pekalongan. Saka ketekunan lan kepemimpinan Habib Ahmad, masjid iku dadi rame lan akeh jama’ahe, sahingga dheweke ngrenovasi masjid iku kanthi nyukupi kebutuhan masyarakat Pekalongan. Istimewane Habib Ahmad yaiku apal Al Quran 30 juz kanthi lancar lan apik.
Habib Ahmad iyo ndirikake Madrasah Salafiyah kang ana ing sebelahe masjid Wakaf mau. Saking pesate majune Madrasah Salafiyah mau, akeh alumni kang dadi ulama lan tokoh masyarakat. Madrasah Salafiyah iku saiki dadi perintis sekolah-sekolah Islam kang berkembang apik ing Pekalongan.
Ing sawijining dina, Habib Ahmad ketemu wanita kang durung ngerti Ihwal Habib. Wanita iku ora nganggo jilbab, Habib Ahmad langsung mbenthak marang wanita iku “ Tutup sirahmu !“. Wanita iku nyawang Habib Ahmad karo bingung. Wanita iku dipenthung nganggo tongkate nganthi tatu. Habib Ahmad mung kepengin nindakake tugas agama lan tujuane supaya wanita iku nutup aurate. Nanging wanita iku nglaporake tindakane Habib Ahmad marang polisi. Polisine langsung ngongkon stafe supaya nekakake Habib Ahmad, nanging Habib Ahmad pra bisa teka. Polisi iku heran lan njaluk dituduhake Habib Ahmad saka kadohan.
Sawijining Habib Ahmad mlaku arep bali saka masjid Jami’ lan wis cedhak jarake saka polisi, polisi iku ngadheg ngalangi ing tengah ndhalan lan saben Habib nyedhaki polisi kuwi mundur memburi, akhire dilewati Habib Ahmad. Polisi iku langsung bali neng kantore lan crita karo stafe yen sejatine dheweke arep nangkep Habib nanging pas nyedhaki Habib, dheweke weruh singo loro ing sisih kanan kirine Habib Ahmad. Saka iku kang gawe dheweke wedhi lan meh wae mlayu. Polisi iku ngongkon wanita kuwi ngadu ing “Regent” kang kebeneran kenal karo Habib Ahmad cedhak. Sawise ngerti apa kang kedadean, dheweke ngundhang dhokter kanggo ngobati tatune wanita iku lan menehi sepuluh Golden saka sak’e dheweke lan ditrima wanita iku kanthi atine bungah.
Tindakane Habib Ahmad sok-sok nganthi nganggo tangan. Sanajan koyo kuwi, masyarakat ora tau ngadohi lan sewalike malah trisno lan kagum karo niat apike. Tindakane Habib Ahmad dilakokake kanthi ikhlas tanpa pamrih karo nindakake perintah Allah.
Masyarakat Pekalongan ngerti lan kenal Habib Ahmad iku wong kang Zahid ( ora seneng marang tindakan kemewahan duniawi ). Sering nolak hadiah kang ora jelas sapa kang menehi hadiah iku.
Habib Ahmad mbuka pengajian umum ing masjid, sakliyane mimpin sholat jama’ah lima wektu, nindakake wirid lan dzikir, sholat-sholat sunah kang utama sholat sunah rowatib kang ngiringi sholat fardhu. Amalane dheweke yaiku maca siji juz Al Quran ing njero sholat tahajud ing tengah wengi lan siji juz dilakokake pas wektu sholat sunah dhuha, nindakake puasa sunah kang dianjurake agama
Ketekunan Habib Ahmad ing nindakake ibadah, keikhlasan lan kasih sayange karo wong akeh kang lemah sarta ketegasane ing nglakokake Amar Ma’ruf Nahi Munkar kang gawe Habib dadi idola masyarakat Pekalongan lan nyebar ing tengah wong akeh riwayat-riwayat kedadean luar biasa ( khowariqul Adah ) kang dikenal “ Karamah “.
Nyritakake karamah-karamah kuwi ing njero catetan iku gawe riwayat urip kang dirancang singkat iki. Riwayat iku dadi cerita rakyat kang akeh dituturake lisan saka wong akeh. Sebabe ing catetan iku ora perlu dituturake maneh. Cukup neng kene wae dituturake peristiwa-peristiwa luar biasa iku.
Habib Ahmad dikenal “ Habib Keramat “ ing tengah masyarakat Pekalongan. Kang akhir hayate Habib Ahmad ngalami patah tulang neng pangkal pupune, akibate saka tibo. Bab iku nyebabake dheweke dadi ora bisa mlaku. Awit kuwi Habib Ahmad ora nglakokake kegiatan ing njobo nanging ngalihake kegiatane ing omahe kaya sholat jama’ah lan pengajian. Penderitaane kuwi nganthi wafate ing malem ahad, 24 Rajab 1347 H utawa taun 1928 ing umur 92 taun. Dheweke dimakamke ing Pekuburan Sapuro Kotamadya Pekalongan.  Nanging peringatan Haul ( ulang taun ) wafate saben tanggal 14 Sya’ban kang ditekani ewunan umat Islam, nganthi Habib-Habib liyane, para ulama lan pejabat pemerintah. Nganthi akeh kang padha teka saka luar negeri kaya saka Singapura, Malaysia, lan Timur Tengah. Amarga keagungane lan kesolihane, saben dina makame Habib Ahmad dikunjungi para peziarah saka luar kota Pekalongan.
Jenazah Habib Ahmad disholatake ing masjid Jami’ Pekalongan lan ditekani umat Islam nganthi madeti kota Pekalongan. Meh kabeh penduduk kota Pekalongan uga luar kota nguntabkake jenazahe Habib Ahmad ing panggonan terakhir. Durung tau ing kota Pekalongan ana pengantar jenazah kaya wafate Habib Ahmad iki.
Bisa dikandhakake yen dina kuwi yaiku dina jumat kelabu kanggo umat Islam Pekalongan khususe puluan ewu umat Islam tumplek-blek madeti masjid Jami’ Kauman Pekalongan, alun-alun, saka ndhalan masjid nganthi panggonan makam Sapuro sesak umat Islam kang pengin nguntabkake jenazah kang Mulia iku kanthi pasukan keamanan lalu lintas. Ing upacara pemakaman iku ditekani para ulama lan Habib saka kota, kaya Jakarta, Semarang, Surabaya, lan Bogor.
Makame Habib Ahmad nganthi saiki isih ana wujude lan mesthi ora tau sepi pengunjung. Sakliyane iku, ing njero tengah kampung Sapuro ana Mushola kang dipercaya warga Sapuro yen mushola iku peninggalane Habib Ahmad. Ing mushola iku rame dipercaya mitos, saben malem jumat kliwon kang akeh pengunjunge. Mushola iku rame amarga pengunjung padha wudhu lan sholat ing mushola kono. Sakliyane wudhu lan sholat uga padh adus ing tengah wengi amarga dipercaya banyu ing mushola iku bisa njangkepi kekarepan wong kang padha mampir ing mushola kono. Nanging iku gumanthung kepercayaane atine dhewe.

Ira Wuri Sayekti ‘05


RADEN MAONENG

            Manut critane rakyat pasarean kang misuwur. Pasarean iku dipercaya dening masyarakat kana minangka papan kramat. Pasarean kuwi yaiku pasareane Raden Maoneng. Saiki legenda pasarean Raden Maoneng kerep dipentasake ing kesenian kethoprak utawane pagelaran wayang golek.kana, dhek biyen kabupaten pemalang diparentah dening Kanjeng Adipati Raden Tumenggung Soeryonegoro. Raden Adipati nduwe patih kang asmane Patih Jongsari. Patih Jongsari kesengsem marang putrane adipati kang nduweni praupan ayu. Nanging sang patih ora wani ngandarake yen dheweke tresna marang Sang putri.
            Ing sawijining dina, ana Sang Pangeran kang asmane Raden Maoneng teka ing kabupaten Pemalang. Raden Maoneng kuwi putrane Adipati Madiun. Raden Maoneng diutus ramane supaya munggah kaji. Manut pangandikane ramane, Raden Maoneng didhawuhi supaya liwat ing pelabuhan pemalang sakdurunge nyebrang maring tanah suci. Sang Pangeran ditrima dening Adipati merga solah bawahe katon sopan. Amarga Raden Maoneng gagah tur ngganteng, Sang Putri tresna marang awake. Ora dinyana, jebule Raden Maoneng uga duwe rasa tresna marang Sang Putri.
            Ora let suwe, adipati uga ngerti kahanan antarane putrine karo Raden Maoneng. Banjur adipati aweh pangastuti marang wong loro mau. Pungkasane Raden maoneng dipek mantu dening adipati.
            Sawijining dina Raden maoneng matur ngenani tujuan utamane biyen yaiku munggah kaji. Amarga niyate Raden Maoneng niyat kang suci mangka  Adipati lan putrine oara kabotan yen ditinggal lunga. Malahan nyiapake kabeh samubarang sing dibutuhake dening Raden Maoneng.


            Patih Jongsari lan para sentana pemalang diutus ngeterke raden Maoneng tekan bandar ing pinggir kadipaten Pemalang.
            Jebul patih isih duwe dendam amarga Raden Maoneng bisa njupuk atine putrine adipati sing ditresnani awake. Patih nduweni niyat mateni Raden Maoneng.  Semana uga Raden Maoneng iya mbalik nyerang. Nanging amarga Patih Jongsari direwangi karo prajurite, Akhire Raden Maoneng kalah lan mati. Mayite diselehake ing ngisor wit tanjung lan ditutupi gegodhongan. Getihe sing metu mambune wangi. Saiki papan panggonan mau diarani desa Tanjungsari. Tanjung tegese wit tanjung, dene sari tegese getih.
            Adipati nduwe rasa ora kepenak sakwise ditinggal Raden Maoneng. Apa maneh, entuk laporan menawa Patih Jongsari wis wani ngrayu putrine. Putri adipati njaluk marang bapake supaya nusul Raden Maoneng. Bajur Adipati pemalang lunga saperlu arep nglakoni tapa lan nggrogo sukma. Sukmane adipati nggoleki Raden Maoneng. Kelawan kesaktiane, pungkasane sukmane Raden maoneng bisa ketemu. Sukmane Raden Maoneng nyritakake kabeh prastawa kang dilakoni saksuwene lunga saka omah. Klawan panjaluke adipati, sukmane Raden maoneng nyawiji ing ragane saengga dheweke urip maneh.
            Raden maoneng lan adipati mulih menyang kadipaten Pemalang. Sakwise Raden maoneng mulih, kabeh kejahatan sing dilakoni dening patih Jongsari kasingkap. Banjur adipati ngutus marang prajurit-prajurit supaya nyekel patih Jongsari. Patih Jongsari mlayu nyang arah kidul. Nanging prajurit wis nyebar ing kabeh penjuru. Pungkasane patih Jongsari dikepung karo prajurit utusane Adipati Pemalang. Saiki desa papan dicekele Patih Jongsari diarani desa kepungan( ora adoh saka dukuh Mangoneng).
            Patih Jongsari dihukum dening sang adipati merga sangkin gedhene kejahatan sing dilakoni. Sakwise prastawa mau, Raden Maoneng lan putrine adipati urip seneng, mulya lan raharja saklawase urip. Suk mbene Raden Maoneng bisa nganteni Adipati Soeryonegara marentah kadipaten Pemalang.

Nofiyanti ’05


JAKA POLENG

Ana wong enom bagus tur gagah, jenenge laksito. Laksito kerjane dadi tukang ngopeni jarane Bupati Brebes. Kanjeng bupati seneng karo asil kerjane Laksito kang sregep lan resik anggone gegawean.
Nalika iku kaya biyasane, Laksito arep lunga menyang sawah, arep golek suket kanggo pakane genta, jarane kanjeng Bupati. Sadurunge mangkat ngarit Laksito pamit karo Bi Ojah, bature kanjeng Bupati sing lagi masak neng dapur.
Nggawa arit karo karung, Laksito mlaku nlusuri galengan sawah goleksulet-suket sing rungkut lan ijo. Tekan lapangan dheweke mbabadi suket-suket sing ijo sing ana neng ngarepe. Sapisan-pisan, laksito nguasapi kringete ning bathuke ngganggo tangane sing katon reged. Laksito terus mbabadi suket, sawise oleh sakarung kebek, Laksito kaya biyasane leren leyeh-leyehneng ngisor wit gedhe kang cedhak saka anggone dheweke ngarit. Diglegek banyu kendi sing digawa saka omah. Keringete gembrobyos saawak kojur. Laksito leyeh-leyeh teturon kipas-kipas nganggo godong sing tiba saka wit.
Nalika Laksito arep merem, dheweke weruh ana ula poleng sing duwe mahkota emas ing endhase. Laksito dadi penasaran mula dheweke ngetutake lakune ula saka mburine. Laksito mlakune alon banget supaya ora keweruhan ula mau. Ula mau akhire mandeg neng pasuketan kang rungkut, Laksito banjur mandeg, mripate mentheleng ndelengake salah tingkahe ula poleng sing lagi nlungsungi. Let pirang menit, ula mau banjur disaki neng clanane.
Laksito nerusake pegaweane maneh, rong karung kudu kebak. Sawise kebak rong karung, Laksito leren maneh sadhela.
Laksito tekan ngomah, banjur menyang pawon njaluk pangan marang Bi Ojah. Laksito bengak-bengok nanging ora ana wong kang weruh wujude sanajan suwarane sing kaprungu kuping. Laksito bingung, kenapa wong-wong padha ara bisa weruh wujude. Dheweke banjur kelingan marang kulit ula sing disaki. Kulit ula ditokake, sanalika Bi Ojah bisa weruh wujude Laksito. Cerita iku banjur kaprungu dening kanjeng Bupati.
Laksito didhawuhi ngadep kanjeng Bupati kanggo nyritakake kadadian kang kaprungu saka Bi Ojah. Mula Laksito ksnthi runtut anggone nyritakake babagan mau kang di alami. Kanjeng Bupati mirengake, banjur duwe panemu kanggo nyimpenake kulit ula sing ditemonake dening Laksito. Laksito tetep ora gelem sanadjan dirih-rih dening kanjeng Bupati, rumangsa sing nemu kulit ula dai dheweke uga sing kudu nduweni lan nyimpen.
Sanalika banjur ana rerebutan antarane Laksito lan Kanjeng Bupati, mula kulit ula poleng dilebokake thuthuk laksito lan ora sengaja keleg. Laksito owah wujude dadi ula poleng. Kanjeng Bupati rumangsa salah mula piyambakipun banjur di utus kon njaga rakyate yaiku rakyat Brebes. Lantaran laksito isih jejaka lan awujud ula poleng dadi wit kuwi dijenengi JAKA POLENG.

Nur Eka Sari ‘05


MLANGI

Zaman dhisik ing dhesa Pejambon, akeh banget padunung sing asale saka negeri Cina. Rata-rata padunung asli saka Pejambonne dhewe malah padha nyambut gawe dadi kacunge wong-wong Cina kanggo nguripi  kaluwargane.
Sanajan wong Cina kuwi sugih-sugih, nanging yen soal bandha pelite ora umum. Kacung-kacunge wae mung dikei upah sing cukup kanggo mangan tok. Kahanan kaya ngene dadiake padunung-padunung asli Pejambon uripe ora mulya lan sarwa kurang. Nanging Padunung asli saka Pejambon kuwi uripe guyup, rukun lan seneng tulung-tinulung, bedha karo wong-wong Cina sing senenge urip dhewe-dhewe ora mikirake kahanane wong liya.
Dhesa Pejambon zaman semana kondhang banget, amarga akeh dipanggoni karo wong Cina sing sugih-sugih. Marga kuwi, ning Pejambon kerep banget ditekani karo wong ngemis sing asale saka ngendhi wae.
Ing salah sawijining dina, ana wong ngemis teka ning Pejambon, nanging wong ngemis sing siji iki beda karo wong ngemis liyane. Wong kuwi tuwa, kuru, rambute dhawa putih, dhuweni jenggot lan gawa teken. Panganggone sarwa putih lan suwek-suwek.
Tekane wong ngemis kuwi ora disenengi deneng padunung Pejambon, apa maneh karo wong-wong Cina. Ora diwenehi dhuwit utawa panganan, nanging pengemis kuwi malah dielek-elek dening padununge Pejambon. Sanajan enthok kelakuan kaya ngono, wong ngemis kuwi tetep mlaku ngubengi omah-omah ing Pejambon kanggo golek dhuwit, nanging upayane kuwi ora ana kasile babar blas. Wes setengah dhina wong ngemis kuwi ngubengi dhesa, nanging ora ana siji-sijiya wong sing ngekei sedekah.
Ana ing tengah dalan, wong ngemis ketemu karo salah sijining padunung asli saka dhesa Pejambon sing jenenge Jafar. Jafar kuwi wong sing ora dhuwe apa-apa, nanging amal ibadahe kuat banget lan seneng nulung wong liya. Sanajan uripe Jafar sarwa kurang, nanging weruh wong ngemis kuwi, Jafar Jafar banjur ngrogoh sak kanggo jupuk dhuwit. Banjur dhuwit ewon lembaran kuwi diwenehake marang wong ngemis.
Sakwise dhuwite diwenehake, banjur Jafar lunga. Iseh telung jangkah, wong ngemis mau ngundang jenenge dheweke. Jafar kaget banget amarga wong ngemis kuwi ngerti jenenge dheweke. Jafar takon asal-usule pengemis kuwi, nanging pitakone kuwi ora diwangsuli, pengemis kuwi malahan menehi pituduh marang Jafar. Pituduh kuwi isine yaiku yen telung dhina maneh ing dhesa Pejambon iki bakalan arep ana udan gedhe banget sing bisa ngakibatke banjir bandhang. Jafar uga diwenehi saran, yen mengko pas ana banjir dheweke dikon numpak lesung mlaku ing arah kidhul kanggo nyelametake awake. Ora mung kuwi, Jafar uga diwenehi ali-ali dening wong ngemis mau, Gunane ali-ali kuwi yaiku kanggo ngadhepi bebayan sing bakal diadhepi sesok yen pas kadadean banjir. Nanging pesene wong ngemis mau yaiku ali-ali kuwi yen arep ning kakus dikon nyopot. Durung nganthi Jafar nyauri, wong ngemis kuwi teka-teka ilang mboh neng endhi.
Ngerti dhesane arep kena musibah, jafar ngumumake marang marang wong kampung ngengingi bab banjir mau. Nanging ora ana wong siji-siji ya sing percaya karo omongane Jafar. Apa maneh Pejambon kuwi panggonane ing gunung, dadi ora mlebu akal yen Pejambon bakal kena banjir.
Rong dhina sabanjure teka. Kadadean banjir kuwi uga teka. Awit isuk udhan gedhe banget dibarengi karo suwara geledhek kang nyamber-nyamber. Akeh omah-omh lan wit-witan padha ambruk kena angin sing gedhe tenan. Wong-wong sing padha ora percaya karo omongane Jafar padha bingung golek pitulung, nanging merga banjire dhuwur tenan, wong-wong mau padha ora bisa nyelametake awake. Siji-sijine wong sing slamet yaiku Jafar. Ana ing tengah-tengahing banjir, Jafar numpaki lesung mlaku ing arah kidhul. Nanging lesunge teka-teka ditabrak karo baya putih. Krasa nyawane keancem, Jafar banjur gelut karo baya putih kuwi. Pas baya kuwi gentian arep nyerang, Jafar kelingan karo omongane wong ngemis dhisik ngengingi ali-ali. Ora kesuwen banjur ali-aline ditokake lan diadhepake marang baya kuwi. Saka ali-ali kuwi ngetokake cahya. Baya mau banjur ilang. Gandheng lesunge wes dirusak marang baya, Jafar banjur nglangi sakuate tenagane tumuju daratan sing ora patia adoh. Akhire Jafar tekan daratan kanthi selamet.
Ning daratan kono, jebul ora ana padununge. Suwe netep ning kono dhewean, akhire Jafar nikah karo wong jaba daerah. Nanging sanajan wes duwe anak barang Jafar lan kaluwargane tetep netep ning kampung kono. Gandheng kampung kuwi urong ana jenenge, mangka karo Jafar kampung kuwi dijenengake kampung “Mlangi”. Dijenegake Mlangi karo Jafar marga dhisik tumujune Jafar tekan kono kanthi cara nglangi kanggo nyelametake awake. Saiki Mlangi wes dadi kampung sing wes kebak padununge. Malahan saiki ing Mlangi ana kuburan sing jenenge kuburan larangan sing ora enthok dikunjungi karo wong-wong. Konon jarene kuburan kuwi yaiku kuburane Jafar.

Pulung Anjar Pradigdo ‘05


MALING KENTIRI

Salah sawijine carita kang kawentar kang ana ing Blora yaiku carita Maling Kentiri. Maling Kentiri iku maling kang senengane ngrewangi wong sing mlarat utawa ora duwe. Maling Kentiri iku uga kasebat Maling Aguna yaiku maling kang sekti mandraguna.
Caritane Maling Kentiri yaiku, kacarita ana anak lanang jenenge Kentiri, putrane Kyai Ageng Pancuran gandrung marang Dewi Sirep, putrane Mbok Randha Sugati saka desa Sapetik, Sulang, Rembang. Amarga iku Kyai Ageng Pancuran njaluk tulung marang sedulure, Jarunan, supaya nglamar Dewi Sirep kanggo Kentiri. Kang gandrung marang Dewi Sirep ora mung Kentiri ananging uga Jaka Selakan, putrane Kyai Ngusman saka Balun, Cepu, Blora. Jaka Selakan uga nglamar Dewi Sirep. Anggone Kentiri nglamar luwih dhisik tinimbang Jaka Selakan ananging sing ditampa Mbok Randha Sugati iku lamarane Jaka Selakan. Ngerti kaya mengkono Kentiri dadi ngamuk karo Jaka Selakan.
Ing sawijine dina, Kentiri nyegat Jaka Selakan ing kali Modang kang ana ing sisih wetane Cepu. Kekarone terus padha padu. Jaka Selakan kalah terus dipateni Kentiri. Panggonanae Jaka Selakan pejah terus kasebat kalimati. Sawise Jaka selakan kalah, Kentiri terus mara menyang omahe Mbok Randha Sugati supaya Dewi Sirep gelem nampa lamarane maneh. Dewi Sirep gelem didadekake bojo Kentiri yen dheweke nyagohi apa-apa wae sing dikarepake Dewi Sirep. Tanpa dipikir maneh Kentiri terus nyagohi panjaluke Dewi Sirep, yaiku adus ana ing Sendhangkara ing Tuban, duwe Bendhe Becak, Bendhe Singabarong lan Bendhe Kencana.
Barang kang dadi panjaluke Dewi Sirep iku sejatine ana kang nduweni. Kayata Bendhe Becak iku kang nduweni Mbok Randha Suli, Tuban. Mbok Randha Suli iku tani kang sregep, dheweke duwe anak lanang siji jenenge Jaka Becak. Ngerteni yen Mbok Randha duwe Bendhe Becak, Kentiri terus lunga menyang omahe Mbok Randha nyilih Bendhe Becak. Mbok Randha kandha yen dheweke ora duwe sing dikarepake Kentiri, sing diduweni mung anak lanang siji jenenge Jaka Becak. Kentiri ora pracaya, Kentiri terus padu karo Jaka Becak. Jaka Becak kalah terus pejah, ora let suwe Jaka Becak malih wujudipun dadi Bendhe Becak.
Barang liyane Bendhe Becak yaiku Bendhe Singabarong lan Bendhe Kencana, duweke Mbok Hira lan Bupati Semarang, Ranggayuda. Kang paling angel diduweni Kentiri yaiku Bendhe Kencana. Kentiri ngerti yen Bupati Semarang duwe Bendhe kuwi mula Kentiri terus lunga menyang Semarang nyolong Bendhe Kencana. Dina iku apese Kentiri, sadurunge bisa njupuk Bendhe Kencana dheweke diweruhi wong liya. Kentiri mlayu lan dioyak-oyak karo punggawa Bupati Semarang. Anggone Kentiri mlayu rada adoh, dheweke terus ndelik ana ing kutha Blora. Sawise kedadeyan iku Kentiri terus kasebat Maling Kentiri amarga tumindake ing sabendinaneing kutha Blora mung nyolong wae. Kentiri iku maling, ananging anggone maling iku kanggo wong desa. Maling Kentiri iku satriya kanggone wong desa amarga apa-apa kang kasil saka maling diwenehake marang wong sing ora duwe utawa kekirangan.
Rikala Kentiri dioyak nganti tekan Blora, dheweke akeh nglairake jeneng-jeneng desa kang ana ing Blora, yaiku wose panggonan sing tau ditekani karo Maling Kentiri. Tuladhane jenenge desa Jepon, yaiku kacarita kaya mangkene: Kentiri nerusake lakune karo andum pangan. Amarga berase wis entek lan kari cumpon (pas-pasan) Kentiri terus kandha “Mbesuk yen ana rejane jaman tak jenakna karan Desa Jepon amarga berase arep dakdum wis kari sithik, tegese wis cumpon.” Tuladha liyane yaiku jenenge desa Dhungkluwih, yaiku kacarita kaya mangkene: Kentiri nerusake lakune maneh terus leren ana ing pinggir kali, leren ngliwet, isih meksa weruh wong. Kentiri terus kandha “Pinggir kali iki ana kedhunge lan ana wite kluwih, besuk yen ana rejane jaman tak jenakna desa Dhungkluwih. Ukara mbesuk yen ana rejane jaman asring dienggo wong kanggo nglairake jeneng-jeneng panggonan utawa desa.      
Sawise Kentiri jeleh anggone nyolong, dheweke terus tobat lan lunga maguru marang Sunan Ngerang ing Semarang. Dheweke janji yen ora bakal maling maneh lan bakal nglakokake tumindak kang apik lan sregep anggone ngibadah. Maling Kentiri miturut kapercayan wong desa, Maling iku isa mlebu menyang omahe wong liwat cahya lampu kang metu saka bolongan ngomah kang digawe saka kayu utawa pring.

Ria Gesti ‘05




















MAKAM NOLOYUDO
DESA LEMBUR PEKALONGAN

Sekitar abad 19 ing Kabupaten Purbalingga ana wong sakti, jenenge Demang Lawet. Tekan saiki makame isih terkenal, diarani makan Wadas Lawet. Demang Lawet nduwe putra sulung kang diarani Noloyudo. Nalikane isih enom dheweke seneng ngumbara. Kesenengane kuwi wis mendarah daging, dadi jarang ana isn kademangan.
Ora suwe kesehatan Ki Demang Lawet saya tambah parah, mangka dheweke kepengen Noloyudo nggantekake dadi demang, soale Nalayudo kuwi putra sulunge lan wis dewasa kanggo nerusake jabatane. Mangka Demang Lawet mrintah putrane sing bungsu kanggo nggoleki Noloyudo.
Wis pirang-pirang wulan digoleki, nanging ora ketemu. Wis telung taun lawase Noloyudo ninggalake kademangan lawet. Kanggo ngurangi beban pikirane, dheweke nunjuk adik Noloyudo kanggo ngganti kedhudhukane.
Ing sawijining dina, Nalayuda sing wis pirang-pirang taun ngumbara, nduweni pikiran kepingin bali. Dheweke kelingan ramane kang wis sepuh. Noloyudo mutusake kanggo bali menyang Kademangan. Sawise tekan Kademangan, dheweke kuciwa krana jabatan demang wis diganti dening adhike. Dheweke ora rela, nanging kepriye maneh sega wis dadi bubur. Dheweka ya sadhar yen kedadean mau krana kelalaiane.
Kedadean mau ndadakake Noloyudo ora betah ana ing Kademanan lawet. Lajeng dheweke lunga ngumbara maneh tanpa arah lan tujuan. Sawise telung wulan olehe ngumbara, Nuloyodo tekan ing desa Lambur, Kecamatan Kandang Serang – Pekalongan. Wis pirang-pirang taun dheweke ngumbara, dheweke bosen lan kepingin netep karo masyarakat. Lajeng dheweke ngluru pedukuhan utawa desa kanggo tempat tinggal. Krana dheweke ana ing tengah alas, mangka angel kanggo nemokake desa sing cedhak. Sinambi ngalamun, dheweke krungu kokok yaam saka arah kulon. Dheweke ngira-ngira yen ora adoh saka panggonane ana desa. Mangka sawise dheweke mlaku, ora suwe dheweke tekan ing sawijining desa yaiku desa si Elo, neng kono dheweke istirahat. Ing dukuh si Elo ana keluwargo Kaki Kolem lan Nini Kolem kalian putrane lanang lan wadon. Noloyudo numpang ing keluwarga Kaki Kolem, suwe-suwe dheweke nduweni katresnan kalian putrane sing wedok, mangka kalorone dinikahake.
Ing sawijining dina Kaki Kolem entok surat saka pemerintah Belanda sing isine surat perintah kanggo maju perang. Ing wektu semono nembe panas-panase perang Diponegoro, Kaki Kolem ngerti yen prajurit Pangeran Diponegoro tekenal wanine lan sekti. Saliyane mau prajurit Pangeran Diponegoro nduwe rasa kebangsaan kang gedhe. Ki Kolem oran wani nolak printahe Belanda. Ki kolem lajeng ngutus Noloyudo kanggo nglaksanakaken printah Belanda. Tanpa pikir, Noloyudo nyanggupi printah Ki Kolem, lajeng dheweke mangkat menyang medan perang. Belanda mau bungah atine nampa Noloyudo sing pikike ngyakinake. Noloyudo dikongkon ngeterake surat kalian Pangeran Diponegoro. Dheweke sadar yen kerjaan mau rupane duduk kerjaan sing gampang. Kaliyan ilmu kemayan, Noloyudo bisa nembus pertahanan Pangeran Diponegoro. Lajeng surat diselehake ing meja. Ora let suwe dadi perang ing Margolayu, Noloyudo melu perang nglawan Prajurit Diponegoro. Wis telung taun Noloyudo melu Belanda, dheweke sadar yen dheweke wis ngiyanati bangsane. Lajeng dheweke metu saka Belanda lan balik nyerang. Kaliyan leluangane, Noloyudo digoleki prajurit Belanda. Nanging pasukan Belanda mau bisa dikalahake.
Dheweke lajeng bali menyang Lambur, mlaku, munggah gunung lan turun gunung, akhire tekan ing dukuh Kaliguci, Tajur wilayah Kandangserang. Ing pingir kali dheweke istirahat sedelo. Sawise ilang rasa kesele, Noloyudo nglanjutake perjalanane menyang desa Lambur. Ing tengah dalan, sawise tekan kali Waringin (Lambur) dheweke mandheg krana krungu swara gamelan. Rupane ing dewa Lambur ana sing duwe hajad. Mangka dheweke takon kalian wong wedok sing lagi nyuci piring ing kali.
Noloyudo : “Apa ing Lambur ana wong sing duwe hajad, sebab saka kadoan ana suara gamelan rame sanget, spa sebenere sing duwe hajad?”
 Wong wedok mau mangsuli yen ing desa Lambur ana tontonan ledek, dene sing duwe hajad kuwi Ki Kolem. Dheweke nikahake putrine sing wis ditinggal nganti telung taun suwene. Sawise entok wangsulan saka song wedok mau, dheweke ngaturake matur nuwun, dheweke lajeng ninggalake panggona mau. Wong wedok mau ora ngerti yen dheweke kuwi Noloyudo.
Ora let suwe dheweke tekan omah. Weruh suasana kang rame lan meriah, mangka dheweke oran langsung mlebu omah. Dheweke namung njaluk tulung karo wong kanggo nimbali Ki Kolem. Ketemu kalian Noloyudo, dheweke ngrangkul Noloyudo sakencenge lan nyuwun ngapura. Weruh Ki Kolem ngejak mantune, khajatan dadi bubar, kabeh dadi kacau, temanten kakung uga melu mlayu sipat kuping.
Sawise suasana adem, kabeh keluwarga kumpul, Ki Kolem nyadari kesalahane lan nyuwun ngapura. Noloyudo bisa nrima kedadean mau. Akhire noloyudo kalian keluwarga urip rukun lan bahagia ing desa Lambur nganti akhir hayate. Makam Noloyudo ing desa Lambur nganti saiki dadi panggonan kramat sing dipercaya masyarakat. Makan mau sering kanggo prantara muja kayata njaluk rizki, berobat lan liya-liyane. Ing makan mau ana kuali sing digawe saka watu. Yen njaluk obat kanggo tamba penyakit, biasane dijukokake banyu saka kuali mau. Kepercayaan masyarakat yen kuali mau ana banyune, pertanda penyakit may bakal mari. Nanging yen ora ana, mangka ora mari. Kuali mau ora ana banyune senadyan musim udan. Yen kanggo njaluk apa wae, biasane sawise udan. Yen kanggo njaluk apa wae, biasane sawise dedonga, wong sing njaluk ngangkat kuali mau, yen kuali mau bisa diangkat mangka panjaluke bakal dikabulake.

                                        Sendang Witjayanti ‘05











ASAL MULANE KUTHA PEKALONGAN

Ing jaman biyen pesisir laut jawa sisih lor ana kampung cilik sing rakyate urip tentrem, terus ketekan bangsa dhedhemit sing seneng ngganggu, wong-wong ing kampung mau padha pindhah. Bareng ditinggal lunga kampung mau malih dadi alas gung liwang-liwung.
Ora ana jalma manungsa sing wani liwat, amarga ing kono anane mung kewan-kewan galak. Kayata celeng, asu, ula, macan, munyuk, lan liya-liyane. Alas mau dadi kerajaane bangsa lelembut, akeh wong sing liwat ing sakiwa tengene alas diweruhi yen alas utawa kara mau kutha gedhe ya ana pasare, ana perkampungane, lan ana pabrike sing akeh karyawane kaya ing donya iki.
Salah sawijining dina ana pawongan sing duwe pikiran gawe petilasan sing besuke yen ana rejaning jaman mangku omah saanak putune. Papan kepenak iku ana ing sakiwa tengene alas gung liwang-liwung. Alas mau diarani alas Gambiran, merga ana wit gambir sing dhoyong ing pinggir kali gedhe lan umure wis tuwa nganti oyote wae tekan pertapane Ki Ageng Cempaluk ing Kesesi.
Pawongan sing duwe pikiran gawe petilasan utawa pertapan mau ora liya yaiku putrane Ki Ageng Cempaluk Kesesi sing aran Ki Baureksa. Miturut critane wong pinter sing manggon ing cedhake alas, aja wani-wani babad alas Gambiran amarga ing kono ana ratuning lelembut sing ora seneng yen panguasane diganggu utawa dirusak sing wani mbabad alas bakal mati. Nanging Ki Bahureksa tetep kepingin mbukak pertapan ing alas Gambiran.
 Kanggo mujudake tujuwane Ki Baureksa kudu ngadhepi bangsane lelembut ing alas iku. Kamangka Ratuning lelembut ing alas iku  Dewi Lanjar sing ora liya mantune Nyi Lara Kidul  sing kondhang dadi ratuning laut kidul. Nalika Ki Bahureksa wiwit babad alas, ana wadya bala lelembut sing laporan karo Dewi Lanjar. Krungu laporan mau Dewi Lanjar ora trima, dheweke banjur ngongkon wadyabalane ngendhegage pakaryane Ki Bahureksa wadyabalane Dewi Lanjar terus ngendhegage pakaryane Ki Bahureksa kanthi cara njelma dadi ula meden-medeni Ki Bahureksa.

Ki Bahureksa ora sanggup ngadhepi wadyabala lelembut mau amarga Ki Bahureksa ora ngerti carane ngusir lelembut sing ora katon . Dheweke bingung kaya wong edan ing jero atine mung mikir piye carane ucul saka gangguan mau, Ki Bahureksa banjur bali menyang Kesesi. Para lelembut banjur bali menyang kraton  tugase wis rampung,  bisa ngusir Ki Bahureksa saka Alas Gambiran.
Sawise tekan Kesesi ki Bahureksa nemoni Ki Ageng Cempaluk lan nyritakake kahanan sing wis kadaden. Krungu critane putrane Ki Ageng Cempaluk banjur semedi, ing semedine Ki Ageng Cempaluk entuk wangsit sing munine yen pengin ketemu karo Dewi Lanjar kudu tapa kalong ing wit gambir sing ana ing alas Gambiran.
Wangsite mau banjur dikandhakake karo ki Bahureksa. Krungu pituture bapake Ki bahureksa banjur mangkat maneh menyang alas Gambiran lan langsung tapa kalong. Jalaran saka tapa kalong iku Ki Baureksa sukmane bisa ketemu karo Dewi Lanjar. Ing kono Ki Baureksa njlentrehake niate nanging Dewi Lanjar ora ngentuke yen diuthik panguwasane.
Ing kono Ki Bahureksa banjur perang karo Dewi Lanjar, perang mau dadi perang sing gedhe amarga loro-lorone padha sektine. Kanthi kapitayane Ki Baureksa sing kulina tapabrata lan olah kanuragan tur dhasare putrane Pandhita kejawen nekad tapa kalong ing wit gambir iku.
Merga tekate  Ki Baureksa wis manteb dheweke bisa nandhingi kapitayane Dewi Lanjar, Ing kono Dewi Lanjar ngakoni yen dheweke kalah pungkasane Dewi Lanjar ngijini Ki Bahureksa mbukak alas Gambiran kanggo papan pertapan lan dununge anak putune Ki Baureksa, nanging Ki Bahureksa kudu gelem dadi bojone Dewi Lanjar, Ki Bahureksa nyaguhi sarat mau. Papan sing dienggo tapa ngalong mau banjur didadekake desa Pekalongan saka tembung kalong.
 Nanging ana wadya bala sak bangsa lelembut sing ora trima marang keputusan mau lelembut mau jenenge Kala Warti. Kala Warti banjur gelut karo Ki Bahureksa, Ki Bahureksa sing ora siap kalah ngadhepi amukane Kala Warti amarga rumangsa wis kepepet Ki Bahureksa banjur mlayu saka kono nanging  Kala Warti isih ngoyak terus, untunge Ki Ageng Cempaluk teka lan ngewangi Ki Bahureksa ngadhepi Kala Warti.  Kanthi kasektene Ki Ageng Cempaluk, Kala Warti kasil dikalahake lan dipateni.
Sawise kadaden mau Ki Bahureksa banjur kawin karo Dewi Lanjar ing pesisir wong-wong nganankake sukuran amarga Ki Bahureksa kasil mbukak alas Gambiran kanggo perkampungan.
Saya suwe desa mau saya rame akeh wong padha teka numpak prau layar, prau-prau mau padha ngranjing ing pinggiring pantai, banjur papan mau diarani pelabuhan Boom. Wong sing teka umume para pedhagang saka Tiongkok. Nanging karo Ki Baureksa mung diijini dagang ing Pekalongan sisih lor orakena ngidul. Seprene para among dagang keturunan Tiongkok akeh manggon ing sisi lor. Rikala semana Ki Baureksa lakune saka lor selot ngidul mengko dadine kutha manut lakune Ki Baureksa saka lor tekan kidul.                   

MAMAS ROBIN ‘05
                                                                                   










SINTREN


Sulasih Sulandono
Biyen putih
Rak ngundang dewa
Dewane saking sukma
Widadari temuruna


            Katresnan tembung kang nandhakake rasa senenge marang liyan. Saka katresnan bisa gawe warna-warnane cerita. Saka critane kang nyenegake lan ana ga kang nrenyakake. Katresnan teka tanpa didga, ora ana kang bisa ngilangi rasa iki mau. Amerga kabeh ing dunya dadi saka tresna. Ora ana kang teka tanpa katresnan.
            Sultan Agung narendra ing Mataram. Ratu kang tansah adil, mila negarane tansa tentrem,makmur,gema ripah loh jinawi. Kaya mangkana nalika nagari Mataram kang lagi diadegi dene Sultan Agung. Kajaba saka pemimpinane uga saka para senopati kang tansa setya lan mumpuni. Salah sijine Ki Bahurekso.
            Ki Bahurekso, senopati kang anthuk lungguhan ana ing sadhawane pantai utara, awit saka kendal dumugi Pemalang. Senopati kang mumpuni, sakti, mandra guna. Saka rasa kasetyane, kabuktekake kanthi ngusir para landha utwa VOC kang njajah ing tanah jawa. Kajaba kuwi uga dheweke wong kang wani mbabad alas. Alas kang amba sakdawane dheweke liwat.
Alas kang amba mau, kajaba ake kewan kang mbebayani uga saka panunggune kang wujud saka makhuk liya. Pramila alas kang arep dibabat kuwi uga wingit kang wis misuwur ana ing kono. Wit-witan kang gede akeh tinemu ana ing alas kono. Nanging saka kasektene Ki Bahureksa bisa kasil mbabat alas amba mau. Kajaba mangkono uga saka para dhemit kang dadi ratune bangsane uga bisa katumpes dene Ki Bahureksa.
Ana sakwijining dina, Joko Bahu kang lagi nerusake lampahane katemu karo salah sijining kenya ayu kang lagi nglakoni tapa. Kenya mau ayu rupane. Saka panyawange dheweke dudu manungsa kang kaya adate. Amerga apa kang lagi katumindakake mertandani menawa kenya kuwi lagi nglakoni sala sijining lakune pandhita. Lan saka katemune kuwi, Joko Bahu bisa kapincut dene kenya kuwi.
            Ki Bahureksa kang misuwur tekan Pemalang asmane. Saka misuwure akeh wanita kang kapincut marang Ki Bahurekso. Dene saka akehe wanita kang teka, ki Bahurekso milih Rr. Rantamsari kang bakal ngisi dinane. Kacarita Rr.Rantamsari putri kang ayu rupane. Dene sejatine kenya ayu kuwi ya wanita kang lagi dadi pandhita. Kang katemu ana ing dalan nalika diutus Sultan Agung menyang Batavia. Ananging kajaba kautus ngusir Walanda, uga nggoleki wanita ayu kang tapa ana ing njerone wana kono. Ora liya kenya kang ditresnani.
            Joko Bahu kang wis kaobong geni asmara, ora bisa nglakokake tugase. Amarga saka kenya mau uga ora na rasa tresna marang Sultan Agung. Ananging jebul kenya ayu tanpa cacat iku tresna marang Joko Bahu. 
Saka katresnane bisa nyipta R. Sulandono. Satrya bagus, anak mas joko bahu kuwi nalika ngancik dewasa,seneng anggone lelungan, Nurut desa, mlebu wana. Waktu ning alas R.Sulandono tarung karo buto, banjur dimenangake R.Sulandono. Ananging tangane R.Sulandono cidra amerga kena sabetan kukune buta mau. Sakwijining dina,ing desa Kalisalah R.sulandono tinemu marang kenya ayu.Wanita kang kuning kulite,bangkekane mawon kemit lan dawa rambute kaya bidadari rupane. Tukul rasa tresna telenging ati R.Sulandono. Ya, pancen kenya kang ayu jaka endhi kang ora kesengsem.
            Sakwise tinepengan, jebul pada rasa kang tinemu saka kang mau. Kenya ayu kang asma Dewi Sulasih jebul kasmaran marang R.Sulandono. Nom-noman loro pada nandhang wuyung lan saka niyate, wong bakal urip bebarengan umekane kaki nini.
            Pramila, Dewi Sulasih di boyong menyang kadipaten. Ditemokake lan arep njaluk pangestu marang Romo biyung. Apa kasunyatane? kang rama Ki Bahurekso ora bisa nampa Dewi Sulasih, remuk atine wong loro. Nanging bekti marang wong tuwa kudu katindhakaken. R. Sulandono sido pisah karo Dewi Sulasih, lara rasaning ati.
            Nanging, saka babu seje. Kang ibu paring pangestu marang putrane R.Sulandono kautus tapa sulih. Kajaba saka iku uga diparingi Kacu kang bakal dadi lantaran kanggo bisa tinemu marang Dewi Sulasih. Dene Dewi Sulasih diutus dadi penari saben wayah resik-resik desa. Lan saka lantaran iku bocah loro bisa tinemu.
            Nalika tanggal limalas ngancik sasi purnama acara resik desa dianakake.Lan saka kana Dewi Sulasih nari kang bakal kalebon dene wadag alus dene kacune R sulandono diuncalake minangka obat kanggone.
            Saka carita Sulandono kang lagi kautus dene ibu tapa, nalika ngancik tanggal limalas deweke kapanggil dene sang ibu. Amarga sang ibu kajaba ayu parase, uga ndhuweni kasekten kang mumpuni. Saka kasektene, bisa ngundang rohe sapa kang dikarepake. Lan badan kasar kang ditinggal kanggo sakwetara wektu di isi karo bangsane lelembut.
Nalika titi wancine, Sulandono kang lagi tapa katimbalan ana sakjroning tapa. Rohe kang teka mau bakal ditemokake marang rohe Sulasih. Dene Sulasih kang diutus nari katimbalan uga rohe. Dene wadage utawa badan kasare kalebonan dene bangsane lelembut. Dadi sejatine kang nari ana badane Sulasih yaiku dudu Sulasih. Amerga Sualasih katemu karo Sulandono lan kang pada ketrajang asmara. Leloron pada kasmaran ananging ora ana ing alaming manungsa. Kadaden kaya mangkono kalakon nganti pirang-pirang taun.
Lelakon mau uga ana syarate kang ora enthuk katinggalake. Syarate yaiku Sulandono kang kaparingan kacu dene Sang Babu kudu kagawa. Amaerga kacu kuwi kanggo lantaran bisa bali maneh ana ing alam manungsa. Dadi saben tanggal limalas kacu kuwi ora tau lat ana ing tangane Sulandono nalika arep ketemu marang Sulasih.
Sakwijining dina, ana salah sijining bangsa jin kang ngganggu gawe dene Sulandono. Amarga saka tapane nggawe ribete bangsane jin kang mapan ana kono. Mila saka bangsa jin kang ana papan kono ngutus sapa kang bisa gawe mandege tapane Sulandono bakal dadi rajane bangsa jin. Kala Regi. Jin kang uga mumpuni.
Saben dina Dheweke ngematake Sulandono kang lagi tapa. Lelaku apa kang katindakake dene Sulandono, ngematake apa kang dadi wadine ngelmune Sulandono. Suwe anggone ngematake, lan jebul kasil. Kala Regi ngerti menawa Sulandono dhuwe gaman awujud kacu. Kacu kang bisa gawe metune roh lan narik jin kanggo nunggoni badane. Kala Regi kang wis mangerti menawa kacu kuwi kang dadi wadine mula golek cara kanggo gawe Sulandono lali nggawa kacu nalika arep katemu karo Sulasih.  
Tanggal Limalas padhang bulan, kaya adate Sulandono bakal ketemu karo Sulasih. Ananging ana sakjroning tapane Sulandono kaganggu dene Kala Regi kang kepengin nguculake kacu ana ing lengene. Kala Regi malih rupa dadi kupu. Kupu mau menclok ana ing sirahe Sulandono. Lan kupu kuwi matur menawa kepengen urip bebarengan lan langgeng karo Sulasih kudu nguculake kacu saka lengene. Sulandono kang pancen tresna marang Sulasih keprungu swara kuwi banjur goyah tapane. Dheweke wis kepengen bisa kumpul bareng tanpa ana kang misahake.
“He, Nger.... Sulandono.... katresnan kuwi suci, ora bisa kapisahake dene apa kang ana ing dunya. Mula menawa kepengen langgeng anggonmu katresnanmu lan ora ana kang nglarang mula uculana kacu kang gawe watesing wektu. Amerga Kacu kuwi kang misahake kowe leloron”, kandhane Kala Regi marang Sulandono kanggo nggoyahake tapane.
Sulandono kang pancen kepati anggone tresna mula alon-alon kacu kauculaken. Bungah atine Kala Regi weruh apa kang katindhakake Sulandono. Dene Sulandono nerusake anggone tapa amerga ya wis wayahe katemu karo Sulasih, kang kebak rasa kangen.
Wayahe wis teka. Wong loro ketemu kaya adate saben padhang wulan. Wong loro andum katresnan kebak rasa kangen. Dene papane dudu ana ing alaming manungsa. Jasad kang katinggalake mung gumletak ana ing lemah. Tanpa daya lan tanpa tenaga kang ana. Amerga roh kang ngisi badan kasar ana ing njaba lan ora bisa bali. Amerga Sulandono wis mblenjani janji tanpa ngganggo kacu nalika katemu marang Sulasih. Kasmaran ora bakal ilang rasa kuwi. Lan ora bakal mikir ana ing ngendi papan dununge. Kang ana mung rasa Kangen. Wong loro ora bisa bali maneh ana ing alam manungsa, padha langgeng ana ing alam kono.
Saka crita kuwi mula kang nari Sintren bakal kalebonan Ruhe Sulasih. Dene menawa kepengen bali mula kudu dibalang kabu.

Harry Komeng ‘05











ASAL MULANE
 DESA KLIDANG LAN LOMBANE

Miturut critane wong tuwa  biyene wong-wong sing manggon ing sakiwa tengene Kali Kramat padha pindhah saka kono amarga wedi karo raja lelembut sing mbahureksa ing kali mau. Banjur ana jejaka sing jenenge Jaka Bahu, dheweke salah sajining senopati Mataram putrane Ki Ageng Cempaluk saka Kesesi. Nalika iku dheweke arep babad alas Roban sing saiki melu Kabupaten Batang. Anggone dheweke babad alas mau amarga diutus dening Sultan Agung. Jaka Bahu kudu mangkat mbendung Kali Kramat kanggo ngileni pategalan sing ana ing sakiwa tengene kali, nanging ing kono ana sing mbahureksa yaiku raja lelembut sing arane Uling Kala Drubiksa.
 Wong-wong ing sakiwa tengene kali ora ana sing wani mbendung kali Kramat amarga Kala Drubiksa ora gelem yen panggonane dirusak, sing  ngrusak mesti mati. Ing kono pancen wis kondhang yen Kala Drubiksa kuwi raja lelembut kang ora nduweni trapsila, kabeh tumindake mujudake tumindak kang ora becik. Seneng gawe geger tumrap uripe manungsa. Krungu critane wong sing manggon ing cedhake kali ora gawe wedine Jaka Bahu, Dheweke tetep arep mbendung kali kramat. Ing kratone ana salah siji prajurit sing laporan karo Kala Drubiksa menawa ana salah siji jejaka kang gawe ontran-ontran ing kuta raja amarga wani mbendung Kali Kramat. Kala Drubiksa durung percaya, kanggo nggenahake kabar mau dheweke kongkonan prajurit liyane kanggo mastekake yen kabar mau bener.
Ora let suwe prajurite mau teka lan nglaporake yen pancen ana jejaka sing lagi mbendung kali. Kala Drubiksa kang pancen beda alam karo Jaka Bahu ora trima yen panggonane diorak-arik dheweke banjur ngongkon prajurite ngendhegake pagaweyane Si Jaka Bahu. . Para prajurite dikumpulake ing alun-alun diwenehi cara kanggo ngendhegage Jaka Bahu. Kala Drubiksa ngongkon prajurite meden-medeni Jaka Bahu, prajurite dikongkon malih rupa dadi ula-ula gedhe. Prajurite banjur padha mangkat menyang panggonane Jaka Bahu.
Jaka Bahu kang lagi gawe bendungan sanalika kaget weruh ula gedhe-gedhe mau, ana salah sijine ula sing kandha marang Jaka Bahu, kandhane yen Jaka Bahu pingin mbendung Kali Kramat kudu nyemplung dhisik ing tengahing puseran kali mau. Jaka Bahu banjur nuruti kandhane ula mau, dheweke banjur nyemplung ing Kali Kramat. Ing jero puseran jebule ora ana apa-apa, ing kono Jaka Bahu lagi eling yen dheweke diapusi. Dheweke kepingin metu saka jero kali nanging angel amarga ula-ula gedhe mau nggubet awake. Kanthi kasektene Jaka Bahu bisa ucul saka gubetane ula mau lan mlumpat saka kali. Nanging  tetep dioyak dening ula-ula mau ing pinggir kali ula-ula mau padha nlgawan nanging bisa dikalahake dening Jaka Bahu.
Mundure para prajurite  saya  gawe abange kuping Si Kala Drubiksa. Kala Drubiksa ora trima banjur menyat lan tandhang dhewe ngadhepi Jaka Bahu. Perange Jaka Bahu karo Kala Drubiksa dadi prang sing gedhe. Wong loro padha sektine. Ananging amerga  Jaka Bahu wis entek tenagane Jaka Bahu kalah, Jaka Bahu bisa dicekel dene Drubiksa kanthi digubet nganggo buntute. Ora kalah pokal lan akal tenaga kang wis kari sithik digunakake kanggo bisa ucul, akhire Jaka Bahu bisa ucul saka gubetane Kla Drubiksa. Jaka Bahu banjur mlayu golek papan kanggo umpetan mulihake tenagane.
Kala Drubiksa sakprajurite ngoyak jaka Bahu nanging ora kecekel amarga Jaka Bahu ndhelik Ana ing papan pandhelikane, Jaka Bahu mikir piye carane mateni Kala Drubiksa. Dheweke banjur semedi, ing semedine ketemu karo adhine Kala Drubiksa sing aran Drubiksawati. Kang pancen papan pandhelikane mau mujudake kaputrene Drubiksawati. Saka panyawange Drubiksawati, banjur thukul rasa tresna tumrap Jaka Bahu ing kono Jaka Bahu ditambani larane. Drubiksawati nyedhaki Jaka lan kandha menawa dheweke tresna marang Jaka Bahu. Ngerti sing ngomong iku adhine Kala Drubiksa, mula Jaka Bahu akal dheweketakon karo Drubiksawati carane mateni Kala Drubiksa. Jaka Bahu banjur njaluk tulung  marang Drubiksawati nggolekake wadine utawa kalemahane Si Kala Drubiksa.
 Drubiksawati nyaguhi nanging ana sarat sing kudu dilakoni sarate yaiku Jaka Bahu kudu gelem nrima katresnane Drubiksawati lan ora entuk mateni Kala Drubiksa. Jaka Bahu uga nyaguhi sarate Drubiksawati..
Jaka Bahu banjur dicolongake pedhang Swedang kang dadi sumber  kasektene Kala Drubiksa. Sakwise entuk pedhang mau Jaka Bahu banjur mangkat maneh nggoleki Kala Drubiksa, ngrampungake perange nglawan Kala Drubiksa. Sawise ketemu banjur perang maneh lan bener,  kanthi pedhang mau Kala Drubiksa tenan kasil bisa dikalahake. Kala Drubiksa terus mlayu nganti tekan lor alas Roban.
Ora mandheg tekan semono lelakone Jaka Bahu kanggo gawe kapoke  Kala Drubiksa. Jaka Bahu ngoyak Kala Drubiksa nganti kecekel, akhire banjur kecekel lan kadaden rundhingan utawa prajanjen antarane wong loro mau ing kali kramat. Ing kono Kala Drubiksa ngakoni yen kalah lan gelem ngabdi dadi kongkonane Jaka Bahu, Kala Drubiksa lan Jaka Bahu banjur bali menyang Kali kramat  ngrampungake mbendung Kali Kramat.
Sawise tekan kali kramat Jaka Bahu kongkonan karo Kala Drubiksa sakprajurite ngrewangi mbendung kali, nanging Kala Drubiksa ngingkari janjine Dheweke ora gelem ngrewangi. Jaka Bahu banjur perang maneh Kala Drubiksa kalah maneh lan njaluk rundhingan maneh ing pinggiring kali kang nikung. Asile rundhingan mau, yaiku Kala Drubiksa ora bakal ngganggu maneh uripe manungsa. Nanging Kala Drubiksa entuk njupuk jatah kanggo urip saka manungsa, ananging sithik lan ora entuk ana kang mangerteni. Kajaba kuwi dheweke uga diwenehi panggonan ing Alas Roban sisih lor kanggo papan uripe.
Saka kasile Jaka Bahu ngalahake raja lelembut mau, mula para warga padha gawe slametan utawa sukuran. Sukuran kang gedhe merga bisa ngalahake Kala Drubiksa lan sukuran amarga Dewi Drubiksawati dipekbojo dening Jaka Bahu.  Dene wong-wong mengeti sukuran mau  kanthi Lulumban. Mula saiki dadi salah sawijining uapaca sakral Lomban ing tlatah kana. Sawise lelumban Jaka bahu banjur nyelehake pedhang Swedang ing pinggiring kali kang nikung, papan kanggo ngglethakake Pedhang mau diarani desa Klidang. Amarga  asale saka Pedhang Swedang karo Kali Kramat.

F. Agustia ‘05




















JARE NENG PEKALONGAN ORA ANA KEBO LANANG

Dek biyen neng kampung nelayan desa Sigeseng ing Pekalongan, ana petapa kang sakti mandra guna. Jenenge Ki Sadipo, dheweke wis misuwur ahli nggawe prau. Ki Sadipo nduwe anak lanang jenenge Joko Danu kang padha-padha saktine. Wiwit cilik Joko Danu dilatih karo Ki Sadipo, kanthi padha saktine kaya bapake. Saknajan sakti Joko Danu diwejangi yen kesaktian mau ora kena dipamerake.
”Jaka, saiki kowe wis gedhe, kesaktianmu wis sampurna. Nanging kowe kudu eling kabeh mau ora perlu dipamerake uripa kaya wong lumrahe kaya masyarakat kene.”  Ki Sadipo menehi wejangan kanggo anake.
“Inggih bapa, kula mangertos. Sakmenika kula badhe urip limrah kados masyarakat mriki”
            Sakwijining dina, ki Sadipo oleh pesenan prau saka Raja Galuh. Raja kepingin banget nduwe prau gaweane Ki Sadipo. Krungu kabar mau Ki Sadipo bungah banget. Dheweke banjur ngumpulake murid-muride.
            “Murid-muridku, aku mau oleh pesenan prau saka Raja Galuh. Sesuk esuk-esuk bareng-bareng golek kayu ing alas kana.”
            “Inggih guru, ngenjing saderenge fajar kita sedanten menyang alas. Saniki kula kaliyan rencang-rencang badhe nyiapaken pirantinipun,”  kandane Basuki murid sing paling tuwa lan dipercaya dening Ki Sadipo
            “Ya wis kana, sesuk tak enteni ning prapatan desa.”
Esuk-esuk murid-muride wis ngenteni ning prapatan.
“Wah, wis teka kabeh ya? Ayo langsung mangkat wae saiki,” direwangi muride Ki Sadipo nggolek kayu neng alas. Sakwise tekan alas muride padha mencar golek kayu sing apik.
Sasuwene anggone golek ora ana kayu kang dikarepake. Banjur Ki Sadipo ngakon muride leren dhisik karo mangan sing mau digawa.   “Padha ngaso disik kene karo padha mangan, during padha sarapan ta mau?”
Banjur murid-muride padha kumpul ing ngisor wit pada lungguh neng suket.
“Lha Basuki neng ngendi kok ora ketok?”, pitakone Ki Sadipo marang muride.
“Ngapunten guru, kadosipun taksih madosi kayu wau liwat sisih wetan,” wangsulane muride.
            “Tak golekane disik, kowe kabeh ngenteni kene.”
Banjur Ki Sadipo lunga nggoleki muride, ing dalan dheweke nemu kayu kang apik lan gedhe banget. Wektu dheweke isih ndelokake kayu mau saka kadohan ana suwarane muride ngundang dheweke.
“Guru…!”, jebule Basuki.
“Aku nggoleki kowe mau, iki Bas aku wis nemu kayu kanggo gawe prau. Apik tenan ta?”
            “Nggih…, sae tenan!” wangsulane Basuki kang mlongo weruh wit kang gedhe banget ana ing ngarepe.
            “Heh…, malah nglamun, kana undangen kanca-kancamu langsung ditegor wae!” Prentahe gurune marang Basuki.
Basuki lunga marani kancane, banjur bebarengan tumuju ing wetan. Tekan kana langsung bareng-bareng nebang kayu. Sakwise ditebang karepe arep langsung digawa bali maring ndesa. Nanging saking gedhene, Ki Sadipo karo murid-muride ora kuwat nggotong kayu mau.
“Guru kajengipun abot sanget kadosipun mboten bakal kiyat menawi digotong tiyang wolu.”
“Iya, pie yen njaluk tulung marang warga wae, kowe padha jaga ana kene aku tak mulih dhisik.”
            Ki Sadipo banjur bali menyang desa neng alas mung ana murid-muride. Sakwise metu alas dheweke langsung ngumpulake warga.
            “Bapak-bapak, anggonku ngumpulake sampeyan neng kene aku arep njaluk tulung kanggo nggotong kayu saka alas. Kayune gedhe banget aku lan murid-muridku ora kuwat nggotong.”
            Sakwise para warga wis nyaguhi, Ki Sadipo lan rombongan bareng-bareng menyang alas arep gotongan.
            Tekan alas Ki Sadepo kaget lan kayune wis ora ana, salah sijine warga takon, “endi ki kayu kang arep digotong, apa durung ditebang?”  Ki sadepo bingung olehe mangsuli “Mau ana ning kene saiki ora ana.”
Weruh gurune kang lagi bingung banjur muride marani, “ngapunten guru, kala wau kajengipun sampun dipun betha kalih jaka danu piyambakan.”   Krungu kahanan mau Ki Sadepo murka. Dheweke krasa dientengake anake. Jaka Danu dianggep sengaja pamer kesaktian ing ngarepe murid-muride. Sakjane Ki Sadepo uga bisa nggotong kayu dhewe, nanging dheweke luwih milih njaluk tulung warga. Ki Sadepo mung ora kepengin pamer kasaktiyan neng ngarepe wong akeh. Ki Sadipo njaluk ngapura karo warga kang wis adoh-adoh teka neng alas nanging kayune malah wis ora ana. Ki Sadepo karo rombongan banjur bali ning kampung.
Neng tengah dalan dheweke pethukan karo Joko danu.
“Bapa, kayune sampun kula bekta wangsul,” kandhane Jaka Danu.
Banjur Ki Sadepo isih murka banjur mangsuli, “anaku kowe kuwat banget bisa nggawa kayu mau, pancen kowe perkasa kaya kebo.”
Dumadakan putrane malih dadi kebo. Weruh kahanan mau warga lan muride kaget banget, nanging ora bisa apa-apa mung ndelokake Jaka danu kang malih kaya siluman. Petapa mau banjur ngakon kebo Danu lungo menyang alas.
“Danu kowe lancang nyepeleake pamelinge bapakmu, saiki lunga saka papan kene. Uripa neng alas kono!”
Ngapunten Bapa, kula mboten….”
Durung rampung ngomong Ki Sadipo langsung nyela, “kowe wis lali marang pamelingku, aku ora bisa apa-apa. Saiki kowe kudu lunga saka kene!”
            Sakjane Joko Danu abot ninggalake bapake nanging dheweke tetep lungo kanggo nebus kesalahane. Dheweke gelo banget, yen mau dheweke ngomong disik mesthi ora bakal dadi koyo ngene. Joko Danu wis lali pamelinge bapake, saknajan dheweke sakti kudune ora perlu mamerake kesaktiane.
            Kuwi sebabe tekan saiki ora ana kebo lanang neng desa Sigeseng, yen ana mesti bakal dadi mangsane kebo Danu. Nanging kebo-kebo wedok ing dhaerah kono tetep bisa manak amarga ana kebo siluman yaiku kebo Danu. Anak kebo sing lanang ugo dipangan karo kebo siluman mau.

 Wahyu Arfina ‘05

















JAKA POLENG

Ana wong nom bagus tur gagah, jenenge Laksito. Pegaweane tukang ngopeni jarane bupati Brebes. Kanjeng Bupati seneng karo Laksito, wonge sregep lan resikan.
Saben esuk kaya biyasane, Laksito arep menyang sawah golek suket kanggo pakane Genta, jarane Kanjeng Bupati.
Bulik, nyong ning sawah ndisit!” Laksito gemboran pamit karo Bi Ojah, bature Kanjeng Bupati sing lagi uprak-uprek neng pawon.
Iya cah bagus, ati-ati ya!”  bulikke mangsuli karo sibuk uprak-uprek, ora nglinguk ndelokake Laksito lunga.
Nggawa arit lan karung, Laksito mlaku turut galeng sawah golet suket-suket sing ijo lan seger.
Barang tekan lapangan, dheweke mbatin, “Em... neng kene kyeh sukete ijo-ijo nemen, Si Genta mesti dokoh mangane.”
Banjur Laksito langsung mbabadi suket-suket sing ana neng ngarepane. Saknajan panas tetep dilakoni karo ngusapi keringet kang terus tumetes ing batuke. Laksito ngumpulake suket nganti akeh.
Sawise oleh sekarung kebak, kaya biyasane dheweke ngasoh ing ngisore wit gedhe. Karo ngombe banyu kendi sing digawa saka ngomah. Keringete gembrobyos sekojur awak. Laksito leyeh-leyeh glelengan karo kipas-kipas ngangg godhong sing tiba sing wit gedhe mau. Wektu Laksito lagi pan merem, dheweke weruh ula poleng ana mahkota emas ning endase. Laksito kaget lan penasaran, dheweke ngetutake ula kang kalebu aneh mau. Laksito mlaku alon-alon supaya ulane ora weruh. akhire ula mau mandeg neng rerungseban. Banjur Laksito melu mandeg. Matane menteleng ndelokake ula poleng sing lagi nglungsumi. Ora suwe, ula kuwe kulite nglocop. Laksito marani panggonan mau sawise ulane lunga. Banjur bekas kulit ula poleng mau dijukut Laksito. Laksito balik maning neng lapangan arep nerusake gaweane. Dheweke kudu oleh rong karung kebek.
            “Uh… wis kebak. Balik ah, wis ngelih,” kandhane Laksito karo naleni karunge. Laksito ngasoh maning sedelat, banjur dheweke balik.
Tekan ngomah langsung ngundang bulikke, “Bulik, aku ngelih, Bulik, pan mangan.”
 “Lho, To, kowen ning endi?”  Bulik Ojah gemboran kaget.
“Nyong nang ngiringane Bulik!”  ujare Laksito eram.
“Aja guyonan lha, To.. Bulik ora weruh kowe neng kene. Kowe umpetan neng ngendi,”  Bi Ojah rada kewedinan.
”Nyong neng kene, Bulik...”  Laksito mangsuli karo nyekeli tangane Bulik Ojah. Bulik Ojah kaget ora kira-kira wektu ngerasakna tangane ana sing nyekeli nanging ora katon jruntunge. Bi Ojah langsung gemboran manjing ning padepokane Kanjeng Bupati, wadul karo kanjenge.
Ora suwe, Bulik Ojah balik maning maring pawon karo Kanjeng Bupati.
“Neng endi, Bulik?” pitakone Kanjeng Bupati penasaran karo ceritane Bulik Ojah.
”Ampun Kanjeng, suarane neng kene miki,” Bulik Ojah nyoba kanggo njelasake maring Kanjeng Bupati.
“Laksito…! Kowen neng endi?” Kanjeng Bupati nggemboran ngundang  Laksito.
“Ampun, Gusti Kanjeng, aku neng kene, neng ngiringane kanjeng bupati,”  wangsulane Laksito.
”Lho lho lho, kok kowen ora katon?”  kanjenge ya dadi kaget nemen.
            ”Ampun, kanjeng aku ya ora ngerti,”  wangsulane Laksito sing melu bingung.
            Gusti Kanjeng Bupati meneng sedelat, kaya lagi mikir.
            ”Ana kedadiyan apa sing kowen alami sedurunge kiye?”  takone Gusti Bupati.
            Laksito meneng sedelat, karo mikir.
            “O iya, Gusti, mau waktu aku luruh suket neng sawah, aku weruh ula poleng sing endase ana emase kemerlob repan nglungsum, tak gatekna banjur tak jukut kulite,”  Ceritane Laksito perkara kedadean ning sawah mau.
            “O.. kaya kuwi, terus kulite neng endi?” pitakone Gusti Kanjeng.
            “Neng sak clanaku.”Sawise kulit kuwi ditakonake lan didokon neng meja, ujug-ujug awake Laksito katon. Kiye sing nggawe Bi Ojah sing mau meneng, dadi mundur kaget.
            “Wah, Laksito, kowen wis katon,”  Bi Ojah gemboran.
Laksito gemuyu, Gusti Kanjeng Bupati manthuk-manthuk ngerteni.
            To, kulit ulane tak simpen wae,” jare Gusti Kanjeng karo nuding kulit ula kuwi, menehi tandha karo Laksito kanggo dijukutna banjur diwenehake marang dheweke. Nanging alus-alusan Laksito nolak.
Ampun, Gusti, kulit kiye ndeke aku. “Pan nggo apa, To? Laka gunane dienggo kowen,” Gusti Bupati ngrayu Laksito.
            “Ampun, Gusti. Merga iki sing nemu aku, dadi ya aku pengen tak simpen,” wangsulane Laksito.
            “Laka gunane ning kowen, cepet wekena aku!”  kanjenge gemboran maksa ning Laksito.
            “Ampun, Gusti, hamba ora bisa.,”  Laksito tetep teteg.
Sakteruse Gusti Bupati karo Laksito rebutan. Lantaran Laksito wedi benda kuwe bakal kecekel karo bupatine, Laksito cepet-cepet manjingna benda kuwe neng cangkeme, lan ora sengaja kulit ula mau keuntal.
Gusti Bupati mung bisa nahan emosine, weruh Laksito ngeleg kulit ula. Saka sethithik awake Laksito ngilang.
            “Maapna aku Gusti, wis wani karo Gusti,” ujare Laksito lirih. Bupati ngunjal ambegan. 
            “Aku nyesel wis maksa kowen, Laksito. Sebenere memang kuwe hake kowen, nanging aku maksa, dadi akhire kaya kiye, aku nyesel. Maapna aku, Laksito.”
            Bupatine nyesel. Banjur bupatine nglanjutna ngomong, “Kiye mungkin wis dakdire kowen. Laksito, kowen wujude wis laka. Aku njaluk tulung karo kowen jagakake rakyate aku sing neng rakyat Brebes. Kowen nesih jejaka lan mangan kulit ula poleng, dadi saiki kowen tak arani Jaka Poleng.”

Ita Dwiyatin ‘05























Tidak ada komentar: