Breaking

Minggu, Februari 05, 2012

mitos pekaongan


DEWI LANJAR

Dewi lanjar iku kalebu mitos sing isih dipercaya karo masyarakat khususe masyarakat sing mapan ana ing sadawane laut lor. Kabeh kedadiyan sing aneh lan ora iso ditrima karo akal sing ana ing masyarakat mesthi dikait-kaitake karo anane Dewi Lanjar. Misale yen ana bocah ilang mesthi wong-wong nganngep yen bocah mau digawa karo Dewi Lanjar, Nanging yen bocahe iso balik yen  ditakoni mesthi bocahe jawab yen dheweke kesasar ana ing papan panggonan sing wargane memper karo warga biasane.Papan panggonan iku sing duweni wong sing ayu rupane yaiku Dewi Lanjar.
Ceritane jaman biyen ana papan ing sedawane laut lor , ana putri sing ayu rupane , kang nganti saiki isih diomongake karo wong-wong  , putri iku jenenge putri Roro Kuning ,Dene papan panggonane ora genah lan ora ana wong sing bisa mastekake.
Sedawane uripe Dewi Rara Kuning ngalami akeh kesusahan lan derita kang abot, merga pas wayah nom-nomane wis dadi randa.Bojone ninggal pas wayah nglakoni perkawinanae.,Merga kuwi Dewi Rara Kuning dikenal karo karo masyarakat nganggo sebutan Dewi Lanjar(Lanjar iku sebutan kanggo wong wadon kang ditinggal bojone ing nom-nomanae lan during diwenehi anak).
Wiwit ditinggal mati karo bojone uripe dewi Rara Kuning utawa dewi Lanjar dadi sengsara lan mesthi kepikiran karo bojone sing wis mati.Kya ngono kuwi sing dilakokake karo Dewi Lanjar nagnti suwene iki ora iso diukur meneh, nanging Dewi lanjar sadar yen dheweke teru-terusan kaya ngono mestine duweni akibat sing ora apik kanggo dheweke.Akhire dheweke mutuske kanggo ninggalake desane karo rasa sedih sing ora ana watese.
Akhire   lakune  Dewi Lanjar tekan ing pinggire kali Opak. Ing papan ngono dheweke ketemu karo raja Mentaram lan Mahapati Singaranu sing lagi nglakoni tapa brata ngambang ana ing duwure banyu kali iku.ing sajerone ketemune Dewi lanjar karo wong Saka mentaram mau dheweke critakake isi athine yen dheweke ora bakal kawin meneh.Panembahan Senapati lan Maha Patih dadi dhuweni rasa melas marang Dewi Lanjar.Akhire Dewi lanjar diwenehi sran kanggo kanggo nglakoni tapa ing segara kidul lan ngadep karo Ratu Kidul. Sawise dewi Lanjar diwenehi saran karo Panembahan senapati mau akhire panembahan senapati lan Mahapatih ninggalake Dewi Lanjar nglanjutke perjalanane nuruti kali opak, dene dewi Lanjar lunga maring segara kanggo ngadep karo nyi Roro Kidul.
Sawise tekan ana ing segara Kidul dheweke goleki papan sing kepenak kanggo nglakoni tapa bratane.Merga tekune Dewi Lanjar mau iso moksa utawa ngilang lan iso ketemu karo Nyai Roro Kidul.sawise bisa ketemu kari Ntai Roro Kidul dewi Lanjar duweni kekarepan yen dheweke pingin dadi abdine lan Nyai Roro Kidul ngijinake lan nrima Dewi Lanjar dadi abdine.
Ing salah sijine dina Dewi Lanjar karo Jin-jin diwenehi tugas kanggo ngganggu lan nyegah Raden bahu kang lagi babad alas Gambiren.Nanging merga Raden Bahu iku sekti mandra guna ska olehe dheweke nglakoni tapa ngalong kabeh goda sing dilakokake karo Dewi Lanjar lan karo para bala Jin iso dikalahake karo Raden Bahu.Merga dheweke ora bisa ngalahake Raden Bahu akhire Dheweke jaluk ijin karo Raden Bahu yen dheweke diijinke kanggo mapan ana ing laut lor Jawa, Raden Bahu ngijinke akhire Nyai Kidul iya uga ngijinke.Jarene wong-wong keratone iku ing sajejere kali Slamaran.

Heru Mugo Mulyo ‘05


DEWI LANJAR

Jaman biyen ing Pekalongan tepate Desa Krapyak ana putri sing ayu banget. Putri iku jenenge Dewi Rara Kuning. Panggonane Dewi Rara Kuning nganti saiki ora ana sing ngerti, Nanging masyarakat Pekalongan nganti saiki percaya yen Dewi Rara Kuning iku ana.
Isih enom Dewi Rara Kuning wes dadhi janda. Sakwise dadhi nganten ora suwi, Dewi Rara Kuning ditinggal mati bojone. Dewi Rara Kuning uripe sengsara. Amarga kadadean iku, tangga-tanggane ngundang Dewi Rara Kuning yaiku Dewi Lanjar (sebutan kanggo wong sing ditinggal bojone nanging durung dhuwe anak lan umure iseh enom). Sakwise ditinggal mati bojone, Dewi lanjar uripe sengsara amarga ora bisa diilangake saka pikirane. Ora let suwi Dewi Lanjar sadar yen dheweke kudu ikhlas nampa yen bojone wis ora ana. Yen mikiri bojone terus bakale ora apik kanggo awake dhewe. Dewi lanjar mutusake lunga saka kampung supaya bisa nglalekake bojone.
Dewi Lanjar nangis turut dalan. ora sadar yen dheweke wis tekan Kali Opak. Ning kono Dewi Lanjar tepung karo Raja Mataram lan Mahapatih Singoranu sing iseh tapa, ngapung ing dhuwur banyu kali. Dewi Lanjar cerita kabeh isi atine marang Raja Mataram lan Mahapatih Singoranu. Dewi Lanjar cerita yen dheweke ora gelem kawin maneh amarga dheweke tresno mati marang bojone. Krungu ceritane Dewi Lanjar, Panembahan Senopatih lan Mahapatih Singoranu ngrasa mesakake. Dewi Lanjar diwenehi wejangan saka Panembahan Senopati lan Mahapatih Singoranu supaya tapa ning Pantai Selatan lan ngadep Ratu Kidul. Sawise iku Panembahan Senopati lan Mahapatih Singoranu nerusake tapane nyusuri Kali Opak banjur Dewi Lanjar lunga marang Laut Kidul kanggo ngadep Ratu Kidul.
Saktekane neng Laut Kidul, Dewi Lanjar nggoleki panggonan sing cocok kanggo tapa. Amarga ketekunan lan keyakinane saka wejangan Raja Mataram lan Mahapatih Singoranu, akhire Dewi Lanjar entuk moksa ( ilang ) lan Dewi Lanjar bisa ketemu karo Ratu Kidul.
Dewi Lanjar Ngadep Ratu Kidul, dheweke njaluk supaya dadhi pengikute lan Ratu Kidul nampa Dewi Lanjar dadhi anak buahe. Ing sawijining dina Dewi Lanjar lan para jin diprentah Ratu Kidul supaya ganggu lan nyegah Raden Bahu sing isih buka hutan Gambiren. Nanging amarga kesaktiane Raden Bahu sing enthuk saka tapa Ngalong (kelelawa), kabeh godhaane Dewi Lanjar lan para jin bisa dikalahke. Dewi Lanjar lan para jin akhire tunduk karo Raden Bahu. Ngrasa Dewi Lanjar gagal njalanake tugase, dheweke mutusake ora bali ning laut kidul maneh. Dewi Lanjar njaluk ijin karo Raden Bahu kanggo manggon ning Pekalongan, Raden Bahu setuju. Ratu Kidul uga setuju yen Dewi Lanjar manggon ing Pekalongan. Akhire Dewi Lanjar Manggon ning laut kidul Jawa Tengah yaiku Pekalongan.
Dewi lanjar pamit marang Raden Bahu lan Ratu Kidul. Saktekane neng Laut kidul, dheweke arep ngedekake keraton yaiku neng jero laut. Dewi Lanjar butuhake wong kanggo nggawe keratone. Dewi Lanjar bisa nggolek wong sing disenengi supaya dadi budhake. Dewi Lanjar menehi barang-barang marang wong sing disenengi iku. Wong kang nampa barang iku bakal dadhi pengikute Dewi Lanjar. Wong kuwi dikon nyambut gawe suwene 40 dina, yen wong pengen bali Dewi Lanjar ngijinake bali. Dewi Lanjar menehi wejangan kanggo para pengikute, wong sing arep bali ora oleh mlengo mburi, yen wong kuwi nglanggar dheweke bakal dadhi pengikute Dewi Lanjar salawase. Amarga ora nggatekake amanate Dewi Lanjar wong kuwi akhire digulung ombak banyu lan ilang katut ombak banyu.
                            
                                     Nunung Sabariah ‘05




CANDHI MBAH SERANG

Padhukuhan Sigrumung Petarukan Pemalang, ana wong lanang sing arane Mbah Kerung, dheweke paling dikurmati amarga apikan lan sekti.
Ing sawijining wengi, Mbah Kerung entuk wangsit supaya ngluru asale mambu baseng sing mambune nyebar ana ing desa iku saengga ngganggu pendhudhuk dhukuh Sigrumung. Sawise ditemukake, jebul mambu mau asale saka bathang kewan sing ana ing sarean kuno. Sawise ditamatake asale bathang mau disebabke karo kewan-kewan sing mabur ana sandhuwure sarean banjur tiba lan mati. Weruh kahanan sing kaya ngono banjur Mbah Kerung nduweni keyakinan yen wong sing dikubur ana ing sarean kuno iku dudu wong sembarangan. Banjur, Mbah Kerung ngerti yen sing dikubur ana ing sarean yaiku Nyai Gedhe Samar Serab Silo Serang, yaiku wong kang sekti asale saka Padhukuhan Njimat Kesesirejo Pemalang, watesan karo Pekalongan. Dheweke yaiku anak wiyaga ronggeng barang keturunan Mbah Cempaluk sing wiwit cilik wis dadi yatim piatu, dheweke nduwe sadulur kang cacahe ana 3, yaiku Joko, Baurekso, lan Suro.
Ing sawijining wengi, Baurekso, Samar, lan Suro padha guneman manawa Bapak lan Ibune nalika uripe tau menehi wasiat sing isine : ” Thole Baurekso anakku, sok mben yen aku lan ibumu wis bali marang alam kelanggengan, kabeh duwekku kanggo kowe lan Suro. Nanging manuk perkutut, bendhe, poci, cangkir, kudu diwehke adhimu Samar, amarga dheweke wong wadon sing bisa ngrawat barang mau kanthi apik. Lan sing bisa negesi suwara manuk perkutut lan swara bendhe yaiku Mbah Cempaluk lan paklikmu Sunan Kalijaga lan uga Joko kangmasmu.” wasiat sing nomer loro yaiku ” Baurekso lan adhi-adhimu, sok mben kowe kabeh aja nganti ngabdi karo turunane Baron Sekeber, amarga dheweke wong landa. Iku wangsite bapak lan ibu.” Baurekso ngrampungke olehe crita.
Esuk kuwi Baurekso nduwe firasat yen ora suwe maneh wilayah Pemalang bakal ditekani bangsa landa. Baurekso, Samar, lan Suro banjur lunga menyang wetan. Sawise tekan watesan wilayah Surakarta, yaiku lereng gunung Srandil tipake gunung Kelud wilayah surakarta, kabeh padha leren.
Baurekso, Samar, lan Suro krungu kabar yen Kraton Surakarta lagi ana bebaya. Wong telu mau ngadhep marang Sinuwun Kraton Surakarta lan ngandharake maksud yen pengen ngabdi dadi kawula ing Kraton Surakarta. Banjur wong telu mau ditampa lan diwenehi panggonan ing Pungkuran. Sawise mlebu ing Pungkuran, Baurekso weruh Joko yaiku kangmase. Joko ana ing Surakarta amarga ing Jawa Timur wis dikuwasani landa, saengga dheweke mlayu ing Surakarta.
Ing sawijining sore, Baurekso lan Joko guneman babagan landa sing arep teka marang Surakarta. Banjur Baurekso ngakon Samar lunga saka Surakarta mareng Padhukuhan Sigrumung Petarukan Pemalang lan nduweni gelar Nyai Gedhe Serab Silo Serang. Lan Suro dikon lunga mareng Tegalarum wilayah Tegal, nduweni gelar Mbah Suro Bonagung. Baurekso pesen marang Samar yen ana alangan supaya nabuh bendhe, mula Baurekso lan Joko bakal teka. Banjur kanggo Suro, Baurekso pesen yen ana alangan supaya nlapakke sikil mareng lemah ping pitu, mula Baurekso lan Joko bakal teka. Sadurunge lunga, Samar lan Suro pamitan marang Mbah Cempaluk lan Sunan Kalijaga kanggo njaluk restu, dheweke mesthi eling karo welinge Mbah Cempaluk lan Sunan Kalijaga, yen manuk perkutut muni terus lan bendhe muni kanthi cemengkling mula iku tandhane ape ana bebaya.
Nyai Gedhe Samar Silo Serang ninggal ing Padhukuhan Sigrumung. Nganti saiki desa iku diarani desa Serang, Candhi Mbah Serang lan barang-barang tinggalane tetep dirumat karo warga kono. Ing taun 1980-an Candhi iku kobong nanging kabeh pusakane tetep wutuh. Manut crita masyarakat kono, taun 1965 bendhe tinggalane Mbah Serang muni kanthi cemengkling nanging ora ana sing nabuh, lan ora suwe banjur ana prastawa gerakan 30 September/G30S PKI.

Yeni Kristianingrum ’05


BAHUREKSO NGEMBAT WATANG

            Bahurekso salah setunggale punggawa kang sakti mandra guna ing tlatah Kendal. Putra saking Ki Ageng Cempaluk, salah satunggale punggawa Mataram kuwi uwis kesohor ana ing Pesisisir Jawa lor. Uwis akeh jasa-jasane kanggo pemerintahan Mataram wayah kuwi.
            Salah sawijine dina panguwasa saka tlatah pekalongan, Dipokosumo, sowan dhateng Ki Ageng Cempaluk. Sowane Dipokusuma kuwi jalaran arep  jaluk tulung marang Ki Ageng Cempaluk babagan mbabad alas roban sing arep dinggo kanggo lahan pesawahan.
            Alas roban sing ana ing tlatah kulon Kendal pancen arep dinggo lumbung panganan prajurit Mataram sing isih perang karo walanda. Ki Ageng Cempaluk lajeng ngutus putrane Joko Bahu (Bahurekso) kanggo mimpin tugas kuwi. Joko Bahu ngerti yen tugas iki abot, nanging merga baktine marang Mataram dheweke tetep nyetujoni. Ora let suwe sakwise nyetujoni tugas ramane, Joko Bahu langsung nyiapake pasukane lan abdi setyane kanggo nglampahi tugas mau.
            Joko Bahu mangkat menyang alas roban sing ana ing kulon Kendal ditututi abdi setiyane. Nasak alas roban awan-bengi tanpa rasa wedi. Padahal wayah kuwi alas sing iseh gung liwang-liwung kuwi kesohor akeh dedemite.
            Dadunggawuk, punggawane para dedemit ing alas kuwi ora trima yen omahe diusak-asik karo Joko Bahu. Nggago aji-ajine, Dandanggawuk nyebar wabah sing ditujuake marang Joko Bahu lan prajurite. Sakwise kuwi Joko Bahu lara lan akeh prajurite sing melu lara uga mati, ndadeake tugas mbabat alas roban kuwi gagal.
            Joko Bahu sing ora pengin anak buwahe sengsara, mutusake mandhekake gaweyane dhisik jaluk petunjuk marang Ramane, Ki Ageng Cempaluk. Ana ing tempat sing kira-kira aman, Joko Bahu semedhi. Ing jero semedhine Joko Bahu dibukak mata batine lan dikandani yen wabah kuwi disebabake para siluman sing dipimpin Dandanggawuk.
            Ora let suwe, Joko Bahu nerusake maning tugase babad alas roban. Dandanggawuk sing uwis nepsu marang prajurite Joko Bahu langsung muntahakee nepsune, nyerang prajurit-prajurit sing lagi kerja. Kedadeyan kuwi wis diantisipasi karo Joko Bahu, nganggo kesakiyane Joko Bahu gelut lawan tandhing karo Dandanggawuk. Gelute mau rame banget. Pancene dhasarane wis sakti, Joko Bahu bisa nundhukake lan gawe nyerah Dandanggawuk. Dandanggawuk sing wis lemes ora bisa ngapa-apa akhire dikon lunga kanthi sarat ora oleh ngganggu para prjurite Joko Bahu maning. Dandanggawuk sing rumangsa utang budi merga ora dipateni akhire lunga lan janji yen dheweke ora bakal ganggu maning Joko Bahu lan prajurite.
            Joko Bahu sing wis ngalahke Dandanggawuk terus nglanjutake babad alase nganti tekan kleyangan, ngulon lan akhire nganti tekan kali Sambong. Saktekane kono Joko Bahu lan prajurite liren lan mikir kepriye carane ben alas sing nembe wae dibabadi lekas dadi sawah sing subur. Joko Bahu lan abdhine akhire nemukake cara, yaiku gawe bendungan kanggo nampung banyu lan sakteruse ngaliri alas sing nembe wae dibabadi.
            Bendungan sing direncanake wis dadi. Apik lan trep karo rencanane. Joko Bahu sing lagi leyeh-leyeh kaget nalika bendungan sing wis dadi kuwi remuk kasapu banyu gedhe sing mara-mara teka. Joko Bahu lan abdhine mlaku nuruti kali, luru sebabe kok mara-mara bisa ana banyu gedhe sing nerjang bendungane. Akhire Joko Bahu nemoke penyebabe kenapa kok miline banyu ora normal, yaiku ana watang gedhe sing ngadhengi miline kali mau. Nganggo kesaktiyane, Joko Bahu lan prajurite ngangkat watang mau, nanging sithik wae watang kuwi ora obah.
            Sepisan maning Joko Bahu nyuwun petunjuk marang ramane, Ki Ageng Cempaluk. Ki Ageng Cempaluk pesen marang Joko Bahu yen putrane mau kudu semedhi ning pinggir kedhung sigawuk, kali lojahan nggone watang mau nyumpeti kali. Semedhine mau dilaksanake ora sembarang dina, yaiku malem jemuah kliwon. Semedhine mau dimaksudake ben Joko Bahu oleh kekuwatan gaib kanggo nyingkirake watang mau. Kekuwatan gaib mau bakal ditrima Joko Bahu yen wis ana swara-swara gembleger saka hulu.
            Sewengi Joko Bahu semedhi, mara-mara ana swara-swara gemleger sing sumbere saka hulu kali. Wayah subuh kuwi semedhine Joko Bahu rampung. Mantep yen swara mau kuwi kekuwatan gaib sing teka kanggo dheweke Joko Bahu bener-bener ngrampungake tapa semedhine.
            Isuke, Joko Bahu sing wis duwe kekuwatan gaib langsung ngangkat lan nyingkirake watang gedhe mau. Ora kaya sing dhisit, watang mau langsung keangkat karo Joko Bahu. Sakwise diangkat, watang mau ditekuk lan tugel dadi loro.
            Joko Bahu bali menyang Kendal sakwise ngrampungake tugas babad alas roban. Mataram kang bangga marang jasa-jasane, Joko Bahu banjur diwenehi gelar Tumenggung Bahureksa.
            Sakwise kedadeyan kuwi, akeh omongane wong yen Joko Bahu utawa Bahureksa bisa “ngembat watang” gedhe. Saya suwe crita mau tekan ngendi-endi, lan merga omaongan-omongane wong yen Joko Bahu bisa ngembat watang, akhire daerah mau kesohor nganggo jeneng Batang.

M. Rizalihadi ‘05
           




GUWA TERUSAN ING GUNUNG KUMBANG

Ing jaman kraton utawa kerajaan Jenggala kang manggon ing jawa wetan, rajane jenenge Prabu Banjarsari utawa Raden Kudalaban. Prabu Banjarsari kalebu raja kang disenengi rakyate amarga dheweke duweni rasa welas lan asih marang rakyate nanging dheweke uga duweni kasenengan yaiku tapa ing jero guwa olehe tapa tekan ngendi-ngendi nganti sawijining wektu dheweke tapa ana ing guwa kang manggone ing Gunung Kumbang cethane ing tlatah Salem. Guwa mau diarani Guwa Terusan.
 Nalika dheweke tapa dheweke entuk wangsit saka dewa munine kraton Jenggala bakal rubuh rata karo lemah lan arep dadi alas maneh mula Sang Prabu kudu nggolek panggonan liya lan mbangun kraton anyar. Sawise nampa wangsit kaya mangkono Prabu Banjarsari banjur bingung dheweke tapa maneh lan ing tapane sing kapindho dheweke ditekani karo Eyang Prabu Sindula. Eyang Prabu Sindula ngendika yen Prabu banjar sari kudu babad alas kang ana ing mburine Gunung Kumbang lan olehe babad alas mau kudu dhewekan ora entuk nggawa prajurit. Ing kono Prabu Banjarsari banjur takon piye yen nganti nggawa prajurite? Eyang Prabu Sindula mangsuli mengko bisa ndadekake bebendu tumrape rakyate. Sawise mangsuli pitakon mau Eyang Prabu Sindula banjur ngilang.
 Prabu Banjarsari tansaya bingung, dheweke arep lunga apa ora yen nganti rakyate ngerti yen rajane lunga mesthi padha ngetutake sawise mantep Prabu Banjarsari mutusake lunga babad alas mau. Ora let suwe kraton Jenggala banjur geger amarga kelangan rajane sing lunga ora pamit. Rakyate padha bingung ora ngerti kudu kepiye kena digambarake kaya kuthuk kelangan babone. Jenggala dadi morak-marik ora ana aturan uripe padha nganggo sakarepe dhewe begal, rampog padha metu wong-wong akeh sing dadi korbane.
Ora betah karo kahanan mau saperangan rakyat Jenggala nekani Kaki lan Nini Setomi sing oraliya rakyat Jenggala sing duweni kadigdayan lan kasugihan. Wong-wong padha takon bab lungane Prabu Banjarsari nanging Kaki lan Nini Setomi uga ora ngerti ning ngendi lungane Prabu Banjarsari. Nanging Kaki lan Nini Setomi banjur kandha karo rakyat Jenggala yen dheweke arep semedi njaluk pitutur dewa. Krungu kandhane Kaki lan Nini Setomi rakyate banjur padha ngenteni semedine.
 Ing semedine Kaki lan Nini Setomi entuk warah yen lungane Prabu Banjar sari ngulon. Pitutur mau banjur dikandhakake karo wong-wong sing ngenteni. Kaki lan Nini Setomi banjur nari wong-wong mau piye yen nusul Prabu Banjarsari? Wong-wong mau banjur padha rembugan lan mutusake arep nusul Prabu Banjarsari. Esuke rakyat Jenggala wis padha siap arep mangkat kabeh bandhane digawa ingon-ingonane kayata wedhus, sapi padha digawa sawise padha kumpul ing plataran kraton banjur padha mangkat, rombongan mau dipimpin dening Kaki lan Nini Setomi. Rombongan mau padha mlaku ngulon, anggone mlaku nganti pirang-pirang wulan.
 Saben ana panggonan sing dianggep aman padha leren biasane terus padha guneman. Bareng wis mlaku rombongan mau tekan ing Gunung Kumbang. Ing kono Kaki lan Nini Setomi banjur semedi ing Guwa Terusan anggone semedi ana ing sanjabane guwa. Nanging ning kono ora padha ngerti yen ing jero guwa  Prabu Banjarsari isih tapa. Ing tapane Prabu Banjarsari ditekani Eyang Prabu Sindula dheweke diwekas supaya ngrampungake tapane lan nemoni  Kaki lan Nini Setomi sing lagi semedi. Ing kahanan liyane Kaki lan Nini Setomi uga ditemoni karo Eyang Prabu Sindula lan diwenehi ngerti yen Kaki Setomi arep didakekake patihe Prabu Banjarsari nanging ana sarate, sarate yaiku kudu ngrewangi Prabu Banjarsari mbabad alas kang ana ing burine Gunung Kumbang.
Sawise ketemu karo Kaki lan Nini Setomi wong loro banjur kangen-kangenan banjur padha nemoni rakyate. Rakyat Jenggala nemen getone nalika weruh rajane maneh banjur padha tangisan. Prabu Banjarsari banjur crita bab lungane saka Jenggala, dheweke uga nyritakake yen arep babad alas kanggo mbangun kerajaan anyar. Alas sing arep dibabad mapan ing Burine Gunung Kumbang iku biyene duweke krajaan Galuh.
Alas mau alas gung liwang-liwung ora ana jalma manungsa kang wani ngambah amarga ing kono ana sing mbaureksa. Manut critane wong sing manggon ing sakiwa tengene alas ing alas kono ana kerajaan siluman sing gedhe ratune saka bangsa manungsa sekti mandraguna jenenge Dewi Ginawati dheweke uga bisa malih rupa dadi apa wae.
Krungu crita mau Prabu Banjarsari lan Kaki Setomi ora duweni rasa wedi dheweke tetep mantep arep mbukak alas Galuh mau. Sawise tekan alas mau banjur wiwit resik-resik Dewi Ginawati krungu kabar saka prajurite sing nglaporake yen ana wong sing ngrusak lan gawe geger. Dewi Ginawati murka amarga rumangsa diusik panguasane dheweke ora trima karo wong-wong sing digawa dening Kaki lan Nini setomi Dewi Ginawati terus mimpin wadya balane mateni  Prabu Banjarsari sakrayate.
 Ing kono Dewi Ginawati sakwadya balane perang kanthi cara nyebar lelara. Wong-wong padha lara nanging ora ngerti apa sejatine sing kadaden amarga ora weruh wujude wadya balane Dewi Ginawati sing wujude lelembut. Wong-wong sing keno lelara akeh sing mati, Prabu Banjarsari bingung kepriye carane ngatasi pageblug mau  Dheweke banjur kongkonan Nini Setomi supaya semedi njaluk pitutur priye carane ngrampungi pageblug mau. Nini Setomi banjur semedi ing semedine Nini Setomi entuk wangsit sing munine dheweke kudu golek bawang lanang lan jahe banjur dibebeg lan dicampuri banyu saka pitung sumber sing beda.
Sawise dadi, ramuan mau  diwenehake marang Prabu Banjarsari lan Kaki Setomi supaya disiramake ing panggonan-panggonan sing wingit. Sawise ramuan mau disiramake ing papan wngit. Sanalika wadyabalane Dewi Ginawati sing wujude lelembut banjur ketok, prajurite Prabu Banjarsari padha kaget weruh lelembut sing gawe pageblug. Saka panyawange para wong sing melu perang bangsa lelembut mau padha ngglethak kepanasen, ora duwe daya amarga kena ramuane Nini Setomi. Lelembut liyane padha mlayu pontang-panting ora karuan, ngerti wadyabalane kalah Dewi Ginawati banjur maju perang dhewe.
Nanging polahe banjur diendhegake karo Prabu Banjarsari ing kono kadaden perang gedhe antarane Prabu Banjarsari lann Dewi Ginawati. Amarga padha sektine kaya-kaya perang mau ora bakal rampung. Nanging saya suwe Prabu Banjarsari ngerti wadine Dewi Ginawati yaiku wedi karo ramuan sing digawe Nini Setomi. Kaki Setomi sing nyawang perang mau banjur akal dheweke nemoni Nini Setomi njaluk ramuane  untunge isih ana sethithik banjur ramuan mau diwenehake karo Prabu Banjarsari.
Sawise ngerti yen Prabu Banjarsari duwe ramuan sekti mau, Dewi Ginawati banjur ngaku kalah lan dheweke gelem dipekbojo dening Prabu Banjarsari. Sawise ngalahake Dewi Ginawati Prabu Banjarsari mbangun kerajaan Galuh Anyar ing alas mau. Prabu Banjarsari rajane lan Kaki Setomi patihe. Dewi Ginawati banjur dadi bojone Prabu Banjarsari sawise bebojoan suweakhire Dewi Ginawati nglairake anak wadon sing dijenengi Dewi Lara Angin-Angin. Bareng wis gedhe anake mau ora gelem kawin lan malah lunga saka kraton. Critane sang Dewi Lara Angin-Angin saki dadi ratuning laut kidul.                                             

Bu Kaji ‘05  


DEWI LANJAR

Dhisik critane, ing sawijining papan, ana sawijining putri kang ayu banget rupane. Tekan saiki uga isih dadi bahan omongna ing masyarakat, utamane ing dhaerah pantura. Putri iku aran Dewi Rara Kuning, nanging ora ana sing ngerti kanthi cetha dheweke iku manggon neng endi. Ing dalem nglakoni uripe Dewi Rara Kuning ngalami kasangsaran kang banget. Sebab ing umur kang isih enom banget dheweke wis dadi randha. Garwane seda sawise telung dina kaliwatan  dheweke lan garwane dadi penganten. Mula, awite sasedane garwane Dewi Rara Kuning luwih dikenal kanthi jeneng Dewi Lanjar. Lanjar iku sesebutan kanggo wong wadon kang pegatan karo bojone nalika isih enom lan durung duwe anak. Awite ditinggal garwane, Dewi Lanjar uripe sengsara banget lan mung mikirake garwane wae. Kaya ngono iku lumaku rada suwe. Nanging, saya suwe Dewi Lanjar uga mikir yen dheweke dijarake kaya ngono iku terus, pungkasane bakale elek. Mula saka iku, dheweke mutusake kanggo lunga ninggalake desane.
Barang wis sawetara dina, Dewi Lanjar tekan ing sawijining kali, aran kali Opak. Ing papan iki dheweke ketemu kaliyan Raja Mataram lan Maha Patih Singaranu kang lagi tapa ngapung ing dhuwur banyu ing kali iku. Dewi Lanjar banjur cerita kadadeyan apa wae kang wis ngenani tumrap dheweke, dheweke uga matur yen dheweke ora bakal krama maneh. Krungu critane Dewi Lanjar, Panembahan Senopati lan Maha Patih Singaranu ngrasa melas. Banjur Dewi Lanjar diwejang supaya dheweke tapa ing Segara Kidul sarta ngadhep Ratu Kidul. Sawise iku Panembahan Senopati lan Maha Patihe nerusake pertapan nyusuri Kali Opak.
Satekane Dewi Lanjar ing Segara Kidul, Dewi Lanjar nggolek panggonan kang apik kanggo topo. Merga telatene lan kemantepan atine karo wejangane Raja Mataram mau, pungkasane Dewi Lanjar bisa moksa (ilang) lan bisa sowan marang Ratu Kidul. Dheweke nyuwun supaya bisa dadi abdine Ratu Kidul. Ratu Kidul uga ora kabotan, Dewi Lanjar ditampa dadi abdine.
Ing sawijining dina, Dewi Lanjar bebarengan karo jin-jin diutus kanggo ngridu lan nyegah Raden Bahurekso sing lagi mbabad alas Gambiran (saiki ana ing sakiwa-tengene Jembatan Anim, Pekalongan, lan desa Soregenen, papan kang dienggo Raden Bahureksa kanggo gawe geni). Nanging merga sektine Raden Bahureksa, kabeh panggodane Dewi Lanjar lan jin-jin bisa dikalahake. Kanthi nangkis panggodane Dewi Lanjar lan jin-jin nganggo kasektiane. Malahan, Dewi Lanjar lan jin-jin bisa tunduk klawan Raden Bahurekso. Raden Bahurekso entuk kasakten kaya ngono iku saka tapa Kalong. Dheweke asring nglakoni semedhi kanggo merkoleh ilham lan nguatake batin. Semedhi kang beda karo semedhi-semedhi liyane, semedhi iku karo masyarakat ing kono sing kasebut “tapa Kalong” mau, utawa tapa kaya kalong kanthi gumantung ing pange wit kanthi sikil ing dhuwur. Alas kang kulinane dadi papan Raden Bahureksa nglakoni semedhhi iku aran alas Gambiran.
Amarga Dewi Lanjar ora kasil anggone ngayahi tugase, mula dheweke mutusake ora bakal bali maneh ing Segara Kidul. Dheweke njaluk marang Raden Bahurekso supaya bisa manggon ing Pekalongan wae. Marang Raden Bahureksa kaolehake, dene marang Ratu Kidul uga ngolehake. Dewi Lanjar sidane manggon ing Segara Lor Jawa Tengah.
Ketemune Dewi Lanjar lan Raden Bahurekso, kasunyatane nuwuhake rasa tresna saka Dewi Lanjar lan Raden Bahurekso. Amarga rasa kangene marang pepujane ati, pungkasane ing abad ping 16, Raden Bhurekso lunga tanpa idin ninggalake ayahane kanggo nemoni pepujane ati kang ayu, aran Dewi Lanjar.
Tan Kwi Can, juragan saka Kaulon, Cina lagi sowan Sultan Agung kanggo njaluk idin kanggo dodolan ing tlatah Jawa. Sultan Agung aweh idin, nanging kanthi syarat bisa nggolek lan ngajak bali Raden Bahurekso supaya gelem dadi prajurit Maratam maneh. Tan Kwi Can, pungkasane bisa ketemu Raden Bahurekso lan aweh kabar yen Sultan Agung sabda supaya dheweke bali Menyang Mataram. Amarga pambujuke ora kasil, Raden Bhurekso lan Tan Kwi Can tandhing siji lawan siji. Merga kasaktene Bahurekso lan Tan Kwi Can iku padha, ing tandhinge iku ora ana kang menang lan ora ana kang kalah.
Malah pungkasane, Tan Kwi Can lan Raden Bahurekso ngiket tali kekancan. Raden Bahurekso banjur crita marang Tan Kwi Can ngenani alesane ninggalake Kerajaan Maratam merga dheweke ora bisa pisah karo pepujane ati, Dewi Lanjar kang ora gelem diboyong meyang Mataram, mula Raden Bahurekso kang ngalah  kanggo manggon ing dhaerah kuwi. Tan Kwi Can gawe laporan babagan kadadeyan iku marang Sultan Mataram.
Pungkasane, Raden Bahurekso tetep dianggep dadi Prajurit Mataram kanggo njaga keamanane dhaerah iku. Wektu iku Raden Bahurekso lan Tan Kwi Can bebarengan ngangsuh kawuh marang Ki Ageng Cempaluk. Ki Ageng Cempaluk iku tau dadi mitos, utamane kanggo wong-wong tuwa utawa mbah-mbah utawa mbah-mbah buyut kita ing jaman biyen. Yen ana gluglug gedhe sing suwarane gumleger kanthi ujug-ujug mesti padha ngucap “anak putune Ki Ageng Cempaluk”, ngemu maksud kanthi nyebut tetembungan kaya ngono iku, mula dheweke ngrasa aman lan ora bakal kena bebayan merga dongane Ki Ageng Cempaluk.
Sawijining wektu, Raden Bahurekso diparingi ayahan kanggo nulung nundhung bala tentara Walanda ing Batavia. Bala tentara Walanda mau ditundhung supaya ora njajah bangsane dhewe. Kanthi bebarengan karo Tan Kwi Can mangkat kanthi ngerahake armada laut meyang Batavia. Nanging, Raden Bahurekso ora tau bali, ora ana kang ngerti kabare kanthi cetha, malah ana kang nyana yen dheweke seda ing palagan wektu merangi Kompeni.
Dewi Lanjar mung bisa ngenteni lan ngenteni baline Sang Pepujane Ati kang banget ditresnani ing Segara Lor nganti tumekane pati. Miturut masyarakat ing sakiwa-tengene, Dewi Lanjar ora bisa mati nanging ragane moksa dadi ula  banjur jumeneng nata ing Segara Lor sinambi tetep ngenteni tekane pepujane ati, Raden Bahurekso.
Crita Dewi Lanjar iki kondhang ing tlatah Jawa sisih lor (pantura). Tumprape masyarakat dhaerah pantura uga asring keprungu crita yen Dewi Lanjar iku saben malem Jumat asring nemoni pemudha-pemudha kang gagah prakosa saperlu ngajak “saresmi”, utamane pemudha-pemudha kang njaga tambak ing pinggire segara. Akeh wong-wong kang ngomong yen bisa ketemu lan guneman karo Dewi Lanjar, apa maneh bisa “saresmi”, wong mau bakal dadi wong kang sugih bandha tanpa nyambut gawe maneh.  Menawa Dewi Lanjar arep nekani pemudha kang dikarepake, dheweke bakal njalma dadi wanita kang ayu. Kang dadi tandha tekane Dewi Lanjar yaiku ana wangi ganda lan hawane malih  adhem.

V A ‘05    


Tidak ada komentar: