SANTRI GUDIG
Santri Gudig kuwi
mung sebutan, sedurunge diarani santri gudig jeneng asline Pangeran Agiyana
saka daerah Ampel, Jawa timur. Cilikane pangeran Adiyana wis ditinggal wong tuane amarga pas Pangeran
Agiyana cilik dheweke ditingal wong tuane dadine deweke mung urip dewekan karo
mbakyune.
Ana ing
sakwijining dina Pangeran Agiyana lunga karo mbakyune saka daerah Ampel kanggo
nglaksanaake ibadah haji neng mekah.daweke mlaku nglewati alas, sawah lan
desa-desa dadine pangumbaraane ora nyenengke amarga neng dalan sering ketemu
rampok lan kewan-kewan sing gede kaya dene ula,macan,srigala lan sakjenise. Pangeran
Agiyana bae ora ngerti kapan bisa tekan neng mekah.
Sakwise
pirang wulan mlaku wong loro kuwi wis tekan daerah Cirebon, Jawa barat. Neng
kono wong loro kuwi pengin istirahat pirang dina. Sakwise diterima neng Kanjeng
Sultan Cirebon. Pirang dina sakwise, Kanjeng Sultan Cirebon ngungkapake yen
dheweke seneng karo mbakyune Pangeran Agiyana lan mbakyune Pangeran Agiyana ora
nolak yen arep didadikake perrmaisuri.
Ana ing
sakwijining bengi Sultan mlebu ana ing kamare permaisuri, nanging mbakyune
Pangeran Agiyana kuwi kaget nalika Kanjeng Sultan nembe mendem. Ora nyangka yen
saka peristiwa kuwi, permaisuri milih dadi randa tinimbang duwe bojo seneng
mendem. Banjur mbakyune Pangeran Agiyana kuwi njaluk ijin maring mburi kanggo
nemoni Pangeran Agiyana nanging nganthi suwe mbakyune Pangeran Agiyana kuwi ora
bali neng kamar. Sultan wis mrentahke adhine kon nggoleki nanging esih urung
ketemu lan nggledah kamare Pangeran Agiyana tetep ora ketemu. Jebul Pangeran
Agiyana lan mbakyune minggat saka keraton Cirebon, banjur Kanjeng Sultan
mrentah prajurite kanggo nguber wong loro kuwi, yen kecekel supaya balik
menyang keratin. Yen ora gelem arep dipateni bae.
Mlayune Pangeran
Agiyana nglewati dalan setapak lan alas- alas gedhe supaya ora bisa keuber
prajurit Cirebon. Wektu prajurite wis cedak, pangeran agiyana ngetokake mantra-
mantra kanggo ngapusi prajurit- prajurit mau amarga saka mantra- mantra mau
metu kewan- kewan kaya dene kijang, rusa, marmot, sapi, kebo lan kewan- kewan
sakjenise. Banjur wong loro kuwi mlebu neng alas, nanging neng kana isih ketemu
karo prajurit sing nguber dheweke. Akhire Pangeran Agiyana gelut karo prajuri-prajurit
mau, banjur menang nanging awake pada lara kabeh nganthi pada gudigen. Gara-
gara kuwi prajurit nganthi ora bisa ngenali maneh.
Akhire
Pangeran Agiyana tekan neng desa pekiringan lan ditulungi Pangeran Wali Perkosa
sing nduwe pondok pesantren neng kana. Bubar kuwi Pangeran Agiyana merguru neng
kana. Ana ing sakwijining bengi dheweke diterima dadi muride Pangeran Wali
Perkosa. Lan dheweke turu bareng- bareng karo santri- santri liyane neng surau.
Wektu Pangeran Wali Perkosa arep solat tahajud, dheweke kaget nalika weruh geni
ana ing salah siji santrine banjur langsung nyewek sarung sing dinggo santri
kuwi. Esuke santri- santri pada dikumpulke kabeh. Dheweke pengin weruh sapa
sing sarunge sewek. Jebule sing sarunge sewek kuwi santri gudig. Saka kedadeyan
kuwi, Pangeran Wali Perkosa ngewehi jeneng Pangeran Mahdum Cahyana.
Ana ing
sakwijining dina Pangeran Mahdum Cahyana diwenehi tugas kanggo njaga
sawah. Wektu kuwi santri gudig pancen
duweni niat arep nglaksanaake tapa marungga. Tekan gubug Santri Gudig nguripke
geni lan dheweke mlebu ana ing kana. Nganti suwe dheweke aa ing gubug kuwi.
Banjur Pangeran Wali Perkosa teka ana ing kana lan langsung neu amarga parine
pada rusak. Santri Gudig ngerti yen Pangeran Wali Perkosa teka ana ig kana,
banjur deweke langsung metu saka gubug kuwi.”kenapa parine nganti rusak kaya
kuwi padahal koe tak prentah nunggoni?” Santri Gudig njawab,”nuwun sewune rama
kyai menawi kula mboten salah mireng kuls mboten dipin prenatah kagem ngusah
kewen-kewan ingkang ngrusak pri nanging naming nunggoni mawon. Pangeran Wali Perkosa
ngrungokke jawabane Santri Gudig.
Bubar dipanen
Pangeran Wali Perkosa kaget yen hasil panenne kaya ngene akehe ora kaya
biasane.
Wis suwe
bosen dadi jaka Pangeran Mahdum Cahyana pengin nggolet bojo nanging sedurunge
olih bojo pangeran wali perkosa duwe niat ngawinke anake, pangeran Estri karo
pangeran mahdum cahyana lan deweke setuju. Banjur Pangeran Mahdum Cahyana
dikawinke karo Pangeran Estri.
Ana ing
sakwijining dina Pangeran Mahdum Cahyana mlaku-mlaku ana ing pinggir kali
karang nganti tekan kali bodas neng kono dheweke weruh plataran sing amba
banjur dheweke duwe rencana mbangun pesanggrahan ana ing kana . dheweke banjur
njaluk tulung karo sing nggawe urip supaya watu-watu ana ing kana dadi pager.
Sedurunge
ninggal Pangeran Mahdum Cahyana duwe wasiat karo keluargane yen ninggal kon
dikubur ana ing panggonan mau. Pangeran Agiyana dikubur ana ing desa grantung
kecamatan karang moncol nganti saiki kuburane esih ana.
Kaka ‘05
KAKI
WIRYANI
Kaki Wiryani
kuwi abdine Eyang Padil, ing sawijining dina Eyang Padil dhawauh karo Kaki
Wiryani ewadene dheweke kangen karo putrane. Kaki Wiryani diutus Eyang Padil
niliki putrane nakokake kabare, amarga Eyang Padil wis kangen. Swise krungu
dhawuhe Eyang Padil, Kaki Wiryani banjur mangkat menyang Bandung. Nalika
menyang Bandung, ing dalan Kaki Wiryani ditutake karo wong wadon anake Siluman
Macan. Sawise tekan Bandung Kaki Wiryani langsung nemoni putrane Eyang Padil
sing aran Abidin, dheweke nakokake kabare Abidin. Kaki Wirayani nginep ing
Bandung rong dina kanggo nambani kesele.
Kaki
Wirayani banjur bali menyang Karang Gudhe, ananging ing dalan Kaki Wirayani
weruh wong sing kambrukan kayu, Dheweke banjur nulungi pawongan mau. Kaki
Wirayani ora nggalbo yen kadadean mau mung akal-akalane wong mau supaya Kaki Wiryani
mampir ing omahe wong mau. Pawongan sing ditulung mau jenenge Kaki Soma oamhe
Kaki Soma mau mlebu ing panguasane bangsa siluman Macan. Ing kono kaki Wirayani
diladheni karo anak wadone Kaki Soma sing jenenge Kemuning. Sawise Kaki Wiryani
nyawang praupane Kemuning banjur tuwuh rasa tresna ing jero atine. Dheweke
banjur nduweni pikiran kepingin ngawini Kemuning, dheweke banjur ngutarakake
niate mau Karo Kaki Soma, Krungu kandhane Kaki Wiryani sing kepingin ngepek
anak wadone Kaki Soma ngentuki.
Banjur
Lalakonan mau klakon temenan. Nalika arep nglakoni bengi sing sepisanan anggone
kawinan Kaki Wiryani diwenehi Sarung Macan. Kaki Wiryani kaget amarga dheweke
nembe sadar yen bojone kuwi Siluman macan mula yen arep ngumpuli bojone kudu
nganggo sarung mau. Kaki Wirayani krasa kuciwa nemahi kahanan mau nanging
dheweke wis ora bisa apa-apa kalah karo rasa tresnane tumprap Kemuning. Sawise
nglakone wengi mau awake Kaki Wiryani malih dadi macan dheweke gela amarga wis
dudu manungsa maneh kaya biyen.
Anggone omah-omah
rada suwe Kaki Wiryani duweni anak cacahe puluhan, nanging sanalika Kaki
Wiryani kelingan tugase saka Eyang Padil dheweke kudu ngandhakake kabare
Abidin. Amarga isih duweni kuwajiban sing durung dilakoni Kaki Wiryani Banjur
pamitan karo Bojo lan Maratuwane. Mara tuwane ngentuki nanging bojone ora
entuk, yen dheweke sakanak-anake ora melu. Sidane Kaki Wiryani sakanak, bojone
ngadhep Eyang Padil. Nanging Kaki Wiryani wanti-wanti marang bojone dheweke
arep ngadhep dhisik, mengko yen wis takundang nembe padha ngaton.
Sawise
ngadhep lan nglaporake kahanane Abidin Kaki Wiryani banjur nyritakake lelakone
uripe. Krungu critane Kaki Wiryani kang kaya mangkono Eyang padil ora naggepi
mung manthuk-manthuk wae nanging kaki Wiryani wis ngundang bojo lan anak-anake
mlebu nemoni Eyang Padil. Swise anak-anake Kaki Wiryani padha mlebu Eyang padil
kaget banjur duka. Kaki Wiryani saya kaget amarga ora ngerti sebab musababe
Eyang Padil duka. Eyang Padil dhawuh sing munine aku emoh nampani kowe maneh
amarga kowe wis dudu menungsa, kowe kudu metu saka omahku aku wis wegah
kepanggonan kowe maneh. Kaki Wiryani kaget lan krasa gela Eyang Padil ngendika
kaya mangkono.
Nanging
kepriye maneh dheweke rumangsa yen dheweke pancen wis dudu menungsa kaya maune.
Kaki Wirayni banjur lunga nanging sadurunge lunga dheweke kandha yen marang
Eyang Padil “tumekaning anak putumu yen ana bebaya sing arep nemahi, aku tansah
ngelingake lan aweh pitulungan iku janjiku marang panjenengan”.
Tekan siki
lelakon kuwi mau pancen nyata dilakoni dening kaki Wiryani sakanak putune.
CU’I “05
DINA “SETU
PAHING”
Jaman Majapahit ing tlatah Banyumas wis ana pemerintahan
sing dipimpin Adipati Wirasaba I sing nduweni kuwasa antara tahun 1413-1433
yaiku Raden Adipati Wirohudoyo. Pemerintahan Kabupaten iki diterusna turun temurun tekan
jaman Kesultanan Pajang. Nalika masa
pemerintahan Sultan Pajang I Hadiwijaya (1546-1582) iki ing Wirasaba wis tekan
masa pemerintahan Adipati Wirasaba VI yaiku Raden Bagus Suwarganduweni gelar
Raden Adipati Wargahutama I. Raden Wargahutama duwe anak papat, anak lanang
loro lan wadon loro. Anak wadon sing kepisan iki diningkahake karo Raden Jaka
Kaiman, yaiku anak Banyaksasro (Adipati Pasirluhur) sing dadi anak angkat Ki
Mranggi ing Kejawar (saiki dadi Banyumas).
Kacarita nalika wektu iku Sultan Panjang kepengin putri
para Bupati utawa keluarga kanggo didadekake garwa selir, sing dingomongake
dadi abai pelara-lara (rewang kerajaan sing isih prawan). Adipati Wargahutama
ngirim putrine marang Pajang. Putri Adipati Wirasaba tau dinikahake karo anak
lanange Demang Toyareka nanging wis suwe dipegat lan durung tau rukun. Sawise
putrine diwehake marang Sultan, Ki Adipati bali lewat dhaerah pesisir lor, ing
pihak liya Ki Demang Toyareka sawise krungu tigasane anake iku disembahake
marang Kanjeng Sultan, dheweke karo anak lanange nyusul menyang Pajang. Ing
ngarepe Kanjeng Sultan Demang Toyareka wadul marang putri Adipati Wirasaba sing
disembahake marang Kanjeng Sultan iku nalika isih dadi bojone anake.
Krungu wadulane iku Sultan Pajang dadi murka banjur
mrintahake Mantri Anom kanggo ngoyak Adipati Wirasaba sing dianggep ngapusi
dheweke, yen kepethuk arep dipateni.
Sawise utusan Mantri Anom iku lunga Sultan nemoni putri
Adipati Wirasaba sing wis manggon ing Kraton Pajang iki, Sultan takon, “Bener apa ora isih nduweni garwo?”
Putri Wirasaba mangsuli, ”Ora !”
Banjur Sultan takon maneh, “Ing njaba
ana wong ngadu jerene wong iku dheweke nduweni bojo Putri adipati Wirasaba
yaiku kowe sing dipegat paksa langsung digawa rene.”
Putri mangsuli, “Bener, nalika isih
cilik aku wis tau diningkahake karo putra paman Demang Toyareka nanging ora
sida amarga hamba ora seneng lan suwe wis dipegat.”
Kanjeng
Sultan gela dheweke wis kebanjur mrentah gandhek (kongkonane) kanggo mateni Adipati
Wirasaba. Kanjeng Sultan langsung ngirim utusan liyane nyusul gandhek sing
kaping pisan supaya mbatalna prentahe Sultan mau. Ki Adipati Wirasaba wis tekan
Desa (saiki mlebu Kawedanan Ambal, Purworejo). Wektu kuwi dina Setu Pahing
mlebu dhuhur, Ki Adipati ngaso ing salah sijine omah warga ing desa iku, ing
omah Balai malang iku Sang Adipati diparingi panganan lawuh pindhang, dhaging
banyak, banjur jarane ditaleni ing pekarangan omah iku.
Nalika lagi mangan, rombongan mau wis teka ngadeg ing
ngarepe Adipati.
Sang Adipati takon, “Ana prerntah apa para gandhek,
ketone ana berita penting sing kudu disampekna?”
Para utusan mangsuli, “Mangga diterusake dhisik, yen wis
rampung mangan tak wenehi ngerti.”
Ora suwe gandhek keloro katon saka adohan nglambekake tangane,
maksude supaya Adipati Wirasaba ora sida dipateni. Nanging tandha kuwi
ditanggepi keliru, ngertine tandha mau supaya cepet mateni Sang Adipati
sahingga gandhek sing kepisn langsung nancepake kerise meng wetenge Adipati
Wirasaba.
Nalika gandhek sing keloro teka ing panggonan iku,
dheweke dadi gela lan ngomong, “Wis tak wenehi tandha supaya dibatalake, lha
ngapa dilakoni?”
Gandhek kepisan gela, “
Dakkira kowe mewenehi tandha supaya ora usah ngenteni kowe, amarga iku banjur
daklaksanakake tugas Kanjeng Sultan. Adipati Wirasaba sing sing wis arep
mati ngomong, “Para gandhek, ora usah nyalah-nyalahna. Kabeh iku wis takdire
gusti alloh. Aku ikhlas ntrima, ngomongna marang kanjeng sultan pas gandek
keloro teka aku wis dipateni wis saiki balik marang Pajang.”
Marang para sentana sing
nyertai, Adipati weling, ”Para anak putuku, keturunanku kabeh, yen padha
lunga-lunga aja pas dina Setu Pahing, aja mangan dhaging banyak , aja manggon
ing omah sing ana balai malang lan aja numpak jaran dhawuk”.
Ora let suwe Sang Adipati
mati. Nalika kedadean iku, tali jaran dhawuk titian Adipati copot. Amarga jaran
iku wis biasa nglewati dalan-dalan iku, dheweke banjur bali ing kandhange ing
Wirasaba. Nalika tekan Kadipaten, para keluarga kaget weruh jaran Sang Adipati
bali dhewe. Keluarga ngertine Sang Adipati mlaku ing burine, nanging wis
dienteni ora metu-metu dadine padha bingung lan kuwatir. Ana sing arep nyusul
menyang ing Pajang, nglewati dalan sing kerep diliwati Kanjeng Sultan, ora
sengaja pethukan karo abdi dalem sing mlayune dhisik nalika kedadean iku.
Dicritakake kabeh kadadean, sawise diadusi mayite Adipati digawa bali ing
Wirasaba. Mayite Sang Adipati dikubur ing pasarehan Pekiringan.
Iku asal-usaling kapercayan
pantangan dina Setu Pahing padha lunga, kanggo warga Banyumas khususe sing isih
nduweni trah Adipati Wirasaba. Ana sing
nambahi maneh ninggale Raden Yudanegara I, Bupati Banyumas V lan Raden
Yudanegara II. Bupati Banyumas VII sing ninggal ing dina Setu Pahing.
Kapercayan iku wis tau dimanfaatake dening
pasukan Pangeran Diponegoro ora langsung nyerang, nanging ngenteni dina Setu
Pahing. Jaman ganti jaman, akeh wong kang ora percaya. Akeh nonoman saiki
sing pandhangane kabeh dina kuwi apik, anane musibah kapan wae iku wis dadi
takdhire Gusti Allah Kang Maha Kuwasa.
Leli Lindiawati ‘05