Nama :
Dwi TAryanto
Nim : 2151406010
Prodi :
Sastra Jawa VI
ARYO PENANGSANG
(Siswo Budoyo)
Arya
Penagangsang :Raja ingkang anggadahi
sifat ingkang angkuh lan sombong, parasipun ktingal gagah,badanipun ingkang
ageng, anggadahi kumis ingkang kandel,rambut cendek,50an taun.
Prameswari :Garwanipun Aryo Penangsang ingkang
sae sifatipun,inggih menika panjenenganipun anggadaih sifat ingkang sabar.
Parasipun duwur, anggadhahi rambut dawa, badanipun alit, kirang langkung 40an
taun.
Mentaun :Sesepuh wonten ing
kerajaan Aryo Penangsang ingkangsampun kirang pangrungonipun, badanipun alit,
bungkuk, kirang langkung 70an taun
Sureng
1 :Aggadahi badan
ingkang duwur, alit, rambute dawa, kirang langkung 40an taun
Sureng
2 :Aggadahi badan
ingkang duwur, alit, rambute dawa, kirang langkung 40an taun.
Damarsudi :badane sedeng, nggage jubah
putih,kulite putih, kirang langkung 60an
taun
Mas
Hadi Wijaya :Badane sedeng,
duwur, anggadhahi kumis tipis, kirang langgkungkung 55an taun.
Hadi
Wijaya :Badane sedeng,
duwur, anggadhahi kumis tipis, kirang langgkungkung 50an taun.
Keterangan:
1.
PENANGSANG : Arya Penangsang
2.PRAMESWARI : Prameswari
3.
DAMARSUDI : Damarsudi(ayah Arya
Penangsang)
4.
HADI WIJAYA : Hadi Wijaya
5. MAS
HADI WIJAYA: Kakaknya Arya Pengangsang
Babak
1
PANGGONAN INGKANG SEPISANAN WONTEN ING PENDHAPA KERAJAAN ARYO PENANGSANG, WONTEN MRIKA WONTEN MANGGON
TENGAJENGPUN PENANGSANG INGGIH MENIKA MENTAUN, ADI ARYA PENAGSANG LAN 3
PRAJURIT.ARYO PENANGSANG LUNGGUH ANA ING KURSI, SAMPING KIRENGIPUN WONTEN NYAI
PRAMESWARI.
01.
PENANGSANG : Nyai Prameswari?
02.
PRAMESWARI :
Inggih kula kang mas (SINAMBI NYEMBAH)
03.
PENANGSANG :
Sawetara dak keparengakelenggah ing prayoga
Kae para kawula ke pada tenggali ing pendopo agung
04.
PRAMESWARI : Ngestoaken
dawuh kang mas.
05.
PENANGSANG : Yai
kagaipun lagak?
06.
ADI :
Dawuh ketimbalan dawuh kang masku.
07.
PENANGSANG : Pun
kakang mundut pirsa!Kepriye sowan kabeh para kawula ing Kadipaten
Jipang Panulan?
08.
ADI : Sedaya menika pikantuk pangestu panjenengan
dalem. Nyatanipun sedaya para sulihanggenipun nderek sebo menika sampun boten
wonten ingkang mbektakaken dateng palenggahanipun sowan menika . Sedaya menika
kantun ngandung dawuhipun kang mas Gusti Adipati.
09.
PENANGSANG : Gawe
bombonge dawuhipun kakang dawuh dipun lenggah ing prayoga.
10.
ADI :
Inggih ngestokaken dawuh gusti
11.
PENANGSANG : Dateng Mentaun?, Mentaun?! (PANINGALANIPUN
MENCOLOT)
12.
MENTAUN :
Dawuh kanjeng. ( SINAMBI NYEMBAH)
13.
PENANGSANG : Pindhak
kiri menika saben-saben pendapi agung anggenipun pinangkih boten jenjep, satemah raos saben kula
ngendika, panjengengan menika sampu sepuh, kula aturi tumenga!, kang priksani
obahe lambe kula!
14.
MENTAUN :
Inggih kanjeng.
15.
PENANGSANG : Ngakuke
weteng.
16.
MENTAUN :
Nyuwun pangapura menawi wonten lepatipun kula kanjeng.
17.
PENANGSANG : Kula mundhut priksa. Sampun pnten-pinten
laminipun sore nalaya lan
ngandhuk anggenipun nindhakaken
kewajiban.
18.
MENTAUN :
Menawi boten lepat, petangan kula sampun wonten gangsal dinten kalenggahan menika kanjeng.
19.
PENANGSANG : Manut petanganipu Mentaun, sore ing kedalih
pikantuk pikaryo menapa boten?
20.
MENTAUN :
Bidalanipun sore sampun kula tata kanthi njlimet bentenipun piyambakipun
ngangge dinten jemuah kliwon.
21.
PENANGSANG : Inggih.
22.
MENTAUN : Piyambakipun
kula kangken kula medal saking kidul mlebetipun.
23.
ADI :
Ingkang ngantos-ngantos palengganipun.
24.
PENANGSANG : Wonten
sareh anggenipun ngandika.
25.
MENTAUN :
Pangapunten kanjeng?
26.
PENANGSANG : Inggih.
27.
MENTAUN :
Jemuah kliwon dawanipun, jemuah kuwi 9, kliwon menika 6, dodos panggihipun
dados 15.
28.
PENANGSANG : Dados
kasil panggihipun ?
29.
MENTAUN :
Menawi petangan kula kasil kanjeng.
30.
PENANGSANG : Nanging
kenging menapa, kang sanedya kirang dengo raose manah kula.
31.
MENTAUN :
Kula aturi sabar, taksih kathah para seneng.
32.
PENANGSANG : Nuwun,
ing nganthi sajeroning pasewakan babar kowe durung bali during entuk, mongko
kowe mrongot. !( ARYA PENGSANG MENYAT SAKA PALENGGAAHAN MRIKSANI PARA SURING TEKA)
33.
PENANGSANG : Ngeneh-ngeneh,
padha becik para nolan nalengu
PARA SURING TEKA MARANG ING
KERAJAAN ARYA PENAGSANG LAN
ARYA PENGSANG LENGGAH MALIH)
34.
SURENG 1 :
(SINAMBI NYEMBAH LAN MATUR)Pikantuk berkah saha pangestu
panjengan dalem kanjeng adipati. Sowan kula boten pinggih halangan satu menapa,
namung sabak konjuk bekti kula konjuk sinuwun.
35.
SURENG 2 :
Semanten kula kanjeng.
36.
PENANGSANG : Dak tampa
anggonmu matur pitedih. Ora liwat bojoastunipun tampanana.(SINAMBI NGATURAKE
KANGGE TANGAN)
37.
SURENG 1 :
Saestu anggenipun kula mundhi.
38.
PENANGSANG : Sorak
nyampun penggalih. Kepriye purwa madya wusanane naliaka dak utus menyang ing
pajang?
39.
SURENG 1 :
Keparengo matur kanjeng adipati. Menawi wonten atur kula ingkang sisih padha
nyuwun samudra pangaksami.
40.
PENANGSANG : Sanadyan
sagunung gedhene luputmu ning kene aku tatwis pangapura marang kowe.
41.
SURENG 1 :
Kalampahan gusti adipati. Kula tumuju wonten ing kasultanan pajang wonten
sangajengipun gapura sinupit urang.
42.
PENANGSANG : Iya-iya.(MANTUK-MANTUK
SIRAHIPUN)
43.
SURENG 1 :
Nanging anehipun.
44.
PENANGSANG : Anehe
ya ene?,(REDI KAGET)
45.
SURENG 1 :
Inggih, tembe kula mlebet la adhi kula damadaan menika ical tepatipun gapur,
ngertos-ngertos menika kula sampun wonten salebeting gua ingkang dedet
lelimengan.
46.
PENANGSANG : Banjur?
47.
SURENG 1 :
Kula kemutan, kabetangan kyai brongot setan kober.Gua kala wau kula namani
brongot setan kober, ical sipatipun gua.
48.
PENANGSANG : Tenan?
49.
SURENG 1 : Inggih, ngertos-ngertos kula wonten
satengahingalas gung liwang liwung.
50.
PENANGSANG : Banjur?
51.
SURENG 1 :
Inggih, kula tamai taman kyai brongot setan kober malih (MA DEES,….) ical,
dadaos udan ingkang deres banget bledeg sinamberan dados sesamberan.
52.
PENANGSANG : Ing kana ana alas ana bledeg sinamberan (ARYA
PENAGSANG JUMENENG)
53.
SURENG 1 :
Inggih menika leres, sepisan malih kula tamai taman kyai brongos setan kober
malih ical sipatipun udan kala wau, kula sampun wangsul sangajengipun gapura.
54.
PENANGSANG : Balik
ing gapura capit urang malih, ing wanci laka wau?
55.
SURENG 1 :
Leres, nanging anehipun klambi kula menika boten teles udan deres kala wau.
56.
PENANGSANG : Lan
deres nanging boten teles?(LINGGIH MALIH)
57.
SURENG 1 :
Inggih boten teles.
58.
PENANGSANG : Ya, mbok menawa sapa ngerti pintere wong Pajang
sabanjure anal an banjur?
59.
SURENG 1 :
Kula lan adi kula, kula soreing Sureng ndamel cara kanjeng.
60.
PENANGSANG : Andum
gawe?
61.
SURENG 1 : Inggih andamel cara kanjeng, adikula lumebet
ing pagulinganipun kanjeng sultan, kula kang ndamel ontran-ontran wonten ing
sajawining benteng.
62.
PENANGSANG : Apa
pamrihmu Rumit?
63.
SURENG 1 :
Kula prajurit pajang migatoaken teng kula boten migatosaken adi kula, dados
gampil angngenipun mejahipun Kanjeng Sultan, kowe soreng kana?
64.
PENAGSANG : Iya?
65.
PENANGSANG : (NGGUYU KEPINGKEL-PINGKEL), pinter kowe Soreng,
dadi sing mlebu adimu?
66.
SURENG 1 :
Adi kula.
67.
PENANGSANG : Sureng
?
68.
SURENG 2 :
Inggih kanjeng.
69.
PENANGSANG : Sawise
kowe kalakon andum dosa lumebu ing damelan pajang, terus kepriye wusanane?
70.
SURENG 2 :
Kalampahan kula mlebet wonten ing tiram pagulinganipun Sultan Kanjeng
Hadiwijaya.
71.
PENANGSANG : Kalakon
kepriye?
72.
SURENG 2 : Wonten papan mriku , salembu kula bika , Sultan
Kanjeng Hadiwijaya ketingal ngligo kanjeng.
73.
PENANGSANG : Anggenipun
sare telep ngligo?
74.
SURENG 2 :
Boten sranta raose manah kula, kula tamai Kyai Brongos Setan Kober , kadadak
wonten sadurla ingkang ageng nyamber dhumateng kula kanjeng. Kalampahan kula
gelut kaliyan sardolo kala wau kula tamai
kyai brongot setan kober ma…dees…. ical sipatipun sardolo dados guling kanjeng.
75.
PENANGSANG : Aja
amerga kowe wedi?
76.
SURENG 2 :
Boten kanjeng.
77.
PENANGSANG : Kuwi
tenan?
78.
SURENG 2 :
Inggih gusti saestu.( SINAMBI MANTUK-MANTUK)
79.
PENANGSANG : Ilang
wujudipun macem ing ana guling?
80.
SURENG 2 :
Kula abali malih gusti, kula tamai kyai brongos setan kober. BLESS….
81.
PENANGSANG : Modar
kanjeng Hadi Wijaya?
82.
SURENG 2 :
Dereng kanjeng.
83.
PENANGSANG : Piye?
84.
SURENG 2 :
Kadadak wentas daya ingkang narik dhumateng tangan kula kanjeng.
85.
PENANGSANG : Sampun namai brongos setan kober menyang
dadane Hadiwijaya, kaya nageng.
86.
SURENG 2 :
Inggih.
87.
PENANGSANG : Narik
maring tanganmu?
88.
SURENG 2 :
Inggih.
89.
PENANGSANG : Mentaun?
90.
MENTAUN :
Dawuh kanjeng?!
91.
PENANGSANG : Wonten kadadosan ing kados ngaten munggah
wewengkonipun Mentaun dados pundi?
92.
MENTAUN : Menawi kula mirengake aturipun soreng Kanjeng
Sultan dipun tamani wonten daya ingkang narik menika kawastan Aji Lebu Sekilan,
menawi dipun namani kirang sekilan boren tumenga kanjeng.
93.
PENANGSANG : Aji
lembu sekilan?
94.
PENANGSANG : Bener
iya, sawuse ana kadadiyan kaya ngana, Sureng dur kowe tumindhak apa meneh?
95.
SURENG 1 :
Kula ablai malih, kula methek kyai brongos setan kober, kula sampun
sapandonganipun, tembe kemawon kula nyatek sultan Hadiwijaya badhe kula tamai
kyai brongot setan kober , kula kasamplok sirep kula luntak ludiro kanjeng.
96.
PENANGSANG : (SINAMBI
NESU ARYA PENGSANG JUMENEG SAKING PALENGGAHAN) Ora mindek kowe mutah getih,
mutah gragal Hadiwijaya mati apa isih urip?
97.
SURENG 1 :
Teksih urip kanjeng.
98.
PENANGSANG : Hah?
99.
SURENG 2 :
Taksih urip Kanjeng, pramila saka menika Gusti Adipati
100.
SURENG 1 :
Cekapake semanten kemawon boten usah dipun lajengaken malih anggenipun mbaleleo
wonten ing kasultanan pajang, saataspun kula menika pandum boten kapidono
malah, kepara kula dipun ganjar malah banda dunya.
101.
PENANGSANG : Koe nampa pawahing saka Sultan
Hadi Wijaya ?
Endi wujude?
102.
SURENG 1 :
Menika kanjeng.
103.
PENANGSANG : Buang…! Buang…! (ARYA PENAGSANG NGAMUK MARANG PARA
SURENG)
104.
PENANGSANG : Rana
lan kowe Sureng?!
105.
SURENG 1 :
Inggih kanjeng. ( ARYA PENGSANG JUMENEG MALIH)
106.
PENANGSANG : Ora bisa mbadok nek kowe nampa saka pawahe Sultan Hadiwijaya, iya?
107.
SURENG 1 : Saged
kanjeng.
108.
PRAMESWARI : Nyuwun sewu kang mas gusti pati Aryo
Penangsang,mbok mongko panjengan kua aturi sabar kang mas?!.
109.
PENANGSANG : Astagfirullohal’adim,
lara temen kowe. Ya…ya…ya. Kedang kaya ngapa kowe tumindhak ora apa-apa,
nanging kowe Sureng .
110.
SURENG 1 :
Inggih.
111.
PENANGSANG : Aku mbutuhake baline brongos setan
kober,brongos setan kober tak pundut,Sureng ? Ora ana?
112.
SORENG :
Inggih kanjeng.
113.
PENANGSANG : Brongot
setan kober.
114.
Snh+RNGKT : Inggih
kepareng matur kanjeng.
115.
MENTAUN :
Tinggal diaturke aja pecicilan kowe.
116.
SURENG 2 :
Wekdal samenika kyai brongot setan kober, kasuwun ngampil sunan kanjeng Hadiwijaya,
benjang menawi sampun saged mirunggah bade dipun wangsulaken kanjeng.
117.
SURENG 1 :
Inggih saestu.
118.
PENANGSANG : Siiieeet.
Brongos setan kober keri nang Pajang?
119.
SURENG 1 :
Inggih.
(ARYA PENAGSANG DUKA MARANG UTUSAN-UTUSANIPUN INGKANG
WAUNIPUN DIPUN UTUS WONTEN ING PAJANG AMERGA BRONGOT SETAN KOBERIPUN KETINGGAL
ANA ING PAJANG, LAN PARA SURING DIPUN ANTEMI KALIYAN ARYA PENGSANG)
DAMARSUDI MLEBU ANA ING PANGGUNG
120.
DAMARSUDI : Ta
aturi sabar.
121.
SNH+RGKT : Kula
nyuwun gesang kanjeng.
122.
MENTAUN : Wis ngana mundur?
123.
SNH+RGKT : Inggih.
124.
DAMARSUDI : Jebeng?
125.
PENANGSANG : Rama Damarsudi.
126.
DAMARSUDI : Lelupute
bocah Sureng kuwi apa?
Bapa takon lelupute bocah Sureng 2 kuwi apa?
127.
PENANGSANG : Astagfirullohal’adim.
128.
SURENG 2 :
Lepat, piyambakipun kula utus dateng pajang, supados nyidra yuswanipun Hadiwijaya,
boten pikantuk karya, kyai brongos setan kober kintun ing Pajang.
129.
DAMARSUDI : Si…si…,
ta aturi sabar?!
Sing luput kuwi dudu bocah Sureng 2.
130.
PENANGSANG : Menawi
bocah Sureng boten luput?!
131.
DAMARSUDI : Ya
sing luput Jebeng Panangsang.
132.
PENANGSANG : Dumawah
kosok wangsule.
133.
DAMARSUDI : Kepiye.
134.
PENANGSANG : Menawi
punika tepat dede kula.
135.
DAMARSUDI : Banjur
sapa?
136.
PENANGSANG : Panjenengan
piyambak.
137.
DAMARSUDI : Loh…
lah ko Bapakmu, kuwi nalare piye.
138.
PENANGSANG : Kenging
menapa boten. Rama Damarsudi, menawi ngaten kula saged ngleresaken ngendikaipun
Kalinyamat, panjenengan guru pan oyod mansendi, endi wuruhane sing muncung,
jijo palupune.
139.
DAMARSUDI : Geneyo.
140.
PENANGSANG : Sultan
Hadi Wijaya, ora tumoro sawering bedono.
Ngaten menika?
141.
DAMARSUDI : Si…si?!
142.
PENANGSANG : Sinten
ingkang badhe lepataken?
143.
DAMARSUDI : Si…si
jebeng.
Yen jebeng Aryo Penangsang ora ngertita wenehi
ngerti.
144.
PENANGSANG : Menapa?
145.
DAMARSUDI : Ayoh
lenggaho disik.
146.
PENANGSANG : Suring
sawetara aku titip nyawamu (ARYA PENGSANG BAR ANGGONE NESU)
147.
DAMARSUDI : Ayoh
lenggah, lenggah?!
Diaturi
kon sabarwong sabar kuwi bakal sedulur. Jebeng Penangsang?, Yen Jebing Aryo
Penangsang ora ngerti bakal tak wenehi ngerti, sapa toh Sultan Hadiwijaya, ya Jaka
Tingkir (Maskarebet), kuwe ngana bocah sing lulus, paguruan endi kang ora
ditekani Jaka Tingkir, ya mas karebet kuwe. Dadi ya ra mungkang yen deweke duwe
pira-pira kasekten nanging, Jebeng
Panangsang.
148.
PENANGSANG : Apa
rama Damarsudi?
149.
DAMARSUDI : Aku
nglegani karo bocah soreng.
150.
PENANGSANG : Mbok
patut?
151.
DAMARSUDI : Atase sa bocah soreng, wani mlebu ana kang
pagulingane kajeng sultan Hadiwijaya, kuwe ora sasaing jalmo?, aku ngregani yen
deweke ora bisa mateni kalawan Hadi Wijaya kuwi jenenge wis pas, jalaran kalah
pangaraning bawa, bocah Soreng ko adepan sa Sultan, neng beda-beda.
152.
PENANGSANG : Bentenipun?
153.
DAMARSUDI : Yen
Sultan Hadiwijaya adepan sa ora-orane adipati, ora sah nganggo pusaka piyandel
kang ampuh mbok Manawa karo cucu enjet bakal sirna.
154.
PENANGSANG : Wamdaur?!
Diwur muncat,
adepi Hadi Wijaya.
155.
DAMARSUDI : Si….si,kowe
arep tindhak nag endi?
156.
PENANGSANG : Kae
,adhe lenggahan Hadiwijaya badhe lunnguh
157.
DAMARSUDI : Ta
aturi sabar, lereh,lerem, luruh.
Jebeng,
yen kowe bakal maju ngadepi karo Hadiwijaya, njur wong kendel kuwi nduweni piyambak.
158.
PENANGSANG : Kula
gadhah piyambak.
159.
DAMARSUDI : Njur
pikandelmu kuwi apa?,
160.
PENANGSANG : Brongos
setan kober.
161.
DAMARSUDI : Saiki
endi?
162.
PENANGSANG : Loh.
163.
DAMARSUDI : Astagfirullohhalngadim,
sabar-sabar Jebeng sabar. Kono-kono ta turi lenggah.
164.
PENANGSANG : Brongos
setan kober lungo saka raga kula.
165.
DAMARSUDI : Perkara
brongot setan kober kuwi gampang.
166.
PENANGSANG : Kepripun?
167.
DAMARSUDI : La yo
mengko aku toh, ta aturi lenggah disik bocah Soreng.
168.
SNH+RGKT : Inggih.
169.
DAMARSUDI : Ngesuk kuwi yen dikongkon sing ngati-ati, aja
padagrunyangan Jebeng Penangsang?
170.
PENANGSANG : Rama Damarsudi?
171.
DAMARSUDI : Aku
ta matur, apa kekarepanmu esih ta bacutake?
172.
PENANGSANG : Ngantos kukuding jagad menawi kula boten
kasembadan nglolod pasuwuhane Jaka Tingkir, mila kula entengaken pejah.
173.
DAMARSUDI : Bagus,
yen kaya ngana. Upama Jebeng Haryo Penangsang, ta adepake ijen pada ijen karo Hadiwijaya
apa wani?,
174.
PENANGSANG : Pripun?
175.
DAMARSUDI : Jebeng Haryo Penangsang, ta adepake ijen pada
ijen karo Hadiwijaya apa wani?,
176.
PENANGSANG : Ha….ha….
Rama Marsudi, sampun malih sultan Hadiwijaya setunggal, ana ing posok uluh,
boten gigik ngadepi sultan Hadi Wijaya.
177.
DAMARSUDI : Bagus-bagus.
Ya kuwi sing ta kersa ake, Jebeng?, aku bakal nganakake sarasehan ngelmu, ing
wulan sura.
178.
PENANGSANG : Kasambut?
179.
DAMARSUDI : Sing
ta rawuhake ora liya mligi kanjeng sultan Hadiwijaya, karo Jebeng Haryo Aryo
Penangsang.
180.
PENANGSANG : Kula lan
Hadiwijaya.
181.
DAMARSUDI : He..eh!
182.
PENANGSANG : Inggih-nggih.
183.
DAMARSUDI : Lan
Jebeng Haryo Penagsang ta dapuk dadi pramugari. Dapuk dadi pramugari ngacarani
rawuhe sultan Hadiwijaya.
184.
PENANGSANG :
Inggih..salajengipun?
185.
DAMARSUDI : Ing mengkone, ing papan kana bakal tag we cara,
mula saka kuwi jebeng perkara iki dirembuk ana ing pati kana lan maneh.
Anggonmu teka ing pati kudus aja kanti kalah disik kalawan Hadiwijaya. Kowe
teko didik ana ing panan ngriku
186.
PENANGSANG : Ngestoaken
dawuh rama Damarsudi.
187.
DAMARSUDI : Bapa
badhe nywun pamit?
188.
PENANGSANG : Kenging
menapa kesusu dhateng jogja?
189.
DAMARSUDI : Jalaran
aku bakal uborampe.
190.
PENANGSANG : Kula aturi
kesuwun rama.
191.
DAMARSUDI : Asalamu’alaikum?
192.
PENANGSANG : Wa’alaikumsalam
warohmatulohi wabarokatuh.
193.
DAMARSUDI : Prameswari?
194.
PRAMESWARI : Inggih
kula.
195.
DAMARSUDI : Sing
ngati-ati, sing pinter kadi garwane?
196.
PRAMESWARI : Inggih,
ngesto aken dawuh rama.
197.
DAMARSUDI : Mentaun?
198.
MENTAUN : Dawuh
kanjeng sunan?
199.
DAMARSUDI : Sing
ngati-ati loh yoh?
200.
MENTAUN : Inggih!
201.
DAMARSUDI : Momong
pendaraanmu.
202.
MENTAUN : Ngestoaken
Kanjeng Sunan.
203.
DAMARSUDI : Sureng
, Sureng sing ngati-ngati?
KANJENG SUNAN TERAS WANGSUL LAN PENGSANG JUMENENG MALIH KANTI
NGIDUH KALIYAN PARA SURING.
204.
PENANGSANG : Sureng?!
205.
SRG1+SRG2 :
inggih.
206.
PENANGSANG : Jumenenga,
ndangak (ARYA PENAGSANG NGLUDAHI)
Eling-eling
kowe bajingan, enthu Drajatmu-derajat krokot, gawene emplu tetep keplorot Rana Sureng ?
207.
SURENG :
inggih-nggih!
208.
PENANGSANG : Aja
taambake tumindhakmu, singatupi mleduge gunung, rawuhe
Rama Damarsudi ra bakal ta pisah gempungen sirahmu!
209.
MENTAUN : Ngisin-isini,
dikira kuwi ki aku sing ngarani heh?, bajingan!
210.
PENANGSANG : Mentaun?
211.
MENTAUN : Dawuh.
212.
PENANGSANG : Sing mbok
kowe dukani kuwi Sureng.
213.
MENTAUN : Pangapunten
Kanjeng.
214.
PENANGSANG : Pursarising
benjut, saben kuluntangi. Ngadu kasih menika murid kula, ngaten menika, jendu! Sampun
sepuh ngyelke wetek, nggih para Sureng?
215.
SURENG 1+ 2 :
Nggih.
216.
PENANGSANG : Tumindhake
Rama Sureng kuwi bener apa luput?
217.
SURENG 1+ 2 : Lepat.
218.
PENANGSANG : Luput
apa bener?
219.
Para SURENG 2 : Lepat.
220.
PENANGSANG : Sureng,
rana krungu?,
221.
MENTAUN : Inggih
Kajeng.
222.
PENANGSANG : Mentaun?,
Mentaun?
223.
MENTAUN : Dawuh
Kanjeng.
224.
PENANGSANG : Mentaun wongsal-wangsul kula ngendika menapa?,
ampun nambahi, nggeloning manah, wonten
kadadosan-kadadosan kados ngaten. Ketok sideku midangetaken nanging babar pisan.
Aduhh!!! Sampun miring ngendikanipun rama Damarsudi?
225.
MENTAUN : Sampun.
226.
PENANGSANG : Menapa?
227.
MENTAUN : Apa
cah?(SINAMBI MELENGOK NENGEN)
228.
PENANGSANG : Masaalloh!
229.
MENTAUN : Pangapunten
kanjeng.
230.
PENANGSANG : La ra
napa?, Rama Damarsudi ngerso aken, manggihaken kula lan Hadiwijaya ngepasi
tanggal Penangsang sura, saderengepun Hadiwijaya dugi ing kudus kula kedah
ayungweni, miring?
231.
MENTAUN : Sampun
232.
PENANGSANG : Mila saking
menika kula mundhut tulung, wus samenika tata. Minangka sampun sesarengan
tumuju ing pati kudus.
233.
MENTAUN : Ngersaaken
dawuh gusti.(NYEMBAH)
234.
PENANGSANG : Si adi
lan para prajurit ngadepi beboya kang teka.
235.
ADI :
Ngesto aken dawuh gusti.
236.
PRAMESWARI : Mangga-mangga
paduka.
Adegan 2
TERAS PORA PRAJURIT LAN ARYA PENAGSANG MEDAL SEDAYA PANGGAUNG
GANTOS DAGELAN KANTI BIGRON PEDESAAN
237. A : (KANTI SINAMBI
NJOGED) Singar Ninga awak.
238. B : Tanganku endi.
239. A : tangan.
240. B : Tangan tak gawa
loro ko malah ora ana.
241. A : Lah kowe njoged
piye?
242. B : Jogged ngeneh-ngeneh
oo.
243. A : Terus?
244. B : Ga enek tangane.
245. A : Masa to yen.
246. B : Lah ki apa?
247. A : Tangan ndelik oo.
248. B : Klambine keciliken.
249. A : Jogged kuwe sehat
ning awak.
250. B : Si, jojo?
251. A : Apa?
252. B : Aku gumun yo,.
Isining duyo ki reno-reno
253. A : Akeh.
254. B : Kewan ya reno-reno.
255. A : Iyo, plora fauna ki
akeh.
256. B : Kowe tau sekolah
he?
257. A : Entek pirang-pirang
kolah Oo
258. B : Apa pirang-pirang
kolah kuwi?
259. A : Sekolah kuwi loh.
260. B : Sinau kuwe loh,
bedane ap kewan sing ngendog karo sing ora ki apa?
261. A : Lah iki, menungsa
goblok kaya awkmu iki kuwe repot.
262. B : Aku ora tau sekolah.
263. A : Kuwe termasuk ilmu
hewan.
264. B : Ilmu hewan?
265. A : Ya ada ilmu hewan kuwi, bedane kewan sing
ngendog karo sing manak kuw ana tengerane.
266. B : Titiane apa?
267. A : Titiane kuwi kewan,
terutama sing ngendok.
268. B : Sing ngendok piye?
269. A
: Sing ngendok ki mesti ana tengerane karo sing manak.
270. B : Sing anak.
271. A : Sing anak kuwe duwe
daun telinga.
272. B : Daun telinga?
273. A : Daun telinga.
274. B : Daun telinga kaya
iki ya?
275. A : Iyo.
276. B : Kuwi manak, nek ra
nduwe daun telinga?
277. A : Kuwe ngendok, la
hula kae ngendok apa manak?
278. B : Ula kae manak loh.
279. A : Ora duwe daun
telinga ko.
280. B : Nek gajah?,
281. A : Manak, wong nduwe
daun telinga.
282. B : Nek banyak?
283. A : Ya ngendok, wong ra
duwe daun telinga.
284. B : Ra iso.
285. A : Banyak ngendok.
286. B : Banyak kuwe
anak-anak ora ngendok.
287. A : Ko biso kuwi loh.
288. B : Aku kuwi mau lewat sekolahan ana tulisan awas
pelan-pelan banyak anak-ana, ra ene tulisan awas pelan-pelan banyak ngendok-ngendok.
Adegan 3
CARIOS INGKANG SALAJENGIPUN KAWONTENAKEN ING RUANG PERTEMUAN
ANA ING ISTANANIPUN ARYA PENAGSANG INGGIH MENIKA WONTEN ING PANGGONAN INGKANG
WONTEN PALENGGAHAN PRIBADINIPUN DAMARSUDI.
289.
DAMARSUDI : (KANTI
JUMENEG)Uborampe apa wis
cekap?
290.
PENANGSANG : Uborampe
sampun cekap rama Marsudi
291.
DAMARSUDI : Para Sureng sampun diutus bali meneh?
292.
PENANGSANG : Sedaya
sampun baris pendem wonten sawingkingipun papan sing diutus.
293.
DAMARSUDI : Yen
kaya ngana iki bakal ta wiwiti, kursi palungguhan iki bakal ta Rajang, ngerti?,
bakal ta Rajang. Mengko yen wis
ta Rajang jebeng haryopenagsang, ora keparenng lungguhne bapa. (NGANGGE TONGKAT
KURSI DIPUN WENEHI AJI-AJI)
294.
PENANGSANG : Boten
kepareng lungguh teng mriku?(SINAMBI NGACUNG-NGACUNG)
295.
DAMARSUDI : Jalaran,
sapa pawongan kang lungguh kursi kuwi wus ta Rajang, bakal apes dayane Mentauno
dina lawase.
296.
PENANGSANG : Inggih
kula ngndikanipun rama warsudi.
297.
DAMARSUDI : Sing
ngati-ati loh yah?. Jebeng Aryo Penangsang.
298.
PENANGSANG : Rama
Warsudi?
299.
DAMARSUDI : Nanging
Bapa nduwe gung sasmita loro cacahe. Sasmita nyata lan sasmita gaib, lan sing
dikandakake iki sasmita nyata.
300.
PENANGSANG : Pangagungipun?
301.
DAMARSUDI : Yen
uyah kuwi rasane?
302.
PENANGSANG : Asin.
303.
DAMARSUDI :Yen Lombok?
304.
PENANGSANG : Pedes.
305.
ADI :
Nyuwun sewu kang mas.
306.
PENANGSANG : Ana pa
pagito-gito sowanmu?
307.
ADI : Ing Panti Kudus sampun karawuhanipun kanjeng
sultan Hadiwijaya.
308.
PENANGSANG : Wis ana ing pati kudus?
Mentaun?
309.
MENTAUN : Dawuh Kanjeng, apa wis bisa mendem?, dak temoni Sultan
Hadiwijaya!
310.
MENTAUN : Ngestoaken
dawuh Gusti.
MENTAUN LAN ADINIPUN MEDAL SAKING
PANGGUNG ANGGENIPUN NYELUK HADI WIJAYO LAN PARA
PRAJURITIPUN.
311.
PENANGSANG : Wus rana
cepet!
SULTAN HADIWIJAYA MLEBU ANA ING
KADIPATEN ARYO PENANGSANG KALIYAN ADINIPUN LAN LAN PRAJURIT KALIH.
312.
HADIWIJAYA : (KANTI
NYENGIR)Asalamu’alaikum?,
313.
PENANGSANG : Wa’alaikum
salam, loh manga-mongga Sunan Pajang.
314.
PENANGSANG : Sami sugeng
dawuhuipun yai sultan Hadi Wijaya?
315.
HADIWIJAYA : Pangastunipun
Aryo Penagsang, kosok wangsulipun kakang Prabu.
316.
PENANGSANG : Galis sakara-kara Kanjeng, boten ko sakora
beda dateng panjengan.
317.
HADIWIJAYA : Kakang
Arya Penagsang kesangeten.
318.
PENANGSANG : Kenging
menapa?
319.
HADIWIJAYA : Kenging menapa dulur tuwa sampun dangu boten
rawuh wonten ing Kasultanan Pajang, Kakang?
320.
PENANGSANG : Nyuwun
panggung pangaksaminipun yai Sultan, dawuhipun kula ana ing sultan, kula dereng
nate sowan teng Pajang, awit ing Jipang taksih kathah pakaryan ingkang kula
rampungaken.
321.
HADIWIJAYA : Oh Kados ngaten?, oh inggih boten napa-napa Kakang,
nanging menawi wonten wekdal rawuh ana ing Kasultanan Pajang.
322.
PENANGSANG : Mangga-mangga kula aturi lenggah.(KANTI NYEKEL
TANGANE ARYO PENANGSANG NGATURI LENGGAH ANA ING PANGGONAN SING WIS DISIAPAKE
MAU)
323.
M. HADIWIJAYA: (KANTI JUMENENG)Loh-loh, badhe tindak pundit.
324.
HADIWIJAYA : Badhe lenggah.
325.
M.HADIWIJAYA:Kanjeng, ngesa dalem sampun ngantos
lenggah ing papan menika palengganipun
ingkang kagungan dalem, tamu kedah
lenggah datheng mriki.
326.
PENANGSANG : Nywun
sewu Kanjeng Sunan, Rama Damarsudi tembe netepi kewajiban, kula nampi dawuh
kapanampi dados pramugari, ngacarani rawuhipun yai sultan Hadiwijaya, mila
menika mangga, kula aturi lenggah ana ing palenggahan menika.
327.
M.HADIWIJAYA: Mangke riyin.
328.
HADIWIJAYA : Ana
apa maneh kakang?
329.
M.HADIWIJAYA: Menapa malih, wonten pramugarinipun,
wakile sing kagungan dalem, ing lenggah mrika nggih pramugarinipun, panjengan
tetep lenggah dateng ngrtiki kanjeng.
330.
PENANGSANG : Nywun
sewu, nyai sultan, menapa wonten ratu lenggahwonten sakiwanipun ki patih?,
menawi kalampahan napa boten ical kanbawanipun?, mangga lenggah mriki.
331.
M.HADIWIJAYA :Nyuwun
sewu gusti kanjeng, sampun dipun dahar ngndikanipun gusti adipati Arya Penangsang,
Adipati utawi Ratu menika menawi wonten Keratin, menika wonten ing Pati Kudus isinipun
murid lan murid.
332.
PENANGSANG : Nanging
KANTI NGEJAK LENGGAH ANA ING CEKETIPUN ARYA PENGSANG ANANGING
DIPUN LARANG KALIYAN KAKANG HADI WIJAYA.
333.
HADIWIJAYA : Sampun-sampun
kakang, kula ta lenggah ana ing papan ngriki kemawon. Boten menapa-menapa.Mangga
pinarak ana ing palenggahanipun, ana kene kan enak?
334.
PENANGSANG : Nggih-nggih
wong ra gelem ko dipeksa, nggih boten napa-napa
Yai sunan.
335.
HADIWIJAYA : (HADI WIJAYA LENGGAH ANA ING CAKET KAKANGIPUN)Nggih.
336.
PENANGSANG : Panjenengan
menika boten wani lenggah, ing palengganipun Rama Damarsudi, soyo-soyo kula namung
Adipati mila anggenipun kula ngacari rawuh panjengan kanti cara adeg-adeg
kemawon.
337.
HADIWIJAYA : Boten
menapa-menapa kakang mangga sajak.
338.
PENANGSANG : Nyuwun
sewu yai Suanan, kula kepengin ngertos kados pundi suasana ing Kasultanan
Pajang?
339.
HADIWIJAYA : Ing Kasultanan Pajang ayem-ayem lan tentrem,
nanging kakang tembe kemawon geger kakang?
340.
PENANGSANG : Geger
bab menapa?
341.
HADIWIJAYA : Kathah
maling teng pajang.
342.
PENANGSANG : Pajang
kathah maling?
343.
HADIWIJAYA : Inggih.
344.
PENANGSANG : Ko aneh!
345.
HADIWIJAYA : Anehipun
menapa?
346.
PENANGSANG : Pajang
menika kutha ing tengadeg kathah nayaka prajanipun, kaya dene pamanahan, wila
merta lan lurangin, lah nika kangge napa kur dibayar tenguk-tenguk nanging Negarane
geger.
347.
HADIWIJAYA : Kakang
adipati Aryo Penangsang, bucalipun boten sampun kirang-kirang, para nayaka
praja anggenipun njagi dateng katentramaning Kasultanan Pajang. Nagging wong
jenenge maling, maling kuwe mesti gole limihe sing duwe umah, sapinter-pintere
sing njaga isih pinter maling kakang?
348.
PENANGSANG : Inggih-inggih.
349.
HADIWIJAYA : Lajeng kasok wangsulipun ing Kadipaten Jipang
Panulan kados pundi?
350.
PENANGSANG : Ha…ha…jipang
panolan ayem tentrem. Wiwit surup surya nganti wancik gagat ragina, ora ana
lawang kang ditutup nanging ora ana maling mlebu ing kadipaten jipang panolan, mula Jipang tentrem.
351.
M.HADIWIJAYA:
Gusti kanjeng?
352.
HADIWIJAYA : Nggih.
353.
M.HADIWIJAYA:
Pancenipun leres dawuh pangandikanipun gusti Hadi patih Arya Pengangsang.
354.
HADIWIJAYA : Maksude pie Kakang?
355.
M.HADIWIJAYA:Jipang Panolan menika, ayon ayem tentrem
ning kula piyambak gumun kajeng.
356.
PENANGSANG : Gumune apa?
357.
M.HADIWIJAYA:Maling-maling menika kala wau ing pajang,
nek diopyak mlayune ko dateng kdipaten jipang panolan gusti adipati
358.
HADIWIJAYA : Mlayune maling ing Jipang Panolan?
359.
M.HADIWIJAYA: Inggih.
360.
HADIWIJAYA : Engko si, yen kaya ngana ngarani gusti adipati Arya
penagsang Bupatine maling?
361.
M.HADIWIJAYA: Bok meawi ngaten.
362.
PENANGSANG : Marod,
adepana lambemu nggih-nggih boten kula selak kula akoni yen prajurit Jipang
Panolan meniku dumadi saka maling,rampok lsn kecu nanging sedaya kula
klempakaken kula cakup kula bilasi jiwanipun, kersanipun dados tiyang ingkang
migunani tumrap bangsa lan negarane.(PENAGSANG NGAMUK KALIYAN MAS HADIWIJAYA)
363.
HADIWIJAYA : Inggih
kula ngertos kakang, nanging maling kal wau bok menawi pepitangan.
364.
PENANGSANG : Pepitangan
menapa?
365.
HADIWIJAYA : Pepitangan
maling ngaten, kowe kanca yen kowe maling aja ana ing kana awit yen kowe maling
ana kana, yen kowe kewenangan kowe digebugi oleh-olehane ra sepira, gedhene
kowe dipateni, tinimbang kowe maling ing papn kana lewih becik kowe malingo ing
kasultana pajang, awit yen kowe maling ning kasultana pajang oleh-olehamnu bisa
dadi mangan salwase urip, bok menawi ngaten pepeetanganipun maling.
366.
PENANGSANG : Hoh,
yai sultan Hadiwijaya tendane bajingan kuwi ngarani yen Jipang Panulan kuwe
nggone wong mlarat?, pajang nggone bondo dunya, lah kula aturi nanging?!.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar