PATILASAN
JARAN SEMBRANI
Ana
ing desa Ketangi, kecamatan Kaliangkrik, kabupaten Magelang. Ana ing kedhung
desa ketangi kang biasane digunakake masyarakat, ana watu ing sapinggire
kedhung mau masyarakat sakiwa tengene percaya petilasan jaran ing watu kuwi
tapak jaran sembrani. Miturut crita sesepuh desa nyeritakake menawa ana jaran
duwe suwiwi napakake sikile ning watu. Crita crita saka masyarakat menawa jaman
biyen jaran sing
bisa mabur kuwi lagi leren ngombe ana ing sapinggire kedhung, ananging kaget amarga ana pawongan kang ngonangi weruh jaran senbarani kuwi, saka kagete jaran sembrani mabur lunga lan salah siji sikile njejak watu nganti napak. Pancen bener bisa dibuktikake anane patilasan jaran sembrani mau kuwi, amarga ana tapak jaran ning watu jerone kira kira 2 cm.
bisa mabur kuwi lagi leren ngombe ana ing sapinggire kedhung, ananging kaget amarga ana pawongan kang ngonangi weruh jaran senbarani kuwi, saka kagete jaran sembrani mabur lunga lan salah siji sikile njejak watu nganti napak. Pancen bener bisa dibuktikake anane patilasan jaran sembrani mau kuwi, amarga ana tapak jaran ning watu jerone kira kira 2 cm.
Masyarakat sakiwa tengene uga
percaya menawa patilasan jaran sembrani kuwi mujarab. Biasane menawa ana sing
duwe ana cilik durung bisa mlaku banjur di jak ning petilasan jaran sembrani,
bocahe dikongkon ngidak idak watu petilasan tapak jaran sembrani. Nanging
pancen mujarab bocahe ora let sedela bisa mlaku thimik thimik, kuwi bisa
dibuktikake amarga ana ing kono masyarakat sakiwa tengene asring nggowo anak
cilike yen durung bisa mlaku menyang patilasan jaran sembrani. Nanging kabeh
kuwi mung kapercayan lan anane crita saka masyarakat.
Tekan seprene jarene masyarakat ana
ing kana jaran sembrani mau isih asring ngetok ning sekitar kedhung anggone
napak ana ing watu kuwi. Amarga akeh sing weruh, biasane jaran sembranine
ngetok wayah surup. Crita kaya ngono kuwi bisa dipercaya bisa ora.
Dewi Kartikawati ‘05
SI BOCAH BAJANG
Menawa dhewe teka neng objek wisata Dataran Tinggi Dieng, dhewe bakal nemoni bocah-bocah kang duwe rambut gimbal. Wong-wong nang tlatah kono njenengi bocah-bocah kang duwe rambut gimbal kuwi kanti aran “bocah Bajang”.
Pratandhane bocah bajang wis bisa dideleng wiwit
bayi umur 40 dina. Biasane si bocah awake panas banget. Wong-wong neng Dieng
pracaya menawa bocah-bocah bajang kuwi bocah kesayangane roh-roh ghaib kang
nunggoni Dataran Tinggi Dieng kang dititipke Nyai Roro Kidul. Dadine menawa wis tekan wektune,
bocah-bocah kuwi bakal disuwun dening Nyai Roro Kidul. Amarga kuwi, si bocah
bajang mesthi diayomi kanthi premati banget. Apa wae kang disuwun bocah bajang
mesthi dikabulake. Menawa ora, wong tuwane pracaya bakal nemu piweleh lan
alangan kang gedhe. Amarga kuwi kanggo wong tuwa kang duwe bocah bajang, wektu
bocahe umur 6 taun kudu nganakake ruwatan kanggo nyukur rambut gimbale minangka
pratandha masa titipan bocah saka Sang Ratu wis dipungkasani utawa rampung wektu kuwi
uga.
Mitos
liyane nyebutake, jare si bocah bajang kang wis ana wiwit atusan taun biyen iki yakuwi
titisane Kyai Kaladhete, manungsa kang pisanan mbukak Daerah Dieng. Kyai
Kaladhete tau nggawe sumpah ora bakal siram lan nyukur rambute sakdurunge desa
kang nembe wae dibukak kuwi durung makmur. Dadine menawa sakwise kuwi ana bocah
putune kang duwe rambut gimbal, kuwi pratandha menawa desane bakal reja. Amarga
kuwi dibutuhake ritual khusus kanggo nyukur rambut gimbale supaya ora ana
kedadean ala ing tembe buri.
Dene prosesi ruwatan kang dipimpin
langsung dening tokoh spiritual kuwi ana aturan kang wis gumathok lan kudu dilakoni supaya tekan
puncak acara bisa diadohke saka gangguane jin lan setan. Dene aturan kuwi yaiku
wajib nglakoni lakon spiritual menyang pirang-pirang panggonan kaya Tuk Bimo
Lukar, kanggo nyuwun ijin marang Sang Bahurekso, Pangeran Bimo, banjur menyang puncak Gunung Kendil. Kanggo
ngaturake caos dhahar (persembahan) marangt roh leluhur Kiai Kaladete lan Nyai
Larascinde banjur kang pungkasan menyang Pertapaan Mandalasari Gua Semar kanggo
nglakoni semedhi. Isuke, prosesi ritual nyukur rambut diwiwiti nganggo
pagelaran seni tradisional tari topeng, kang disuguhake kanggo nyenengake para penguasa jagat mistik dedemit. Bar kuwi,
si bocah kang diruwat dimunggahake nang dhokar kanggo diarak menyang Telaga
Warna, diiringi barisan kang nggawa sesajen lan barang-barang kang disuwun si
bocah bajang. Menawa kabeh wis
cumawis, nembe rambut gimbal dicukur marang tetua desa banjur cukuran rambute
digawa menyang Nyi Roro Kidul kanti cara
dilarung. Jarene, menawa panyuwune si bocah ora dikabulake dening wong tuwane,
rambute bakal gimbal maneh.
Diyan
Hastari ‘05
TRADISI “PASAR SENGGOL”
ING KEBUMEN
Pasar kang ora saben dhaerah bisa
ditemokake yaiku Pasar Senggol. Anane mung neng dhaerah Kebumen. Papan dununge
ing dhusun Selang. Yen pasar kaya biasane manggon ing salah sijining papan kang
mligi kanggo dodol para bakul. Bakul iki padha ngandhakake regane barang amrih
dienyang wong-wong kang pengin tuku barang mau. Beda karo ing pasar senggol,
ing kono para bakul amung nggelar dagangane sinambi melu ngramekake kahanan ing
kono ora merga golet bathi. Ing pasar umum uga ana “bango” papan kanggo nggelar
barang dagangane. Yen ing pasar senggol bakul-bakul padha jejer-jejer ing
pinggir dalan.
Pasar senggol manggon ing saturuting
dalan gedhe ing dhusun Selang. Dalan iku arane dalan Kutoarjo. Dalan kang
kagolong salah sijining dalan kang rame kanggo lalu lintas kendaraan tumuju
alun-alun Kebumen utawa pusat kota
Kebumen. Nalika ana pasar senggol kahanan dalan mau dumadakan owah . Dalan kang
maune amung kanggo jalur lalu lintas saiki owah dadi pasar kang tumpek breg,
kaya-kaya wong sekabupaten Kebumen kumpul kabeh neng kono.
Dawane
pasar kuwi kira-kira 500 meter kebak dening bakul-bakul kang nggelar barang
dagangane. Mila ora gumun yen pasar senggol njalari dalan Kutoarjo dadi macet.
Yen motor tesih bisa liwat nanging kudu alon-alon sembari sikile mudhun ing
dalan, merga banget akehe wong-wong kang padha nggejubel ing dalan. Ananging
mobil ora bisa ngliwati dalan iku, kudune milih dalan alternatif yaiku dalan
Tamanwinangun.
Barang
kang digelar para bakul klonthongan ing pasar senggol yaiku jajanan pasar,
maneka warna panganan, sandhangan, dolanan, pernak-pernik kanggo wong wedon,
kembangan lan tesih akeh maneh. Kahanan pasar senggol mung sedina, yaiku wiwit
esuk nganti tekan bengi nembe rampung kira-kira jam rolas wengi. Kamangka mung
sedhela nanging sing padha teka nganti ewonan wong ngumpul ing dalan Kutoarjo
kuwi. Merga tradisi pasar senggol iki namung dipengeti setaun pisan, mila
wong-wong Kebumen ngrasa dadi perkara kang kudu dilakoni yaiku kudu teka
ngrameni pasar kuwi aja nganti klewatan.
Ora
mung bocah enom kang madhati pasar iki, akeh bocah cilik, bapak-bapak lan
ibu-ibu sing pengin nonton pasar sing mung dipengeti setaun pisan iki, wong
kang wis udhur uga ora kalah saing nekani acara kang sejatine amung kanggo
bocah enom. Mila ora gumun yen ora mung warga Kebumen kang ngrameni pasar kuwi,
warga seka dhaerah Purworejo, Sokaraja lan Banyumas uga ora nglewatake
kalodhangan golet jodho iki.
Akehe wong kang padha teka ora niyat tuku barang tartamtu nanging amung
mlaku-mlaku karo nyawang wong-wong liyane kang uga lagi mlaku-mlaku . Apa maneh
bocah enom kang lagi masa puber, senenge mlaku mrana-mrene murih pengin
didelokake dening wong-wong utawa pengin dadi pusat
perhatian. Nanging ya uga ana sing tenanan teka merga tuku barang kang
dipengini ora mung mlaku-mlaku.
Ajang golet
jodho, sebatan kanggo pasar senggol. Khususe para bujang kang kangelan golet
jodho. Ora kalah saing, para prawan uga nyengkuyung acara kaya mangkene. Ana
kapercayan kanggo sapa bae kang lagi golet bojo bakal ketemu karo jodhone utawa
kanggo bocah enom kang lagi golet pacangan bakal ketemu karo sing
diidham-idhamake. Nyatane ya akeh wong sing entuk jodho sakwise nonton pasar
senggol iki. Nanging kabeh iki gumantung marang pribadhine dhewek-dhewek. Yen
wonge sumeh, srawung marang wong liya, cepet akrab karo wong sing durung
dikenal mesthi bakal cepet kaparingan jodho. Nanging yen wonge ora gelem ngejak
kenalan, ora ngajeni marang wong liya mesthi bakal kangelan golet jodho.
Kahanan kang rame
ing pasar senggol ora disia-siakake dening para warga Selang kanggo ngenalake
produk-produk panganan kang khas seka Selang. Ana jipang kacang kang legit
banget rasane, merga akeh kacang lan gendhise. Bocah cilik biasane seneng
jajanan kaya mangkono. Uga ana lumpia isi urang kang gurih, pas banget kanggo
lawuh mangan. Ora kalah enak, ana pisang gaweyane warga Selang kang maknyleng
lan gurih banget beda karo gaweyane dhaerah liyane. Ana maneh panganan kang wis kawentar saka
dhaerah Kebumen yaiku lanthing, rupane kaya angka wolu, rasane maneka warna,
ana rasa keju, pedes, bawang lan rasa jagung. Panganan liyane kang uga gaweyan
asli warga Selang yaiku geplak jahe, unthir-unthir cacing, unthuk cacing,
cistik kang digawe seka gandum lan tesih akeh maneh. Kabeh mau digawe dening
warga Selang kanthi cara kang tradisional, tesih nganggo tangan utawa
ngandhalake tenagane dhewe. Panganan kuwi digawe dening ibu-ibu rumah tangga
ing omah-omah istilahe home industri.
Pasar kang namung
dipengeti ing sasi Maulud tanggal 25 iki ngepasi dina laire Kanjeng Nabi
Muhammad SAW. Pasar iki dipengeti kanggo sarana raos syukur warga Selang dening
Gusti Kang Maha Kuwasa kanthi cara nganakake acara pasar senggol kang dienggo
warga kanggo sarana golet jodho. Sejatine pasar senggol iki dudu jeneng pasar
asli, nanging merga ing kono padha senggol-senggolan bokong, nuli diarani pasar
senggol. Sejatine ya ora mung senggol-senggolan bokong, nanging uga padha
senggol-senggolan tangan lan perangan awak liyane. Iku sing disenengi dening
bocah enom, utamane bocah lanang sing senenge padha nggleweh bocah wedon,
nanging sing digleweh ya padha geleme.
Tradisi pasar
senggol kudu dilestarekake murih ora klelep ing jaman kang sarwa canggih lan
modern. Uga bisa dadi sarana kanggo promosi budaya lan pariwisata dhaerah
Kebumen. Ora mung ngono, tradisi pasar senggol uga bisa dadi sarana kanggo
ngraketake hubungan wong-wong kang maune ora padha kenal owah dadi kaya
sedulur.
Makhzurotul K ‘05
“Nyai Ageng Bagelen”
Maha Prabu sri
Kandihawan utawa Prabu Sowelocolo kang kuwasa ana ing krajan Medangkawit utawa
Medangkamulan duwe anak 5 yaiku: Raden Jaka Panuhun, Raden Jaka Sanggarba,
Raden Jaka Karungkala, Raden Tunggulametung, lan Raden Petungtantara. Raden
Jaka Panuhun kang pinter ing babagab tetanen, ngganti Prabu Sri Kandihawan dadi
raja lan mindhah ibu kota
krajaan ing Pagelen.
Raden Jaka Panuhun duwe anak loro
cacahe nanging cacat kabeh, kalorone cebol lan kerdhil, dhuwure mung sadhuwure
tongkat bedhil. Weruh anake kang kaya mangkono kuwi, Raden Jaka Panuhun sedhih
lan pungkasane dheweke tapa brata nyuwun marang Kang Kuwasa. Raden Jaka Panuhun
oleh pituduh saka swara gaib sing akon
supaya dheweke nikah karo putrine ki Buyut Somolangu. Saka kuwi, Raden Jaka
Panuhun duwe putra sing jenenge Raden Bagus Jaka Pramana.
Sri Getayu adhine Raden Jaka Panuhun
sing pinter ing babagan agama, marentah ing Pamegatan. Kasalehanne ing babagan
agama agawe asring ninggalake negara kanggo tapa brata. Sri Getayu duwe putra
sing jenenge Raden Kayumutu. Raden Bagus Jaka Pramana sawise dhiwasa ngganteni
bapakne marentah ing Pagelen kanthi gelar Sri Panuhun II. Sri Panuhun II duwe
putri sing jenenge Dyah Ayu Roro Wetan. Raden Kayumutu sawise dhiwasa uga
ngganteni bapakne marentah ing Pamegatan. Raden Kayumutu duwe putra sing
jenenge Raden Jaka Awu-Awu Langit.
Dyah Ayu Roro Wetan salah sijine
putri sing ayu kaya dene Dewi Kamaratih. Kabar kondhange putri sing ayu kuwi
nganti tekan plosok-plosok negri, ora kejaba kabupaten Wingka kang diparentah
dening Raden Tumenggung Wingka, salah sijine wong kang duwe watak atos, ati
getas, kasar, lan brangas. Raden Tumenggung Wingka duwe ati marang Dyah Ayu
Roro Wetan lan pengin nglamar dheweke supaya dadi bojone. Raden Tumenggung
Wingka akon ki Wedana Braja supaya nglamarake anake Sri Panuhun II yaiku Dyah
Ayu Roro Wetan. Sri Panuhun II nesu krungu pangakune ki Wedana Braja kang dadi
kongkonane Raden Tumenggung Wingka amarga ora gelem ngadhep panduwure lan
nglangkahi andhap asor.
Raden Tumenggung Wingka ora trima
marang panolake Sri Panuhun II. Dheweke duwe rencana arep nggempur krajan
Pagelen. Rencanane enggal-enggal digawe. Sri Panuhun II ngrasa jengkel lan
anyel marang polahe Raden Tumenggung Wingka. Kango ngilangake rasa jengkele,
Sri Panuhun II lunga neng alas karo pangawale kanggo mbeburu satwa liar.
Raden Tumenggung Wingka
enggal-enggal nglakoni rencanane. Dheweke lan rombongane enggal-enggal nyerbu
krajaan Pagelen. Ndilalah krajan sepi amarga para pengawal lagi ngeterake Sri
Panuhun II mbeburu ana ing alas, Raden Tumenggung Wingka enggal bisa mlebu ana
ing jero krajaan. Raden Tumenggung Wingka kasil nrobos mlebu lan nggoleki Dyah
Ayu Roro Wetan. Permaisuri Sri Panuhun II kaget krungu reribut lan
enggal-enggal nggoleki Dyah Ayu Roro Wetan sing lagi turu. Pawarta saka ibune
durung rampung, lawang keputren wis
didhobrak. Pamungsuhan karo Raden Tumenggung Wingka kadaean ana kono kanggo
mbela awake dhewe. Kakuwatane Dyah Ayu Roro Wetan ora sabandhing karo Raden
Tumengung Wingka, Dyah Ayu Roro Wetan semaput saengga niyate Raden Tumenggung
Wingka katurutan kanggo nyulik Dyah Ayu Roro Wetan.
Sri Panuhun II kang lagi mbeburu
ngrasakake pirasat kang ora apik, mula enggal-enggal dheweke lan rombongane
mulih ana ing krajan. Kasep kanggone Sri Panuhun II, krajaan Pagelen wis morat-marit. Sri
Panuhun II enggal-enggal nggoleki permaisuri lan anake, nanging sing ditemokake
mung permaisuri kang semaput. Sawise sadhar, permaisuri enggal-enggal
nyritakake kadadean kang lagi wae dumadi. Sri Panuhun II nyerbu demi kaurmatane Pagelen arepa tangane wis kakuras amarga lagi
wae mbeburu ana ing alas.
Raden Tumenggung Wingka ngerti yen
mungsuh mesthi bakal teka kanggo mbales kalakuwane, mula dheweke siyap jaga
sakabehe kanthi masang telik sandi ing kabeh panggonan krajaan. Sri Panuhun II
tekan ana ing kabupaten Wingka lan enggal-enggal entuk serangan amarga dheweke wis siyap. Paperangan
antarane Raden Tumenggung Wingka lan Sri Panuhun II kadadean ana kono, nanging
kasektene Raden Tumengung Wingka pranyata ora bisa disepelekake. Raden
Tumenggung Wingka menang. Sri Panuhun II kena ing gegamane Raden Tumenggung
Wingka, awake gumletak tanpa daya. Raden Tumenggung Wingka ngira yen mungsuhe wis mati banjur mbuwang
Sri Panuhun II lan prajurite ana ing kali Lerang. Pagelen enggal-enggal
dikuwasani dening Raden Tumenggung Wingka.
Raden Kayumutu lan Raden Jaka
Awu-Awu Langit ngliwati kali Lerang kanggo lunga nyekar ing leluhur. Katon saka
kadohan ana wong keli. Rombongan Raden Kayumutu enggal-enggal nylametake
wong-wong kasebut kang salah sijine yaiku Sri Panuhun II. Sri Panuhun II digawa
ana ing Pamegatan. Sawise sadhar, dheweke nyritakake kadadean paperangane karo
Raden Tumenggung Wingka. Rumangsa dadi sedulure, Raden Kayumutu arep ngewangi
Sri Panuhun II. Raden Kayumutu ngundang putrane Raden Jaka Awu-Awu Langit lan
arep mbales kalakuwane Raden Tumenggung Wingka kanthi cara adu pitik jago.
Raden Jaka Awu-Awu Langit nggawa “Awu
Bendo”, sing sing cakar lan kukune landhep banget lan bisa mbekas ana ing
watu.
Raden Tumenggung Wingka ngrasa
sedhih lan nggresula amarga Dyah Ayu Roro Wetan ora gelem dadi bojone. Raden
Jaka Awu-Awu Langit teka ana ing krajan Wingka kanggo perlu adu pitik jago lan
disambet kanthi apik dening Raden Tumenggung Wingka amarga dheweke seneng
dolanan kaya kuwi sisan kanggo nglipur kasedhihane amarga saka panolake Dyah
Ayu Roro Wetan. Raden Tumengung Wingka mungsuh Awu Bendo duweke Raden Jaka
Awu-Awu Langit nganggo Galih Ireng. Kalodhangan kuwi digunakake kanthi tenanan.
Nalika kabeh lena, tanpa mikir dawa maneh Raden Jaka Awu-Awu Langit nyundukake
keris pusakane ana ing awake Raden Tumenggung Wingka lan sanalika kuwi Raden
Tumenggung Wingka tiwas. Pangawale nyerah tanpa nglawan maneh weruh majikane wis mati.
Raden Jaka Awu-Awu Langit kasil
nggawa Dyah Ayu Roro Wetan kanthi slamet. Sri Panuhun II nyambut kamenangane
Raden Jaka Awu-Awu Langit kanthi seneng. Pagen wis ana ing tangane lan Dyah Ayu Roro Wetan
dinikahke karo Raden Jaka Awu-Awu Langit, Raden Jaka Awu-Awu Langit dadi
gantine Sri Panuhun II kanthi gelar Adipati Cokropermono.
Dyah Ayu Roro Wetan lan adipati
Cokropermono duwe anak telu jenenge Roro Pitrang, Roro traker, lan sing ragil
Bagus Gentho. Adipati Cokropermono seneng nenandur kaya nandur pari lan dhele
sarta ngingu sapi, wedhus, lan iwak sepat, dene Dyah Ayu Roro Wetan seneng
nenun nggawe bathik. Dyah Ayu Roro Wetan duwe payudara sing dawa banget saengga
yen anake arep netek gari nyampirake ana ing buri. Ing sawijining wektu, Dyah
Ayu Roro Wetan lagi sibuk ujug-ujug dheweke ngrasakake ana sing netek saka
buri. Ngira yen iku anake Dyah Ayu Roro Wetan meneng wae. Ora let suwe Adipati
Cokropermono ana ing kono lan enggal-enggal ngelikake Dyah Ayu Roro Wetan
supaya ngendhegage gaweyane lan nengok ana buri. Dyah Ayu Roro Wetan nuthuk
pedhet nganggo palang kanthi nesu.
Adipati Cokropermono nakokake ana
ing ngedi anak-anake. Nanging sing ana ing kono mung Bagus Gentho. Dyah Ayu
Roro wetan kandha yen wiwit mau Roro Pitrang lan Roro Traker melu Adipati
Cokropermono lunga., mung Bagus Gentho sing ana ing kono. Kalorone banjur
nggoleki anake sing ilang, nganti ana abdi sing teka lan ngabari yen abdi mau
weruh anake lagi dolanan lan mlebu ana ing lumbung.
Dyah Ayu Roro Wetan lan Adipati Cokropermono
enggal-engal akon para abdi kanggo ngosongake kabeh lumbung sing kebak pari.
Ngrasa yen ora sabar weruh tumandange para abdi kang rada alon, Dyah Ayu Roro
Wetan njupuk galah lan ngudhek isi lumbung kasebut kanthi ceceran, kuntal
menyang endi-endi. Sawise entek, katon anak lorone mau teturon lemes ana ing
pojok. Kalorone wis
ora ana nyawane.
Dyah Ayu Roro Wetan krasa jengkel
lan anyel marang Adipati Cokropermono. Adipati Cokropermono dhwe ora trima yen
disalahake, mbalekake kaluputane marang Dyah Ayu Roro Wetan, mula kalorone
banjur padu. Adipati Cokropermono ngrasakake yen padu kaya kuwi ora ana enteke,
mula dheweke pengin pisah lan arep mulih ana ing Pamegatan Awu-Awu Langit. Dyah
Ayu Roro Wetan nyarujuki panjaluke bojone. Pungkasane kalorone pisah. Dyah Ayu
Roro Wetan netep ana ing Pagelen, nerusake pamarentahan dadi putri panguwasa
kanthi sebutan Nyai Adipati utawa Nyai Ageng Bagelen.
Nyai Ageng Bagelen ngetokake supata
kanggo anak putuneb, yaiku ora entuk lelungan nggolek rejeki ing dina Anggara
Kresna (Selasa wage), ora entuk nandur pari pulut ketan ireng, ngingu sapi
ireng, kabeh wanita Bagelen uga ora entuk ngango klambi Sendhang Gadhung
Mlathi, tapih lurik warna ijo, lan kemben bango tulak.
Nyai Ageng Bagelen marentah Pagelen
nganti tuwa lan pungkasane seda. Sasedane Nyai Ageng Bagelen, Bagus gentho
ngganteni ibune marentah Pagelen.
Reni Irwanti ‘05
Pangeran
Jaka Slewah
Jaman biyen ing kraton Kedhiri ana
pangeran kang aran pangeran Jaka Slewah. Diarani Jaka Slewah amarga pawujudane
pancen “slewah” utawa ora kaya
manungsa lumrah liyane. Cacat kang disandhang dening pangeran iku wis digawa wiwit dheweke
lahir. Cacate sang pangeran yaiku separo awake saka rai tekan sikil separo sing
tengen coklat lan separo sing kiwa bule. Nalika pangeran wus ngancik dewasa,
dheweke ditundhung saka kraton dening sang prabu. Alasane yaiku amarga cacate
sang pangeran kang panggah ora mari-mari, saengga sang prabu isin karo kahanane
putrane iku.
Pangeran Jaka Slewah lunga saka
kraton Kedhiri. Sawijining dina nalika dheweke lagi turu ing ngisor wit, ana
pawongan tuwa kang nekani dheweke ing jero impene. Wong tuwa iku aweh wangsit
manawa cacate sang pangeran bisa mari kaya manungsa lumrah yen dheweke nglakoni
tapa “ngrame” mlaku mangulon, lan mlakune mau kudu dikancani
wanita kang bakale ketemu ing dalan. Wanita iku jenenge Nyi Rantamsari.
Saka wangsit kang ditampa ing impene
mau, pangeran banjur mlaku arah mangulon. Nalika lagi nglakoni tapa mlaku
mangulon, ing dalan ketemu karo sawijining wanita kang aran Nyi Rantamsari.
Pisanan ketemu karo pangeran, Nyi Rantamsari langsung duwe rasa seneng. Amarga
iku, nalika sang pangeran nerusake lakune, Nyi Rantamsari terus wae ngetutake
pangeran. Pangeran Jaka Slewah uga ora nulak utawa menging Nyi Rantamsari
supaya ora ngetutake dheweke, amarga iku minangka salah siji saka syarat kang
kudu dilakoni supaya dheweke bisa pulih dadi manungsa saklumrahe.
Tekan ing sawijining papan gumuk
sakidule pegunungan Menoreh sang pangeran ngaso karo tapa ana ing sangisore wit
gedhe. Saksuwene sang pangeran tapa, Nyi Rantamsari nunggu karo tetembangan.
Nyi rantamsari banjur ngundang warga sekitar utawa wong-wong sing liwat papan
kono lan diajak tetembangan bareng amrih sari (amrih sari: supaya rame),
kanggo panglipur. Sawise pirang-pirang dina dienteni ora muncul-muncul, Nyi
Rantansari niliki panggonane tapa pangeran. Bareng ditiliki jebul sang pangeran
wis lunga
saka papan tapane mau.
Pangeran Jaka Slewah sengaja
ninggalake Nyi Rantamsari amarga apa sing dituju wus kasembadan. Awake wis pulih dadi
saklumrahe manungsa liyane. Mlaku mangulon dikancani wanita sing jenenge Nyi
Rantamsari, lan tapa ngrame (ngrame marga Nyi Rantamsari tetembangan bareng
warga kang ndadekake kahanan dadi rame) wis
dilakoni saengga dheweke bisa pulih kaya kang dikarepake.
Amarga ditinggal dening pangeran,
Nyi Rantamsari banget kuciwane. Dheweke banjur ipat-ipat manawa papan ereng
wetan dijenengi “Kesingireng”, sing kulon dijenengi “Slewah”. Dene wong
sisih kulon ora kena bebesanan kari wong sisih wetan, wong kesingi ora kena
bebesanan karo wong slewah. Yen dilanggar anak turune mesti cacat kaya Jaka
Slewah. Lan iku isih dipercaya nganti saiki. Dene papan sing mau digunakake
kanggo tetembangan dening Nyi Rantamsari banjur dijenengi “Ngati Sari”.
Rita Afrilia ‘05
Pasaran Pahing dadi
Pantangan
Ing Desa Mejing
Pasaran Pahing, kanggone masarakat desa Mejing, kecamatan Candimulyo,
kabupaten Magelang, kalebu pasaran kang dadi sirikan. Sing dikarepake sirikan
ing kene yaiku ora kena nindakake pagaweyan kang bisa njalari cilaka, utawa
njalari kedadeyan kang ora dikarepake. Kayata: ora kena ijab, ora kena kanggo
mijeti wong, ora kena supitan, ora kena kanggo negor wit lan sapanunggalane.
Pokokke pagaweyan kang mbebayani utawa duwe resiko gedhe, masarakat ora wani
nindakake ing pasaran Pahing.
Miturut ceritane wong-wong tuwa, biyen pasaran Pahing kuwi minangka
pasaran kang biasa digunakake kanggo
mateni wong. Prastawa iki kawiwitan ing jaman Walanda. Kreteg kang ana ing
dhusun Kalibening-Mejing, minangka papan kang digunakake kanggo nyembelih
wong-wong tahanan utawa wong kang luput marang pamarentahaning Walanda. Lan
nalika G 30 S PKI, paten pinaten ing kreteg iku kadang isih ditindakake. Dadi
kreteg iku saiki dadi angker.
Pasaran Pahing dianggep pasaran kang sangar kanggone masarakat
Mejing. Ananging warga kang cetha ora kena nglanggar pasaran iku, warga kang
asli klairan desa Mejing. Yen warga pendatang ora dadi ngapa. Senajan
ora dadi ngapa, warga pendatang uga ora wani nglanggar pantangan mau.
Ana kedadeyan nyata kang dialami dening warga asli Mejing. Jenenge
Ikhsan. Dheweke nalika ijab, nganggo pasaran kuwi, nadyan wis dipenging supaya ora ijab ing pasaran
iku, meksa dheweke nglanggar. Ora sawetara suwe saka ijabe, udakara telung dina
sawise ijab, bojone tiwas ketabrak motor.
Ana maneh Mbah Surti, nalika ing pasaran Pahing dheweke dikongkon mijeti
tanggane kang ora percaya anane pantangan iku. Senajan Mbah Surti ora gelem
mijeti, nanging dheweke dipeksa kudu gelem mijeti kanthi upah kang gedhe.
Banjur kepeksa dheweke mijeti tanggane mau. Sabubare mijeti, awakke Mbah Surti
malah dadi lara kabeh, pating krekes, banjur masuk angin nganti seminggu
suwene.
Kedadeyan kaya kang wis
disebut ing dhuwur mau, dadi peringatan keras tumrape masarakat Mejing.
Isih ana maneh prastawa-prastawa kang nganeh-anehi ing pasaran Pahing, nalika
masarakat kang ora percaya banjur nerak pantangan iku. Nganti saiki nadyan
jaman wis
malih rupa sakabehane, nanging pantangan mau tetep dadi urusan kang nggegirisi
tumrape masarakat Mejing.
Suwasti Ratri ‘05
ELINGA
NGGER !
“
LENGGER”
Ki
Martoloyo kuwi wong kang agamane kuwat lan seneng karo seni. Ki Martoloyo uga
seneng ngulandara kanggo dhakwah utawa nyebarake agama islam. Nganti ing
sawijining dina Ki Martoloyo tekan ing desa sing ana ing tlatah Wonosobo. Ki
Martoloyo uga nyebarake islam ing kana. Kanggo mincut kawigetene warga supaya
gelem pada ngumpul, Ki Martoloyo mbarang dadi lengger. Kamangka lenggerkuwi dandanane
kaya wong wedok sing biyasane njoged kayata gambyong utawa tayub kang
anggon-anggonane jarik, kemben, sampur, lan nganggo gelung gedhe. Nanging kabeh
kuwi mau dilakoni Ki Martoloyo kanthi manah kang ikhlas. Sabanjure Ki Martoloyo
njoged kaya lumprahe wong mbarang.
Akeh
sing nonton Ki Martoloyo kang lagi mbarang. Kabeh kang nonton pada
seneng-seneng, malah akeh kang padha melu njoged bareng karo Ki Martoloyo.
Sawise dirasa cukup anggone senenseneng lan wis akeh wong kang ngumpul, Ki Martoloyo
banjur ngrampungi anggone njoged. Kabeh sandhangan kang dienggo kanggo mbarang
diuculi. Ki Martoloyo banjur linggih ing tengah-tengahe wong-wong mau. Ki
Martoloyo banjur mejangi para warga babagan agama islam.
Ki
Martoloyo nganggo acara mbarang lan macak dadi wong wedok kuwi mau kabeh ana
alasane. Ki Martoloyo ngerti, yen warga nganti ngerti yen dikumpulake amarga
arep diceramahi utawa dikon ngrungokake dakwah, mesthi ora padha gelem lan ora
bakalan ana sing teka, mula Ki Martoloyo nganggo cara mbarang supaya warga
padha kepincut banjur padha ngumpul. Wis
mesthi warga luwih seneng ndelok acara-acara kang sipate panglipur utawa
kasenengan dunya, tinimbang ngaji ngangsu kawruh babagan agama utawa
ngrungokake dhakwah.
Ki
Martoloyo banget anggone prihatin nalika ngerti yen warga padha mentingaken
kasenengan urip tinimbang akhirate. Mula sethithik mbaka sethithik Ki Martoloyo
wiwit ngenalake islam marang para warga. Lengger dinggo terus kanggo mincut
kawigatene para warga supaya gelem padha ngumpul.
Lengger
kuwi sejatine sarana, saranane Ki Martoloyo kanggo mikut kawigatene warga
supaya gelem ngrungokake dhakwah. Jeneng Lengger kuwi ana tegese. Amarga
sejatine lengger uga wewelinge Ki Martoloyo marang para wargane. Ki Martoloyo
ngerti yen wargane padha seneng suks-suka mula sadurunge dhakwah warga dijak
suka-suka. Sawise marem anggone padha suka-suka Ki Martoloyo banjur ngendika “Elinge ngger yen urip iki ora
mung kanggo seneng-seneng, nanging urip uga kudu kita gunakake kanggo ngibadah,
amarga urip iki ora kanggo selawase. Tembe mburine kita bakalan dipundhut
marang Gusti Kang Maha Kuwasa, mula padha ngibadaha kowe padha”. Jeneng Lengger
kuwi dijupuk saka welinge Ki Martoloyo yaiku, Elinga ngger. Dadi Lengger
banjur digunakake kanggo njenengi joged kang dinggo kanggo ngumpulake para
warga kuwi mau.
Sawise
Ki Martoloyo dipundhut marang Gusti Kang Maha Agung banjur disarekake ing Desa
Giyanti, Kelurahan Kadipaten, Kecamatan Selomero, Kabupataen Wonosobo. Tedhak
turune uga padha omah-omah ing kana lan nduweni kuwajiban kanggo nguri-uri
kabudayan kang ana utawa kang dadi tinggalane Ki Martoloyo, kelebu lengger.
Amarga Ki Martoloyo kuwi wongkang tresna banget karo seni lan tradisi, dadi
selawase Ki Martoloyo dhakwah, ora amung agama kang disebarake, Ki Martoloyo
uga nguri-uri seni lan kabudayan.
Miturut
katrangan saka tedhak tunune Ki Martoloyo, kabeh turunane Ki Martoloyo yen wis dipundhut dening
Gusti Kang Maha Kuwasa, kudu disarekake ing pasareyan keluwarga Martoloyo.
Nanging turunane kang wadon disarekake ing pasareyan desa utawa pasareyan umum.
Dadi kang disarekake ing pasareyan keluwarga kuwi kudu turunane langsung saka
Ki Martoloyo. Dadi saumpama putri, putramantu, lan wong kang ora kecipratan
getih saka Ki Martoloyo ora oleh disarekake ing pasareyan kuwi.
Lengger
isih bisa kita temoni tekan saiki ing tlatah Wonosobo. Sanajan jaman sansaya
maju nanging, lengger tetep “eksis” utawa ora ketilep dening kemajuwan
jaman.
Titis
Rachmawati ‘05
Sangkrib Jakane Kebumen
Petheng. Panyawang kang katon ana ing njerone kedhaton. Ora ana sawangan
liya kang katon. Among trenyuh amarga kang putra sinuwun, ya putrane nagara ora
urip kang lumrah. Amarga lahire jabang bayi nagara kuwi kanthi nggawa penyakit
kang ngisin-isini. Gudig, penyakit kulit kang katon banget ana ing mripat sapa
kang meruhi.
Sapa kang ora isin, menawa putrane raja gudigen. Pramila saka kuwi bocah
mau diusir kanthi alus, dititipake marang kadhange kang adoh saka kutho. Jabang
bayi kang durung ngerti sapa wong tuwane kuwi di titipake karo adhine kang
pancen luwih seneng urip ing dhusun.
Ana kana, bocahe mau dirawat kanthi gemati. Sanadyan dudu anake, nanging
merga during duweni anak pramila bocah mau wis dadi kaya anake dhewe. Dene bocah mau
diparingi asma Joko Sangkrib. Dene saka kanca-kancane kang meruhi penyakite
mila enthuk paraban Joko Gudig.
Pancen seje. Joko gudig mau kuwi, sanadyan penyakite kang njijihi
ananging merga tlaten lan ulet ndadekake kapinterane. Ngilmu kanuragan kang
diwarahi saka pamane kabeh cepet anggone narima. Kabeh ngelmune pamane bias
dikuwasani. Kang mujudake dene elek rupane pancen kabeh mesti ana linuwihe.
Saya dina, saya tambah umure. Lan sansaya dewasa Si Joko Gudig. Samsaya
mikir lan gede anggone nduweni isin. Amarga saka kanca-kancane pada jijik merga
kulite kang pancen nggilani. Kulite kang samsaya dina ora tambah mari ananging
sansaya rusak. Amerga penyakit kang wis
kagawa saka lair kuwi.
Ana ing sawijining dina Joko nduweni pamikir kepengen golek tamba kanggo
penyakite mau. Joko lunga saka umahe sakwise nyuwun pangestu marang wong tuwa
angkate. Joko lunga menyang pinggere pesisir segara kidul. Dheweke nglakoni
tapa ana ing kono. Ana ing sakjroning tapane dheweke ketemu karo pawongan tuwa
kang ngandhakake menawa tamba kanggo penyakite mau kanthi tapa pitung dina ing
sakjroning wetheng mahesa utawa kebo. Dene kebo kang kamaksudake dudu kebo kang
kaya lumrahe. Ananging kebo bule (albino) kang ndhuweni kulit putih kaya wong
bule. Sakwise kuwi terus adus ana ing sendang Beji. Kang ora bakal adoh saka
tapane mau.
Tenan sakwise keprungu swara mau banjur lumaku menyang papan kang wis dikandhakake. Mlebu
Jaka menyang wethenge kebo mau. Sakwise kuwi banjur nyemplung menyang Sumur
beji mau. Lan pancen kang jenenge penyakit kuwi mesti ana tambane. Ora let suwi
penyakit mau bisa ilang kanthi laku kang di lakoni kanthi krenteg ati kang
gede. Sakwise mentas Jaka terus menehi jeneng papan panggonan mau kang pancen wis dadi tambane.
Sendang kuwi dijenengi Sendang Beji utawa sendang arum, amarga ana ing ngisore
wit gede kembang kanthil. Nganti saiki desa kang ana sendang mau jenenge desa
Kebejen kang saka asale saka Beji. Dene sendang ma uterus wae dianggep minangka
sumur kang sacral. Kang bias dadi lantaran kanggo tamba sakwernane penyakit
kulit. Ora sithik wong kang teka lan ziarah ana ing desa kuwi. Malah ana kang
ngususake teka kanggo ngobati penyakit gatel-gatele utawa gudige.
Sakwise mari, Joko kang wis
dadi pemuda kang gagah tanpa ndhuweni penyakit terus mlaku maneh mider jagad
srawung marang liyan. Joko kang mentas semedi nerusake lakune kang pncen during
tinemu kekarepane. Dheweke ndhurung rampung anggone semedi. Lakune menyang
kulon, sakdawane pesisir kidul. Sanadyan ombak kang gede teka dheweke tetep wae
mlaku. Lakune ora kandheg sanadyan panas nalika awan, adem nalika udan utawa,
petheng nalika wengi teka.
Sakwise pirang-pirang dina olehe mlaku, teka ana ing sakwijining desa
kang ana pesisir kidul kulon kutho. Desa kang wujude karang. Ana ing desa kuwi
ana salah sijining Ratu demit kang sekti mandra guna. Pegaweyane seneng gawe
rusuhe para warga desa. Saben surup, ana ing desa kono ora ana kang wani metu
merga menawa ana kang wani metu bakal kaganggu marang Sang Wora Wari retune
demit kono. Wora-wari sejatine salah sijine punggawane Nyi Roro Kidul kang wani
mbalelo tumrape Ratune. Dheweke senenge gawe sesate para manungsa. Amerga Ratu
Kidul ora gelem jenenge dadi elek mula Wora Wari diusir saka njerone istana
kidul. Ananging Sang Wora Wari nyuwun, menawa dheweke arep ngadegake nagara ana
ing cedhake pesisir kidul.
Joko Sangkrib kang wetruh kahanan kang kaya manngkono banjur takon
marang warga, sejatine ana lakon apa ing desa kono. Amerga desa akang amba lan
rame menawa awan bisa sepi kaya kuburan menawa wanci wengi. Pitakone banjur
kajawab. Menawa ing wayah wengi Wara Wari Metu lan golek tumbal menawa ana kang
metu ing wayah bengi. Krungu cerita kang kaya mangkono Joko sangkrib banjur
kepengin aweh pitulung lan uga kepengin mangerteni sejatine sapa Wara Wari
kuwi. Dheweke banjur nyuwun pangestu saka lurah kono kang mimpin desa, menawa
mengko bengi dheweke kepengin mangerteni sapa sang Wara Wari.
Wayah wis
ngancik surup. Sangkrib banjur metu umah mlaku muteri desa. Lakune kebak tekad
pengen ketemu karo sing gawe ribeting desa. Sapa sejatine wong kuwi. Tanpa ana
rasa wedi ana ing njero atine, lakune gagah kaya macan luwe. Ananging
sakjroning laku uga tansah ngati-ati. Amerga dheweke durung mangerti sapa kang
bakal tinemu. Lan lelakon apa kang bakal diadepi.
Sakdalan-dalan jebul Jaka dimatake dene Nawang Sih. Salah sijine peri
kang urip ana ing kono. Dheweke minangka widadari kang ayu rupane, uga dadi
kembange bangsa peri ana ing tlatah kono. Panyawange kebak katresnan amerga
kapincut dene Jaka kang pancen wis
dadi pemuda kang bagus. Kajaba mangkono, salah bawane kang andhap ashor
mratelakake minangka priyayi kang tumindak bener uga bangsawan. Saka kuwi
Nawang Sih kasengsem dene Jaka Sangkrib.
Sejatine Nawang Sih uga lagi nandhang kasusahan. Amerga dheweke
ditresnani karo salah sijine raksesa kang dadi panguwasane para demit ora liya
Raja Wora-wari, ya kang bakal kalawan dene Sangkrib. Amerga Sang Raja kapincut
dene rupane Nawang sih kang ayu tanpa cacat. Kajaba mangkono sang Wora-wari uga
bisa ngalahake Raja asale ora liya bapake Nawang sih.
Tratap. Atine Sangkrib kang krasa menawa lagi diawasi. Mandeg lakune,
nyawang sak kiwa tenenge. Matane tajem nggoleki sapa kang lagi ngematake. Alon
keprungu swara nyundang jenenge. Swarane Nawang sih kang kanthi rasa ati-ati
manekake ngundhang jeneng wong kang lagi dimatake.
Karo keprungune swara kuwi katon Kenya kang ayu ana ing panyawange
Sangkrib. Rambute kang ngandan-andan kanthi busana sarwa endah. Kaget. Rasane
Sangkrib meruhi panyawang kang kaya mangkono. Jebul Kenya ayu kang kawit mau ngematake
lakune. Swarane kang alus metu saka lambene Kenya ayu kuwi. Dheweke terus
ngenalake sapa sejatine lan kaperluane menawa bakal njaluk pitulungan amerga
dheweke lagi kena ganggu dene Wora-wari.
Sangkrib kang krungu swara kuwi uga mangsuli lan ngenalake. Lan dheweke
uga saguh aweh pitulung amarga uga Wora-wari wis gawe ribet karo liyane. Kajaba saka kuwi
uga ngutarakake menawa dheweke kasengsem karo Nawang Sih. Amerga saka rupane
kang ayu kang ndadekake sapa kang nyawang bakal tuwuh rasa tresna marang
kenyaiki. Saka rasa tresna kang tuwuh Sangkrib uga njaluk menawa bisa musnahake
Wora-wari, kapengen ndadekake dheweke dadi sisihane.
Panjaluke uga dituruti dene Nawang Sih. Amerga saka mulane Nawang Sih
uga wis
kasengsem dene Sangkrib. Lan kanggo nglawan Wora-wari Sangkrib diwenehi ngerti
menawa wadine Sang Ratu yaiku cemeti kang dununge ana ing sakjrone gunung
karang. Lan kanggo njupuk cemeti kuwi kudu kanthi tapa telung dina. Sakwise Kenya kuwi
terus lunga tanpa pamit marang Sangkrib.
Jaka Sangkrib kang krungu lan wis
mangerti wadine kang bakal kaadepi tumuju menyang gunung kang kamaksud kuwi.
Nalika tekan ana perenge gunung kang jebul cedhak ana pesisir kuwi Sangkrib
tapa pendem. Tapane dipendem awake among katon gulu lan sirahe. Kaya adate wong
tapa Sangkrib among meneng lan memuji dhateng Gusti Kang Murbeng jagad supaya
bisa pikantuk pitulungan.
Telung dina wis
kaliwatan. Sangkrib kang lagi tapa ana ing pereng gunung karang kang bolong
katekanan Sang Ratu kidul. Kanjenga Ratu mangerti apa kang dadi karep saka
Sangkrib. Durung Sangkrib aweh panjaluk ananging Sang ratu wis aweh pusaka kang pancen digoleki. Pusaka
kang awujud cemeti iku terus digawa marani raja Wora-Wari.
Sakwise tekan ana ing ngarepe pendapa kedhaton, sangkrib uluk salam
menawa arep sowan marang sang nata. Kapapag para penjaga Sangkrib kagawa ngadep
dene Sang Nata. Penjaga aweh atur marang Sang nata menawa ana pemuda kang arep
ngandegake laune.
Sang Nata nrima lan takon apa
kang dadi perkara dadi sowane. Sangkrib wangsulan menawa dheweke kapengin
ngandegake lakone Sang Nata kang seneng gawe kisruh. Sangkrib arep nyoba
kasektene, lan menawa bisa menang dheweke mung njaluk dikandhegake lakune Sang
Nata. Merga kang katindakake mung ngrusak katentremane liyan.
Sang nata mireng, duka. Keprungu tantangane, mudhun terus nyanggupi
panyuwunane. Amarga pancen Sang Nata sakti mandra guna. Wong loro metu menyang
glanggang. Dadi perang kang rame. Pada-pada sektine. Pada ngetokake kasektene.
Dadi gonjang-ganjinge tlatah kono. Saben ngetokake ngelmune, ana swara gludug
kang metu.
Sakwise pada ngetokake ngelmune lan pada katon kesele, Sangkrib kang wis nggawa pusaka kang
dadi wadine migunakake pusaka kuwi. Sang Wora-Wari kang weruh pusaka kuwi kaget
campur wedi. Sangkrib ora tanpa pikir maneh migunakake cemeti kuwi. Cemetine dienggo
ngantem Sang Nata lan kelaran dheweke. Sang nata kalah ing glanggang. Lan
ngakoni kekalahene, mila dheweke terus ngabdi marang Sangkrib lan ora bakal
nerusake lelakone kang gawe rekasane liyan.
Sangkrib kang kasil ngalahake Wora-Wari bali menyang desa. Ana ing dalan
Sangkrib katemu Nawang Sih lan nagih janji arep karma karo Nawang Sih. Leloron
karma nganti tekane pati. Sangkrib kang dai garwane nduwe anak pitu. Dene Jaka
Sangkrib kang bisa kasil ngalahake panguasa munggah dadi ratu ana ing tlatah
kono.
b_@gong ‘05