KAMANDAKA
( LUTUNG KASARUNG )
Ing
Jawa Barat, abad 14 taun 1482 – 1579 Prabu Siliwangi dadi panguwasa Keraton
Pajajaran Sri Baduga Raja, gelare. Keraton Pajajaran kagolong keraton Hindhu
sing kuwat banget, saengga Patih Gajah sing saka Keraton Majapait angel nguwasani
keraton Pajajaran. Keroton Majapait bisa ngembangake tlatahe nganthi tekan
Malaka. Saengga tlatah keraton Majapait lan keraton Pajajaran wawatesan karo
Kebumen yakuwi kali Luk Ulo sing dadi watese. Kuwi kabeh dadikake guwa
Jatijajar mlebu tlatah keraton Pajajaran.
Prabu
Siliwangi duwe anak lanang telu lan anak wadon siji, saka praweswari loro
yakuwi Banyak Cotro, Banyak Ngampar, Banyak Blabar lan Dewi Pamungkas. Amarga wis tuwa, Prabu
Siliwangi duwe maksud ngangkat Banyak Cotro dadi raja Ing Pajajaran. Nanging
yen Banyak Cotro ngrasa yen dheweke
durung akeh duwe kapinteran lan durung duwe bojo, saengga dheweke njaluk
wektu kanggo nggoleki bocah wadon sing bakal dadi calon bojone. Banyak Cotro
gelem omah – omah yen karo bocah wadon sing ayune padha karo ibune, banjur
dheweke lunga saka Keraton Pajajaran awit nggoleki bocah wadon sing bakal dadi
bojone. Banyak Cotro entuk welingan saka Resi Ki Ajar Wirangrong ing gunung
Tangkuban Perahu yaiku supaya lunga menyang kadipaten Pasirluhur sisih wetan.
Banyak
Cotro kudu nyamar lan ngaganti jenenge dadi R. Kamandaka sarta kudu nganggo
klambine wong cilik. Banyak Cotro tekan ing Pasirluhur, dumadakan papasan karo
Ki Reksonoto. Amarga wis
tuwa lan ora duwe anak dheweke tresna
banget marang R. Kamandaka awit kapinterane lan rupane sing bagus banget.
Nalika
Pasirluhur diparentah karo Adipati Kandadoho sing duwe anak wadon, kabehe wis
padha omah–omah. Nanging sing ragil durung omah–omah Dewi Ciptoroso, jenenge.
Dumadakan R. Kamandaka karo Dewi Ciptoroso lan tresna banget marang dheweke. R.
Kamandaka lan Dewi Ciptoroso ngumpetake sesambungan kuwi marang sapa bae.
Nalika
R. Kamandaka arep nemuni Dewi Ciptoroso malah ora sida awit Jagasura kaputren
ngerti yen ana wong mlebu kaputren, saengga kaputren dikepung lan R. Kamandaka
kacekel. R. Kamandaka ora wedi lan bisa lolos saka Jagasura Pasirluhur awit
kasaktiane lan katangkasane. Sadurunge ninggalake kaputren, R. Kamandaka
ngenalake awake dhewe yen dheweke kuwi anake Ki Reksonoto. Kadadeyan kuwi gawe
abang kupinge Sang Adapati, banjur Patih Reksonoto digoleki supaya bisa nangkep
R. Kamandaka lan njelasake nganthi cetha prekara sing digawe putrane. Jagasura
gage nggoleki Ki Reksonoto lan dicekel. Kajaba katresnane Ki Reksonoto marang
putra angkate, R. Kamandaka diculake. Kanggo ngindari sujane Adipati, Ki
Reksonoto ngapusi yen R. Kamandaka wis mati. Kosok baline Dewi Ciptoroso kuciwa
lan sedhih banget krungu kabar sing mangkono kuwi.
Neng
lakune R. Kamandaka ketemu karo wong sing gaweane mancing iwak Reka Jaya, jenenge.
Wong loro mau kekonconan apik lan mutusake netep ing desa Paniagih. Neng kana
R. Kamandaka urip karo Mbok Kertosura, wong sing gelem ngopeni lan ngangkat
dadi anake. Kanggo nambani larane, R. Kamandaka nglakokake adu pitik. Asile adu
pitik mau digunakake R. Kamandaka kanggo mbangun desa Paniagih lan desa
Paniagih diganti jenenge dadi desa Sugihan.
Nalika
R. Kamandaka menang adu pitik dadikake dheweke diwanuhi wong – wong. Saengga
Adipati Pasirluhur ngerti yen
kasunyatane R. Kamandaka isih urip. Banjur Adipati Pasirluhur mrentahake
supaya R. Kamandaka dicekel. Dumadakan
ana pemudha bagus Silihwarni, jenenge sing arep ngabdi marang Adipati
Pasirluhur lan Adipati ngabulake panjalukane Silihwarni mau. Silihwarni langsung
dikongkon nyekel R. Kamandaka urip – urip utawa mati.
Kasunyatane
Silihwarni kuwi Banyak Ngampar putrane Prabu Siliwangi sing ke loro. Banyak
Ngampar utawa Silihwarni lagi duwe kuwajiban nggoleki kakange yakuwi Banyak
Cotro. Kanggo ngadhepi mutawir neng dalan, dheweke diwenehi pusaka Pajajaran. Kujang Pamungkas. Silihwarni nggoleki R.
Kamandaka karo ditutake Jagasura nganthi tekan desa Karangluas, panggonan
kanggo adu pitik. Neng kana dheweke ketemu karo R. Kamandaka. Kasunyatane R.
Kamandaka nganthi ora eling lan metingake Silihwarni yen awake arep ana mutawir
sing wigati. Dheweke lena saengga keris Kujang Pamungkas kena lambunge sisih
kiwa. Nanging R. Kamandaka bisa nrobos lan lolos saengga desane kuwi dijenengi
desa Brobosan. Ing desa liyane R. Kamandaka leren sedhela, amarga getihe saya nrocos
banter saengga desa kuwi dijenengi desa Bancaran.
Ora
kenyana R. Kamandaka ngadhepi dalan sing buntu lan panggonan kuwi diwenehi
jeneng desa Buntu ( mangkana sing dadi simpangane Kroya – Maos – Purwokerto –
Kebumen ). Silihwarni tetep ngoyak R. Kamandaka nganthi R. Kamandaka nemukake
guwa lan banjur mlebu umpetan ana jerone. Neng ngarep guwa kuwi Silihwarni
nantang R. Kamandaka tanding.
Amarga
kuwi kabeh R. Kamandaka dadi ngenalake awake dhewe lan Silihwarni ngerthi yen
R. Kamandaka kakange sing lagi digoleki. Banjur Silihwarni mateni asu lan
dijupuk getihe. Getihe kuwi diwenehake Sang Adipati Pasirluhur kanggo bukti yen
R. Kamandaka wis
mati neng tangane. Sadurunge R. Kamandaka lan Silihwarni ninggalake guwa kuwi,
sempet nandur wit jati jejer – jejer pas neng ngarep guwa, saengga guwa kuwi
diwenehi jeneng guwa Jitijajar.
R.
Kamandaka bali ing Pajajaran karo ngajak Reka Jaya, kancane. Nanging sawise
tekan Pajajaran dheweke njaluk restu ngembara maneh kanggo nggoleki bocah wadon
sing ditresnani. R. Kamandaka lunga maneh neng Pasirluhur lan sadurunge mangkat
R. Kamandaka tapa neng guwa panggonane ngumpet sawektu digoleki Silihwarni
biyen. R. Kamandaka entuk kanugrahan saka Resi supaya nggoleki klambi lutung supaya
bisa ketemu karo Dewi Ciptoroso. R. Kamandaka diutus tapa neng alas Batur
Agung. Banjur R. Kamandaka dadi lutung lan urip neng alas kuwi. Karo Reka Jaya
dheweke aweh klambi keblak (lawa gedhe ). Keblak kuwi diparentah supaya bapake
mlebu ing alas lan yen mengko ketemu lutung supaya dicekel banjur diopeni. Awit
lutung kuwi sing bakal bisa nemukake Dewi Ciptoroso karo R. Kamandaka.
Krungu
sing mangkono kuwi atine Dewi Ciptoroso ngrasa seneng lan dheweke nglakokake
wejangane kuwi kabeh. Dewi Ciptoroso ngomong marang bapake yen panjaluke mau
kuwi kudu dituruti. Adipati langsung mlebu ing alas Batur Agung banjur ketemu
karo lutung sing manutan. Dumadakan Reka Jaya ngaku – ngaku yen lutung kuwi
duweke. Reka Jaya njaluk supaya bisa melu ngopeni lutung kuwi. Adipati
ngabulake panjaluke Reka Jaya mau nanging ana wewaton, yen lutung kuwi entuk di
krangkeng nanging kudu bisa bebas obah. Wewaton kuwi disepakati, banjur lutung
digawa lan diopeni marang Dewi Ciptoroso. Kasunyatane lutung kuwi yaiku R.
Kamandaka yen wengine bisa njelma dadi wong nanging yen awane bisa njelma dadi
lutung maneh.
Sasuwene
kuwi akeh putra–putra Raja sing tresna marang Dewi Ciptoroso, nanging dheweke
ora gelem. Ana salah sawijining putra raja Prabu Pulebahas, jenenge tresna
banget lan kudu entuk Dewi Ciptoroso. Dewi Ciptoroso krungu lan tetep ora
gelem, nanging lutunge nyetujuni yen Dewi Ciptoroso kudu nrima Prabu Pulebahas.
Ora segampang kuwi, Prabu Pulebahas kudu ngentuke yen lutung entuk melu terus
ana sisihe Dewi Ciptoroso. Amarga Prabu Pulebahas ngancem, yen ora ditampa arep
ngrubuhake kadipaten Pasirluhur. Krungu mangkono, Dewi Ciptoroso nyetujuni
kekarepane Prabu Pulebahas.
Wektu
sing dikarepake Prabu Pulebahas wis
teka. Banjur Dewi Ciptoroso ketemu karo Prabu Pulebahas, suasanane ora ngenaki
banget. Amarga lutunge malah ngribeti lan langsung gawe abang kupinge. Lutung
kuwi digebug lan ora kenyana lutung malah luwih pinter. Prabu Pulebahas kalah
lan langsung ambruk neng lemah. Prabu Pulebahas mati banjur lutung kasarung
njelma maneh dadi R. Kamandaka lan nggunakake klambi keraton Pajajaran. Saengga
Adipati Pasirluhur ngerti mangkono yen lutung kasarung yakuwi Putra Mahkota
keraton Pajajaran. Banjur Adipati Pasirluhur sarujuk marang sesambungane Dewi
Ciptoroso karo R. Kamandaka sarta ngangkat dadi Adipati Pasirluhur.
Cah
C ‘05
WATU GODEG
(Sida
Sari)
Watu Godeg, ngono masyarakat Desa
Tawangsari Kecamatan Tretep Kabupaten Temanggung menehi jeneng watu sing
kaanggep keramat. Ing desa Tawangsari iki akeh petilasan jaman perang
Diponegoro sakawit ngendikane para sesepuh desa iki mapan ing pereng Gunung
Prau, adoh saka kutha, didadekake papan pengumpetan prajurit kanggo nyusun
kekuwatan perang nglawan penjajah walanda. Ing papan kono uga ana curug sing
banyune ajeg ora nate asad, diduga biyen minangka sumber banyu pangiripan
laskar-laskare Kyai Suradipo. Mula kawasan iki saiki dadi obyek wisata Curug Surodipo utawa Curuk
Trocoh (terus mili) sing wis karintis pangembangane dening Dinas Pariwisata
kabupaten Temanggung.
Petilasan arupa watu altar ing kompleks
Curuk Surodipo sing kusebut watu Godek iki manut ceritane, biyen papane Kyai
Surodipo ngobati para prajurit andhahane sing nandhang lara utawa kena gegaman
sajroning paperangan. Ora mung andhahane wae sing ditambani, nanging kabeh
masyarakat sing mara mertamba uga ditambani. Sinambi ngusadani wong lara, kyai
Suradipo kang uga panglima perang kuwi uga nyiarake agama islam kanggo
nguwatake iman warganing masyarakat sing lagi dikuwasani penjajah.
Nganti tekan saiki Watu Godeg isih
dipercaya duwe daya magis, ana misteri alam gaib sing ora bisa kawiyak. Upamane
kadhang-kadhang isih keprungu swara wong tabuhan lesung (jaman biyen wong nutu
pari ing lesung), swara rame-rame kaya pating slerang prajurit perang, lan
kadhangkala ana cahya cumlorot saka langit tumuju nyang sakiwa tengene watu
Godek. Apa kuwi halusinasi , nanging kok ora mung wong siji loro sing ngerti
lan weruh dhewe.
Klebu wektu kapungkur sajroning setengah
sasi ana piring terbang sing mabur ngubengi bukti-bukit Gunung Prau ing wayah
ngarepake maghrib. Wewujudan bunder ceper kaya piring nanging mawa cahya iku
yen wis mabur
mubeng banjur mingslep ing kawasan petilasane Surodipo. Uwal saka bab-bab kang
asipat metafisika mau, curug surodipo utawa curug trocoh pancen nyimpen
kaendahan alam kang pinujul.
Cah
C ‘05
JUMPRIT
(Zaitun)
Jumprit
yaiku panggonan kang dianggep kramat kanggone uwong sing ana ing daerah
Temanggung lan sekitare. jumprit iki ana ing sisih kulon kutha Temanggung. Miturut
wong-wong sekitar kono, Jumprit iki dadi panggon uripe Kyai Nujum Majapahit
nganti sedane lan dimakamke ana kana uga.
Ana
jumprit iki akeh kewan-kewan kang padha urip ana kana. Jumprit iki uga dadi
panggonan utawa petilasane Kyai Nujum Majapahit. Kyai Nujum Majapahit iki gawe panutan marang wong-wong
kang ana ing sekitar kana. Petilasan lan urip kang dilakoni Kyai Nujum
Majapahit iki di tiru karo wong-wong kang ana ing sekitar kana. Awite petilasan
Kyai Nujum Mjapahit kui dianggep bisa gawe sugih utawa bisa kanggo golek berkah
kanthi semedi ana kana. Sakdurunge semedi, Kyai Nujum Majapahit adus ana ing
tok kang ana ing kali progo cedak petilasane kui.
Ana ing sawijining dina, Kyai Nujum
Majapahit kang digawe panutan marang wong-wong sekitar kana seda lan dimakamke
ana ing kana uga. Wong-wong pada bingung amarga wis ora ana kang bisa dipanuti
kanggo golek berkah, mula wong-wong kana pada bingung kepiye carane ben
panggonan kuwi tetep bisa digawe panggonan kang bisa dinggo golek berkah. Mula
wong-wong kui padha gawe gapuro kanggo dalan mlebu ana guwo utawa makam
petilasan, lan gapuro kuwi bisa kanggo tandha anane berkah ana ing makam kui
kanggone wong-wong kang durung ngerti panggonan kuwi mau.
Nganti tekan sakiki panggonan kuwi tetep
dinggo golek berkah marang uwong kang padha percaya utawa yakin marang crita
Kyai Nujum Majapahit kui. Wong-wong padha moro lan nglakoni padha karo sing
dilakoni marang Kyai Nujum Majapahit. Sakdurunge semedi ana gua utawa makam,
wong-wong pada kungkum ana ing tok kali progo (umbul Jumptrit) sing ana ing
lokasi kana. Banyune bening lan di yakini bisa kanggo tamba uwong kang duwe
mala. Akeh uwong kang pada jupuk banyu kuwi kanggo nambani sedulur-sedulure
kang ora duwe dhuwit kanggo tuku tamba.
Cah
C ‘05
Tidak ada komentar:
Posting Komentar