Breaking

Selasa, Juni 19, 2012

DONGENG SAKING BANYUMAS


SANTRI GUDIG

Santri Gudig kuwi mung sebutan, sedurunge diarani santri gudig jeneng asline Pangeran Agiyana saka daerah Ampel, Jawa timur. Cilikane pangeran Adiyana wis ditinggal wong tuane amarga pas Pangeran Agiyana cilik dheweke ditingal wong tuane dadine deweke mung urip dewekan karo mbakyune.
Ana ing sakwijining dina Pangeran Agiyana lunga karo mbakyune saka daerah Ampel kanggo nglaksanaake ibadah haji neng mekah.daweke mlaku nglewati alas, sawah lan desa-desa dadine pangumbaraane ora nyenengke amarga neng dalan sering ketemu rampok lan kewan-kewan sing gede kaya dene ula,macan,srigala lan sakjenise. Pangeran Agiyana bae ora ngerti kapan bisa tekan neng mekah.
Sakwise pirang wulan mlaku wong loro kuwi wis tekan daerah Cirebon, Jawa barat. Neng kono wong loro kuwi pengin istirahat pirang dina. Sakwise diterima neng Kanjeng Sultan Cirebon. Pirang dina sakwise, Kanjeng Sultan Cirebon ngungkapake yen dheweke seneng karo mbakyune Pangeran Agiyana lan mbakyune Pangeran Agiyana ora nolak yen arep didadikake perrmaisuri.
Ana ing sakwijining bengi Sultan mlebu ana ing kamare permaisuri, nanging mbakyune Pangeran Agiyana kuwi kaget nalika Kanjeng Sultan nembe mendem. Ora nyangka yen saka peristiwa kuwi, permaisuri milih dadi randa tinimbang duwe bojo seneng mendem. Banjur mbakyune Pangeran Agiyana kuwi njaluk ijin maring mburi kanggo nemoni Pangeran Agiyana nanging nganthi suwe mbakyune Pangeran Agiyana kuwi ora bali neng kamar. Sultan wis mrentahke adhine kon nggoleki nanging esih urung ketemu lan nggledah kamare Pangeran Agiyana tetep ora ketemu. Jebul Pangeran Agiyana lan mbakyune minggat saka keraton Cirebon, banjur Kanjeng Sultan mrentah prajurite kanggo nguber wong loro kuwi, yen kecekel supaya balik menyang keratin. Yen ora gelem arep dipateni bae.
Mlayune Pangeran Agiyana nglewati dalan setapak lan alas- alas gedhe supaya ora bisa keuber prajurit Cirebon. Wektu prajurite wis cedak, pangeran agiyana ngetokake mantra- mantra kanggo ngapusi prajurit- prajurit mau amarga saka mantra- mantra mau metu kewan- kewan kaya dene kijang, rusa, marmot, sapi, kebo lan kewan- kewan sakjenise. Banjur wong loro kuwi mlebu neng alas, nanging neng kana isih ketemu karo prajurit sing nguber dheweke. Akhire Pangeran Agiyana gelut karo prajuri-prajurit mau, banjur menang nanging awake pada lara kabeh nganthi pada gudigen. Gara- gara kuwi prajurit nganthi ora bisa ngenali maneh.
Akhire Pangeran Agiyana tekan neng desa pekiringan lan ditulungi Pangeran Wali Perkosa sing nduwe pondok pesantren neng kana. Bubar kuwi Pangeran Agiyana merguru neng kana. Ana ing sakwijining bengi dheweke diterima dadi muride Pangeran Wali Perkosa. Lan dheweke turu bareng- bareng karo santri- santri liyane neng surau. Wektu Pangeran Wali Perkosa arep solat tahajud, dheweke kaget nalika weruh geni ana ing salah siji santrine banjur langsung nyewek sarung sing dinggo santri kuwi. Esuke santri- santri pada dikumpulke kabeh. Dheweke pengin weruh sapa sing sarunge sewek. Jebule sing sarunge sewek kuwi santri gudig. Saka kedadeyan kuwi, Pangeran Wali Perkosa ngewehi jeneng Pangeran Mahdum Cahyana.
Ana ing sakwijining dina Pangeran Mahdum Cahyana diwenehi tugas kanggo njaga sawah.  Wektu kuwi santri gudig pancen duweni niat arep nglaksanaake tapa marungga. Tekan gubug Santri Gudig nguripke geni lan dheweke mlebu ana ing kana. Nganti suwe dheweke aa ing gubug kuwi. Banjur Pangeran Wali Perkosa teka ana ing kana lan langsung neu amarga parine pada rusak. Santri Gudig ngerti yen Pangeran Wali Perkosa teka ana ig kana, banjur deweke langsung metu saka gubug kuwi.”kenapa parine nganti rusak kaya kuwi padahal koe tak prentah nunggoni?” Santri Gudig njawab,”nuwun sewune rama kyai menawi kula mboten salah mireng kuls mboten dipin prenatah kagem ngusah kewen-kewan ingkang ngrusak pri nanging naming nunggoni mawon. Pangeran Wali Perkosa ngrungokke jawabane Santri Gudig.
Bubar dipanen Pangeran Wali Perkosa kaget yen hasil panenne kaya ngene akehe ora kaya biasane.
Wis suwe bosen dadi jaka Pangeran Mahdum Cahyana pengin nggolet bojo nanging sedurunge olih bojo pangeran wali perkosa duwe niat ngawinke anake, pangeran Estri karo pangeran mahdum cahyana lan deweke setuju. Banjur Pangeran Mahdum Cahyana dikawinke karo Pangeran Estri.
Ana ing sakwijining dina Pangeran Mahdum Cahyana mlaku-mlaku ana ing pinggir kali karang nganti tekan kali bodas neng kono dheweke weruh plataran sing amba banjur dheweke duwe rencana mbangun pesanggrahan ana ing kana . dheweke banjur njaluk tulung karo sing nggawe urip supaya watu-watu ana ing kana dadi pager.
Sedurunge ninggal Pangeran Mahdum Cahyana duwe wasiat karo keluargane yen ninggal kon dikubur ana ing panggonan mau. Pangeran Agiyana dikubur ana ing desa grantung kecamatan karang moncol nganti saiki kuburane esih ana.

Kaka ‘05








KAKI WIRYANI

Kaki Wiryani kuwi abdine Eyang Padil, ing sawijining dina Eyang Padil dhawauh karo Kaki Wiryani ewadene dheweke kangen karo putrane. Kaki Wiryani diutus Eyang Padil niliki putrane nakokake kabare, amarga Eyang Padil wis kangen. Swise krungu dhawuhe Eyang Padil, Kaki Wiryani banjur mangkat menyang Bandung. Nalika menyang Bandung, ing dalan Kaki Wiryani ditutake karo wong wadon anake Siluman Macan. Sawise tekan Bandung Kaki Wiryani langsung nemoni putrane Eyang Padil sing aran Abidin, dheweke nakokake kabare Abidin. Kaki Wirayani nginep ing Bandung rong dina kanggo nambani kesele.
Kaki Wirayani banjur bali menyang Karang Gudhe, ananging ing dalan Kaki Wirayani weruh wong sing kambrukan kayu, Dheweke banjur nulungi pawongan mau. Kaki Wirayani ora nggalbo yen kadadean mau mung akal-akalane wong mau supaya Kaki Wiryani mampir ing omahe wong mau. Pawongan sing ditulung mau jenenge Kaki Soma oamhe Kaki Soma mau mlebu ing panguasane bangsa siluman Macan. Ing kono kaki Wirayani diladheni karo anak wadone Kaki Soma sing jenenge Kemuning. Sawise Kaki Wiryani nyawang praupane Kemuning banjur tuwuh rasa tresna ing jero atine. Dheweke banjur nduweni pikiran kepingin ngawini Kemuning, dheweke banjur ngutarakake niate mau Karo Kaki Soma, Krungu kandhane Kaki Wiryani sing kepingin ngepek anak wadone Kaki Soma ngentuki.
Banjur Lalakonan mau klakon temenan. Nalika arep nglakoni bengi sing sepisanan anggone kawinan Kaki Wiryani diwenehi Sarung Macan. Kaki Wiryani kaget amarga dheweke nembe sadar yen bojone kuwi Siluman macan mula yen arep ngumpuli bojone kudu nganggo sarung mau. Kaki Wirayani krasa kuciwa nemahi kahanan mau nanging dheweke wis ora bisa apa-apa kalah karo rasa tresnane tumprap Kemuning. Sawise nglakone wengi mau awake Kaki Wiryani malih dadi macan dheweke gela amarga wis dudu manungsa maneh kaya biyen.
Anggone omah-omah rada suwe Kaki Wiryani duweni anak cacahe puluhan, nanging sanalika Kaki Wiryani kelingan tugase saka Eyang Padil dheweke kudu ngandhakake kabare Abidin. Amarga isih duweni kuwajiban sing durung dilakoni Kaki Wiryani Banjur pamitan karo Bojo lan Maratuwane. Mara tuwane ngentuki nanging bojone ora entuk, yen dheweke sakanak-anake ora melu. Sidane Kaki Wiryani sakanak, bojone ngadhep Eyang Padil. Nanging Kaki Wiryani wanti-wanti marang bojone dheweke arep ngadhep dhisik, mengko yen wis takundang nembe padha ngaton.
Sawise ngadhep lan nglaporake kahanane Abidin Kaki Wiryani banjur nyritakake lelakone uripe. Krungu critane Kaki Wiryani kang kaya mangkono Eyang padil ora naggepi mung manthuk-manthuk wae nanging kaki Wiryani wis ngundang bojo lan anak-anake mlebu nemoni Eyang Padil. Swise anak-anake Kaki Wiryani padha mlebu Eyang padil kaget banjur duka. Kaki Wiryani saya kaget amarga ora ngerti sebab musababe Eyang Padil duka. Eyang Padil dhawuh sing munine aku emoh nampani kowe maneh amarga kowe wis dudu menungsa, kowe kudu metu saka omahku aku wis wegah kepanggonan kowe maneh. Kaki Wiryani kaget lan krasa gela Eyang Padil ngendika kaya mangkono.
Nanging kepriye maneh dheweke rumangsa yen dheweke pancen wis dudu menungsa kaya maune. Kaki Wirayni banjur lunga nanging sadurunge lunga dheweke kandha yen marang Eyang Padil “tumekaning anak putumu yen ana bebaya sing arep nemahi, aku tansah ngelingake lan aweh pitulungan iku janjiku marang panjenengan”.
Tekan siki lelakon kuwi mau pancen nyata dilakoni dening kaki Wiryani sakanak putune.                              
CU’I “05
DINA “SETU PAHING”
 
Jaman Majapahit ing tlatah Banyumas wis ana pemerintahan sing dipimpin Adipati Wirasaba I sing nduweni kuwasa antara tahun 1413-1433 yaiku Raden Adipati Wirohudoyo. Pemerintahan Kabupaten iki diterusna turun temurun tekan jaman  Kesultanan Pajang. Nalika masa pemerintahan Sultan Pajang I Hadiwijaya (1546-1582) iki ing Wirasaba wis tekan masa pemerintahan Adipati Wirasaba VI yaiku Raden Bagus Suwarganduweni gelar Raden Adipati Wargahutama I. Raden Wargahutama duwe anak papat, anak lanang loro lan wadon loro. Anak wadon sing kepisan iki diningkahake karo Raden Jaka Kaiman, yaiku anak Banyaksasro (Adipati Pasirluhur) sing dadi anak angkat Ki Mranggi ing Kejawar (saiki dadi Banyumas).
Kacarita nalika wektu iku Sultan Panjang kepengin putri para Bupati utawa keluarga kanggo didadekake garwa selir, sing dingomongake dadi abai pelara-lara (rewang kerajaan sing isih prawan). Adipati Wargahutama ngirim putrine marang Pajang. Putri Adipati Wirasaba tau dinikahake karo anak lanange Demang Toyareka nanging wis suwe dipegat lan durung tau rukun. Sawise putrine diwehake marang Sultan, Ki Adipati bali lewat dhaerah pesisir lor, ing pihak liya Ki Demang Toyareka sawise krungu tigasane anake iku disembahake marang Kanjeng Sultan, dheweke karo anak lanange nyusul menyang Pajang. Ing ngarepe Kanjeng Sultan Demang Toyareka wadul marang putri Adipati Wirasaba sing disembahake marang Kanjeng Sultan iku nalika isih dadi bojone anake.
Krungu wadulane iku Sultan Pajang dadi murka banjur mrintahake Mantri Anom kanggo ngoyak Adipati Wirasaba sing dianggep ngapusi dheweke, yen kepethuk arep dipateni.
Sawise utusan Mantri Anom iku lunga Sultan nemoni putri Adipati Wirasaba sing wis manggon ing Kraton Pajang iki, Sultan takon, “Bener apa ora isih nduweni garwo?”
Putri Wirasaba mangsuli, ”Ora !”
 Banjur Sultan takon maneh, “Ing njaba ana wong ngadu jerene wong iku dheweke nduweni bojo Putri adipati Wirasaba yaiku kowe sing dipegat paksa langsung digawa rene.”
            Putri mangsuli, “Bener, nalika isih cilik aku wis tau diningkahake karo putra paman Demang Toyareka nanging ora sida amarga hamba ora seneng lan suwe wis dipegat.”
            Kanjeng Sultan gela dheweke wis kebanjur mrentah gandhek (kongkonane) kanggo mateni Adipati Wirasaba. Kanjeng Sultan langsung ngirim utusan liyane nyusul gandhek sing kaping pisan supaya mbatalna prentahe Sultan mau. Ki Adipati Wirasaba wis tekan Desa (saiki mlebu Kawedanan Ambal, Purworejo). Wektu kuwi dina Setu Pahing mlebu dhuhur, Ki Adipati ngaso ing salah sijine omah warga ing desa iku, ing omah Balai malang iku Sang Adipati diparingi panganan lawuh pindhang, dhaging banyak, banjur jarane ditaleni ing pekarangan omah iku.
Nalika lagi mangan, rombongan mau wis teka ngadeg ing ngarepe Adipati.
Sang Adipati takon, “Ana prerntah apa para gandhek, ketone ana berita penting sing kudu disampekna?”
Para utusan mangsuli, “Mangga diterusake dhisik, yen wis rampung mangan tak wenehi ngerti.”
Ora suwe gandhek keloro katon saka adohan nglambekake tangane, maksude supaya Adipati Wirasaba ora sida dipateni. Nanging tandha kuwi ditanggepi keliru, ngertine tandha mau supaya cepet mateni Sang Adipati sahingga gandhek sing kepisn langsung nancepake kerise meng wetenge Adipati Wirasaba.
Nalika gandhek sing keloro teka ing panggonan iku, dheweke dadi gela lan ngomong, “Wis tak wenehi tandha supaya dibatalake, lha ngapa dilakoni?”
Gandhek kepisan gela, “ Dakkira kowe mewenehi tandha supaya ora usah ngenteni kowe, amarga iku banjur daklaksanakake tugas Kanjeng Sultan.         Adipati Wirasaba sing sing wis arep mati ngomong, “Para gandhek, ora usah nyalah-nyalahna. Kabeh iku wis takdire gusti alloh. Aku ikhlas ntrima, ngomongna marang kanjeng sultan pas gandek keloro teka aku wis dipateni wis saiki balik marang Pajang.”
Marang para sentana sing nyertai, Adipati weling, ”Para anak putuku, keturunanku kabeh, yen padha lunga-lunga aja pas dina Setu Pahing, aja mangan dhaging banyak , aja manggon ing omah sing ana balai malang lan aja numpak jaran dhawuk”.
Ora let suwe Sang Adipati mati. Nalika kedadean iku, tali jaran dhawuk titian Adipati copot. Amarga jaran iku wis biasa nglewati dalan-dalan iku, dheweke banjur bali ing kandhange ing Wirasaba. Nalika tekan Kadipaten, para keluarga kaget weruh jaran Sang Adipati bali dhewe. Keluarga ngertine Sang Adipati mlaku ing burine, nanging wis dienteni ora metu-metu dadine padha bingung lan kuwatir. Ana sing arep nyusul menyang ing Pajang, nglewati dalan sing kerep diliwati Kanjeng Sultan, ora sengaja pethukan karo abdi dalem sing mlayune dhisik nalika kedadean iku. Dicritakake kabeh kadadean, sawise diadusi mayite Adipati digawa bali ing Wirasaba. Mayite Sang Adipati dikubur ing pasarehan Pekiringan.
Iku asal-usaling kapercayan pantangan dina Setu Pahing padha lunga, kanggo warga Banyumas khususe sing isih nduweni trah Adipati Wirasaba. Ana sing nambahi maneh ninggale Raden Yudanegara I, Bupati Banyumas V lan Raden Yudanegara II. Bupati Banyumas VII sing ninggal ing dina Setu Pahing. Kapercayan iku wis tau dimanfaatake dening pasukan Pangeran Diponegoro ora langsung nyerang, nanging ngenteni dina Setu Pahing. Jaman ganti jaman, akeh wong kang ora percaya. Akeh nonoman saiki sing pandhangane kabeh dina kuwi apik, anane musibah kapan wae iku wis dadi takdhire Gusti Allah Kang Maha Kuwasa.
                                                                       
            Leli Lindiawati ‘05