Breaking

Selasa, Juni 19, 2012

DONGENG KEDU II

WATU GODEG

(Sida Sari)
Watu godeg, ngono masyarakat Desa Tawangsari Kecamatan Tretep Kabupaten Temanggung menehi jeneng watu sing kaanggep keramat. Ing desa Tawangsari iki akeh petilasan jaman perang Diponegoro sakawit ngendikane para
sesepuh desa iki mapan ing pereng gunung Prau, adoh saka kutha, didadekake papan pengumpetan prajurit kanggo nyusun kekuwatan perang nglawan penjajah walanda. Ing papan kono uga ana curug sing banyune ajeg ora nate asad, diduga biyen minangka sumber banyu pangiripan laskar-laskare Kyai Suradipo. Mula kawasan iki saiki  dadi obyek wisata Curug Surodipo utawa Curuk Trocoh (terus mili) sing wis karintis pangembangane dening Dinas Pariwisata kabupaten Temanggung.
Petilasan arupa watu altar ing kompleks Curuk Surodipo sing kusebut watu Godek iki manut ceritane, biyen papane Kyai Surodipo ngobati para prajurit andhahane sing nandhang lara utawa kena gegaman sajroning paperangan. Ora mung andhahane wae sing ditambani, nanging kabeh masyarakat sing mara mertamba uga ditambani. Sinambi ngusadani wong lara, kyai Suradipo kang uga panglima perang kuwi uga nyiarake agama islam kanggo nguwatake iman warganing masyarakat sing lagi dikuwasani penjajah.
Nganti tekan saiki Watu Godeg isih dipercaya duwe daya magis, ana misteri alam gaib sing ora bisa kawiyak. Upamane kadhang-kadhang isih keprungu swara wong tabuhan lesung (jaman biyen wong nutu pari ing lesung), swara rame-rame kaya pating slerang prajurit perang, lan kadhangkala ana cahya cumlorot saka langit tumuju nyang sakiwa tengene watu Godek. Apa kuwi halusinasi , nanging kok ora mung wong siji loro sing ngerti lan weruh dhewe.
Klebu wektu kapungkur sajroning setengah sasi ana piring terbang sing mabur ngubengi bukti-bukit Gunung Prau ing wayah ngarepake maghrib. Wewujudan bunder ceper kaya piring nanging mawa cahya iku yen wis mabur mubeng banjur mingslep ing kawasan petilasane Surodipo. Uwal saka bab-bab kang asipat metafisika mau, curug surodipo utawa curug trocoh pancen nyimpen kaendahan alam kang pinujul.

Cah C ‘05