Breaking

Jumat, Juni 15, 2012

drama

Nama                             : Dwi TAryanto     
Nim                                : 2151406010
Prodi                              : Sastra Jawa VI



ARYO PENANGSANG
(Siswo Budoyo)


Arya Penagangsang      :Raja ingkang anggadahi sifat ingkang angkuh lan sombong, parasipun ktingal gagah,badanipun ingkang ageng, anggadahi kumis ingkang kandel,rambut cendek,50an taun.
Prameswari                   :Garwanipun Aryo Penangsang ingkang sae sifatipun,inggih menika panjenenganipun anggadaih sifat ingkang sabar. Parasipun duwur, anggadhahi rambut dawa, badanipun alit, kirang langkung 40an taun.
Mentaun                        :Sesepuh wonten ing kerajaan Aryo Penangsang ingkangsampun kirang pangrungonipun, badanipun alit, bungkuk, kirang langkung 70an taun
Sureng 1                        :Aggadahi badan ingkang duwur, alit, rambute dawa, kirang langkung 40an taun
Sureng 2                        :Aggadahi badan ingkang duwur, alit, rambute dawa, kirang langkung 40an taun.
Damarsudi                    :badane sedeng, nggage jubah putih,kulite putih, kirang langkung  60an taun
Mas Hadi Wijaya          :Badane sedeng, duwur, anggadhahi kumis tipis, kirang langgkungkung 55an taun.         

Hadi Wijaya                  :Badane sedeng, duwur, anggadhahi kumis tipis, kirang langgkungkung 50an taun.

Keterangan:
1. PENANGSANG      : Arya Penangsang
2.PRAMESWARI        : Prameswari
3. DAMARSUDI         : Damarsudi(ayah Arya Penangsang)
4. HADI WIJAYA       : Hadi Wijaya
5. MAS HADI WIJAYA: Kakaknya Arya Pengangsang





                                      
Babak 1
PANGGONAN INGKANG SEPISANAN WONTEN ING PENDHAPA KERAJAAN  ARYO PENANGSANG, WONTEN MRIKA WONTEN MANGGON TENGAJENGPUN PENANGSANG INGGIH MENIKA MENTAUN, ADI ARYA PENAGSANG LAN 3 PRAJURIT.ARYO PENANGSANG LUNGGUH ANA ING KURSI, SAMPING KIRENGIPUN WONTEN NYAI PRAMESWARI.
01.        PENANGSANG : Nyai Prameswari?
02.        PRAMESWARI  : Inggih kula kang mas (SINAMBI NYEMBAH)
03.        PENANGSANG : Sawetara dak keparengakelenggah ing prayoga                             Kae para kawula ke pada tenggali ing pendopo agung
04.        PRAMESWARI  : Ngestoaken dawuh kang mas.
05.        PENANGSANG : Yai kagaipun lagak?
06.        ADI                     : Dawuh ketimbalan dawuh kang masku.
07.        PENANGSANG : Pun kakang mundut pirsa!Kepriye sowan kabeh para kawula  ing  Kadipaten Jipang Panulan?
08.        ADI                     :  Sedaya menika pikantuk pangestu panjenengan dalem. Nyatanipun sedaya para sulihanggenipun nderek sebo menika sampun boten wonten ingkang mbektakaken dateng palenggahanipun sowan menika . Sedaya menika kantun ngandung dawuhipun kang mas Gusti Adipati.
09.        PENANGSANG : Gawe bombonge dawuhipun kakang dawuh dipun lenggah ing prayoga.
10.        ADI                     : Inggih ngestokaken dawuh gusti
11.        PENANGSANG :  Dateng Mentaun?, Mentaun?! (PANINGALANIPUN MENCOLOT)
12.        MENTAUN         : Dawuh kanjeng. ( SINAMBI NYEMBAH)
13.        PENANGSANG : Pindhak kiri menika saben-saben pendapi agung anggenipun pinangkih     boten jenjep, satemah raos saben kula ngendika, panjengengan menika sampu sepuh, kula aturi tumenga!, kang priksani obahe lambe kula!
14.        MENTAUN         : Inggih kanjeng.
15.        PENANGSANG : Ngakuke weteng.
16.        MENTAUN         : Nyuwun pangapura menawi wonten lepatipun kula kanjeng.
17.        PENANGSANG :  Kula mundhut priksa. Sampun pnten-pinten laminipun sore            nalaya lan ngandhuk anggenipun      nindhakaken kewajiban.
18.        MENTAUN         : Menawi boten lepat, petangan kula sampun wonten gangsal  dinten kalenggahan menika kanjeng.
19.        PENANGSANG :  Manut petanganipu Mentaun, sore ing kedalih pikantuk  pikaryo menapa boten?
20.        MENTAUN         : Bidalanipun sore sampun kula tata kanthi njlimet bentenipun   piyambakipun  ngangge dinten jemuah kliwon.
21.        PENANGSANG : Inggih.
22.        MENTAUN         :  Piyambakipun  kula kangken kula medal saking kidul mlebetipun.
23.        ADI                     : Ingkang ngantos-ngantos  palengganipun.
24.        PENANGSANG : Wonten sareh anggenipun ngandika.
25.        MENTAUN         : Pangapunten kanjeng?
26.        PENANGSANG : Inggih.
27.        MENTAUN         : Jemuah kliwon dawanipun, jemuah kuwi 9, kliwon menika 6, dodos panggihipun dados 15.
28.        PENANGSANG : Dados kasil panggihipun ?
29.        MENTAUN         : Menawi petangan kula kasil kanjeng.
30.        PENANGSANG : Nanging kenging menapa, kang sanedya kirang dengo raose manah kula.
31.        MENTAUN         : Kula aturi sabar, taksih kathah para seneng.
32.        PENANGSANG : Nuwun, ing nganthi sajeroning pasewakan babar kowe durung bali during entuk, mongko kowe mrongot. !( ARYA PENGSANG MENYAT SAKA PALENGGAAHAN MRIKSANI PARA SURING TEKA)
33.        PENANGSANG : Ngeneh-ngeneh, padha becik para nolan nalengu
PARA SURING TEKA MARANG ING KERAJAAN ARYA PENAGSANG LAN
ARYA PENGSANG LENGGAH MALIH)
34.        SURENG 1         : (SINAMBI  NYEMBAH   LAN MATUR)Pikantuk berkah saha pangestu panjengan dalem kanjeng adipati. Sowan kula boten pinggih halangan satu menapa, namung sabak konjuk bekti kula konjuk sinuwun.
35.        SURENG 2         : Semanten kula kanjeng.
36.        PENANGSANG : Dak tampa anggonmu matur pitedih. Ora liwat bojoastunipun tampanana.(SINAMBI NGATURAKE KANGGE TANGAN)
37.        SURENG 1         : Saestu anggenipun kula mundhi.
38.        PENANGSANG : Sorak nyampun penggalih. Kepriye purwa madya wusanane naliaka dak utus menyang ing pajang?
39.        SURENG 1         : Keparengo matur kanjeng adipati. Menawi wonten atur kula ingkang sisih padha nyuwun samudra pangaksami.
40.        PENANGSANG : Sanadyan sagunung gedhene luputmu ning kene aku tatwis pangapura marang kowe.
41.        SURENG 1         : Kalampahan gusti adipati. Kula tumuju wonten ing kasultanan pajang wonten sangajengipun gapura sinupit urang.
42.        PENANGSANG : Iya-iya.(MANTUK-MANTUK SIRAHIPUN)
43.        SURENG 1         : Nanging anehipun.
44.        PENANGSANG : Anehe ya ene?,(REDI KAGET)
45.        SURENG 1         : Inggih, tembe kula mlebet la adhi kula damadaan menika ical tepatipun gapur, ngertos-ngertos menika kula sampun wonten salebeting gua ingkang dedet lelimengan.
46.        PENANGSANG : Banjur?
47.        SURENG 1         : Kula kemutan, kabetangan kyai brongot setan kober.Gua kala wau kula namani brongot setan kober, ical sipatipun gua.
48.        PENANGSANG : Tenan?
49.        SURENG 1         :  Inggih, ngertos-ngertos kula wonten satengahingalas gung liwang liwung.
50.        PENANGSANG : Banjur?
51.        SURENG 1         : Inggih, kula tamai taman kyai brongot setan kober malih (MA DEES,….) ical, dadaos udan ingkang deres banget bledeg sinamberan dados sesamberan.
52.        PENANGSANG :  Ing kana ana alas ana bledeg sinamberan (ARYA PENAGSANG JUMENENG)
53.        SURENG 1         : Inggih menika leres, sepisan malih kula tamai taman kyai brongos setan kober malih ical sipatipun udan kala wau, kula sampun wangsul sangajengipun gapura.
54.        PENANGSANG : Balik ing gapura capit urang malih, ing wanci laka wau?
55.        SURENG 1         : Leres, nanging anehipun klambi kula menika boten teles udan deres kala wau.
56.        PENANGSANG : Lan deres nanging boten teles?(LINGGIH MALIH)
57.        SURENG 1         : Inggih boten teles.
58.        PENANGSANG :  Ya, mbok menawa sapa ngerti pintere wong Pajang sabanjure anal an banjur?
59.        SURENG 1         : Kula lan adi kula, kula soreing Sureng  ndamel cara kanjeng.
60.        PENANGSANG : Andum gawe?
61.        SURENG 1         :  Inggih andamel cara kanjeng, adikula lumebet ing pagulinganipun kanjeng sultan, kula kang ndamel ontran-ontran wonten ing sajawining benteng.
62.        PENANGSANG : Apa pamrihmu Rumit?
63.        SURENG 1         : Kula prajurit pajang migatoaken teng kula boten migatosaken adi kula, dados gampil angngenipun mejahipun Kanjeng Sultan, kowe soreng kana?
64.        PENAGSANG    :                                                                                                   Iya?
65.        PENANGSANG :  (NGGUYU KEPINGKEL-PINGKEL), pinter kowe Soreng, dadi sing mlebu adimu?
66.        SURENG 1         : Adi kula.
67.        PENANGSANG : Sureng ?
68.        SURENG 2         : Inggih kanjeng.
69.        PENANGSANG : Sawise kowe kalakon andum dosa lumebu ing damelan pajang, terus kepriye wusanane?
70.        SURENG 2         : Kalampahan kula mlebet wonten ing tiram pagulinganipun Sultan Kanjeng Hadiwijaya.
71.        PENANGSANG : Kalakon kepriye?
72.        SURENG 2         :  Wonten papan mriku , salembu kula bika , Sultan Kanjeng Hadiwijaya ketingal ngligo kanjeng.
73.        PENANGSANG : Anggenipun sare telep ngligo?
74.        SURENG 2         : Boten sranta raose manah kula, kula tamai Kyai Brongos Setan Kober , kadadak wonten sadurla ingkang ageng nyamber dhumateng kula kanjeng. Kalampahan kula gelut kaliyan sardolo kala wau  kula tamai kyai brongot setan kober ma…dees…. ical sipatipun sardolo dados guling kanjeng.
75.        PENANGSANG : Aja amerga kowe wedi?
76.        SURENG 2         : Boten kanjeng.
77.        PENANGSANG : Kuwi tenan?
78.        SURENG 2         : Inggih gusti saestu.( SINAMBI MANTUK-MANTUK)
79.        PENANGSANG : Ilang wujudipun macem ing ana guling?
80.        SURENG 2         : Kula abali malih gusti, kula tamai kyai brongos setan kober. BLESS….
81.        PENANGSANG : Modar kanjeng Hadi Wijaya?
82.        SURENG 2         : Dereng kanjeng.
83.        PENANGSANG : Piye?
84.        SURENG 2         : Kadadak wentas daya ingkang narik dhumateng tangan kula kanjeng.
85.        PENANGSANG :  Sampun namai brongos setan kober menyang dadane Hadiwijaya, kaya nageng.
86.        SURENG 2         : Inggih.
87.        PENANGSANG : Narik maring tanganmu?
88.        SURENG 2         : Inggih.
89.        PENANGSANG : Mentaun?
90.        MENTAUN         : Dawuh kanjeng?!
91.        PENANGSANG :  Wonten kadadosan ing kados ngaten munggah wewengkonipun Mentaun dados pundi?
92.        MENTAUN         :  Menawi kula mirengake aturipun soreng Kanjeng Sultan dipun tamani wonten daya ingkang narik menika kawastan Aji Lebu Sekilan, menawi dipun namani kirang sekilan boren tumenga kanjeng.
93.        PENANGSANG : Aji lembu sekilan?
94.        PENANGSANG : Bener iya, sawuse ana kadadiyan kaya ngana, Sureng dur kowe tumindhak apa meneh?
95.        SURENG 1         : Kula ablai malih, kula methek kyai brongos setan kober, kula sampun sapandonganipun, tembe kemawon kula nyatek sultan Hadiwijaya badhe kula tamai kyai brongot setan kober , kula kasamplok sirep kula luntak ludiro kanjeng.
96.        PENANGSANG : (SINAMBI NESU ARYA PENGSANG JUMENEG SAKING PALENGGAHAN) Ora mindek kowe mutah getih, mutah gragal Hadiwijaya mati apa isih urip?
97.        SURENG 1         : Teksih urip kanjeng.
98.        PENANGSANG : Hah?
99.        SURENG 2         : Taksih urip Kanjeng, pramila saka menika Gusti Adipati
100.    SURENG 1         : Cekapake semanten kemawon boten usah dipun lajengaken malih anggenipun mbaleleo wonten ing kasultanan pajang, saataspun kula menika pandum boten kapidono malah, kepara kula dipun ganjar malah banda dunya.
101.    PENANGSANG : Koe nampa pawahing saka Sultan Hadi Wijaya ?
 Endi wujude?
102.    SURENG 1         : Menika kanjeng.
103.    PENANGSANG :  Buang…! Buang…! (ARYA PENAGSANG NGAMUK  MARANG PARA SURENG)
104.    PENANGSANG : Rana lan kowe Sureng?!
105.    SURENG 1         : Inggih kanjeng. ( ARYA PENGSANG JUMENEG MALIH)
106.    PENANGSANG :  Ora bisa mbadok nek kowe nampa saka pawahe Sultan Hadiwijaya, iya?
107.    SURENG 1         :                                                                                                   Saged kanjeng.
108.    PRAMESWARI  :  Nyuwun sewu kang mas gusti pati Aryo Penangsang,mbok mongko panjengan kua aturi sabar kang mas?!.
109.    PENANGSANG : Astagfirullohal’adim, lara temen kowe. Ya…ya…ya. Kedang kaya ngapa kowe tumindhak ora apa-apa, nanging  kowe Sureng .
110.    SURENG 1         : Inggih.
111.    PENANGSANG :  Aku mbutuhake baline brongos setan kober,brongos setan kober tak pundut,Sureng ? Ora ana?
112.    SORENG            : Inggih kanjeng.
113.    PENANGSANG : Brongot setan kober.                                                                
114.    Snh+RNGKT      : Inggih kepareng matur kanjeng.
115.    MENTAUN         : Tinggal diaturke aja pecicilan kowe.
116.    SURENG 2         : Wekdal samenika kyai brongot setan kober, kasuwun ngampil sunan kanjeng Hadiwijaya, benjang menawi sampun saged mirunggah bade dipun wangsulaken kanjeng.
117.    SURENG 1         : Inggih saestu.
118.    PENANGSANG : Siiieeet. Brongos setan kober keri nang Pajang?
119.    SURENG 1         : Inggih.
(ARYA PENAGSANG DUKA MARANG UTUSAN-UTUSANIPUN INGKANG WAUNIPUN DIPUN UTUS WONTEN ING PAJANG AMERGA BRONGOT SETAN KOBERIPUN KETINGGAL ANA ING PAJANG, LAN PARA SURING DIPUN ANTEMI KALIYAN ARYA PENGSANG)
DAMARSUDI MLEBU ANA ING PANGGUNG
120.    DAMARSUDI    : Ta aturi sabar.
121.    SNH+RGKT       : Kula nyuwun gesang kanjeng.
122.    MENTAUN         : Wis ngana mundur?
123.    SNH+RGKT       : Inggih.
124.    DAMARSUDI    : Jebeng?
125.    PENANGSANG : Rama Damarsudi.
126.    DAMARSUDI    : Lelupute bocah Sureng kuwi apa?
 Bapa takon lelupute bocah Sureng 2 kuwi apa?
127.    PENANGSANG : Astagfirullohal’adim.
128.    SURENG 2         : Lepat, piyambakipun kula utus dateng pajang, supados nyidra yuswanipun Hadiwijaya, boten pikantuk karya, kyai brongos setan kober kintun ing Pajang.
129.    DAMARSUDI    : Si…si…, ta aturi sabar?!
 Sing luput kuwi dudu bocah Sureng 2.
130.    PENANGSANG : Menawi bocah Sureng boten luput?!
131.    DAMARSUDI    : Ya sing luput Jebeng Panangsang.
132.    PENANGSANG : Dumawah kosok wangsule.
133.    DAMARSUDI    : Kepiye.
134.    PENANGSANG : Menawi punika tepat dede kula.
135.    DAMARSUDI    : Banjur sapa?
136.    PENANGSANG : Panjenengan piyambak.
137.    DAMARSUDI    : Loh… lah ko Bapakmu, kuwi nalare piye.
138.    PENANGSANG : Kenging menapa boten. Rama Damarsudi, menawi ngaten kula saged ngleresaken ngendikaipun Kalinyamat, panjenengan guru pan oyod mansendi, endi wuruhane sing muncung, jijo palupune.
139.    DAMARSUDI    : Geneyo.
140.    PENANGSANG : Sultan Hadi Wijaya, ora tumoro sawering bedono.
 Ngaten menika?
141.    DAMARSUDI    : Si…si?!
142.    PENANGSANG : Sinten ingkang badhe lepataken?
143.    DAMARSUDI    : Si…si jebeng.
 Yen jebeng Aryo Penangsang ora ngertita wenehi ngerti.
144.    PENANGSANG : Menapa?
145.    DAMARSUDI    : Ayoh lenggaho disik.
146.    PENANGSANG : Suring sawetara aku titip nyawamu (ARYA PENGSANG BAR ANGGONE NESU)
147.    DAMARSUDI    : Ayoh lenggah, lenggah?!
Diaturi kon sabarwong sabar kuwi bakal sedulur. Jebeng Penangsang?, Yen Jebing Aryo Penangsang ora ngerti bakal tak wenehi ngerti, sapa toh Sultan Hadiwijaya, ya Jaka Tingkir (Maskarebet), kuwe ngana bocah sing lulus, paguruan endi kang ora ditekani Jaka Tingkir, ya mas karebet kuwe. Dadi ya ra mungkang yen deweke duwe pira-pira kasekten nanging,  Jebeng Panangsang.
148.    PENANGSANG : Apa rama Damarsudi?
149.    DAMARSUDI    : Aku nglegani karo bocah soreng.
150.    PENANGSANG : Mbok patut?
151.    DAMARSUDI    :  Atase sa bocah soreng, wani mlebu ana kang pagulingane kajeng sultan Hadiwijaya, kuwe ora sasaing jalmo?, aku ngregani yen deweke ora bisa mateni kalawan Hadi Wijaya kuwi jenenge wis pas, jalaran kalah pangaraning bawa, bocah Soreng ko adepan sa Sultan, neng beda-beda.
152.    PENANGSANG : Bentenipun?
153.    DAMARSUDI    : Yen Sultan Hadiwijaya adepan sa ora-orane adipati, ora sah nganggo pusaka piyandel kang ampuh mbok Manawa karo cucu enjet bakal sirna.
154.    PENANGSANG : Wamdaur?!
Diwur muncat, adepi Hadi Wijaya.
155.    DAMARSUDI    : Si….si,kowe arep tindhak nag endi?
156.    PENANGSANG : Kae ,adhe lenggahan Hadiwijaya badhe lunnguh
157.    DAMARSUDI    : Ta aturi sabar, lereh,lerem, luruh.
Jebeng, yen kowe bakal maju ngadepi karo Hadiwijaya, njur    wong kendel kuwi nduweni piyambak.
158.    PENANGSANG : Kula gadhah piyambak.
159.    DAMARSUDI    : Njur pikandelmu kuwi apa?,
160.    PENANGSANG : Brongos setan kober.
161.    DAMARSUDI    : Saiki endi?
162.    PENANGSANG : Loh.
163.    DAMARSUDI    : Astagfirullohhalngadim, sabar-sabar Jebeng sabar. Kono-kono ta turi lenggah.
164.    PENANGSANG : Brongos setan kober lungo saka raga kula.
165.    DAMARSUDI    : Perkara brongot setan kober kuwi gampang.
166.    PENANGSANG : Kepripun?
167.    DAMARSUDI    : La yo mengko aku toh, ta aturi lenggah disik bocah Soreng.
168.    SNH+RGKT       : Inggih.
169.    DAMARSUDI    :  Ngesuk kuwi yen dikongkon sing ngati-ati, aja padagrunyangan Jebeng Penangsang?   
170.    PENANGSANG : Rama Damarsudi?
171.    DAMARSUDI    : Aku ta matur, apa kekarepanmu esih ta bacutake?
172.    PENANGSANG :  Ngantos kukuding jagad menawi kula boten kasembadan nglolod pasuwuhane Jaka Tingkir, mila kula entengaken pejah.
173.    DAMARSUDI    : Bagus, yen kaya ngana. Upama Jebeng Haryo Penangsang, ta adepake ijen pada ijen karo Hadiwijaya apa wani?,
174.    PENANGSANG : Pripun?
175.    DAMARSUDI    :  Jebeng Haryo Penangsang, ta adepake ijen pada ijen karo Hadiwijaya apa wani?,
176.    PENANGSANG : Ha….ha…. Rama Marsudi, sampun malih sultan Hadiwijaya setunggal, ana ing posok uluh, boten gigik ngadepi sultan Hadi Wijaya.
177.    DAMARSUDI    : Bagus-bagus. Ya kuwi sing ta kersa ake, Jebeng?, aku bakal nganakake sarasehan ngelmu, ing wulan sura.
178.    PENANGSANG : Kasambut?
179.    DAMARSUDI    : Sing ta rawuhake ora liya mligi kanjeng sultan Hadiwijaya, karo Jebeng Haryo Aryo Penangsang.
180.    PENANGSANG : Kula lan Hadiwijaya.
181.    DAMARSUDI    : He..eh!
182.    PENANGSANG : Inggih-nggih.
183.    DAMARSUDI    : Lan Jebeng Haryo Penagsang ta dapuk dadi pramugari. Dapuk dadi pramugari ngacarani rawuhe sultan Hadiwijaya.
184.    PENANGSANG : Inggih..salajengipun?
185.    DAMARSUDI    :  Ing mengkone, ing papan kana bakal tag we cara, mula saka kuwi jebeng perkara iki dirembuk ana ing pati kana lan maneh. Anggonmu teka ing pati kudus aja kanti kalah disik kalawan Hadiwijaya. Kowe teko didik ana ing panan ngriku
186.    PENANGSANG : Ngestoaken dawuh rama Damarsudi.
187.    DAMARSUDI    : Bapa badhe nywun  pamit?
188.    PENANGSANG : Kenging menapa kesusu dhateng jogja?
189.    DAMARSUDI    : Jalaran aku bakal uborampe.
190.    PENANGSANG : Kula aturi kesuwun rama.
191.    DAMARSUDI    : Asalamu’alaikum?
192.    PENANGSANG : Wa’alaikumsalam warohmatulohi wabarokatuh.
193.    DAMARSUDI    : Prameswari?
194.    PRAMESWARI  : Inggih kula.
195.    DAMARSUDI    : Sing ngati-ati, sing pinter kadi garwane?
196.    PRAMESWARI  : Inggih, ngesto aken dawuh rama.
197.    DAMARSUDI    : Mentaun?
198.    MENTAUN         : Dawuh kanjeng sunan?
199.    DAMARSUDI    : Sing ngati-ati loh yoh?
200.    MENTAUN         : Inggih!
201.    DAMARSUDI    : Momong pendaraanmu.
202.    MENTAUN         : Ngestoaken Kanjeng Sunan.
203.    DAMARSUDI    : Sureng , Sureng sing ngati-ngati?
KANJENG SUNAN TERAS WANGSUL LAN PENGSANG JUMENENG MALIH KANTI NGIDUH KALIYAN PARA SURING.
204.    PENANGSANG : Sureng?!
205.    SRG1+SRG2       : inggih.
206.    PENANGSANG :                                                                                                   Jumenenga, ndangak (ARYA PENAGSANG NGLUDAHI)
Eling-eling kowe bajingan, enthu Drajatmu-derajat krokot,  gawene emplu tetep keplorot Rana Sureng ?
207.    SURENG            : inggih-nggih!
208.    PENANGSANG :                                                                                                   Aja taambake tumindhakmu, singatupi mleduge gunung,    rawuhe Rama Damarsudi ra bakal ta pisah gempungen sirahmu!
209.    MENTAUN         : Ngisin-isini, dikira kuwi ki aku sing ngarani heh?, bajingan!
210.    PENANGSANG : Mentaun?
211.    MENTAUN         : Dawuh.
212.    PENANGSANG : Sing mbok kowe dukani kuwi Sureng.
213.    MENTAUN         : Pangapunten Kanjeng.
214.    PENANGSANG : Pursarising benjut, saben kuluntangi. Ngadu kasih menika     murid kula, ngaten menika, jendu! Sampun sepuh ngyelke wetek, nggih para Sureng?
215.    SURENG 1+ 2    : Nggih.
216.    PENANGSANG : Tumindhake Rama Sureng  kuwi bener apa luput?
217.    SURENG 1+ 2    : Lepat.
218.    PENANGSANG : Luput apa bener?
219.    Para SURENG 2 : Lepat.
220.    PENANGSANG : Sureng, rana krungu?,
221.    MENTAUN         : Inggih Kajeng.
222.    PENANGSANG : Mentaun?, Mentaun?
223.    MENTAUN         : Dawuh Kanjeng.
224.    PENANGSANG :  Mentaun wongsal-wangsul kula ngendika menapa?, ampun  nambahi, nggeloning manah, wonten kadadosan-kadadosan kados ngaten. Ketok sideku midangetaken nanging babar pisan. Aduhh!!! Sampun miring ngendikanipun rama Damarsudi?
225.    MENTAUN         : Sampun.
226.    PENANGSANG : Menapa?
227.    MENTAUN         : Apa cah?(SINAMBI MELENGOK NENGEN)
228.    PENANGSANG : Masaalloh!
229.    MENTAUN         : Pangapunten kanjeng.
230.    PENANGSANG : La ra napa?, Rama Damarsudi ngerso aken, manggihaken kula lan Hadiwijaya ngepasi tanggal Penangsang sura, saderengepun Hadiwijaya dugi ing kudus kula kedah ayungweni, miring?
231.    MENTAUN         : Sampun
232.    PENANGSANG : Mila saking menika kula mundhut tulung, wus samenika tata. Minangka sampun sesarengan tumuju ing pati kudus.
233.    MENTAUN         : Ngersaaken dawuh gusti.(NYEMBAH)
234.    PENANGSANG : Si adi lan para prajurit ngadepi beboya kang teka.
235.    ADI                     : Ngesto aken dawuh gusti.
236.    PRAMESWARI  : Mangga-mangga paduka.

Adegan 2
TERAS PORA PRAJURIT LAN ARYA PENAGSANG MEDAL SEDAYA PANGGAUNG GANTOS DAGELAN KANTI BIGRON PEDESAAN
237.    A                           : (KANTI SINAMBI NJOGED) Singar Ninga awak.
238.    B                           : Tanganku endi.
239.    A                           : tangan.
240.    B                           : Tangan tak gawa loro ko malah ora ana.
241.    A                           : Lah kowe njoged piye?
242.    B                           : Jogged ngeneh-ngeneh oo.
243.    A                           : Terus?
244.    B                           : Ga enek tangane.
245.    A                           : Masa to yen.
246.    B                           : Lah ki apa?
247.    A                           : Tangan ndelik oo.
248.    B                           : Klambine keciliken.
249.    A                           : Jogged kuwe sehat ning awak.
250.    B                           : Si, jojo?
251.    A                           : Apa?
252.    B                           : Aku gumun yo,. Isining duyo ki reno-reno
253.    A                           : Akeh.
254.    B                           : Kewan ya reno-reno.
255.    A                           : Iyo, plora fauna ki akeh.
256.    B                           : Kowe tau sekolah he?
257.    A                           : Entek pirang-pirang kolah Oo
258.    B                           : Apa pirang-pirang kolah kuwi?
259.    A                           : Sekolah kuwi loh.
260.    B                           : Sinau kuwe loh, bedane ap kewan sing ngendog karo sing ora ki apa?
261.    A                           : Lah iki, menungsa goblok kaya awkmu iki kuwe repot.
262.    B                           : Aku ora tau sekolah.
263.    A                           : Kuwe termasuk ilmu hewan.
264.    B                           : Ilmu hewan?
265.    A   : Ya ada ilmu hewan kuwi, bedane kewan sing ngendog karo sing manak kuw ana tengerane.
266.    B                           : Titiane apa?
267.    A                           : Titiane kuwi kewan, terutama sing ngendok.
268.    B                           : Sing ngendok piye?
269.    A : Sing ngendok ki mesti ana tengerane karo sing manak.
270.    B                           : Sing anak.
271.    A                           : Sing anak kuwe duwe daun telinga.
272.    B                           : Daun telinga?
273.    A                           : Daun telinga.
274.    B                           : Daun telinga kaya iki ya?
275.    A                           : Iyo.
276.    B                           : Kuwi manak, nek ra nduwe daun telinga?
277.    A                           : Kuwe ngendok, la hula kae ngendok apa manak?
278.    B                           : Ula kae manak loh.
279.    A                           : Ora duwe daun telinga ko.
280.    B                           : Nek gajah?,
281.    A                           : Manak, wong nduwe daun telinga.
282.    B                           : Nek banyak?
283.    A                           : Ya ngendok, wong ra duwe daun telinga.
284.    B                           : Ra iso.
285.    A                           : Banyak ngendok.
286.    B                           : Banyak kuwe anak-anak ora ngendok.
287.    A                           : Ko biso kuwi loh.
288.    B   : Aku kuwi mau lewat sekolahan ana tulisan awas pelan-pelan banyak anak-ana, ra ene tulisan awas pelan-pelan banyak ngendok-ngendok.
Adegan 3
CARIOS INGKANG SALAJENGIPUN KAWONTENAKEN ING RUANG PERTEMUAN ANA ING ISTANANIPUN ARYA PENAGSANG INGGIH MENIKA WONTEN ING PANGGONAN INGKANG WONTEN PALENGGAHAN PRIBADINIPUN DAMARSUDI.
289.    DAMARSUDI    : (KANTI JUMENEG)Uborampe apa wis cekap?
290.    PENANGSANG : Uborampe sampun cekap rama Marsudi
291.    DAMARSUDI    : Para Sureng sampun diutus bali meneh?
292.    PENANGSANG : Sedaya sampun baris pendem wonten sawingkingipun papan sing diutus.
293.    DAMARSUDI    : Yen kaya ngana iki bakal ta wiwiti, kursi palungguhan iki bakal ta Rajang, ngerti?, bakal ta Rajang. Mengko yen wis ta Rajang jebeng haryopenagsang, ora keparenng lungguhne bapa. (NGANGGE TONGKAT KURSI DIPUN WENEHI AJI-AJI)
294.    PENANGSANG : Boten kepareng lungguh teng mriku?(SINAMBI NGACUNG-NGACUNG)
295.    DAMARSUDI    : Jalaran, sapa pawongan kang lungguh kursi kuwi wus ta Rajang, bakal apes dayane Mentauno dina lawase.
296.    PENANGSANG : Inggih kula ngndikanipun rama warsudi.
297.    DAMARSUDI    : Sing ngati-ati loh yah?. Jebeng Aryo Penangsang.
298.    PENANGSANG : Rama Warsudi?
299.    DAMARSUDI    : Nanging Bapa nduwe gung sasmita loro cacahe. Sasmita nyata lan sasmita gaib, lan sing dikandakake iki sasmita nyata.
300.    PENANGSANG : Pangagungipun?
301.    DAMARSUDI    : Yen uyah kuwi rasane?
302.    PENANGSANG : Asin.
303.    DAMARSUDI    :Yen Lombok?
304.    PENANGSANG : Pedes.
305.    ADI                     : Nyuwun sewu kang mas.
306.    PENANGSANG : Ana pa pagito-gito sowanmu?
307.    ADI                     :  Ing Panti Kudus sampun karawuhanipun kanjeng sultan Hadiwijaya.
308.    PENANGSANG : Wis ana ing pati kudus?
Mentaun?
309.    MENTAUN         : Dawuh  Kanjeng, apa wis bisa mendem?, dak temoni Sultan Hadiwijaya!
310.    MENTAUN         : Ngestoaken dawuh Gusti.
MENTAUN LAN ADINIPUN MEDAL SAKING PANGGUNG ANGGENIPUN NYELUK HADI WIJAYO LAN PARA PRAJURITIPUN.
311.    PENANGSANG : Wus rana cepet!
SULTAN HADIWIJAYA MLEBU ANA ING KADIPATEN ARYO PENANGSANG KALIYAN ADINIPUN LAN LAN PRAJURIT KALIH.
312.    HADIWIJAYA   : (KANTI NYENGIR)Asalamu’alaikum?,
313.    PENANGSANG : Wa’alaikum salam, loh manga-mongga Sunan Pajang.
314.    PENANGSANG : Sami sugeng dawuhuipun yai sultan Hadi Wijaya?
315.    HADIWIJAYA   : Pangastunipun Aryo Penagsang, kosok wangsulipun kakang Prabu.
316.    PENANGSANG :  Galis sakara-kara Kanjeng, boten ko sakora beda dateng panjengan.
317.    HADIWIJAYA   : Kakang Arya Penagsang kesangeten.
318.    PENANGSANG : Kenging menapa?
319.    HADIWIJAYA   :  Kenging menapa dulur tuwa sampun dangu boten rawuh wonten ing Kasultanan Pajang, Kakang?
320.    PENANGSANG : Nyuwun panggung pangaksaminipun yai Sultan, dawuhipun kula ana ing sultan, kula dereng nate sowan teng Pajang, awit ing Jipang taksih kathah pakaryan ingkang kula rampungaken.
321.    HADIWIJAYA   :  Oh Kados ngaten?, oh inggih boten napa-napa Kakang, nanging menawi wonten wekdal rawuh ana ing Kasultanan Pajang.
322.    PENANGSANG :  Mangga-mangga kula aturi lenggah.(KANTI NYEKEL TANGANE ARYO PENANGSANG NGATURI LENGGAH ANA ING PANGGONAN SING WIS DISIAPAKE MAU)
323.    M. HADIWIJAYA: (KANTI JUMENENG)Loh-loh, badhe tindak pundit.
324.    HADIWIJAYA   : Badhe lenggah.
325.    M.HADIWIJAYA:Kanjeng, ngesa dalem sampun ngantos lenggah ing papan  menika palengganipun ingkang kagungan dalem, tamu kedah  lenggah datheng mriki.
326.    PENANGSANG : Nywun sewu Kanjeng Sunan, Rama Damarsudi tembe netepi kewajiban, kula nampi dawuh kapanampi dados pramugari, ngacarani rawuhipun yai sultan Hadiwijaya, mila menika mangga, kula aturi lenggah ana ing palenggahan menika.
327.    M.HADIWIJAYA: Mangke riyin.
328.    HADIWIJAYA   : Ana apa maneh kakang?
329.    M.HADIWIJAYA: Menapa malih, wonten pramugarinipun, wakile sing kagungan dalem, ing lenggah mrika nggih pramugarinipun, panjengan tetep lenggah dateng ngrtiki kanjeng.
330.    PENANGSANG : Nywun sewu, nyai sultan, menapa wonten ratu lenggahwonten sakiwanipun ki patih?, menawi kalampahan napa boten ical kanbawanipun?, mangga lenggah mriki.
331.    M.HADIWIJAYA :Nyuwun sewu gusti kanjeng, sampun dipun dahar ngndikanipun gusti adipati Arya Penangsang, Adipati utawi Ratu menika menawi wonten Keratin, menika wonten ing Pati Kudus isinipun murid lan murid.
332.    PENANGSANG : Nanging
KANTI NGEJAK LENGGAH ANA ING CEKETIPUN ARYA PENGSANG ANANGING DIPUN LARANG KALIYAN KAKANG HADI WIJAYA.
333.    HADIWIJAYA   : Sampun-sampun kakang, kula ta lenggah ana ing papan ngriki kemawon. Boten menapa-menapa.Mangga pinarak ana ing palenggahanipun, ana kene kan enak?
334.    PENANGSANG : Nggih-nggih wong ra gelem ko dipeksa, nggih boten napa-napa
Yai sunan.
335.    HADIWIJAYA   :  (HADI WIJAYA LENGGAH ANA ING CAKET KAKANGIPUN)Nggih.
336.    PENANGSANG : Panjenengan menika boten wani lenggah, ing palengganipun Rama Damarsudi, soyo-soyo kula namung Adipati mila anggenipun kula ngacari rawuh panjengan kanti cara adeg-adeg kemawon.
337.    HADIWIJAYA   : Boten menapa-menapa kakang mangga sajak.
338.    PENANGSANG : Nyuwun sewu yai Suanan, kula kepengin ngertos kados pundi suasana ing Kasultanan Pajang?
339.    HADIWIJAYA   :  Ing Kasultanan Pajang ayem-ayem lan tentrem, nanging kakang tembe kemawon geger kakang?
340.    PENANGSANG : Geger bab menapa?
341.    HADIWIJAYA   : Kathah maling teng pajang.
342.    PENANGSANG : Pajang kathah maling?
343.    HADIWIJAYA   : Inggih.
344.    PENANGSANG : Ko aneh!
345.    HADIWIJAYA   : Anehipun menapa?
346.    PENANGSANG : Pajang menika kutha ing tengadeg kathah nayaka prajanipun, kaya dene pamanahan, wila merta lan lurangin, lah nika kangge napa kur dibayar tenguk-tenguk nanging Negarane geger.
347.    HADIWIJAYA   : Kakang adipati Aryo Penangsang, bucalipun boten sampun kirang-kirang, para nayaka praja anggenipun njagi dateng katentramaning Kasultanan Pajang. Nagging wong jenenge maling, maling kuwe mesti gole limihe sing duwe umah, sapinter-pintere sing njaga isih pinter maling kakang?
348.    PENANGSANG : Inggih-inggih.
349.    HADIWIJAYA   :  Lajeng kasok wangsulipun ing Kadipaten Jipang Panulan kados pundi?
350.    PENANGSANG : Ha…ha…jipang panolan ayem tentrem. Wiwit surup surya nganti wancik gagat ragina, ora ana lawang kang ditutup nanging ora ana maling mlebu  ing kadipaten jipang panolan, mula Jipang tentrem.
351.    M.HADIWIJAYA:                                                                                                 Gusti kanjeng?
352.    HADIWIJAYA   : Nggih.
353.    M.HADIWIJAYA:                                                                                                 Pancenipun leres dawuh pangandikanipun gusti Hadi patih Arya Pengangsang.
354.    HADIWIJAYA   : Maksude pie Kakang?
355.    M.HADIWIJAYA:Jipang Panolan menika, ayon ayem tentrem ning kula piyambak gumun kajeng.
356.    PENANGSANG : Gumune apa?
357.    M.HADIWIJAYA:Maling-maling menika kala wau ing pajang, nek diopyak mlayune ko dateng kdipaten jipang panolan gusti adipati
358.    HADIWIJAYA   : Mlayune maling ing Jipang Panolan?
359.    M.HADIWIJAYA: Inggih.
360.    HADIWIJAYA   : Engko si, yen kaya ngana ngarani gusti adipati Arya penagsang Bupatine maling?
361.    M.HADIWIJAYA: Bok meawi ngaten.
362.    PENANGSANG : Marod, adepana lambemu nggih-nggih boten kula selak kula akoni yen prajurit Jipang Panolan meniku dumadi saka maling,rampok lsn kecu nanging sedaya kula klempakaken kula cakup kula bilasi jiwanipun, kersanipun dados tiyang ingkang migunani tumrap bangsa lan negarane.(PENAGSANG NGAMUK KALIYAN MAS HADIWIJAYA)
363.    HADIWIJAYA   : Inggih kula ngertos kakang, nanging maling kal wau bok menawi pepitangan.
364.    PENANGSANG : Pepitangan menapa?
365.    HADIWIJAYA   : Pepitangan maling ngaten, kowe kanca yen kowe maling aja ana ing kana awit yen kowe maling ana kana, yen kowe kewenangan kowe digebugi oleh-olehane ra sepira, gedhene kowe dipateni, tinimbang kowe maling ing papn kana lewih becik kowe malingo ing kasultana pajang, awit yen kowe maling ning kasultana pajang oleh-olehamnu bisa dadi mangan salwase urip, bok menawi ngaten pepeetanganipun maling.
366.    PENANGSANG : Hoh, yai sultan Hadiwijaya tendane bajingan kuwi ngarani yen Jipang Panulan kuwe nggone wong mlarat?, pajang nggone bondo dunya, lah kula aturi nanging?!.



Tidak ada komentar: