Breaking

Selasa, Juni 19, 2012

LEGENDA KEDU


Asal-usule Telaga Warna lan Kawah Sikidang
Ana salah sawijining penduduk Wonosobo kang paham anane legenda kang bisa dipercaya penduduk ing kutha Dieng, nuturna yen “Dieng asale saka bahasa Jawa yaiku dhi kang artine gunung lan nyang sing artine para dewa-dewi.
Dadi Dieng yaiku gunung papan panggonane para dewa-dewi. Saliyane iku uga ana akeh candi peninggalan agama Hindu antarane ana candi Arjuna, candi Srikandi, candi Puntadewa, candi Sembadra, lan candi Semar. Saka hasil penelitian ahli sejarah kelompok candi Arjuna dibangun kira-kira pas pertengahan abad ke-8.
Ora adoh saka kawasan candi Arjuna uga ana telaga warna lan kawah Sikidang. Miturut cerita telaga sing katon warnane ijo, biru, lan bening amarga kena sorot sumunare srengenge yaiku telaga sing digawe pangeran calon mantu kanggo sang ratu. Rikala kuwi ana loro calon pangeran sing arep diangkat dadi mantune. Mula dibuka sayembara kanggo syarat supaya salah sijine bisa oleh sang ratu, syarate yaiku adu cepet nggawe telaga. Salah siji pangeran bakal dadi pemenange. Nanging pas ratu isih mlaku-mlaku, banjur weruh ana telaga sing banyune katon tenang lan bening ana cahayane amarga kesorot srengenge. Ratu sing isih mlaku-mlaku krasa seneng banget lan penasaran sapa sing nggawe banyu telaga kang katon endah kuwi. Banjur ratu nggoleki pangeran sing nggawe telaga kuwi amarga arep didadekake bojone sang ratu. Akhire keputusan perkara sing menang sayembara kuwi dibatalke.
Ratu lan pangeran urip rukun lan tentrem kanthi dianugrahi putri. Wektu kuwi ratu lan anake sing ayu rupane adus ana ing telaga, nanging slendang-slendange pada mabur kena angin lan tiba ing sajroning telaga banjur nglunturi banyu telaga nganti banyune dadi warna-warni. Mula saka kuwi akhire telaga iku diarani “Telaga Warna”. Ana ing lereng bukit sing cepak karo telaga warna ana kawah kang diarani kawah Sikidang.
Manut critane kawah Sikidang dipercaya yen kawah kuwi mbiyene ana istana duwekke sang ratu kang ayu rupane. Arane Shinta Dewi. Ing sawijining dina dheweke dilamar marang pangeran sing kabare gagah lan sugih. Nanging nyatane Shinta Dewi kuciwa amarga pangeran kuwi nduweni awak manungsa lan sirahe rupa kijang. Arane Kidang Garungan. Mula ben ora gampang nglamar, Shinta Dewi nduweni siasat lan njaluk syarat. Syarate yaiku njaluk digawekna sumur sing gedhe lan jero banget ing kono. Wektu kuwi sumure wis arep rampung banjur Shinta Dewi karo para pengawale ngurung sumur kuwi. Kidang Garungan wektu kuwi melu kekurung ing sumur banjur akhire melu kekubur ing sajroning sumur kuwi. Kidang Garungan berusaha supaya bisa metu saka sumur kuwi kanthi ngetokake kabeh kesaktiane banjur iku meledhak kanthi panas lan lapisane goyang utawa gogrok. Amarga saking jengkele Kidang Garungan ngutuk yen kabeh keturunan shinta Dewi bakal nduweni rambut gembel. Mula saka iku ing kutha Dieng terkenal karo anane tradisi upacara adat “rambut gimbal”.
                                                                                                           
Arsi Dinta ‘05


Asal Usule Desa Rambeanak

Kala jaman semana ana salah sijining kaluwarga kang uripe tentrem ayem. Kaluwarga sing isine mung wong loro yaiku Suminten lan anake. Suminten kuwi dadi salah sijining kembang desa amarga duwe pasuryan kang ayu sanadyan wis duwe anak. Anake Suminten uga kalebu anak kang bekti marang wong tuwa. Suminten wis suwe banget ditinggal lunga bojone kawit dheweke ngandhut nganthi seprene. Bojone Suminten dikuthuk dadi ula  neng sawah mergane nglanggar janji.
Ing salah sijining dina Rendheng njaluk pamit karo ibune mergane dheweke arep dolan karo kancane. “Bu, Rendheng badhe nyuwun izin badhe kesah kaliyan rencang-rencang,” tembunge. “Lunga neng ndi Le?”Pitakone. “Teng sawah bu,” jawabe. ”Aja suwe-suwe ya lek dolan mergane iki wis sore,” panjaluke Suminten.”Inggih bu,” jawabe. Rendheng nambahi, “Mangkeh sakderenge magrib kula sampun wangsul kok.” “Ya wis yen ngono ngati-ati wae, jawabe”.
Ora let suwe Rendheng tekan sawah. Rendheng lan kanca-kancane pada golek iwak neng kono. Saklebatan Rendheng weruh iwak mas gedhi banjur dietutake mlayune arep dicekel. Ora krasa wis nganti maghrib, ibune banjur nyusul ning sawah. Nalika Rendheng arep nyekel iwak kuwi dumadakan ana ula njedhul lan nyedhaki dheweke. Rendheng banjur jupuk watu kang arep dibalangake ula kuwi.
Ibune kang weruh banjur ngomong, “Le, aja dibalangake watune!”Ibune nambahi,” ula kuwi bapakmu!” Nanging Rendheng ora ngrungokake ibune lan ora percaya tansaya tetep arep mbalang. Boten bu, kula tetep badhe balang ula niku mergane kula arep dipangan”, tembunge. “Ora Le, ora ula kuwi jedhul ngekon kowe cepet bali mergane iki wis magrib,” wangsulane ibune. Rendheng tetep ora ngrungokake lan watu sing dicekeli arep dibalangake. Ibune banjur uga jupuk watu lan dibalangake ngenani bathuke Rendheng nganti metu getihe. “Aduh…sakit bu!” Pangrasane. “Kuwi balesanmu bocah nakal! Dikandhani ora nggugu!” Ibune duka banget. Wis saiki kowe minggata saka desa iki! Aku ora kepengin weruh kowe meneh, Le! Ibune nambahi. Rendheng ora wani mangsuli banjur lunga menyang ngendi-endi wae kang ora ngerti tujuane sambi nangis. Saking sayahe awake Rendeng lemes banjur semaput.
Ing desa Tirto kono Rendheng ditemokake karo Pak Sastra lan diopeni nganti 15 taun suwene. Pak Sastra crita kabeh kahanane Rendheng kawit saka ditemokake. Ing umure kang wis ngancik 20 taun iki dheweke pengin ketemu karo ibune. “Aku kudu ketemu karo ibuku!” Guneme. Esuk-esuk dheweke  banjur nyuwun pamit marang Pak Sastra  lan dheweke ngutarakake gegayuhane kuwi. “Pak, kula badhe nyuwun pamit, badhe madosi ibu,” panjaluke.Ya ngati-ati Le, pancen wis wayahe kowe nggoleki ibumu,” tembunge. “Nggih pun pak kula kesah riyin,” pamite. “Ya Le,” jawabe.
Rendheng nekat pokoke kudu ketemu karo ibune. Sepuluh dina sepuluh wengi dheweke mlaku nggoleki ibune tanpa durung kasil apa-apa. Nalika dheweke lagi mlaku ngliwati ngalas krungu swara, “ tulung…tulung!” Dheweke nyedhaki banjur nulung wong kuwi. Jebule sing jaluk tulung kuwi wanita desa kang kepleset. “Wah ayune wanita iki!” Tembunge. Sing ditulungi banjur,” matur nuwun kang.” Kawit saka kuwi wong sakloron kenalan lan kerajut benang katresnan.
Dina sateruse nalika Suminten arep jupuk capil neng alas, dheweke kepethuk ula gedhe. Ula kuwi dudu panjelmane bojone mergane arep mangan Suminten. Suminten banjur,” tulung…tulung!” Rendheng sing krungu swara kuwi banjur mara lan nulungi. Dheweke nggegem watu banjur dibalangake. Suminten sing weruh banjur kelingan anakke biyen sing wis tau dikon lunga.
Dheweke banjur kelingan yen pria sing disenengi saiki saknyatane anakke dhewe. Dheweke banjur ora tau nemoni pria kuwi. Nanging Rendheng sing wis kebacut tresna tetep marani omahe Suminten pendak dina. Ing sawijining dina dheweke teka lan ngomong neng ngarepan ngomahe,” Suminten apa salahku kok sliramu ora gelem nemoni aku?”Apa kowe wis ora tresna?”Aku pengin nggarwa sliramu!”Suminten banjur mangsuli,” Rendheng sliramu kuwi anakku biyen sing tak kon lunga dadi aku ora sreg yen aku ngantenan karo kowe!” Dheweke mangsuli,” Alah aku ora percaya sing penting aku tetep tresna karo sliramu!” Suminten nyauri meneh,” Ya yen panemumu tetep kaya ngono, aku duwe panjaluk aku gelem ngantenan karo sliramu  yen kowe bisa gawe desa iki dadi subur, ayem, tentrem lan ora ana udan watara telung dina iki”. “Piye sanggup ra?”Pitakone.”Ya aku sanggup!” Tembunge.
Wektu telung dina kuwi terus digunakake Rendheng kanggo nyaguhi panjaluke Suminten. Nanging Suminteen terus ndonga marang Sing Kuwasa supaya dheweke ora bisa nglaksanakake kasanggupane mau. Pungkasane usahaane Suminten kuwi kasil ing dina ketelu. Ing dina ketelu kedadean udan deres, taneman-taneman para tani dipangan tikus lan akeh sing mati. Rendheng banjur semplah atine. Ing ngarepan ngomahe Suminten, dheweke ngomong, “ kowe seneng ya yen aku ora bisa mujudake penginanmu kuwi?” dheweke banjur mangsuli, sliramu ngerti apa sebabe?” Mergane aku ora pengin rabi karo anakku dhewe.”
Saka omongane Suminten kuwi banjur wong-wong desa jenengi desa kuwi Rambeanak. Cerita kuwi dipercaya wong-wong nganthi saiki.

Dhimas Yhoga Saputra ‘05


Asal Mula Daerah Mbathang,
Desa Pangenrejo lan Sumur Blabak

Dhek Jaman biyen, ing salah sawijining dhaerah, ana pangeran cacahe loro. Kaloro pangeran iku mau senenge adu manuk. Manuk gemek utawa manuk puyuh jenenge.
Ing salah sawijining dina, pangeran loro kuwi mau ketemu saperlu ngedu manuk gemeke. Salah siji saka manuk gemek kuwi mau kalah banjur mlayu mabur ngarah ngetan-ngalor. Sanajan wis kalah gelut, abure manuk gemek mau isih bias banter banget. Ananging, ora let suwe, manuk mau tiba, mati banjur dadi bathang. Mula kuwi, panggonan papan matine manuk gemek sing kalah mau nganti saiki dijenengake dhaerah “ MBATHANG”.
Manuk gemek sing menang mau, ora ngerti yen musuhe wes mati,.  Dheweke melu mabur, ngoyak/nututi musuhe, ngono karepe nganti rada adoh anggone manuk mabur nututi musuhe, nanging tetep ora ketemu. Manuk mau kesel, banjur leren/istirahat ing salah sawijining dhaerah sawijining dhaerah sing subur lan sugih/akeh pangan. Manuk mau ngrasa gampang banget anggone golek pangan nang dhaerah kono mau. Mulane dijenengake “PANGENREJO”. Pangen saka tembung asal pangan lan rejo amarga dhaerah kono akeh sugih pangan.
Sakwise wareg golek pangan nang dhaerah Pangenrejo, iku mau, manuk gemek banjur mabur neneh bali menyang dhaerah asale. Ana ing dhaerah kono, manuk ora sengaja nyucuk lemah. Saka lemah sing dicucuk mau, metu banyune kang ora tau sad/asat sanajan musim ketiga. Saya suwe banyune saya akeh banjur dadi sumur/belik. Yen didelok mata, dhasar sumur mau kaya blabak, ananging sejatine lemah. Mung yen ketok mata wae kaya blabak. Sumur/belik kuwi mau banjur dijenengake “Sumur Blabak”.
Cerita asal usule dhaerah Mbathang desa Pangenrejo lan sumur Blabak sing wis katulis kuwi mau, sumbere saka ceritane sesepuh sing ana ing desa Pangenrejo, Kecamatan Purworejo, Kabupaten Purworejo. Ananging uga ana versi liya babagan asal-usul jeneng desa Pangenrejo.
Versi liya saka sumber sing bias dipercaya, Pangenrejo iku papan kanggo angon wedhus. Pangen saka tembung asal angon lan rejo amarga subur. Mulane dijenengake Pangenrejo.

Merita Wulansari ‘05


GUNUNG TIDAR

Gunung Tidar dumunung ing Magelang Jawa Tengah, Tidar mujudake gunung kang cilik kang luwih memper gumuk. Senajan mung gunung kang cilik ananging ora kalah moncere saka gunung Merapi utawa Gunung Merbabu. Kon ora moncer piye yen gunung cilik kuwi disebut-sebut dadi pakuning tanah Jawa. Kepriye rarahane nganti Tiadar, gunung kang cilik kuwi disebut minangka pakuningntanah Jawa? Salah sawijining sumber nyritakake kaya ing ngisor iki:
Rikala jaman kuna, amarga wujude cilik, Tanah Jawa kuwi kampul-kampul ing tengah laut, kerep ngolah-ngalih amarga katut ombak. Malah kadangkala yen mangsa ombak gadhe pulo Jawa iki kerep ilang amarga temangsang ing pulo-pulone liya kang luwih gedhe. Ngolah-ngalihe Tanah Jawa mau kerep gawe bingunge para dewa kang arep sowan marang Kyai Semar, kacarita ndek jaman semana Kratone Semar kuwi ana ing Tanah Jawa.
Salah sawijining dina, Para dewa ing Khayangan arep padha nganakake rembugan. Ngrembug babagan uripe manungsa ing alam donya iki, gegayutan karo perkara mau para dewa konkonan rewange kanggo marani Semar supaya teka menyang Khayangan saperlu melu rembugan. Anangin merga sewengi ombake gedhe banget, utusan mau ora bisa nemokake pulo Jawa. Utusan mau bali maneh ing kayangan banjur matur bilih pulo Jawa ilang, digoleki ing kiwa-tengene meksa ara ana.
Krungu kabar kaya mau para dewa dadi bingung, eneng ngendi sejatine pola Jawa kiwi keli. Bareng didelok nganggo kaca benggala jebule pulo Jawa mau temangsang ing panggonan kang wujude memper endhas manuk. Nganggo kekuatan ghaibe para dewa pula Jawa ditarik, dibalekake ing panggonane maneh. Bareng pulo Jawa wis mbalik ing panggonane, Semar didawuhi sowan ing Khayangan.
Sak tekane Semar tekan Khayangan, para dewa sida ngrembugake kabeh babagan uripe para manungsa. Perkara ngolah-ngalihe pulo Jawa uga ora lali padha dirembug. Semar ngusulake kepriye yen pulo Jawa kuwi dicancang wae, nanging dicancang karo ngendi yo dheweke isih mikir. Nanging bareng dipikir-pikir, yen dicancang, tali sing kanggo nyancang mau bakal ngalang-alangi lakune menungsa. Ujug-ujug ana dewa kang ngusulake bakal luwih becik yen pulo Jawa kuwi dipaku wae. Krungu usul mau para dewa padha manthuk-manthuk ateges sarujuk.
Para jim bikongkom ngusungi lemah saka Khayangan kanggo maku Tanah Jawa. Kaping pisan dijajal dipaku sisih kulon, bareng dipaku sisih kulon nyatane malah njomplang ngulon. Bareng kulon njomploang banjur sisih wetan kang dipaku, jebul paku ing sisih wetane luwih gedhe dhadekake pulo Jawa njomplang ngetan. Wis dipaku wetan kulon tetep urung kasil, akhire dijajal dipaku ing tengah nganggo paku kang cilik. Kenapa paku cilik? Amarga tengah-tengahe pulo jawa kuwi mbangkek, yen pakune gedhe-gedhe samar nek pulo Jawa malah tugel. Bareng dipaku tengahe, pulo jawa mau anteng, ora gonjang-ganjing apa maneh njomplang. Paku cilik kuwi awujud gunung, yaiku gunung Tidar.
Manut critane, menawa gunung Tidar kang dadi pakune tanah Jawa mau ilang, ing tanah Jawa iki arep ana banjir bandhang.

Nurul Badiah ‘05


Asal Usul Dusun Limbangan Lan
 Sendang Madukusuma

Rikala semana ana dusun kang manggon ing tegalan Kasih, akeh bencana utawa bebaya kang tansah teka. Kabeh mau ndadekake akeh warga kang kelangan nyawa ing saben dinane. Mula seka iku wargane padha pindah ing tegalan Pejarakan (Pejarakan : amarga akeh wit jarak).
Ing sawijining dina, katekan pawongan kang sekti. Jenenge Kyai Lintang Trenggana. Pawongan mau arep malu sesuci ananging, wektu iku ora ana banyu. Dheweke banjur nancepake tongkate ing lemah sangisore wit jarak. Tilas tangkate mau banjur metu banyune.
Tuk mau banjur digawe pancuran kang diwenehi jeneng sendang Madukusuma utawa kali Njarak (njarak : amarga ing ngisore wit jarak). Banyu kang mili seko pancuran mau ilang yen wis mancur ing lemah.
Warga dhuwe pamikiran yen banyu kang ilang mau bali maneh ing njero blumbangane. Seko tembung blumbangan Suwe-suwe dusun iku diwenehi jeneng Limbangan (limbangan: seka tembung blumbangan).
Ing sandinge blumbang sendang iku, ana watu kang ana tepak tangane kyai lintang Trenggana. Tepak tangan iku isih nganti saiki.
Masyarakat limbangan ing saben taune nganakake sadranan kanthi nanggap jaran kepang Ian wayang kutit ing pelataran sendang. Sadranan mau dianakake kanggo ngeling-ngeling jasane Kyai Lintang Trenggana kang wis ninggali sendang kang banyune kanggo banget kanggo uripe masyarakat Limbangan Ian banyune mili lancar tekan saiki.

Suci Anggarini ‘05


Asale Kutha Kebumen

         Ing taun 1965-an keraton Mataram nduwe gawe amarga, Sinuhun Prabu Mangkurat Agung (Amangkurat I) munggah dhampar praja Mataram ngganti ingkang rama Sultan Agung.
         Prabu Amangkurat I nduwe tindak-tanduk kang ora disenengi kawula keraton lan rakyate. Beda banget karo ramane, Sultan Agung kang duwe tindak-tanduk apik. Prabu Amangkurat ora disenengi amarga dheweke kekancanan karo kompeni penjajah. Palah ora mung kekancan nanging uga nganakake prajanjen sing gawe rakyat susah. Kajaba iku uga tindak-tanduke akeh kang cengkeh klawan lkaro kekarepane para sentana, nara paraja dalah kawula Mataram.
         Pamane, Pangeran Bumidirja, ora senang klawan apa bae sing dadi tindak-tanduke rajane. Amarga ora tahan karo tindak-tanduke Amangkurat lan dheweke nganti ora keras dhahar, mula dheweke banjur milih lolos saka praja. Pangeran Bumidirjo banjur lunga ora pamitan karo rajane. Bumidirjo lunga saka kraton lan luwih milih mlaku ngulon saka kraton marga dhaerah iku dianggap aman lan akeh papan kang taksih kosong.
         Pirang-pirang ndina Pangeran Bumidirja olehe mlaku ngulon lan during ngerti tujuane. Sang Pangeran mlaku terus kanthi tekan kali Luk Ula, lan dheweke banjur ngaso ana ing sangisoring mandiri. Ing papan kono Bumidirjo muja semedi nyuwun pitedah marang kang Maha Agung. Ing pepujene dheweke entuk wangsit : “sang Pangeran supaya mbuka papan kono kanggo dumunung.” Sakwise entuk wangsit Pangeran banjur mbuka alas kosong ing kono kanggo papan dumunung.
         Ing papan kang anyar iku, Bumidirja nyamur kawula lumrah lan nilar asma saka praja, lan ganti asma dadi Ki Bumi. Marga papane subur lan tentrem, ndadekake akeh wong kang padha melu manggon ana ing kono. Papan kang maune sepi banjur dadi rame. Marga kang mbuka papan kono Ki Bumi, mula wong-wong banjur nyebut papan anyar kuwi kanthi jeneng Ki Bumian. Saka tembung Ki Bumian, papan kuwi dadi ganti jeneng maneh amarga kedaling lathi dadi Kebumen.
         Lungane Pangeran Bumidirja, ndadekake penggalih marang raja Amangkurat I. sang prabu banjur ngutus prajurit sandi kanggo nggileki lan ngutus pamane kondur menyang kraton. Utusane Amangkurat banjur nemokake papan dumununge Pangeran Bumidirjo, yaiku ana ing Kebumen. Nanging para parajurit ora ngerti yen Pangeran Bumidirjo wis ganti asma dadi Ki Bumi. Para prajurit banjur diterake marang omahe Ki Bumi. Ing omahe Ki Bumi, para prajurit banjur ngomong apa kang dadi tujuane, yaiku ngaturi kondur Pangeran Bumidirja. Nanging Pangeran Bumidirja ora kersa kondur. Amarga sang pangeran ora kersa kondur, para prajurit uga ora wani bali menyang kraton amarga wedi karo Amangkurat . Bumidirja wis mrentah prajurite nanging tetep padha ora gelem bali, lan sidane para prajurit milih dadi abdine Bumidirja. Para prajurit lan Pangeran Bumidirjo banjur bareng-bareng pindhah menyang desa Lerep.
         Amarga wis sepuh lan asring gerah Ki Bumi terus seda ana ing papan anyar kono yaiku Ludhong kecamatan Kutowinangun, Ki Bumi banjur disarekake ana ing papan kono. Buyute Ki Bumi aran Jaka Sangkrip kang banjur kondhang nurunake trah Arungbinang. Trah iku kang sepisanan ngembat pranatan ing kabupaten Kebumen.

Vera Tri Handayani ‘05


ASAL USULE DESA TUK SANGA

Rikala jaman semana ana salah sijining kaluwarga kang urip ayem lan tentrem. Kaluwarga kasebut manggon ing salah sijining desa ning kabupaten Magelang kang jenenge desa Ngadirejo. Kaluwarga kasebut cacahe mung ana wong telu yaiku Dewi Sekar Arum, anake sing jenenge Jaka Silawe lan rewange sing jenenge Suwiryo. Rewange kuwi wis dinggep kaluwarga dhewe karo wong tuwane Jaka Silawe mergane wis melu kawit biyen. Kaluwargane Jaka Silawe iku klebu kaluwarga kang apik mergane bisa srawung karo brayat desane. Bapake jenenge Ki Supeno. Biyene dadi lurah ning desa Ngadirejo nalika dheweke isih urip. Kadhang Jaka Silawe lan ibune ngrasa sepi banget mergane wis suwi ditinggal mati Ki Supeno.
Saiki Jaka Silawe wis dadi priya dewasa kang duweni pasuryan bagus, pinter, bekti marang wong tuwa lan ora tau mbantah yen dikandhani. Dewi Sekar Arum banget nresnani anake kawit dheweke lair. Dheweke mesthi kelingan janjine marang bojone yen dheweke arep nresnani anake sakabehe.
Ing sawijining dina, Jaka Silawe duwe pepenginan arep ngumbara ning desa liya supaya dheweke tambah ilmu lan pengalamane. Dheweke banjur ngutarakake niyate marang ibune kanggo njaluk ijin arep ngumbara ning desa liya. Sanyatane Jaka Silawe ora tega nanging meh piye meneh amarga kuwi wis niyat saka ati. Dheweke sakdurunge uga oleh ngimpi yen dheweke mengkone saka ngumbara iku arep oleh kabegjan. Nanging dheweke durung ngerti apa sejatine wujud kabegjan kuwi. Sakliyane kuwi dheweke niyat ngumbara uga pengin golek wong wadon kang mengkone yen sreg arep didadekake bojone supaya bisa ngopeni ibune.
Dewi Sekar Arum wiwitane ora tega lan nangis. Dheweke kang mangerteni anake banjur ngrestoni anake. Kanthi rasa sedih, Dewi Sekar Arum ngeterake lungane lan dheweke nyangoni keris kang sekti sarta donga kanggo Jaka Silawe.
Sakwise pamit, Jaka Silawe lunga saka ngomah tumuju arah salah sijining desa ing Borobudur. Ing dalan kono dheweke ketemu karo sesepuh desa kuwi kang sekti, Ki Jago jenenge. Sesepuh iki ngomong yen dheweke ameh bisa ketemu karo wong wadon sing digoleki, nanging dheweke kudu bisa nglakoni syarat antarane : Jaka Silawe kudu bisa urip dadi rakyat biyasa kang apa anane, dheweke kudu ganti jeneng lan dheweke kudu bisa nyaguhi panyuwunan saka wong wadon kasebut. Dheweke banjur ngganti jenenge dadi Jaka Pasemah.
Jaka Pasemah ngumbara tumuju desa kang dikarepake ana ning ngimpine. Tekan kono dheweke ndeleng kahanan kang beda. Desa kuwi aneh ora kaya biyasane. Desa kasebut durung diwenehi jeneng lan desa kuwi uga lagi kena memala yaiku kedadeyan ketiga dawa banget. Sasuwene wis rong taun ora ana udan. Sakliyane kuwi kali kang cacahe ana sanga ning kono uga meh garing. Lurah lan brayat desane pada bingung mergane yen mengko desane dadi garing kabeh tur ora ana banyu, kepriye dadine nasibe sakabehe. Mergane kuwi desa kasebut durung diwenehi jeneng.
 Kebeneran Pak Reksa sing dadi lurah ning desa kuwi duwe anak wadon mung siji kang ayu nengsemake yaiku Dewi Sekar Wulan. Dheweke uga banget ditresnani karo Pak Reksa.
Sawijining dina, ing desane Pak Reksa dianakake sayembara. Sayembara iku dianakake uga kanggo kapentingan putrine lan desane. Pangarep-arepe desane bisa pulih meneh kaya biyasane. Kabeh brayat desa nganti para pegawe kelurahan melu sayembara kuwi, nanging durung ana sing bisa nyaguhi syarat panyuwune Dewi Sekar Wulan. Kasempatan kuwi ora disia-siakake Jaka Pasemah kanggo narik kawigatene Dewi Sekar Wulan.
Sore kuwi Jaka Pasemah teka ning ngomahe Pak Reksa mergane dheweke pengin melu sayembara. Ning kono uga ana Lurah saka desa Nglerep. Kalorone banjur diwenehi ngerti syarat-syarat kang diajukake Dewi Sekar Wulan. Sepisan dheweke pengin calon bojone mengkone bisa mulihake desane kuwi, kapindo Dewi Sekar Wulan uga pengin yen bojone mengko bisa nggawe tuk kang cacahe ana sanga. Jaka Pasemah lan Lurah Broto nyaguhi syarat kang diajukake kuwi. Pak Reksa banjur ngenehi wektu pitung dina kanggo nyaguhi panyuwune putrine.
Saka sayembara kuwi Dewi Sekar Wulan kang weruh Jaka Pasemah ing omahe banjur ana rasa. Ora let suwe Jaka Pasemah bisa ngrajut benang katresnan marang Dewi Sekar Wulan. Saben wengi dheweke ngajak lan ngampiri Dewi Sekar Wulan metu saka ngomahe kanggo ndeleng wulan lan lintang ing angkasa.
Sawijining wengi Jaka Pasemah lagi kurang apik nasibe. Dheweke konangan para pegawale Dewi Sekar Wulan. Jaka Pasemah dikira pandung kang arep nggawa Dewi Sekar Wulan. Para pengawal lapor marang pimpinane, Pak Sambiroso. Desa iku dadi geger. Pak Sambiroso mrentahake supaya nyekel pandung kuwi. Jaka Pasemah mbela yen dheweke dudu maling banjur ngomong yen dheweke mau mung pengin ngeterake putri mlaku-mlaku sedhela. Nanging omongane tetep ora dipercaya malah marakake Pak Sambiroso saya nesu lan tetep mrentahake supaya nyekel Jaka Pasemah urip utawa mati. Jaka Pasemah banjur dislametake Kyai Jago nganggo ilmu pancasaktine. Jaka Pasemah bisa lunga saka sekapane prajurit banjur mbalik ning omahe ing tengah alas.
Jaka Pasemah iku ora ngerti yen ibune kangen lan terus mikirake kahanane. Mergane dheweke durung ngenehi kabar sithik-sithika babagan dheweke kang lagi ngumbara kuwi. Dewi Sekar Arum pengin nggoleki anake. Nanging gegayutan kuwi ora bisa dilakoni dheweke mergane para brayat desane lagi pada mbutuhake pitulungane. Dewi Sekar Arum banjur ngutus Suwiryo supaya nggoleki Jaka Silawe nganti ketemu. Dheweke diwenehi keris sekti karo Dewi Sekar Arum kanggo jaga-jaga lan kanggo nglawan musuhe.
Jaka Silawe kang bisa slamet saka pengawal-pengawale Dewi Sekar Wulan banjur mutusake kanggo nggoleki Ki Jago. Dheweke kepengin diwenihi pitedah marang Ki Jago mergane dheweke ora percaya marang awake dhewe. Wektu pitung dina kuwi apa cukup kanggo dheweke nyaguhi panjaluke Dewi Sekar Wulan. Dheweke banjur nggeblas lunga ning desa Borobudur kanggo nemoni Ki Jago.
Lurah Broto kang kawit sepisan ora seneng karo Jaka Silawe banjur ngutus Sambiloso kanggo ngawasi, golek warta lan nyerang Jaka Silawe. Jaka Silawe dianggep saingan lan mungsuhe kang kudu dipateni. Mangkane kawit dheweke metu saka ngomahe duwe pangrasa kang ora penak. Jebule dheweke bakalan diadang lan diserang karo Sambiloso ing tengah dalan. Jaka Silawe sing maune ora ngerti yen arep diserang kuwi kaget banjur dheweke ngetokake ilmu sekti mandraguna supaya bisa nglawan Sambiloso. Jaka Pasemah kang tandhing nglawan Sambiloso kuwi kanthi sakuwat tenaga nglawan mungsuhe nganthi anggone tandhing pindah-pindah panggonan saka desa siji ning desa liyane.
Sambiloso kuwi gelem nrima panjaluke Lurah Broto kang kudu tandhing karo Jaka Pasemah kuwi dadi salah sijining wujud pangabdene marang lurah Broto. Dheweke uga diwenehi keris sekti kang jerone wis diwenehi racun kanggo mateni Jaka Silawe.
Jaka Pasemah lan Sambiloso terus-terusan tandhing adu kasekten. Sambiloso kasil nancepake keris sekti ning dhadhane Jaka Pasemah. Sanalika getih ning awake Jaka Pasemah metu deres. Nanging dheweke tetep bisa mbales nancepake kerise ning wetenge Sambiloso. Pungkasane Sambiloso mati sanalika.
Jaka Pasemah kang kahanan awake kaya ngono kuwi tetep bisa nglanjutake tujuane nemoni Ki Jago. Ora let suwe dheweke tekan ngomahe Ki Jago. Ing kono dheweke diobati banjur ngutarakake niyate kuwi. Dheweke banjur diwenehi pepeling, yen dheweke pengin bisa mujudake gegayuhane kuwi dheweke kudu pasa telung dina lan dheweke kudu ndonga marang Sing Kuwasa supaya dheweke digampangake nglakoni kauripan iki. Kanthi kasektene Ki Jago, Jaka Pasemah bisa pulih kaya biyasane maneh. Dheweke pamitan banjur bali ning ngomahe.
Satekane ing ngomahe Jaka Pasemah kaget mergane ana priya kang lagi liren neng ngarepan omahe. Dheweke ngira yen priya kuwi utusan Lurah Broto meneh. Dheweke langsung siyaga arep nglawan priya kuwi. Suwiryo sing weruh banjur siyaga uga. Kalorone tandhing. Pungkasane Suwiryo kalah lan nyuwun welas asihe Jaka Pasemah supaya dheweke ora dipateni. Jaka Pasemah banjur ngampuni. Suwiryo banjur ngutarakake maksude dheweke bisa nganti tekan kono. Dheweke kuwi mung nitip liren lan dheweke ngomong yen dheweke mung diutus Dewi Sekar Arum kanggo nggoleki anake sing jenenge Jaka Silawe. Jaka Pasemah kang sadar banjur ngomong yen dheweke kuwi sejatine Jaka Silawe nanging merga ngumbara kuwi dheweke ganti jeneng dadi Jaka Pasemah. Suwiryo banjur ngrangkul Jaka Silawe lan dheweke uga ngucapake syukur mergane dheweke wis bisa nemokake Jaka Silawe. Jaka Pasemah banjur nitip salam kanggo ibune lan nitip didongakake supaya bisa tetep nglakoni pangumbarane kanthi lancar. Suwiryo pamit banjur dheweke bali neng desa Ngadirejo meneh mergane dheweke kudu ngancani ibune Jaka Silawe.
Jaka Pasemah kang wis nglakoni kabeh pepelinge Ki Jago ing dina kepitu banjur bali ning desane Dewi Sekar Wulan. Dheweke kanthi pracaya marang awake dhewe teka ning ngomahe Dewi Sekar Wulan. Nanging dina-dina kang ditunggu kuwi kanyatan pupus ing tengah dalan mergane dheweke wis kedhisikan Lurah Broto. Perang tandhing antarane kalorone dibatalake amarga Lurah Broto wis ngomong dhisik marang Pak Reksa yen dheweke kuwi tresna temenan lan duwe pepinginan arep nggarwa Dewi Sekar Wulan. Yen ditolak dheweke bakal ngorak-arik desane. Dewi Sekar Wulan diwenehi wektu sedina kanggo njawab panyuwune Lurah Broto. Kabeh kaluwargane dadi bingung. Bapake mung bisa nyerahake kabeh nasib brayat desane ning tangane Dewi Sekar Wulan.
Jaka Pasemah kang ngerti kahanan penggalihe Dewi Sekar Wulan banjur ngenehi saran supaya dheweke gelem dadi garwane Lurah Broto mau. Ananging ngajukake syarat supaya ora sida perang lan mateni Jaka Pasemah.
Pak Reksa banjur masrahake nasib anake lan desane marang Jaka Pasemah. Dheweke diwenehi tugas nylametake Dewi Sekar Wulan supaya ora sida ngantenan karo Lurah Broto. Dheweke kudu ngrerusak upacara pengantenan kuwi.
Dina kang ditentokake akhire teka. Para pengawale Lurah Broto teka ning ngomahe Pak Reksa. Dheweke nagih jawabane Dewi Sekar Wulan. Dewi Sekar Wulan banjur nyaguhi panjaluke Lurah Broto. Ing dina iku uga dianakake upacara penganten. Ing kono Lurah Broto lan para pengawale dijamu lan diwenehi ombenan sing wis dicampuri racun. Ombenan kuwi bisa mateni sapa wae ewandene wong kuwi nduweni kasekten sing paling sekti. Kasektene Lurah Broto kuwi dadi kurang mergane dheweke lan para pengawale wis ngombe ombenan kuwi.
Nalika Upacara penganten, Jaka Pasemah ngrusak acara kuwi kang nggawe Lurah Broto dadi duka banget. Lurah Broto banjur ngejak tandhing Jaka Pasemah. Lurah Broto kang kasektene dadi kurang kuwi gampang dikalahake. Para pengawale uga ngono. Kabeh pada bisa dikalahake lan dipateni.
Jaka Pasemah kang wis nulungi Dewi Sekar Wulan banjur nyaguhi syarat-syarat panjaluke kang diajukake ing dina-dina kepengker. Dheweke banjur lunga metu menyang kali-kali kang cacahe sanga tur garing kuwi. Dheweke banjur ndonga marang Sing Kuwasa supaya diwenehi dalan sing gampang kanggo nggawe tuk sing cacahe sanga kuwi. Pak Reksa lan Dewi Sekar Wulan sarta brayat desane ngetutake ning mburine. Saben kali diparani Jaka Pasemah tur didongani. Dumadakan awan ning langit dadi mendhung lan kadadeyan udan deres. Kali sing cacahe sanga kuwi banjur pada metu banyune. Kabeh brayat desa kaget lan pada nyebut, “Tuk sanga...Tuk sanga!” Para brayat desa sajak ora percaya mergane entes wae kadadean babagan kang aneh ora kaya biyasane. Para brayat desa, Pak Reksa lan Dewi Sekar Wulan banget matur nuwun marang dheweke.
Pak Reksa banjur ngundhang Jaka Pasemah ing omahe. Ing kono dheweke dijamu lan mangan bareng karo Dewi Sekar Wulan. Jaka Pasemah banjur nyritakake sejatine dheweke. Dheweke ngaku yen putrane Pak Lurah Supeno. Jebule Pak Lurah Supeno kancane Pak Reksa nalika nom-nomane mbiyen.
Pak Reksa banjur ngutus pengawale supaya ngganti klambine Jaka Pasemah. Jaka Pasemah kang maune dadi rakyat biasa kuwi saiki bali ning desane Pak Reksa kanthi klambi kang apik. Ibune Jaka Pasemah banjur dijemput lan diundang ning omahe.
Pak Reksa banjur ngantenake putrine kang ayu nengsemake marang Jaka Silawe kang wis direstoni Dewi Sekar Arum. Sakwise kuwi Jaka Silawe diangkat dadi Lurah ing desane Pak Reksa kanggo ngganteni dheweke. Desa kuwi banjur dijenengi Tuk Sanga kang nduweni Tuk sing cacahe ana sanga mau kang ana ing Kabupaten Magelang. Para brayat desane kauripane dadi ayem lan tentrem.

Rinda Agus ‘05






PANDAN KUNING

Pandan Kuning minangka salah sijine obyek wisata sing dikramatake dening masyarakat laut Petanahan. Pandan kuning saka tembung Pandan salah sijine wit-witan lan Kuning. Panggonan nyepi Pandan Kuning  dijaga lan dirawat dening juru kunci kayata :
1.    Mbah Kerti                  s.d 1947
2.    Mbah Sanwiradi   1947     s.d 1965
3.    Mbah Madrakis    1967     s.d 1975
4.    Mbah Kramasentana            1975   s.d 1976
5.    Mbah Sanwireja   1976     s.d 1993
6.    Mbah Abdurrohman          1993       s.d sekarang
Raden Soedjono lan Dewi Sulastri minangka tokoh sing cukup legendaris babagan legenda Pandan Kuning. Legenda iki kawiwitan nalika Kerajaan Mataram pemerintahan Sutawijaya (1601). Nalika jaman pemerintahan Mataram kabagi dadi kabupaten-kabupaten kayata Kabupaten Pucang kembar, Bulu Pitu, Loano dll.
Bupati Citra Kusuma kang mbawahi Kabupaten Pucang kembar nduweni putra kang ayu rupane kang sesulih Dewi Sulastri. Bupati Pucang Kembar wis nyiapake calon garwa kanggo Dewi Sulastri, amarga pancen wis dadi padatan wektu semana yen jodho iku ditentokake wong tuwa, sanadyan tasih cilik. Joko Puring iku sing dadi pasangane Dewi Sulastri manggon ing Pucang kembar, lan deweke wis direngkuh kaya dene keluargane dhewe.
Kacarita ana ing sawijining dina ana nom-noman kang bagus rupane putrane Demang Wonokusumo saka Karang Gumelem, teka ing kono sak perlu arep suwito marang Bupati Citra Kusumo. Satekane Raden Soedjono agawe Bupati Citra Kusumo goreh atine, arep nampa pasuwitane Reden Soedjono apa ora. Ana ing kono Dewi Sulastri njaluk supaya kang rama nampa pasuwitane Raden Soedjono, ananging Joko Puring ora sarujuk amarga kebak rasa cubriya. Raden Soedjono bisa ketampa pasuwitane kuwi amarga karo syarat kang diajokake dening Joko Puring, bilih Raden Soedjono nyambut gawe minangka gamel (tukang golek suket) lan juru taman.
Ana ing wektu-wektu pasuwitane Raden Soedjono minangka gamel lan juru taman dheweke katarik marang latian keprajuritan, lan ana ing pungkasan dheweke mlebu dadi salah sijine prajurit.
Ing sawijining dina Raden Soedjono ketemu karo Dewi Sulastri ana ing taman sari lan karo-karone padha ngandaraken katresnan. Adhi-adhine Dewi Sulastri kang sesulih Usmana lan Usmani mangerteni bab iku. Mila banjur ndadekake sulaya.
Rumangsa ora bisa ngalaheke Raden Soedjono, Usmana lan Usmani lunga wadul karo Joko Puring babagan Raden Soedjono lan Dewi Sulastri.
Pasulayan Raden Soedjono karo Joko Puring ora bisa dipenggak maneh. Amarga krasa kalah Raden Soedjono mlayu saka pasulayan. Dheweke lunga marang Brangkal lan njaluk pangayoman marang Kyai Karyadi.
Jaka Puring ngoyak Raden Soedjono nganti tekan omahe Kyai Karyadi, nanging Raden Soedjono ora bisa ditemokake amarga umpetan ana ing lumbung pari. Amarga buronan ora bisa ditemokake, mila Joko Puring lan adhi-adhine padha bali tanpa kasil.
Sawise dirasa aman Kyai Karyadi ngundang Raden Sodjono lan nakokake apa sing sajatine kedaden. Raden Soedjono njlentrehake kabeh kedadeyan sing wis kadaden. Ana ing pungkasan dheweke njaluk pitedah kanggo ngepek bojo Dewi Sulastri supaya kaleksanan. Kyai Karyadi menehi pitedah supaya Raden Soedjono nyepi ana ing sangisore wit Lo kang ana ing desa Grenggeng.
Pungkasane Raden Soedjono tekan ana ing Grenggeng banjur nggoleki wit Lo kanggo nyepi. Kanthi persiapan lahir lan batin, uga kebak gegayuhan kaleksanan jiwa lan ragane. Kanthi tekad kang gedhe kanggo entuk Dewi Sulastri minangka bojo.
Wisiking angin rumesep ing kalbu Raden Soedjono. Kaprungu swara tanpo rupa, lan manahe bisa nampa swara kuwi.
“ Soedjono, sajatine kasenengan yaiku minangka kasil saka perjuangan. Yen kowe pengin entuk kasenengan kuwi, mila siapake awakmu kanggo nglakokake salah sijine dharma bekti marang wong kang wis nggedhekake kowe.”
Barang keprungu swara mau, Raden Soedjono banjur nyekar ana ing pesareane Panembahan Baribin. Ana ing semedine, Raden Soedjono entuk wisikan gaib supaya Raden Soedjono nerusaken nyepine ana ing kali Palemahan lan Kali Bantar sing ana ing tlatah Buayan murih bisa entuk Pusaka Gandik Kencana lan Bancet Kencana.
Pungkasane apa kang dilakokake Raden Soedjono kasil lan deweke bisa entuk pusaka Gandik Kencana lan Bancet Kencana kanggo ngalahake Joko Puring.
Kanthi sesingidan dheweke enggal-enggal menyang Pucang Kembar saperlu nemoni Dewi Sulastri, banjur nyritakake apa kang wis kadadeyan kanthi ngati-ngati. Sateruse Raden Soedjono prentah marang Dewi Sulastri, supaya Dewi Sulastri nyuwun marang kang rama kanggo nganakake giri patembaya.
Kaprungu panjaluke putra kang paling ditresnani mila Bupati Citro Kusumo ngumumake giri patembaya.
Sauntara ana ing wektu kuwi, Joko Puring njaluk supaya enggal-enggal didaupake karo Dewi Sulastri kang wis sawetara suwe dadi idham-idhaman ning atine. Kanggo nampik panjaluke Joko Puring, Dewi Sulastri nduweni panjaluk supaya karo-karone yaiku Raden Soedjono lan Joko Puring diedu.
Paprangan ora bisa dipenggak maneh. Kadigdayane Raden Soedjono nyata ana ing sangisore kadigdayane Joko Puring. Mangerteni menawa idhamaning ati bakal asor ing yuda, mila tanpa mikir dawa Dewi Sulastri langsung namakake pusaka Gendik Kencana, lan ora mleset ngenani awake Joko Puring. Joko puring kalah lan mlayu ninggalake arena uga ninggalake Pucang Kembar.
Amarga menang paprangan lan uga nduweni pusaka Gendik Kencana lan Bancet Kencana, Raden Soedjono bisa ngepek garwa Dewi Sulastri.
Sawise dhaupane Raden Soedjono karo Dewi Sulastri, adipati Citro Kusumo menehake kekuasaan marang Raden Soedjono. Dheweke nyingkir dadi Begawan  kanthi sesulih Begawan Citro Kusumo. Ora sauntara suwe dheweke entuk layang saka mataram kang isine prentah kanggo numpas brandhalan ono ing Gunung Tidar. Ana ing tapane, Begawan Citro Kusuma entuk wangsit bilih kang  bisa numpas brandhalan ora liya yaiku mantune dhewe kang sesulih Raden Soedjono. Kanthi rasa kang abot Begawan Citro Kusumo ngeculake Raden Soedjono.
Ora sawetara suwe Raden Soedjono tekan ing Gunung Tidar nalika wayah bengi. Ora nyangka yen Raden Soedjono bakal entuk lawan kang abot yaiku pimpinan garong ing Gunung Tidar. Paprangan gedhe kaleksanan, yaiku Raden Soedjono lan pimpinan garong Gunung Tidar. Ananging prayata yen kadigdayaan Raden Soedjono luwih dhuwur ketimbang brandal Gunung Tidar. Pimpinan garong Gunung Tidar kalah dening tangane Raden Soedjono.
Ing wengi kang peteng lelimengan Raden Soedjono tumungkul, dheweke migatekake rupane pimpinan garong Gunung Tidar. Rupa iku nyata banget cedhak ing ati lan pikirane, banget cedhak ing pangeling-eling. Pungkasane Raden Soedjono ora kuwawa mbendung rasaning ati. Pancen ora pantes yen sawijining priya nangis, nanging apa ya ana kang bisa mbendung atine yen sing mati mau kakang kandhunge dhewe kang sesulih Wirakusumo?
Prajurit lan pengawal Bupati Pucang Kembar ditata maneh amargo arep bali menyang Pucang Kembar. Wirakusumo dadi garong amargo iri karo adhi-adhine kang dadi Bupati Pucang Kembar lan Bupati Loano.
Bebarengan karo lungane Raden Soedjono menyang Gunung Tidar pawarta keprungu tekan Joko Puring. Ana ing njero ati Joko Puring tasih ana rasa tresna marang Dewi Sulastri. Bab iku kang nggawe Joko Puring golek wektu kanggo ngrebut rasa tresnane Dewi Sulastri maneh
 Ana ing sisih liya, minangka temanten kang anyar, Dewi Sulastri krasa sepi amarga ditinggal dening wong kang ditresnani iku. Atine Dewi Sulastri nguntab-nguntab amarga kepengin cepet-cepet ketemu karo Raden Soedjono, mila dheweke gawe keputusan dhewe kanggo nyusul raden Soedjono ana ing Karang Gumelem. Apa kang dikarepake dening Dewi Sulastri dimangerterni dening Joko Puring. Mila saka kana Joko Puring nduweni maksud kanggo nguntit Dewi Sulastri. Ananging pranyata apa kang dikarepake dening Dewi Lestari ora katurutan. Raden Soedjono durung bali saka Gunung Tidar.
Ana ing satengahe lampahane Dewi Sulastri, dheweke dirayu dening Joko Puring kanthi basa kang nggrentesi manah supaya rasa kangen kang ana ing manah dewi Sulastri bisa kapadhu karo Joko Puring. Ananging Dewi Sulastri ora nyarujuki panjaluke Joko Puring, amargo kasetyan mujudake makuthaning wanodya. Dewi Sulastri arep diperjaya menawa ora gelem nglanggati sing dadi kekarepane Joko Puring. Joko Puring ngruda peksa. Dewi Sulastri arep digawa lunga menyang Wagir Pandan. Tangan lan sikil Dewi Sulastri ditaleni dening Joko Puring nganggo Godong Pandan
Kacarita Raden Soedjono wis tekan ana ing Karang Gumelem tanpa alangan sawiji apa lan ngrukti layone kakangeWirokusumo. Kang rama, Demang Wonokusumo maringi pamrayoga supaya Raden Soedjono enggal-enggal ngupadi Dewi Sulastri kang lagi nyusul nggoleki Raden Soedjono menyang Karang Gumelem. Ing satengahing marga Raden Soedjono ketemu Joko Puring kang lagi golek woh-wohan kanggo Dewi Sulastri. Joko puring kaget, lan kanthi rikat Joko puring nyaut Dewi Sulastri, kagendhong lon digawa mlayu nurut pinggiring segara kidul. Raden Soedjono banget anggone kaget mengerteni yen Dewi Sulastri digawa mlayu Joko Puring. Kanthi rikat dheweke mbedhul wit Pandhan lan diuncalake menyang Joko Puring kanthi dilambari kekuatan.
Joko Puring nggawa Dewi Sulastri menyang desa Karanggadung. Ana ing kana Dewi Sulastri ditinggal dening Joko Puring kanggo golek woh-wohan.
Ana ing wektu kuwi Raden Soedjono bisa nemokake Dewi sulastri  lan saklorone bebarengan ana ing wit Pandan.  
 Ing wektu kuwi, makbedunduk Joko Puring teka kanthi nggawa woh-wohan kanggo Dewi Sulastri. Ananging sawise meruhi bilih ana ing sajejere Dewi Sulastri ana Raden Soedjono, mila ana kekarepan kanggo njaga dewi Sulastri supaya ora tiba maneh menyang tangane Raden Soedjono. Bab iku kaleksanan karo perang tandhing
Sawise paprangan wis sauntara suwe kaleksanan, pranyata kadigdayan Raden Soedjono luwih dhuwur ketimbang kadigdayan Joko Puring
Rumangsa yen Joko Puring ora bisa ngalahake Raden Soedjono mila Joko Puring mundur saka paprangan. Miturut legenda panggonan kang dienggo kaggo pelariane Joko Puring ninggalake jeneng-jeneng panggonan kayata : PADHAURIP, GUYANGAN, ALANG-ALANG AMBA, KEWARU, KARANG BOLONG, BUAYAN.
Raden Soedjono cepet-cepet nemoni Dewi Sulastri kanggo nyopot talenane. Ana bab kang aneh ana ing kana bilih tali kang kanggo ngiket Dewi Sulastri lan wit bekas sareane Dewi Sulastri malih warna dadi kuning. Mila panggonan mau diarani Pandan Kuning.
Ana ing sawijining dina nalika sakloron lagi bebarengan, ana ing kono katekan Nyi Roro Kidul lan ngomong bilih panggonan kang wis diwenehi jeneng Pandan Kuning arep didakekake panggonan kanggo singgah ana ing wektu-wektu kepungkur. Nalika Nyi Roro Kidul ninggalake sakloronan mau yaiku Dewi Sulastri la Raden Soedjono klambine Dewi Sulastri kang wis kucel digawa dening Nyi Roro Kidul.
Saka kono mila bajur metu kapercayan bilih sapa bae kang nyepi lan tapa ing papan kono nalika kekarepane kawujud, kedah ngganti klambi anyar kang wujud : jarik lurik, slendhang modhang, klambi warna ijo gadung. Sadurunge ngganti klambi Dewi Sulastri kudu kedah nyelehake : piranti kanggo paes, lenga wangi lan rokok kretek. 

Ika Rani P ‘05
















Sesongar Gawe Ajur, Nrima Gawe Makmur
(Wiwitane Desa Karanggede lan Desa Wirogaten, Kebumen)

Kawiwitan saka paprangan antarane Singojiwo lan Wirogati kang rebutan wilayah. Sakwise wong tuwane tilar dunya, Singojiwo ngumbara lan mbukak alas. Alas kang dibukak Singojiwo jebul wis ana sing duwe yaiku Wirogati. Wirogati yaiku wong asli dhaerah kono kang sadurunge wis duweni kuwasa ana kono. Wirogati kang ngerti menawa alase ana sing mbukak, dheweke nemoni Singojiwo. Singojiwo ora trima menawa alas kang wis dibukak iku wis ana sing duwe yaiku Wirogati. Singojiwo kang duweni watek sesongar nantang gelut Wirogati, nanging Wirogati ora nanggepi tantangane Singojiwo. Wirogati lunga saka omahe tapa ana guwa nglungani paprangan tantangane Singojiwo. Wirogati bali lan olih wangsit supaya dheweke menehi alas kang wis dibukak marang Singojiwo kanthi pathok kanggo wates pekarangane lan supaya Singojiwo ora gawe sesongar ana desa iku.
Dhasar Singojiwo, dheweke ngambani alas kang wis dadi pekarangane ngluwehi pathok nganti rong dusun. Perjanjen kang wis dadi sepakate wong loro iku dilanggar Singojiwo. Wirogati kang ngerti alase diambani marang Singojiwo, dheweke nimbali Singojiwo. Singojiwo ora netepi dhawuhe Wirogati. Singojiwo malah nantang gelut. Dheweke malah nduweni kekarepan, menawa dheweke kalah dheweke gelem mbalekake pekarangane. Nanging menawa sewalike dheweke menang, pekarangan kang wis dibukak lan ditambahi rong dusun iku dadi dhuweke. Wirogati nrima apa kang dikarepake Singojiwo. Paprangan antarane wong loro iku kaleksanan.
Nalika perang, Singojiwo malih wujud dadi macan loreng lan Wirogati ora malih wujud nanging dheweke nitih jaran. Nganggo jaran iku Wirogati bisa ngalahake Singojiwo. Singojiwo kalah, nanging dheweke tetep ora gelem netepi janjine menehake alas pekarangan kang wis direbut. Wirogati kang nduweni watek nrima dheweke menehake pekarangan lan alas kang wis dibukak nganti rong dusun iku. Wirogati menang nanging dheweke ikhlas menehake pekarangan kang dijaluk Singojiwo. Wirogati menehi pekarangan iku kanthi panjaluk supaya anak putune bisa urip bebrayan ora ana sing padha gelutan.
Saka kedaden iku, ora ana maneh paprangan antarane wong loro iku nganti anak putune. Menawa ana ya ora nganti geger. Dhaerah kang diduweni Singojiwo lan Wirogati dadi desa kang guyub. Desa Karanggede lan Desa Wirogaten arane. Karanggede nduweni teges karangan/pekarangan kang gedhe/amba. Desa Karanggede iku wiwitane saka pekarangane Singojiwo sing amba, mula diarani Karanggede. Menawa Desa Wirogaten,  jeneng iku dijupuk saka jeneng Wirogati kang dadi patriote Desa iku.
Sanjange para sesepuh desa loro iku leluhure iku yaiku Mbah Singojiwo lan Mbah wirogati sawektu-wektu menthengul. Mbah Singojiwo biyasane mujud singo kang menthengul ing wayah-wayah sandikala utawa wengi-wengi tartemtu. Menawa Mbah Wirogati, ora mujud nanging mujud swara jaran ngringik kang biyen-biyene titihane Mbah Wirogati.
Singojiwo kang nduweni watek sesongar nyebabake anak turune mung dadi wong biyasa-biyasa wae. Ora ana sing sugih banget utawa mlarat banget, ngalim banget utawa sewalike. Anak turune percaya, saumpama kepengin dadi wong gedhe kudune lunga saka desa iku. Beda karo wateke Mbah Wirogati kang nrima, anak turune Mbah Wirogati  beda karo anak turune Mbah Singojiwo. Anak Turune Mbah Wirogati akeh kang dadi wong gedhe. Dadi desa kang makmur.

Heny Rahmawati ‘05     

DUMADINE KUTHA MAGELANG


Biyen wektu pemerintahan Pajang kang diratuni dening Sultan Hadiwijaya, lan Kadipaten Jipang kang dipimpin karo Arya Penangsang. Kekarone padha mungsuhan, Arya Panangsang wonge adigang-adigung amarga keampuhane.
Pamungsuhane wong loro mau ndadekake perang kang nyebabake akeh korban. Sultan Hadiwijaya dadekake Danang Sutawijaya dadi panglima perang kang didampingi karo ki Gede Pemanahan.
Sultan Hadiwijaya kandha, “Aku mrentahke Danang Sutawijaya dadi panglima perang lan Ki Gede Pemanahan, Aku pasrahke kabeh karo kowe-kowe kabeh. Muga-muga bias menang saka Arya Penangsang kang umuk.”
Kanthi nggawa gaman tombak Nyai Pleret, wong saklorone nindakake perintah Sultan Hadiwijaya maju perang.
         Dang Sutawijaya Kandha, “dhewe diamati dening Sultang Hadiwijaya, dhewe kudu menang!”
         Ki Gede Pemanahan mangsuli,” Iya, dhewe kudu dadi siji nggabungke kekuwatan supaya bisa ngalahake Arya Penangsang.”
         Supaya rombongan slamet ing peperangan, rombongan ora oleh nyabrang kali, lan sapa sing nyabrang kali mesthi bakal asor anggone perang.
         Cekake cerita perang dimenangkake dene Danang Sutawijaya sak wadya bala bali menyang Pajang kanthi gawo kamenangan.
         Sultan Hadiwijaya nggremeng, “Akhire aku lan boloku bisa ngalahke Danang Sutawijaya kan umuk kae.”
Gawe gebungah anggone bisa ngasorake Arya Penangsang, Danang Sutawijaya lan Ki Gede Pemanahan diwenehi lemah ing daerah kukuban mentoak.
Danang Sutawijaya lan ki Gede Pemanahan ngubah alas Mentoak dadi dhaerah kang gemah ripah loh jinawi, lan dadi pusat pemerintahan kang diarani Kerajaan Mataram. Sing dadi raja Danang Sutawijaya kanthi gelar Panembahan Senopati Mataram kang diperintah dening Panembahan Senopati. Kerajaan Mataram dadi kerajaan sing gedhe lan ombo pengaruhe. Kerajaan Mataram uga dadi pusat penyebaran agama Isalam, kang wektu kuwi pusat agama Islam kang gedhe. Mula banjur pengin ngambakake laladan kerajaan, mula Panembahan Senopati kanthi weling Ki Gede Pemanahan nggawe bala tentara kang kuwat supaya bisa nyelarakake lan ngasorake wilayah liya.
Wilayah kang pisanan arep dibukak, yaiku Kedu. Ing kana isih wujud alas kang gung liwang liwung. Lan mbebayani amarga isih angker, lan kena jalmo liwat. Amarga ing kana isih dikuwasani dening dhedhemit lan jin, kang diarani Jin Sepanjang.
Mula Panembahan Seniopati nunjuk Pangeran Purbaya dadi Senopati Perang.
“Aku mrentahkake Pangeran Purbaya dadi senopati perang nglawan Jin Sepanjang,” dhawuhe Panembahan Senopati.
Lan ora suwe, bala tentara Mataram lan bala Jin padha perang.
“Kowe wani-wani mlebu alas kene, kudu bisa nglawan aku kang nguwasani alas kene,” tantangane Jin Sepanjang.
“Aku ora wedi, alas iki kudu dadi duweke Mataram.” Balese Senopati Perang.
Pungkasane wadya bala Jin Sepanjang asor lan mlayu kocar-kacir. Sajeroning alas Kedu, ana sewijining desa kang endah panoramane lan subur lemahe uga tentrem wargane. Ing desa kuwi ana kaluarga tani asesirah Kyai Keramat lan sisane Nyi Bogem lan duwe bocah wadon yaiku Rara Rambat. Rara Rambat bocah sing ayu rupane. Wong telu mau urip tentrem ing desane.
Sawijining dina Rara Rambat lan abdine luru godhong-godhongan lan kembang ing sak dawane dalan neng alas gawe tetambo. Amarga saking senenge ora nyana yen ing ngarepe wis ana nonoman sing bagus rupane. Roro Rambat lan abdine kaget. Nonoman mau sing mbiyantu Pangeran Purbaya, dheweke ketinggalan saka bala tentara Mataram kang ndhisik perang karo balatentara Jin.
Ketemune wong loro lanang lan wadon mau gawe seneng atine.
Sing lanang takon,  “sapa kowe, wong lara ana ing njero alas!”
         Sing wadon banjur mangsuli, “aku Roro Rambat, amahku ana njero alas iki.”
         Wong lanang mau mangsuli, “aku Rade Kuning, salah sijining tentara Mataram. Aku ketinggalan ing njero alas iki nalika Mataram Ngiawan raja jin.”
Pungkasane ketemune Roro Rambat lan Raden Kuning gawe dheweke dadi jejodhoan. Sawise mantenan, Raden Kuning Banjur mboyong Roro Rambat menyang Mataram.
Kalahe Raja Jin Sepanjang, gawe deweke arep nggolek cara ngasorake Mataram. Mula Jin Sepanjang banjur memba dadi manungsa kanthi jeneng Sonta. Dheweke banjur menyang omahe Kyai Kerampat saperlu ngawula. Gandheng Sonta apik tumindake mula Kyai Keramat ora kabotan. Niate Sonta arep nggawe pagebluk, yaiku kanthi kasektene agawe wabah penyakit kang ndadekake akeh wong mati.
Kedadean itu banjur dingerteni dening Pangeran Purbaya, mula banjur matur karo Panembahan Senopati. Panembahan Senopati banjur ninggalake singgasana banjur mlebu kamar pertapaan nyuwun petunjuk ing Nyi Roro Kidul.
         “Ratu, Nopo sebabe enten pagebluk niki?” Panembahan Senopati njaluk ngeri.
         Nyi Roro Kidul njawab,” Raja Jin Sepanjang gawe ulah, deweke arep dendam lan nyebar penyakit supaya rakyat Mataram padha mati.”
         Panembahan Senopati njawab,” Matur nuwun Ratu, kula badhe enggal-enggal ngadhep Jin Sepanjang.” Sawise oleh petunjuk, Panembahan Senopati banjur ngomongi Pangeran Purbaya.
Sonta rumangsa mongkok atine bisa nggawe sengsarane bala tentara Mataram lan warga desa. Nanging ora suwe Pangeran Purbaya teka ana omahe Kyai Keramat, lan nerangkake yen musibah sing ana iki disebabake dening Sonta Jin Sepanjang sing melu Kyai Keramat.
         “Kyai Keramat, Sonta kang ngabdi ning omahmu iku Jin Sepanjang kang nyebarake penyakit ing desa iki. Mula kowe kudu ati-ati.” Kandka Pangeran Purbaya.
         “Inggih Pangeran, menawi mekaten kula badhe ngusir Sonta.” Balese Kyai Keramat.
         Santo ngerti yen para warga wis padha ngerti yen dheweke Jin Sepanjang. Mula Sonta banjur mlayu, nanging Kyai Keramat weruh banjur di oyak.
         “Arep ning ngendi kowe, ojo mlayu.” Kyai Keramat bengok.
         Nanging Sonta bisa ngalahke Kyai Keramat lan Kyai Keramat asor lan mati. Mula panggonan mau dijenengi Desa Kramat.
Kalahe kyai Keramat ndadekake Nyi Bogem ora trima, Nyi Bogem banjur ngoyak Sonta. Lan padha adu kasekten. Nanging Nyi Bogem uga mati. Panggonan mau dijenengi Desa Bogeman.
Matine Kyai Keramat lan Nyi Bogem nyebabake Tumenggung Mertoyudan Kronta pengin mateni Sonta. Mula banjur dadi pasulayan adu kasekten. Nanging Sonta bisa mateni Tumenggung Mertoyudan.
Kanthi kadadean iku mula Raden Krincing lara atine. Dheweke salah siwijine Senopati Mataram uga pengin mateni Sonta, mula ndadekake anane perang. Nanging Raden Krincing mati lan panggonan mau dijenengi Desa Krincing.
Kedadean sing nggawa akeh korban nggawe Pangeran Purbaya Kronta ora trima. Mula banjur ngajak pasukan supaya mateni Sonta. Kanthi kasektene Pangeran Purbaya, Sonta wedi lan mlayu mlebu alas. Nanging pasukan Mataram lan dheweke weruh Sonta. Mula Sonta dipilara lan adu kasekten. Sonta kalah lan malih dadi Jin Sepanjang. Panggonan mau dijenengi Desa Sontan.
Jin Sepanjang dioyak terus lan dadi pasulayan. Pungkasane Jin Sepanjang mati, matine Jin Sepanjang malih dadi tombak. Tombak mau banjur dipendhem lan panggonan mau diarani Desa Sepanjang.
Amarga ngepunge pasukan Mataram arep nyekel Sonta rapet, mula diarani, “Tepung Gelang”.
Suwe-suwe panggonan mau dijenengi, “Magelang”. Lan dadi panggonan kang tentrem lan makmur.

 Nita B Emawati ‘05














DUMADINE MASJID ADIPATI SINDUREJO

         Ing Deso Jumo dhisik durung akeh warga sing manggon neng kono. Omah-omah iseh adoh-adoh antarane omah siji lan sijine. Desa Jumo sing rata-rata wargane  agama islam, nanging jaman dhisik neng kono durung ana masjid. Jarene masjid kuwi biyen digawe dening Wali, nalika ana Wali sing lagi nggawe masjid mau ana salah sijine warga sing ngonangi. Banjur Wali mau langsung ninggalake masjid sing durung dadi kuwi. Mula masjid mau nalika jaman biyen durung sempurna.
         Masjid Adipati Sindurejo wis atusan taun umure. Jeneng Adipati Sindurejo, yaiku dijupuk saka jenenge wong. Jeneng asline Patih Adipati Sindurejo, dheweke Patih saka Kraton Mangkunegaran (Kartasura).  Critane diwiwiti nalika Adipati Sindurejo bisa tekan ana ing Desa Jumo. Nalika dheweke isih ing Kraton dheweke oleh tugas yaiku dheweke diasingake ing Jumo. Nanging sebenere Adipati Sindurejo duwe kekarepan kapengin urip dhewe, yaiku urip dhewekan adoh saka Kraton, mula kuwi dheweke nrima kahanan mau.
         Adipati Sindurejo urip ing Desa Jumo kanthi tentrem, mbaur dadi siji karo masyarakat kono. Adipati Sindurejo ora suwe urip ing Desa Jumo. Dheweke akhire tinggal donya, ana ing sajeroning pengasingan mau. Adipati Sindurejo nganti ninggal ora ana sing niliki. Nanging sawise dheweke tinggal, ana pawarta tekan Keraton Mangkunegaran.
         Adipati Sindurejo dimakamake karo warga Jumo ing buri Masjid Adipati Sindurejo, makam ing jejer-jejere dikanggokake dening kerabat-kerabate. Mula kuwi ana panggonan khusus ing makam sing jenenge Sareyan. Makam Adipati Sindurejo yaiku makam sing dikeramatake, masjid lan makam Adipati Sindurejo saiki wis didandani. Printah saka Kraton mangkunegaran yaiku nggoleki ing ngendi wae silsilahe kaluwarga Karaton Mangkunegaran. Pungkasane kepethuk Patih Adipati Sindurejo. Nanging nalika Adipati Sindurejo kepethuk wis awujud makam, banjur makam mau digawekake cukup utawa omah-omahan.
         Makam Patih Adipati Sindurejo nganti saiki dikeramatake lan dinggo ziarah para warga lan kaluwarga saka Kraton Mangkunegaran. Saben wektu mesthi saka kaluwarga Kraton Mangkunegaran ziarah lan ziarah kuwi Mistis banget. Crita kuwi mau sing dadi asal mulane jeneng Masjid Adipati Sindurejo Jumo.
         Crita liyane sing ana ing Masjid Adipati Sindurejo, crita ing ngarep Masjid, yaiku ing kolah utawa panggon kanggo wudhu. Ana sing jenenge Kyai Poleng. Kyai Poleng wujude ora ketara sing ketara yaiku mung rupa awak gedhe dhuwur. Senenge lungguh neng dhuwur kolah, nalika wayah wengi teka, Kyai Poleng ngetok neng dhuwur kolah, arep nggodhani wong-wong sing lewat neng ngarep kolah utawa neng ngarep Masjid. Ana salah sijine warga yaiku Pak Nur Khamdi, pengurus Masjid Adipati Sindurejo, nalika dheweke turu neng jero Masjid dheweke ngalami kedadean aneh.
         Kedadean aneh kuwi teka ing tengah wengi, nalika Pak Nur turu dheweke dipindhah panggon turune, yaiku neng dhuwur kolah. Sing ngalihake turune yaiku Kyai Poleng.
         Nalika Pak Nurkhamdi tangi dheweke kaget, “Lho kok turuku pindhah neng kene?“
         Nanging dheweke banjur sadhar menawa sing mindhah dheweke ora liya kejaba Kyai Poleng. Pak Nurkhamdi kerep turune dipindhah neng jero Masjid kono, apa maneh menawa dheweke lagi turu dhewekan luwih-luwih turu neng baris nomer telu.
         Adipati Sindurejo arum jenenge, gedhe baktine, marang Kraton Mangkunegara. Mula kuwi ing Desa Jumo Adipati Sindurejo akeh banget kanggone. Putra Sindurejo, jeneng pakumpulan bocah Bal-balan. Putra Sindurejo wis ulang taun ping telung puluhan, Putra Sindurejo kerep diundang ana ing turnamen Bal-balan antar klub. Ana acara-acara ritual ninggalake sragam ing buri Masjid Adipati Sindurejo.
         Jeneng liyane sing asale saka jeneng Adipati Sindurejo, Madrasah Ibtidaiyah Adipati Sindurejo Jumo. Sekolah swasta satingkat SD, sing dijenengi nganggo jenenge patih mau, ora mung kuwi wae isih ana jeneng liyane sing nganggo jenenge Adipati Sindurejo. Jeneng salah sijine pakumpulan truk ing Desa Jumo, Sindurejo yaiku jeneng pakumpulan angkutan umum khususe angkutan truk. Paguyuban truk sing ana ing Desa Jumo Kecamatan Jumo. Iki kabeh crita sing asal mulane saka jenenge Patih Adipati Sindurejo Jumo.

                                                                                            Wafik M. Rifai ‘O5